Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
Lan tak gawa terus ana ing langkah urip iki
Aku kanggo awakmu
Aku arep nguripna ruhmu
90. Panggurit: Anawati 00000918
Endahing Jawa Tengah
Jawa jawal jawané kadhal
Apa sliramu Jawa Tengah, mitraku?
Jawa kang diapit kiwa tengen
Gambyong kang dadi tradhisiné
Alus tumindak lan pituturé
Jawa jawal jawané kadhal
Apa sliramu Jawa Tengah, mitraku?
Budaya kang adi luhung
Kudu dijaga lan dibudidaya
Apa kang dadi ciriné Jawa Tengah
Yen kok semak buku filsafat
Yen kok semak ilmu masyarakat
Mung ana suwi kiblat
Kang ajiné ora mekakat
Kang gawé ati nggrantes.
91. Panggurit: Arifatul Hayati 00000663
Aku lan Semarang
Aku lan Semarang
Aku diparingi urip dening Maha Agung
66