Kaca:Puspa Rinonce.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

utawa nind iku mengku teges baku (pokok) ’cacad’, ’luput’, déné tembung anindita mengku teges ’tanpa cacad’. Tetembungan anak anung anindita tegesé ’anak (bocah) kang linuwih kang tanpa cacad’.

Sawatara tembung kang asalé saka basa Sanskerta utawa saka basa Jawa Kuna (basa Kawi) iku ing basa Jawa saiki sok ngalami owah gingsir. Owah gingsiring tembung iku ana kang magepokan karo pakecapané, upamané, wwai (wway) dadi ’banyu’, wwalu dadi wolu, druhaka dadi duraka ’duraka’, dºbya dadi darbé ’darbe, duwe’ lan ana uga kang magepokan karo teges utawa maknané. Tembung marta, upamané, kadhapuk saka tembung wod mºt kang tegesé ’mati’. Tembung marta ing jaman saiki ditegesi ’urip’, tetembungan tirta marta banjur ditegesi ’banyu panguripan’. Ing mangka, tembung kang satemené mengku teges urip utawa panguripan iku amarta ’ora mati, urip’. Saèmper karo owah gingsiring teges tembung marta iku, tembung nindita kang ing sakawit mengku teges ’cacad’, ’luput’, ’ina’ ing jaman saiki ana kang negesi ’tanpa cacad’, ’linuwih’, ’pinunjul’. Kanthi mangkono, anak (bocah) kang dijenengi Priya Nindita iku linambaran panggadhang (pangarep-arep) amrih dadi priya (bocah lanang) kang tanpa cacad (pinunjul utawa linuwih).


KUPIYA, TEGESÉ APA?
Ing sajroné basa Jawa ana sawatara tembung kang arang-arang dianggo ing basa padinan (ana kang amarga tembung mau dianggep wis kuna, ana kang amarga tembung mau mung pantes dianggo ing basa éndah utawa basa susastra, ana kang amarga tembung mau wis ana gantiné kang dianggep luwih trep, lan sapituruté). Jalaran arang kesrambah, ora mokal yèn ana wong kang banjur pangling utawa lali manawa tembung mau satemené uga tembung Jawa lan uga ora mangerti apa tegesé tembung mau kang satenané.

Dururng suwé iki ing Balai Bahasa Yogyakarta ana tamu kang rawuh saperlu nanjihaké utawa nggenahaké bab tegesé

80