Aku

Saka Wikisumber
Sekar Melathi

SESARIA KIKI TAMARA

SMP Negeri 4 Pakem

[ 71 ]
AKU

Aku bocah kang urip ana sapinggiring dalan
urip tanpa bapa biyung
tanpa sanak tanpa kadang
ana ing donya kangjembar iki

Wayah esuk ...
cahyaning surya kang sumunar...
Aku wiwit makarya
Tembang-tembang kang nggrantes
kanggo njejaluk welas asih marang sapadha

Cahyaning rembulan kang sumunar
Sumilir angin wengi gawe kekesing raga
Aku ngeningke cipta
Dedunga ...
Muga-muga Sing Kuasa
paring kamulyan marang awakku iki...