Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

  1. aksara Jawa (Kuna) lumrahé ana kang nganggo aksara h lan ana uga kang ora. Mulané, ing basa Jawa banjur tinemu sawatara tembung kang wujudé kembar (dhobel), kayata, hamba – amba, haywa – aywa, bahu – bau, grahita – graita, rahina – raina, wahing – waing. Kanthi mangkono, tembung prihambak sok uga ditulis priambak. Ing pakecapan tembung priambak banjur swarané /r/ ilang dadi piambak, kayadéné tembung priyayi dadi piyayi, prawira dadi pawira, prakara dadi pekara. Kanggo ngluwesaké pakecapan, tembung piambak banjur dadi piyambak, kayadéné tembung priangga dadi priyangga, piandel dadi piyandel. Dadi, tembung piyambak (kawiwitan swara /p/ iku luwih cedhak karo tembung asalé (Jawa Kuna) tinimbang tembung kiyambak.
  1. Tembung piyambak iku panganggoné sok lira– liru karo tembung kiyambak. Tembung-tembung kang wujudé kembar kanthi lira-liru swara /p/ karo /k/ kayadéné tembung piyambak lan kiyambak iku ing basa Jawa dianggep rada lumrah. Déné sawatara tembung kang wujudé kembar kanthi lira-liru swara /p/ karo /k/ saliyané piyambak lan kiyambak, kayata: pipa – kipa, pompa – kompa, piyik – kiyik, jupuk – jukuk, pisang – kisang. Ananging manawa ditliti kanthi tlesih, tetéla tembung-tembung kang wujudé kembar iku mau ora kelumrah dianggo lira-liru kanthi mardika ing sadhéngah papan. Tembung-tembung kang mengku swara /k/ iku (kipa, kompa, kiyik, jukuk, kisang) lumrahé mung dianggo ing basa lisan padinan utawa ing basa enggon-enggonan. Déné tembung-tembung kang mengku swara /p/ (pipa, pompa, piyik, jupuk, pisang) bisa dianggo ing basa resmi (lisan utawa tinulis) lan bisa ditampa lan dipahami déning wong Jawa ing ngendi waé. Kanthi mangkono, tembung pipa, pompa, piyik, jupuk, pisang, lan uga piyambak iku kena diarani tembung kang baku.
  2. Tembung piyambek lan kiyambek iku mujudaké lira-liruné tembung piyambak lan kiyambak kanthi nyalini a kang

55