Menyang kontèn

Sadulur Angkat

Saka Wikisumber

[ 125 ]25 SADULUR ANGKAT

Antarané jam wolu bengi Harwani lan Gunawan saanaké wis mulih saka lungan. Bareng ngerti yèn tamuné Mulyana, Harwani mèsem-mèsem seneng mbagèkaké kanthi grapyak. Kosokbaliné Mulyana, kang rumangsa rikuh marang Harwani, dadi kecipuhan. Nanging rasa kang kaya mang- kono mau uga ora suwé nguwasani atiné, Mulyana banjur bisa omong kanthi kepénak lan bisa nyambi gegojègan.

Sarèhné nalika iku wayahé mangan ing wayah soré, mulané Mulyana banjur diajak mangan bebarengan. Karepé mono emoh, nanging Har- wani banjur melèhaké: “Wis! Ora kersa dhahar, ya ta wis. Malahané wutuh segané. Cetha wis saiki, yèn nyatané ora lair batin.”

Sabubaré mangan, Gunawan celathu marang Mulyana: “Yèn kondur mangké radi dalu kémawon, dhik, ngiras pantes nyuwun titip. Kula badhé jagong tangga sepasaran bayi.”

“Sakaliyan ta, mas?” pitakoné Mulyana.

“Ah, boten kok; wangsulané Harwani, laré-laré punika lo boten purun kantun. Répot mangké.”

“Bu, bobuk!” celathuné Lies, anaké kang cilik,

“Hara ta, cobi, dhik, malah wis ngajak bobuk,” celathuné Harwani karo mèsem.

Ora suwé manèh Harwani wis mlebu kamar perlu ngeloni anak-anaké. Déné Gunawan uga banjur pamitan lunga perlu jagong. Kabèh mau tumrapé Mulyana tiwas kebeneran. Dhèwèké pancèn ngrasa owel ing soré iki arep ninggalaké Haryani. Kepéngin bisa sapatemon luwih suwé manèh, ngrembug apa baé kang bisa dirembug. Rasa kang kaya mang- kono iku mesthiné ora ngemungaké Mulyana baé kang ngalami. Saben para muda kang lagi pada among tresna mesti mangkono.

Mulyana lan Haryani banjur ngisis ing latar, lungguh klasa kang digelar ing sacedaké wit pelem. Padang, nanging uga linduk.

"Généya mas Mul milih aku?” pitakoné Haryani.

“Wah, kuwi répot olèhku arep mangsuli. Nanging aku isih bisa wang- sulan kanthi cekak lan gamblang, wangsulané Mulyana. “Jalaran sliramu bakal setya lan bekti marang aku, lan bakal bisa ngubedaké bebrayan kanthi nastiti ngati-ati tumuju bebrayan tentrem.” [ 126 ]Krungu wangsulané Mulyana kang mangkono iku atiné bungah Ian mongkog. Pancèn wangsulan kang kaya mangkono iku kang diarep-arep. Qèwèké ora kepéngin dialem lan uga ora kepéngin krungu wangsuIané MuIyana kang: ' ... aku miIih sliramu jalaran ayumu sajagad ora ana tançling, ora Iarang dak-labuhi .. .' lan liya-liyané. Semuné MuIyana uga bisa njajagi gémbolané Haryani, pranyata ḍèwèké nuli pitakon: 'Piyé, jeng, cocog? Sliramu ora gela déné aku ora nyebutaké bab ayu Ian sajagad tanpa tanḍing?'

Haryani mèsem, mripaté sumunar bening. Nuli wangsuIané: 'Pancèn wangsulan kang mangkono iku kang dak-arep-arep, mas. Jalaran pangalem iku durung karuwan yèn tuius sucining ati. Kaḍang kala ana pamrihé pribadi.'

'Bener kuwi, jeng. Simbah kaé ya ngandika ngono kok.'

Haryani gela, mlérok banjur njiwit lengené MuIyana, karo celaṭuné:

'Uuu, wegah aku yèn njur 'ḍagelan!'

'Ora, mas, nanging aku arep matur satitik,' celatuné Haryani manèh.

'Akèh ya kena kok. Malahané atiku seneng jaré,' wangsulané Mulyana mbebéda.

Haryani mèsem banjur kumecap celatu: 'Ana sawijining bab kang perlu dak-blakakaké saiki, jalaran aku kuwatir yèn mburiné gawé gela.'

Mulyana rada ḍeg-ḍegan. Nyawang Haryani kanti soroting mripat kang kebak pitakonan.

'Ngéné, mas. Satemené aku Ian mbak Harwani iku dudu saduiur ,tenan. Aku iki mung saduiur angkat. Aku ... aku anak kéré!'

MuIyana kagèt krungu kançlané Haryani kang kaya mangkono mau. Nanging panggronjaling atiné mau diampet, ḍèwèké meneng baé ngentèni bacuting rembugé Haryani.

'Piyé, mas? Apa sliramu ora gela?' pitakoné Haryani.

Kawitané MuIyana pancèn kagèt. Tembung 'anak kéré' mau mrabawani marang atiné. Nanging bareng wis dinalar-naIar, rasa kagèté iku banjur ilang. Sanadyan kéré kaé rak ya manungsa ta, kang béda mung drajat Ian kalungguhané. Lan nyatané saiki Haryani dudu kéré. Qèwèké duwé rasa tresna marang Haryani. JaJaran saka iku mula wangsuIané mantep: 'Tuwuhing rasa ,tresnaku marang sliramu ing sawisé sliramu diwasa. MuIané iku nadyan piyé baéçlèk samana, ora bahl gawé gempiling tresnaku.'

Krungu wangsulané Mulyana kang mantep iku, Haryani karasa-rasa atiné. Banjur ambruk ing ḍaḍané MuIyana karo nangis mingseg-mingseg. Atiné Mulyana trenyuh, nanging meksa isih bisa sumbar: 'Nangisa setaun [ 127 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/139 [ 128 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/140 [ 129 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/141 [ 130 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/142 [ 131 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/143