Kaca iki wis divalidasi
Is. Sardjoko, lair ing Yogyakarta, 25
- November 1939. Kejaba seneng nyerat cerkak, Pak Is
- uga tetep nulis guritan lan macapat. Tekan saiki
- Pak Is isih lenggah ana ing Gobahan, Sumberadi,
- Mlati, Sleman, Yogyakarta 55288.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
J. Kusumadi H.M., lair ing Yogyakarta, 15
- September 1938. Pak Kusumadi kang sabendinane ngasta ::ing SD Keputran XII, Jalan Patehan Tengah 9, ::Yogyakarta iki uga isih aktip nyerat guritan lan
- sekar. Dalem kang dilenggahi saiki ana ing Sonopakis
- Ds IX, RT 03, RW 25, Ngestiharjo, Kasihan, Bantul
- 55182.
Khrisna Wihardja, lair ing Sleman, 17
- September 1957. Senadyan dheweke lulusan IKIP
- Yogyakarta jurusan Matematika, nanging bola-bali
- nulis cerkak lan novel basa Jawa. Malah buku-buku
- crita anak kang wis terbit akeh banget, lan kandhane
- sastra Jawa iku pancen bisa kanggo urip. Pak guru
- Matematika ing SLTP 19 kang uga aktip ana ing SSJY
- iki saiki lenggah ana Pirakbulus, Sidomulya, Godean,
- Sleman 55564.
Kuswandi Kertarahardia, lair ana ing ....
- Tulisan-tulisane arupa esai seni-sastra, guritan,
- cerkak, feature, lan sapanunggalane wis akeh kang
- kapacak ana ing majalah lan koran. Mas Kus kang
- saiki isih sinau ana UAD iki daleme ana ing
- Jogoyudan Jt 111/655, Yogyakarta.153