Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 9
BAB 9 UNINE SANDHANGAN TALING TARUNG
[besut]( SWARA O )
1. Tumrap wanda menga aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda, kayata :
- ꦲꦺꦴ ꦮꦺꦴ ꦱꦺꦴ ꦭꦺꦴ
- ho wo so lo
b. Wanda wekasan, kayata :
- ꦱꦶꦤ꧀ꦪꦺꦴ ꦔꦱꦺꦴ ꦧꦺꦝꦺꦴ ꦉꦧꦺꦴ
- sinyo ngaso bedho rebo
c. Purwane tembung telung wanda, kayata :
- ꦏꦺꦴꦫꦮ ꦭꦺꦴꦢꦪ ꦧꦸꦠ ꦭꦺꦴꦕꦪ
- korawa lodaya buta locaya
d. Sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane wulu utawa suku, kayata :
- ꦏꦿꦺꦴꦝ ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴꦗ ꦧꦺꦴꦝꦺꦴ ꦲꦺꦴꦫꦺ
- krodha semboja bodho ore
e. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung, kayata :
- ꦚꦺꦴꦤ꧀ꦪꦃ ꦏꦺꦴꦗꦸꦂ ꦏꦺꦴꦩꦸꦏ꧀ ꦏꦺꦴꦔꦱ꧀
- nyonyah kojur komuk kongas
2. Tumrap ing wanda menga aswara miring, manawa dumunung ing :
a. Wanda ing sangareping wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu lan suku, kayata :
- ꦠꦺꦴꦥꦶ ꦩꦺꦴꦫꦶ ꦮꦺꦴꦭꦸ ꦏꦺꦴꦭꦸ
- topi mori wolu kolu
b. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling tarung, kayata :
- ꦕꦺꦴꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀ ꦏꦿꦺꦴꦝꦺꦴꦁ ꦏꦺꦴꦥꦾꦺꦴꦂ
- coplok krodhong kopyor
3. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga lan mawa sandhangan swara taling atawa taling tarung.
- ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺ ꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺ ꦧ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴ ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴ
- kondhe ngombe blondho conto
b. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasankang uga sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung, kayata :
- ꦥ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦛꦁ ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦁ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦛꦶꦠ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺ
- plonthang komplang konthit kondhe
c. Wanda wekasan kang sigeg banjur oleh panambang a a, , an an\ , kayata
- ꦕꦏꦺꦴꦠ꧀ cakot ( o miring)
- ꦕꦏꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ꧀ cakottan ( o jejeg )
- ꦚꦏꦺꦴꦠ꧀ꦠ nyakotta ( o jejeg )
d. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg kang banjur oleh panambang a a utawa an an\ kayata :
- ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀ rontog ( o miring)
- ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀ꦒ rontoga ( o jejeg)
- ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀ꦒꦤ꧀ rontogan ( o jejeg )
4. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, yen dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda, kayata :
- ꦭꦺꦴꦂ ꦢꦺꦴꦩ꧀ ꦩꦺꦴꦃ ꦭꦺꦴꦃ ꦗ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀
- lor dom moh loh jlog
b. Wanda wekasan, kayata :
- ꦲꦢꦺꦴꦃ ꦧꦧꦺꦴꦤ꧀ ꦲꦤ꧀ꦗ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀
- adoh babon anjlog *)
*) katrangan : aksara Jawa ora kena tumpuk telu.
c. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, kayata :
- ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧ ꦤꦺꦴꦁꦏ ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿ ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ
- amba nangka candra randha
- ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦕ ꦠꦺꦴꦩ꧀ꦧ ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ ꦗꦺꦴꦁꦒ
- kanca tamba tandha jangga
- ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ ꦭꦺꦴꦁꦏ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝ ꦩꦺꦴꦁꦱ
- ganda langka kandha mangsa
Taling-tarung ing dhuwur iku lumrahe diarani TALING-TARUNG PALSU. Diarani mangkono, jalaran yen tembunge rinaketan panambang apa bae, taling-tarung iku banjur ILANG ; kajaba yen dipanambangi ꦲ. Tuladhane :
- ꦏꦚ꧀ꦕ+ꦏꦸ (ꦩꦸ꧈ꦤꦺ꧈ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦲꦶꦫ꧈ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀)
- ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸ (ꦏꦚ꧀ꦕꦩꦸ꧈ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ꧈ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫ꧈ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀)
- kancaku (kancamu, kancane, kancanipun, kancanira, kancaningsun )
d. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan swara saliyane taling utawa taling tarung, kayata :
- ꦗꦺꦴꦁꦏꦶ ꦏꦺꦴꦁꦱꦶ ꦠꦺꦴꦁꦏꦶ
- jongki kongsi tongki
e. Wanda sigeg aksara irung sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan swara pepet utawa taling-tarung , kayata :
- ꦱꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀
- sonten konten lombok
- ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦁ ꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦾꦺꦴꦏ꧀ ꦥ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦱ꧀
- lonthong gombyok plonthos
- ꦧꦿꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦱ꧀ ꦏꦿꦺꦴꦤ꧀ꦕꦺꦴꦁ ꦧꦿꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁ
- brongkos kroncong brondong