Kaca:Wedhatama.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

17. Mangkono janma utama
Tuman tumanem ing sepi
Ing saben rikala mangsa
Masah amamasuh budi
Lairé anetepi
Ing rèh kasatriyanipun
Susila anor-raga
Wignya mèt tyasing sasami
Yèku aran wong barèk bérag agami

18. Ing jaman mengko pan ora
Arahé para taruni
Yèn antuk tuduh kang nyata
Nora pisan dèn-lakoni
Banjur jujurken kapti
Kakèkné arsa winuruk
Ngandelken gurunira
Pandhitané praja sidik
Tur wus manggon pamucungé mring makripat

III Pucung

1. Ngèlmu iku
Kalakoné kanthi laku
Lekasé lawan kas
Tegesé kas nyantosani
Setya budya pangekesé dur angkara

2. Angkara gung
Nèng angga anggung gumulung
Gogolonganira
Triloka lekeré kongsi
Yèn dèn-umbar ambabar dadi rubéda

3. Béda lamun
Wus sengsem rèhing asamun
Semuné ngaksama
Sasamané bangsa sisip
Sarwa sarèh saking mardi martotama