Kaca iki wis divalidasi
- Kagunan joged kang katindakake wanita kang nggambarake mentas nglairake anak (pirantine kendhi, payung bonekah) iku arane....
- Kagunan joged sing katindakake. dening para priya utawa wanita kang nggambarake gladhen kaprajuritan iku arane....
- Kagunan joged sing katindakake dening priya utawa wanita kang nggambarake pethikaning lakon nganggo guneman lan tembang iku arane....
- Kagunan joged sing katindakake, dening wanita kang nggambarake kenya lagi nedheng birahi (cacahe ora mesti) tanpa guneman, tanpa nembang iku arane....
- Kagunan joged sing katindakake dening priya lan wanita kang nggambarake lelakon Ramawijaya (wanitane mung Dewi Sinta, Trijatha, emban sawetara) arane....
- Kagunan joged kang para paragane nganggo topeng kang nggambarake lelakon Panji arane....
- Kagunan joged kang nggambarake crita warna-warna nganggo tetembangan kang cakepan adhapur parikan iku arane....
- Kagunan kang nggambarake crita utawa dongeng warna-warna, antawacane nganggo tembang lan gancaran iku arane....
- Kagunan kang mligi mitontonake keprigelan jogeding priya bebarengan karo jogede waranggana (ledhek) iku arane....
golek ; kethoprak ; ludrug ; tayub; topeng; langen driya ;
langen wanara ; srimpi gambyong ; bondhan ; wireng ;
D. Apa tegese tetembungan kang kacithak kandel iki !
- Serat kabar murakabi sanget, langkung-jangkung tumraping kaum dagang.
- Anggonmu nyambut gawe aja didagang.
- Pedhete lagi ndagangi.
- Iki barang dagangan.
- Marja punika sugih seserepan.
69