Menyang kontèn

Alkitab/Jansz/Galati

Saka Wikisumber
[ 1768 ]
LAJANG KIRIMAN SAKA
RASOEL PAOEL
MARANG PASAMOEAN ING TANAH

GALATI


BAB 1.
1--5. Adangijah.

1 Lajangkoe Paoel, rasoel kang ora awit saka manoesa, oetawa marga déning manoesa, nanging marga déning Jésoes Kristoes lan Allah Sang Rama, kang moengokaké Pandjenengané saka ing antarané wong mati,

2 lan sakèhé para sadoeloer kang dadi kantikoe, toemekaa marang pasamoean-pasamoean ing tanah Galati,

3 sih-rahmat lan tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Sang Rama lan Goesti kita Jésoes Kristoes,

4 kang woes masrahaké sarirané krana dosa kita, soepaja kita pada diloewarana saka ing djaman awal kang ala iki, mitoeroet karsané Allah ija Rama kita,

5 kang kaloehoerna langgeng ing salawasé. Amin.

aj. 1: PR 2:24; 9:1-6; 10:40; Rm 4:24; 6:4; 8:11; 10:9; 1 Kr 6:14; 15:15; 2 Kr 4:14; Gl 1:11, 12; Ef 1:20; KI 2:12; 1 Ts 1:10; Tt 1:3; lb 13:20; 1 Pt 1:21.

aj. 2: PR 16:6; 18:23; 1 Kr 16:1; 1 Pt 11.

aj. 3: Rm 1:7; 1 Kr 1:3; 2 Kr 1:2; Ef 1:2; F1 1:2; K1 1:2; 1 Ts 1:1; 2 Ts 12; Fm 3; 1 Pt 1:2.

aj. 4: Mt 20:28; Rm 4:25; GI 2:20; Ef 5:2; 1 Tm 2:6; Tt 2:14; Ib 9:14; 1 Jo 5:19.

6--10. Bab ketjoewané Rasoel Paoel marang wong Galati.

6 Akoe goemoen déné kowé teka énggal temen paḍa njingkoer marang kang nimbali kowé marga saka sih-rahmaté Kristo es, toemimbal marang Indjil lijané,

7 mangka ora ana lijané; moeng ana wong sawenèh kang pada mbingoengaké kowé, sarta soemedya ngowahi Indjilé Kristoes.

8 Nanging sanadyan akoe oetawa malaékat saka ing swarga, menawa nggelarna Indjil lijané kang woes pada dakgelaraké marang kowé, ikoe kenaa ing ipat-ipat.

9 Kaja enggonkoe woes pada toetoer ing maoené, samengko akoe ija toetoer manèh Menawa ana wong kang nggelaraké Indjil marang kowé lijané kang woes kotampani, ikoe kenaa ing ipat-ipat.

10 Ing samengko enggonkoe ngipoek-ipoek ikoe apa ta kirané manoet sakarepé manoesa, apa sakarsané Allah? Oetawa apa akoe mboeroe kasenengané wong? Saoepama akoe isiha mboeroe kasenenganing wong, mesți akoe doedoe abdiné Kristoes.

aj. 6: G1 4:13; 5:8.

aj. 7: PR 15:1, 24; GI 2:4, 17.

aj. 8, 9: 1 Kr 16:22; 2 Kr 11:4; 1 Tm 6:3, 4.

aj. 10: 1 Ts 2:4; Jb 4:4; 1 Jo 2:15.

[ 1769 ]
11-24. Bab Paoel enggoné katimbalan dadi rasoel.

11 Nanging para sadoeloer, kowé daksoemoeroepaké jèn moenggoeh Indjil kang dakgelaraké ikoe ora tjara manoesa.

12 Awit enggonkoe nampani ija ora saka ing manoesa. Lan doedoe manoesa kang moelangaké marang akoe, nanging enggonkoe nampani saka pamangsité Jésoes Kristoes.

13 Sabab kowé woes pada soemoeroep moenggoeh kalakoeankoe nalika isih manoet tata Jahoedi, jèn loewih banget enggonkoe ngoeja-oeja sarta ngroesak marang pasamoean kagoengané Allah.

14 Malah enggonkoe manoet tata Jahoedi maoe nganti ngoengkoeli pada bangsakoe akèh kang dadi barakan, pada dakondjoni ing bab taberi marang ila-ilané para leloehoerkoe.

15 Nanging bareng Allah, kang woes midji akoe wiwit saka wetengané bijoengkoe sarta nimbali akoe marga saka sih-rahmaté, woes kepareng ing karsa

16 nglairaké Kang Poetra ana ing akoe, soepaja dakoenḍangna ana ing antarané bangsa kapir, akoe toemoeli ora loemakoe ndjaloek remboeg marang daging lan getih,

17 lan ora moenggah menjang ing Jeroesalèm nemoni marang kang woes pada dadi rasoel sadoeroengé akoe. Nanging akoe menjang ing tanah Arab, toemoeli bali menjang ing Damèsèk manèh.

18 Sawoesé mengkono antara teloeng taoen akoe bandjoer moenggah menjang ing Jeroesalèm, arep manoeh marang Pétroes, sarta enggonkoe noenggal karo Pétroes maoe limalas dina.

19 Moenggoeh para rasoel lijané ikoe akoe ora ketemoe, kedjaba moeng Jakoboes saḍèrèké Goesti.

20 Enggonkoe noelis marang kowé ikoe lah ana ing ngarsané Allah: Akoe ora goroh.

21 Sawoesé mengkono akoe bandjoer menjang ing leladané tanah Siri lan Kiliki.

22 Mangka para pasamoean ing tanah Joedéa kang ana ing patoenggilané Kristoes pada ora wanoeh marang akoe,

23 moeng pada ngroengoe warta: Kang maoené ngoeja-oeja marang kita, ikoe ing samengko nggelaraké piwoelang bab pratjaja kang bijèn diarah roesaké,

24 temahan pada ngloehoeraké Allah ingatasé akoe.

aj. 11: 1 Kr 15:1; Gl 1:1; 1 Ts 2:13.

aj. 12: 1 Kr 11:23; 15:3; Ef 3:3.

aj. 13: PR 8:3; 9:1, 13; 22:4; 26:9; 1 Kr 15:9; Fl 3:6; 1 Tm 1:13.

aj. 15: Js 49:1, 5; Jm 1:5; Lk 1:15; PR 9:15; 13:2; Rm 1:1.

aj. 16: Mt 16:17; PR 9:15; 13:2; 22:21; Rm 11:13; 15:16; 1 Kr 15:50; GI 2:8; Ef 3:8; 6:12; 1 Tm 2:7; 2 Tm 1:11; Ib 2:14.

aj. 17: PR 9:22.

aj. 18: PR 9:26-28.

aj. 19: Mt 13:55; PR 1:14; 12:17; 15:13; 21:18; 1 Kr 15:7; GI 2:9, 12; Jb 1:1.

aj. 20: Rm 1:9; 9:1; 2 Kr 1:23; 11:31; FI 1:8; 1 Ts 2:5, 10; 1 Tm 2:7; 5:21; 6:13; 2 Tm 4:1.

aj. 21: PR 9:30; 11:25, 26.


BAB 2.
1--10. Rasoel Paoel kaanggep déning para rasoel ing Jeroesalèm.

1 Sawoesé mengkono antara patbelas taoen akoe bandjoer menjang ing Jeroesalèm manèh kanti Barnabas, lan Titoes ija dakadjak.

2 Enggonkoe mrana maoe awit saka kaparingan wangsit. Para sadoeloer ing kono bandjoer dakpratélani Indjil kang dakgelaraké ana ing antarané bangsa kapir, lan para kang kadjèn ikoe dakpratélani dedéwékan, soepaja lakoekoe, adja nganti tanpa gawé.

3 Nanging Titoes kang mèloe akoe, sanadyan wong Joenani, ija ora kapeksa tetak,

4 krana saka para sadoeloer dora. [ 1770 ] tjara kang pada momor samboe, kang tjolongan loemeboené ngoelataké enggon kita pada ndoewèni kamerdikan ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes, pangarahé soepaja kita pada dikawoelakna.

5 Nanging sadjam baé akoe pada ora mingked teloek marang wong maoe, soepaja kajektèné Indjil loeloesa ana ing kowé.

6 Anadéné moenggoeh para kang kadjèn, -- kaanané ing maoené ora dakpikir, Allah ora mawang wong -- kang kadjèn ikoe pada ora mboeboehi manèh apa-apa marang akoe.

7 Malah bareng pada weroeh jèn akoe kapitajan martakaké Indjil marang wong ikoetan, kaja Pétroes marang wong tetakan,

8. -- awitdéné kang paring pangawasa marang Pétroes kadadèkaké rasoel toemrap ing wong tetakan, ikoe ija paring pangawasa marang akoe ana ing antarané bangsa kapir, --

9 sarta bareng pada soemoeroep ing sih kang kaparingaké marang akoe, Jakoboes lan Kéfas toewin Jochanan, kang pada kaanggep minangka saka pikoekoeh, bandjoer pada ndjawati tangan marang akoe lan Barnabas, minangka pratandaning patoenggalan, soepaja akoe pada maranana bangsa kapir, lan déwèké marang wong tetakan.

10 Moeng akoe páḍa dipoerih élinga marang wong miskin, mangka ikoe pantjèn ija woes dakperlokaké.

aj. 1: PR 15:2.

aj. 2: PR 15:4.

aj. 3: PR 16:3; 1 Kr 9:21.

aj. 4: PR 15:1, 24; GI 1:7; 5:1; Jd 4.

aj. 5: GI 3:1.

aj. 6: PT 10:17; 2 Bb 19:7; Aj 34:19; PR 10:34; Rm 2:11; Ef 6:9; KI 3:25; 1 Pt 1:17.

aj. 7, 8: PR 9:15; 13:2; 22:21; Rm 11:13; 15:16; G1 1:15, 16; Ef 3:8; 1 Tm 2:7; 2 Tm 1:11.

aj. 9: Jo 1:43; 1 Kr 1:12; 3:22; 9:5; 15:5; Wj 3:12.

aj. 10: PR 11:29, 30; 24:17; Rm 15:25, 26; 1 Kr 16:1, 2; 2 Kr 8:1; 9:1.

11-14. Rasoel Pétroes ditetah déning Rasoel Paoel.

11 Anadéné nalika Pétroes teka ing Antiochi, dakpadoni adoe-arep, awit ketitik keloepoetan.

12 Sabab sadoeroengé ana wong sawenèh pada teka saka panggonané Jakoboes, Pétroes ikoe kemboel mangan karo panoenggalané bangsa ikoetan. Mangka bareng satekané wong maoe bandjoer moendoer misah awit reringa marang wong panoenggalané tetakan.

13 Sarta tekan wong Jahoedi lijané ija pada mèloe sengadi, temahané dalah Barnabas ija kèloe ing sengadiné.

14 Nanging bareng akoe weroeh jèn lakoené pada ora bener, ora manoet kajektèné Indjil, Pétroes bandjoer dakwarah ana ing ngarepané wong kabèh mengkéné: Menawi sampéjan tijang Jahoedi manoet tata-tjaranipoen tijang kapir, boten tjara Jahoedi, poenapaa tijang kapir teka sami sampéjan peksa manoet tata-tjara Jahoedi ?

aj. 12: PR 11:2, 3.

aj. 14: PR 10:28.

15-21. Toetoegé pitoetoer marang Pétroes. Bab kasampoernan kang awit saka pratjaja, ora srana ajahan.

15 Sampéjan kalijan koela dasar sami tijang Jahoedi, sanès tijang dosa asal kapir, 16 nanging sarèhning sami soemerep bilih manoesa poenika enggènipoen kasampoernakaken boten awit saking ajahanipoen angger-angger, namoeng margi saking pitados doemateng Jésoes Kristoes, pramila sampéjan kalijan koela inggih sampoen sami pitados doemateng Kristoes Jésoes, soepados kasampoernakna awit saking pitados doemateng Kristoes, boten saking ajahani[ 1771 ] poen angger-angger. Mila mekaten amargi saking ajahanipoen angger-angger mesti badé boten wonten tijang kasampoernakaken.

17 Nanging menawi sampéjan kalijan koela ingkang sami ngangkah kasampoernakaken wonten ing Kristoes, inggih sami kepanggih dados tijang dosa pijambak, poenapa Kristoes temah dados kawoelanipoen dosa? Poenika amesti boten.

18 Awitdéné menawi ingkang sampoen koela gempoer poenika koela bangoen malih, dadosipoen koela nélakaken bilih koela pijambak kelepatan. 19 Sabab margi saking angger-angger koela poenika sampoen pedjah toemrap ing angger-angger, soepados gesanga loemados ing Allah.

20 Koela sampoen nḍèrèk kasalib kalijan Kristoes, sarta sampoen sanès koela ingkang gesang, nanging Kristoes ingkang gesang wonten ing koela. Déné sepinten gesang koela wonten ing daging samangké, poenika enggèn koela gesang srana pitados doemateng Poetranipoen Allah, ingkang sampoen ngasihi koela saha sampoen masrahaken sariranipoen krana koela.

21 Koela boten nampik sih-rahmatipoen Allah. Oedjer menawi wontena kasampoernan margi saking angger-angger dados sédanipoen Kristoes poenika tanpa damel."

aj. 16: Ms 130:3; 143:2; PR 13:38, 39; Rm 3:20, 28; 8:3; GI 3:11; Ef 2:8; Tt 3:5; Ib 7:18, 19.

aj. 19: Rm 6:2, 11; 7:4, 6; KI 2:20; 3:3; Ib 9:14; 1 Pt 2:24.

aj. 20: Mt 20:28; Jo 13:1; Rm 4:25; 6:6, 13; 8:37; 14:7; 2 Kr 5:15; GI 1:4; Ef 5:2; F1 1:21; 1 Ts 5:10; 1 Tm 2:6; Tt 2:14; Ib 9:14; 1 Pt 4:2; 1 Jo 3:16.

aj. 21 lb 7:11.


BAB 3.
1--5. Wong Galati pada kawelèhaké.

1 Eh wong Galati kang tanpa boedi, sapa ta kang njenjințoeng marang kowé, kongsi pada ora klawan ngèstokaké ing kajektèn ? Mangka Jésoes Kristo es enggoné kasalib ikoe woes kaja katon ana ing pasawanganmoe.

2 Kang arep daksoemoeroepi saka ing kowé moeng saprakara iki baé: Enggonmoe pada nampani Roh ikoe apa awit saka ajahané angger-angger, apa saka pangoenḍanging pratjaja?

3 Teka nganti semono enggonmoe pada tanpa boedi. Sawoesé miwiti Roh, apa saiki kowé pada moengkasi klawan daging?

4 Apa nglaha baé enggonmoe woes pada ngalami nganti semono ikoe? Ija jèn moeng mandega nglaha baé.

5 Anadéné kang nggandjar Roh marang kowé sarta nindakaké kasektèn ana ing kowé, ikoe apa awit saka ajahané angger-angger, apa saka pangoenḍanging pratjaja?

aj. 1 G1 2:5; 5:7.

6-14. Bab pratjaja lan bab angger-angger.

6 Oepamané kajata: Abraham koemandel marang Allah, mangka ija ikoe kang kaétang dadi kasampoernané.

7 Kang ikoe kowé pada soemoeroepa jèn wong kang wewinih saka ing pratjaja, ija ikoe kang dadi para poetrané Abraham.

8 Anadéné Kitab sarèhné woes mirsa dingin jèn Allah bakal njampoernakaké bangsa kapir awit saka pratjaja, moelané ing maoené woes ngoendangaké Indjil marang Abraham, dawoehé: Sakèhé para bangsa bakal pada kaberkahan srana sira.

9 Dadiné wong kang wewinih saka [ 1772 ] ing pratjaja ikoe pada mèloe kaberkahan karo Abraham kang koemandel.

10 Awitdéné sepira wong kang wewinih saka ing ajahané angger-angger, ikoe pada kebawah ing laknat. Amarga ana toelisan mengkéné: Kena ing laknat saben wong kang ora ngantepi samoebarang kang katoelisan ana ing Kitabé angger-angger klawan nedya dilakoni.

11 Karodéné woes tetéla jèn ora ana wong kang kasampoernakaké ana ing ngarsané Allah srana angger-angger, amarga: Wong sampoerna ikoe oeripé awit saka pratjaja.

12 Mangka angger-angger ikoe ora wewaton pratjaja, nanging: Sapa wong kang nglakoni prakara ikoe, oeripé marga saka ikoe.

13 Kristoes woes neboes kita saka laknaté angger-angger, amarga dadi laknat pijambak krana kita, awit ana toelisan mengkéné: Kena ing laknat saben wong kang goemantoeng ing kajoe.

14 Ikoe soepajané: Berkahé Abraham toemekaa marang bangsa kapir djalaran saka Kristoes Jésoes, soepaja srana pratjaja kita pada nampanana Roh kang kaprasetyakaké.

aj. 6: PD 15:6; Rm 4:3; Jb 2:23.

aj. 8: PD 12:3; 18:18; 22:18; 26:4; 49:10; PR 3:25.

aj. 10: PT 27:26; Mt 5:19; Jb 2:10.

aj. 11: Hb 2:4; Rm 1:17; 3:20; GI 2:16; Ib 10:38.

aj. 12: Rm 18:5; Nj 9:29; Jk 20:11, 13, 21; Mt 19:17; Lk 10:28; Rm 10:5.

aj. 13: PT 21:23; Rm 8:3; 2 Kr 5:21; Gl 4:5.

15-18. Prasetyané ora kawoeroengaké marga déning angger-angger.

15 Hé para sadoeloer, pitoetoerkoe daknganggo oepama tjara manoesa: Sanadyan pradjandjianing manoesa lamoen woes katetepaké, ikoe ora ana kang mbatalaké oetawa kang noesoeli.

16 Anadéné Abraham enggoné kadawoehan prasetya-prasetya ikoe dalah teḍaké. Dawoehé ora lan toeroen-toeroené, kajaa toemrap wong akèh, nanging kaja toemrap wong sidji: lan toeroenira, ija ikoe Kristoes.

17 Karepkoe ikoe mengkéné: Prasetyan kang woes ditetepaké dingin déning Allah toemrap ing Kristoes, ikoe mesți ora kaboebrah marga déning angger-angger kang doemadiné kari antara patang atoes teloeng poeloeh taoen; nganti prasetyané kawoeroengaké.

18 Sabab menawa warisan ikoe goemantoenga ing angger-angger, dadiné woes ora goemantoeng ing prasetya. Mangka Abraham enggoné kaparingan déning Allah ikoe srana prasetya.

aj. 15: Rm 3:5; 6:19; 1 Kr 9:8; Ib 9:17.

aj. 16: PD 12:7; 13:15; 17:7; 22:18; 24:7; GI 3:8.

aj. 17: PD 15:13; Pa 12:40; PR 7:6.

aj. 18: Rm 4:14; 11:6.

19-29. Bab doenoengé angger-angger.

19 Menawa mengkono, doenoengé angger-angger keprijé ? Ikoe kawoewoehaké krana saka panerak, kongsi toemeka rawoehé Sang Tedak kang woes kapresetyakaké maoe, sarta kapranata déning malaékat kaampilaké ing astané pantara.

20 Anadéné moenggoeh pantara ikoe kang dipantarani ora moeng sidji, nanging Allah ikoe sidji.

21 Kang ikoe apa angger-angger dadiné njoelajani ing prasetyané Allah? Mesți ora. Jèn ta anaa angger-angger kaparingaké kang bisa ngoeripaké, dadi satemené kasampoernan ikoe toewoehé saka ing angger-angger.

22 Nanging Kitab woes nggolongaké sakabèhé marang pamengkoené dosa, soepaja awit saka pratjaja [ 1773 ] marang Jésoes Kristoes prasetya maoe kaparingna marang wong kang pada pratjaja.

23 Anadéné sadoeroengé tekané pratjaja, kita pada kapasrahaké marang pangreksané angger-angger dadi sengkeran nganti toemeka ing waktoené pratjaja kalairaké.

24 Dadiné angger-angger ikoe minangka pamomong kita nganti toemeka rawoehé Kristoes, soepaja kita pada kasampoernakna awit saka pratjaja.

25 Nanging satekané pratjaja kita woes pada mari kawengkoe ing pamomong.

26 Awitdéné kowé kabèh pada dadi poetrané Allah srana pratjaja marang Kristoes Jésoes.

27 Sabab sepira enggonmoe woes pada kabaptis mandjing patoenggilané Kristoes, ikoe kowe woes pada ngrasoek marang Kristoes.

28 Ing kono ora ana Jahoedi lan Joenani, ora ana batoer toekon lan merdika, ora ana lanang lan wadon. Amarga kowé kabèh pada dadi sidji ana ing Kristoes Jésoes.

29 Mangka menawa kowé pada kagoengané Kristoes, dadi pada trahé Abraham, lan pada ahli-waris mitoeroet ing prasetya.

aj. 19: PT 5:5; Jo 1:17; 15:22; PR 7:38, 53; Rm 4:15; 5:20; 7:8; Ib 2:2.

aj. 21: Rm 8:3.

aj. 22: Rm 3:9, 19; 11:32.

aj. 23: GI 4:3.

aj. 24: Mt 5:17; PR 13:38, 39; Rm 10:4.

aj. 26: Js 56:5; Jo 1:12; Rm 8:15; GI 4:5, 6; 1 Jo 3:1, 2.

aj. 27: Rm 6:3; 13:14.

aj. 28: Jo 17:21; Rm 3:22, 29; 10:12; 1 Kr 12:13; Ef 2:13-17; KI 3:11.

aj. 29: PD 21:12; Rm 8:17; 9:7; GI 4:6, 7, 28; Tt 3:7; Ib 11:18.


BAB 4.
1--7. Bab kamerdikan kang marga saka Indjil.

1 Nanging pitoetoerkoe bab ahli-waris maoe: salawasé isih botjah ora ana bédané apa-apa karo batoer toekon, sanadyan kang ndoewèni samoebarang,

2 nanging kawengkoe ing emban lan pamomong kongsi toemeka ing waktoe kang woes kapesṭèkaké dingin déning bapakné.

3 Mengkono oega kita nalika doeroeng diwasa, pada dadi batoer toekon kawengkoe ing kamoelaning piwoelangé djagad.

4 Nanging bareng woes toetoeg geneping mangsa, Allah toemoeli ngoetoes Kang Poetra, kang mijos saka wong wadon, mijos kebawah ing angger-angger,

5 toedjoené neboes marang kang pada kebawah ing angger-angger, soepaja kita pada kaangkata dadi poetra.

6 Mangka sarèhné kowé pada dadi poetra, moelané Allah woes neḍakaké Rohé Kang Poetra marang sadjroning atimoe, kang ngoewoeh: Abba, Rama.

7 Kang ikoe dadiné kowé woes doedoe abdi, nanging poetra, mangka menawa poetra, ija dadi ahli-warisé Allah lantaran Kristoes.

aj. 3: GI 3:23, 25; 5:1; KI 2:8, 20.

aj. 4: PD 49:10; Dn 9:24; Mt 5:17; Mk 1:15; Lk 2:21, 22, 27; Jo 1:14; Ef 110.

aj. 5: Js 56:5; Jo 1:12; GI 3:13, 26; Ef 1:5.

aj. 6: Mk 14:36; Rm 8:15; Gl 3:29; 1 Jo 3:2; 5:10.

aj. 7: Rm 8:17; G! 3:29; Tt 3:7.

8--20. Bab kesasaré wong Galati.

8 Nanging nalika semana, marga doeroeng soemoeroep marang Allah, kowé pada ngawoela marang kang djatiné doedoe Allah. [ 1774 ] 9 Mangka ing saiki sadjroné woes wanoeh marang Allah, malah woes pada kawanoehan déning Allah, keprijé déné kowé teka pada mbalèni marang kamoelan kang apes lan papa, arep kokawoelani manèh?

10 Kowé teka pada netepi dina lan sasi toewin mangsa apadéné taoen.

11 Akoe njoemelangaké kowé, bok menawa nganti tanpa toewas enggonkoe kangèlan ingatasé kowé.

12 Banget pandjaloekkoe marang kowé para sadoeloer, kowé bok pada dikaja akoe, awit akoe ija woes dadi kaja kowé. Kowé pada ora keloepoetan marang akoe.

13 Nanging kowé pada soemoeroep jèn enggonkoe martakaké Indjil marang kowé kang dingin ikoe djalaran saka kaapesaning daging,

14 lan bentjanakoe kang toemandoek ing dagingkoe ikoe ora nganti kotjampahi oetawa kogelani, malah akoe kotampani kaja malaékaté Allah, ija kaja Kristoes Jésoes.

15 Kang ikoe apa ta sing koanggep dadi begdjamoe? Awitdéné kowé dakseksèni: menawa kenaa, kowé nganti pada njoeplakana mripatmoe, kowènèhaké ing akoe.

16 Apa ta akoe dadi satroemoe marga enggonkoe mitoetoeri kowé kang sanjatané ?

17 Wong koewé enggoné pada naberèni kowé ora betjik pangarahé, malah sedyané arep ndjabakaké kowé, soepaja kowé pada naberènana marang déwèké.

18 Betjik oega ana toemindaking taberi toemrap sabarang kang betjik, angger salawasé, ora ngamoengaké samasa akoe ana ing kowé baé.

19 Doeh anak-anakkoe, kang lagi dakoewataké manèh klawan nglarani, nganti toemeka Kristoes kawarna ana ing kowé.

20 Nanging pangadjapkoe bok saiki akoe anaa ing kowé lan bisaa ngowahi swarakoe sabab atikoe djoedeg ingatasé kowé.

aj. 8 Js 37:19; Jm 2:11; 5:7; 16:20; 1 Kr 8:4; Ef 2:11, 12.

aj. 9: 1 Kr 8:3; KI 2:20.

aj. 10: Rm 14:5; KI 2:16.

aj. 11: 2 Jo 8.

aj. 13: 1 Kr 2:3.

aj. 14: MI 2:7; Mt 10:40; Jo 13:20.

aj. 16: Am 5:10.

aj. 17: Rm 10:2.

aj. 19 1 Kr 4:15; Fm 10; Jb 1:18.

21--31. Torèt katanḍing karo Indjil kaḍapoer pralambang.

21 Mara pada toetoera ing akoe, kowé kang arep kawengkoe ing Torèt, apa pada ora ngroengokaké ing Toret?

22 Awit ana toelisan jèn Abraham kagoengan poetra loro, sidji saka ing pawongan, sidjiné saka ing padmi.

23 Nanging kang saka ing pawongan ikoe wijosé tata daging, balik kang saka ing padmi ikoe marga saka prasetya.

24 Ikoe ngemoe pralambang njemoni pradjandjian loro, kang sidji saka ing goenoeng Sinah, kang anak-anak pada batoer toekon, ija ikoe Agar.

25 Sabab moenggoeh Agar ikoe ija goenoeng Sinah ing tanah Arab, kang tjoendoek karo Jeroesalèm kang saiki, awit ikoe dadi éwoning batoer toekon saanak-anaké.

26 Nanging Jeroesalèm kang ana ing loehoer ikoe padmi, ija ikoe kang dadi iboe kita.

27 Awitdéné ana toelisan mengkéné: Hé wong gaboeg kang ora anak-anak, sira beboengaha. Hé wong kang ora taoe nglarani, sira gijak-gijaka lan ngoewoeh-oewoeha, amarga akèh anaké kang idjèn, kèhé ngoengkoeli kang doewé laki.

28 Déné kita para sadoeloer pada dadi anaking prasetya kaja déné Iskak.

29 Nanging pada kaja nalika semana, kang lairé tata daging ngoejaoeja marang kang tata Roh, mengkono oega ing samengko.

30 Moeng wiraosé Kitab keprijé? Pawongan ikoe toendoengen saanaké, sabab anaké pawongan ikoe ora [ 1775 ] pisan bakal mèloe kapandoeman warisan karo anaké padmi.

31 Kang ikoe para sadoeloer, kita pada anaké padmi, doedoe anaké pawongan.

aj. 22: PD 16:2, 15; 21:2, 3, 9; PR 7:8; Ib 11:11.

aj. 23: Jo 8:39; Rm 9:7-9.

aj. 24: Ef 2:12.

aj. 26: Ib 12:22; Wj 3:12; 21:2, 10.

aj. 27: Js 54:1.

aj. 28: Rm 9:7, 8; GI 3:29.

aj. 29: PD 21:9.

aj. 30: PD 21:10; Jo 8:35.


BAB 5.
1--15. Bab kamerdikan tata Kristen.

1 Moelané pada dimantep ing kamerdikan peparingé Kristoes kang woes merdikakaké kita, lan adja kongsi kaetrapan pasanganing pangawoelan manèh.

2 Lah akoe iki Paoel pitoetoer ing kowé: Menawa kowé pada loemakoe ditetaki, Kristoes dadi bakal ora maédahi apa-apa marang kowé.

3 Lan manèh akoe njeṭakaké marang saben wong kang loemakoe ditetaki, jèn dadi kedjibah nglakoni ing angger-angger satamaté.

4 Kowé woes pada kaoewalaké saka Sang Kristoes, sepira kang pada ngarah kasampoernakaké marga saka angger-angger, kowé woes pada kesingsal saka ing sih-rahmat.

5 Sabab marga déning Roh lan awit saka pratjaja enggon kita pada nganti-anti marang kasampoernan kang kaarep-arep.

6 Oedjer ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes ikoe: dadia tetak, dadia ikoetan, pada tanpa goena, moeng pratjaja kang nglakoni gawé srana katresnan.

7 Enggonmoe wiwit loemajoe bijèn wis betjik. Sapa kang ngaḍangadangi kowé, nganti pada ora ngèstokaké ing kajekten?

8 Pangrimoek kang mengkono ikoe ora saka kang nimbali kowé.

9 Ragi moenga sațițik ikoe roemasoek marang sadjladrèn kabèh.

10 Ana ing patoenggilané Goesti akoe iki doewé pangandel ingatasé kowé, jèn kowé bakal pada ora sédjé pangrasamoe. Nanging sapa-sapaa kang mbingoengaké kowé ikoe bakal njangga paoekoemané.

11 Déné moenggoeh akoe iki, para sadoeloer, saoepama isih moelangaké bab tetak, généa teka isih dikoeja-koeja? Jèn ta mengkono, dadi sandoengan kang krana salib ikoe rak woes kasingkiraké.

12 Kang pada nggègèraké kowé ikoe bok ija pada gebiria pisan baé.

13 Awitdéné para sadoeloer, enggonmoe pada katimbalan ikoe marang kamerdikan. Moeng kamerdikan ikoe adja dadi dadakan marang daging, nanging pada ladèn-linadènana srana katresnan.

14 Sabab angger-angger sakabèhé ikoe katetepané ing pitemboengan sidji iki: Sira tresnaa ing sapepadanira dikaja marang awakira déwé.

15 Nanging menawa kowé pada kerahan lan mangsa-minangsa, pada diawas, adja kongsi toempes-tinoempes.

aj. 1: Js 9:3; Jo 8:32, 36; PR 15:10; Rm 6:18; GI 2:4; 1 Pt 2:16.

aj. 2: PR 15:1.

aj. 3: Rm 2:25.

aj. 6: Mt 12:50; Jo 15:14; 1 Kr 7:19; 2 Kr 5:17; G1 3:28; 6:15; KI 3:11; 1 Ts 1:3; Jb 2:18.

aj. 7: GI 3:1.

aj. 8: GI 1:6.

aj. 9: 1 Kr 5:6.

aj. 10: 2 Kr 2:3; 8:22.

aj. 11: Mt 11:6; Jo 6:60, 66; 1 Kr 1:23; 1 Pt 2:8.

aj. 12: lb 12:15.

aj. 13: 1 Kr 8:9; 1 Pt 2:16; Jd 4.

aj. 14: Rm 19:18; Mt 22:39; Mk 12:31; Lk 10:27; Rm 13:8; 1 Tm 1:5; Jb 2:8.

aj. 15: 2 Kr 12:20.

[ 1776 ]
16--26. Bab panggawéné daging lan pamedalé Roh.

16 Anadéné pitoetoerkoe: Lakoemoe pada manoeta marang Roh, temahan kowé bakal ora noeroeti kapéntjoeting daging.

17 Sabab karepé daging ikoe njoelajani marang Roh, lan karsané Roh njoelajani marang daging. Sakaroné ikoe pada lelawanan, temah kowé pada ora nglakoni kang kokarepaké.

18 Nanging menawa kowé pada katoentoen déning Roh, dadi pada ora kebawah ing angger-angger.

19 Anadéné panggawéné daging ikoe woes pada tetéla, kajata: bandrèk, djina, lakoe roesoeh, pambloentah,

20 panjembah ing brahala, panenoengan, sesatron, toekar padoe, memèrènan, brangasan, tjetjongkrahan, sesoelajan, bebèntjèngan,

21 drengki, gawé pati, endemendeman, djibar-djiboer sapanoenggalané. Bab prakara ikoe kowé pada dakprasabeni, kaja enggonkoe ija woes prasaben ing maoené, jèn wong kang nglakoni mengkono ikoe bakal paḍa ora olèh warisan kratoné Allah.

22 Balik moenggoeh pamedalé Roh ikoe kajata: kajata katresnan, kaboengahan, atoet-roekoen, kasabaran, paramarta, kabetjikan, katemenan, sarèh, soemirih.

23 Ora ana angger-angger nglawan kang mengkono ikoe.

24 Anadéné wong kagoengané Sang Kristoes ikoe woes pada njalib marang daging dalah hawa-nepsoe lan kapéntjoeté.

25 Menawa oerip kita marga déning Roh lakoe kita ija dipada marga déning Roh.

26 Kita adja pada mboeroe aleman, adja paratantang lan djedjailan.

aj. 16: Rm 13:14; 1 Pt 2:11.

aj. 17: Rm 7:15-23; 8:13; 1 Pt 2:11.

aj. 18: Rm 8:12-15.

aj. 19: Rm 1:29-31; 1 Kr 3:3; 6:9, 10; Ef 5:3; Ki 3:5; 2 Tm 3:2-4.

aj. 20: Jb 3:14, 16.

aj. 21: 1 Kr 6:10; Ef 5:5; KI 3:6; Wj 21:8; 22:15.

aj. 22: Rm 8:5; Ef 5:9.

aj. 23: 1 Tm 1:9.

aj. 24: Rm 6:6; 13:14; GI 2:20; 6:14; Fl 3 10; 1 Pt 2:11.

aj. 25: Rm 8:1, 4.

aj. 26: Fl 2:3.


BAB 6.
1--6. Bab toeloeng-tinoeloeng.

1 Hé para sadoeloer, dadia menawa ana wong kang kedadak kena ing seḍéngah kaloepoetan, kowé kang kasoekman pada moelihna wong kang mengkono ikoe klawan sarèh ing boedi, nganggoa wewéka awakmoe déwé, adja nganti kowé ija kena ing panggoda oega.

2 Pada sangkoel-sinangkoela ing bot-répot, dikaja mengkono enggonmoe pada netepi angger-anggeré Sang Kristoes. 3 Sabab menawa ana wong kang roemasa adji, mangka ora ana adjiné, ikoe dadi ngapoesi awaké déwé.

4 Nanging saben wong ndadara pagawéané déwé, mengkono bakalé ana landesaning panggoenggoengé moeng toemrap ing awaké déwé, ora toemrap ing wong lija.

5 Awit saben wong bakal mikoel pikoelané déwé.

6 Lan sapa wong kang nampani piwoelang bab pangandika, ikoe mandoemana sabarang darbé marang kang moelang.

aj. 1: Mt 18:15; Rm 14:1; 15:1; 1 Kr 9:22; 1 Tm 5:22; 2 Tm 2:25; Ib 12:13; Jb 5:19; Jd 23.

aj. 2: Mt 11:29; Jo 13:14; Rm 15:1; 1 Ts 5:14.

aj. 3: 1 Kr 8:2.

aj. 4: 2 Kr 13:5.

aj. 5: Aj 34:11; Ms 62:13; WB 24:12; Jm 17:10; 32:19; Mt 16:27: Rm 2:6; 14:12; 1 Kr 3:8; 2 Kr 5: 10; Ef 6:8; Wi 2:23; 20:12; 22:12.

aj. 6: Rm 15:27; 1 Kr 9:11; lb 13:17.

[ 1777 ]
7-10. Bab njenjebar lan ngoendoeh.

7 Adja pada kesasar, Allah ora kena digawé gegoejon. Oedjer apa kang disebar ing wong, ora lija ikoe kang bakal dienèni.

8 Awit sapa wong kang njenjebar ing dagingé déwé, ikoe bakal ngenèni karoesakan saka ing daging. Balik sapa kang njenjebar ing Roh, bakal ngenèni oerip langgeng saka ing Roh.

9 Nanging kita adja nganti kemba enggon kita pada nglakoni kabetjikan. Sabab ing kala mangsa kang pinesți kita bakal pada ngenèni, angger ora kongsi kendo.

10 Kang ikoe moempoeng kita pada kaoer, pajo pada gawé betjik marang wong kabèh, malah-malah marang kang pada noenggal pratjaja.

aj. 7: Lk 16:25; 1 Kr 6:9, 10; 2 Kr 9:6.

aj. 8: Jo 6:63; Rm 8:13.

aj. 9: 2 Ts 3:13.

aj. 10: 1 Tm 5:8; 2 Pt 1:7.

11--18. Panoetoep lan pamoedji slamet.

11 Pada delengen, sepira geḍéné toelisan tapak tangankoe iki.

12 Sakèhé wong kang soemedya gawé semoe betjik moenggoeh ing lair, ikoe paḍa nandoekaké pameksa marang kowé soepaja pada loemakoea ditetaki, pamoerihé moeng adja kongsi pada dikoeja-koeja krana salibé Sang Kristoes.

13 Awitdéné sanadyan wong kang pada lakoe tetak ikoe déwé ija ora netepi ing angger-angger, nanging moelané kowé dipoerih tetak, soepaja pada goemoenggoenga ing bab dagingmoe.

14 Balik moenggoeh akoe iki adja pisan jèn goemoenggoenga, kedjaba moeng bab salibé Goesti kita Jésoes Kristoes, kang dadi margané djagad woes kasalib ingatasé akoe, lan akoe ingatasé djagad.

15 Sabab ana ing patoenggilané Kristo es Jésoes ikoe: dadia tetak, dadia ikoetan, pada tanpa goena, moeng titah kang anjar.

16 Déné sepira kang lakoené bakal pada manoet ing waton mengkono, tentrem rahajoe lan palimirma ngajomana ing wong ikoe, ija marang Israèl kagoengané Allah.

17 Wasanané adja ana wong kang makéwoehi akoe, sabab akoe iki nandang tanda tjiriné Goesti Jésoes ana ing badankoe.

18 Hé para sadoeloer, sih-rahmaté Goesti kita Jésoes Kristoes noenggila ing soekmamoe.

Amin.

aj. 11 1 Kr 16:21; KI 4:18; 2 Ts 3:17; Fm 19.

aj. 12: Fl 3:18.

aj. 13: Js 10:1; Mt 23:4; Lk 11:46; PR 15:10.

aj. 14: Rm 6:6; Gl 2:20; 5:24; Fl 3:10.

aj. 15: Mt 12:50; Jo 15:14; 1 Kr 7:19; 2 Kr 5:17; GI 3:28; 5:6; KI 3:11.

aj. 16: Ms 125:5; 128:6; Fl 3:16.

aj. 17: Rm 8:17; 2 Kr 4:10; Fl 3:10; 2 Tm 2:11, 12; 1 Pt 4:13.

aj. 18: 2 Tm 4:22; Fm 25.