Babad Saka Kitab Suci/Pasemon-Pasemon Liyané

Saka Wikisumber

PRAKARA pirang-pirang bab Kratoné Swarga kang bakal dirawuhaké déning Gusti Yésus marang jagad, dipangandikakaké marang para murid lan wong golongan klawan pasemon.

AKÈH wong sing padha ngaku yèn dadi ahli warisé Kraton Swarga, mangka satemené padha ora tresna marang Allah, nanging malah padha nyatru marang Kratoné Allah. Senajan mengkono, wong-wong mau isih padha diparengaké lestari urip bareng karo wong-wong sing padha temen-temen dadi para putrané Allah, nganti tumeka ....

Prakara sing gawat iki dipangandikakaké Gusti Yésus klawan pasemon: "suket parèn". Pangandikané mengkéné:

Ana wong sugih nyebar wiji becik ing sawahé. Nanging bareng wayah sirep wong, satruné nekani, banjur nyebar wiji suket parèn ing tengahé wiji sing becik; sarampunge nindakaké panggawéné sing cidra mau, banjur lunga .... Wiji sing becik thukul bareng karo wiji suket; wiwitané katoné padha baé, nanging bareng mundhak gedhé lan wiwit ngandhut woh, banjur suketé parèn iya ketara uga. Batur-baturé wong sugih mau bareng weruh ana suket parèn ing satengahé tanduran sing becik, banjur padha matur lan nyuwun priksa marang bendarané; bareng padha diparingi wangsulan yèn iku panggawéné satru kang kumèrèn, aturé batur-batur mau: "Punapa karsa sampéyan kula sami tumandang nglempakaken?" Dhawuhé bendarané: "Aja, enggonmu nglumpukaké suketé bokmenawa ngatutaké kebedhol tandurané sing becik. Karebèn padha tuwuh bareng, nganti tumeka ing mangsa panèn; déné samangsa panèn, wong derep bakal dakpréntahi nglumpukaké suketé dhisik, banjur dibentèli, tumuli kaobong, nanging gandumé kudu diklumpukaké ana ing lumbungku."

Maksudé pasamon suket parèn mau iya dipangandikakaké Gusti Yésus marang para sekabaté, Satru sing awatak kumèrèn lan drengki, iku satemené Iblis. Iblis iku tansah klintar-klinter nyebar piala ana ing jagad, lan sing tansah diincer iku para manusa, iya para putrané Allah. Nanging sasuwéné ana ing jagad wong sing becik karo wong sing becik karo wong sing ala padha urip bebarengan, nganti tumeka ing wekasaning jagad. Ing jaman wekasan, samangsa Gusti Yésus rawuh ngadili para wong kang urip karo kang mati, ing kono para wong ala kang diupamakaké kaya suket parèn bakal padha diklumpukaké lan diparingi paukuman langgeng. Nanging para wong becik, yaiku para putrané Allah, kaparingan urip langgeng ana ing Kraton Swarga kang mulya.

Ana manèh pangandikané Gusti Yésus marang para sekabaté bab Kraton Swarga sing diupamakaké kaya "krakad" utawa jaring, lan maksudé ora béda karo pasemon "suket parèn".

Pangandikané: Kraton Swarga iku upamané kaya krakad kang ditibakaké ing segara, nglumpukaké warna-warna. Samangsa wis kebak, banjur ditarik munggah ing gegisik; wongé banjur padha milihi sing becik-becik sarta diwadhahi, déné sing ora kanggo dibuwangi.

Kaya mengkono bakal kaanané ing bésuk ing wekasané jaman; para malaékat bakal padha metu misahaké para wong ala saka ing tengahé para wong mursid.

ING sawijining dina Gusti Yésus mangandikani para sekabaté, yèn sing padha gelem ngrungokaké lan ndhèrèk Panjenengané cacahé durung akèh, lan yèn wiwitaning Kratoné Swarga iku cilik, nanging selot suwé selot mundhak gedhé, nganti nelukaké sajagad kabèh, apadéné cacahé wong sing padha dadi putrané Allah bakal dadi maèwu-èwu, malah mayuta-yuta.

Gusti Yésus ndhawuhaké pasemon bab wiji sawi kang katibakaké ing bumi. Wiji sawi iku padha-padha wiji kalebu cilik dhéwé, éwadéné samangsa wis tuwuh, dadi gedhé-gedhéning janganan, malah bisa dadi kekayon, nganti kasaba ing manuk. Kaya mengkono bakal kaanané Kraton Swarga, wiwitané cilik, saya suwé saya mundhak gedhé.

MENGKONO uga Gusti Yésus iya mangandikakaké pasemon bab ragi. Saben wong ngerti panganggoné ragi. Ragi sethithik, sing diulet karo jladrèn glepung telung taker, bisa ndayani jladrèn mau, nganti bisa melar lan mundhak énak rasané. Mengkono uga bab pangandel marang Panjenengané iku bisa mrasuk ing sanubariné wong, njalari uripé padha bisa ngrasakaké karahayon lan katentreman, kayadéné ragi sing wis mrasuk ana ing jladrèn glepung mau.

RAJABRANA KEPENDHEM ING BUMI

WAH, sapa sing ora kepéngin dadi ahli warisé Kraton Swarga, tetep dadi kagungané Gusti Yésus lan manggon bareng karo Panjenengané ing salawas-lawasé? Sapa sing ora gelem tombok bandha, malah tombok nyawa pisan, murih bisané ngalami karahayon sing semono mulya lan luhuré?

Prakara iku iya dipangandikakaké Gusti Yésus marang para sekabaté klawan pasemon rong warna, yaiku pasemon rajabrana kependhem lan pasemon mutiyara adi.

Critané mengkéné: ana wong nemu rajabrana kependhem ana ing lemah. Nanging sarèhning lemah iku dudu duwèké dhéwé, mulané rajabrana mau banjur disasabi dhisik, awit rumangsa ora wenang njupuk rajabrana kang dadi darbèké wong liya. Awit saka kepénginé duwé rajabrana mau, banjur lunga ngedoli sabarang darbèké kabèh, dhuwit pepayoné ditukokaké palemahan mau, temah rajabrana sing kependhem ana ing kono iya banjur kalebu dadi hak lan wewenangé.

Gusti Yésus iya nyariyosaké: ana sudagar lunga arep kulak mutiyara. Wong mau wis duwé mutiyara apik-apik, nanging bareng mrangguli mutiyara siji sing luwih gedhe lan luwih akèh ajiné, banjur lunga ngedoli sabarang darbèké kabèh kanggo tuku mutiyara sing luwih gedhé lan luwih akèh ajiné mau.

Mengkono uga kaanané wong-wong sing padha kepéngin dadi kagungané Gusti Yésus, samangsa wis ngerti sepira gedhéning sih-katresnané marang manusa, banjur padha ngedoli barang darbèké lan ngeculaké kagunan sarta ngèlmuné, waton bisa ndhèrèk Gusti Yésus.

SAWISÉ Gusti Yésus mangandikakaké pasemon-pasemon mau, banjur ndangu marang para sekabaté: "Kowé apa padha ngerti iku mau kabèh?" Wangsulané kang kadangu: "Inggih Gusti!"