Menyang kontèn

Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi

Saka Wikisumber
[ 1 ]
WAWATONING KAWROEH TOEWIN PASINAON
GENDING DJAWI.
Dhéning: Ki Hadjar Dewantara.

dh = ꦢ​ ____ th = ꦛ

I. Wigatosing Gending.

  1. Pasinaon gending poenika boten namoeng perloe kanggé ngoedhi kawroeh saha kasagedhan gending kémawon, nanging wigatos oegi kanggé toe woehing gesang kabatosan, awit tansah nenoentoen dateng raos kawiraman ( rhythmisch gevoel ), kadhosta : raos édhi roentoet, patoet, titi, pratitis, tetep, tatag, antep, mantep spn; poenapa dhéné anggegesang raos kasoelistyan {aesthetisch gevoel), kadhosta: raos édhi, péni, resik, éndhah, aloes. loehoer. bening spn.; kadjawi poenika oegi ngijataken toewin ngeningaken raos kasoesilan, (ethisch gevoel), kadhosta: raos aloes, soetji, lebet, santosa, djedjer, gadah prabswa. mandiri, boedhipakarti, raos gesang-bebrajan spn. ( Kasboet ing wawarah Soeltan Agoengan toewin piwoelanging para sardjana Kilénan),
  2. Ing tanah Djawi katjarijos para pandita lan wali sami anggatoseken dateng kagoenan gending, malah kathak ingkang sami toemoet ambangoen wawangoenan gending toewin kidhoeng ( Soenan Kalidjaga, Soenan Giri, Seri Soeltan - Agoeng Iss.). Makaten oegi ing tanah Kilénan para manggalaning agami toewin gridja (para paus lan pandita) sami ngetjakaken dhaja- prabawaning gending, minongka pambikaking raos kabatosan (religieus gevoel ), poenapa dhéné minongka pangasahing boedhi (karaktervorming) ingkang adedasar landeping tjipta, aloesing rasa toewin kijating karsa.
  3. Ing djaman samangké para ahli kaboedhajan perloe sanget anggatosaken pasinaon gending kanggé para moeda, boten namoeng margi ingkang sampoen kaseboet ing ngadjeng, nanging oegi réhning djedjering gending Djawi poenika jektos pantjén édhi miwah loehoer, pantes dhadhos boesananing bongsa ingkang kinaot. Kadjawi ingkang makaten, raos anggadahi kagoenan adhiloehoeng makaten saged dhamel mantep toewin moernining raos kabangsan (superioriteitsgevoel ).

II. Dedasar Kasardjanan.

  1. Djedjering kawroeh gending Djawi ing djaman sapoenika, dhéréng roedjoek kalijan kawontenaning djaman toewin alam kasardjanan; tjara-tjaraning pasinaon taksih kina, inggih poenika dhéréng adedasar wawaton
[ 2 ]ingkang tjekap miwah absah ( wetenschappelijk); pamanggih-pamanggih toewin tjara-tjaraning pasinaon waoe kadang-kadang sami tjetjengkahan, margi sami nganggé dasar pijambak-pijambek ingkang amoeng awewaton raos toewin dhoegi-dhoegi, sarta kerep gandoelangoegon-toehon, Ingkang makaten poenika ambingoengaken para ingkang badé sinaoe, satemah dhamel moendhoering kagoenan gending Dijawi.

5. Kawroeh gending ingkang adedasar kasardjanan, boten namoeng badé anggampilaken pasinaonipoen, nanging oegi badé saged ngekahaken djedjering gending Djawi toewin anggesangaken, margi badé saged njirnakaken samoekawis tjentjangan, ingkang sarwa njrimpoeng lan ngribeti lampah (sleur, verstarring ); mardhikaning gending Djawi temahan badé saged njaékaken, ngadjengaken saha anambah kaloehoeraning kaboedhajan bongsa.

6. Sadhaja tjara toewin lampahing pasinaon (systeem lan methode) makaten kedhah asipat leres lan gampil (praktisch).

Kanggé njekapi dapoekan kawcoeh toewin pasinaon gending Diawi, langkoeng roemijin kedhah kasoemerepan wontening 3 prakawis:

a. sapinten lebet-djembaring kagoenan gending Djawi;

b. isi saha peprintjéning gending Djawi, sarta kadhos poendhi sesambetaning sadhaja peprintjén waoe;

c. kadhos poendhi tjaraning andapoek woelangan, amrih saged manoenggilaken pepriatjén-peprintjén waoe ngantos dhadhos barang sawetah malih,

III. Lebet - djembaring pangertos gending.

7. Gending oetawi lagoe inggih poenikawirama ingkang awoedjoed swara, oetawi wirama ingkang kapyarsa. ,, Wirama" ing ngriki dawah nginggil. awit djedjer dhadhos djiwaning gending, wondhéné ,,swara” boten sanés inggih raganing gending.

Salebeting sadhaja geading tansah saged kajektosan, billh awon saéning gending poenika ratjak-ratjakipoen goemantoeng dateng awon-saéning wiramanipoen,

Gending ,,Gangsaran", ,,Kodok-ngorék”, ,,Moenggang’’ I.spn., sanadhyan namoeng awoedjoed éka -, dwi— lan tri—swara. nanging saged noewoehaken ngés toewin kanikmatan ing raos, awit saking wiramanipoen. Kanggé bongsa montja gending Djawi poenika kerep winastan ,,eentonig’’, inggih poenika ,,andjeléhi , awit sami boten saged toemoet ugraosaken wiramanipoen.

8. Wirama poenika sadhaja rampak-roentoeting mosik lan ébah, kendo-kentjenging lampab, lebet tjethéking tandhoek swara, antep-énthénging greget lan graita, ingkang sadhaja waoe tansah gantos-goeman tos, satemah adhamel gesanging swasana poenapa déné noewoehaken nges. ( Ocdelijke opeenvolging van zware en lichte accenten met een bezielende uitwerking ). [ 3 ]

Wirama" poenika titikaning sadhaja barang ngagesang; toemataning kodrat-alam, gantos-goemantosing siang lan ratri, oebenging bawana, lampahing soerjo, lintang toewin remboelan, gesanging manoengsa, kéwan lan tetoewoehan, sadhaja waoe nganggé wirama ingkang tjetha, inggih tata, rampak, roentoet, patoet spn. (orde, symmetrie).

  1. Swaraning gending poenika warni kalih. inggih poenika saged toemandhoek sarana swaraning manoengsa, ladjeng winastan se kar (tembang), saged oegi sarana swaraning pirantos ingkang nama „gongsa”, (gamelan) ingkang limrahipoen ladjeng winastan „gending”. Kalih-kalihipoen taksih kanamèkaken „lagoe”.
  2. Ing gending Djawi wirama makaten kapérang dhadhos pinten² warni, ingkang karingkes dhadhos 3 bagian: a. gending ageng. b. gending madhya, c. gending alit; dhadhos sami kalijan pérangan gending - swara: sekar ageng (kawi), sekar madhya (tengahan, dagelan) toewin sekar alit (matjapat). Watakipoen gending lan sekar tigang warni poenika pijambak-pijambak: a. lebet, antep, kendo, b. tjekapan, c. ènthèng, tjethèk lan kentjeng.
  3. Lagoe-swara poenika ing salebeting kagoenan Djawi mesthi nganggé wir ama-mardhika (boten adjeg - tetep lampahipoen); wondhéné gending-gong sa makaten mèh sadhaja nganggé wirama-adjeg (kadjawi „lagon” toewin „adha - adha”, toewin „adha - adha”, awit gongsa kedhah toetwingking swaraning ki - dalang). Sekar-gending makaten gending - swara ingkang kedhah toemandhoek sasarengan kalijan gongsa; pramila ladjeng nganggé wirama adjeg. Sekar-gending” poenika g ending ingkang karémbag dhadhos te mbang, kadhosta: kinanthi - kinanthi poespawarna, soebakastawa, taroepala lss, oetawi tembang ingkang dhipoen wiramakaken adjeg sarta kadhadhosaken gending, kadhosta: gending potjoeng, mengatroeh. midjil. bremara-wilasita, manggala-gita lan gending2 ladrang, ketawang sp.n. ingkang nganggé namaning sekar matjapat, sekar tengahan oetawi sekar ageng.
  4. Laras toewin Pathet poenika kalih - kalihipoen dhadhos tatangsoelipoen swaraning gending oetawi swara, ingkang saged dhamel toemata poenapa dhéné pantes-loe-wesing sadhaja lagoe.

a. Laras inggih poenika oeroet-oeroetan swara wiwit ingkang ageng pijambak dhoemoegi ingkang alit pijambak, ingkang tetep toewin roentoet „swarantaranipoen” (swarantara = elet antawisipoen swara satoenggal kalijan sanèsipoen). „Laras” makaten oegi kanggé namèkaken satoenggal-satoenggaling swara. ingkang sampoen kalebet ing oeroet - oeroetan swara ingkang sampoen tinata waoe. (O e paminipoen: „laras” salendhro lan pélog; laras „salendhro” poenika isi „laras” barang, „laras” djongga, „laras” dada (tengah), „laras” gangsal toewin „laras” enem ).

b. Pathet poenika rakitan swara, inggih pérangan (pepethan oetawi pithetan) saking satoenggal-satoeng[ 4 ]

galing laras, minongka ambah-ambahaning lagoe amrih saged toemandhoek sakétja (boten kaliten lan boten kagengen), satemah saged dh amel nges sarta saged no ewoehaken raos ingkang tartamtoe (bingah, soesah, sereng, tentrem spn.).

13 Gongsa (gamelan) poenika pirantos tataboehan kanggé ngoengelaken gending; péranganipoen warni-warni sarta kénging kabagè dhadhos 4 warni; inggih poeaika pirantos kanggé :
a. ja sa-wirama: kendang toewin keprak;
b. jasa-swara: rebab, gendhèr (baroeng lan peneroes), bonang (baroeng lan peneroes). gambang, soeling, tjalempoeng toewin saron peking;
c. reksa-wirama: kethoek, kempoel, kenong, gong, kempjang, ketipoeng, ketjèr, kemanak, bendé lan bèri;
d. reksa-swara: bonang-penemboeng, gendhèr-penemboeng (slenthem), saron-dhemoeng toewin saron limrah.

IV. Isi - peprintjèning „Wirama”.

14. Wiramaning geading dhoemadhos dhéning swara toentoenaning kendang (jén beksa, manoet toentoenaning keprak) kadhos kaseboet ing ngandap :
a. kendo-kentjenging lampah dhoemadhos dhéning antal cetawi sese ging taboehan kendang;
b. lebet-tjethèking swara dhéning swara „dang” oetawi „doeng”;
c. antep-ènthènging greget swara „pak” oetawi rampak-roentoeting mosik lan ébah tansah toet-wingking keteking kendang, inggih swanten „tê k”.

Dhadhos swaranig kendang makaten, kadjawi saged antal oetawi seseg, wonten 5 warni: dang, doeng, pak, tong toewin têk; sanès-sanèsipoen nama prenèsan sadhaja (dhelang, dheloeng, soet, gembleb spn.).

15. Rampak-roentoeting lampah kareksa oegi dhéning thoethoekaning saron, kethoek, kempoel, kenong toewin gong, ingkang kénging kaoepamèkaken titik - lampah, titik - pedotan, titik-padha-lingsa, titik-padha-dhirga toewin titik padha, kadhos dhéné tatananing tjara panjerating sekar.

Kadjawi poenika swaraning kempoel makaten noewoehaken raos minggah, ènthèng oetawi tjethèk, setemah dhamel „bingah”; wondhéné swaraning kenong noewoehken raos medak, lebet, antep, satemah dhamel „tentrem” oetawi „sarèh”; swaraning gong makaten tjetha noewoehaken raos marem, lega, sampoerna.

16 Lampahing gending poenika katjetha dhéning lampahing saron, sarta kapérang dhadhos 2 warni ingkang pokok :
a. lampah-lomba === thoethoekan baloenganing gending

b. lampah-dhados (ngratjik) tikelipoen lampah lomba ingkang ladjeng saged dhamel tjethaning lagoenipoen. [ 5 ]
  Ing salebeting lampah-lomba ing dhalem sakenongipoen isi 8 thoethoekan saron toemrap gending-alit lan gending-madhya; wondhéné toemrap gending-ageng isi 16 thoethoekan (jén gending kethoek 4) oetawi isi 32 thoethoekan (jén gending kethoek 8). Dhéné ing salebeting lampah dhados tjatjahing thoethoekan saron waoe ladjeng tikel kaping kalih.
  17. Ing dhalem sa-gongan, inggih sineboet sa-„wilet”, gending poenika saged isi 2 kenongan, saged oegi isi 4 kenongan, (gending „Madjemoek” anéh, margi isi 5 kenongan; poenapa leres?)
  Saben sa-kenongipoen, jén gending alit nganggé kempoel, dawah ing wilangan lampah saron ingkang ongka 4: gending „madya” lan „ageng“ boten nganggé kempoel.
  Oengeling kethoek poenika dawah ing wilangan ongka 2 lan ongka 6 jén gending alit oetawi madhya ingkang wirama-lomba (8 thoethoekan); jén „wirama dhadhos” (16 thoethoekan ) kethoek dawah ing wilangan ongka 4 lan 12.
 Jen gending ageng ingkang isi kethoek 4 kethoek dawah ing wilangan 2, 6, 10 lan 14, jén wirama „lamba” (16 thoetoekan ) ; jen wirama „dhadhos” (32 thoethoekan) dawah ing wilangan ongka 4, 42, 20, 28.
 Jén gendig ageng kethoek 8, kethoek waoe dawah ing wilangan ongka 2, 6, 10. 14, 18, 22. 26, 30, jén „lomba”, dhéné jén „dhadhos” ladjeng ongka 4, 12, 20, 28, 36, 44, 52 lan 60.
 18 Gandéng kalijan wiramanipoen, kadhos kaseboet ing no. 17, gending poenika kapérang dhadhos 3 warni, inggih poenika :
  1. Gending-alit, 8 thoethoekan-lomba oetawi 16 jén ngratjik saben 1 kenong, mawi kempoel; „gending alit” kapérang malih dhadhos: ketawang, ladhrang, gangsaran, sabrangan, tropongan, bibaran lss. Ketawang isi 2 kenongan, sanés2ipoen 4 kenongan; kempoel ingkang sapisan salebeting wirama-lomba (lampah seseg) boten kataboeh (wela), kadjawi „ketawang” (margi ketawang makaten wiramanipoen antal). Wonten malih gending - gending ingkang kalebet „gending alit”, kadhosta: sampak (plajon, srepegan) ingkang toemrap dawahing swara kethoek, kempoel, kenong lan gong nganggé wawaton sanés (boten adjeg); makaten oegi gending dholanan, prenésan spn.
  2. Gending madhya (tengahan), saben sa-kenongipoen isi 16 thoetoekan kadhos „gending-alit” ingkang ngratjik, moeng kémawon sa-antawisipoen kethoek kalih boten mawi kempoel; poenapadhéné wiramanipoen langkoeng antal tinimbang „gending-alit” limrahipoen sineboet gending kethoek kalih. „Gending-madhya” makaten kadhos „gending ageng” anggadahi bagéjan ingkang ngadjeng, kawastanan „gending”-ipoen (tjara Soerakarta „mérong” ipoen), ingkang bagéjan kantoen, kataboeh minongka gantosing gending, sineboet „ndawah”-ipoen (tjara Soerakarta „minggah”-ipoen), Dawahing gending makaten ladjeng
[ 6 ]dhadhos wirama rangkep, inggih gending kethoek kalih ladjeng dhadhos ket hoek sekawan, oetawi sok saged oegi dhadhos gending ,,ladhrangan" mawi kempoel.

„Gending kethoek kalih” (tengahan, madhya oepaminipoen: tjondhra, gandhroeng, sarajoedha. lahela lss.

c. Gending-ageng: sa-kenongipoen isi kethoek 4 oetawi kethoek 8 (inggih poenika thoethoekan 16 oetawi 32 jen lomba, sarta 32 oetawi 64 thoethoekan dhadhos); bilih sampoen andawah, ladjeng dhadhos gending kethoek 8 oetawi kethoek 16 (thoethoekan 64 oetawi 128).
„Gending-ageng” oepaminipoen: gending mawoer, djongga, semang lss.
(Bab „andawah” boten namoeng saged and a wah-patoeh, nanging saged oegi andawah dhadhos gending-alit sanès, mitoeroet sakadjengipoen panoentoen; ingkang makaten poenika kalebet tandhoek prenès).

19. Kanggé mastani wiramaning gending, tjekap sarana mastani tjatjahing kethoek oetawi kendanganipoen; kadhosta: „gending kethoek kalih kendangan tjondhra”, ladjeng tjetha sipating wirama.

V. Isi - peprintjèning „Laras”.

20. Larasing gending Djawi poenika ingkang anggadahi pirantos gong sa, wonten kalih warni, inggih poenika saléndhro, toewin pélog; wonten malih laras barang-miring, nanging namoeng kanggé la goe-swara, gangsanipoen boten wonten.

a. Laras saléndhro poeaika langkoeng sepoeh tinimbang laras-pélog („saléndhro" asal saking Çailéndra asmaning para nata ingkang jasa Boroboedoer). Laras saléndhro poenika anggadahi 5 laras: barang, djongga, dada oetawi tengah, gangsal lan enem; sadhaja „swarantara”-nipoensami agengipoen; pramila gadah raos g a g a h lan bingah.

b. Laras pélog. langkoeng enèm tinimbang laras saléndhro. anggadahi 5 laras oegi, sami namanipoen kalijan ing salebeting laras saléndhro (mriksanana gendhèr ), nanging swarantaranipoen boten sadhaja sami: antawisipoen barang kalijan djongga ageng diongga- dada alit, dada gangsal a geng, gangsal - enem alit, enem-barang alit.

c. Wilahan „bem” (tjara Soerakarta panoenggoel”) toewin wilahan , pélog" poenika sadjatosipoen inggah-inggahan „barang" toewin „dada” (wilahan pélog" saged oegi edak. edakanipoen gangsal”). Ngedakaken oetawi nginggahaked laras makaten minongka asri-asrining tjéngkok, namoeng kadang-kadang katandhoekaken.

d. Minggahipoen laras „barang” dhadhos „ben (minggah ¹/2 laras) jèn kanggé te te p. ladjeng ngawontenaken laras rakitan - swara énggal, inggih laras bem (boten nganggé „barang”, kadjawi namoeng kadang-kadang kanggé prenèsan). [ 7 ]21. Laras barang miring poenika ingkang sepoeh pijambak; tandanipoen kanggé ing salebeting Kiloerah Semar tetembangan, mongka Semar poenika wajang ingkang sepoeh pijambak. Laras „barang-miring” boten anggadahi pirantos gongsa (ing djamaning „laras barang - miring” tijang Djawi dhèrèng saged dhamel gongsa; saweg anggadahi soeling. gambang-tjaloeng toewin kendang).

Laras barang-miring makaten ing bagejan ngandap, wiwit „barang” dhoemoegi „gangsal” swarantaranipoen mèmper laras salendhro, wiwit „gangsal” dhoemoegi „barang„ mèmper pélog: pramila tjaranipoen njekaraken barang - miring makaten nganggé gongsa salén dhro, sanadhyan tjèngkok-tjèngkokipoen semoe raos pélog. (Jèn nganggé gongsa pélog, ladjeng karaos bléronipoen).

22. Kanggé madahi sadhaja lagoe-swara oetawi lagoe-gending amrih saged trep lan sakétja, laras salén dro toewin pélog poenika kabagé dhados 3 pathet satoenggal-toenggalipoen.

Laras salèndro angyadahi pathet warni tiga kadhos ingkang katerangaken ing ngandap poenika :

a. Pathet enem; nganggé „dasar-swara” laras djongga (inggih poenika „dong-donganing lagoe” kerep dawah laras „djongga”); gram bjangan" ipoen pathet (amrih saged karaos sanalika garising wilet", ngeng-ipoen) inggih poenika oeroet-oeroetaning laras: djongga-dada-lima-nem oetawi katjekak: nem-djongga. Génding-gending ingkang pathet „nem” makaten mitoeroet pranataning gending kaoengelaken ing wantji sonten dhoemoegi djam 11; noewoehaken raos bingah prasadja lir gesanging la ré; temboeng „enem boten gandèng kalijan namaning laras-enem, nanging gandèng kalijan pralambanging raos-pantja drija. inggih raosing laré.

b. Pathet sanga; dedasar laras gangsal; grambjanganipoen oeroet - oeroetaning laras; gangsal-enem-barang-djong ga oetawi ketjekak: djongga-gangsal. Gending ingkang phatet „sanga” makaten kaoengelaken ing wantji tengah dhaloe, wiwit djam 11 dhoemoegi djam tiga; noewoehaken raos tentrem, gagah, sabar, semepoeh ssm.; temboeng „sanga” ing ngriki asal saking tetemboengan „babah nawa sanga” inggih poenika gesanging tijang dhéwasa.

c. Pathet menjoera; dasar-swaranipo en laras enem: grambjanganipoen: enem-barang-dionggo-dada oetawi katjekak: dada-enem. Gending-gending pathet enem kaoengelaken ing wantji éndjing, wiwit djam tiga dhaloe dhoemoegi bjar raina; noewoehaken raos bingah, asri, kenès. ngenèm-enèmi sapitoeroetipoen; temboeng „manjoera” asalipoen saking oengeling merak ing wantji éndjing.

d. Kanggé „oejon-oejon” (gongsa moengel soran) oetawi „kalenèngan” (klenjitan) ing wantji siang, oeroet-oeroetan: éndjing-siang - sonten ka-anggep sami kalian oeroet-oeroetan: sonten-dhaloe - éndjing. [ 8 ]e. Pathet enem, oegi winastan, „pathet lasem” kalijan pathet manjoera makaten asring lilintonan wantji; ingkang makaten poenika rèhning kadang-kadang sok noenggil raos, margi ambah-ambahaning gending pathet enem toewin pathet manjoera poenika sami anggadahi papathok-swara laras „enem”. Makaten oegi pathet sa nga lan pathet enem rèhning sami anggadahi pathok-swara djonggo, saged linta-lintoe oegi, sanadhyan boten kerep kadhos loeloehing manjoera lan pathet enem.

f. Pathet sa nga poenika ambah-ambahaning lagoe lan gending ingkang laras ageng; manjoera ingkang laras alit wondhéné pathetenem makaten ambah-ambahaning swaranipoen laré, dhèrèng gadhoek laras ingkang alit-alit, oegi dhèrèng djadjag laras ingkang ageng-ageng.

23. Pathet 3 warni ing salebeting laras pélog, kadhos ingkang katjetha ing ngandap poenika :

a. Pathet gangsal: laras barang” kasantoe nan laras „bem”, (dhadhos minggah oetawi ka-alitaken ¹/2 laras), kadang kadang laras „barang” taksih kanggé, nanging namoeng minongka prenès. Dasaring pathet: laras bem; grambjanganipoen: bem-djongga-dada-gangsal, oetawi katjekak: gangsal-bem; ing ngriki „bem” dhadhos dasaring pathet „gangsal" pathokaning pathet. Kanggénipoen ing wantji sonten (kadhos „pathet - enem” ing salebeting saléndro); raosipoen: nglangoet, sedih, melasasih spn.; temboeng „gangsal” ing ngriki asalipoen saking namaning laras „gangsal”, ingkang minongka pathokaning pathet.

b. Pathet enem: oegi boten nganggé laras „barang” kadjawi namoeng kanggé prenès. Dasaring pathet: laras enem; grambjanganipoen: enem-bem-djonggo-dada, oetawi katjekak: dada-nem („dada” pathokanipoen enem” dasaripoen). Kanggé ing wantji tengah dhaloe (kadhos „pathet-sanga” salebeting saléndro); raosipoen: sabar, soemèlèh, boten patosa nglangoet kadhos „pathet gangsal”; temboeng enem” asalipoen saking laras „enem”, ingkang dhadhos dasaring pathet.

c. Pathet barang: boten nganggé laras „bem” (kadjawi namoeng minongka prenès). Dasaring pathet: laras gangsal, grambjanganipoen: gangsal-nem-barang-djongga, oetawi katjekak: diongga-gangsal (pathokanipoen kalijan dasaripoen). Kanggénipoen ing wantji éndjing (kadhos dhéné „pathet - manjoera” salebeting laras saléndhro) raosipoen: bingah, tangi, ngenèm-enèmi; temboeng „barang” sampoen tjetha asal saking namaning laras „barang", ateges boten ngambah „bem”, dhadhos dhédhé pathet gangsal" oetawi „enem”.

d. Ing pangkoning saron gongsa pélog, kaprenah ing tengah-tengah wonten wilahan, ingkang kanamèkaken laras „pélog”; poenika sadjatosipoen laras „dada” kainggahaken ¹/2 laras, oetawi laras „gangsal” kaedakaken ¹/2 laras; pramila panganggénipoen minongka soesoelihipoen laras „dada” oetawi gangsal" (kanggé prenès). [ 9 ] e. Sok kapireng nama pathet njamat - mas", poenika sadjatosipoen pathet prenèsan, pathet dhadhamelan kémawon; inggih poenika jèn gending pathet barang" ladjeng laras ,,barang" - ipoen dhipoen santoeni ,,bem"; temahan noewoehaken raos nglangoet lan sedih.

f. Bab prajogi oetawi botenipoen ngawontenaken pathet-pathet énggal-sairib kadhos pathet njamat - mas", poenapa dhéné ngawontenaken laras-laras énggal sarana jasa laras-laras (wilahan) tengah an, saèmper kadhos wilahan ,,pélog" lan ,,bem" (oesoel swargi R. M. H. Soorjopoetro).

24. Tjara anggatrakaken sipating gending sarana mastani kendanganipoen miwah tjatjahing kethoek, poenapa dhéré laras miwah pathetipoen, kénging sineboet sampoen moerggoeh sanget, awit jektos saged anggampilaken panggontha, ngras netepaken leresing katrangan. bilih gending makaten djedjering Pandé - lori angraga - swara. Tjontonipoen: teresipoen ,Eardil-cri"), kethoek kalih, kendangan ..gandroeng² ken- dang kalh, laras pélcg pathet barang; sipating gending ,,Pandil-ori" ladjerg tjetha pijan bak. wirama

Poenapa boten prajogi anambah da poekan kendangan anjar, kangçé moedjoedaken wira ma-wirama anjar, ingkang saged ram pak toewin roeptoet kalijan djaman sarta alam anjar.

VI. Titi-wirama lan titi-laras.

25. Kanggé moedjoe daken satoenggal - satoenggaling lagoe oetawi gen ding ingkang sarwa pe pak, perloe dhipoen wonten- aken titi-lagoe oetawi titi-gending, dhéné perloenipoen kanggé ngrim at sawarnining gending, sarta kanggé pirantos a n g - gampilaken pasinaonipoen. Titi lagoe waoe:

a. kedhah anggatrakaken baloenganing wirama toewin la- goenipoen; dhadhos awoedjoed titi-laras toewin titi- wir am a, ingkang namoeng anggambar pokokipoen;

b. kedhah leres pcenapa dhéné g am pil (saben tijang kedhah saged mangertos saha saged ngetjakaken);

c. kedhah namoeng kanggé salebeting sinaoe kémawon; sampoen ngantos medjahi gesanging raos oetawi ngri- beti mekaring dasar kaprigelan toemrap satoenggal- toenggaling tijang ingkang marsoedhi;

d. bilih perlo e sarta tjotjog kalijan kawontenanipoen, boten wonten pakèwetipcen nélad tjaranipoen tijang ngamontja anggambar gendingipoen.

26. Titi-lago e poenika saged kaserat mawi gagambaran tjorèk, ongka oetawi ak sa ra; toemrap tiga-tiganipoen wonten saénipoen pijambak-pijambak sambet kalijan warni-warni- ning dasar kaprigelan pantjadhrijaning manoengsa pijambak-pijambak, oetawi gandèng kalijan kabetahan sanès[ 10 ]sanèsipoen; oepaminipoen kanggé pirantos pasinaon wiwitan. kanggé pasinaonipoen para ingkang sampoen saged, kanggé pangrimatan, kanggé tijang ngamontja oetawi tijang sabongsa pijambak, ingkang namoeng badé njoemerepi, makaten spn.

a. Jèn nganggé ong ka mitoeroet wilahan saron. boten prajogi salebeting laras-p élog dhipoen wonteni ongka 1 dhoemoegi 7 (1-bem, 2-djongga, 3-dada, 4-pélog, 5-gangsal, 6-enem, 7-barang); leresipoen kedhah namoeng 1 dhoemoegi 5 kadhos salendro”. Wilahan „bem” salebeting pathet-bem kaserata mawi ongka 1, nanging jèn „bem” ka-ambah ka-ambah salebeting pathet barang (dhados jèn namoeng dhipoen ambah miroenggan ké nawon] prajogi dhipoen angkani 1 mawi tjiri „tjorèk” oetawi tjiri sanèsipoen (sebab „bem” makaten éwahing „barang”); makaten oegi wilahan „barang” selebeting pathet-barang kedhah ongka 1 titi sastranipoen, nanging jèn salebeting thet-bem mawi ngambah laras „barang”, ladjeng kaserata mawi ongka 1 kawewahan tjiri „tjorèk” oetawi tjiri sanèsipoen. Wilahan laras „pélog” rèhning loegoe namoeng èwahing laras „dada" oetawi laras „gangsal”, kaserata mawi titi 3 oetawi titi 4 mawi tjorèk. (Kapandingna kalijan wilahan gendhèr).

b. Makaten oegi salebeting titi-lagoe ingkang woedjoed gambar-tjorèk toemrap laras- pélog (noot „ranté”, noot „aksara” oetawi noot sanèsipoen) wilahan „bem” toewin „barang” kedhah noenggil roepi saha jèn perloe ladjeng kawewahana tjiri miroenggan; wilahan „pélog” makaten oegi, kadhos ingkang kaseboet ing pranataning noot „ongka”.

c. Prajoginipoen ing djaman samangké ngawontenaken saron-pasinaon ingkang nganggé wilahan tjatjah 12 (kadhos wilahaning gendhèr); toemrap pélog mawi,,sorogan” bem- barang sarta tambah wilahan „pélog”.

d. Sambet kalijan katrangan ongka 25 adha-adha a. saha c.. prajoginipoen o ekel lan tjengkok swaraning rebab lan soeling. lampahing wilet-gambang toewin gendhèr, lampahing kendangan batangan spa. sampoen ngantos katetepaken sarana titi-lagoe ingkang kedhah dhipoen toeroet tjara pola; kéngingipoen kaserat namoeng minongka toela daning tjèngkok lan oekel salebeting sinaoe; saben tijang kedhah kénging ngawontenaken wilet pijambak-pijambak.

VII. Lampahing Pasinaon.


27. Amrih toemandjaning pasinaon, prajogi kawiwitan sarana panggladi toemrap pokoking wirama lan wilet ingkang sarwa lomba; ladjeng kasambet isèn-isèning wirama lan wilet ngratjik; noenten sinaoe nglamba kaken toewin ngratjik pijambak; saléndhro lan pélog teroes kawoelangaken kalih kalihipoen. Wondhéné terangipoen kadhos ing ngandap poenika : [ 11 ]a. panggladi pokoking wirama lan wilet nganggé saron dhemoeng, saron limrah, gendhèr-penemboeng toewin bonang-penemboeng, poenapa dhéné sinaoe naboeh kethoek, kempoel, kenong, gong, kempjang, ketipoeng spa.; ladjeng sinaoe nglambakaken;

b. panggladiisèn-isèning wilet (ngratjik, imbal, tjèngkok lan oekel) sarana pasinaon naboeh saron peking, bonang-baroeng lan pe neroesipoen, gendhèr baroeng lan peneroesipoen oegi, adjar njalem poeng, imbal nganggé saron dhemoeng, Wilet, tjèngkok lan oekel kagladi nganggé soeling saha rebab, poenapa dhéné dhipoen saranani sinaoe gérong;

c. sasampoenipoen mangertos dateng wirama lan tjèngkok, ladjeng sinaoe ngendang mitoeroet taboe han gending;

d. soepadhos énggal mangertos dateng wirama, prajogi titi-lagoe kaserat sagaris-sagaris mitoeroet padha-kenongipoen, soepadhos tjetha sipating-wirama.

28. Kadjawi titi - lagoe mitoeroet wilahaning saron oetawi gendhèr (noot-saron) prajogi dhipoen wonteni „noot-pathet” oegi kanggé pasinaon lagoe-swara (njekar, nembang), ingkang boten kasarengaken pasinaon naboeh gongsa.

a. Titi-lagoe pathet makaten nganggé antjer-antjer „dasar” toewin „pathok-swara” ing salebeting pathet; laras ingkang dhadhos dasar (oetawi babon - swara) dhipoen soekani ongka 1; dhéné pathok-swaranipoen (oetawi „bapa-swara") rèhning elet 3 swarantara, angsal ongka 4; terangipoen mriksanana bg. 22 lan 23 (a. b. lan c.) toewin ing ngandap poenika :

b. Laras Saléndhro (barang, djongga, dada, lima, nem ): pathet-enem: 1-2-3-4-5-1 dawah wilahan Dj-d-l.-N.-b.-Dj.
id. sanga: 1-2-3-4-5-1 L-n.-b.-Di.-d.-L. id. manjoera: 1-2-3-4-5-1 N.-b.-dj. D.-I.-N.

Laras Pélog (bem, djongga, dada, pélog, lima, nem, barang): pathet-gangsal: 1-2-3-4-5-1 = Bm.-dj,-d.-L.-n.-Bm.
enem: 1-2-3-4-5-1 = N.-bm -dj.-D.-I.-N. barang: 1-2-3-4-5-1 = L.-n. br.-Dj.-d.-L.

Panjeratipoen wilahan „pélog", poenapa dhéné „bem" lan „barang" ingkang miroenggan mriksanana no. 26-a.

c. Rèhning swara poenika boten katjentjang dhéning pirantos ingkang tetep, sarta saged nandhoekaken tjéngkok oetawi oekel sa-kaparengipoen, mila prajogi kanggé anggambar lagoe-swara makaten dhipoen soediani tjiri-tjiri satjekapipoen, oepaminipoen; tjiri nginggahaken oetawi ngedakaken 2 laras, tjiri njoewanten pandjang oetawi tjekak, njoewanten geter oetawi ngombak-banjoe, makaten spn. (chromatische dan dynamische teekens).

29. Gandèng kalijan djaman toewin alam anjar, prajogi sanget menggah ing babagan kawroeh gending Djawi poenika kawontenaken paniti-priks a dhéning para em po e kalijan para [ 12 ]sardjana, ingkang toendhonipoen saged ambangoen kagoenan gending, ingkang laras kalijan djaman toewin alamipoen. Waton-watonipoen:

a. sampoen nilar ladjer (pokok-pokok ingkang gandéng kalijan raos kabatosaning bongsa Djawi; nationaal karakter );

b. saged nglebetaken dhaja-prabawaning kaboedhajan anjar, inggih poenika ngroentoetaken kagoenan ,,gending” kalijan sipating ,,gesang anjar’’, djer gending makaten gambar-swaraning djiwa;

c. wani amboetjal samoekawis péranganing kagoenan gending Djawi, ingkang ngribeti gesanging gending Djawi; makaten oegi wani nolak dhaja awon.

Kanggé ngadjeagaken toewin njongkok kaloehoeraning kagoenan gending Djawi, prajogi am bangoen alam-kanijagan anjar, sarana njaékaken gesanging para nijaga. lahir dhoemoegi batosipoen, amrih saged rampak djédjér kalijan gesanging para sardjana. (Ing ngtiki kalebet rembag perloenipoen nglinggihaken para nijaga rampak jnggilipoenkalijan para tamoe, ngrémbag roepining rantjakan gongsa kanggé lenggahan koersén spn).