-14-
PARAMASASTRA DJAWI
panggang | > | kumanggang |
bagus | > | gumagus. |
4. nini | > | kumini 》 |
ngungun | > | kumangungun 》 = Kaprije pangrimabage? Apa bedane? |
5. Bedaning tegesé ater2 kuma lan seselan um :
a. kuma = ndajani teges banget utawa luwih (saka ing sapatute).
b. um = kadunungan kaanan (kumemping), anggepe kaja . . . (kumaju), krija (tumandang)
6. Teges warna loro : (kaanan lan krija)
a. Lawangé saben dina menga (kaanan)
b. Djendélané ketampek angin, bandjur menga (krija)
a. Gambar mendjangan tjangkemé mangap baé (kaanan)
b. Tjangkemku ora kena dak-anggo mangap (krija)
7. Bawa : ma nunggal teges karo tanduk:
kumlawer (bawa : ma) = nglawer (tanduk).
gumuju (bawa : ma) = ngguju (tanduk).
8.Rimbagé : Bawa : ma.
Wudjud, pangrimbag lan teges :
tinulis | < | tulis | V | in | = | katulis | = | ditulis. | |
winor | < | wor | V | in | = | kawor | = | diwor. | |
sinekti | < | sekti | V | in | = | dianggep sekti. | |||
tinulisan | < | tulis | V | in | = | an | ditulisi | = | katulisan |
Katrangan :
1. Tembung njawanda :
sung | > | sinung. |
pek | > | pinek. |
ken | > | kinen. |
2. Tembung sinung sok diandahake maneh : kasinungan, njinungi.
pinarak > dipinarakake, minarakake, pinarakan.