Kaca iki wis divalidasi
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki !
- Buktine apa manawa Pancasila kang dadi dhasar negara Republik Indonesia iki sekti mandraguna ?
- Tumraping bangsa Indonesia Pancasila iku bisa nggambarake apa ?
- Saperangan gedhe bangsa Indonesia tresna marang Pancasila. Buktine iku kepriye ?
- Tumindake PKI nyata cengkah karo kapribaden lan jiwa Pancasila. Tuduhna buktine !
- Golongan pemudha endi kang nyata keblinger marga kengguh marang janji muluk-muluk nganti direwangi gelem tumindak nglawan Pancasila ?
- Saben tanggal 1 Oktober tetep kita pengeti minangka Hari Kesaktian Pancasila. Apa pamrihe ?
C. Pocapan
Tembung-tembung kang kaecap kandel ing ukara-ukara iki ucapna sing bener !
- Koperasi Unit Desa iku kacekak dadi KUD.
- Adu cepat-tepat liwat TVRI gedhe mampangate tumraping para siswa SD, SMP, SMA.
- PLN, Telekom, Perumtel iku kabeh kalebu “perusahaan umum negara”
- Layang katrangan bebas G 30 S/PKI dibutuhake kanggo kaperluan lamaran dadi punggawaning negara.
- Koperasi iku saben taun wajib lapuran marang para anggota lan sabisa-bisa dibarengi ngedum SHU.
- Kanggo nulungi marang golongan "ekonomi lemah”. Bank pemerintah bisa menehi kredit modhal KCK, KMKP, KIK lan sapanunggalane.
II. KAWRUH BASA
A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
-
sekti = duwe kaluwihan ngungkuli kodrat
mandraguna = wasis (digdaya) banget
ditingkes = ditumpes
44