Kaca iki wis divalidasi
- Nalika isih diendel juragane mubra-mubru uripe, bareng diwetokake jalaran konangan anggone tumindak ala, legi setaun wae wis ilang jarake.
- Bola-bali kowe ki mung ngenaki ati baa nyatane ya ora tau nindakake pakone wong tuwa.
— sugih pangapura |
— kepaten pasaban |
C. Apa kosok baline tembung-tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki ?
- Anggone tumandang ing gawe sarwa nglemer.
- Jaran kae playune cukat banget.
- Kowe kuwi pancen sembrana temenan.
- Pituture wong tuwa aja dilirwakake.
- Kretege sing jebol lagi didandani.
- Sumure saiki asat nggereng.
- Klambine isih teles kebes.
- Dalane pating brenjul.
- Wengi iku padhang njingglang.
- Tini iku watake mbangun turut.
- Yen ora cethil rejekimu malah lumintu.
- Wong cethil iku mesthi disirik ing wong.
- Amarga saka kalakuane Amir disirik kanca-kancane.
- Tanduranmu bayem ledhung-ledhung.
- Lemah iki ora bisa kempel.
- Omahe Rinah nyangklek saka kene.
- Aja mangkat, udane isih deres !
- Darman iku ludhuk, yen memangan sarwa akeh.
D. Apa tegese tembung-tembung kang kacithak kandel ing ukara-ukara iki !
- Kawarasan dadi saka guruning pembangunan.
- Omah modhel kuna iki ana saka gurune.
80