Menyang kontèn

Wawaton panyeratipun tembung Jawi mawi sastra Jawi dalasan angka

Saka Wikisumber
(Kaelih saka Wewaton Sriwedari)

Ejaan lawas (Indhèks | PDF) | Ejaan anyar (PDF 1 | PDF 2)

WAWATON

PANYERATIPUN TEMBUNG JAWI MAWI

SASTRA JAWI DALASAN ANGKA,

MITURUT

PUTUSAN PAREPATAN KUMISI KASUSASTRAN

ING

SRIWEDARI (SURAKARTA).


_______


LANDSDRUKKERIJ — WELTEVREDEN

1926.


________

WAWATON PANYERATIPUN TEMBUNG JAWI MAWI SASTRA JAWI DALASAN ANGKA, MITURUT PUTUSAN PAREPATAN KUMISI KASUSASTRAN ING SRIWEDARI (SURAKARTA).

I. Tembung Lingga

[besut]
  1. Tembung lingga kaserat boten ngrangkep aksara.
    Kadosta:   ꦠꦸꦤ꧈ ꦮꦤꦶ꧈ ꦱꦼꦫꦠ꧀ ꦊꦔ꧈ ꦧꦚꦸ꧈ ꦢꦲꦤ꧉(tuna, wani, serat, lenga, banyu, dahana.)
    Boten kaserat:  ꦠꦸꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦱꦼꦂꦫꦠ꧀ ꦊꦁꦔ꧈ ꦧꦤ꧀ꦚꦸ꧈ ꦢꦃꦲꦤ꧉(tunna, wanni, serrat, lengnga, bannyu, dahhana.)
    Wonten ingkang nyebal: ꦠꦤ꧀ꦚ꧉(tannya.)
    Déné: ꦫꦲꦪꦸ꧈(rahayu,) sanadyan sanès tembung lingga ugi boten kaserat: ꦫꦃꦲꦪꦸ꧈(rahhayu,) awit saking tembung lingga: ꦲꦪꦸ꧈(ayu,) angsal ater-ater: ꦫ꧉(ra.)
    Makaten ugi: ꦫꦲꦂꦗ꧈ ꦫꦲꦗꦼꦁ꧈(raharja, rahajeng,) lan sapanunggilanipun.
  2. Tembung lingga nigang wanda ingkang purwanipun menga nglegena. Sanadyan ungelipun purwaning lingga wau mawi sandhangan pepet, inggih kaserat nglegena, kadosta: ꦤꦒꦫ꧈ ꦱꦭꦏ꧈ ꦮꦠꦫ꧈ ꦩꦤꦮ꧈ ꦧꦝꦪ꧉(nagara, salaka, watara, manawa, badhaya.)
  3. Tembung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigeg ing aksara irung, kaserat kados pakecapanipun, kadosta:
    h. ꦕꦼꦩ꧀ꦥꦸꦫꦶꦠ꧀ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧈ ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧈ ꦊꦁꦒꦤ꧈ ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦤ꧉(cem​purit​, tem​baga, sem​bada, lenggana, jem​pana.)
    n. ꦭꦩ꧀ꦥꦶꦠ꧈ ꦱꦁꦱꦫ꧉(lam​pita, sangsara.)
  4. Wanda ingkang dédé wanda wekasan boten saged nganggé pepet layar; manawi boten dipun-keret, inggih namung dipun-layar, kadosta: ꦢꦽꦏꦸꦏꦸ꧈ ꦒꦽꦗꦶ꧈ ꦮꦂꦤ꧈ ꦮꦂꦠ꧉(drekuku, greji, warna, warta.)
    Kajawi tembung-tembung ngamanca ingkang badhé kacethakaken, kadosta: ꦓꦸꦥꦼꦂꦟꦸꦂ​ꦗꦺꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ ꦥꦿꦺꦴꦱꦺꦱ꧀ꦥꦼꦂ​ꦧꦭ꧀꧈(ghuperṇur jén​dral​, prosès​ perbal​.)
  5. Manawi nunggil tembung, pasangan: ꦕ꧈ ꦗ꧈(ca, ja,) boten kénging wonten sangandhapipun sisigeg: ꦤ꧈(na,) kedah: (nya), kadosta: ꦮꦚ꧀ꦕꦶ꧈ ꦗꦚ꧀ꦗꦶ꧉(wanyci (wanci), janyji (janji).)
  6. Tembung: ꦏ꧀ꦭꦥ(klapa) boten kaserat: ꦏꦭꦥ꧈(kalapa,)
      ꦧ꧀ꦭꦸꦢꦿꦸ(bludru)ꦧꦭꦸꦢꦿꦸ꧉(baludru.)
    sasaminipun.
    Namung manawi wonten prelunipun, upami kadamel njangkepaken guru wicalaning sekar, saweg kénging kaserat: ꦏꦭꦥ꧈ ꦧꦭꦸꦢꦿꦸ꧉(kalapa, baludru.)
  7. ꦢꦺꦴꦚ꧈(donya,) sarta: ꦱꦺꦴꦚ(sonya) sami kaserat nganggé taling-tarung, boten nganggé suku.
  8. Tembung ngamanca ingkang sampun kanggé ing tembung jawi, panyeratipun miturut pakecapanipun tembung ngamanca wau, kadosta: ꦧꦒꦱꦶ꧈(bagasi,) saking Bagage.

Katranganipun Pangrembag

[besut]
  1. Panyeratipun tembung lingga mawi ngrangkep aksara, punika namung kabekta saking pakulinan, utawi tiru-tiru seratan basa Sanskrita, upaminipun: ꦕꦶꦠ꧀ꦠ꧈ ꦧꦶꦏ꧀ꦏꦸ꧈(cit​ta, bik​ku,) sapanunggilanipun. Sarèhning boten wonten gunanipun, sarta ing sapunika tembung: ꦕꦶꦠ꧀ꦠ꧈ ꦧꦶꦏ꧀ꦏꦸ꧈(cit​ta, bik​ku,) kaserat: ꦕꦶꦠ꧈ ꦧꦶꦏꦸ꧈(cita, biku,) mila tembung: ꦠꦸꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦧꦤ꧀ꦚꦸ(tun​na, wan​ni, ban​nyu) sapanunggilanipun, inggih prayogi kaserat: ꦠꦸꦤ꧈ ꦮꦤꦶ꧈ ꦧꦚꦸ꧈(tuna, wani, banyu,) sapanunggilanipun.
    Seratan: ꦠꦚ꧈(tanya) punika sampun turut kaliyan panunggilanipun:
    ꦩꦸꦤ꧀ꦚ(munnya)  — ꦩꦸꦚ(munya)
    ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦚ(donnya)  — ꦢꦺꦴꦚ꧉(donya.)
    Nanging: ꦠꦤ꧀ꦚ꧈(tannya,) dados: ꦠꦚ꧈(tanya,) ndadosaken kalintuning pamaos, paseksènipun tembung: ꦏꦱ꧈(kasa,) sanajan leresing ungelipun: kā-sā nanging tiyang wicanten mungel kå-så; mila tembung: ꦠꦚ꧈(tanya,) kedah kaserat: ꦠꦤ꧀ꦚ꧈(tannya,) supados boten kalintu pamaosipun.
  2. Tembug lingga nigang wanda ingkang purwanipun legena menga, pakecapanipun wanda wiwitan wau mawi pepet, nanging panyeratipun prayogi kalastantunaken legena, mila makaten, amargi taksih kathah ingkang boten tumrap, manawi kadunungan pepet, upaminipun: ꦮꦕꦏ꧈ ꦧꦮꦤ꧈ ꦕꦫꦏ꧉(wacaka, bawana, caraka.)
  3. Temung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigeg aksara irung, punika pakecapaning purwanipun wonten warni kalih: mawi pepet utawi legena, mila panyeratipun prayogi karuntutaken akaliyan pakecapanipun.
  4. Ing tembung jawi wanda sangajengipun wanda wekasan, boten wonten ingkang sigeg, kajawi sigeg ing aksara irung.
    Sisigeg: ꦫ꧈ ( ꦂ)(ra, ("layar")) ingkang tumrap wanda sangajengipun wanda wekasan, pakecapanipun cara jawi dados: ꦉ꧉(re.)
    ꦲꦂꦢꦶ꧈(ardi,) — ꦉꦢꦶ꧉(redi.)
    ꦲꦂꦗ꧈(arja,) — ꦉꦗ꧉(reja.)
    ꦲꦂꦱꦶ꧈(arsi,) — ꦉꦱꦶ꧉(resi.)
    Mila tembung: ꦥꦂꦭꦸ꧈(parlu,) manawi manut pakecapan jawi prayogi kaserat: ꦥꦽꦭꦸ꧈(prelu) boten ꦥꦼꦂꦭꦸ꧉(perlu.)
  5. Warganing aksara punika kedah taksih dipun-éngeti, boten namung tumrap ater-ater anuswara kémawon, tumrap tembung lingga inggih makaten, sarojaning wod ꦢꦁ꧈(dang,) dados: ꦢꦤ꧀ꦢꦁ꧈(dandang,) ꦧꦁ꧈(bang,) dados: ꦧꦩ꧀ꦧꦁ꧈(bambang,) ꦕꦁ꧈(cang) dados: ꦕꦚ꧀ꦕꦁ꧈(canycang (cancang),) ; malihing: ꦁ (ꦔ꧀(ng)) dados: ꦤ꧈ ꦩ꧈ ꦚ꧈(na, ma, nya,) punika sababipun boten sanès namung saking ngruntutaken warganing aksara, mila: ꦲꦚ꧀ꦗꦫ꧈(anyjara (anjara),) ater-ateripun kedah: ꦲꦚ꧀꧈(any-.) Sisigeg ꦚ꧈(nya,) punika dados susulihipun: ꦤ꧈(na,) manawi wanda urutipun aksara: ꦕ꧈ ꦗ꧈(ca, ja,) samanten punika manawi taksih nunggil tembung.
  6.  
  7.  
  8. Panunggilanipun malih:
    fiets   kaserat: ꦥꦶꦠ꧀(pit)
    horloge    ꦲꦺꦂ(ꦲꦂ)ꦭꦺꦴꦗꦶ꧉(èrloji (arloji).)
    Compagnie  ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦼꦤꦶ꧉(kumpeni.)
    maatschappij    ꦩꦱ꧀ꦏꦥꦺ꧉(maskapé.)

II. Tembung Andhahan Ingkang Mawi Ater-Ater

[besut]
  1. Anuswara:
    h. Manawi purwaning linggah luluh, ater-ateripun anuswara boten kaserat nganggé: ꦲ꧈(ha,) kadosta: ꦔꦠꦒ꧀ ꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦚꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈ ꦩꦿꦤꦠ꧉(ngatag,​ nan​tang, nyam​ber, mranata.)
    Manawi wonten prelunipun kénging kaserat:           ꦲꦔꦠꦒ꧀ ꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦲꦚꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈ ꦲꦩꦿꦤꦠ꧉(angatag,​ anan​tang, anyam​ber, amranata.)
    n. Manawi purwaning lingga boten luluh, kadosta: ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦂ꧈ ꦲꦚ꧀ꦗꦏꦼꦠꦼꦠ꧀ ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦂ꧈ ꦲꦁꦒꦶꦛꦶꦁ꧈ ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦮꦁ(an​dadar, anjaketet,​ an​dhedher, anggithing, am​buwang)
    punika boten kénging kaserat:       ꦢꦢꦂ꧈  ꦗꦏꦼꦠꦼꦠ꧀  ꦝꦼꦝꦼꦂ꧈  ꦒꦶꦛꦶ꧈  ꦧꦸꦮꦁ꧉(dadar,  jakětět​,  dhědhěr,  githi,  buwang.)
  2. Tembung-tembung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kaliyan ater-ateripun anuswara, manawi angsal ater-ater: ꦥ꧈(pa,) purwaning tanduk boten karangkep
    Kadosta:   ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦥꦚꦼꦏꦼꦭ꧀(panem​bah, panyekel​,)
    Boten kaserat:  ꦥꦤ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ ꦥꦤ꧀ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀꧈(pan​nem​bah, pan​nyekel​.)
  3. Bawa: ꦏ꧉(ka.)
    Tembung bawa: ꦏ꧈(ka,) ingkang ater-ateripun boten luluh kaliyan purwaning lingga, ater-ateripun: ꦏ꧈(ka,) kedah kapepet, kadosta: ꦏꦼꦢꦢꦏ꧀꧈(kedadak​.)
  4. Tembung ingkang apurwa aksara: ꦲ꧈(ha,) manawi dipun-ater-ateri: ꦥꦶ꧈ ꦥꦿꦶ꧈(pi, pri,) boten éwah, kadosta: ꦥꦶꦲꦁꦏꦸꦃ꧈ ꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ ꦥꦶꦲꦭ꧉(piangkuh, piawon,​ piala.)
    Ingkang nyebal, purwanipun éwah dados: ꦪ꧈(ya,) kadosta: ꦥꦶꦪꦒꦼꦩ꧀ ꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦁꦒ꧉(piyagem​, priyongga.)

Katranganipun Pangrembag

[besut]
  1. h. Ater-ater anuswara punika sayektosipun: swaranipun sandhangan cecak (brengengengipun aksara irung), mila tembung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh prayogi kaserat tanpa: ꦲ꧈(ha,) kadosta: ꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈(nantang,) déné manawi wonten parlunipun kénging kaulur mawi: ꦲ꧈(ha,) kaserat: ꦲꦤꦤ꧀ꦠꦁ꧈(hanantang,) upaminipun tumrap ing kidung.
  2. Kriya-wacaka, sarta karana-wacaka, panyeratipun katurutaken kaliyan tandukipun, sami boten mawi nyigeg: ꦤ꧉(na.)
  3. Ing kina ater-ater: ꦏꦼ(ke-) boten wonten, ingkang wonten ater-ater: ꦏ꧈(ka-,) upaminipun: ꦠꦺꦴꦤ꧀ — ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀(ton​ — katon,​) ꦗꦺꦴꦒ꧀ — ꦏꦗꦺꦴꦒ꧀꧈(jog​ — kajog​,)
    Tembung: ꦏꦺꦭꦶ꧈(kèli,) manut wawaton sandi saking: ꦏ + ꦲꦶꦭꦶ꧈(ka + ili,) ꦏꦺꦴꦭꦸ꧈(kolu,) manut wawaton sandi saking: ꦏ + ꦲꦸꦭꦸ(ka + ulu)
    Boten saking: ꦏꦼ + ꦲꦶꦭꦶ꧈(ke + ili,) ꦏꦼ + ꦲꦸꦭꦸ꧈(ke + ulu) dados sampun tétéla ater-ateripun: ꦏ꧉(ka.)
    Nanging ing jaman sapunika ater-ater: ꦏ꧈(ka,) tumrap ing tembung ingkang purwanipun boten luluh, pakecapanipun warni kalih: (ka-) (tanggap) kaliyan: ꦏꦼ(ke-) (bawa), suraosipun béda.
    Mila ater-ater: (ka-) (bawa) tumrap ing tembung ingkang purwanipun boten luluh, kédah kapepet, manawi badhé damel cawuhing suraos kaliyan tanggap: ꦏ꧉(ka-.)
    Dados: kacemplung, kablasuk, kajeglong, ater-ateripun boten perlu kapepet: ꦏꦕꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ꧈ ꦏꦧ꧀ꦭꦱꦸꦏ꧀ ꦏꦗꦼꦒ꧀ꦭꦺꦴꦁ꧉(kacem​p​lung, kab​lasuk​, kajeg​long.)
  4. Tembung ingkang apurwa: ꦲ꧈(ha,) angsal ater-ater: ꦥꦶ꧈ ꦥꦿꦶ꧈(pi, pri,) manawi lingganipun taksih cetha sanget, purwanipun lastantun kaserat: ꦲ꧈(ha,) ingkang lingganipun sampun kirang cetha, éwah dados: ꦪ꧉(ya.)

III. Tembung Andhahan Ingkang Nganggé Seselan

[besut]
  1. Seselan: ꦫ꧈ ꦭ꧉(ra, la.) Kaserat miturut pangrimbagipun seselan.
    Kadosta: ꦥꦽꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ ꦗ꧀ꦭꦼꦫꦶꦠ꧀ ꦒ꧀ꦭꦼꦉꦁ꧉ (pren​tul, j​lerit​, g​lereng.)
    Boten kaserat: ꦥꦉꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ ꦒꦊꦉꦁ꧉(paren​tul​, jalerit​, galereng.)
    Manawi wonten prelunipun kénging kaserat: ꦥꦉꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀ ꦒꦊꦉꦁ꧉(paren​tul​, jalerit​, galereng.)
  2. Seselan: ꦤ꧈(na,) kadosta: ꦥꦶꦤꦪꦸꦁꦔꦤ꧀(pinayungan​,) punika kaserat tanpa pasangan: ꦤ꧉(na.)

Katranganipun Pangrembag

[besut]
  1. Murih runtut kaliyan panunggilanipun seselan: ꦤ꧈(na,) sarta: ꦩ꧈(ma,) panyeratipun tembung ingkang angsal seselan: ꦫ꧈(ra,) utawi: ꦭ꧈(la,) kedah kaulur: ꦗꦊꦫꦶꦠ꧀(jalerit,) manawi wonten parlunipun kénging kacekak: ꦗ꧀ꦭꦼꦫꦶꦠ꧀꧈(j​lěrit​,)
  2. Rangkepipun: ꦤ꧈(na,) sepen ing sabab, namung kabekta saking pakulinan, dados boten wonten gunanipun, mila: ꦤ꧈(na,) prayogi boten karangkep.

IV. Tembung Andhahan Ingkang Mawi Panambang

[besut]
  1. Panambang ingkang apurwa aksara: ꦲ꧈(a,) manawi tumrap ing wanda sigeg: (a) nipun malih dados aksara sisigeg wau, kadosta: ꦲꦮꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺ꧈ ꦊꦊꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꦤꦁꦒꦥ꧀ꦥꦶ꧈ ꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦩꦼꦤ꧀ ꦫꦲꦧ꧀ꦧꦤ꧉(awanna (awana), watakké (wataké), lelessan (lelesan), nanggappi (nanggapi), gegemmen (gegemen), raabbana (raabana).)
  2. Panambang (-a)
    h. Manawi wonten sawingkingipun wanda menga nglegena, kaserat tetep: ꦲ꧈(-a,) kadosta: ꦧꦶꦱꦲ꧉(bisa'a.)
    n. Éwah dados: ꦪ꧈(ya,) manawi sumambet wanda menga kanthi: wulu, utawi: taling, samanten punika manawi wanda wau sanès: ꦪ꧈(ya,)
    Kadosta: ꦮꦤꦶꦪ꧈ ꦝꦺꦝꦺꦪ꧉(waniya (wani'a), dhédhéya (dhédhé'a).)
    Nanging: ꦥꦿꦶꦪꦪꦶꦲ꧈ ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦲ꧈(priyayi'a ✅, kapriyé'a ✅,)
    Boten kaserat: ꦥꦿꦶꦪꦪꦶꦪ꧈ ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦪ꧉(priyayiya ❌, kapriyeya ❌.)
    c. Éwah dados: ꦮ꧈(wa,) manawi sumambet ing wanda menga kanthi: suku utawi: taling-tarung, samanten punika bilih wanda wau sanès: ꦮ꧈(wa,)
    Kadosta: ꦤꦶꦫꦸꦮ꧈ ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦮ꧉(niruwa (niru'a), bodhowa (bodho'a).)
    Nanging: ꦤꦮꦸꦲ꧈ ꦕꦸꦮꦺꦴꦲ꧉(nawu'a ✅, cuwo'a ✅.)
    Boten kaserat: ꦤꦮꦸꦮ꧈ ꦕꦸꦮꦺꦴꦮ꧉(nawuwa ❌, cuwowa ❌.)
  3. Panambang: ꦲꦺ꧈(-é,) manawi sumambet wanda menga, éwah dados: ꦤꦺ꧈(-né,) dados tanpa pasangan: ꦤ꧈(na,) kadosta:
    ꦗꦫ(jara) — ꦗꦫꦤꦺ꧈(jara'né ✅,) boten: ꦗꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧉(jaranné ❌)
    ꦲꦭꦸ(alu) — ꦲꦭꦸꦤꦺ꧈(alu'né ✅,)  ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦺ꧉(alunné ❌)
  4. Panambang: ꦲꦶ꧈(-i,) manawi wonten sawingkingipun wanda menga, kapitulungan panambang: ꦲꦤ꧀(-an) rumiyin, kadosta:
    ꦥꦝ(padha) — ꦩꦝꦤ꧀ꦤꦶ꧉(madhanni (madhani).)
    ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶ(gěnti) — ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉(anggentènni (anggentèni).)
    ꦧꦲꦸ(bau) — ꦲꦩ꧀ꦧꦲꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧉(ambaonni (ambaoni).)
  5. Panambang: ꦲꦤ꧀꧈(-an,)
    h. Manawi tumrap ing wanda menga, ingkang mawi sandhangan: wulu utawi: taling mangka boten luluh, purwaning panambang malih dados: ꦪ꧈(ya,) kadosta:
    ꦢꦢꦶ(dadi) — ꦏꦢꦢꦶꦪꦤ꧀꧈(kadadiyan (kadadian).)
    ꦒꦝꦺ(gadhé) — ꦥꦒꦝꦺꦪꦤ꧀꧈(pagadhéyan (pagadhéan).)
    Manawi tumrap ing wanda menga, ingkang mawi sandhangan: suku utawi: taling-tarung, mangka boten luluh, purwaning panambang dados: ꦮ꧈(wa,) kadosta:
    ꦭꦏꦸ(laku) — ꦏꦭꦏꦸꦮꦤ꧀꧈(kalakuwan (kalakuan)).)
    ꦗꦒꦺꦴ(jago) — ꦗꦒꦺꦴꦮꦤ꧀꧈(jagowan (jagoan)).)
    n. Wonten tembung sawatawis ingkang wandanipun wekasan kadunungan wignyan, nyebal saking wawaton IV. I. kadosta:
    ꦮꦼꦫꦃ(wěrah) — ꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧈(karuwan.)
    ꦏꦭꦶꦃ(kalih) — ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀꧈(kaliyan.)
    ꦥꦭꦶꦃ(palih) — ꦥꦭꦶꦪꦤ꧀꧈(paliyan.) (sedhèrèk nunggil suson).
    Nanging: ꦥꦭꦶꦃꦲꦤ꧀(palihan) (Krama), ngokonipun: ꦥꦫꦺꦴꦤ꧀꧈(paron.)
    c. Tembung-tembung ing adeg-adeg: (n.) nginggil punika, manawi angsal panambang: ꦲꦺ꧈(-é,) wignyanipun terkadhang wangsul, kadosta:
    ꦏꦫꦸꦮꦤ꧀(karuwan) — ꦏꦫꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧉(karuhanné (karuhané).)
    ꦥꦭꦶꦪꦤ꧀(paliyan) — ꦥꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧉(palihanné (palihané).)
  6. Panambang: ꦲꦼꦤ꧀(-en,) manawi sumambet ing wanda menga, éwah dados: ꦤꦼꦤ꧀(-nen,) kadosta:
    ꦭꦸꦗ(uja) — ꦲꦸꦗꦤꦼꦤ꧀꧈(ujanen.)
    ꦥꦤꦸ(panu) — ꦥꦤꦸꦤꦼꦤ꧀꧈(panunen.)
  7. Panambang: ꦲꦤ꧈(-ana,) manawi sumambet ing wanda menga, mawi kapitulungan panambang: ꦲꦤ꧀(-an) rumiyin, kadosta:
    ꦲꦧ(aba)  — ꦔꦧꦤ꧀ꦤꦤ꧉(ngabannana (ngabanana).)
    ꦠꦭꦶ(tali) — ꦠꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧉(talennana (talenana).)
    ꦥꦺꦥꦺ(pépé) — ꦥꦺꦥꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧉(pepennana (pepenana).)
    ꦭꦏꦸ(laku)  — ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧉(lakonnana (lakonana).)
    ꦒꦝꦺꦴ(gadho) — ꦒꦝꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧉(gadhonnana (gadhonana).)
  8. Panambang: ꦲꦏꦺ꧉(-aké.)
    h. Manawi sumambet ing wanda menga, wanda wau kasigegaken: (ka) rumiyin, panambangipun lastantun: ꦲꦏꦺ꧈(-aké,) bilih wanda wau kadunungan: wulu, malih dados: taling, manawi kadunungan: suku, dados: taling-tarung, kadosta:
    ꦠꦥ(tapa)  — ꦤꦥꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉(napakaké.)
    ꦭꦭꦶ(lali) — ꦔ꧀ꦭꦭꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉(nglalèkaké.)
    ꦒꦼꦝꦺ(gedhé) — ꦲꦁꦒꦼꦝꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉(anggedhékaké.)
    ꦲꦗꦸ(aju) — ꦔꦗꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉(ngajokaké.)
    ꦧꦺꦴꦝꦺꦴ(bodho) — ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉(ambodhokaké.)
    n. Tembung ingkang wandanipun sigeg: ꦤ꧈(-na) manawi angsal panambang: ꦲꦏꦺ꧈(-aké,) wonten ingkang sisigegipun: ꦤ꧈(na,) punika malih dados: ꦏ꧈(ka,) salajengipun panambang: ꦲꦏꦺ꧈(-aké,) éwah dados: ꦏꦏꦺ꧈(-kaké,) kadosta:
    ꦥꦏꦤ꧀(pakan)  — ꦩꦏꦏ꧀ꦏꦏꦺ꧉(makakkaké (makakaké).)
    ꦲꦺꦮꦺꦴꦤ꧀(éwon) — ꦏꦲꦺꦮꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦺ꧉(kaéwokkaké (kaéwokaké).)
  9. Panambang: ꦤ꧉(-na.) Manawi sumambet ing wanda sigeg, boten éwah, kadosta: ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ ― ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦤ꧉(golèk ― golèkna.) Manawi wonten perlunipun badhé angulur, panambang: ꦤ꧈(na,) kénging kaulur: ꦲꦼꦤ꧈(-ena,) kadosta: ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦲꦼꦤ꧉(golèk'ena.)
  10. Panambang: ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀(-ipun,) manawi tumrap ing wanda menga malih dados: ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(-nipun,) kadosta:
    ꦕꦸꦮ(uwa)  — ꦕꦸꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(cuwanipun, ✅) boten ꦕꦸꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈(cuwannipun (cuwanipun) ❌.)
    ꦫꦺꦴꦠꦶ(roti) — ꦫꦺꦴꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(rotinipun, ✅) boten ꦫꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈(rotennipun (rotenipun) ❌.)
    ꦥꦸꦠꦸ(putu)  — ꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(putunipun, ✅) boten ꦥꦸꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈(putonnipun (putonipun) ❌.)
  11. Tembung wisésana lingga, manawi angsal panambang: ꦲ꧈(ha,) kaserat manut pakecapanipun, dados tanpa pasangan: ꦤ꧈(na,)
    Kadosta: ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ ― ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧉(sabukkan (sabukan) ― sabukkana (sabuk'ana ✅).)
    Boten kaserat: ꦱꦧꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤ꧉(sabukkanna ❌.)

Katranganipun Pangrembag

[besut]
  1.  
  2. h. n. c. Panambang: ꦲ꧈(ha,) manawi tumrap ing tembung ingkang wandanipun wekasan menga tanpa sandhangan swara, boten éwah, taksih tetep: ꦲ꧈(ha,) manawi wanda wekasan wau kadunungan ulu utawi taling, panambang: ꦲ꧈(ha,) malih dados: ꦪ꧈(ya) manawi karaketan suku utawi taling-tarung, panambang: ꦲ꧈(ha) malih dados: ꦮ꧈(wa,) samanten punika manawi wanda wekasan wau dédé aksara: (ya) utawi: ꦮ꧉(wa.)
  3. Panambang: ꦲꦺ꧈(-e,) manawi tumrap ing tembung ingkang wandanipun wekasan menga, kapitulungan ing brengengenging: ꦤ꧈(na,) dédé panambang: ꦲꦤ꧀(-ane) saupami kapitulungan panambang: ꦲꦤ꧀(-an) amasthi sandhangan: wulu utawi suku ing wanda wekasan, malih dados: taling utawi taling-tarung; mangka kawontenanipun boten makaten.
    ꦝꦸꦏꦸ꧈(dhuku,) — ꦝꦸꦏꦸꦤꦺ꧈(dhukuné,) boten:  ꦝꦸꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ꧉(dhukonné. ❌)
    ꦧꦸꦢꦶ꧈(budi,) — ꦧꦸꦢꦶꦤꦺ꧈(budiné,)  ꦧꦸꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺ꧉(budènné. ❌)
    Pramila:
    ꦗꦫ + ꦲꦺ(jara -e) = ꦗꦫꦤꦺ(jarané) boten: ꦗꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧉(jaranné. ❌)
    ꦝꦸꦏꦸ + ꦲꦺ(dhuku -e) = ꦝꦸꦏꦸꦤꦺ(dhukuné)ꦝꦸꦏꦸꦤ꧀ꦤꦺ꧉(dhukunné. ❌)
    ꦧꦸꦢꦶ + ꦲꦺ(budi -e) = ꦧꦸꦢꦶꦤꦺ(budiné)ꦧꦸꦢꦶꦤ꧀ꦤꦺ꧉(budinné. ❌)
  4. Panambang: ꦲꦶ꧈(-i) yèn tumrap ing tembung ingkang wandanipun wekasan menga tétéla angsal pitulunganipun panambang: ꦲꦤ꧀(-an) tandhanipun, déné sandhangan ulu utawi suku ingkang dumunung ing wanda wekasan malih dados: taling utawi taling-tarung, upaminipun:
    ꦲꦶꦗꦶ(iji) — ꦔꦶꦗꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉(ngijènni (ngijèni).)
    ꦠꦼꦩꦸ(temu) — ꦤꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧉(nemonni (nemoni).)
    Mila: ꦩꦝ + ꦲꦶ(madha -i) == ꦩꦝꦤ꧀ꦤꦶ꧉(madhanni (madhani).)
  5. h. Panambang: ꦲꦤ꧀(-an) manawi tumrap ing tembung ingkang wandanipun wekasan menga sarta kadunungan ulu utawi taling, suku utawi taling-tarung, manawi boten luluh: dados: ꦪꦤ꧀(-yan) utawi: ꦮꦤ꧀(-wan) punika amung ngruntutaken akaliyan pakecapanipun.
    n.-c. Panambang: ꦲꦤ꧀(-an) manawi tumrap ing tembung ingkang wandanipun wekasan kadunungan wignyan, boten éwah; namung tumrap ing tetembungan sawatawis ingkang mèh ical uwiting tegesipun, sandhangan wignyan ing wanda wekasan kabucal. Manawi wanda wekasan wau kadunungan ulu, panambang: ꦲꦤ꧀(-an) malih dados:
    ꦪꦤ꧀(-yan) bilih kadunungan suku, malih dados: ꦮꦤ꧀꧈(-wan.)
    ꦥꦭꦶꦃ ꦥꦭꦶꦪꦤ꧀꧈(palih paliyan​.) ꦏꦭꦶꦃ — ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀꧈(kalih kaliyan​.) ꦏꦫꦸꦃ — ꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧈(karuh karuwan​.)
    Tembung: ꦏꦫꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧈(karuhan​né (karuhané​),) sandhanganipun wignyan kalastantunaken, amargi swaranipun cetha.
  6. Panambang: ꦲꦼꦤ꧀(-en) kawontenanipun kados panambang: ꦲꦺ꧈() yèn tumrap ing tembung ingkang wandanipun wekasan menga, boten kapitulungan panambang: ꦲꦤ꧀(-an) namung kapitulungan brengengenging aksara: ꦤ꧉(-na.)
  7. Panambang: ꦲꦤ꧈(an,) manawi tumrap ing tembung ingkang wandanipun wekasan menga, kapitulungan panambang: ꦲꦤ꧀(an) rumiyin, katranganipun kados panambang: ꦲꦶ꧈(i,) amargi panambang: ꦲꦤ꧈(an,) punika dados rimbag: sambawa (agnya)ning i-kriya.
  8. h. Tétéla saking pakecapan, tembung ingkang wandanipun wekasan menga manawi kapanambangan: ꦲꦏꦺ꧈(-ake,) kapitulungan ing sisigeg: ꦏ꧈(ka,) rumiyin, upaminipun:
    ꦭꦫ — ꦔ꧀ꦭꦫꦏ꧀ꦲꦏꦺ(lara ng​larak​ake.)
    Panyerat: ꦔ꧀ꦭꦫꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈(ng​larak​ake,) punika nyulayani traping panambang, déné: ꦲ꧈(a,) purwaning panambang boten malih dados sisigeging wanda wekasan, nanging wonten perlunipun, inggih punika kanggé mbédakaken kaliyan tembung ingkang wandanipun wekasan sigeg ing aksara: ꦏ꧈(ka,) supados nggampilaken panyuraos, damel padhanging ukara.
    n. Sisigeg: ꦤ꧈(na,) punika asring kalintu ing: ꦏ꧈(ka,)
    ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀(takon​) — ꦠꦺꦏꦺꦴꦏ꧀꧈(tékok​.)
    ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀(katon​) — ꦏꦺꦠꦺꦴꦏ꧀꧈(kétok​.)
    ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀(wadon​)  — ꦮꦺꦢꦺꦴꦏ꧀꧈(wédok​.)
    Wonten tembung ingkang wandanipun wekasan sigeg: ꦤ꧈(na,) manawi dipun-panambangi: ꦲꦏꦺ꧈(-aké,) sisigegipun: ꦤ꧈(na,) éwah dados: ꦏ꧉(ka.) Sarèhning sisigeg: ꦤ꧈(na,) asring kalintu ing: ꦏ꧈(ka,) mila traping panambang inggih kados manawi rumaket ing tembung ingkang wandanipun wekasan sigeg: ꦏ꧉(ka.)
  9.  
  10. Panambang: ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀(-ipun,) trapipun kados panambang: ꦲꦺ꧉(-é.) Manawi tumrap ing tembung ingkang wandanipun wekasan menga ing pakecapan kados kapitulungan panambang: ꦲꦤ꧀(-an,) nanging panyeratipun boten.

V. Dwipurwa

[besut]
  1. Tembung dwipurwa ngrangkep sandhangan swara, kadosta:
    ꦫꦶꦒꦼꦤ꧀(rigen)​  — ꦫꦶꦫꦶꦒꦼꦤ꧀꧈(ririgen.​)
    ꦠꦿꦸꦏ(truka)   — ꦠꦸꦠꦿꦸꦏ꧉(tutruka.)
    ꦮꦺꦏ(weka)   — ꦮꦺꦮꦺꦏ꧉(weweka.)
    ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦠ꧀(bon​dhot​) — ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦠ꧀꧈(bobon​dhot​.)
    Nanging: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ(gon​da)​ — ꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉(gagon​da.), boten kaserat: ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉(gogon​da.)

Katranganipun Pangrembag

[besut]

Tembung dwipurwa tegesipun: wiwitan kalih (rangkep), purwaning tembung punika awujud: wanda. Sarèhning wanda punika manawi karangkep sandhanganipun swara katut, dados panyeratipun tembung dwipurwa inggih kedah ngrangkep sandhangan swara.

Tembung: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈(gon​da,) dados: ꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈(gagon​da,) amargi sandhangan taling-tarung ing tembung: ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈(gon​da,) sasaminipun punika dédé taling-tarung lugu, tandhanipun, manawi dipun-panambangi ical:
ꦒꦺꦴꦤ꧀(gon​da)​ — ꦒꦤ꧀ꦢꦤꦺ꧉(gan​dané.)

VI. Dwilingga

[besut]
  1. Tembung ingkang purwanipun: ꦲ꧈ sarta wandanipun wekasan sigeg, manawi kadamel dwilingga, purwanipun tembung ingkang wingking boten éwah dados sisigeg wau, kadosta:
    ꦲꦭꦸꦤ꧀(alun​) — ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀(alun​-alun​) boten: ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦭꦸꦤ꧀꧈(alun​-nalun.)
    ꦲꦭꦁ(alang)  — ꦲꦭꦁꦲꦭꦁ(alang-alang)  ꦲꦭꦁꦔꦭꦁ꧉(alang-ngalang.)

VII. Camboran

[besut]
  1. Buntutipun akaliyan bab VI. (Dwilingga), tembung camboran ingkang tembungipun ing ngajeng wandanipun ing wingking sigeg, sarta tembungipun ingkang wingking apurwa: ꦲ꧈(a,) purwa: (a) wau boten éwah, kadosta:
    ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦲꦫꦸꦩ꧀(udan​ arum) boten: ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦤꦫꦸꦩ꧀꧈(udan​ narum.)
    ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀(sapit ​abon​)  ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦠꦧꦺꦴꦤ꧀꧉(sapit t​abon​.)

Katranganipun Pangrembag

[besut]

Tembung ingkang apurwa aksara: ꦲ꧈(a,) manawi kadamel rimbag: dwilingga, sanajan pakecapanipun aksara: ꦲ꧈(a,) purwaning lingga ing tembung ingkang wingking malih dados sisigeging wanda wekasan ing tembung ingkang ngajeng, nanging panyeratipun kalastantunaken aksara: ꦲ꧈(a,) prelunipun supados katingal cetha manawi punika tembung dwilingga. Makaten ugi aksara: ꦲ꧈(a,) purwaning tembung ingkang wingking tembung camboran.

VIII. Tembung: ꦲꦶꦁ꧉

[besut]
  1. Tembung ingkang apurwa: ꦲ꧈ ꦫ꧈ ꦭ꧈ manawi dumunung wonten sawingkingipun: ꦲꦶꦁ꧈(ing,) boten éwah, kadosta: ꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀(ing alas,) ꦲꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦁ(ing rembang,)ꦲꦶꦁꦭꦠꦂ(ing latar.)
    Wonten tembung sawatawis ingkang nyebal, kadosta: ꦲꦶꦁꦔꦶꦱꦺꦴꦂ(ing ngisor,)ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀(ing ngan​dhap,) ꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀(​ing ngarep,) ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁ(​ing ngajeng,)ꦲꦶꦁꦔꦠꦱ꧀ꦱꦺ(ing ngatas​sé (ngatas​é),)ꦲꦶꦁꦔꦲꦸꦫꦶꦥ꧀(ing ngaurip​,) ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ(ing ngriku.)

IX. Gembung (Pasangan: ꦮ)

[besut]
  1. Gembung boten kénging tumrap ing pasangan ingkang kaserat wonten sangandhapipun sisigeg, kadosta:
    ꦲꦤꦏ꧀​ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀(anak​ k​walon​) boten kaserat: ꦲꦤꦏ꧀ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀꧈
    ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀​ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦸꦂꦮ(rim​bag​ d​wipurwa)     ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦸꦂꦮ꧉

Katranganipun Pangrembag

[besut]

Gembung punika kala kinanipun kalebet sandhangan, ananging ing jaman sapunika sampun limrah kaanggep pasangan, mila boten kénging kaserat rumaket ing pasangan ingkang dumunung wonten sangandhaping aksara, amargi badhé awujud aksara sungsun tiga.

X. Aksara Murda

[besut]
  1. Aksara murda namung kanggé wonten ing tata prunggu, tegesipun kanggé pakurmatan, seseratan sanèsipun boten kenging nganggé aksara murda wau.
  2. Boten ngwontenaken aksara murda: cerek, sarta: cerek.
  3. Seratan: ꦕꦟ꧀ꦝꦶ꧈ ꦏꦟ꧀ꦛꦶ꧈ ꦏꦂꦟ꧈ ꦏꦂꦰ꧈ ꦲꦺꦰ꧀ꦛꦶ꧈(caṇ​dhi, kaṇ​thi, karṇa, karṣa, èṣ​thi,) ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀(maś​jid​.) kedah kaserat: ꦕꦤ꧀ꦝꦶ꧈ ꦏꦤ꧀ꦛꦶ꧈ ꦏꦂꦤ꧈ ꦏꦂꦱ꧈ ꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶ꧈(can​dhi, kan​thi, karna, karsa, ès​thi) ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀( mas​jid​.)

Katranganipun Pangrembag

[besut]
  1. Aksara murda kanggé ing seseratan, kadosta: ꦏꦂꦟ꧈ ꦏꦂꦰ꧈ ꦏꦟ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀ ꦲꦺꦰ꧀ꦛꦶ꧈(karṇa, karṣa, kaṇ​thi, maś​jid, èṣ​thi,) punika nulad cara Sanskrita, nanging kirang sampurna, amargi kathah ingkang boten katulad, mila prayogi kaicalan kémawon, makaten ugi namaning redi, lèpèn, kéwan sasaminipun, inggih boten kaserat mawi aksara murda, amargi ingkang makaten punika tiru-tiru panganggénipun aksara murda ing sastra Latin, dados aksara murda amung kantun kanggé ing tata-prunggu.

XI. Aksara Swara

[besut]
  1. h. Aksara swara: ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦈ꧈ ꦎ(A, I, E, U, O,)꧈ kanggé nyerati tembung manca, manawi sumedya kacethakaken.
    n. (re,)꧈ kaliyan: (le,)꧈ lastantun kanggé ing seseratan.
  2. ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦈ꧈ ꦎ(A, I, E, U, O,)꧈ Boten wenang dados pasangan, mila sisigeg ing ngajengipun kapangku, kadosta: ꦮꦸꦭꦤ꧀​ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧈(wulan​ April​.)
    (le,)꧈ manawi dados pasangan kawangsulaken: ꧀ꦭꦼ꧈ kadosta: ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦔ꧈ ꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦤ꧀꧈(adol ​lenga, edol​len (edol​'en)​,)
    (re)꧇ pasanganipun lastantun ꧀ꦉ꧉

Katranganipun Pangrembag

[besut]
  1.  
  2. Anggènipun aksara: ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦎ꧈ ꦈ(A, I, E, U, O,)꧈ boten kénging kanggé pasangan, amargi wujudipun salong sampun kados mawi pasangan, dados bilih kanggé pasangan, wujud sungsun tiga.

XII. Aksara Rékan

[besut]
  1. Aksara rékan kanggé nyerati tembung manca manawi parlu badhé kacethakaken
  2. Aksara rékan ingkang sumambet ing wanda sigeg, manawi pasanganipun aksara rékan wau boten kaleres kaserat wonten sawingkinging sisigeg, aksaranipun sisigeg kedah kapangku, kadosta: ꦩꦸꦏ꧀​ꦠ꦳ꦶꦂ꧈ ꦔꦧ꧀ꦢꦸꦭ꧀​ꦒ꦳ꦤꦶ꧉(mukthir, ngab​dul​ gha​ni.)
  3. Aksara rékan manawi angsal sandhangan: wulu, pepet, cecak utawi layar, cecakipun tiga wonten ngajeng (kiwa) sandhangan, kadosta: ꦢ꦳ꦶꦏ꦳ꦶꦂ꧈ ꦥ꦳ꦂꦭꦸ꧉(dzikhir, farlu.)

Katranganipun Pangrembag

[besut]
  1.  
  2.  
  3. Sampun ngantos kelintu: ꦩꦒ꦳꧀ꦫꦶꦧ꧀ ꦩꦏ꦳꧀ꦱꦂ꧈ ꦩꦏ꦳꧀ꦭꦸꦏ꧀ ꦩꦢ꦳꧀ꦧꦃ꧈ ꦩꦸꦥ꦳꧀ꦭꦶꦱ꧀꧈(mag​hrib​, makh​sar, mak​hluk,​ madz​bah, muf​lis​.)
    Boten kaserat: ꦩꦒ꦳꧀​ꦫꦶꦧ꧀꧈ ꦩꦏ꦳꧀​ꦱꦂ꧈ ꦩꦏ꦳꧀​ꦭꦸꦏ꧀꧈ ꦩꦢ꦳꧀​ꦧꦃ꧈ ꦩꦸꦥ꦳꧀​ꦭꦶꦱ꧀(mag​h rib​, makh​ sar, mak​h luk​, mad​z bah, muf​ lis​)
    Nanging: ꦄꦥ꦳꧀​ꦒ꦳ꦤꦶꦱ꧀ꦠꦤ꧀(Af gha​nis​tan,​) boten: ꦄꦥ꦳꧀ꦒꦤꦶꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧈(Af​ganis​tan​.)

XIII. Angka Jawi

[besut]
  1. Angka jawi amung kénging kanggé urut-urutaning bab sarta kanggé titi-mangsa.

XIV. Angka Rum

[besut]
  1. Angka Rum kénging kaanggé wonten ing seratan sastra jawi, inggih punika kanggé urut-urutan, angka taun, sasaminipun, déné aksara Latin kénging kasambut kanggé urut-urutan.

XV. Aksara Latin Dalah Angkanipun

[besut]
  1. Aksara Latin dalah angkanipun manawi kaserat amor kaliyan aksara jawi: kajèjèr, dados tumut kaserat sangandhap garis.

Katranganipun Pangrembag

[besut]

Parlunipun kaserat jèjèr supados angringkesaken papan, bilih boten jèjèr rowa.

XVI. Aksara Arab Dalah Angkanipun

[besut]
  1. Aksara Arab dalah angkanipun, manawi kaserat awor kaliyan aksara jawi, kajèjèr, dados tumut kaserat sangandhap garis.

XVII. Angka: 2

[besut]
  1. Angka: 2 boten kénging kanggé nyekak tembung: ꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀(sakaliyan​,) utawi tembung dwilingga, kadosta:
    ꦥꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀(pangabek​ti sakaliyan​,) boten kénging kaserat: ꦥꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ2​ꦪꦤ꧀꧈(pangabek​ti2yan​)
    ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀(alun-​alun​) boten kénging kaserat: ꦲꦭꦸꦤ꧀2(alun​2.)