Kaca iki wis divalidasi
Tri Wahyuni
Asmaradana
Tembang iki dudu caping gunung
Apa maneh cublak-cublak suweng
Tembang iki asmaradana
Kang isa gawe ati sumringah, bungah, tanpa ukara
Dhuh, widadariku
Yen aku pujangga
Bakal daktulis kabeh rasa ing sajroning dhadha
Sinambi mlaku bareng nyawang samodra
Lan nandur katresnan ing saben dina
Dhuh, bocah ayu
Pengen rasane aku nyandhing sliramu
Ngentekake wektu urip ing jagad iki
Nadyan awak dhewe bakal mati
Nangging aku percaya tresna iki bakal terus ngancani tekan urip
lan sawise mati
Kulonprogo, 2020
Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra
17