Kaca iki wis divalidasi
B. Tulisen nganggo aksara Jawa !
bandha | - bandhane |
nangka | - nangkane |
ganda | - gandane |
tampa | - tampane |
kombong | - kombongipun |
prongkol | - prongkolipun |
brondong | - brondonge |
ganja | - ganjane |
gembol | - gembolen |
glondhong | - glondhonge |
V. UNGGAH-UNGGUH
Basa mudha krama ing pacelathon iki salinana nganggo basa ngoko andhap banjur tirokna ana ngarep klas!
TETEMON ANA ING SETASIUN
Mas Kartanadi | : | Lho Adhi, bade tindak dhateng pundi ? |
Raden Subyakta | : | Badhe dhateng Klathen, dipun timbali bapak. |
Mas Kartanadi | : | Kok sajakipun wonten prakawis ingkang wiga tos, tandhanipun ingkang rama mawi nimbali Adi. |
Raden Subyakta | : | Anu, kala wingi kula tampi serat saking Klathen, ngendikanipun bapak, Ibu ngajeng-ajeng sa nget, tiyang sampun watawis 4 taun punika kula boten nate tuwi. Wulan punika adhi-adhi kula ngleresi liburan, sami mantuk dhateng Klathen sadaya. Waleh-waleh punapa, sajatosipun sa mi badhe kangen-kangenan. |
Mas Kartanadi | : | O, makaten. Lah konduripun benjing punapa ? |
Raden Subyakta | : | Bok manawi minggu ngajeng, tiyang angkah kula ngiras badhe dhateng Pengging punapa, sowan embah. |
Mas Kartanadi | : | Ingkang rayl ingkang taksih sekolah pinten ? |
Raden Subyakta | : | Tiga, pun Sukirja, Sukarsa, kaliyan Soekemi. Namung Sukirja wulan punika sampun tamat sinaunipun. Malah criosipun badhe nyambut |
127