Nuwun kangge mbantu nyekapi kabetahan mucalaken Basa Jawi ing SMP kula ndhapuk buku MARDI JAWI Ingkang adhedhasar KURIKULUM SMP, Garis-garis Besar Program Pengajaran Bahasa Daerah ingkang kadhapuk dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta Agustus 1987.
Esthining manah, mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados cepenganipun para siswa ing SMP anggenipun sami gumregut anampi piwucaling gurunipun ing babagan basa Jawi pusaka saking leluhur kita ingkang kedah dipun emi-emi turun-temurun.
Minangka pamecuting pasinaonipun para-siswa, pandhapukipun buku punika ing pangarah migunakaken cara ”pendekatan CBSA” kanthi prasaja, antawisipun arupi :
— katerangan-katerangan ingkang gampil katampi,
— tugas-tugas klompok piyambakan ing griya,
— srasehan klompok,
— latihan-latihan.
Mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados ancer-ancer tumrapipun kanca-kanca guru ing SMP anggenipun sami nenuntun lan nenangi para siswanipun amrih saged ngginakaken Basa Jawi kanthi : teteh, titis, leres, tuwin sageda maos lan nyerat mawi aksara Latin/Jawi ingkang leres.
Buku MARDI JAWI punika dumados saking 3 jilid, inggih punika :
— Jilid 1 kangge siswa kelas I
— Jilid 2 kangge siswa kela II
— Jilid 3 kangge siswa kelas III
Wasana minangka panutuping atur, mugi-mugi wontena paring panjenengan pitedah saha panyaruwe ingkang tumuju dhateng sampurnaning buku MARDI JAWI punika.
aturipun
Pandhapuk