Kaca iki wis dikorèksi
WULANGAN 7
I. WACAN
- A. Wacanen sajroning batin !
LISTRIK MASUK DESA
Pak Umar | : | (mlebu omah karo mesem-ngguyu) |
Bu Umar | : | ”Lho, bubar rapat teng Bale Dhusun kok sajak ketingal gumbira. Gek wonten napa ta, Pakne ?” |
Siti | : | ”Inggih, Pak. Bokbilih wonten kabar sae ?” |
Bu Umar | : | ”Empun, Pak. Gek enggal ngendika. Ampun mesam-mesem mawon ngoten niku.” |
Pak Umar | : | (ndudut rokok saeler, diemut, banjur disumet, kumebul ngebaki ruwangan). ”Ngene lho, Bune. Ora suwe maneh desa kene iki bakal kesrambah kemajuwan gedhe. Kemajuwan sing seprana-seprene tansah diarep-arep wargane.” |
Bu Umar | : | ”Kok aneh Paaak, sampeyan niku ! Gek kemajuwan niku kemajuwan napa malih? Dalan gedhe ngge liwat mobil nggih empun onten. Saluran irigasi nggih cumepak.” |
Pak Umar | : | ”Nanging isih ana kekurangane, Bune ! Ya kekurangane iki kang bakal maujud ! Ora suwe maneh !” |
Siti | : | ”Lajeng punapa malih, Pak, ingkang badhe dipun wujudaken benjang ?” |
Pak Umar | : | ”Oalah, Pak! Ming ngoten mawon kok . . . sampeyan niku ndadak mesam-mesem!” |
Pak Umar | : | ”Lho, ora mesem kepriye ta Bune. Desane dhewe sing kulina peteng dhedhet yen bengi, bakal padhang kencar-kencar manawa wis kesrambah listrik.” |
Bu Umar | : | ”Ah, Pak! Wiwit cilik biyen kula ming trima dipadhangi lampu petromak kalih lampu teplok, kok inggih boten pripun-pripun.” |
Pak Umar | : | ”Bune, manawa kabeh nduwe pikiran kolot kaya kowe kuwi gek majune desa iki suk kapan ? Ngertiya, Bune ! Manawa tinemune piranti-piranti listrik mono nggawa kemajuwan kang ngedab-edabi ing jagad iki.” |
76