Babad Saka Kitab Suci/Ing Laladanè Tanah Gadara

Saka Wikisumber

KACARITA, sing padha andon laku ngambah ing segara Galiléa wis tekan ing sabrang ing laladané tanah Gadara. Wayahé isih ésuk umun-umun, isih sepi nyenyet. Gusti Yésus lan para sekabate banjur padha mentas saka ing prau, arep mbacutaké tindaké menyang ing kutha. Lakuné saka ing pesisir menyang ing kutha ngliwati dalan ing sela-selané punthuk-punthuk gamping. Saben wong ing panggonan kono wis padha ngerti, yèn dalané rada mutawatiri, mulané ora nggumunaké yèn panggonan kono sepi, jalaran ora ana wong sing wani liwat ing dalan mau. Kabéh wis padha ngerti, yèn ing kono dadi pasabanè wong kesurupan dhemit sing mbebayani; gawéné nglambrang ana ing pakuburan utawa ing punthuk-punthuk lan munasika wong liwat. Uripé wis ora béda karo kéwan, bligang-bligung tanpa nganggo apa-apa, awaké sakojur reged jalaran wis ora tau kambon banyu. Wujudé pancèn nggegirisi, ngaglah ana ing dalan kambi bengak-bengok ngumbar swara karo ndhodhogi awaké dhéwé nganggo watu. Sadurungé kesurupan dhemit wong mau iya manggon ana ing kutha, nanging bareng malih dadi kaya wong édan marga disurupi dhemit, wong mau dadi mbebayani. Wis asring kelakon dibanda lan ditlikung nganggo ranté lan blenggu, nanging ranténé dipedhot lan blengguné dibedhat, apadéné babar pisan ora kena diarah tututé. Tujokna wong mau metu saka ing kutha, banjur nglambrang ana ing gunung-gunung lan manggon ana ing pakuburan. Katoné wong mau merdika, wong liya-liyané wis ora ana sing wani ngalang-alangi kekarepané, nanging kamerdikan sing kaya mengkono iku malah nyilakani. Ujaré wong akèh: "Wong iku dadi budhaking Iblis!" Pancèn wong mau wis ora bisa ngerèh awaké dhéwé, apa sing dilakoni iku mung manut saka karepé Iblis, kayata: awaké dhéwé dipilara lan didhodhogi nganggo watu ... Dadi katoné wong mau merdika, nanging satemené dadi bebandané Iblis! Mangka ora ana wong sing bisa ngrebut wong mau saka ing pangwasané Iblis!

Pancèn dalan sing sepi mau katoné singer banget ....

Gusti Yésus tindak liwat ing kono kadhèrèkaké para sekabat. Durung nganti adoh tindaké, dumadakan kepranggul wong kang kesurupan dhemit mau. Wong mau kaya-kaya jumedhulé saka ing pakuburan; saka kadohan wis bengak-bengok kambi mlayoni Gusti Yésus, kaya arep nempuh-nempuha wong sing wani-wani ngambah ing wewengkoné. Nanging bareng wis cedhak, wong mau banjur sujud klawan Wedi banget, jalaran kena ing sambang pangaribawané Gusti Yésus, patrapé kaya kéwan galak sing ndhepèpès ana ing ngarepé sing nututaké. Ing kono dhawuhé Gusti Yésus marang wong mau: "Èh dhemit, metua saka wong iku!" Wong mau banjur mbengok sakayangé karo ngolang-aling kaya wong kelaran, unjuké: "Tuwan tumut-tumut punapa dhateng kawula, dhuh Yésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur! Tuwan kawula supaosi demi Allah, sampun misakit dhateng kawula."

Sing padha ngrungu unjuké wong kaya mengkono mau, mesthi wis padha ngerti yèn sing munjuk mau dudu wongè dhèwè, nanging Iblis sing manggon ana ing wong mau.

Wong mau banjur didangu: "Sapa jeneng-mu?" Atur wangsulanè: "Westa kawula pun Legiyun, awit cacah kawula punika kathah." Legiyun iku saka tembung Legio, tegesè: pirang-pirang èwu, jalaran sing padha manggon ana ing wong mau cacahè pirang-pirang èwu, lan wong mau mung dadi dhemit Legiyun.

Saiki laladané tanah kono ditekani saka sabrangé segara manusa sing luwih déning kuwasa, yaiku Gusti Yésus .... Para dhemit mau wis padha ngerti marang Panjenengané, lan wis padha ngerti yèn ora keconggah nanggulangi pangwasané, mulané ora kira-kira gethingé marang Gusti Yésus. Klawan ngasih-asih enggoné padha nyenyuwun, supaya aja nganti diulihaké menyang dhangkané, yaiku ing naraka, nanging dhada diparengna ngalih menyang ing babi sapantha gedhé kang pinuju diengon ana ing pèrèngané gunung kono, ing pinggiré segara .... Para dhemit mau wis padha ngerti yèn kudu ninggal wong sing dianjingi, jalaran mengkono dhawuhé Gusti Yésus, mangka dhawuhé ora kena dibaèkaké.

Gusti Yésus tumuli nglilani panyuwun mau. Para dhemit banjur padha metu sarta manjing ing babi mau. Kelakoné mau ora katon ing mripat, weruh-weruh babi sapantha geḑé mau padha gumrudug bebarengan mlayu marang ing julegan banjur ambyur ing segara, swarané gumuruh nggegirisi. Babi wetara rong èwu cacahé pada mati klelep ana ing segara, ndadèkaké kapitunan gedhé tumrapé sing duwé. Pangoné babi mau ora bisa apa-apa kejaba mung mlayu mulih menyang ing kutha, awèh weruh marang wong-wong ing kono apa sing mentas kelakon. Wong sakutha kabèh banjur padha metu arep nyumurupi ananing lelakon. Miturut ujaré pangon, sing teka ing laladan tanah kono iku wong Galiléa, sing asma Yésus dalah para sekabaté. Enggoné wong-wong mau metu saka ing kutha ora sedya methukaké rawuhé Gusti Yésus klawan kabungahan, déné wis kepareng rawuh ana ing wilayahé, lan kepareng mitulungi wong-wong ing tanah kono sing padha nandhang kecingkrangan, apadéné maringi pitedah bab dalaning karahayon kang anjog menyang ing swarga. Ora, tekané wong-wong mau ora karana becik; senajan atiné padha ngandhut wedi, éwadéné wong-wong mau kelair panyuwuné marang Gusti Yésus supaya kersaa tindak saka ing tanah kono. Wong-wong mau iya padha weruh wong sing tilas keranjingan dhemit lungguh lan wis manganggo tur wis pulih waras manèh budiné, wis ora dadi bebandané Iblis, nanging merdika nglakoni karepé dhéwé. Lelakon mau pancen ngéram-éramake, nanging tumrapé wong-wong mau ora maédahi apa-apa. Sing tansah dadi pikirané rak enggoné padha kèlangan babi sapantha gedhé sing padha mati ing segara. Pira baé kapitunané wong-wong mau marga tanahé dirawuhi Gusti Yésus! Wong-wong mau padha wedi marang Gusti Yésus; rawuhé ing kono dianggep mung bakal nekakaké karépotan lan kapitunan, mulané adreng panyuwuné supaya Gusti Yésus kersaa tindak saka ing kono.

Gusti Yésus iya tumuli jengkar .... O, wong ing tanah Gadara pancèn bliwur pikiré, ketutupan déning bandha kadonyan. Jalaran kélangan babi rong èwu, wong mau nampik karawuhan Gusti Yésus, bandha kang ora kena dikerta-aji cara lumrah. Dadiné wong-wong mau padha nampik musthikaning peparing saka ing ngaluhur marang jagad, yaiku sih katresnané Gusti Yésus! Wis ana daulaté, ....!

Déné wong sing mauné keranjingan, duwé panyuwun supaya diparengna ndhèrèk tindaké Gusti Yésus ing salawas-lawasé. Nanging Gusti Yésus ora marengaké, dhawuhé: "Kowé muliha ketemu karo sanak lan kancamu, padha critanana kaanané kaélokan kang ditandukaké déning Pangéran marang kowé, tuwin sih palimirmané marang kowé!"

Wong mau kaparingan bubuhan abot saka Gusti Yésus, kakersakaké nyritakaké bab sih palimirmané Allah, marang sanak seduluré, malah iya marang wong-wong sing wis padha nampik Gusti Yésus. Bubuhan sing abot mau dilakoni klawan legawaning ati. Tanah Dékapolis didlajahi kabèh, lan wong ing kono pada dicritani bab kaélokan kang wis tumanduk ing awaké lan bab sih palimirmané Allah, temahan padha kaéraman.

GUSTI Yésus lan para sekabat bareng wis minggah ing prau, banjur mancal menyang ing sabrang, bali manèh ing laladané tanah Kapernaum.