Kaca iki wis divalidasi
PARAMASASTRA DJAWI
-18-
mbosoki | < | m + bosok | + i | = wiwit bosok. |
nduwuri | < | n + duwur | + i | = gawé luwih....... |
neloni | < | n + telu | + an + i | = ngganepi dadi.. |
ndésani | < | n + désa + an | + i | = memper wong desa. |
mangani | < | m + pangan | + i | = nedeng-nedenge dojan.... |
Nulisaké (aḍiné) | < | n + tulis + aké | = nulis kanggo.. |
mlajokaké (potelot) | < | m + plaju + aké | = nggawa....... |
mbeneraké | < | m + bener + aké | = nganggep....... |
njudukaké | < | nj + suduk + aké | = njuduk nganggo.. |
ngambakaké | < | ng + amba + aké | = gawé....... |
ngulukaké | < | ng + uluk + aké | = ndjalari....... |
nambakaké | < | n + tamba + aké | = akon....... |
Katrangan :
Tembung kang rinaketan panambang : i, aké iku jen dirangkep, panembangé ora diambali sarta jen purwaning lingga ora luluh karo ater-ateré (anuswara),
ater-ateré mau mung katulis sapisan ana ing bebukaning dwilingga, upamané :
ndandan-dandani (paketjapané : ndandan-ndandani)
ndjadjak-djadjakaké (paketjapané : ndjadjak-ndjadjakaké).
diparan - parani.
dipakak - pakakaké.
(8) (9) (10) .Panambang : a, ana, na.
Wudjud, pangrimbag lan teges :
a) 1. nggawaa | < | ng + gawa + a = supaja nggawa. |
2. nggawanana | < | ng + gawa + an + ana = supaja nggawani. |
3. nggawakna | < | ng + gawa + na = supaja nggawakaké. |
b) 1. ngakua | < | ng + aku + a = upama ngaku. |
2. ngakonana | < | ng + aku + an + ana = upama ngakoni. |
3. ngakokna | < | ng + aku + na = upama ngakokaké. |
c) 1. nimba | < | n + timba + a = sanadjan nimba. |
2. nimbanana | < | n + timba + an + ana = sanadjan nimbani. |
3. nimbakna | < | n + timba + na = sanadjan nimbakaké. |