Gawé sing manggon dadi énak lan ayem
Adoh saka sing liyané
Jawa Tengah kanthi mancalaken tentrem
Nganti dadi arum ambuné kanggo kutha liyané
Anéka budaya manggon ing njeroné
Wayang, nari, gamelan, nggenepi kaèndahan Jawa Tengah
Ugi lumpia dadi panganan khas ibukuthané, Semarang
Unggah-ungguh mesti diutamakaké dening wong akéh
Tata karma sing diagungaké
ianggo Jawa Tangah saya didelok marang liyané
Jawa Tengahku........ kaèndahanku
345. Panggurit: Eka Nita Ardianti 00000542
Separo Atiku nang Jawa
Mangsa udan deres
Nelesi tlatah jiwaku
Meksa aku mlayu
Ngoyak cita-citaku
Mangsa udan berubah dadi panas
Rekasa atiku tak lakoni
Ngoyak cita-citaku
Nang pangguripané wong liya
Tapi atiku rasa nelangsa
Ora isa lali karo panggonanku lair
Kélingan aku.........
Akeng aku
Separo atiku nang Jawa
Kampung halamanku