Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
38. Panggurit: Ahmad Arif. 00001130
Budaya Jawi Asli Jawa Tengah
Dina saben dina tak lakoni
Awit lair tekane gedhé iki
Ukehku mangerteni Jawa Tengah nyesemke ati
Panggonan kang asli lahire budaya Jawi
Ayo kanca-kanca pada nguri-uri budaya Jawi
Adiluhung lan berjati diri
Ndadekake Jawi Tengah berbudi karti
39. Panggurit: Iwan Setya Budi 00001129
Sumurupe Prambanan
Cemlorot abang branang ing sisih wetan
Setitik baka setitik Prambanan urip maneh
Ati iki rasane ambyor kaya lintang
Gumebyar ana kali Bengawan
Saben taun, saben wektu tansah ngindu ati
Kumanthil ing netra tumancep ana ing jero dada
Sanadyan bangsa iki ora mung siji panggonan
Ananging angin sembribit Merapi kang tansah
Lumeket lan keket ana ing jero raga iki
32