Kaca iki wis divalidasi
- Sapungkure pisowane para Pandhawa, apa sing dirembug ing paseban iku ?
- Kepriye akale para Kurawa anggone arep numpes para Pandhawa ?
- Bale sagala-gala utawa Jatu-griha iku apa, sing digawe saka apa, sapa sing nggawe, ana ngendi, lan pamrihe apa ?
- Nalika Pandhawa boyongan menyang Waranawata kepethuk Ditya Purocana lan Purobaya. Ditya loro sajatine sapa, bareng wis babar dadi dewa paring pituhu apa marang Raden Bratasena ?
- Nalika Pandhawa ana Waranawalta, kandh tangkepe para kadang Kurawa marang para Pandhawa ?
- Nalika Bale sagala-gala wis dadi awu, para Kurawa padha duwe pangira manawa para Pandhawa wis tumpes. Kanggo bukti apa ? Nanging sanyatane kepriye ?
II. KAWRUH BASA
A. Tegese 'tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
bale | = bangsal, omah, pandhapa |
gala | = damar, lak |
bale sagala-gala | = omah (bangsal) kang digawe saka lak (gampang kobonge) |
dipati | = ralu |
kadipaten | = panggone ratu, kraton |
praja | = negara, kedhaton |
kadang | = sedulur. |
prabu anom | = pangeran adipati |
numpes | = nyirnakake kabeh |
pasewakan | = paseban, pasowanan |
parekan | = para nyali (ing kraton) |
gebyagan | = kepyakan, semuwan |
bedhaya | = Atledhek bangsaning Srimpi ing kraton |
Srimpi | = lelangen joged sing ditindakake para wanita. cacahe 4 |
imbal pangandika | = ngendikan, jagòngan, guneman |
113