Alkitab/Jansz/Matthéoes

Saka Wikisumber

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


Status: 2 bab saka 28 bab

INDJIL SOETJI
MITOEROET SAKA PANGANGGITÉ
MATTHÉOES

Bab 1.[besut]

1. Iki lajang sadjarahé Jésoes Kristoes, teḍaké Dawoed, teḍaké Abraham.
2. Abraham apepoetra Iskak, Iskak apepoetra Jakoeb, Jakoeb apepoetra Jahoeda sasaḍèrèké;
3. Jahoeda apepoetra Fares lan Zarach patoetan saka Thamar; Fares apepoetra Esrom, Esrom apepoetra Aram;
4. Aram apepoetra Aminadab, Aminadab apepoetra Nahasson, Nahasson apepoetra Salmon;
5. Salmon apepoetra Boas patoetan saka Rachab; Boas apepoetra Obèd patoetan saka Ruth; Obèd apepoetra Isaï;
6. Isaï apepoetra Dawoed Sang Praboe. Sang Praboe Dawoed apepoetra Soeléman patoetan saka tilas rabiné Oerijah;
7. Soeléman apepoetra Réchabam, Réchabam apepoetra Abijah. Abijah apepoetra Asa;
8. Asa apepoetra Josafat, Josafat apepoetra Joram, Joram apepoetra Oezzijah;
9. Oezzijah apepoetra Jotham, Jotham apepoetra Achas, Achas apepoetra Jechiskijah;
10. Jechiskijah apepoetra Manassèh; Manassèh apepoetra Amon, Amon apepoetra Josijah;
11. Josijah apepoetra Jechonijah sasaḍèrèké, nalika pambojongan ing Babil.
12. Sawoesé pambojongan ing Babil Jechonijah apepoetra Salatièl, Salatièl apepoetra Zeroebbabel;
13. Zeroebbabel apepoetra Abioed, Abioed apepoetra Eljakim, Eljakim apepoetra Azor;
14. Azor pepoetra Sadok, Sadok apepoetra Achim, Achim apepoetra Elioed;
15. Elioed apepoetra Elazar, Elazar apepoetra Matthan, Matthan apepoetra Jakoeb;
16. Jakoeb apepoetra Joesoep lakiné Marjam, kang mbabar Jésoes kang adjedjoeloek Kristoes.
17. Dadiné sakèhé teḍakan saka Abraham toemeka Dawoed ikoe ana patbelas, lan saka Dawoed toemeka pambojongan ing Babil toemeka Sang Kristoes patbelas teḍakan.

Wijosé Goesti Jésoes[besut]

(Loek. 1 : 31; 2 : 1 - 7. Jes. 7 : 14.)
18. Anadéné wijosé Jésoes Kristoes ikoe lelakoné mangkéné: kalané Marjam kang iboe lagi patjangan karo Joesoep, sadoeroengé sapatemon, ketemoe woes nggarbini saka Roh Soetji.
19. Ing kono Joesoep lakiné sarèhné wong moersid, sarta ora gelem mirangaké marang Marjam ana ing ngarepané wong akèh, moelané soemedya meḍot patjangané klawan siḍeman.
20. Ananging bareng lagi doewé osik mangkono ikoe, lah toemoeli ana malaékaté Pangéran ngetingali sadjroning pangimpèn ḍawoehé: ,,Hé Joesoep teḍaké Dawoed, adja was-was enggonmoe nampani marang Marjam bodjomoe, déné kang kabobotaké ikoe saka Roh Soetji,
21. sarta Marjam bakal mbabar poetra kakoeng, ikoe sira namakna Jésoes; marga ija ikoe kang bakal ngentas bangsané saka ing dosané."
22. Moenggoeh kelakoné ikoe maoe kabèh soepaja kajektènana kang kapangandikakaké déning Pangéran lantaran nabi, wirasané:
23. ,,Lah sang kenja bakal nggarbini sarta mbabar poetra kakoeng, kang asmané bakal sira-seboet Emmanoeèl, djarwané: ,,Allah noenggil klawan kita."
24. Joesoep satanginé toeroe bandjoer ngèstokaké ing saḍawoehé Pangéran maoe, nampani marang bodjoné, nanging ora dipareki nganti toemekané woes mbabar poetra, kang bandjoer dinamakaké Jésoes.

BAB 2.[besut]

Tekané para panḍita.

(Micha 5 : 1.)
1. Nalika Jésoes woes mijos ana ing Bètlechém tanah Joedéja, mbarengi pandjenengané radja Héroḍès, lah toemoeli ana para panḍita ing tanah wétan paḍa toemeka ing Jeroesalèm; temboengé mangkéné:
2. ,,Ratoenipoen tijang Jahoedi ingkang nembé mijos poenika wonten ing poendi? amargi koela sampoen sami soemerep lintangipoen wonten ing wétan, déné anggèn koela mriki baḍé sami soedjoed wonten ing ngarsanipoen."
3. Bareng Sang radja Héroḍès mijarsa kang mangkono ikoe, banget geteré, mangkono oega wong sanegara Jeroesalèm kabèh.
4. Héroḍès sawoesé nimbali ngaloempoek sakèhé para pangarepé imam lan para oelamané bangsa Jahoedi, bandjoer pada kadangoe: „Wijosé Sang Kristoes pinasti ana ing ngendi?"
5. Oendjoeké kang pada kadangoe: „Poenika wonten ing Bètlechèm tanah Joedéja, awit ingkang sampoen
6. kaseratan déning nabi makaten: „Anadéné sira, hé Bètlechèm tanah Jahoeda, ora pisan-pisan jèn sira koetjiwaa ana ing antarané para pangiridé Jahoeda, amarga saka sira bakal ana panoetan mijos kang ngengon marang oematingsoen lsraèl."
7. Héroḍès toemoeli nimbali panḍita maoe dedemitan, paḍa
8. kadangoe genah-genahing waktoe katoning lintangé; bandjoer pada dioetoes menjang ing Bètlechèm, piwelingé: „Pada mangkata, mariksaa klawan nastiti moenggoeh doenoengé Sang Timoer ikoe, déné samangsa woes ketemoe, pada ngoendjoekana oeninga marang akoe, soepaja akoe
9. bisaa mrana oega soedjoed marang pandjenengané." Pandita sawoesé ngroengoe dawoehé Sang radja, bandjoer pada mangkat; lah ing kono lintang kang woes dideleng ana ing wétan, toemoeli ngirid lakoené toemeka ing padoenoengané
10. Sang Timoer, mandeg ana ing saḍoewoeré. Bareng weroeh
11. lintangé, paḍa banget boengahé. Saleboené ing oemah paḍa ndoeloe marang Sang Timoer karo Marjam kang iboe, bandjoer paḍa soemoengkem soedjoed marang Jésoes. Sawoesé pada mboekaki pétèné radjabrana, pandjenengané toemoeli disaosi pisoengsoeng aroepa mas lan menjan apa
12. déné blendok-moer. Sarèhné paḍa kaparingan wangsité Allah sadjroning pangimpèn, soepaja adja bali séba marang Héroḍès, moelané moelihé menjang tanahé paḍa njimpang metoe dalan lijané.

Goesti kaoengsèkaké menjang ing tanah Mesir.[besut]

(Hoséa 11 : 1..)
13. Sapoengkoeré para pandita maoe lah toemoeli ana malaékaté Pangéran ngetingali marang Joesoep sadjroning pangimpèn, d.awoehé: „Mangkata, Sang Timoer lan saiboené pada gawanen ngoengsi menjang ing tanah Mesir, lan manggona ing kono nganti ing saparéntahkoe marang kowé; moelané mangkono awit Héroḍès bakal ngoepaja
14. marang Sang Timoer, arep disédani." Satanginé ing wajah bengi joesoep toemoeli namboet Sang Timoer lan saiboené,
15. mangkat menjang ing tanah Mesir; bandjoer manggon ana ing kono nganti sasédané Héroḍès; mangkono dadiné kajektènan kang kapangandikakaké déning Pangéran lantaran nabi, dawoehé: „Saka ing Mesir enggoningsoen nimbali poetraningsoen."

Toempesé para botjah ana ing Bètlechèm.[besut]

(Firm. 31 : 15.)
16. Bareng Héroḍès mirsa jèn pandjenengané digawé gegoejon déning para panḍita, banget doekané, bandjoer oetoesan matèni sakèhé botjah lanang kang ana ing Bètlechèm saleladané, kang oemoer rong taoen sapangisor, mitoeroet waktoe
17. enggoné angsal katrangan saka para panḍita. Ing kono kajekténan kang kapangandikakaké déning Nabi jinnijah
18. mangkéné „Ana swara keproengoe ing Ramah, pasambat lan panangis toewin pangadoeh kang sora; Rachèl nangisi anak-anaké, sarta loemoeh dilipoer, awit anaké maoe woes paḍa sirna."

Wangsoelé Goesti saka ing tanah Mesir.[besut]

19. Sasédané Héroḍès lah toemoeli ana malaékaté Pangéran ngetingali marang Joesoep sadjroning pangimpèn ana ing
20. tanah Mesir, ḍawoehé: „Mangkata, Sang Timoer lan saiboené paḍa gawanen moelih menjang ing tanah Israèl, amarga wong kang ngarah njawané Sang Timoer ikoe woes paḍa
21. mati." Joesoep toemoeli mangkat namboet Sang Timoer lan
22. saiboené, lakoené ndjoedjoeg ing tanah Israèl. Ananging bareng ngroengoe warta jèn Archelaoes nggentosi kang rama Héroḍès djoemeneng radja ana ing tanah Joedéja, dadi soemelang jèn mronoa; éwadéné saréhné olèh wangsité Allah sadjroning pangimpén, toemoeli ngener marang tala-
23. tahé tanah Galiléja. Satekané ing kono bandjoer manggon ing negara kang aran Nasarèt; kang mangkono ikoe soepaja kajekténana kang kapangandikakaké déning para nabi, jèn Jésoes bakal kaseboet Nasarani.