Babad Saka Kitab Suci/Mbeneri Dina Sabbat Ing Nasarèt

Saka Wikisumber

KACARITA mbeneri dina Sabbat ing kutha Nasarèt lakuné wong ndilir, pinangkané saka ing endi-endi, kabèh padha nunggal sedya menyang ing mesjid, menyang ing dalem pamujané Pangéran. Ing kono padha arep bebarengan karo pangareping mesjid ngunjukaké pandonga, sarta ngrepèkaké kekidungan pamuji, apadéné ngrungokaké pamacaning angger-anggeré nabi Musa lan kitabé para Nabi. Kaya mengkono iku pakulinane wong-wong ing kono saben dina Sabbat.

Nanging nalika semono ....

"Coba titènana, " ujaré wong sawenèh, "saiki Yésus iya teka, kaé ta Yésus, anaké Yusup tukang kayu!" Kabèh banjur padha mèngo ndeleng menyang panggonan pinaraké Gusti Yésus. Wis ana sawetara sasi Gusti Yésus nilar kutha Nasarèt, nanging saiki wangsul manèh. Pawarta manéka warna banjur kawentar ing saindengé jajahan kono kabèh. Ana kang nyritakaké yèn Panjenengané ana ing bawahan manton ing désa Kanah malihaké banyu dadi anggur, wong lara padha diwarasaké tanpa jejamu .... Mangka saiki Panjenengané ana ing kuthané, ing Nasarèt, wah, mbok iya kersa nindakaké kaélokan kaya ana ing kutha-kutha liyané. Mesthiné baé iya kersa, saya manèh ana ing kuthané dhéwé, temah wong-wong tangga teparoné, mitra karuhé bakal padha bisa nyipati dhéwé.

Panyawangé wong-wong marang Gusti Yésus ngemu pangarep-arep bisaa ndeleng kaélokan lan mukjijat warna-warna.

Kocapa sarampungé padha ndedonga lan maca angger-angger, banjur padha bebarengan ngrerepi nganggo masmur. Gusti Yésus iya mèlu ngrerepi lumrah lan pasaja kaya adaté wong Israèl sing ngibadah, yèn padha memuji ngluhuraké Allah.

Nalika semono merboté mesjid banjur njupuk gulungan kitab, yaiku kitabé nabi Yesayah, sing kebener kudu diwaca ing dina Sabbat iku. Wong-wong wis wiwit padha pating klesik, pangucapé: dhLah kaé, delengen!

Gusti Yésus banjur tindak majeng, minggah ing panggonan mimbar, yaiku panggonané para ulama yèn lagi memulang ana ing mesjid, tumuli nampèni kitab saka tangané merbot, awit kersa maos. Gulungan kitab banjur kaudharan, lan madosi sing arep diwaos.

Wong-wong ing mesjid kabèh padha sidhem permanem, ketungkul enggoné padha ngingetaké lan kepéngin ngrungokaké .... Kuwi rak mung anak tukang kayu! Wani-waniné arep maca kitab lan memulang!

Gusti Yésus banjur miwiti maos, swarané kepénak dirungokaké, déné surasané kitab kang diwaos mengkéné:

"Rohé Pangéran ngayomi Ingsun, awitdéné Pangéran wus njebadi Ingsun, kadhawuhan martakaké Injil marang wong miskin, lan marasaké kang padha rempu atiné; kautus ngundhangaké luwaré wong kang padha kinunjara, lan pulihing pandelengé wong picak, ngentasi wong kang padha kinaniaya, sarta ngundhangaké jaman kang dadi keparengé Pangéran."

Kitabé sawisé kagulung lan kabalèkaké marang merbot, Gusti Yésus banjur pinarak arep memulang, kaya sing wis dadi adaté ing mesjid.

Wong-wong saya mundhak sidhem permanem, kabèh padha njinggleng ngawasaké Gusti Yésus. Gagasané: Gèk apa baé sing arep diwulangaké? Surasané kitab sing mentas diwaos mau wis akèh sing padha ngerti; isiné pancèn mbungahaké atiné saben wong sing padha ngrungu.

Kabèh padha rumangsa dadi wong miskin; wong lara ora kurang ing kutha kono; wong sing nandang susah, yaiku sing padha rempu atiné, lan manèh wong kang kinunjara, yaiku wong-wong kang kinunjara déning hawa-nepsu lan dosané dhéwé, kinunjara déning pangwasané Sétan, o, wong-wong sing kaya mengkono ing Nasarèt ora nguyang, dalah ing mesjid kono uga ana. Apadéné wong picak lan wong kang padha kinaniaya, yaiku wong kang padha koncatan kabegjan lan wis rumangsa kaineban lawang tobat, sing atiné tansah ketir-ketir lan was sumelang, o, wong sing kaya mengkono iya prasasat tanpa wilangan. Mangka wong-wong mau bakal padha kaparingan menangi jaman kang dadi keparengé Pangéran. Samangsa jaman mau wis timbul, bakal kelakon apa sing kawecakaké déning nabi: wong lara padha diwarasaké, wong kinunjara diluwari, ringkesé kabèh bakal ngalami kabegjan! .... Nanging .... kapan tekané jaman mau?

Jaman mau bakal timbul bareng lan rawuhé Sang Mesih kang jumeneng Panebus .... nanging gèk bésuk apa?

Wong-wong, mau padha ngemen-emenaké enggoné arep ngrungokaké. Panyawangé marang Gusti Yésus bebasan kedhèp tesmak.

Apa baé sing arep diwedharaké déning anaké Yusup tukang kayu iku?

Ing kono Gusti Yésus banjur ngandika:

"Ing samengko tulisan iku mau wus kayektènan ing pangrungumu."

Wong kabèh padha kaéraman déning aruming pangandika kang miyos saka ing tutuké Gusti Yésus, atiné marem, malah kaya-kaya wis ngrasakaké jaman kabegjan sing didhawuhaké ing kitab. Apa saiki timbulé jaman kabegjan mau? Ing dina iku uga?

Lha Sang Mesih, sapa sing jumeneng Sang Mesih? Apa anaké tukang kayu kuwi sing jumeneng Sang Mesih? Éndahnéya yèn nyata mengkono!

Pitembungan sing diucapaké mau pancèn ngéram-éramaké banget, lan isiné nyata gawé reseping ati. Nanging yèn dhéwèké ngaku dadi Sang Mesih, kang jumeneng Panebus, utusané Allah, wah, sapa sing arep ngandel? Sapa sing ora wanuh anaké Yusup tukang kayu? Kabèh wong ing kutha Nasarèt padha ngerti cilikané, wanuh ibuné, dalah sedulur-seduluré sing jeneng Yakobus, lan Yosès, sarta Simon apadéné Yudas lan seduluré wadon .... Anggep-anggepan temen wani ngaku dadi Sang Mesih!

GUSTI Yésus piyambak ora kekilapan mungguh osiking atiné wong mau kabèh. Sing padha diarep-arep ora liya mung bisaa weruh pratandha lan mukjijat kaya sing wis ditindakaké Gusti Yésus ana ing Kanah utawa Yerusalèm, awit wis padha ngrungu kabaré. Nanging pracaya lan tresna marang Panjenengané kang jumeneng Juru Slamet, sing kaya mengkono mau babar pisan ora kenalar. Satemené atiné wong-wong mau gumédhé lan kuminter, mokal yèn gelema sowan ing ngarsané lan nyuwun pangapuraning dosané, apadéné katentreman tumrap ing atiné kang tansah ngandut was sumelang. Panganggepè marang Gusti Yésus isih ajeg baé kaya marang anaké Yusup, dadi kaya marang wong pepadhané malah bisa uga sor-sorané, jalaran sepira ta drajaté tukang kayu?

Bareng Gusti Yésus mungkasi pangandikané, pitembungané kang arum ngresepaké kaworan rasa sedhih lan ngungun, jalaran ngèngeti kaanané wong-wong mau; tangga teparo lan mitra karuhé, sing beneré dadi pangarep enggoné padha pracaya lan tresna marang Panjenengané, malah bakal dadi pamburi.

Wekasané Gusti Yésus ngandika: "Satemené pituturku ing kowé, kang jeneng nabi iku ora ana kang kajèn ana ing negarané dhéwé." Malah Gusti Yésus mangandikakaké lelakoné nabi-nabi ing jaman kuna, kayata: nabi Éliyah, kang diutus déning Allah marani wong randha kapir ing Sarepta bawahé Sidon, nalika satanah kabèh ketaman ing pailan gedhé. Nabi Éliyah kautus nemoni randha kapir ing tanah manca, mangka ing tanahé dhéwé ora kurang-kurang randha sing miskin lan butuh pitulungan. Mengkono uga lelakoné Naaman, wong Aram, panggedhéné wadyabala kapir, sing nandhang lara saraat. Birating najisé mau iya marga déning pitulungané nabi Elisak, mangka ing tanahé dhéwé akèh kang padha nandang lara saraat, nanging ora ana sing dibirat najisé.

Bareng ngrungu pangandika kang isi pamelèh mau, wong samesjid dadi padha panas atiné, suwé-suwé kemropok. Kok mejanani temen anaké tukang kayu iki! Pitembungané saya suwé saya nylekit yèn dirasakaké.

Apa disengguh yèn bangsa kapir bakal ngluwihi ajiné bangsa Israèl? Kebangeten temen ta enggoné ngéwak-éwakaké! Apa dinyana, yèn Sang Mesih, samangsa wis rawuh, bakal nampik wong-wong Yahudi Nasarèt, nanging nampèni wong-wong liya, wong kapir lan wong manca?

Bareng wis padha ora kuwat ngampet nepsuné, wong samesjid kabèh banjur mak-nyat ngadeg, Gusti Yésus ditempuh bareng, sakèhing pakéring lan pangaji-aji sirna sanalika. Gusti Yésus banjur dilarak metu saka ing mesjid menyang sajabaning negara, kadhabyang menyang ing tampingé gunung, niyaté arep dijorogaké marang julegan, temah ajur kuwandané! Wis pantes yèn wong sing wani-wani ngaku dadi Sang Mesih kapatrapana ukum pati.

NANGING .... semuné Gusti Yésus manut baé didhedhabyang wong golongan. Ewadéné pangarahé wong-wong sing padha ambek angkara mau ora bisa kelakon.Ora kok margaGusti Yésus ngagem genining bledhèg kadhawuhan nyamber wong golongan mau, utawa nandukakè pamelas sing nggegirisi! Gusti Yésus ora kersa nyirnakaké wong-wong mau, nanging Gusti Yésus meksa ora kelakon tiwas, jalaran durung tumeka waktuné Gusti Yésus nandhang apes.

Gusti Yésus mung nratas ing tengahé wong golongan, banjur oncat. Embuh apa sing kelakon nalika semono, wong-wong mau padha ora ngerti, nanging weruh-weruh Gusti Yésus wis ora ana ing tengahé manèh. Kaya-kaya ana daya prabawa sing metu saka sarirané Gusti Yésus, sing njalari wong-wong mau mrucut panyekelé.

Gusti Yésus banjur tedhak, tanpa ngandika apa-apa manèh.

Wong golongan mau mung padha mlenggong kaéraman nyumurupi lelakon iku. Saiki lagi padha ngerti, yèn lelakon iku iya kalebu kaélokan, kaya sing dadi pangarep-arepé, nanging émané, kaélokan mau njalari wong-wong mau padha kapisahaké saka ing patunggalané Gusti Yésus sing rawuhé arep paring pitulungan.

Wong-wong mau padha nampik peparing sing ngluwihi ajiné rajabrana ing sajagad kabèh, jalaran wis nampik marang Sang Juru Panebus.

Lah mengkono iku olèh-olèhané wong pinter, nanging keblinger!