Kaca iki wis dikorèksi
Vivin | : | Kowé arep golèk silihan menyang ngendi. Wul? |
Wulan | : | Kandhané Ndari, Gudep 007 SMP 5 duwé akèh. Aku arep nyilih rana. |
Vivin | : | Hee. SMP 5 pancèn duwé téndha akèh tur apik-apik. wong isih anyar. |
Wulan | : | Besuk, kanggo ngisèni acara api unggun regumu arep ngetoni apa, Vin. |
Vivin | : | Wah, aku karo kanca-kanca durung mikir. Lha regumu piyé? |
Wulan | : | Aku ya durung mikir. Ning, sajaké wingi Ndari ngajak ngetoni sosiodrama. |
Vivin | : | Bab apa? |
Wulan | : | Perjuwangané Cut Nyak Dien, yèn ora klèru. |
Vivin | : | Wah, apik kuwi. Upama durung kopilih, aku ya ke péngin ngetoni sosiodrama bab kuwi. |
Wulan | : | Regumu bésuk sing arep ngetoni lomba PPPK sapa Vin? |
Vivin | : | Wingi kanca-kanca milih Mariyam karo Nanik. Jalaran, Mariyam karo Nanik mèlu kegiatan PMR. Dadi, bab PPPK mesthiné wis mumpuni. |
Wulan | : | Ya wis, ayo Vin, sowan Kak Prapta. Aku arep nyuwun. layang kanggo nyilih téndha, mengko mundhak selak ora komanan téndha. |
Vivin | : | Ayo, dakteraké. |
VI. Wacan ing ndhuwur, Persami, apalna karo kanca-kancamu ana ing ngarep klas! Ana sing dadi Kak Prapta, ana sing dadi Andri, ana sing dadi Bawa, ana sing dadi Retna, ana sing dadi Badrun, lan sapituruté!
38