Winih Semi

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2002
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34
Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2002
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34
Winih Semi
Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2002
Copyright 2002, Bengkel Sastra Jawa
Editor:
V. Risti Ratnawati
Pracetak:
Bodronoyo
Wiyatna
Rijanto
Penerbit:
Balai Bahasa Yogyakarta
Pencetak:
GAMA MEDIA Jalan Lowanu 55 Yogyakarta 55162
Telepon/Faksimile: 0274-384830
e-mail: gama.media@eudoramail.com
Isi di luar tanggung jawab percetakan
Hak cipta penulis dilindungi undang-undang hak cipta 1987.
Dilarang mengutip atau memperbanyak sebagian atau seluruh isi
buku ini dalam bentuk apapun kecuali atas izin penerbit.
Minangka kangge ngrembakakaken sastra Jawa, Balai Bahasa Yogyakarta ing taun 2002 ngawontenaken satunggaling kegiyatan ingkang kawastanan Bengkel Sastra Jawa 2002. Kegiyatan menika kawontenaken kaping sekawan, pendhak dinten Minggu ing wulan Juli 2002. Sedaya peserta saking Sekolah Lanjutan Tingkat Pertama sa-Kabupaten Bantul.
Kanthi wekdal ingkang sanget cumpen menika, kegiyatan Bengkel Sastra Jawa mligi nggegulang geguritan utawi puisi Jawa. Peserta kegiyatan dipunbimbing supados saged mahami, maos, lan latihan nyerat geguritan. Ing pungkasaning kegiyatan peserta kasil nyerat lan nglempakaken geguritan ingkang lajeng kaimpun dados satunggaling antologi asesirah Winih Semi.
Gegadhangan kita, kejawi minangka bukti kasiling peserta anggenipun nganggit geguritan, mugi-mugi buku antologi menika wonten paedahipun saengga saget nyengkuyung tuwuh lan ngrembakanipun sastra Jawa ing pamulangan-pamulangan.
Yogyakarta, Juli 2002
Kepala Balai Bahasa Yogyakarta
Drs. Suwadji
Salah satunggaling ikhtiyar kangge masyarakataken karya sastra Jawa lan ningkataken apresiasi sastra ing lingkungan generasi mudha, mliginipun siswa SLTP, Balai Bahasa Yogyakarta wiwit tahun 1998 ngawontenaken kegiyatan Bengkel Sastra Jawa.
Materi ingkang kapilih kangge ngisi kegiyatan Bengkel Sastra Jawa tahun 2002 menika awujud geguritan. Pramila peserta kaajak nggegulang geguritan supados mangertosi kados pundi cara-caranipun utawi teknik apresiasi (maos, mahami, lan nliti) lan ekspresi (nyipta, manggungaken). Salaminipun tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa, peserta dipunbimbing dening tutor ingkang gamben nggegulang babagan Apresiasilan ekspresi (Drs. Suwardi Endraswara, M.Hum., Dewi Astuti Nurlaila, lan Dhian Radwiyanto). Kagadhang peserta Bengkel Sastra Jawa 2002 nggadhahi kawigatosan dhumateng sastra Jawa, ingkang saged kabukten lumantar tuwuhipun puluhan geguritan anggitan peserta bengkel salaminipun tumut kegiyatan ingkang kakempalaken wonten ing antologi menika.
Perlu kawuningana bilih geguritan ingkang kamot ing antologi menika wonten ingkang dipun “wangun” utawi kasunting senaosa namung sekedhik, kanthi pengangkah supados langkung ngresepaken. Dene peserta ingkang nggadhahi bakat sae anggenipun nyipta geguritan, antawisipun Bekti Palupi (SLTP 2 [ Atur Sapala ]Kretek), Sihono (SLTP 3 Pajangan) lan peserta ingkang nggadhahi kaunggulan maos, antawisipun Latifa Khoirun Nissa (SLTP 1 Sanden), Febriana Candra Dewi (SLTP 1 Kretek), Pandu Asmara (SLTP 1 Srandakan), lan Titis Kurnia Putri (SLTP 1 Sanden).
Awit saking kegiyatan Bengkel Sastra Jawa 2002 ingkang lumampah kanthi rancak lan sae, semanten ugi kasil kacithakipun antologi menika, pramila kula aturaken panuwun dhumateng (1) Kepala Balai Bahasa Yogyakarta, (2) Kepala SLTP N 1 Sewon, Bantul, (3) MGMP Bahasa Jawa SLTP Kabupaten Bantul, (4) Drs. Suwardi Endraswara, M.Hum., (5) Dewi Astuti Nurlaila, (6) Dhian Radwiyanto, lan (7) sedaya peserta kalebet panitia ingkang kanthi ikhlas mbiyantu saha nyengkuyung lancaripun kegiyatan Bengkel Sastra Jawa 2002. Nuwun.
V. Risti Ratnawati
Halaman
CECALA |
4 |
ATUR SAPALA |
5 |
DHAPTAR ISI |
7 |
ANA SURYANINGSIH (SLTP 1 Kasihan) |
1 |
- Ibuku
- Pasrah
ANDI PRI HANTORO (SLTP Muh. 1 Pundong) |
3 |
- Nelangsa
- Pahlawan
- Bekti
- Kasmaran
- Paman Sam
BAYU HANDOKO (SLTP Muh. 1 Pundong) |
12 |
- Konang
- Guru
- Lintang
BETI MUSTIKA RINI (SLTP 4 Pandak) |
15 |
- Buku
- Banyu
- Pedhese Lombok
- Pari
BERL PALUPI (SLTP 2 Kretek) |
19 |
- Simbah Kakung
- Parangkusuma ing Wayah Bengi [ Dhaptar Isi ]
- Citra Pemimpin Reformasi
- Pemimpin kang Murka
- Panambang Pasir
- Pak Dhe
DANANG K. (SLTP 3 Lmogiri) |
25 |
- Kangenku
- Kanggo Negriku
- Tangi Saka Turu
DAWAMI (SLTP Muh. Kasihan) |
28 |
- Semut
- Lemut
DWI ASTUTI (SLTP 2 Kretek) |
30 |
- Kebluk
- Kendhil
- Mrica
- Peniti
- Gabah
- Slamet Donya Akherat
EFIT DORIYANA (SLTP 2 Banguntapan) |
36 |
- Ibu
- Transportasi
ENI WIDYANINGSIH (SLTP 1 Imogiri) |
38 |
- Wong Tuwa
- Guru
- Foto
- Wit Pari
ERLINA (SLTP 4 Bantull) |
42 |
- Candhi Prambanan
FEBRIANA CANDRA DEWI (SLTP 1 Kretek) |
43 |
- Irus
- Kursi [ Dhaptar Isi ]
GALUH ANDUKA SARI (SLTP 4 Pandak) |
45 |
- Tawon
- Adzan
- Lompong
IMAM WICAKSONO (SLTP 1 Bantul) |
48 |
- Kangen
- Kanca
- Balung
- Ilang
KARYATUN (SLTP YP Sanden) |
52 |
- Semut
- Aku
KUSNIYATI (SLTP 1 Sewor) |
54 |
- Guruku
- Ibu
- Narkoba
- Dosa
LATIFA KHOIRUN NISSA (SLTP 1 Sanden) |
58 |
- Udan
- Lilin
- Sapu Sada
- Gendheng
MULIWANTI (SLTP 1 Sewon) |
62 |
- Seneng Karo Susah
- Kembang Lan Tembang
NOVI TRI UTAMI (SLTP 1 Bambanglipuro) |
64 |
- Kardhus
- Nyinggung Ati
- Basaku
- Dedonga Kanggo Anakku
PANDU ASMARA (SLTP 1 Srandakan) |
68 |
- Semut
- Suling [ Dhaptar Isi ]
- Miras
- NN
PARIMAN (SLTP 2 Pajangan) |
72 |
- Sedhih
- Bingung
- Lintang
- Tangise Ibu
PRASI AJI RAHAYU (SLTP 1 Kretek) |
76 |
- Buku
- Udan
RAYI DENOK SUNESTI (SLTP 2 Bambanglipuro) |
78 |
- Wengi
- Jati Dhiri
- Kancaku
- Cawang
REFTINA KUSTYANING ASTIWI (SLTP 1 Pundong) |
82 |
- Angin
- Buku
- Iwak
- Cagak
RIAN ROSITA LUTFI (SLTP 1 Imogiri) |
86 |
- Kangen
- Mulih Sekolah
- Rodha
- Urip Iki
SIHONO (SLTP 3 Pajangan) |
90 |
- Semut-Semut Abang
- Kafir
- Indonesiaku
SUKMAWATIISETP 3 Pleret) |
93 |
- Adhiku
- Narkoba
- Golek Ngelmu [ Dhaptar Isi ]
- Guruku
- Pesisir Parangtritis
TITIS KURNIA PUTRI (SLTP 1 Sanden) |
98 |
- Srengenge
- Kangen
- Kancaku
- Aku
ZAINAL ARIFIN (SLTP 3 Pajangan) |
102 |
- Semut
- Donya
- Getih
- Dosa Kambil
- Narkoba
MAKALAH
SUWARDI ENDRASWARA |
113 |
- Kreativitas Ngripta Geguritan
- Langkah dan Mode! Mencipta Geguritan
DEWI ASTUTI N./DHIAN RADWIYANTO |
125 |
- Mari Bersama Membaca Puisi
BIODATA: PESERTA |
131 |
SLTP 1 Kasihan
IBUKU
oh ... ibuku kang daktresnani
nggulawenthah cilik nganti gedhe
ndhidhik nganti dadi bocah
kang pinter
ndonga wae marang Gusti
labuh labetmu oleh ganti
sakjroning wengi
wedi marang kang medeni
bingung ora ana kang nulung
lunga nanging ora kuwasa
manungsa bisane nglakoni
rasah sambat lan nggresah
pasrah lan taat marang Allah
SLTP Muh. 1 Pundong
NELANGSA
Ngrasakake urip ing alam donya
ati iki kaya diiris-iris
Bapa biyung wis tilar donya
Awan bengi tansah kelingan
Nalika Bapa dedongengan
Sedina rasane setaun
Donya iki wis kiamat rasane
O, Gusti Rajaning Raja
Mugi kepareng amelasana
Aparing tentreming nyawa
Kawula nyuwun kekuwatan
sarta pangayoming swiwi Paduka
Kamardikan ...
kang dadi tujuanmu
Nantang penjajah
kang malang kadhak ing tengahing rakyat Indonesia
kabeh lega lila
dene nyawa kang dadi rabuk
Tanpa pamrih anggonmu gegaweyan
Nglawan penjajah kang sumangkeyan
Kuwat lan digdaya
kang nlusup ing awakmu
Setya lan wicaksana
kang nlusup ing atimu
Bangsa kita para mudha
Tresna mring sasama
Berbudi bawa laksana
Sagung isi Pancasila
Tinanem telenging driya
Bekti ing Gusti yayah rena
Angurbanake jiwa raga
Kinarya labuh nagara
Oh nimas ...
aku iki sajak lagi nandhang kasmaran
awan bengi aku tansah kelingan sliramu
sliramu tansah dadi impenku
sliramu tansah dadi kangening atiku
apa iki kasmaran?
oh nimas ...
upama sliramu sekar
aku bakal dadi kumbang
upama sliramu Dewi Shinta
aku kang bakal dadi Prabu Rama
oh nimas ...
rupamu ayu pindha widadari tumurun bumi
kang gawe ati iki kapang
yen ora pethuk sedina,
rasane pengin, pengin, lan pengin ketemu
ora ana wanita sing taktresnani
kajaba kowe, nimas ...
asu
pancen asu nagara iki
ngrusak tata kramaning manungsa
saleksa cara digunakake
kanggo ngringkihake umat Islam
Afganistan tuladhane
nagara Islam kang dadi kurbane
puluhan ewu manungsa
mati syahid ing peperangan
dhuh Gusti kang Makarya langit bumi
tekakna siksa marang kang dur angkasa
paringa kuwat umat Islam
kang perang kanthi jihad fisabilillah
SLTP 2 Pajangan
LEMAH
Panggonan kang akeh gunane
anane kadadeyan panguripan
manungsa urip lan mati
Lemah ...
Ing wayah rendheng subur akeh banyune
Nanging wayah ketiga tandhus
Lemah ...
Tanpa ana lemah kita ora bisa urip
banget agung kang nyiptakake bumi
Gusti Kang Maha Kuasa
Pancen bener ...
Lampu luwih guna ing wayah peteng
Jaman biyen durung ana lampu kaya saiki
Arane mung lampu senthir
Lampu ...
Wis akeh wong-wong kang nggunakake
Padha dipasang ing omahe dhewe-dhewe
Lampu ...
Sorotane cahyamu
Madhangi pojok-pojok kamarku
Kepriye donya iki tanpa kowe
Lampu
PITIK
uripmu padha unpku
aku mbutuhake pangan, kowe uga
kowe ditetesake
aku dilairake
pitik, oh pitik
akeh kaluwihanmu tinimbang aku
sakwise netes banjur isa mlaku
senajanta melek durung sampuma
pitik ...
mundhak gedhe kowe golek pangan dhewe
kanggo kabutuhanmu
aku sing nyata luwih tuwa
durung isa golek pangan dhewe
pitik
ngapa umurmu sethithik?
wong padha ngliwati kowe
mlaku, numpak pit
uga montor
dalan
diwiwiti saka cilik banjur gedhe
padha karo aku
kadhang sepi, kadhang rame
dalan
pucuk lan bongkotmu saka ngendi lan tekan
ngendi?
SLTP Muh 1 Pundong
KONANG
Sepining wengi iki nambah asreping swasana
Bungahe angkup swarane pating slengkup
Gathuke wulu walang neng wit-witan
Ngeriking wulu gangsir kaya di iwir-iwir
Sedhihing atiku
Ora kaya bungahing konang
Nandhakake yen sliramu ora tau nandhang
sungkawa
Padhanging atimu sumebar mung kanggo awakmu
dhewe
Mabur mrana mabur mrene
Ora ana sing ngaruhake.
Cahyaning ati
Polahmu digugu lan ditiru
Pahlawan ilang tanpa pamrih
Jasamu sak dawaning jaman
Mula ...
Bektia marang guru
Kang dadi oboring pendidikan
Kang mandhegani pembangunan moral
LINTANG
cahyamu kemerlip
gawe tentreming ati
nalika aku nandhang sungkawa
kowe dadi tamba
saben weruh lintang kemerlip
aku kelingan Sang Hyang Widhi
SLTP 4 Pandak
BUKU
Saiki wis kelakon kekarepanku
Amarga ...
Buku akeh paedahe
Buku uga ndadekake oleh prestasi
bodho dadi pinter
Lan kanggo golek ngelmu
Buku ...
Saka jasa-jasamu
Aku dadi bocah kang guna
Kanggo bangsa lan negara
Uga dadi penerus bangsa
Buku ...
Kabeh padha mbutuhake
Kanggo nambah pengetahuan
Kanggo ngisi wektu sela
Karana maca
Amarga buku sumbering ngelmu
Wujudmu pancen katon sepele
Nanging kabeh mbutuhake
Amarga banyu mujudake
Salah sawijining kebutuhan pokok
Nanging akeh manungsa kang luput
Anggone nggunakake banyu
Saengga njalari ...
Lelakon kang ora becik
pirang-pirang dina
wus dakliwati
sedina kaya setaun
dakrasake ati iki tambah pedhes
nandhang kahanan kang ngenes
rasane ati hiwih pedhes
tinimbang lombok
pedhese lombok mung sedhela
nanging pedhese ati
suwe banget
ora bisa ilang tanpa tamba
yen ati iki bisa omong
bakal dakturuti apa panjaluke
nanging apa kang bisa taklakoni
kejaba nyuwun marang Gusti Kang Kuwasa
yen daksawang ...
kowe mung sawijining wit cilik
nanging yen dipikir kanthi nalar
kowe mujudake sawijining ngelmu
kanggo manungsa
kabotan isi kowe tansah ndhungkluk
pratandha rasa andhap asor
nanging yen manungsa
mung tansah ...
nggedhekake lan ngatonake kapinterane
yen kowe padha karo manungsa
kowe bakal dadi tuladha
tuladha becik tumrap manungsa
SLIP 2 Kretek
SIMBAH KAKUNG
Simbah kakung ...
Dina bakda ing surya Sawal
Aku isih sak pejagong
Ngendikane renyah ora ana tembung kang
nyalawadi
Guyon karo anak putune
Ana ing dalem kang sarwa prasaja
Simbah kakung ...
Surya Dulkaidah durung prapta
Atiku kaya sinendal mayang
Ana manuk dhandhang nyuwara ngrangin
Paweh warta kang nrenyuhake
Simbah wis sowan ana ngayunaning Pangeran
pinuju bengi wulan purnama
Sunaring rembulan ndadari jagad raya
bumi padhang kaya rina
tuwa mudha tirakat
manekung kang akarya jagad
Parangkusuma ...
seje papan katon sesawangan
wadon tanpa wilangan
gegojegan guyon sing sunaring rembulan
angin sumbribit hawa atis dadi sirna
gegawa bungah lan gembira
Parangkusuma ...
miturut para sepuh
limalas taun kepungkur
wulan purnama malem anggara kasih
katon edhum lan tintrim
saiki katon beda
trenyuh, prihatin, mangkel, anyel dadi siji
ngrasakake patrap lan trekahe
kudune ngayomi
sakmesthine ngayemi
kagadhang darbe rasa welas asih
mikirake lan ngiguhake kawula dasih
nanging ...
mung padha mikirake awake dhewe
padha rebutan kalungguhan
ngidak lan menyak kawulane
nggedhekake srakahe
nalika isih sehat
duwe pangkat dhuwur
ngemban negara
suwening suwe ...
jaman reformasi teka
kowe diprotes warga
amarga dhuwit negara
saiki kowe wis tuwa ...
lara-laranen malah arep dikunjara
kayadene Baiadewa ilang gapite
panambang pasir ...
swara adzan subuh durung keprungu
kowe ngucek mripat mlayu brabat
nututi swaraning trek kang nyemplung bengawan
bot-boting ngupaya sandhang boga
ngeruk inten ireng warihing bengawan
panambang pasir ...
nadyan pait getir dadi bogamu
tetep ora lali Hyang Widhi
manekung ngibadah sholat Subuh ing tengahing
bengawan
minangka bukti kasudibyanmu
klebu jaima pilih tandhing ngadhepi pacoban
nalika jaman semana
golek pangan rekasa
kowe nedya mbantu wong tuwa
golek iwak neng kali
Pak Dhe
suwening suwe
wektu saya mrambat
kowe nedya adus neng kali
nanging ...
kabeh wis dipesthekake Pangeran
kowe klelem neng kali jero ... jero ... lan jero
kabeh wong arep nulungi
ning wis kebacut keri
kowe sowan neng pangayunaning Widhi
SLTP 3 Imogiri
KANGENKU
Yen aku mbukak mripat iki
pengin aku weruh kowe
neng sepining dina, dina, dina, lan dina
kangenku sapa kang bisa marekake
kangenku mabur dhuwur, dhuwur, tanpa ukur
kangen .... ?
Aku, ora bisa ngerti
nanging kowe uwis lunga adoh
adoh-adoh tanpa jarak
ning beda donya
aku uga mung bisa
ngirim donga pambagya
donga kang adoh saka sampurna
Muga-muga kowe kekal neng swarga, Amin ....
Janjiku kanggo negriku
Janji kang ngabdi jiwa lan raga
Dwi warna tetepa ngibar neng dhadhaku
kanggo semangat juang pemudamu
Ing jaman kang wis merdika iki
ayo kanca bebarengan, ngisi pembangunan
Indonesia
tanah airku, aku ngabdi marang sliramu
Kanthi maton bebarengan ayo
sinau ing pawiyatan
kanggo masa dhepan kang gemilang
Sembribit angin kamardikan
pratandha tumuju nagara santosa
umurku tik... tok ... tik ... tok
sedina, seminggu, ... wis setaun
rungokna montor mabur kae
apa ya ora pengin tangi
metu, lan delengen sawah kae
delengen apa isih ana sing jembar
delengen lan rungokna apa lurung kae isih sepi
tangi, lan delengen kiwa tengenmu
tangi, donya uwis maju
gaweanmu ora mung turu
turu, mangan, turu, terus mangan
tik ... tok ... tik ... tok
nyekseni jaman uwis maju
tik ... tok... tik ... tok
SLTP Muh. Kasihan
SEMUT
nadyan awakmu cilik
warnamu warna-warni
yen awakmu dilarani
mesthi nesu
kaya dene manungsa
yen dilarani padha nesu
ket biyen awakmu
cilik ... cilik ... cilik banget
ora mundhak gedhe
semut
mlakumu baka sethitik
ora isa cepet
kaya dene wong sabar ora kesusu
kowe mabur ngalor, ngidul
kaya wong bingung
kowe mabur tanpa tujuan
waton mencoki awake manungsa
kowe nyokot manungsa
sing ora duwe dosa
malah kowe gawe lelara
lemut
kawit biyen kowe pancen
nakal ... nakal.., nakal banget
ora owah-owah
lemut
saiki jaman modheren
negara nggawe
obat ngilangake lemut
lemut saiki uripmu sengsara
kaya dene biyen manungsa
kok gawe sengsara
SLTP 2 Kretek
KEBLUK
wong kang kebluk
urip ing donya ora duwe kanca
saben dina mabuk-mabukan
akhlak gelis rusak
budine kaya kewan
ora duwe tatanan
kaya kebluk yen dinggo pendhak dina
cepet rusak dibuwang ora kalap
wong kang cepet rusak awake
ngangkat beras satus kilo
njunjung brambang karo tengah kwintal
apa ya ora sayah?
nanging kepiye maneh yen ora ngangkat
wong ora bisa urip
kaya wong adang tanpa kebluk
ora bakal mateng berase
urip kaya kendhil akeh senenge
awak singset kaya kendhil
awak alus kaya kendhil
kelap-kelip emas ing awak
lir kendhil kan katon menceling
urip lir kendhil cepet Jemune
Jlambe amba mangap ... mangap ... Mangap terus
apa-apa nyemplung
awak gelis lemu,
nanging ....
ya nyuda cuweran ing awak
kang metu saka lambe
oweh kang terus-terusan
eces kang ora leren
ora mandheg nganti asat
mrica ....
bocah cilik kang licik
bocah cilik kang nylekit
pedhes ing ati
kaya mrica yen kaklethak
pedhes ing lambe
mrica ....
bocah cilik kang elok
hocah cilik kang lantip
bocah cilik isa dadi tuladha
bocah cilik isa mulang kanca
lir mrica isa bumboni jangan sakwali
peniti ...-
mung dlusap-dlusup
golek nggon empuk
peniti hias
yen dianggo wanita
ditambah esem manis
adhuh ....
para pria langsung mendem
katambah dombiong
bingung mlompong
kepriye le arep omong?
aku tresna marang sliramu, cah ayu
peniti ....
yen nyoblos driji
langsung muni tulung-tulung
adhuh, iki Iho bryung
biyung bingung tetulung
gabah ....
gabah seglintir
katandur dadi secangkir
kanggo ngisi weteng klingsir
ora jeleh nganti kuping dawir
gabah ....
isa urip yen banyu agung
bisa urip yen dirabuk
isa-isa urip marga Kang Maha Agung
gabah ....
eman, yen kabuwang
kasebar ing plataran
dithotholi kewan umbaran
urip gembira ing kulawarga
urip rukun karo tangga
urip jujur neng negara
urip apik ana ing donya
urip ja pecicilan
numpak montor ja ugal-ugalan
nggawa layang montor manut aturan
rabakal kacegat polisi keamanan
urip ja kena godha
godha setan kang gentayangan
godha wong kang kurang ajaran
godha barang kang maksiyatan
ngaji saben sore, sholat saben dina
dermawan marang sapada-pada
tetulung marang kanca
donga marang Kang Maha Kuwasa
SLTP 2 Banguntapan
IBU
Ibu
Kowe sing nglairake aku
Sing nggedhekake aku
Sing ndhidhik aku
Supaya dadi bocah migunani
Kanggo bangsa lan negara
Ibu
Aku ora bisa mbales pangorbananmu
Aku mung bisa ngormati kowe
Tampanana bektiku iki
Matur nuwun ibu.
Jaman wis maju
Akeh alat transportasi moderen
Tranportasi darat, laut, lan udara
Eneng montor mabur
Sing bisa ngejak awak dewe nganglang
SLTP 1 Imogiri
WONG TUWA
Nalika kowe biyen isih cilik
Durung isa mangan lan ngombe dhewe
Sikil durung isa ngadheg jejeg
Bapak lan ibumu sing ngopeni
Ndulang ... ngombe ...
Isih diladeni
Banjur sakwise dadi wong gedhe
Omah apik, pangan keturutan
Turu neng kasur empuk mendhut-mendhut
Mangan nganggo iwak pitik
Umuk ... lali ...
Ora males marang wong tua
Duh, Gusti...
Kebangeten tenan!!!
Digugu lan ditiru
Nalika aku durung isa nulis
Nalika aku durung isa maca
Kanthi sabar lan teliti
Kowe mulang aku
Sakiki ...
Aku dadi wong gedhe lan pinter
Isa maca, isa nulis
Isaku amarga kowe
Guruku ...
Matur nuwun banget
foto ing tembok ngarep kae
ora beda karo aku
anteng, meneng, mingkem, ora isa ngapa-apa
kejaba mung ndeleng
sing ana ing ngarepe
aku uga ngono
ati iki nangis
ora ana kang gelem karo aku
ora ana kang gelem dadi kancaku
aku ana padha karo ora ana
senajan aku ora ana
ora ana uga Kang kelangan
urip iki ora beda karo pari
saya pinter saya ora umuk
beda karo wong bodho kaya kebo
saya bodho saya umuk
jan ... donya iki wis kuwalik tenan!
urip iki ora beda karo pari
sing gawe gatel
dirit, disebrak, dipepe, digiling
digodhog banjur dipangan
semono uga manungsa ala
sesuk mesthi tampa piwales
ing alam kana
SLTP 4 Bantul
CANDHI PRAMBANAN
Nalika aku lan kanca-kanca
dolan
Aku mampir papanmu
kang apik lan endah
Aku lan kanca-kanca
mubeng plataranmu
Candhi Prambanan ...
Senajan mung tumpukan watu
ora bisa taklalekake
tekan ilanging nyawaku
SLTP 1 Kretek
IRUS
irus
rupamu nengsemake
rupamu cemani kaya R. Gathutkaca
awakmu medhet cekelane
alus resik tur mencutake
irus yen dolan akeh kancane
warna-warna mitrane
yen mlumah dicedhaki kancane
yen dibukak jebul jangan isine
irus
apa iku sejatine?
saben wong kepengin ndarbeni?
amarga akeh pigunane
pira regane irus
nganti ora ndarbeni
ndadak ngreka lan masang-masangi
irus barang kang aji
ana irus kayu, digawe nganti lunyu
kang nggunakake ngguya-ngguyu
jalaran kang nduweni ibu
irus ...!
pira regane kursi
nganti ora ndarbeni
ndadak ngreka lan masang-masangi
supaya ora ngawistarani
yen akeh pasangan eri
ana kursi kayu
diplitur nganti luyu
kang nglungguhi ngguya-ngguyu
jalaran tase muncu-muncu
ana kursi wesi
krasa atos yen dilungguhi
mula ora ana kang ngrusuhi
sepira ajine kursi
nganti rebutan andarbeni
kowe lan aku ora butuh weruh wewadi iki
jalaran mokal bisa nggenteni
sepira regane kursi
dene nganti ditumbal-tumbali
Tawon ...
Wujudmu dhisik medeni
Bareng wis metu swiwimu kuwi katon apik
Gawe kesengsem atine wong akeh
Tawon ...
Gunamu kanggo manungsa akeh banget
Upamane kowe ngingsep sarining kembang
Kowe mbiyantu produksine kembang mau
Supaya bisa ngasilake kembang sing luwih apik
Tawon ...
Anggonmu sesolah ngalor-ngidul, ngulon-ngetan
Agawe seneng atine wong sing ngewasake
Oh... tawon kowe akeh gunane
Adzan ....
Katon kumandhang swara adzan ing mejid
Wong-wong katon tanggap, banjur menyang mejid
Nindakake salat limang wektu kang wajib
Adzan ....
Adzan panggilaning salat kanggo sapa wae
Kanggo nglebur dosa lan
Nyembah sing gawe urip lan patining manungs@
Supaya tentrem neng donya lan akhirat
Amin .....
wit lompong akeh gunane
kanggo gawe kerajinan
tas, wadhah regetan sapanunggalane
nanging banyu kang netes ing godhonge
mesti mlayu mrana-mrene
pratandha kowe ora duwe kapercayan dhiri
ganjarane dibabati, dipepe dianam, dieret-eret
diguntingi
rekasane kang ora nduweni kapercayan dhiri
SLTP 1 Bantul
KANGEN
Kangen
Aku kangen marang sliramu
Aku kangen karo rupamu
Kangen
Kangenku wis ora bisa ditambani
Kangenku wis ora bisa ditutupi
Ta, mas...
Wis suwe kangenku sumimpen
Wis suwe aku ngenteni tekamu
Mung ... potretmu sing tak sawang
Mung ... rupamu sing tak impekke
Kanca
Dina-dina tak liwati karo kowe
Dina-dina mesthi ana aku lan kowe
Ora ana padu kang nggangeu
Ora ana dina kang tak liwati tanpa kowe
Kanca
Neng endi kowe saiki
Tak goleki rana-rana ora ana
Kanca muga-muga kowe
Tansah andum slamet
saka Gusti kang Maha Welas
BALUNG
balung ...
nasibmu ora beda karo aku
yen wis ilang daginge dibuwang dinggo rebutan
asu
semono uga aku ...
yen wis ora duwe utek banjur dibuwang
kapan aku bisa uwal
saka brebeging donya iki
isih kelingan nalika kowe pamitan
isih krasa larane nalika kowe mblenjani
katresnanku
durung mari laraning ati
dhuh Gusti ...
kaya mengkene larane katresnan diblenjani
kaya mengkene larane ati dilarani
mung panjalukku
kowe ora nglalekake aku
saben dina kowe kerja
ngalor... ngidul ...
ngulon...ngetan...
golek pangan karo kanca.
kaya uripku ing ndonya iki
ngalor.... ngidul....
ngulon.... ngetan....
golek pangan kanggo kulawarga
aku metu
nalika metu aku bebarengan
tes ... tes ... tes ...
aku mili ana ing kalen-kalen ing pipi
nalika tekan ngisor
aku tiba ana lemah
banjur mlebu ing selaning lemah
GURUKU
Pendhak dina kowe menehi ilmu
Tanpa ngarep-arep balesan muridmu
Kowe kuwi panuntun anggonku mlaku
Neng endi aku kudu mlangkah maju
Guruku,
Neng endi kowe ana neng kono taktemoke ilmu
Piwulangmu aku ngerti
Kanggo sangu dina ngarepku
Guruku,
Keikhlasanmu nggugah atiku
Kowe kuwi pahlawanku
Kowe kuwi ngudhari rubedku
Sangang sasi aku neng njero wetengmu
Pirang taun anggonmu ngrawat aku
Kowe nuntun aku neng dalan kang bener
Supaya sesuk gedhe aku ora keblinger
Ibu,
Aku njaluk pangapuramu
Ora bisa bekti marang awakmu
Nalika kowe isih urip ing donya iki
Ibu,
Aku ora bisa mbales apa-apa
Aku mung bisa manjatke donga
Kanggo katentreman ibu ing alam kana
Hei kanca
aja nganti kejlungup
aja nganti kegeret
ing donya kang ireng
dinamu isih dawa
aja nguciwake wong tuwa
tumindakmu nemtokake nasibmu
aja keblinger ing donya ora bener
narkoba,
setan iki ngrusak jiwa ragamu
setan iki mateni kanca-kancamu
aja nyoba barang haram iki
tumindakku ing donya iki
ora nguciwake atiku
jangkahku manut karepku
ora ana sing bisa nglarang
nanging saiki
aku eling
wis nguciwakake wong tuwa
aku wis nguciwakake kulawarga
dhuh Gusti
nyuwun pangapura
ora bekti lan nglakoni
prentah-Mu
dosaku tumpuk undhung
ngluwihi uripku
mung siji kekarepanku
njaluk pangapura-Mu
ing mangsa ketiga
kowe ditunggu-tunggu
tekane
ing mangsa rendheng
kowe ndadekake banjir
ing ngendi-endi
Udan
Apa kang dadi
kekarepanmu?
Lilin
wengi iku
nalika listrik mati
aku nggunakake kowe
kanggo madhangi anggonku sinau
Lilin
pangurbananmu akeh banget
kowe ikhlas menawa awakmu diobong
supaya bisa kanggo pepadhang
Lilin
Menawa kowe bisa omong
apa kang arep kok omongake
Lilin
apa aku bisa kaya kowe?
sapu sada
saka bonggol blarak
kang duwe sipat beda
nanging padha rukun
bisa kanggo reresik latar
sapu sada
kena apa manungsa
ing donya iki
ora bisa kaya kowe
manungsa padha ora rukun
gawehane mung padudon
sapu sada
apa manungsa
ora isin marang kowe?
Panggonanmu ing ndhuwur
Nanging kowe ora gumedhe
Kowe padha kumpul dadi siji
Ngleksanakake kang dadi tugasmu
Dadi pengayome sakisi omah
Yen awan
Kowe kepanasan
Yen bengi
Kowe kadhemen
Yen udan
Kowe kudanan
Tugasmu pancen rekasa banget
Nanging kowe ora tau sambat
seneng susah cobane Gusti Allah
wong ora bisa nyegah
aja tumindak grusa-grusu
supaya ora kleru
seneng lan susah
seneng amarga sugih
susah amarga kere
kabeh wis ana dalane
ora sah dipikirake
sing penting usaha lan dongane
kembang minangka lambang
lambang wewangen paringane Gusti Allah
ora beda lagu lan tembang
kang bisa nyenengke ati
kembang liwat rupa
tembang liwat swara
tembang endahing swara
akeh kang tresna
tuwa mudha
gedhe cilik
kere lan wong sugih
kabeh bisa nembang
KARDHUS
kowe bisa kanggo apa-apa
bisa kanggo wadhah sakwernaning barang
mligine kanggo wadhah pacitan lan sega
nanging emane digawe saka kertas
apa kardus ora ana sing saka seng
kardus saka kertas, cepet suwek nek kena banyu
kardus saka seng tetep awet merga atos
nanging, ya rapapa pancen wis jinise
kabeh barang duwe kaluwihan lan kekurangan
Watake wong kampung jati
satiti ngati-ati
wohing Jawa woding jati
tresna mring janmi sesami
bawa leksana berbudi
lega lila trusing sakeh janji
bekti Gusti gagah kulbi
basaku, sira dadi kancaku
kancaku, leluhurku, kancane bangsaku
aku susah, sira dadi palipurku
aku bungah, sira guyuku
aku turu, sira kang nunggu
aku ngimpi, sira kang ngancani
basaku, basaku, basa Jawa
sira kang lara-lara, siningkang-singkang
lelabuhanmu, sirna ilang
aja sumelang, aja semelang aku kang tumandang
aku setya, tetep dadi pamong mitra
ayo kanca, ayo kanca
acancut tali wanda
ngleluri, memetri kanca sutresna basa Jawa
basamu, basamu, basane bangsamu
basane leluhurmu
yen kowe nyawang langit
mbulane wis dadi pucet kaya mayit
birune langit sansaya klawu
anakku aja dadi bocah umuk
kuwat-kuwatna kaya woh
atos-atosa kaya watu
alas-alas kae bakal dadi plastik
kali-kali bakal mili racun
awang-awang kabong kaya bolong
kuwat-kuwatna anakku
ombak-ombak kang anggawa mala
bisa ngapyuk sapa wae
mula sing puguh atimu
mengko akeh wong kang kelangan atine
Uripmu ora beda karo uripku
Saben dina golek pangan kanggo kulawargamu
Nyukupi kabutuhan sandhang lan papan
Supaya uripmu tansah entuk katentreman
Wengi iki sansaya peteng
Wis...
Wis pedhoten anggonmu nyuling
Ora kuwat rasaning atiku
Krungu swara sulingmu
kurang ajar
kowe pancen kurang ajar
dosamu ora bisa diampuni
wiwit biyen nganti saiki
wiwit jaman Jepang nganti jaman Reformasi
kowe tetep dadi mungsuh nagara iki
wis ...
wis cukup anggonmu nyilakakake manungsa
amarga kowe manungsa saya sawiyah-wiyah
marga kowe manungsa lali marang sing Kuwasa
lali marang sing nyiptakake langit lan bumi iki
miras kowe pancen...asu
kowe madhangi ati iki
ati sing mbiyen peteng dadi padhang
ati sing mbiyen lungkrah lesu dadi sumringah
kowe uga pituduh dalanku
yen aku kleru
aku ...
aku ora bisa urip tanpa kowe
kowe tansah tak impi-impi
saben lingsir wengi
rasa iki ora bakal sirna
saka bumi
Ing sawijining ngarep omah
Ana wong wadon
Sirahe rada tumungkul
raine pucet, sedhih
Amarga dheweke ditinggal ibune
pirang-pirang taun durung bali
Dheweke ya mung bisa ndonga
Supaya ibune cepet bali
lan slamet tekan ngomahe
Awak kesel
Ati panas
ngalor ngidul
kaya wong edan
turu rasane angel
pikiran ora karuan
panggonmu ing langit
kelap kelip
nyenengke ati
cemlorot saka kadohan
disawang kaya adohe
lintang ...
uripmu ora beda kaya manungsa
nanging saiki donya wis rusak
akeh manungsa lali karo sing Kuwasa
lintang...
kowe gawe endahing langit
kowe gawe senenge ati
kowe pancen swargane manungsa
banyu sing mili saka udan
beda karo sing dirasakake ibu
banyu sing mili saka mripat
mertandhani kelara-lara atine
wolung sasi ibu mbobot
ditinggal bapak nyambut gawe
seprono seprene ditangisi
supaya cepet bali, banjur didongani
Buku iku sumbere ilmu
Saben dina dakwaca
Kareben aku pinter
Ora ketinggalan
Ing jaman modheren
Buku wis dadi kancaku
Sinau iku kuwajibanku
Dadi ...
Buku iku penting
Kena kanggo sinau
Wong-wong akeh sing ngguwangi buku
Nanging kowe
Aja tiru-tiru
Udan
Udan iku jare rezeki
Nanging arang-arang jebule
Nggawa kasangsaran
Pancen...
Nek cilik dadi kanca
Nek gedhe dadi musuh
Nanging, aku nganggep udan iku rezeki
Amarga mangsa ketiga
Akeh wit-witan padha alum
Nek ora disirami
tengah wengi aku tangi saka impenku
hawa adhem njejet dakrasakake
jebul wayah jam loro
aku ora ngerti
tangi ana kahanan sepi
atiku krasa sedhih
aku takon marang awakku
arep ana apa ing wengi anyep iki
atiku tambah bingung
mikirke kahanan wengi iki
saktenane ...
sapa aku iki
kena apa bisa tekan donya iki
aku ora ngerti
saben dina ngalor ngidul ...
golek ilmu
nanging sesuk ...
saktenane arep dakenggo ngapa
aku takon marang sapa
apa marang awakku dhewe...
aku kudu takon
kowe pancen kanca akrab
kanca kang ngerti aku
kancaku ....
susah sedhih ngancani aku
seneng aku duwe kanca kowe
nanging ....
saiki kowe nglungani aku
embuh isih kelingan apa ora marang aku
sing mesthi aku tetep kelingan marang sliramu
kowe teka tanpa kandha
cawang
kowe ngreged-ngregedi papan
ndadekake aku nesu temenan
cawang.
enggala lunga
saka kene papan
aku suthik weruh regede papan
saka tumindakmu
Sembribit krasa ana sakiwa tengenku
Gawe tentrem rasaning ati
Uga, gawe ngantuk mripat iki
Angin ana ing sakkupenging jagat
Lan angin ana ing saktengahe kahuripan
Ing alam donya iki
Buku ditata kanthi rapi
Ana pirang-pirang lembar
Wernane putih
Ora ora werna liyane
Ya mung ketok garis-garis sing ngatur buku iku
Saupama bumi iki kaya buku
Putih..., pucet ...
Kapiye kahanane?
Mesti ketok kaya ora ana kahuripan
Kang ngrenggani bumi iki
iwak kuwi ana werna-werna
iwak kuwi bisa dijangan
saupama dijangan
dicemplungake santen panas
kaya manungsa kang akeh dosane
mlebu neraka
kena panasing geni neraka
omah, mesthi ana cagake
yen cagak pengkuh
mesthi omah bisa pengkuh
kaya dene agama
yen imane pengkuh, agamane mesthi pengkuh
nanging yen imane ora pengkuh
agamane ya ora pengkuh
Aku kangen
Kangen banget....
Sing tak tunggu
Kok ya durung metu
Adhuh ibu .....
Kapan olehku bisa ketemu
Wus sewindu
Olehku nunggu sliramu
Apa, ibu wis lali karo aku?
Aduh, gek kepriye iki?
Aku wis rakuwat maneh
Gek, muliha ta, Bu...!!
Mulih sekolah, awakku lungkrah
mlebu ngomah e .....
Lha kok pating blangkrah
Ana apa iki?
Pitakonku ing manah
Dhag dhig... dhug..
Swara getering jantungku
Pak!
Bu!
Mbak!
Celukku
Ora ana sautan
Aku tambah dheg-dhegan
Gek, padha neng ngendi ta?
e... lha ujug-ujug
ana swara ...
Cekikak
cekikik ...
Gek, sapa kuwi
Ngerti-ngerti
Selamat ulang tahun!
Mak jenggirat, atiku entek
Bapak, ibu, mbak ayu
Kabeh padha sumeh
Aku uga
Aku isih bingung
Aku mung bisa mlongo
Tak eling-eling
tanggal pira ta iki
e ... alah!
Lha rakya saiki ulang tahunku!
uripku kaya rodha
kang mubeng
kadhang kala neng dhuwur
kadhang kala neng ngisor
semono uga uripku
kadhang seneng
kadhang susah
nanging,
ora mung uripku wae
urip iki ya mung kaya rodha
iya ta ...
banyu warnane werna-werna
urip warnane uga werna-werna
susah, seneng
abang ijoning urip
banyu iku dalane werna-werna
urip dalane uga werna-werna
lurus, nggronjal
dalane urip
banyu iki mili mubeng
urip uga mili mubeng
manungsa mesthi bali
bali neng asale
neng ngarsaning sing duwe urip
pancen,
urip iku werna-werna
kaya ili lan wernaning banyu
Semut-semut abang
Wujudmu cilik, irit-iritan
Ngalor ngidul ngulon ngetan golek pangan
Gawe seneng wong sing nyawang
Semut-semut abang
Lakumu nggremet alon-alon
Nanging mesthi
Ora golek perkara kang mbebayani
Aja pisan-pisan kowe ngganggu semut kuwi
sajroning wengi, aku mikir
apa donya iki mung kanggo dolanan
apa donya iki mung kanggo neka-neka
wong-wong ing donya iki,
wus kaya ora duwe prikamanungsan
ora enom ora tuwa, kedanan rajabrana
nikmating donya
kabeh digayuh ora jujur
nyolong, nyopet, njambret
saiki pancen jaman kewalik-walik
wong wadon mung kanggo dolanan
kulawarga mung kanggo sampiran
kabeh uwal saka agama
ora nggubris wulanganing Kuwasa
wong wus padha edan
apa wong ora mikir
bakale sesuk diwales
kabeh mau saka godhaning setan
rikala semana, Indonesia dijajah Walanda
bapa, ibu, anak, putu nandhang sengsara
kabeh dirampas kanthi peksa
kayadene manuk kelangan susuh
nanging saiki
Indonesia wus merdika
misuwur ing njaban negara
saka lelabuhane para warga
saiki sarwa cumepak
kabeh rasa syukurku marang Gusti
kang paring kamardikan
dhuh Gusti,
muga bangsa Indonesia
dadi bangsa gagah prakosa
nrejang sakabehing bebaya
tetep langgeng dadi negara
Yen ngelingi tangisanmu
Ngelingi kenakalanmu
Aku dadi kelingan elikanmu
dolanan ing latar cah loro
Dina wis ganti dina
Taun wis ganti taun
Kowe saya gedhe
Pikiranmu uga ora kaya cah cilik maneh
Adhiku
Mesti kowe wis gedhe
Aku tetep sayang karo kowe
Kaya dek isih bayi
Narkoba ora ndedawa nyawa
Nanging bisa gawe ilanging nyawa
Akeh bocah cilik kelangan masa depan
gara-gara salah golek kanca
Piwelingku para generasi muda
Aja nganti kaseret pergaulan bebas
Mundak cilaka donya akhirat
Mula enggal elinga lan tobata
ngelmu iku ora gampang tinemune
gampang kanggo para siswa
kang tlaten lan sregep sinau
sregep menyang sekolah
mempeng nggarap tugas
lan ngelingi piwelinge wong tuwa
guwang rasa wegah, ras arasen ing batin
golek ngelmu iku kanthi nyanding buku wacan
saka maca buku wacan kita tambah pinter
mula ngelmu iku kudu digoleki terus
mesthi tekan negara Cina
lan sak butule nyawa
Saben esok tekan sore
Anggonmu mulang marang anak dhidhikmu
Ora mbedakke sing sugih karo sing kere
Mulang kanthi sabar lan telaten
Guruku...
Jenengan mboten nyawang panas napa udan
Kango mbangun bangsa lan negara
Kanggo mujutake cita-cita anak bangsa
Jenengan mulang mboten pamrih
Guruku...
Matur nuwun dening jasa-jasanipun
Ingkang sampun diwenehake kula
Jenengan mulang mboten pamrih
Mboten ngarepaken napa-napa
Aku krungu swara ombak
Sing lagi ngantem watu karang
Ketok gumludhug swarane
Kaya nyanyian alam
Neng saubenge pesisir Parangtritis
Aku weruh wit krambil
Sing dhuwur banget
Kaya gambaran alam
Ketok apik pesisir parangtritis ing wayah sore
Sing jembar, apik lan permai
Ciptaan Tuhan ingkang Maha Kwuasa
Kanggo kabeh makhluk sak kabehing donya
Peteng..., peteng
Peteng ora weruh dalan
Kuwi sing ana neng atiku
Padhangana
Padhangana atiku iki
Kareben bisa weruh
Weruh dalan kang padhang
Dalan menyang kebecikan
Sepi ana ing awakku
Ana ngendi sliramu
Aku pengin ketemu
Karo kowe cah ayu
Ana ngendi sliramu
Aku pengin enggal ketemu
Kancaku
Kowe sing paling ngerti
Menawa atiku lagi sepi
Dadiya srengenge
Sing isa madhangi atiku
Kancaku
Kowe pancen kanca sing paling apik
Yen kowe segara
Aku uyah
Ora kena dipisah
Kancaku
Aja nganti tali iki pedhot
Amarga aku ora duwe
Kanca sejati maneh
urip iki kaya banyu kali
nalika lair
aku kaya banyu bening
kang metu saka sumber
saya suwe
banyu saya reged
kaya awake dhewe
saya tuwa
saya akeh dosane
dhuh Gusti,
apuranen aku
supaya bisa mlebu
ana ing papan-Mu
SLTP 3 Pajangan
SEMUT
Uripmu tansah rukun
uripmu tansah tekun
nyambut gawe bebarengan
ngapa-ngapa bebarengan
Semut
Nengapa uripku
Nengapa uripe warga
ora bisa kaya kowe
Semut
Anane mung tansah ribut
Anane mung tansah gawe
Semut
Awakmu pancen cilik
Nanging gedhene
gotong royongmu
ora ana sing nandhingi
Mbiyen kowe katon seger
Mbiyen kowe ijo royo-royo
Mbiyen lemahmu subur
Mbiyen kalimu bening
Nengapa saiki
Ijomu ilang
Suburmu ilang
Beningmu ilang
Alas-alas padha kobong
Lemah padha rusak
Kali-kali kena limbah
Saiki mung kari
Alas-alas gundhul
Kewan-kewan kang kari balung
kowe ngisi awakku
mili ing kali-kaline awak
ora tau leren
ora tau asat
mili ana ing jantungku kang panas
mili ana ing ati kang panas
yen kali mau bedhah
banjur kowe muncrat
kowe mutah saka raga
kepriye nasibe awak iki
kepriye aku
yen kadosan kaya kambil
ngadhepi pasiksan kang abot
diuntir saka gagange
ditibakake saka uwite
bareng tekan ngomah
kulite disumbat
digepuk
dicukili
isih kurang trima
diparut
diperes
banjur digodhog
Dhuh Gusti
paringa pangapura
aja kaya kambil
urip ing naraka
ora lanang ora wedok
ora enom ora tuwa
ora sugih ora mlarat
kabeh padha ketaman
ketaman kasangsaran
kasangsaran donya akherat
amarga kowe akeh wong nekat
amarga kowe akeh penjahat
amarga kowe jiwa raga kesrakat
pungkasane urip kelangan nyawa
ngicipi naraka
Dhuh Gusti
abot pacoban-Mu iki
aku ora bisa polah
mung nyenyuwun
marang Sliramu
kang Maha Kuwasa
(Suwardi Endraswara)
A. Tetepungan Karo Puisi Jawa
B. Dhedhasare Gawe Geguritan
D. Cakrik Geguritan
(4) platonik, geguritan sing isi babagan kejiwan utawa spiritual.
(5) metafisikal, geguritan sing filosofis.
(6) konkrit, geguritan visual (poems for the eye)
(7) diafan, geguritan sing polos
(8) peteng, geguritan sing angel dingerteni.
(9) pamlet, humor, demonstrasi, unjuk rasa.
(10) dramatik, geguritan wujud wawan rembug.
(11) xenia, geguritan sing isine pakurmatan. [ 119 ]A. Enam-M: Langkah Menulis Geguritan
1. Melatih tanggap sasmita
2. Menangkap Ilham
3. Memunculkan kata "pertama"'
4. Mengolah kata
5. Memberi Vitamin
gunung kang kebak sesuketan
nyebar ayat-ayat ketriwal
nyendhal iman kang saya nglamat
Apakah olahan demikian itu sudah bervitamin?
Kalau belum, kita “suntik” multi-vitamin apa, coba?
6. Menyeleksi kata
Dewi Astuti Nurlaila
PENGANTAR
Pernahkah teman-teman membaca puisi? Pernah dan
belum, begitulah kira-kira jawaban dari teman-teman.
Tulisan sederhana ini sengaja kami beri judul Mari Belajar Bersama Membaca Puisi karena pada hakikatnya, kami sama seperti teman-teman, yakni sedang dalam taraf belajar: belajar memahami, menghayati, sekaligus mencintai puisi. Meskipun kami duduk di depan, bukan berarti kami yang paling tahu. Teman-teman boleh memberi kritik, bertanya, membetulkan, atau bahkan menyanggah. Untuk itu, tidak perlu ada perasaan takut, rendah diri, malu atau yang lainnya, karena sekali lagi kita akan belajar bersama.
Nah, sebelum kita berbicara lebih jauh tentang bagai-
mana membaca puisi yang baik, mungkin ada dari teman-
teman yang bertanya: puisi itu apa? Menurut kami, semua orang boleh mendefinisikan puisi. Atau kalau kita mau, kita tidak perlu mencari secara pasti definisi puisi. Seperti yang dikatakan B. Rahmanto dalam makalahnya "Memahami Puisi dengan Membaca Puisi": untuk dapat menikmati puisi, sebenarnya tidak perlu mengetahui definisi puisi. Sama halnya jika kita menikmati musik, untuk apa kita pusing-pusing mempersolkan apa musik itu. Hanya para ilmuwan sajalah yang suka berkelahi mengenai terminologi. Di samping itu, secara nalar terminologi tidak pernah dapat sanggup bertahan, dan apalagi mewadahi segenap kepentingan. Terminologi selalu berubah sepanjang zaman. [ 126 ]PEMBACAAN PUISI
Berikut ini ada 2 puisi Jawa atau yang at kenal dengan geguritan, silakan teman-teman mencoba membacanya.
Andika Zhena Fahmi
Sampun tetela nalika abad-abad kapungkur
Bangsa Indonesia kajajah walanda
Sampun kathah rakyat ingkang tilar donya
Sedaya rila, supados Indonesia mardika
Ludira ingkang tumetes wonten sarira
Usapen sedaya lelara
Supados saged cancut mbela bangsa
Ngalahaken durjana walanda
Saiki Indonesia sampun mardika
Indonesia mardika, rakyat sentosa
Kamardikan kedah kajaga, dibelani
Karana paringipun Gusti Kang Kuwasa
Ratmaeda sarastry
<poem>
Mripatku teles, kena banyu
Beda karo atiku sing panas
Kasatan banyu
Atikt nangis nandhang lara
Nanging
Lara, lara dudu lara raga lumrah
Iki lara sing bisa agawe tangising atiku
Lara ati
Rasane banget lara
Kang ora bisa sinaput ing tangis,
Tangis iku mokal gawe tentrem ati sing lara iki
- Amarga lara ati
- Rasane, banget lara, lara ati, pancen lara kepati
Bagaimana perasaan teman-teman ketika membaca
geguritan di atas? Biasa saja atau ada perasaan lain yang
teman-teman sendiri tidak mampu mengartikannya?
Baiklah. Sebenarnya ada beberapa hal yang harus kita
perhatikan apabila kita ingin membacakan sebuah puisi
atau geguritan dengan baik.
Dalam berolah sastra orang mengacu pada tiga segi pokok, yakni tafsir atau interpretasi, penjiwaan atau penghayatan, dan teknik penyampaian. Ketiganya tidak saling terpisah melainkan saling berhubungan dan saling menyiratkan.
Segi Tafsir atau Interpretasi
Pada segi tafsir atau interpretasi, pembaca puisi atau deklamator menggunakan segenap pengetahuan, kecerdasan, dan juga imajinasi untuk mencerna dan memahami suatu puisi. Hanya setelah seorang pembaca puisi ‘mengetahui’ maksud, buah pikiran, dan kandungan pengalaman batin yang ingin dikemukakan oleh penyair barulah terbuka peluang baginya untuk menyuarakan puisi dengan patut. Maka dapat diduga bahwa syarat awal untuk menjadi pembaca puisi yang baik mencakup keluasan pengetahuan dan kegemaran untuk menggunakan pikiran maupun kecerdasan. Keluasan pengetahuan dan ketajaman pikiran itu kemudian diarahkan dan diabdikan untuk menjalin komunikasi dengan penyair meiaiui puisi yang ditulisnya. Akan tetapi, puisi tidak hanya perlu ditafsir dan dipahami seperti karya-karya seni lain {lukis, tari, musik, pementasan teater}, puisi adalah sesuatu untuk dialami dan dihayati secara pribadi. Tentu saja Penghayatan atau penjiwaan ini berkaitan erat dengan tafsir tadi. Ungkapan lain yang biasa digunakan adalah pembaca puisi harus menjiwai puisi yang dibacakannya. [ 128 ]Penghayatan atau Penjiwaan
Dalam masalah penghayatan ini yang dituntut dari seorang pembaca puisi adalah menangkap suasana suatu puisi secara utuh dan tidak terpenggal-penggal. Selain itu, pembaca puisi mutlak memiliki kerelaan berbagi rasa dengan penyair yang menulis puisi yang dibacakannya. Artinya, membaca puisi bukanlah kegiatan memperalat suatu puisi untuk melampiaskan emosi-emosi pembaca puisi sendiri.
Dengan demikian, jelas bahwa membaca puisi bukanlah pertama-tama adu keras suara, adu ngotot, atau adu gaya aneh-aneh. Menyuarakan dan memanggungkan puisi sebenarnya adalah kerja menggunakan kecerdasan, kerja mengolah kepekaan batin, dan kerja pengakraban terhadap pengalaman kemanusiaan kita sendiri yang diimbaukan oleh karya sastra khususnya puisi. Setelah ada ‘isi’ yaitu tafsir dan penghayatan, setelah kita berhasil ‘menciptakan puisi’ kita sendiri berdasarkan dan dalam puisi yang hendak kita bawakan, barulah kita berhadapan dengan tugas penyampaian tafsir dan penghayatan itu kepada publik. Di sini barulah kita hadapi soal-soal yang menyangkut teknik penyampaian.
Teknik Penyampaian
Teman-teman pernah mendengar nama WS. Rendra atau Taufik Ismail? Pernah melihat mereka membaca puisi? Masing-masing orang mempunyai gaya atau teknik penyampaian sendiri-sendiri. Teknik penyampaian ini sendiri sebenarnya membutuhkan latihan dan kerja keras atau kemauan yang tinggi untuk terus belajar. Latihan teknik penyampaian meliputi: latihan vokal, latihan pernafasan, dan latihan konsentrasi atau meditasi.
Latihan vokal adalah latihan untuk mempertajam atau memperjelas artikulasi. Bisa dimulai dengan latihan pengucapan huruf-huruf vokal, misalnya: aaaaa, iiiii, uuuuu, eeeee, 00000, eeee. Selain pengucapan panjang, [ 129 ]bisa juga dilakukan dengan pengucapan vokal secara pendek-pendek. Selain vokal perlu juga teman-teman berlatih membedakan konsonan da dengan dha atau ta dengan tha.
Selanjutnya adalah latihan pernafasan. Latihan ini bisa dimulai dengan cara: ambil nafas panjang dari hidung lalu tahan di bagian perut kira-kira 3 hitungan lalu dikelurkan secara perlahan-lahan dan lembut melalui mulut. Pernafasan yang kita gunakan adalah pernafasan perut dan bukan pernafasan dada.
Latihan berikutnya adalah latihan konsentrasi atau meditasi. Konsentrasi mutlak diperlukan apabila kita sedang menyampaikan atau membaca puisi di depan publik. Pada kesempatan ini saya akan mengajak teman-teman berlatih konsentrasi dengan cara: ambil sikap duduk bersila, punggung dalam posisi tegak, dagu tidak menunduk dan pandangan lurus ke depan. Selanjutnya atur nafas, tenang, lalu secara perlahan-lahan pejamkanlah mata. Latihan konsentrasi ini membutuhkan kenyamanan dan ketenangan. Maksudnya, sikap duduk yang diambil adalah yang paling enak sehingga tidak menimbulkan kesemutan atau gangguan-gangguan lainnya. Pada tahap konsentrasi ini, kita bisa menggabungkan kedua latihan lainnya. Misalnya sambil memejamkan mata, kita ambil nafas panjang, tahan lalu hembuskan. Atau cara lain setelah mengambil nafas panjang, hembusan nafas diikuti dengan mengeluarkan vokal ataupun bergumam hemmmmm.
Nah, demikian yang bisa kita pelajari bersama dalam kesempatan ini. Sangat sedikit memang. Semoga, setelah
pertemuan ini, teman-teman dan juga saya tentunya tidak pernah berhenti untuk belajar, belajar, dan belajar. Karena hidup ini sendiri belajar bukan? Salam sastra: sejuta bunga sehangat matahari [ 131 ]BIODATA PESERTA
BENGKEL SASTRA JAWA 2002
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Ana Suryaningsih kelairan tahun 1989, peneripun rikala tanggal 10 Maret ing Bantul. Siswi kelas II SLTP 1 Kasihan menika ngrasuk agami Islam. Ningsih ingkang hobi maos sawernaning buku menika ugi mboten ngiwakaken maos majalah-majalah Jawi senaosa namung kadhangkala amargi mboten lengganan Jayabaya utawi Panyebar Semangat. Ningsih ingkang dedalem wonten Senowo, Argorerejo, Sedayu, Bantul numpak angkutan umum tumuju Jalan Wates 62, Ngestiharjo, Bantul, papan pasinaonipun. Ningsih manggih pengalaman enggal rikala tumut Bengkel Sastra Jawa, kejawi menika tambah kathah ugi tepanganipun.
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Putra kelairan Klaten tanggal 10 Januari
1988 menika gadhah nama Andi Pri Hantoro. Andi salah satunggaling murid SLTP Muhammadiyah 1 Pundong ingkang aktip tumut kegiyatan mesjid. Saben enjing murid kelas III menika sesarengan kaliyan kanca-kancanipun bidhal saking Biro, Seloharjo, Pundong, Bantul tumuju sekolahipun ing Blali, Seloharjo, Pundong, Bantul. Pendhak dinten Minggu Andi sre-
gep voli utawi bal-balan kaliyan kanca-kanca sabarakanipun.
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Ari Setyaningsih kelairan Bantul tanggal 21 Maret 1989, ngrasuk agami Islam.
Kangge Ari tembung geguritan mboten narik kawigatosanipun babar blas. Namung
sareng kadhawuhan makili sekolah supados tumut Bengkel Sastra Jawa, Ari kepeksa nyagahi (ajrih guru pembimbing mesthinipun). Siswi SLTP 2 Pajangan kelas II A menika dangu-dangu tuwuh gregetipun nyinau geguritan sareng tumut
bengkel sastra Jawa. Senaosa damel gurit menika angel
sanget tumrap Ari, namung piyambakipun mboten purun
kalah kaliyan peserta sanes. Usahanipun pendhak dinten
Minggu saking griya Pajangan, Triwidadi, Pajangan, Bantul dumugi SLTP 1 Sewon mboten muspra. Ing pungkasan kegiyatan Bengkel, Ari kasil damel geguritan. Salajengipun Ari badhe nyritakaken pengalamanipun nggladhi geguritan dhumateng kanca kelasipun ing Pajangan, Triwidadi, Pajangan, Bantul.
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Bayu Handoko kelairan Bantul tanggal 28 April 1988 menika nggadhahi cita-cita dados ustad. Bayu kalebet murid ing SLTP Muhammadiyah 1 Pundong. Bayu remen
rengeng-rengeng lagu dhangdhut lan kasidah sadanguning mlampah saking griyanipun Blali, Seloharjo, Pundong, Bantul tumuju papan pasinaonipun ing Blali, Seloharjo, Pundong, Bantul, senaosa pendhak sonten remen olahraga bal-balan, nanging salat lan ngaji mboten nate katalompen. Hobinipun maca buku saged minangka modhal anggenipun nyobi damel geguritan salaminipun tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Bayu rumaos mongkog saged neter kesagedanipun maos geguritan. [ 133 ]| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Beti Mustika Rini kelairan Bantul tanggal 25 April 1988. Putri ingkang sregep salat menika sekolah ing SLTP 4 Pandak. Saking dalemipun Bongeran, Gilangharjo, Pandak tumuju papan pasinaonipun Ngaran, Gilangharjo, Pandak, Bantul, Beti dipunteraken tiyang sepuhipun. Beti ingkang dereng mangertos bab puisi Jawa, remen sanget tumut Bengkel Sastra Jawa.
Kejawi saya tambah tepangan, Beti rumaos manggih pengalaman enggal damel geguritan lan ajar maos gurit. Murid kelas III A menika saged nyegahaken keahlianipun nari rikala penutupan bengkel.
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Bekti Palupi kelairan Bantul, tanggal 27 Mei 1989. Siswi kelas II B SLTP 2 Kretek menika remen sanget tumut Bengkel Sastra Jawa. Saben Minggu Bekti Palupi sregep ndhatengi kegiyatan nggegulang
geguritan. Usahanipun wau kasil, piyambakipun kalebet peserta Bengkel ingkang nyipta guritan sae, kepara dados juara. Putri salehah ingkang sregep ngaji menika
dedalem ing Kretek, Parangtritis, Kretek, Bantul. Saking dalem dumugi sekolah ing Parangtritis, Kretek, Bantul, Mbak Bekti dipunteraken tiyang sepuhipun. Putri lencir ingkang nggadhahi hobi maos sawernaning buku menika sampun kasil nganthongi prestasi sagudhang, kadosta (1) Juara II Lomba Bidang Studi Matematika, Tingkat SD se-Kabupaten Bantul, (2) Juara III Lomba Siswa Teladan Tingkat SD se-Kabupaten Bantul, ugi (3) Juara I Lomba Tartil Alquran Tingkat SD/SLTP se-Kecamatan Kretek, Bantul. Pengalaman enggal ngremenaken ugi karaosaken Bekti Palupi, nalika kagladhi bab maos geguritan dening pembimbing Bengkel Sastra Jawa. [ 134 ]Danang Kumorojati kalebet jaka ingkang gagah inggil, senaosa radi cemeng. Mas Danang lair ing Bantul, tanggal 27. Juni 1987. Jaka menika sregep dhateng mesjid lan nggadhahi hobi maos buku crita, mliginipun crita detektif. Kangge nambah kawruh, Danang kepingin mangertosi jagading wacan sastra Jawa saengga ketarik manahipun rikala guru dhawuh tumut Bengkel Sastra Jawa. Salajengipun pendhak Minggu saking Siluk I, Selopamioro, Imogiri, Bantul, Danang nyegat bus umum tumuju SLTP 1 Sewon saperlu pitepangan kaliyan geguritan. Siswa SLTP 3 Imogiri kelas III A menika bidhal tumuju sekolahanipun ing Lanteng, Selopamioro, Imogiri, Bantul mawi kendharaan piyambak.
Dawami lair ing Bantul, tanggal 30 Desember 1987. Piyambakipun sregep ngaji menika ugi nggadhahi hobi pencaksilat. Saengga rikala latihan vokal ing Bengkel Sastra Jawa. Dawami mboten kangelan jalaran sampun kulina. Siswa SLTP Muhammadiyah Kasihan menika bidhal sekolah ing Senggotan, Kasihan, Bantul numpak kendharaan umum, semanten ugi wangsulipun. Piyambakipun nembe minggah kelas II menika alamatipun ing Gesikan, Panggungharjo, Sewon, Bantul. Tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa kalebet pengalaman enggal, mekaten pangudaraosipun. Radi kangelan ugi Dawami damel geguritan, lan nembe sepisan menika nggegulang puisi Jawa. Bab maos geguritan, Dawami kirang remen ugi. Ingkang baku jejaka menika sampun purun nyobi tetepangan kaliyan puisi Jawa. [ 135 ]Dwi Astuti, putri Bantul kelairan tanggal 23 Oktober 1987. Salah satunggaling murid SLTP 2 Kretek, Bantul, kelas III B menika ngrasuk agami Islam. Mbak Dwi ingkang nggadhahi hobi mirsani TV menika, sadhar bilih piyambakipun kedah saged njembaraken wawasan ingkang gegayutan kaliyan pasinaonipun. Pramila rikala dipundhawuhi guru pembimbing supados tumut Bengkel Sastra Jawa, Mbak Dwi purun nilar sekedhap acara-acara TV dinten Minggu ingkang sae-sae kala wau, saperlu pitepangan kaliyan geguritan. Salajengipun margi rutin saking ndalemipun Samiran, Parangtritis, Kretek, Bantul tumuju sekolah ing Parangtritis, Kretek, Bantul, wiwit tanggal 7--28 Juli 2002, pendhak dinten Minggu kaputer tumuju dhateng SLTP 1 Sewon.
Efit Doriyana kelairan Yogyakarta, tanggal 30 Juni 1989. Siswi kelas II C SLTP 2 Banguntapan, Bantul, remen sanget saged dherek Bengkel Sastra Jawa amargi nembe sepisan menika saged nggegulang bab geguritan. Saking Plumbon RT 11/15, Banguntapan, Efit numpak bis umum tumuju SLTP 1 Sewon, Bantul, pendhak dinten Minggu supados saged ngleluri bab sastra Jawa. Siswi ingkang sregep salat menika saben bidhal sekolah. ing Karangsari Wetan, Banguntapan, Bantul, ugi mawi bis umum. Keremenanipun maos, sanget migunani anggenipun nyobi ngasah otak nyipta geguritan. [ 136 ]Eni Widyaningsih remen sanget maos buku, surat kabar, cerbung, utawi novel. Namung piyambakipun dereng nate nggepok senggol bab geguritan utawi puisi Jawa. Pramila rikala dipundhawuhi guru pembimbingipun saking SLTP 1 Imogiri, Eni lajeng nyanggupi, jer kepingin sanget mangertosi kados pundi kiprahipun kegiyatan Bengkel Sastra Jawa menika. Putri Bantul kelairan tanggal 21 Juli 1988 menika sregep ngibadah salat. Dalemipun ing Demen, Sriharjo, Imogiri, Bantul kathah koleksi buku crita. Eni ingkang minggah kelas II C tumuju papan pasinaonipun ing Pos Imogiri, Imogiri, Bantul mawi kendharaan umum.
Erlina Puji Rahayu murid SLTP 4 Bantul menika ngrasuk agami Islam. Pendhak dinten sregep bidhal saking Deresan, Ringinharjo, Bantul tumuju ing pamulanganipun wonten Jalan R.A. Kartini 46, Jebugan, Bantul kanthi pangajeng-ajeng saya tambah dinten saya tambah seserapanipun. Kabukten Erlina kapilih makili sekolah tumut Bengkel Sastra Jawa supados tambah pepak ilmu gegayuhanipun. Murid kelas III B menika lair 13 Maret 1988 ing kitha Bantul ugi. Senaosa keremenanipun olah raga basket, namung Erlina kapilut ugi nggegulang bab geguritan.
Febriana Candra Dewi setunggaling murid ingkang sregep lan pinter ngaji. Putri cemeng alit lan manis menika sampun nggadhahi prestasi kathah, antawisipun nate dados (1) Juara I Pidato Bahasa Indonesia Tingkat Kabupaten, (2) Juara I Baca Puisi ing Sekolah, lan (3) Juara I Pidato Bahasa Indonesia. Febri remen maos sawernaning buku, kejawi menika ugi nggadhahi hobi ngegulang tari. [ 137 ]Pramila mboten wonten wekdal ingkang kangge nganggur. Menapa malih sareng tumut Bengkel Sastra Jawa, Febri saged ningkataken bakatipun maos geguritan. Putri ingkang kendel menika nggadhahi tanggal kelairan 14 Februari 1989 ing Bantul. Siswi kelas III A SLTP 1 Kretek menika saking dalemipun Gading, Donotirto, Kretek, Bantul tumuju sekolah ing Donotirto, Kretek, Bantul mawi kendaraan umum.
Galuh Anduka Sari, putri Bantul kelairan tanggal 8 Februari 1988. Putri ingkang sregep ngaji menika sekolah ing SLTP 4 Pandak. Galuh ingkang remen nari, rumaos mongkog saged nggadhahi wekdal tumut Bengkel Sastra Jawa. Galuh ngakeni bilih pengalaman nggegulang puisi Jawa wonten remenipun senaosa radi angel amargi dereng kulina. Murid kelas III A menika bidhal saking Patran, Gilangharjo, Pandak, Bantul dumugi sekolah ing Ngaran, Gilangharjo, Pandak, Bantul numpak kendharaan piyambak. Galuh ugi remen neter lan majengaken bakatipun saengga nate dados juara III Pidato se-Kecamatan. Putri lencir manis menika remen sanget tetepangan kaliyan kanca-kanca sabarakan ing Bengkel Sastra Jawa. Tumrap peserta Bengkel ingkang badhe nglajengaken reraketan pasedherekan kaliyan Galuh kaaturan ngebel HP 081 5688 1179.
Imam Wicaksono, putra kakung ingkang kalairaken ing Bantul rikala tanggal 22 Agustus 1988. Jejaka soleh ingkang sregep netepi kewajiban minangka umat muslim menika dedalem ing Jalan P. Senopati, Karasan, Palbapang, Bantul. Ingkang kepengin pitepangan saged muter telepon 367373. Pasinaonipun wonten SLTP 1, Jalan R.A. Kartini 44 Jebugan, Bantul, Telepon 367319. Murid ingkang nembe minggah klas II A nggadhahi hobi maos crita-crita, mliginipun bab lelembut. [ 138 ]Karyatun satunggiling wanita lairan 2 Maret 1987 menika sekolah ing SLTP YP Sanden. Hobinipun masak kapeksa radi kapunggel sekedhap rikala tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa pendhak dinten Minggu saking tanggal 7--28 Juli 2002. Karyatun remen sanget saya jembar wawasanipun. Kejawi saged maos geguritan, Karyatun ugi lajeng mangertosi penggurit-penggurit moncer ingkang tansah nggegulang sastra Jawa. Pengalaman enggal ingkang ngedab-edabi rikala kapurih damel geguritan langkung saking setunggal. Saking pengalaman wau, Karyatun pitados bilih piyambakipun saged nyipta gurit sae menawi sregep latihan nyerat. Salaminipun tumut Bengkel, saking griyanipun ing Genting, Tirtomulyo, Kretek, Bantul, Karyatun numpak bus umum tumuju SLTP 1 Sewon, semanten ugi menawi bidhal sekolah ing Sanden, Murtigading, Sanden, Bantul.
Kusniyati kelairan Bantul, tanggal 17 Agustus 1987. Putri lencir cemeng menika ngrasuk agami Islam. Saking griyanipun ing Sudimoro, Timbulharjo, Sewon, Bantul dumugi sekolah ing Jalan Parangtritis km 7 Sewon, Bantul. Kusniyati sarengsareng kaliyan kancanipun. Siswi SLTP 1 Sewon menika nggadhahi hobi maos. Namung piyambakipun ngakeni bilih dereng nate maos majalah Jawa. Kejawi mboten ketarik ugi radi rekaos maosipun. Menapa malih kaliyan pengarang-pengarang Jawa, babar blas mboten mangertos. Siswi kelas III E menika kraos adhem ayem kemawon tumut Bengkel Sastra Jawa. Namung dipun akeni bilih salaminipun tumut kegiyatan bengkel, Kusniyati lajeng saget medharaken kasisahan saha kabingahanipun wonten gurit anggitanipun. [ 139 ]Latifa Khoirun Nissa, putri salehah kelairan Bantul rikala tanggal 7 Desember 1988. Latifa ngakeni bilih dereng nate nggepok senggol kaliyan puisi Jawa. Pramila rikala kapilih guru pembimbingipun supados tumut kegiatan Bengkel setunggal wulan, Latifa kesengsem lan remen manahipun. Latifa saya mantep tumut kegiyatan Bengkel amargi mboten ngganggu pasinaonipun, jer kegiyatan wau namung pendhak dinten Minggu. Putri ingkang saya manis mawi krudhung menika dedalem ing Kurahan, Murtigading, Sanden, Bantul. Saben tumuju sekolah ing Murtigading, Sanden, Bantul, Latifa mlampah piyambak. Dene rikala tumut kegiyatan Bengkel, Latifa bidhal numpak kendaraan umum. Siswi SLTP 1 Sanden kelas II menika pranyata nggadhahi bakat unggul pentas ing panggung. Kelantipan lan kekendelanipun akting maos geguritan sayektos damel sengsem, kabukten dados juara maos guritan rikala kegiyatan bengkel. Latifa ngakeni bilih kathah sanget paedahipun tumut Bengkel Sastra Jawa saengga saya ageng krentegipun tumut lomba maos geguritan sawayah-wayah.
Muliwanti putri ingkang remen maos buku-buku crita roman. Putri Bantul, kelairan tanggal 29 Oktober 1987 menika ngrasuk agami Islam. Saking griyanipun ing Kweni, Panggungharjo, Sewon, Bantul, Muliwanti numpak bus umum tumuju sekolahanipun ing Jalan Parangtritis km 7 Sewon, Bantul. Muliwanti remen sanget makili SLTP 1 Sewon tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Siswi kelas III menika dados saged mangertos caranipun maos lan damel gurit ingkang sae. Gegadhanganipun, Muliwanti kepingin sanget baut nyipta guritan. Pramila, piyambakipun krenteg sregep latihan ngantos dados penggurit moncer. [ 140 ]Novi Tri Utami minangka siswi SLTP 1 Bambanglipuro, Bantul kapilih makili se-kolahanipun kangge tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Putri Yogya kelas II C kelairan tanggal 17 November 1988 menika ngrasuk agami Islam. Saking dalemipun ing Grogol, Carikan, Mulyodadi, Bambanglipuro, Bantul, Novi saben dinten tumuju Nglarang, Mulyodadi, Bambanglipura, Bantul saperlu nggayuh ilmu. Novi ingkang remen olah raga voli menika rumaos saya tambah seserapanipun bab geguritan sasampunipun kagladhi ing Bengkel Sastra Jawa.
Pandu Asmara, satunggaling jejaka kelairan Bantul rikala tanggal 7 Juni 1988. Piyambakipun ngrasuk agami Islam. Murid SLTP 1 Srandakan menika ugi mempeng ngregengaken kegiyatan mesjid, mbimbing adik-adik sinau ngaji wonten TPA. Pendhak enjing saking Jalan Srandakan RT 05/RW 52, Trimurti, Srandakan, Bantul griyanipun, Bayu bidhal sekolah nyengklak kendaraan umum tumuju Nengahan, Trimurti, Srandakan, Bantul. Pakulinan mabuk tumrap lare enem sanget dipungethingi Bayu. Kangge ngedalaken uneg-uneging manahipun wau, Bayu nyobi damel gurit ingkang paring pemut dhumateng generasi mudha agenging bebaya saking tuak utawi minuman keras. Kangge njembaraken wawasan anggenipun dados muslim, Bayu remen tumut ceramah utawi diskusi rohani Islam. Pengalaman enggal salaminipun tumut kegiyatan Bengkel kejawi tambah kanca enggal, ugi saya pinter maos gurit. [ 141 ]Pariman kelairan Bantul, tanggal 9 Mei 1988, ngrasuk agami Islam. Siswa SLTP 2 Pajangan II A menika sregep ngaji wonten mesjid. Pendhak enjing kaliyan kanca sabarakanipun, Pariman mlampah saking griya Pajangan, Triwidadi, Pajangan, Bantul tumuju sekolahanipun ing Pajangan, Triwidadi, Pajangan, Bantul. Sewau Pariman gojag-gajeg rikala dipundhawuhi gurunipun tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Namung sareng mangertos kathah rencangipun saking se- kolah-sekolah sanes ingkang ketarik tumut kegiyatan Bengkel, Pariman dados kesengsem ugi. Pariman ingkang nggadhahi sipat lingsem dados malih kendel salebetipun tumut kegiyatan Bengkel. Kepara saged dados peserta ingkang terkenal lucu lan lugunipun. Pariman ugi ngakeni pikantuk pengalaman enggal ndamel lan maos geguritan ingkang dereng nate babar blas dipunlampahi.
Prasi Aji Rahayu, lenggah ing Gading, Lumbung, Donotirto, Kretek, Bantul kaliyan tiyang sepuhipun. Putri kelairan Bantul, rikala 24 April 1989 menika ngrasuk agami Islam. Siswi kelas III A SLTP 1 Kretek, Bantul menika nggadhahi keremenan maos. Dipunakeni ugi bilih Prasi dereng nate dipunwuruk bab geguritan wonten sekolah. Pramila piyambakipun remen sanget nampi kalodhangan tumut Bengkel Sastra Jawa. Menapa malih dipunwulang ugi bab kadospundi maos guritan ingkang sae. Tumuju sekolahipun ing Donotirto, Kretek, Bantul, Prasi bidhal sareng kanca-kancanipun. [ 142 ]Rayi Denok Sunestri ingkang dedalem ing Kaloran, Sidomulyo, Bambanglipuro. Putri Bantul kelas III C menika lairan tanggal 30 Juni 1988. Denok sregep salat lan remen ngaji. Siswi SLTP 2 Bambanglipuro menika mesti dipunteraken bapakipun menawi bidhal sekolah ing Plebengan, Sidomulyo, Bambanglipuro, Bantul. Denok ugi remen nguri-uri kabudayan Jawa, mliginipun bab tari. Namung piyambakipun ugi kepingin nggegulang sastra Jawa, kadosta geguritan. Pramila, Denok remen sanget kapilih makili sekolahipun tumut Bengkel Sastra Jawa. Pranyata hobinipun nari saget kangge ngregengaken acara penutupan Bengkel Sastra Jawa. Denok ugi ngrumaosi bilih piyambakipun kedah tansah sregep latihan supados ketrampilan ugi kekendelanipun nari lan maos guritan saya sampurna.
Reftina Kustyaning Astiwi satunggaling putri ingkang mboten nglirwakaken bab seni lan kasusastran Jawa. Reftina saya mongkog rikala guru sekolah dhawuh tumut kegiyatan Bengkel kangge nyinau bab puisi Jawa, jer dereng nate tumut babar pisan. Putri Bantul kelairan tanggal 13 Juli 1989 menika ngrasuk agami Islam. Salajengipun kanthi niat ageng Reftina bidhal saking griya, Tangkil, Srihardono, Pundong tumuju SLTP 1 Sewon, pendhak dinten Minggu ngantos tanggal 28 Juli 2002 saperlu nggegulang puisi Jawa. Siswi kelas II B SLTP 1 Pundong ing Panjangrejo, Pundong, Bantul menika kalebet mempeng kepengin mupuk hobinipun nari lan nguri-uri kabudayan Jawa srana sregep tumut lomba-lomba senitari utawi lomba macapat tingkat sekolah. [ 143 ]Rian Rosita Luthfi, siswi SLTP 1 Imogiri ing Pos Imogiri, Imogiri, Bantul. Rian remen sangat ngempalaken prangko-prangko, menapa malih ingkang saking manca negari. Siswi kelas III E ingkang nembe sepisan nggladhi geguritan menika, rumaos manggihaken pengalaman enggal ing Bengkel Sastra Jawa. Putri kelairan Bantul, 22 Mei 1988 ingkang ngrasuk agami Islam, dedalem ing Garjoyo, Imogiri, Bantul.
Sihono lairan Bantul tanggal 7 Maret 1988. Jejaka ingkang remen plesir menika, ngakeni bilih tumut Bengkel Sastra Jawa, manggih pengalaman enggal. Piyambakipun lajeng radi lancar medharaken gagasan-gagasan bab panggesangan ing salembar gurit. Saking griya, Butuh Lor, Triwidadi, Pajangan dumugi Krebet, Sendangsari, Pajangan, papan pasinaonipun, Sihono nyengklak bus. Murid kelas III B SLTP 3 Pajangan menika ngrasuk agami Islam. Pengalaman utawi gagasanipun Sihono samenika mboten namung kawedharaken lumantar coretan-coretan gambar kados kala wingi, nanging tambah dados gurit-gurit ingkang endah.
Sukmawati lairan Bantul nalika tanggal 16 Januari 1988. Putri kelas III C menika ngrasuk agami Islam. Sukmawati sekolah ing SLTP 3 Pleret. Saking dalemipun ing Klaron, Segoroyoso, Pleret, Bantul dumugi papan pasinaonipun Jembangan, Segoroyoso, Pleret, Bantul, Sukmawati numpak kendaraan umum. Sukmawati ingkang nggadhahi hobi maos, rumaos pepak pengalamanipun salebetipun ndherek kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Kejawi saged sinau maos geguritan, piyambakipun dados kendel nyobi damel geguritan. Sukmawati ugi lajeng mangertosi tokoh-tokoh ingkang gamben damel crita cekak utawi crita landhung, ingkang dereng nate dipunsumerepi. [ Cover ]Tangan
Mbokmenawa
tanganku kinodrat kanggo nyenyadhong.
ketara yen nggegem kemancing mati
Tanganku adoh saka kuping
mula tan krungu swara ngrerintih.
Tanganku adoh saka mripat
mula tan weruh pawongan ngalumpruk.
Tanganku adoh saka ati
mula tan darbe rasa asih.
Mbokmenawa
tanganku manuh diugung
ketara yen nabok
nyilih tanganing liyan.
Helaja waton muni
obahing tangan gambaraning ati!
(Djaimin K.)