Alkitab/Jansz/Jochanan

Saka Wikisumber
< Alkitab‎ | Jansz

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


INDJIL SOETJI
MITOEROET SAKA PANGANGGITÉ
JOCHANAN

Bab 1.[besut]

Bab Sang Sabda kang dadi daging lan bab pepaḍang.[besut]

1. Ing kala poerwa Sang Sabda ana, sarta Sang Sabda ana ing Allah, toewin Sang Sabda ikoe Allah.
2. Ikoe kang kalané poerwa ana ing Allah.
3. Samoebarang kabèh doemadiné déning Sang Sabda, lan samoebarang kang doemadi ora ana sawidji-widjia kang ora didadèkaké déning Sang Sabda.
4. Sang sabda kang kadoenoengan oerip, sarta oerip ikoe kang dadi paḍangémanoesa.
5. Anadéné Sang Paḍang nelahi sadjroning pepeteng, mangka ora kalinḍih déning pepeteng ikoe.
6. Ana prija djoemeneng, kaoetoes saka karsané Allah, namané Jochanan.
7. Rawoehé dadi seksi, kapatah neksèni bab Sang Paḍang, soepaja dadia lantarané wong kabèh paḍa pratjaja.
8. Ora jèn Pandjenengané ikoe dadia Sang Paḍang, moeng kapatah neksèni bab Sang Paḍang.
9. Paḍang kang sadjati, kang maḍangi saben wong, ija ikoe kang rawoeh ing djagad.
10. Ḍasar woes ana ing djagad, sarta doemadiné djagad déning Pandjenengané mangka djagad ikoe ora nganggep.
11. Rawoehé moeroegi kagoengané, mangka para kagoengané ikoe ora nampani.
12. Nanging sapira kang nampani ikoe woes diparingi wewenang dadi para poetrané Allah,
13. ija ikoe kang paḍa pratjaja marang asmané, kang lairé paḍa ora sak aing getih, ija ora saka pakaremané daging oetawa saka karepé wong lanang, nanging saka ing Allah.
14. Anadéné Sang Sabda woes dadi daging sarta makoewon ana ing antara kita, lan akoe woes paḍa njawang kamoeljané, kamoeljan kaja peparingé Rama marang Poetra ontang-anting, kapenoehan sih-rahmat lan kajektèn.
15. Jochanan neksèni moenggoeh Pandjenengané sarta ngoewoeh, pangandikané: ,, Ikoe kang woes dakpitoetoeraké mangkéné: Kang rawoeh noengka akoe ikoe woes nḍingini akoe, amarga anané sadoeroengé akoe.
16. Saka ing kaloewihané kita kabèh woes paḍa tampa gandjaran sih mawantoe-wantoe.
17. Déné moenggoeh ing angger-angger ikoe enggoné kaparingaké lantaran Moesa, sih-rahmat lan kajèkten ikoe doemadiné déning Jésoes Kristoes.
18. Ora ana wong kang taoe toemon marang Allah. Sang Poetra ontang-anting kang ana ing pangkoné Sang Rama, ikoe kang nerangaké kawontenané.

Paseksiné Jochanan Pambabtis.[besut]

(Matth. 3 : 3, 11. Mark. 1 : 3, 7, 8. Loek. 3 : 4, 16. Jes. 14 : 3; 53 : 7. Matth. 3 : 16, 17. Mark. 1 : 10, 11. Loek. 3 : 22.)
19. Iki paseksiné Jochanan, nalikané wong Jahoedi paḍa kongkonan para imam lan para wong Léwi saka ing Jeroesalèm, kapoerih matoer pitakon: ,,Sampéjan poenika sinten?”
20. Jochanan bandjoer ngaken, ora sélak, pangakené: ,,Akoe iki doedoe Sang Kristoes.”
21. Pitakoné kongkonan: ,,Menawi mekaten kadospoendi, sampéjan poenapa Elijah?” Wangsoelané Jochanan: ,,Akoe doedoe.”
22. ,,Poenapa sampéjan Kandjeng Nabi?’’ Wangsoelané: ,,Doedoe.” Ing kono atoeré kongkonan: ,,Sampéjan poenika sinten, soepados koela sami sageda matoer pratéla ḍateng ingkang ngèngkèn koela? Pangaken sampéjan menggah ingkang sarira kadospoendi?”
23. Pangandikané Jochanan: ,,Akoe iki swarané kang ngoewoeh-oewoeh ana ing pasamoean: Paḍa ngentjenga margi ambah-ambahané Pangéran, kaja kang dadi pangandikané nabi Jesajah.”
24. Moenggoeh kongkonan maoe paḍa panoenggalané para Farisi.
25. Ikoe bandjoer paḍa matoer pitakon manèh: ,,Menawi sampéjan sanès Kristoes sanès Elijah, sanès Kangdjeng Nabi, poenapaa sampejan teka mawi mabtis?”
26. Jochanan mangsoeli, pangandikané: ,,Akoe iki enggonkoe mbabtis wong ing banjoe, nanging wis ana kang djoemeneng ing tengahmoe, kowé paḍa ora wanoeh,
27. ija ikoe kang rawoehé noengka akoe, kang wis nḍingini akoe. Bok ngoetjoeli djangeting troempahé baé akoe ora patoet.”
28. Moenggoeh kelakoné ikoe maoe ana ing Bèthani, ing sabrangé kali Jardèn, panggonané Jochanan mbatis.
29. Esoeké Jochanan mirsa Jésoes moeroegi, bandjoer ngandika: ,,Lah ikoe tjempéné Allah kang ngrembat ngloengakaké dosané djagad.
30. Ija ikoe kang wis dakpitoetoeraké mangkéné: Ana prija rawoeh noengka akoe, kang wis nḍingini akoe, amarga anané sadoeroengé akoe.
31. Ing maoené akoe ija ora wanoeh ing Pandjenengané, ananging soapaja sarirané kalairna marang Banisraèl, moelané tekakoe nganggo mbabtis ing banjoe.”
32. Apa manèh paseksiné Jochanan mangkéné: ,,Akoe wis ndeleng Roh toemeḍak saka ing swarga pinḍa manoek dara, bandjoer manggèn ing sarirané.
33. Déné kang maoe akoe ora weroeh ing Pandjenengané, nanging kang ngoetoes akoe dikakaké mbabtis ing banjoe, ikoe wis ngandika marang akoe: Sapa kang sira deleng kateḍakan ing Roh nganti manggèn ing sarirané, ija ikoe kang mbabtis ing Roh Soetji.
34. Anadéné akoe wis ndeleng lan wis neksèni jèn ikoe Poetrané Allah.”

Goesti Jésoes wiwit angsal moerid.[besut]

Bab 2.[besut]

Bab 3.[besut]

Bab 4.[besut]

Bab 5.[besut]

Bab 6.[besut]

Bab 7.[besut]

Bab 8.[besut]

Bab 9.[besut]

Bab 10.[besut]

Bab 11.[besut]

Bab 12.[besut]

Bab 13.[besut]

Bab 14.[besut]

Bab 15.[besut]

Bab 16.[besut]

Bab 17.[besut]

Bab 18.[besut]

Bab 19.[besut]

Bab 20.[besut]

Bab 21.[besut]