Amarga Corona

Saka Wikisumber
Kangen Sekolah
[ 87 ]
Amarga Corona
Dening : Jesiska Sasradewi (9A)

Saiki kabeh beda
Salam tanpa salaman
Ketemu tanpa cedhak
Lan ngobrol nanging ing mburi topeng

Akeh wong sing nemoni masalah
Akeh wong sing sedhih
Tangisan bisa keprungu ing endi-endi
Rasa wedi uga tansah ngubengi

Kabeh iki amarga dheweke
Asale saka wuhan
Cilik nanging agawe maut
Dheweke Corona

Saiki sambat ora ana gunane
Sing dibutuhake mung sabar
Ndedonga luwih
Muga-muga kabeh iki enggal rampung