Alkitab/Jansz/Éfesoes

Saka Wikisumber
< Alkitab‎ | Jansz
(Kaelih saka Alkitab/Jansz/Efesoes)

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:

Status:


LAJANG KIRIMAN SAKA RASOEL PAOEL MARANG PASAMOEAN ING ÉFESOES

BAB 1.

Adangijah

  1. Lajangkoe Paoel, rasoelé Jésoes Kristoes awit saka karsané Allah, toemekaa marang para soetji kang ana ing éfesoes lan kang pada pratjaya ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes.
  2. Sih rahmat lan tentrem rahajoe anaa in kowé saka Allah Rama kita lan Goesti Jésoes Kristoes.

Pamoedji marang Allah.

  1. Pinoedjia Allah kang Rama Goesti kita Jésoes Kristoes, kang woes mbarkahi kita ana ing Kristoes nganggo saroepané barkah kasoekman kang ana ing swarga,
  2. amarga woes milih marang kita ana ing pandjenengané sadoerongé djagad tinalesan, soepaja pada dadia soetji tanpa tjatjad ana ing ngarsané.
  3. Karana sih mirma enggoné woes nakdir kita ing sakeparenging karsané kaangkat dadi poetrané Pijambak marga déning Jésoes Kristoes.
  4. Soepaja pinoedjia kaloehoeraning sih rahmaté, kang woes direntahaké marang kita ana ing pandjenengané kang kekasih,
  5. ija ana ing pandjenengané enggon kita pada kaparingan paneboes sarana rahé, ija ikoe pangaperaning panerak kang awit saka goenging sih rahmaté, (Kol 1:14)
  6. kang woes diloebèraké marang kita klawan sagoenging kawitjaksanaan lan patitising pangrèh,
  7. déné kita pada kaparingan soemoeroep kekeraning karsané ing sakeparengé, kang woes dikarsakaké ing panggalihé pijambak.
  8. Ija ikoe enggoné mranata dikarsakaké ing panggalihé pijambak. Ija ikoe enggoné mranata diwasaning djaman, waktoené samoebarang kang ana ing swarga lan kang ana ing boemi kabèh digolongaké dadi sidji kawengkoe ing Sang Kristoes.
  9. Ana ing Pandjenengané kita ija woes pada kapandoeman warisan, kang woes digadangaké dingin marang kita awit saka panakdiré Allah, kang nindakaké samoebarang mitoeroet ing kekantjinganing karsané,
  10. soepaja kita, kang pada moerwani koemandel marang Sang Kristoes, pada dadia saranané panggoenggoenging kaloehoerané.
  11. Ana ing Pandjenengané kowé oega (sawoesé pada ngroengoaké pangandikané kajektèn, ija ikoe Indjilé karahajonmoe, lan sawoesé pratjaja ing Pandjenengané [typo in text],) pada kaetjap ing Roh Soetji kang kaprasetyakaké, kang dadi pandjeré warisan kita, moerih tamtoening kaloewarané para kagoengané, soepaja pinoedjia kaloehoerané. Pamoedji sokoer karana wong ing éfesoes.