Kaca iki wis divalidasi
- 4. Tandang-tanduke becik kancaku.
- 5. Becik tandang-tanduke kancaku.
- 6. Tawangmangu iku seger hawane.
- 7. Tawangmangu iku hawane seger.
- 8. Hawane seger Tawangmangu iku.
- 9. Hawane Tawangmangu iku seger,
- 10. Seger / hawane // Tawangmangu iku.
- 11. Séger // hawane Tawangmangu iku.
- 12. Adhiku kancane akeh banget.
- 13. Kancane adhiku akeh_banget.
- 14. Kancane akeh banget adhiku.
- 15. Akeh Akeh banget / kancane // adhiku.
- 16. Akeh banget // kancane / adhiku.
IV. NULIS
A. Wujude akeara rekan, yaiku :
ꦏ꦳꧈ ꦢ꦳꧈ ꦥ꦳꧈ ꦗ꦳꧈ ꦒ꦳꧉
(kh) (dz) (f) (z) (gh)
- Aksara rekan iku mung kanggo' nulisi tembung-tembung manca kang perlu dicethakake pakecapane, kaya ta :
ꦏ꦳ꦲꦸꦩ꧀ ꦏ꦳ꦧꦂ ꦗ꦳ꦏꦠ꧀
ꦢ꦳ꦭꦶꦩ꧀ ꦥ꦳ꦲꦩ꧀ ꦒ꦳ꦇꦧ꧀
- Aksara rekan iku yen oleh sandhangan kang dununge ana ing sadhuwuring aksara, upama : /, ꦶ, , ꦼ sandhangane iku kudu katulis ing buri, satengene cecek telu, upamane :
ꦢ꦳ ꦶꦏꦶꦂ ꦥꦼꦂꦭꦸ ꦥ꦳ꦶꦠꦿꦃ ꦥ꦳ꦶꦂꦩꦤ꧀
- Aksara ꦏ꦳꧈ ꦢ꦳꧈ ꦗ꦳꧈ ꦒ꦳꧈ ora wenang dadi pasangan.
- Aksara rekan kang wenang dadi pasangan iku ꧀ꦥ꦳ dene yen sesak papane, aksarane sesigeng kudu dipangku, pasangan ꧀ꦥ꦳ malih dadi ꦥ꦳.
84