Kaca iki wis divalidasi
D. Apa kosok baline ?
- wong kang alus bebudene.
- wong kang luhur bebudene.
- wong kang dhiri.
- wong kang gumedhe.
- wong kang kajen keringan.
- wong kang kumalungkung.
- wong kang lembah manah.
- wong kang pradhah.
- wong kang andhap asor.
- wong kang blaba.
E. Tegese ukara-ukara ing ngisor iki golekana paribasane nganggo tembung kang dikurung ing burine !
- Wong kang disenengi dening wong akeh (cepaka)
- Wong kang laire katon anteng, nanging tibake ala atine. (widara)
- Wong, kang kakehan kasaguhane nanging ora tau ana nyatane. (gludhug)
- Wong kang ala rupane apa maneh ala bebudene. (ganja)
- Wong kang rupane ala nanging akeh kabisane. (madu)
- Wong kang apik rupane lan becik bebudene. (manis)
III. PARAMASASTRA
A. Gatekna !
Wis diterangake ing ngarep manawa :
1. Ukara lamba (ukara prasaja)
Yaiku ukara kang jejere mung siji lan wasesane mung siji (1 pola ukara)
- Aku maca buku.
- Adhiku mangan kacang.
- Bapak ngendikan karo ibu.
46