Kaca iki wis divalidasi
donor getih | = | derma getih |
transfusi getih | = | pemindhahan getih |
B. Tembung-tembung kang kaecap miring iki gantinen nganggo tembung kang cumawis ing ngisor sing mathuk !
- Yen kowe tinitah dadi wong sing kecukupan aja lali aweh pasumbang marang wong kang lagi ketaman reribed.
- Sapa sing ora kami welasen krungu sambate wong lelungan ana paran sing keluwen marga sangune entek dicopet uwong.
- Perlu banget para putra tansah digladhi amrih nduweni rasa mesakake marang bocah yatim.
- Dak rewangi nyambut gawe rekasa ngene iki beteke supaya aku bisa netepi kuwajibaning wong tuwa marang anak.
- Ana pasrawungan iku sabisa-bisa tansah nindakna ulah kautaman ana ngendi bae, perlune bisa njunjung drajate wong tuwa.
- Kabeh sing jejere dadi wong tuwa iku mesthi tansah nggulawenthah marang anak supaya dhemen tetulung, ngedohi watak siya lan patrap umuk-umukan.
- Prabu Judhisthira iku kondhange sawijining ratu awatak welasan.
welas, tetulung, trenyuh atinė, darma, darmalaksa
na, ambek darma, sesongaran, ambeksiya, ambeg
C. Apa kosok baline tembung-tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki ?
- Kowe ora tau ngugemi rembugmu.
- Bocah iku atine srei banget.
- Anggone mantu gedhen temenan.
- Uripmu iku ngebreh.
- Aja seneng nyidrani janji.
- Aja sok congkrah karo tangga teparo!
- Bocah iku wiwit cilik kok lelaranen bae.
- Aja sok nglirwakake marang kuwajibanmu!
- Sembrana temenan kowe kuwi.
- Ali iku yen nyambut gawe klelar-kleler.
132