Alkitab/Jansz/III Jochanan

Saka Wikisumber
< Alkitab‎ | Jansz

Status:


LAJANG IBER-IBER ANGGITANÉ RASOEL
JOCHANAN
KANG KETELOE

Adangijah lan beboeka[besut]

1. Lajangé kang pinitoewa toemekaa marang Gajoes kang kekasih, kang daktresnani ing sajektiné.
2. Hé kekasihkoe, pamoedjikoe moega kowé ginandjara kaslametan lan bagas kawarasan ing sakabèhé, dikaja njawamoe ija keslametan.
3. Awitdéné banget boengahkoe saben ana para sadoeloer teka neksèni ing bab ketemenanmoe, kaja apa kowé ikoe enggonmoe doewé lakoe manoet ing kajektèn.
4. Ora ana boengahkoe kang ngoengkoeli iki: menawa akoe ngroengoe warta jen anak-anakkoe paḍa doewé lakoe manoet ing kajektèn.


Panggoenggoengé Jochanan marang Gajoes.[besut]

5. Hé kekasihkoe, déné kowé ikoe teka toememen apa sapanggawémoe marang para sadoeloer, sanadyan paḍa wong lija bangsa, déné ikoe ana ing ngarepané pasamoean woes paḍa neksèni ing bab katresnanmoe.
6. Betjik panggawémoe menawa wong ikoe paḍa kotoeloengi lakoené kang sembada moenggoeh ing Allah.
7. Awit enggoné pa paḍa leloengan ikoe karana saka kang asma, ora nganggo nampani apa-apa saka bangsa kafir.
8. Kang ikoe kita iki paḍa koewadjiban nanggapi wong kang kaja mangkono, soepaja kita paḍa dadia réwang ing gawé loemadi ing kajektèn

Dijotrefès kawelèhaké. Démétrijoes digoenggoeng.[besut]

9. Akoe woes noelis lajang marang pasamoean, ananging Dijotrefès, kang ngarah dadi pengarep ana ing antarané, ikoe ora maèloe marang akoe.
10. Moelané bésoek satekakoe bakal dakwelèhaké kang dadi panggawéné, enggoné tjrèwèt ngala-ala marang akoe, lan ora trima mangkono baé, malah nganti awaké ḍéwé ora nanggapi ikoe paḍa diampah, sarta disébrataké saka ing pasamoean.
11. Hé kekasihkoe, adja noelad marang kan ala, nanging moelada kang betjik. Sapa kang gawé betjik, ikoe asliné saka ing Allah. Nanging sapa kang gawé ala ikoe ora weroeh ing Allah.
12. Démetrijoes woes diseksèni betjik déning wong kabèh, malah ija déning kajektèn ḍéwé, mangkono manèh akoe iki ija neksèni, mangka kowé weroeh jèn paseksikoe ikoe kandel.


Panoetoep lan salam pandonga.[besut]

13. Akoe doewé pitoetoer akèh marang kowé, moeng ora gelem noelis nganggo mangsi lan kalam.
14. Nanging pangarep-arepkoe ènggal bakal nemoni kowé, noeli bakal paḍa rerasan adoe lésan.
15. Tentrem rahajoe anaa ing kowé. Para mitra paḍa kirim salam marang kowé. Salam pandongakoe maranga sawidji-widjiné para mitra.