Kaca iki durung katitiwaca
2. Manawa pungkasaning lingga awujud wanda sigeg. sigege karangkep, kaya ta :
ꦲꦥꦭ꧀ __ ꦔꦥꦭ꧀ꦭꦏꦺ
ꦒꦠꦏ꧀ __ ꦢꦒꦠꦏ꧀ꦏꦏꦺ
ꦕꦺꦴꦥꦺꦴꦠ꧀ __ ꦚꦺꦴꦥꦺꦴꦠ꧀ꦠꦏꦺ
ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ __ ꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦭꦏ꧀ꦏꦏꦺ
ꦥꦕꦸꦭ __ ꦩꦕꦸꦭ꧀ꦭꦏꦺ
ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ __ ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦏꦺ
ꦲꦸꦫꦸꦥ꧀ __ ꦔꦸꦫꦸꦥ꧀ꦥꦏꦺ
ꦱꦸꦭꦩ꧀ __ ꦚꦸꦭꦩ꧀ꦩꦏꦺ
C. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !
ndondomake nyemoni ngedolake ngudhuni nuthukake nggoleki. njurusake nggondheli nganggokake ngladosi ngresmekake mbunderi nutokake mbetheti nyontokake ngregedi nggadhekake nganthongi nggolekake nyalami nambakake nyarapi
V. UNGGAH-UNGGUH
- Basa madya ngoko iki salinana nganggo basa krama!
Mbok Sardi | : | ”Dika esuk-esuk kok empun mruput teng pasar. Onten prelu napa ta?” |
Ni Merta | : | ”Ajeng nempur, nek rada kawanan, sok boten komanan, dene sing padha tuku boten ngemungake wong mriki mawon.” |