Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat

KAGUNGAN DALEM
PEMUT SERAT-SERAT1778-1783 AJ
1850-1855 AD
Kaserat ing aksara ketik
dening
KPH. WIDYABUDAYA
KERATON NGAYOGYAKARTA HADININGRAT
PERPUSTAKAAN NASIONAL RI
2006Widyabudaya, KHP
Tedhakan kagungan dalem serat-serat/oleh, KHP. Widyabudaya. -- Jakarta : Perpustakaan Nasional RI, 2007.
vi, 159 hlm. ; 16 x 23 cm
1. Manuskrip, I. Judul
091
Warisan karya budaya leluhur mempunyai nilai sangat tinggi, baik ditinjau dari sudut pandang sejarah, sastra maupun disiplin ilmu lainnya. Demi menjaga warisan ini agar tidak punah ditelan zaman, maka perlu adanya penyelematan isi atau kandungannya supaya dapat diketahui oleh generasi muda.
Perpustakaan Nasional RI sebagai salah satu lembaga pemerintah non departemen mempunyai tugas dan fungsi salah satunya yaitu melestarikan karya budaya bangsa, dalam hal ini terkait dengan pelaksanaan UU Nomor 5 Tahun 1992 tentang Cagar Budaya.
Dalam rangka penyelamatan isi warisan karya budaya leluhur, khususnya yang terkandung dalam naskah-naskah lama, Perpustakaan Nasional RI pada tahun 2006 ini mengadakan kerjasama dengan pusat-pusat kebudayaan. Pada tahun ini Perpustakaan Nasional RI mengadakan kerja sama dengan Keraton Kasultanan Yogyakarta untuk menerbitkan hasil transliterasi naskah koleksi keraton tersebut yang berjudul "Tedhakan Kagungan Dalem Serat-serat". Kegiatan semacam ini sangat diperlukan dan harus tetap terjaga serta berkesinambungan, mengingat semakin langkanya masyarakat sekarang yang mampu membaca naskah-naskah kuno.
Hasil kerjasama ini akan diterbitkan dan dipublikasikan dan diharapkan hasilnya dapat diketahui dan dinikmati tidak terbatas pada kalangan tertentu saja, tetapi juga oleh masyarakat luas.
Jakarta, Desember 2006
Kepala Pusat Perpustakaan dan Informasi
ttd.
Gardjito, MSc.
Kata Pengantar |
iii |
Daftar Isi |
v |
Serat Anggit Kidung Bredongga |
1-106 |
Punika pemut kala para Pengeran tiga sowan dhateng Kebumen wiwit main homer marengi ing malem Isnen Kliwon. Senenipun enjing Kangjeng Pangeran Hadiwinata seda, sareng kaliyan lebetipun kagengan Dalem ringgit saking Mangkukusuman. Sarta wiwitipun nyambutdamel Ngabehi Brajapati wonten Purwareja. Tanggal kaping 25 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 6 Mei taun 1850 Angka 429.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Lumebet dhateng Kedhaton. Bab prakawis sangking Tuwan Bereti, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 26 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 8 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet dhateng Kedhaton. Kalih Tuwan Kaptin Ajidan Beheri, tiga Tuwan Litnan Sekip. Sarta Tuwan Kaptin Panderplis. Ngrid Litnan enggal kalih tuwan Litnan Noman. Marengi ing dinten Kemis Pon tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 9 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem nampeni yatra empingan sangking Kangjeng Gupermen. Sarta Tuwan Klaring lumebet, bab sangking Tuwan Bereti, Tuwan Jurubasa Perbrih lumebet bab prakawis Buwahipun Tuwan Litnan Klippel boten kenging sowan. Marengi ing dinten Jumungah Wage tanggal kaping 28 wulan Jumadilakir taun Jimmaakir 1778 utawi tanggal kaping 10 Mei tahun 1850 Angkat 430.
Punika pumet kala Raden Atmaseputra wiwit sowan. Sareng kalih pamundhut Dalem kursi dhateng ing Mertanegaran, sareng kaliyan wiwitipun pandhe wonten ing Pertamanan, Purwareja. Marengi ing dinten Septu Kliwon tanggal kaping 29 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi, kaping 11 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem nimbali Tuwan-Tuwan Wonten ingkang wuru Tuwan Dokter Kurnen ngantos saru, marengi ing malem Ngahad Legi, Ngahadipun enjing wiwit ngersakaken kambengan ngaben dherekan tanggal kaping 1 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 12 Mei taun 1850 Angka 430. [ 2 ] Punika pemut kala ringgitan wacucal ing Jayaleganan. Marengi ing malem Senen Pahing tanggal kaping 2 wulan Rejeb ing taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 13 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton bab badhe pamit dhateng Betawi, marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 3 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 14 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala lebetipun Serat Nuwala Wangsulan saking Surakarta, bab wangsulan sedanipun Kangjeng Pangeran Hariya Mangkukusuma, sareng kalih angkatipun Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Betawi, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 4 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 15 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Kedanurejan, nglayat Bendara Raden Hayu Sindunegara kacriyos seda nanging yektosipun boten. Sontenipun Kangjeng miyos dhateng griyanipun Tuwan Mayor Noman, lajeng dhateng griyanipun Tuwan Kaptin Labar, kaliyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 6 wulan Rejeb ing taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 17 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi kalih Kangjeng Panembahan Hamangkurat, tiga Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, rembagan bab wakil. Raden Tumenggung Mertanegara kantun sabab landrad. Sowanipun pukul tiga, marengi ing dinten Septu Pahing, tanggal kaping 7 wulan Rejeb ing taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 18 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala dhatengipun ringgit sangking Surakarta, saking Tuwan Hup. Marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 8 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 19 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala wiwit bibrah kagengan Dalem Prabayeksa, sareng kaliyan ndamelaken pesareyanipun Kangjeng Kyahi Hageng, Tuwan Asisten lumebet, sarta wiwit nyungging ringgit saking Surakarta, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 21 Mei taun 1850 Angka 431.
Punika pemut kala ringgitan wacucal wonten ing Brangtakusuman, marengi ing malem Rebo Legi, tanggal kaping 11 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal 22 Mei taun 1850 Angka 431. [ 3 ] Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken semuwan ringgit tiyang Gedhog. Marengi ing dinten Ngahad Kliwon, bubari pun marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 18 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 29 Mei taun 1850 Angka 431.
Punika pemut kala lebetipun Serat Angsul-Angsul sangking Surakarta, bab sedanipun Kangjeng Pangeran Hariya Hadiwinata, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 19 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 30 Mei taun 1850 Angka 431.
Punika pemut kala wiwitipun ngisis kagungan Dalem ringgit wecucal wonten Tratag, sareng kaliyan ijabipun Raden Riya Sasradipura, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 20 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 31 Mei 1850 Angka 431.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Kaptin Labar, marengi ing malem Septu Legi, Septunipun enjing Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam sowan lumebet tetuwi kagengan Dalem Prabayeksa, sontenipun Kangjeng Tuwan Asisten tidheman lumebet kalih Tuwan Mayor Mahkenin, Tuwan Mayor Noman, Tuwan Panreng, Tuwan Litnan Pirman, tanggal kaping 21 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 1 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Lepel lumebet ing Kedhaton kaliyan Nyonyahipun kairid Tuwan Jurubasa, nyuwun pamit badhe kesah ganti dhateng Ngawi marengi ing dinten Ngahad Pahing, tanggal kaping 22 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 2 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Asistenan, ing ngriku wonten tamu Tuwan Makenin, kalih Tuwan Priser saknyonyahipun. Marengi ing malem Senen Pon, tanggal kaping 23 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 3 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken pista, tingalanipun taunan putra Dalem Kangjeng Raden Hajeng Gusti, marengi ing malem Selasa Wage, Slasanipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan griyanipun Tuwan Kaptin Lepel, tanggal kaping 24 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 4 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen sangking Betawi, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 25 wulan Rejeb taun Jimmakir [ 4 ]1778 utawi tanggal kaping 5 Juni taun 1850 Angka 432. Sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet dhateng Kedhaton.
Punika pemut kala Tuwan Asisten tidheman sowan lumebet ing Kedhaton, kaliyan Tuwan Welilahudon, marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 26 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 6 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih, sowan lumebet ing Kedhaton, kaliyan Tuwan Despro, landi Surakarta, sarta mawi wade cahtok, Sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Jayanegaran tuwi temanten. Marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 28 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 8 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Ngloji Paresidenan, marengi ing dinten malem Senen Kliwon, tanggal kaping 30 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 10 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut nalika Tuwan Asisten tetidhem, lumebet saknyonya hipun sarta mbekta tamu Wlandi Betawi wasta Tuwan Rit saknyonyahipun. Marengi ing dinten Rebo Pahing, tanggal kaping 2 wulan Sakban taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 12 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih lumebet ing Kedhaton, kalihyan Tuwan Mayor Mahkenin, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 3 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 13 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalihyan Tuwan Overstehken, marengi ing dinten Septu Kliwon tanggal kaping 5 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 15 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken meling kretep damelan nagari Walandi dhateng Tuwan Engersareng kalihyan Kangjeng Tuwan Residen badhe lumebet main pot wande sawab kathah damel. Para Pangeran sampun klajeng sowan. Marengi ing dinten Ngahad Legi, tanggal kaping 6 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 16 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala lebetipun serat sangking Surakarta, bab sedanipun Raden Hayu Dipawinata, marengi ing dinten Senen Pahing, tanggal kaping 7 wulan [ 5 ]Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 17 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken main pot wonten ing Kamar Bolah, ing gedhong Srangbaya, kalihyan ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen. Marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 13 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 23 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken ring gitan vacucal, nganyari yasa Dalem Ringgit Gedhog, marengi ing malem Slasa Kliwon, Slasanipun enjing wiwitipun nyungging wedana ing nglebet, sarta wiwit nyerat Serat Babad, kalih miwiti nyungging ringgit Rama, tiga wiwit natah ringgit purwa malih, sareng wiwitipun lumebet Raden Lurah Suryamurcita, pareng kalih Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Nanggulan Tanggal kaping 15 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 25 Juni taun 1850 Angka 434.
Punika pemut kala angkatipun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, dhateng Surakarta, sarta Raden Hayunipun, kalih Kangjeng Pangeran Hariya Suryanegara, marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 16 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal 26 Juni 1850 Angka 434.
Cawangan
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar, wonten margi glindhinganipun kareta pacot, nanging boten dados punapa, Kangjeng Sampeyan Dalem kendel wonten griya nipun Tuwan Sekalek. Marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 8 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 18 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng griyanipun Tuwan Asisten tidheman, marengi ing malem Jumungah Pon, Jumungahipun sonten mampir dhateng griyanipun Tuwan Enger, tanggal kaping 18 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 28 Juni taun 1850 Angka 434.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen sangking Brosot, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, sontenipun lajeng lumebet ing Kedhaton kaliyan tamu Tuwan Bol, wladi Amerika, tanggal kaping 20 wulan Sakban taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 30 Juni taun 1850 Angka 434. [ 6 ]Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan,griyanipun Tuwan Kaptin Panderpol, Marengi ing dinten Slasa Pahing,sontenipun lajeng miyos dhateng ngloji Paresidenan, kalihyan garwa DalemKangjeng Ratu, sarta eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas. Tanggal kaping 22 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 2 Juli taun 1850 Angka 434.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, sangking Surakarta, kalihyan ingkang raka ingkang rayi, lajeng sami gerah, marengi dinten Kemis Wage, tanggal kaping 24 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 4 Juli taun 1850 Angka 434.
Punika pemut kala Mas Atmamantarja, sanjan dhateng panggenanipun Dursasana, Raden Sagor, marengi malem Slasa Wage, tanggal 29 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 9 Juli taun 1850 Angka 435.
Punika pemut kala wiwitipun majeng dhateng ing gedhong Purwa retna Mas Atmamantarja, marengi ing dinten malem Rebo Kliwon tanggal kaping 30 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 10 Juli taun 1850 Angka 435.
Punika pemut kala babaripun Nyonyah Residen Baron De Kock miyos kakung, amarengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 3 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 13 Juli taun 1850 Angka 435.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih, sowan dhateng Kedhaton kaliyan Tuwan Bissekem. Marengi ing dinten Ngahad Wage, tanggal kaping 4 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal 14 Juli taun 1850 Angka 435.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton bab prakawis Tuwan Perstih, marengi ing dinten Rebo Pahing, tanggal kaping 7 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi wulan Welandi tanggal kaping 17 Juli taun 1850 Angka 435.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken dhahar bukan, wonten gedhong Purwaretna, amarengi ing dinten malem Kemis Pon, Kemisipun enjing Kangjeng Pangeran Hariya Suryanegara, kalihyan Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, mangkat dhateng Semawis, methuk Bendara Raden Hayu Prabuningrat, tanggal kaping 8 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 18 Juli taun 1859 Angkat 435. [ 7 ]Punika pemut kala ngajalipun Raden Hayu Wiranegara, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 20 Juli taun 1850 Angka 436.
Punika pemut kala bukan kaping kalih (2), marengi ing malem Ngahad Legi, Ngahadipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos layat dhateng ing Wiranegaran. Tanggal kaping 11 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 21 Juli taun 1850 Angka 436.
Punika pemut kala dhahar bukan kaping 3, marengi ing dinten malem Rebo Wage, enjingipun Raden Hayu Prabuningrat rawuh sangking sabrang sakputra wayahipun, tanggal kaping 14 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 24 Juli taun 1850 Angka 436.
Punika pemut kala dhahar bukan kaping 4 marengi ing malem Septu Pahing, tanggal kaping 17 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 27 Juli taun 1850 Angka 436.
Punika pemut kala dhahar bukan ageng wonten ing Purwarejo, marengi malem Senen Wage, Senenipun sonten Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Ngloji, nglayat Tuwan Perbrih sepuh ngajal. Lajeng Tuwan Mayor Noman sowan lumebet dhateng Kedhaton, kaliyan Tuwan Kaptin Omort. Tanggal kaping 19 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 29 Juli taun 1850 Angka 436.
Punika pemut kala Tuwan Perbrih sowan lumebet ing Kedhaton, dipun utus Tuwan Asisten. Marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 21 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 31 Juli taun 1850 Angka 437.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali maleman dhateng Alun-Alun Ler, dumugi ing Alun-Alun Kidul, kalih putra Dalem Bendara Raden Hajang Gusti, sarta putranipun Kangjeng Tuwan Residen, sinyo Pralbert kalih sinyo Hindrik. Marengi ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 26 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 5 Agustus taun 1850 Angka 437.
Punika pemut kala marakipun anakipun Mbokmas Sapura ing Pakauman, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 6 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 14 Agustus taun 1850. [ 8 ]Punika pemut kala sedanipun Kangjeng Kyahi Pengulu Kamaludiningrat, marengi ing dinten Jumungah Pahing, tanggal kaping 8 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 16 Agustus taun 1850 Angka 438.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos nglayat Kangjeng Kyahi Pengulu dhateng Masjid Hageng, marengi ing dinten Septu Pon, layonipun Kangjeng sumare wonten ing dhusun Mantup. Lenggah Dalem Sampeyan Dalem Kangjeng Ratu Hageng Ibu Dalem. Tanggal kaping 9 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 17 Agustus 1850 Angka 438.
Punika pemut kala pamundhut Dalem klangenan anakipun Mbok Mas Sapura sadherekipun Hangabehi Sastraprawita saha Mas Tumenggung Wiranegara, sareng kaliyan lebetipun Kangjeng Tuwan Residen, saha mbekta tamu Tuwan Residen Grap Pande Bos, Kumisi ilatbaya, sareng kalih dhatengipun barang-barang sup sangking Betawi, marengi ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 11 Sawal Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 11 Agustus taun 1850 Angka 438.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, Kalihyan Garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, punapa dene para Bendara-bendara, tuwi dhateng Nyonyah Residen enggenipun babar, marengi ing dinten Slasa Legi, tanggal kaping 12 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 20 Agustus taun 1850 Angka 438.
Punika pemut kala Bendara Raden Hayu Prabuningrat ndherek ningali mubeng-mubeng dhateng Kebumen lajeng dhateng Purwareja, saha para putra, marengi ing dinten Jumungah Wage, tanggal kaping 13 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 24 Agustus taun 1850 Angka 438.
Punika pemut kala maringaken wangkingan Kyahi Jaksa Pratala, dhateng ingkang Eyang Kangjeng Panembahan, sarta loro dan ringgit gedhog, sareng kalih wiwitipun tumapak gerjipun Sutalesana, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 16 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 25 Agustus taun 1850 Angka 439.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji pagriyanipun Tuwan Asisten tidheman, marengi ing dinten Rebo Wage, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Ratawijayan, tanggal kaping 20 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 28 Agustus taun 1850 Angka 439. [ 9 ]Punika pemut kala wiwitipun sebarang pedamelan nglebet kakuwasakaken dhateng Raden Lurah Mangkuwijaya, sareng kalihyan ajengipun ngawisi Kangjeng Kyahi Mas Bekel Mangunreja putra Nitiprajan. Sareng malih prakawis lancangipun Natasubuh, sareng kalihyan pranatanipun kagungan Dalem titihan sarta ngalihipun dhateng Panepen titihan ingkang sampun sepuh, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 21 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 29 Agustus 1850 Angka 439.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji pagriyanipun Tuwan Dokter Kurnet, marengi ing malem Septu Pahing, Sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos besiyar, kalih rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, lajeng mampir dhateng Mangkubumen, tanggal kaping 23 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 31 Agustus taun 1850 Angka 439.
Ing ngriku wonten Wlandi dhawah Wasta Tuwan Sena.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken lenggah pagandring kaliyan para Nayaka ngrembag alulwaris. Marengi ing dinten Ngahad Pon. Sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem nimbali Operwah Mister Dragonder Tuwan De Monte, bab prakawis nggenipun mendem wicanten awon, slompret Tuwan Wilem, tanggal kaping 24 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 1 September taun 1850 Angka 439.
Punika pemut kala Kangjeng Panembahan sowan lumebet, sareng kaliyan tetepipun dados Punakawan putra Yudanegaran, Raden Mas Jarot, sarta abdi Dalem silir dipun pasrahaken dhateng Mas Lurah Sutareja, sareng kaliyan tetepipun abdi Dalem sungging, marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 25 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 2 September taun 1850 Angka 439.
Punika pemut kala abdi Dalem ringgit Panggung dipun paring aken dhateng abdi Dalem Raden Hariya Sumadiningrat, sareng kaliyan Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet ngirid Tuwan Panwahi Demang Sungging, kalih Tuwan Winter sowan lumebet ngirid Tuwan Ekressen, Demang Klaci, sareng malih kalih pengalihipun lumebet klangenan Dalem ingkang bobot sepuh Raden Murcitaresmi, sarta malih sarang ngalihipun lumebet Raden Lurah Suryamurcita, sarta Raden Lurah Mangunprawira, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 26 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 3 September 1850 Angka 439. [ 10 ]Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kaliyan Wlandi merdika ing Betawi Tuwan Baron De Pan Hopenberes, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 27 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 4 September taun 1850 Angka 439.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos besiyar, enjing wanci jam 7 ing ngriku kapethuk kelihyan Raden Mas Malikin, wonten ing Plengkung Gadhing, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali sidhekah rebutan dhateng griyanipun Kapitan Sahaji marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 28 wulan Sawal, ing taun Jimmakir 1778, utawi wulan Welandi tanggal kaping 5 September taun 1850 Angka 440.
Punika pemut kala sowanipun malebet Raden Mas Malikin, marengi ing dinten Jumungah Pon, sontenipun rawuhipun Kangjeng Tuwan Hiddellir Dippi, Rad ing Nederlan Hindiya dhateng Ngayugyakarta, tanggal kaping 29 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 6 September taun 1850 Angka 440.
Punika pemut kala babaripun klangenan Dalem Raden Murcita resmi miyos putri, marengi ing dinten Septu Wage, wanci jam sanga enjing, sareng kaliyan lebetipun Kangjeng Tuwan Hiddelir Dippi, tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 7 September taun 1850 Angka 440.
Malemipun Ngahad Kliwon Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji, malemipun Senen Legi bedhayan ing Kedhaton, Senenipun enjing klangenan ngaben sima, lajeng ngrampog, Slasa ing enjing Kangjeng Tuwan Hiddelir dhateng Prambanan, ningali candhi sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji malih. Marengi malem Rebo Pon tanggal kaping 5 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 11 September taun 1850 Angka 440.
Punika pemut kala konduripun Kangjeng Tuwan Hiddelir Dippi marengi ing dinten Rebo Pon, lajeng wanci jam kalihwelas, Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalihyan Tuwan Litnan Tardes, sarta Tuwan Suketaris Rawis Abrit, utusanipun Kangjeng Tuwan Jendral Hertoh, nyaosi pirsa yen wande dhateng Ngayogyakarta, amargi gerah sukunipun encoken, sareng kalih tumapakipun abdi Dalem kemasan, tanggal kaping 5 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 11 September taun 1850 Angka 440. [ 11 ]Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng ing Surakarta, manggihi Kangjeng Tuwan Hertoh, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 7 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 13 September taun 1850 Angka 440.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, sabab rawuh sangking negari Surakarta, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 11 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 17 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala Raden Hayu Panembahan marak lumebet bab wonten sawijining putra Prawanta Raden Hajeng Ngaisah sumedya nginggah-inggahi, sarta kaliyan nggenipun wiwit nyaeni sopalipun kagengan Dalem waos, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 12 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 18 September 1850 Angka 441.
Punika pemut kala sedanipun putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Umi Salamah, marengi ing dinten Jumungah Pahing, Pangeran Hadipati Paku Alam sowan nglayat, Den Mas Malikin katimbalan. Tanggal Kaping 14 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 20 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet nglayat, marengi ing dinten Septu Pon, sontenipun Tuwan Asisten sak Nyonyahipun lumebet, lajeng mubeng-mubeng dhateng Purwareja tanggal kaping 15 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 21 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Pleret, kalih Tuwan Asisten, sarta Kangjeng Raden Hadipati Danureja, marengi ing dinten Ngahad Wage, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji, kaliyan Garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, putra Dalem, klangenan Dalem, Raden Hayu Panembahan, Kangjeng Raden Hayu Gusti Maduretna, Raden Hayu Prabuningrat, Raden Hayu Purwadiningrat, Raden Hayu Nitinegara, sareng Kangjeng Ratu kondur, Kangjeng Sampeyan Dalem wangsul tindak dhateng Nglaji malih main wis, tanggal kaping 16 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 22 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala inggihipun Kyahi Tumenggung Nitipraja, sarwa Wedana Distrik tiga, Raden Tumenggung Natawijaya, Raden Tumenggung Nitinegara, [ 12 ]Raden Tumenggung Prawiradirja, sareng kalihyan inggahipun putra Mangkukusuman, dados Bupati Anom, Raden Panji Ranawinata, kaparingan nama Raden Tumenggung Wiryakusuma, putra Ngadiwinatan Raden Panji Jayawilaya, kaparingan nama Raden Tumenggung Purwawinata, inggih dados Bupati Anem, sareng kalih Tuwan Asisten nyaosi badhe panjenengan penjalin, marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 17 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 23 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng ing Redi Kidul, ingkang ndherek Tuwan De Kock Pan Lewen, Tuwan Litnan Pan Wamenwandres, Tuwan Winter, sareng kaliyan Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng Nglilangan griyanipun Tuwan Semun, marengi ing dinten Slasa Legi, tanggal kaping 18 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 24 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala sedanipun Raden Tumenggung Ranadiningrat, sareng kalihyan dhatengipun badhe panjenengan Kangjeng Purnamasada, marengi ing dinten Rebo Pahing, tanggal kaping 19 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 25 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng Mangkubumen, tingalanipun taunan ingkang rayi, sareng kalihyan ngajalipun Mbok Jayasastra margi sakit konduran, marengi malem Kemis Pon, tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 26 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji griyanipun Tuwan Asisten, main hommer, marengi ing malem Jumungah Wage, tanggal kaping 21 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal 27 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala Tuwan Asisten Residen tidhemen sarta para Pangeran-Pangeran nusul tindakipun Kangjeng Tuwan Residen dhateng ing Redi Kidul, ing wingking para Bupati sami tuguran, marengi ing dinten Septu Kliwon, sareng wiwitipun abdi Dalem pasindhen, tanggal kaping 22 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 28 September taun 1850 Angka 441.
Punika pemut kala konduripun Kangjeng Residen saking Redi Kidul, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal 24 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 30 September taun 1850 Angka 441. [ 13 ]Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet dhateng Kedhaton, mawi ngandika bab Tuwan Jansen, sarta Tuwan-Tuwan Sanesipun malih, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 25 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 1 Oktober taun 1850 Angka 442. Sareng kaliyan sowanipun Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi dhateng Ngayugyakarta kaping sekawanipun.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, ngirid Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi, marengi ing dinten Rebo Wage sonten, tanggal kaping 26 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 2 Oktober taun 1850 Angka 442.
Punika pemut kala wiwit nguyu-uyu niyaga alit, marengi ing malem Kemis Kliwon, enjingipun Ratu Bendara marak lumebet ing Kedhaton, sareng kalihyan nyopali Kangjeng Kyahi waos. Kalih malih sareng wiwitipun ngisis kagengan Dalem ringgit, wonten Purwareja, tanggal kaping 27 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 3 Oktober taun 1850 Angka 442.
Punika pemut kala nyepuhi kagengan Dalem Kangjeng Kyahi wangkingan, wonten ing Purwareja, marengi ing malem Jumungah Legi, siyangipun putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil boten emut, sareng kaliyan buwakipun Dragonder Wlandi Sekelwak wonten nglebet. Tanggal kaping 28 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 4 Oktober taun 1850 Angka 442.
Punika pemut kala ringgitan dhalang Sudirakusuma, ingkang nyimping pasindhen alit, niyaga alit, Kangjeng Sampeyan dalem badhe miyos dhateng Mangkubumen wande, marengi ing malem Ngahad Pon, enjingipun Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi dhateng ing Tempel, sarta para putra putranipun, Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi gerah benter wonten Sleman, tanggal kaping 30 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 6 Oktober taun 1850 Angka 422.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalihyan Nyonyahipun saha putranipun, sareng kaliyan Ratu Bendara dhateng Imagiri, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 1 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 7 Oktober taun 1850 Angka 442. Punika pemut kala ngalihipun kagungan Dalem Kantor dhateng Gedhong Dana, sarta wiwit nyirami utawi tata tata Kangjeng Kyahi Wangkingan, [ 14 ]Kangjeng Kyahi Waos sadaya, sareng kalihyan pengalihipun abdi Dalem Puryer kursi, encik ngampil pasindhen, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 2 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 8 Oktober taun 1850 Angka 442.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, sabab tingalanipun Nyonyah Residen, mareng ing malem Rebo Legi, enjingipun Kangjeng Sampeyan dalem miyos tuwi dhateng Mangkubumen, nanging Ratu Bendara boten wonten, sabab dhateng pesisir, sareng kalihyan Tuwan Kaji Brahim, kalih Ketib Ali Brahim, manggihi Bendara Raden Hayu tanggal kaping 3 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 9 Oktober taun 1850 Angka 442.
Punika pemut kala kagengan Dalem ringgit Gedhog, dhalagipun Bangsapatra dipun paringaken dhateng Mangkubumen, marengi ing malem Kemis Pahing, enjingipun Kangjeng Sampeyan dalem tindak dhateng Mangkubumen, kaliyan Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi ingkang rayi Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, boten emut, sontenipun Kangjeng Tuwan Asisten kalihyan sedherekipun lumebet ing Kedhaton, tanggal kaping 4 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 10 Oktober taun 1850 Angka 442.
Punika pemut kala Kangjeng Pengeran Hadipati Ngabehi katimbalan ningali geladhi, marengi ing dinten malem Jumungah Pon, tanggal kaping 5 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 11 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi sowan lumebet sarta putranipun, mawi ningali Prabayeksa, sarta dhateng Gedhong Purwaretna, marengi ing dinten Septu Wage, tanggal kaping 6 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 12 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kaliyan Tuwan Kolonel Krusman, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, tanggal kaping 7 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 13 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala konduripun Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 8 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 14 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Grebeg Besar Tuwan Kolonel Krusman wonten, Pangeran kalih gerah, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 10 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 16 Oktober taun 1850 Angka 443. [ 15 ]Punika pemut kala kabesmen ing Gerjen griyanipun Bekel Asmaradana, sarta Jayaprusa, marengi ing malem Kemis Wage, tanggal kaping 11 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 17 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Pendhapa Purwareja dipun gedhegi, marengi ing dinten Jumungah Kliwon tanggal kaping 12 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 18 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala wiwit gladhi ringgit lampahan Anglingkusuma marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 13 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 19 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet ing Kedhaton, kaliyan tuwan Despro lajeng kaparingan serat dhateng Mertanegaran marengi ing dinten Salasa Wage sareng kalih supitipun Raden Panji Jayawilaga putra Ngadiwinatan, sareng dhatengipun Tuwan Tobiyas, tanggal kaping 16 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 22 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Lelangan Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing lajeng pergadring, mawi tiyang ulami ngrembag kang dados Pengulu, sareng kaliyan patrapipun kagengan Dalem ploncoan Njenengan, tanggal kaping 17 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 23 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Kangjeng griyanipun Tuwan Mayor Noman, marengi ing dinten Jumungah Pahing, kalih Septu Pon, sareng kalihyan Raden Tumenggung Mertanegara nyaosaken supe tanggal kaping 20 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 26 Oktober taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala tetepipun Pangulu, Kyahi Pangulu Tuwan Kaji Ibrahim Kamalodiningrat, sareng kalih paningkah Dalem Bendara Raden Hayu Retna Hadiningrum, tiga sareng kaliyan Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, tanggal kaping 22 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 28 Oktober taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala Raden Hadipati Danureja kaliyan Kyahi Pengulu sowan badhe bengat nanging wande sabab Kangjeng Sampeyan Dalem gerah untaren boten kenging dipun damel lenggah, marengi ing dinten Slasa Legi tanggal kaping 23 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 29 Oktober taun 1850 Angka 444. [ 16 ]Punika pemut kala Raden Wedana Brangtakusuma, Wiryana dipun gantung lenggahipun, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 20 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 30 Oktober taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala inggahipun Tuwan Kaji Maklum, enggentosi Tuwan Kaji Ibrahim, sareng kalih Tuwan Jurubasa Perbrih lumebet nyaosaken serat pethuk nyambut yatra, Mangkubumen, sarta Panembahan, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 25 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 31 Oktober taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala Rahaden Hadipati Danureja, sowan kaliyan Kyahi Pengulu Tuwan Kaji Ibrahim Kamalodiningrat sarta Tuwan Sayid Ngabdur Rahman, saha para ngulama bengat, marengi ing dinten Jumungah Wage, sareng kalihyan wedalipun Raden Wiryana, tanggal kaping 26 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 1 Nopember taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala nglujengi nggangsali nggenipun bobot Bendara Raden Hayu Retna Hadiningrum, sareng kaliyan Raden Lurah Ngusman tuwi dhateng Raden Ngabehi Kuda Rejawangsa ing Padmanegaran, marengi ing dinten Septu Kliwon tanggal kaping 27 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 2 Nopember taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala Raden Mas Murteja nyaosaken lemari alit kalih saking Surakarta, marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 28 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 3 Nopember taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala Raden Wedana Brangta Kusumawiryana dipun pocot, lajeng kaparingaken dhateng Mangkubumen kaparingan nama Raden Atmamurdeya malih wangsul nama nipun lami, sareng kaliyan lebetipun denawa ageng, sareng malih pengalihipun Raden Mas Mertakusuma, sarta Raden Bagus Diyu, marengi ing Senen Pahing, sontenipun Tuwan Mayor Nomman lumebet saknyonyahipun pamit gantos dhateng Gombong, tanggal kaping 29 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 4 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet lajeng Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, rembagan bab tetes, sareng malih lebetipun Tuwan Abing dados Kapedhak alus, marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 30 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 5 Nopember taun 1850 Angka 445. [ 17 ]Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet, ngrampungi serat nggenipun nyuwun nyambut yatra Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi dhateng Kangjeng Gupermen 10.000, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 1 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan griyanipun Tuwan Mayor Panderplis, tumbas kestul, marengi ing dinten malem Jumungah Legi, sareng kaliyan Raden Hayu Mangkubumi marak lumebet kang putra Raden Hajeng Nguyunadikin, kalih Raden Hajeng Supiyah, tanggal kaping 3 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala wedalipun Raden Lurah Martawinata wagel, marengi ing dinten Septu Pahing, sareng kalih Bendara Kangjeng Raden Hajeng Gusti, kalih ingkang bibi Nyahi Tumenggung sakit, tanggal kaping 4 Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, kaping 2 Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, mawi sowan lumebet kamar, lajeng Kangjeng Sampeyan Dalem mundhut lopak-lopakipun ingkang rayi kadamel pola, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 5 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Danureja kaliyan Kyahi Pengulu nyuwun sowan malih margi bengat nuwun rajatatu, sarang kaliyan rampungipun kagengan Dalem ringgit cundhuk, utawi miwiti kagengan Dalem ringgi Mekutha kuluk, sontenipun Tuwan Asisten Residen tidheman sowan lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Broper, sareng malih wiwit yasa kagengan Dalem waos Sulam, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 7 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Otmor sowan lumebet sarta Nyonyahipun, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 8 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Delem ngersakaken pergandring, nanging Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi gerah wonten Kraton Wetan, sami dipun kekep rencangipun tiga, pangajeng Jaswadi, marengi ing [ 18 ]dinten Kemis Pahing tanggal kaping 9 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Nopember taun 1850, Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji griyanipun Tuwan Asisten tidhemen, marengi ing malem Jumungah Pon, Jumungahipun enjing Tuwan Jurubasa Perbrih sowan nyaosaken serat sangking Tuwan Okresen, sontenipun Kangjeng Sampeyen Dalem miyos dhateng Mangkubumen, kusiripun Raden Purwasebrangta, sareng kalih lebetipun Raden Sastrakusuma, utawi Raden Onder Ajidan Sasrawerdaya, tanggal kaping 10 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala sedanipun Raden Hajeng Mustinah putra Mangkubumen, kang sangking Surakarta, marengi ing dinten Septu Wage, tanggal kaping 11 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kaliyan Tuwan Mayor Krus, kumendhan ing Ngayugyakarta, sarta Tuwan Mayor Panderplis, pamit badhe dhateng Betawi, sareng kaliyan mbage bayar Pernata kesahipun Wiryana, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 12 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala tetesipun putra Mengkubumen Raden Hajeng Nguyunadikin, kalih Raden Hajeng Supiyah marengi ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 13 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala pistan wonten Mangkubumen, mawi ngaturi Kangjeng Tuwan Residen, wonten Wlandi mendem Tuwan Lihtih, kalih Tuwan De Moret, marengi ing dinten malem Slasa Pahing tanggal kaping 14 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala Kangjeng Sempeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, kaliyan garwa Dalem Kangjeng Ratu sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, Tuwan Setrop ndherek, sareng kaliyan angkatipun Tuwan Sepek, dhateng Semawis, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 15 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Nopember taun 1850 Angka 446. [ 19 ]Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Nglaji Paresidenan, kalihyan Rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta. Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, mawi dhahar, marengi ing malem Jumungah Kliwon tanggal kaping 17 wulan Mukharam taun Alip 1779,utawi tanggal kaping 22 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala wedalipun Mas Lurah Prabakesa, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, mawi rembagan bab niyaka, marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 18 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala tindakipun Kangjeng Tuwan Residen dhateng Semawis, nglelang apyun, marengi Ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 19 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Nopember taun1850 Angka 446.
Punika pemut kala nyirami Kangjeng Kyahi Hageng, marengi ing dinten Senen Pon, sareng kalihyan inggahipun Raden Lurah Suryamurcita dados Wedana nggentosi Wiryana, sapanunggilanipun, tanggal kaping 20 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Asistenan, marengi ing malem Rebo Kliwon Rebonipun sonten Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, tuwi ingkang Eyang, kaleres klangena nipun ngajal, wasta Mas Hayu Hasmayawati, sareng kalih ngleburipun kagengan Dalem wangkingan Bethet, tanggal kaping 22 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Nopember taun 1850 Angka: 447.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi kalih Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, sami sowan bab prakawis Kumisi, sareng kalih serat gugatipun Tuwan Keser marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 23 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Nopember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen saking Semawis, sareng kaliyan dhatengipun Tuwan Sepek marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 25 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Nopember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet Ing Kedhaton ngandika bab niyaka, sarta Kangjeng Ratu Surtan nyambut yatra, marengi ing dinten [ 20 ]Ngahad Wage tanggal kaping 26 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 December 1850 Angka 447.
Punika pemut kala para Pangeran ngandikan dhateng Purwaretna, kang sowan Mangkubumen, Kapugeran, Tepasantan, Ngadinegaran, Yuryanegaran, Cakradiningratan, Suryawinatan, wiyosanipun Bendara Raden Mas Ismangil, marengi malem Senen Kaliwon, enjingipun nyirami Kangjeng Kyahi ing Purwaretna, sarta Tuwan Sepek sowan, tanggal kaping 27 Mukbaram taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Desember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala para Pangeran ngandikan dhumateng Gedhong Pasedhahan, ingkang sowan Kapugeran, Tepasantan, Ngadinegaran, Yudenegaran, Suryawinatan, Mangkukusuman, wiyosanipun Bendara Raden Hajeng Gusti Putri, marengi ing malem Rebo Pahing tanggal kaping 29 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Desember taun 1850 Angka 447.
enjingipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kaliyan Tuwan Aretman Madiyun.
Punika pemut kala kagengan Dalem ringgit kaparingaken dhateng Mas Lurah Pringgawijaya sabab imah-imah marengi ing dinten malem Kemis Pon, enjingipun lajeng sami pergandring bab niyaka, sarta kumisi sampun rampung, tanggal kaping 30 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Desember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, tuwi ngiras pergandring bab paos, Raden Jayaasmara nggenipun ndherek lepat, marengi ing dinten Saptu Kliwon tanggal kaping 2 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Desember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala Tuwan Mayor Krus Sowan lumebet ing Kedhaton, ngirid Tuwan Litnan Ruperwah, lajeng main bolah wonten Srangbaya, marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 3 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Desember taun 1850, Angka 447.
Punika pemut kala sami sinau main wis wonten gedhong Dana, marengi ing malem Senen Pahing, Senenipun enjing tetepipun wawah bedhaya Purwaretna, sarta Nyahi Lurah Raden Genawati, tanggal kaping 4 wulan Sapar ing taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Desember taun 1850 Angka 447. [ 21 ]Punika pemut kala putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil kautus maringaken wangkingan dhateng ingkang eyang Kangjeng Panembahan, marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 5 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal 10 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala ngajalipun Raden Hayu Pamot, marengi ing malem Rebo Wage, tanggal kaping 6 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala para putri sami nyaosi serat nyuwun nyambut yatra dhateng Kangjeng Gupernemen, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 7 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet ing Kedhaton, ngirid Tuwan Baretti nem mentas dhateng sangking Betawi, ngaturi priksa yen dados toko, marengi ing dinten Jumungah Legi, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng griyanipun Tuwan Baretti nem tumbas bareng-barang nglangkungi sangking mirah tanggal kaping 8 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala Tuwan Mayor Krus lumebet ing Kedhaton, sowan Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, lajeng mubeng-mubeng dhateng Purwareja, Kabumen, marengi ing dinten Septu Pahing, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen utusan ngaturi priksa yen gerah ragi awrat, tanggal kaping 9 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal 14 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala Tuwan-Tuwan main bolah wonten Kamar bolah Gedhong Srangbaya, pangajengipun Tuwan Asisten tidheman, sabab Tuwan Residen taksih gerah, nanging ragi mayar, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 10 wulan Sapar taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 15 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala Tuwan-Tuwan katimbalan main homer, dhateng Gedhong Sranbaya, marengi ing malem Senen Wage enjingipun Kangjeng Tuwan Residen dhangan, sareng kalih dadosipun Kangjeng Kyahi Nagasasra, tanggal kaping 11 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing nglaji maringaken Kangjeng Kyahi Nagasasra, lajeng main wis, sareng kaliyan rampungipun kagengan Dalem ringgit purwa lugas, sareng wiwitipun kagengan [ 22 ]Dalem ringgit purwa kulukan, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 12 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala tarab putra Dalem Bendara Raden Hajeng Suminah, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 13 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala para Pangeran-Pangeran sami katimbalan main dhateng ing Kabumen, marengi ing malem Kemis Pahing, enjingipun lajeng pergandring bab niyaka jestrik, kumisi sarta pamaosan, tanggal kaping 14 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala Tuwen Perbrih sowan lumebet kaliyan Tuwan Koken matur bab siti ing Kadiraja, yen sapunika dipun paosi dhumateng Tuwan Koken pyambak, marengi ing dinten Septu Wage, tanggal kaping 16 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 Desember taun 1850 Angka 448.
Punika pemut kala Pangeran-Pangeran sekawan sami ngendikan wonten ngemper bangsal ingkang kidul, pergadring bab paturan Mertanegaran, bab cancuting paos, sareng kaliyan nglujengi miteni Bendara Raden Hayu, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, kalih Rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi Kangjeng Panembahan gerah napas, tanggal kaping 17 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Desember taun 1850 Angka 449.
Punika pemut kala inggahipun Raden Tumengung Prawiradireja kalih Kyahi Tumenggung Nitipraja, lajeng nama Kyahi Tumenggung Natayuda, sami dados niyaka, sapanunggilanipun sedaya, sareng kalihyan Suramanggala dados Bekel Ngampil, sarta Nyonyah Wisman nyaosi dhahar sop, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 18 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Desember taun 1850 Angka 449.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih ngandikan bab prekawis Tuwan-Tuwan kang dereng bayar paos, sareng kaliyan sowanipun Raden Tumenggung Mangundi pura kalih Raden Tumenggung Jayaningrat, badhe kumisi, siyangipun abdi Dalem pesindhen alit sami sinau uran-uran Pangkur Bayidan, sontenipun Kangjeng Pangeran Hariya Suryaningalaga kalih [ 23 ]Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat, tiga Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara sami sowan, bab sangking Mangkubumen, paturanipun Raden Litnan Kolonel Kumendham Tumenggung Mertanegara, marengi ing dinten Slasa Pahing tanggal kaping 19 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Desember taun 1850 Angka 449.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos nyare dhateng Panembahan, marengi ing malem Rebo Pon, enjingipun siramipun putra Dalem Bendara Raden Hajeng Suminah, sareng kalihyan pasangipun gambar dalemipun Raden Lurah, tanggal kaping 20 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Desember taun 1850 Angka 449.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos salat Jumungah Kliwon, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan tuwi nggenipun gerah, sarta mundhut nyambut wangkingan kalih dhapur naga, lajeng para putri sepuh kakersakaken tugur giliran wonten Kadipaten, sareng kalih Kangjeng Ratu Mas kasaosan mindhak sabin dados 100 karya tanggal kaping 22 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Desember taun 1850 Angka 449.
Punika pemut kala wiwitipun gladhi bedhayan wonten ing Gedhong Jene, sareng kaliyan maringi rasukan beskap kanca niyaga, marengi ing dinten Septu Legi, sareng antukipun Tuwan Sepek, sangking Surakarta, tanggal kaping 23 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Desember taun 1850 Angka 449.
Punika pemut kala ngajelipun putranipun Raden Lurah Jayadipura, sareng kaliyan ngajelipun Tuwan Hendriktalbenis kecemplung kolah, marengi ing malem Ngahad Pahing, Ngahadipun enjing Tuwan Mayor Krus sowan lumebet ing Kedhaton kalih Tuwan Kaptin Pan Wiringin, tiga Tuwan Litnan Pirman, Inpantri, lajeng dhateng Mangkubumen, tanggal kaping 24 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 Desember taun 1850 Angka, 449.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, kalih Rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sawab Kangjeng Panembahan gerah sanget, ing ngriku kathah para putri sarta para Pangeran, Rahaden Hadipati Danureja inggih wonten. Kangjeng Panembahan mawi nyaosaken weweling, masrahaken ingkang garwa, sarta ingkang putra, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 25 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Desember taun 1850 Angka 449. [ 24 ]Punika pemut kala Tuwan De Kock Pan Lewen ing Kasuran sowan lumebet ing Kedhaton kalihyan sedherekipun wasta Tuwan De Kook Pan Lewen suketaris ing Semawis marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 26 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 31 Desember taun 1850 Angka 449.
Punika, pemut kala bilahi mripatipun kanca Bekel Carik Ngabehi Sastrapuspita, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kapethuk Wlandi tatu awasta pun Adriyanse, Kumpeni 5 lajeng mampir dhateng Panembahan mawi nyaosi serat, nanging dereng katampen, tanggal kaping 27 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 Januari taun 1851 Angka 449.
Pestanipun malem Kemis Legi sarta mawi srimpi Jebeng pesindhenipun Raden Sewandana sak kancanipun.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, kalihyan Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sabab Kangjeng Panembahan gerah sanget semaput sareng kalihyan Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, kalih Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, nuwun pamit badhe dhateng Surakarta, lajang mangkat, ngebekti wonten Panembahan, sarta mawi rembagan waris, dhateng Surakarta damelipun lelang barangipun Kangjeng Tuwan Residen Baron De Hir marengi ing dinten Jumungah Pahing, sareng malih pengalihipun lumebet dhateng negari, sangking Kalasan Kangjeng Bendana Raden Hayu Gusti Maduretna, mondhok dalem ipun putra Dalem Bendera Raden Mas Ismangil, tanggal kaping 29 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih ngandikan lumebet marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 1 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala tata-tata gambar ing Bangsal Purwareja sarta pakuwon Srangbaya kasekaken, marengi ing dinten Ngahad Wage tanggal kaping 2 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala pasang lemari wonten ing Gedhong Jene, lemari enggal, yasa Dalem nomer 1 sareng kalihyan putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil tindak dhateng dalem jawi, tuwi ingkang ibu Kangjeng Bendara Raden Hayu Guati Maduretna, sontenipun Tuwan Kaptin Kremer sowan lumebet marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 3 wulan [ 25 ]Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dintang Panembahan, kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, ragi jawah nitih kareta, sabab Kangjeng Sampeyan Dalem untaren, marengi ing dinten Slasa Legi tanggal kaping 4 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala sedanipun Kangjeng Panembahan Hamang kurat, marengi ing dinten Rebo Pehing, wanci jam nem sonten, Kangjeng Sampeyan Dalem inggih miyos nenggani mafadipun, kaliyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, wiyos Delem kejawahan, kondur Dalem Kalihyan ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen tanggal kaping 5 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Panembahan, kalihyan Tuwan Mayor Krus, Tuwan Asisten tidheman, Tuwan Winter, marengi ing malem Kemis Pon, lajeng lumebet dhateng Kedhaton, ningali ungelipun gangsa Sekati, sabibaripun Rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta para priyayi sami dhahar butram wonten ing Purwaretna, enjingipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan malih, kalih Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, layonipun dipun angkataken dhateng ing Kithaageng, siyangipun kreta gadhahanipun Tuwan Baretti kapundhut praksa, tanggal kaping 6 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem mundhut tumbas kreta lurik gadhahanipun Tuwan Baretti, marengi ing dinten Jumungah Wage, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali Sekati, tanggal kaping 7 Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mesjid Hageng lajeng dhateng Pangulon, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 8 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Nglaji ageng, griyanipun Tuwan Mayor Krus, marengi ing malem Ngahad Legi, [ 26 ]enjingipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Masjid Hageng, kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bicanten bab serat Bagelen, sarta Glendheh Godheg, tanggal kaping 9 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala Kyahi Pengulu Tuwan Kaji Ibrahim Kamalodiningrat ngabuk-abuk repot dhateng Kadanurejan, lajeng Tuwan Kaji mangun pukaha, kadukanan, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 12 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, ingkang ndherek Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat, mriksani barang-barang, kondur Dalem lajeng sami rembagan bab Glendheh, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 13 wulan Rabingulawal taun Alip, 1779, utawi tanggal kaping 16 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Raden Hayu Panembahan marak lumebet kalih Raden Hayu Semarawati nyaosaken barang supe, sapanunggilanipun, nggenipun nyuwun nyambut Kangjeng Panembahan, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 14 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Brosot, kalihyan ingkang garwa sakputranipun sedaya, marengi ing dinten Septu Pahing tanggal kaping 15 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja sowan lumebet ing Kedhaton, matur bab serat Bagelen, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 16 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala konduripun Kangjeng Kyahi Hageng Sangkelat wonten Ngarsa Dalem, sareng kalih pengalihipun putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Gusti Putri dhateng Gedhong Pasedhahan, marengi ing dinten Senen Wage, sontenipun Tuwan Asisten tidheman sowan lumebet, tanggal kaping 17 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Januari taun 1851 Angka 451. [ 27 ]Punika pemut kala konduripun Kangjeng Kiyahi Hageng sakpanunggilanipun sadaya, dhateng Prabayeksa, sarta kajenengen Kengjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 18 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam sowan lumebet, tuwi kondur Dalem dhateng Prabayeksa, sarta kaparingan segah srimpi Jebeng, sareng kaliyan konduripun Nyonyah Residen sangking Brosot, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 19 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Raden Hayu Penembahan, nyaosaken barang-barangipun Kangjeng Panembahan sadaya, marengi ing dinten Jumungah Pon, tanggal kaping 21 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Asisten tidheman, marengi ing malem Septu Wage, enjingipun supitipun putra Martanegaran Raden Mas Saparja, tanggal kaping 22 wu lan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos tuwi dhateng Martanegaran, margi nggenipun nyupitaken, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 23 Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Januari taun 1851 Angka 451.
Punika pemut kala Mas Lurah Gandawirana kautus dhateng Martanegaran, prakawis lemari gangsa, Kyahi Riya sapanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 24 wulan Rabingulawal taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 27 Januari taun 1951 Angka 452.
Punika pemut kala kangengan Dalem ringgit wacucal purwa, kaparingaken dhateng Martanegaran, marengi ing malem Slasa Pahing, enjingipun serat angsul-angsul sangking Surakarta lumebet, bab sedanipun Kangjeng Panembahan Hamangkurat, tanggal kaping 25 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Januari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, mawi mriksa wangkingan sarta waos, tuwin waos Palawija, mawi nurun kandelan, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 26 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 Januari Angka 452. [ 28 ]Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Tempel mriksani dadosipun kreteg Krasak, panggih yan kelih Tuwan Residen Penrimsdik Kedu, sareng kalih yan Raden Hayu Panembahan marak kalih Raden Hayu Nata diningrat, tiga Raden Purnamaresmi, mbayar sambutanipun suwargi Kangjeng Panembahan, sareng malih Raden Hayu Matapraja marak, kalih Raden Hayu Slarong, tuwi Kedhaton, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 31 Januari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Dokter Kurnen, marengi ing malem Septu Legi, Septunipun enjing Kangjeng Tuwan Residen nyambut agem Dalem cenela, tanggal kaping 29 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 Pebruari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala Kangjeng tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, nggalih bab ecaning panggalih para Pangeran Pangeran, sabab sami dipun sakaken dhateng Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, sarta wonten kabar sangking Karanganyar sareng kalihyan lebetipun titihan plumpung sarta waos Kangjeng Kyahi Liyep, marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 30 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Pebruari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala nyerati Kangjeng Kyahi Mageng, sakpa nunggilanipun sedaya, nanging wande, sabab mblobok, badhe dipun angkah malih sareng kalihyan lebetipun waos saking Mertanegaran, Kangjeng Kyahi Barukelir sarta plonco waos, kaliyan lemari, lan mawi ngudur bab wangkingan Kyahi Bramabedhali ing Panembahan, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 1 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Pebruari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala para kaji-kaji sami ngaos Kur'an Kangjeng Kyahi Berkat, merengi ing malem Slasa Wage, Slasanipun enjing Tuwan Jurubasa Perbrih sowan kautus Kangjeng Tuwan Residen nerang bab pista wiyosan Dalem penjenengan, lajeng Kyahi Pengulu sowan prekawis saking abdi Dalem Pinggir, sareng malih Kangjeng Pengeran Hadipati Mangkubumi sarta Kangjeng Pangeran Hariya Suryaningalaga, tiga Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat, nggalih bab para Pangeran kang sami nyuwun nyambut yatra, sarta putraning para putra sentana, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Kaptin Cina, kalih Rayi Dalem Kangjeng Ratu, tiga Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sarta para priyayi, tiyang [ 29 ]Kithaageng pun pingi wonten, tanggal kaping 2 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Pembriwari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala wonten rembag prayogi sangking ing Martanegaran, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing Raden Hayu Panembahan marak sarta putranipun sedaya, mbage barang kagunganipun Suwargi Kangjeng Panembahan, kang werni jenesela, sinjang-sinjang, sarta abrak-abrak sedaya tanggal kaping 3 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Pembriwari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen Mas Ngabehi Sasradimeta, tetep dados kumendham Kraton malih, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 4 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Pembriwari taun 1851 Angka 452.
Sontenipun wanci jam 4 Onder Ajidan Atmadipura ngajal.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi nyambut peniti tertap, nyuwu nggadhuh supe, nanging boten angsal, marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 5 wulan Rabingulakir taun Alip, 1779 utawi tanggal kaping 7 Pembriwari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala bage waris kagunganipun suwargi Kangjeng Penembahan, ingkang warni wangkingan kalih waos, sareng kalih Raden Atmaprawira Ambiya, badhe nyaosi nanging sareh, malih sareng sowanipun dhateng Ngayogya Kaping 5, Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 6 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi, tiga Tuwan Litnan Jansen, Mas Ngabehi Sasradimeta, siyangipun Raden Hadipati Danureja sarta Kyahi Pengulu Tuwan Sayid Ngabdurrahman, sami sowan prakawis merdikakaken tiyang Pinggir, sareng malih pun Pingi nyaosi waos Kyahi Sugihyan, marengi ing dinten Ngahad Wage, tanggal kaping 7 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala imah-imah Tuwan Kaji Mangunpukai dhaup Mas Hajeng Padmadiningsih, marengi ing malem Senen Kliwon, Senenipun enjing wiwit damel ules Kangjeng Kyahi, badhe dipun soket, sarta Carik wiwit nyerat Kabumen, tanggal kaping 8 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Pembriwari taun 1851 Angka 453. [ 30 ]Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi ngandikan, sarta ingkang putra Ratu Bendara marak, marengi ing dinten malem Slasa Legi, Slasanipun enjing wiyosipun hajad Dalem Panjenengan, malemipun Rebo Pahing dhahar eca ageng, mawi dangsah Nyonyah-Nyonyah, malemipun Kemis Pon inggih dhahar eca malih, Kangjeng Tuwan Residen inggih lumebet, sarta semuwan beksa Trunajaya, tanggal kaping 9 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, tuwi Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi, marengi ing malem Jumungah Wage, tanggal kaping 12 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersak aken semuwan srimpi Jebeng Jemparing Gandrung Winangun, sareng kalih ngajalipun Operwahmister Di Munte, marengi ing dinten malem Septu Kliwon, Septunipun enjing Tuwan nyaosaken jene sulam, tanggal kaping 13 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Pembriwari taun 1851 tanggal 453.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi Ratu Bendara, sareng kalih Raden Lurah Sasrasentana gadhah lare estri, marengi ing malem Ngahad Legi, ngahadi pun enjing Kangjeng Pangeran Hadipati kondur, tanggal kaping 14 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala slawatan Maulud wonten Bangsal Kencana, marengi ing malem Senen Pahing tanggal kaping 15 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala angintunaken titihyan Kyahi Jayakumala dipun agem Kangjeng Tuwan Residen, sarta Kyahi Daradasih dhateng Mangkubumen, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 16 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala wiyosanipun Kangjeng Raja Ingkang Maha Hagung ing Nederlan, sarta mawi baris sepeksi, wonten ing ngalun-alun, marengi ing dinten Rebo Wage, pistanipun marengi ing malem Kemis Kliwon, tanggal kaping 17 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala dados kagengan Dalem kandelan sela mawi jumerut, mirah, sarta para putra kaparingan ketep, lan sarta Bendara Raden Mas [ 31 ]Ismangil dipun saosi supe dhateng Mas Hajeng Jaganegara, Ratawijaya, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 18 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bab prakawis Karanganyar, sareng kalihyan Kyahi Jayakumala tetep dados kagunganipun Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 21 wulan Rabingulakir taun 1779 utawi tanggal kaping 23 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Nyonyah Kapitan Lisaji lumebet ing Kedhaton, kalih anakipun Babah Buyut Yan Ing, Babah Buyut Wangsengsari, marengi ing malem Senen Wage tanggal kaping 22 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala ndarusaken para kaji-kaji, mawi dhikir saman cara Arab, marengi ing dinten malem Slasa Kliwon, tanggal kaping 23 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala wiwit bikak lajeng mulyakaken kagengan Dalem gedhong jamban, sarta Gedhong Purwaretna, Kangjeng Sampeyan Dalem ngedhaton wonten Gedhong Jene, sareng kalihyan rampungipun kagengan Dalem ringgit kulukan, wiwitipun kagengan Dalem ringgit purwa Kidangkencana, sareng malih kagengan Dalem ringgit kasrekaken ing gedhong Sadikinan, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 23 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji, kalih Rayi Dalem Kangjeng Ratu sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwin Nyonyah Residen gerah sarean risban, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 24 wulan Rabingulakir taun Alip, 1779 utawi tanggal kaping 26 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit lenggah Senen Kemis malih, marengi ing dinten Kemis Pahing, sontenipun lajeng miyos dhateng pagriyanipun Tuan Jensen Mas Ngabehi Sasradimeta, sabab sakit sanget, tanggal kaping 25 wulan Rabingulakir taun Alip 1779,utawi tanggal kaping 27 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Tuwan Pandhita Bringmen sowan kalih Tuwan Pan Reng, lajeng Tuwan Dokter sowan ningali Gedhong Jene, marengi ing dinten [ 32 ]Jumungah Pon tanggal kaping 26 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar mampir dhateng griyanipun Tuwan Dokter, sareng kalihyan Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna marak, marengi ing dinten Septu Wage, tanggal kaping 27 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 Maret taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Jajar Punakawan Raden Atmaradeya dipun pocot, sabab damel resah, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 29 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 Maret taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan-Tuwan kathah, main wis wonten ing Gedhong Jene sareng kalih tetepipun Tuwan Residen ing Surakarta, Tuwan Bisken, marengi ing malem Kemis Wage tanggal kaping 3 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala maringaken wangkingan dhateng Tuwan Dokter Kurnet, warni singa, marengi ing dinten Jumungah Kliwon tanggal kaping 4 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala para Pangeran-Pangeran sami katimbalan main wis wonten ing Gedhong Jene, marengi ing malem Setu Legi, Septunipun enjing Reden Hayu Mangkubumi sarta Raden Hayu Prabuningrat sami marak tuwi ngalih, tanggal kaping 5 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Asistenan, ing Pacinan wonten ringgit golek, marengi ing malem Ngahad Pahing, Ngahadipun enjing Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton bab serat nyambut yatra para Pangeran, sareng kalih blaenipun Drissen estri kalih, tanggal kaping 6 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala tetepipun Mas Lurah Gandawilaga dados Lurah Punakawan Ringgi Panggung, nggentosi tiyang sepuhipun, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 7 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Maret taun 1851 Angka 455.
[ 33 ]Sareng kaliyan maringaken titihan Kyahi Serep Sak prabotipun dhateng ing Mangkubumen.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat ngandikan bab yatra bayar utawi paos, marengi ing dinten Slasa Wage, sareng kalih Wlandi kerengan Tuwan Semit kalih Tuwan Pirman sepuh, tanggal kaping 8 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala matedhakaken besan tigang rambahan, dhateng ing Yudanegaran, sabab netesaken ingkang putra, sarta Raden Mas Ngulama, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 9 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, ngurmati slamet jalan Nyonyah Residen, sareng kalih kagengan Dalem ringgit kapatedhakaken dhateng ing Yudanegaran, sareng kalih kasendhunipun pun Cenguk Buntung, marengi ing malem Kemis Legi, Kemisipun enjing Kangjeng Tuwan Residen nyaosi gambaripun ingkang rama Kangjeng Tuwan Jenderal De Kock, sarta Kangjeng Sampeyan Dalem ngintunaken serat bab para Pangeran, utawi para putri ingkang sami nyambut yatra, lajeng Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng-Yudanegaran kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, tanggal kaping 10 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen nirahaken ingkang garwa Nyonyah dhateng Batawi sabab gerah Kangjeng Tuwan Residen namung dugi Semawis, kemawon, marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 11 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala nggantung tiyang nami pun Partasuwara penabur prajurit Jagakariya, sareng kalih supitipun putra Suryawijayan, marengi ing dinten Septu Pon, sareng kalih Tuwan Pan Ren katimbalan dhateng Kedhaton tanggal kaping 12 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Maret taun 1851 Angka 455. [ 34 ]Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Mayor Krus, marengi ing malem Ngahad Wage, Ngahadipun enjing Kangjeng Pangeran Hariya Suryaningalaga sarta Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat, tiga Raden Tumenggung Litnan Kolonel Martanegara ngandikan bab paos sapanunggalanipun, mawi ngaturaken Mas Tumenggung Resasentana, sareng kalih prakawis Kreta pengawat, tanggal kaping 13 wulan Jumadilawal taun alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken ringgitan kagengan Dalem Ringgit Rame. Wiwit sapisan dhalangipun pun Wangsaprawira, mawi nimbali para Pangeran, marengi ing malem Senen Kliwon, Senenipun enjing wiwit ngadengipun kagengan Dalem Bedhaya Pusaka Sumbreg Patuh, sareng kalih putra Dalem Bandara raden Hajeng Gusti kaparingan Qur'an Setambul, tanggal kaping 14 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Tuwan Beretti nem sowan lumebet ing Kedhaton, marengi ing dinten rebo Pahing tanggal kaping 16 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Maret 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Kapitan Cina, kaliyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas saha para putri, ningali ringgit golek, marengi ing dinten malem Kemis Pon, tanggal kaping 17 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji ageng pagriyanipun Tuwan Kaptin Labar, marengi ing malem Ngahad Legi, Ngahadipun enjing Raden Hayu Panembahan, sarta Raden Hayu Natadiningrat, tiga Raden Hayu Dewaningrum, sami marak, nanging boten dipun panggihi, margi klintu lampahipun, nyaosaken serat sarta renda, kalih sanggawedhi, sami dados prakawis, tanggal kaping 20 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng toko griyanipun Tuwan Beretti nem, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, saha para priyayi, marengi ing malem Senen Pahing, tanggal kaping 21 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Maret taun 1851 Angka 456.
[ 35 ]Punika pemut kala Raden Hayu Pancakusuma putri ing Dipanegaran sepuh, marak lumebet sumedya suwita, marengi ing malem Slasa Pon, Slasanipun enjing Raden Hayu Panembahan marak bab prakawis daweg Ngahad, tanggal kaping 22 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen rawuh sangking Semawis, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 23 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet dhateng Kedhaton, sareng kalihyan Raden Hayu Mangkubumi kaparingan bayar sawulan, 25 rupiyah, kalih Raden Hajeng Nuyunadikin kaparingan rasukan, sareng malih bayaripun abdinipun Kangjeng Ibu Dalem Kangjeng Ratu Hageng, kaparingan bayar sangking Kangjeng Sampeyan Dalem pyambak, marengi ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 24 wulan Jumadillawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala wedalipun Bekel Silir kalih, dados Mantri, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 27 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Maret taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Raden Lurah Mangunprawira kaparingan ngalih nama Raden Lurah Suryataruna, sareng kalihyan inggah-inggahan Bekel-Bekel, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 28 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 31 Maret taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala kagengan Dalem glodhong Kangjeng Kyahi Hageng Sawi Gedhah Praosan dipun pasang, sareng kalih Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit ngersakaken nyerat Serat Harjunawijaya, sareng Tuwan Kaji Makrum wiwit nyerat Qur'an, malih sareng maringaken Qur'an Setambul dhateng Rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta malih hadegipun kagengan Dalem emper ing Gedhong Purwaretna, lan malih ing Bangsal karangkusuma, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 29 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Raden Tumenggung Mertanegara badhe nuwun sowan, nanging Kangjeng Sampeyan Dalem boten tampi sabab boten sakeca sarira Dalem, marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 1 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 April taun 1851 Angka 457.
[ 36 ]Punika pemut kala Tuwan Pan Ren katimbalan lumebet ing Kedhaton, mawi dipun adhangi Sekilwak, marengi ing dinten Jumungah Pon, Septunipun wangsul marih, sareng kalih maringaken serat potelot dhateng Mangkubumen, tanggal kaping 2 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Raden Tumenggung Mertanegara siyos sowan, marengi ing dinten Septu Wage, bab prakawis maosan, sareng kalih Tuwan Sudhen nyaosi waos, tanggal kaping 3 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem nanggap ringgit golek Cina tigang dalu, ingkang ngirid Babah Buyud Wangsengsari, marengi ing malem Ngahad Kliwon, sabab wiyosanipun tingalan Bendara Raden Mas Ismangil, tanggal kaping 4 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna marak, marakaken ingkang putra, ingkang badhe tetes, Raden Hajeng Dherek, Raden Hajeng Soblem, Raden Hajeng Akik, sareng kalih tetepipun Wahmister Willem, Langenstra sapanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Legi, sareng kasikunipun Bangsadenta, tanggal kaping 5 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih ngajal margi sakit ewah, marengi ing dinten Kemis Wage, sareng kalih mireng kabar Semawis Wonten pageblug tiyang sambang, tanggal kaping 8 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 April 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng dalemipun Bendara Raden Mas Ismangil, tuwi ingkang embok Kangjeng Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna, tuwi nggenipun kagungan damel, kalih putra Dalem Bendara Raden Hajeng Gusti kang sarta putra-putra, sareng kalih Mas Lurah Puriyer Mangundimeja ngisis serat, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 9 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen Mas Lurah Sasradimeta sowan, sabab saweg mentas saras nggenipun sakit sanget, sareng kalih Tuwan Pan Ren sowan sabab badhe imah-imah dhateng Semawis, marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 10 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 April taun 1851 Angka 458.
[ 37 ]Punika pemut kala mireng kabar yen Kadanurejan pragadring kaliyan para Niyaka, bab prakawis beya-beya marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 11 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan dalem nersakaken slawatan Maulud, marengi ing dinten malem Senen Pon, Raden Lurah Somasentika Taliwangsa sowan, Senenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos malih tuwi nggenipun tetes putranipun ingkang embok, Raden Hajeng Dherek, Raden Hajeng Soblem, Raden Hajeng Akik, sareng kalihyan tetepipun Raden Mas Mangkuwinata dados Lurah Punakawan putra, sarta Raden Wedana Handakara manggihres kawan dinten kawan dalu, tanggal kaping 12 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng pamondhokanipun ingkang embok Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, saha para putra, sareng kaliyan wonten serat kasar sanget-sanget, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 13 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala njalini langdheyanipun waos Kangjeng Kyahi Ragsara, sareng kalih dadosipun plonco nomer 1 marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 16 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala seda putranipun Kangjeng Raden Hadipati Danureja Raden Mas Karmaheni, patutan sangking Bendara Raden Hayu Dipati rayi Dalem, marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 16 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Yuwan Litnan Blumenwandres saknyonyahipun kalih Tuwan Kaptin Holdemborek saknyonyahipun, sarta Tuwan Kopral Welem Klumenwandris sowan lumebet Kedhaton, marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 17 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Asistenan, marengi ing malem Ngahad Wage Ngahadipun sonten Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kejawahan, Cakrareja ndherek, sareng kalih [ 38 ]serat sangking Ratu Bendara, tanggal kaping 18 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Kudatinaya dipun gantung plenggahanipun, sareng tetepipun pun agul-agul, Raden Hayu Resakusuma marak, badhe ngramakaken ingkang putra, marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 19 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 April taun 1851 Angka 459.
Sareng Bendara Raden Hayu Prabuningrat marak dhateng pesareyan Kitha Hageng nadar daweg taksih wonten sabrang. Punika pemut kala Tuwan Litnan Opte ngandikan mundur sakit, marengi ing malem Slasa Legi, Slasanipun enjing Tuwan Litnan Jansen Mas Lurah Sasradimeta sowan malebet, bab serat Kyahi Bramabedhali, Kangjeng Tuwan Residen duka sanget-sanget dhateng Pangeran Hariya Natadiningrat, tanggal kaping 20 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala Tuwan Klaring sowan, bab enggenipun maosi dhusun ing Maguwa lenggahipun Kangjeng Panembahan, dipun suwun dadosa maosan Dalem, kalih ngomong yen gadhah waos kalih tretes angkup randhu, sarang kalih Tuwan Beretti sowan, bab kaca badhe kalelang, sareng kalih ngamalo kandelan, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 21 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala maringaken piyagemipun Tuwan Klaring, marengi ing dinten Kemis Pon, sareng kalih wiwitipun para putri marak ing Kedhaton Senen Kemis, tanggal kaping 22 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala maringaken kancing dhateng Raden Mas Lurah Mangkuwinata, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 24 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala Raden tumenggung Litnan Kolonel Kumendam Martanegara sowan kalih Raden Tumenggung Mangunyuda, marengi ing dinten Ngahad Lagi tanggal kaping 25 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 April taun 1851 Angka 459.
[ 39 ]Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pangriyanipun Tuwan Bereti mundhut tumbas kaca, sab enjingipun badhe nglelangan, marengi ing dinten Senen Pahing, kondur Dalem mawi nimbali ingkang rundha Raden Tumenggung Mertadiningrat, tanggal kaping 26 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala lebetipun kagengan Dalem gangsa, saking ing Mertangegaran, salendro, wasta Kyahi Riya, sareng kalih lelangipun Tuwan Beretti, Kangjeng Sampeyan Dalem mundhut kaca, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala wonten kabar yen Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi Surakarta gerah sanget, sareng lebetipun Kangjeng Tuwan Asisten tidheman, sarta Nyonyah Kolet pacanganipun Tuwan Litnan Piper, sontenipun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi dhateng Surakarta sarta ingkang garwa, marengi ing dinten Rebo Wage, tanggal kaping 28 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala Mireng kabar yen Kangjeng Tuwan Residen Baron De Kock badhe gantos, marengi ing malem Kemis Kliwon, enjingipun maringaken wangkingan dhateng Raden Mas Mangkuwinata, tanggal kaping 29 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 Mei taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala wonten serat undhang-undhang sangking kantor tiyang sakit kulera marbus, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 1 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Mei 1851 Angka 459.
Punika pemut kala nggebyagaken kagengan Dalem bedhaya pusaka Sumbreg, sareng kaliyan nguyu-ayu wanten Gedhong Jene, kagengan Dalem gengsa Kyahi Riya Jawah Riris, marengi ing malem Isnen Wage, Senenipun enjing Mas Lurah Kudatinaya angsal posiyun, sareng Kangjeng Tuwan Residen nyaosi agem rasukan sutra biru dhateng Rayi Dalem Kangjeng Ratu sarta putra Dalem Bendara Reden Hajeng Gusti, tanggal kaping 4 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem Mundhut klangenan putranipun suwargi Raden Tumenggung Tirtawiguna wasta Raden Rara Saminah, sareng kalih wiwitipun nyungging kangengan Dalem Ringgit Kidang Kencana Purwa, marengi ing dinten Slasa Kliwon, sareng malih nresikaken ngengreng, [ 40 ]kagungan Dalem Serat Rejunawijaya, sarta sareng maringaken supe Jemerut dhateng Suryamurcitan, tiga serat dhateng Gandawilagan, sareng wiwit yasa tabuh gangsa, tanggal kaping 5 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala wiwit bedhayan pasindhen Prabu Dewa, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 7 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Pandhita Brimen, ngaturi priksa yen badhe gantos, sabab nyuwun kendel, marengi ing dinten Jumungah Pon, ingkang dados Wakil Residen Ngayugyakarta Tuwan Asistan Tidheman, tanggal kaping 8 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala ndawahaken mranata lampahipun temanten Mas Bekal Jayawirana, marengi ing dinten Septu Wage tanggal kaping 9 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala ngajal anakipun alit Mas Lurah Sasradimeta, Tuwan Litnan Jansen, marenti ing dinten Ngahad Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Mei 1851 Angka 460.
Punika pemut kala Ngabehi Begananda minggah Penewu sareng kalih Tuwan Asisten Tidheman lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Kaptin Labar, sareng panggihipun temanten Mas Bekal Jayawirana, sarta temanten putra ing Keranggan, marengi ing dinten Senen Lagi tanggal kaping 11 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Mei taun 1851 Angka 460. Wah sareng malih Kangjeng Gusti Pangeran Hadipati Mangkubumi kondur sangking Surakarta.
Punika pemut kala kangengan Dalem ringgi wacucal kaparingaken pasumbang dhateng Mas Bekal Jayawirana, marengi ing malem Rebo Pon, Rebonipun enjing Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, nyaosi tandha tinggal dhateng Kangjeng Sampeyan Dalem warni panjenengan mawi tandha nama sangking Plembang, kalih lantaran suru, lajeng wiyosan Dalem dhateng Tepasantan, tuwi nggenipun nyupitaken, tanggal kaping 13 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Mei taun 1851 Angka 460. [ 41 ]Punika pemut kala Tuwan Asisten Tidheman lumebet ing Kedhaton, nyaosi priksa yen putrinipun Kangjeng Tuwan Residen Nonah Sutirde ngajal, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 14 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Mei taun 1851 Angka 461.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji pagriyanipun Tuwan Asisten Tidheman main marengi ing malem Jumungah Kliwon, Jumungahipun enjing Kangjeng Sampeyan dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Kaptin Labar, nyaosi tandha warni gambar godhongan, ingkang dipun kengken Sersan Mayor Sekep, sareng kalih pun Jayawigena dipun pocot lepat sanget tanggal kaping 15 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Mei taun 1851 Angka 461.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Baron De Kock lumebet ing Kedhaton masrahaken panguwasa dhateng Tuwan Asisten Tidheman, warnim Residen Ngayugyakarta marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 16 wulan Rejeb taun Alih 1779, utawi tanggal kaping 17 Mei taun 1851 Angka 461.
Punika pemut kala maringaken piyagem dhateng Tuwan Kokken Kadiraja, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, Kangjeng Ratu Sultan, saha putri-putri putra-putra, maringaken tandha wangkingan Kyahi Wisa Pengasih, waos senjata Kunta, sarta gambar dedamel, Kangjeng Ratu maringi supe dhateng Nyonyah, para putri kintun sarung, kapethuk temanten Pakuningratan, angsal Padmajan, ngriku kapethuk Tuwan Litnan Holten kumendham Leng Weh Surakarta Mas Lurah Sartapinilih, marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 17 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Mei taun 1851 Angka 461.
Pemut pemut kala Wiwit lelang Paresidenan, sareng kalih mas bekel Kala Bathok dados Warnim, sareng malih gladhi resik ringgit lampahan Anglingkusuma, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 18 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal 19 Mei taun 1851 Angka 461.
Lelangipun wau dumugi ing dinten Slasa Wage, Rebo Kliwon, Rebo Kliwon sonten, Kangjeng Tuwan Residen dhongkol lumebet ing Kedhaton nyaosi slamet tinggal.
Punika pemut kala lebetipun serat sangking Betawi kekalih, sangking Kangjeng Tuwan Gupenur Jendral ing kang lami, Kangjeng Tuwan Rohusen, [ 42 ]sarta Kangjeng Tuwan Gupenur Jendral ingkang enggal kangjeng Tuwan Demar Van Tyis, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 21 wulan rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Mei taun 1851 Angka 461. Sontenipun lebetipun kaca sangking Yudanegaran kliah saking Mertanagaran.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tindak dhateng Asistenan maringi slamet jalan, marengi ing malem Jumungah Pahing, Jumungahipun enjing Tuwan Baron De Kock mangkat kondur dhateng Betawi sareng kalih lebetipun Surakarya anakipun Karyadimeja Gendhing, tanggal kaping 22 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Mei taun 1851 Angka 461.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken dhahar pista mawi dhangsah wiyosanipun taunan putra Dalem Bendara Raden Hajeng Gusti Putri Sujinah, marengi ing malem Ngahad Wage, Ngahadipun enjing rampungi pun Kantor Gedhong Dana, tanggal kaping 24 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Mei taun 1851 Angka 461.
Punika pemut kala Kangjeng Ratu Mas tindak dhateng Kedanurejan, tuwi Bendara Raden Hayu Dipati Danureja gerah, marengi ing dinten Senen Kliwon, sareng kalih wedalipun Banngsadenta sak kancanipun, tanggal kaping 25 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Mei taun 1851 Angka 461.
Punika pemut kala maringaken nuwala ingkang katur dhateng Betawi, marengi ing dinten Rebo Pahing, sontenipun Kangjeng Tuwan Tidhoman ingkang makili Residen lumebet ing Kedhaton, tanggal kaping 27 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Mei taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala lebetipun kagungan gangsa pelog, wasta Kyahi Tumenggung Sekar Gadhung, sareng kalih butulipun kagengan lawangn alit ngajengan regol Kabumen marengi ing Kemis Pon, sontenipun Tuwan Van Ren lumebet ing Kedhaton, kalih Nyonyahipun, tanggal kaping 28 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 Mei taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Kadanurejan kalih Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sadinten miyos 2, marengi ing dinten Jumungah Wage, tanggal kaping 29 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Mei taun 1851 Angka 462. [ 43 ]Punika pemut kala ngersakaken semuan ringgit Anglingku suma, marengi ing dinten Septu Kliwon tanggal kaping 30 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 31 Mei taun 1851 Angka 462.
Ngahad Legi Senen Pahing Slasa Pon bibar, marengi tanggal kaping 3 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 Juni taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala sedanipun Bendara Raden Hayu Hadipati Danureja, putra Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Hingkang Kaping 4, marengi ing dinten Rebo Wage wanci jam 1 lajeng sumare ing Mlangi, tanggal kaping 4 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Juni taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji Asistenan mawi dhahar, sarta rame, sabab wonten Tuwan Rile kalih Tuwan Klen, Wlandi Semawis, marengi ing malem Kemis Kliwon, Kemisipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos nglayat dhateng Kadanurejan kepanggih Tuwan Warnim Residen, Tuwan Mayor, Tuwan Litnan Jansen, lajeng Kangjeng Tuwan Tidheman Warnim Residen Ngayugya nyaosi dhateng Ingkang Sinuhun warni kothak wadhah serat wonten seratan namanipun tanggal kaping 5 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Juni 1851 Angka 462.
Punika pemut kala Tuwan Tidheman Warnim Residen ing Ngayugyakarta lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Mayor Krus, Tuwan Klen, Tuwan Rile, Wlandi Semawis, Tuwan Litnan Jansen Mas Lurah sasradimeta, marengi ing dinten Jumungah Legi, tanggal kaping 6 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Juni taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala wiyosipun nuwala Dalem dhateng Surakarta, bab sedanipun Bendara Raden Hayu Hadipati Danureja, marengi ing dinten Septu Pahing, tanggal kaping 7 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Juni taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala Tuwan Rabert Suwabpi mentas dhateng sangking negari Welandi, sowan kairid Mas Lurah Sasradimeta, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 8 wulan Sakban taun alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem meringakan risban dhateng Mangkubumen, sarta mundhut wadhah lonceng ngandhap mawi lemari [ 44 ]marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 9 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken ngalih dhateng ing Purwaretna malih, sareng kalihyan pengalihipun kagengan dalem ringgit dhatenging Gedhong Madukaran, sareng malih lelangan Paresidenan, barangipun Tuwan Baron De Kock, sareng malih wiwitipun mblumbang pasiraman, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala dhatengipun kabar yen Tuwan Haselman Asisten ing Surakarta, dados Residen ing Ngayugya, sareng kalih Kangjeng Ratu mriksa ing Gedhong Purwaretna, marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 11 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala methuk temanten dhateng Sekararum, mawi kreta Raden Lurah Natadimeja, ingkang methuk Raden Wedana Natawilaga, sarta Lurah kalih marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 12 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala Tuwan Tidheman Warnim Residen lumebet ing Kedhaton kalih tamu kalih, Tuwan Panhil, kalih Wlandi Inggris, marengi ing dinten Jumungah Pon, tanggal kaping 13 Juni wulan sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala kagengan Dalem ringgit kaparingaken dhateng Raden Lurah Natadimeja, marengi ing dinten Septu Wage, tanggal kaping 14 Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala Tuwan Tidheman Warnim lumebet ing Kedhaton, main kalih Tuwan Mayor Krus, saha Tuwan-Tuwan, marengi ing malem Ngahad Kliwon, Ngahadipun enjing Tuwan Tidheman Warnim Residen lumbet ing Kedhaton, mawi mbekta seratsangking Ngabubakaran, sarta mawi Tuwan Glembus Klaring, tanggal kaping 15 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar, lajeng kapethuk tiyang ngamuk wasta Kumbayana tilas abdi Dalem Nyutra, sareng wonten temanten Tuwan-Tuwan, wasta Tuwan Suwabping angsal anakipun Tuwan Setralendorep, marengi ing dinten Senen Legi Tanggal kaping 16 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Juni taun 1851 Angka 463. [ 45 ]Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan, griyanipun Tuwan Predrek ingkang gadhah barang koja wasta Kaji Ali, marengi ing dinten Slasa Pahing tanggal kaping 17 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Haselman, lumebet ing Kedhaton, kalih tuwan Asisten Tidheman marengi ing dinten Jumungah Kliwon, sareng kalih maringaken aling-aling gambar dhateng Surakarta, tanggal kaping 20 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala nimbali para Pangeran sarta Wedana Prajurit, main wonten Gedhong Purwaretna, marengi ing malem Septu Legi, engjingipun wiwit gladhi ringgit lampahan Gandawerdaya, sareng babaripun Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna, miyos kakung, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Asistenan, tuwi Kangjeng Tuwan Residen Haselman sa Nyonyahipun, sareng Raden Puspadikara ngajal, tanggal kaping 21 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala dhangsah pagriyanipun Tuwan Hendrik Bonggarten, marengi ing malem Ngahad Pahing tanggal kaping 22 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji ageng pagriyanipun Tuwan Mayor Krus, sareng slawatan Maulud ing Bangsal Manis, sareng malih lelanggahan ing Suryamurcitan, marengi ing malem Senen Pon, Senenipun enjing tetepipun Bekel Jayabrata dados Warnim Lurah Punakawan Niyaka sakpanunggilanipun, tanggal kaping 23 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala lebetipun serat nuwala angsul-angsul sangking Surakarta bab sedanipun Bendara Raden Hayu Hadipati Danureja, Raden Hadipati Danureja boten sowan, ingkang dados Warnim Raden Tumenggung Jayanegara, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 24 wulan Sakban taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 24 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng pagriyanipun Tuwan Dokter, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun sonten Kangjeng Sampeyan dalem miyos tetuwi nggenipun mbabar ingkang embok Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna kaliyan garwa dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, punapa dene para putri, tanggal kaping [ 46 ]25 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala tetepipun Tuwan Asisten Tidheman dados Asisten ing Surakarta, sareng kalih lelenggahan ing kilen Panepen, sobatan sarta nguyu-uyu wilujeng kaurmatanipun Kangjeng Tuwan Residen Haselman, marengi ing malem Kemis Legi tanggal kaping 26 wulan Sakban taun 1779, utawi tanggal kaping 26 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Tuwan Winter sowan lumebet nerang bab pista bukak siyam, marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 27 wulan Sakban ing taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Asistenan main, marengi ing malem Septu Pon, Septunipun sonten Tuwan Warnim lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Jurubasa enggal Tuwan Bake, sarta Tuwan Klaring matur bab sabin Maguwa, tanggal kaping 28 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Tuwan Warnim sowan lumebet ing Kedhaton, bab Pangeran Dipanegara nem Sumenep sak panunggilanipun, marengi ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 30 Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Tuwan Warnim sarta Tuwan Jansen sami nyuwun priksa gerah Dalem, nanging Kangjeng Sampeyan Dalem boten gerah, ingkang gerah Kangjeng Pangeran Hadipati Kolonel Mangkubumi, sareng kalih ngajalipun Raden Prawiratmaja putra Demangan, marengi ing dinten Jumungah Wage tanggal kaping 4 wulan Ramelan taun alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Haselman rawuh ing negari Ngayugyakarta, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 5 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 wulan Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen Mas Lurah Sasradimeta sowan bab kendeling bayar, sareng kalih Tuwan Enger nyaosaken kertep sangking negari Welandi, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen Haselman lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Warnim, merengi ing dinten ngahad Legi tanggal kaping 6 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Juli taun 1851 Angka 465. [ 47 ]Punika pemut kala tetepipun Tuwan Hagen, Raden Ngabehi Puspawilaya, sareng kalih ringgit linton kalih kursi, marengi ing dinten Senen Pahing, tanggal kaping 7 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Juli taun 1951 Angka 465. Sareng kalih maringaken piyagem Tuwan Okressen Klaci.
Punika pemut kala dhahar bukan sapisan, marengi ing malem Slasa Pon, Slasanipun enjing mukakatan, Kangjeng Tuwan Residen Haselman tetep dados Residen wonten ing Ngayugyakarta, sareng kalih mirengkabar bab saene ing Nanggulan, tanggal kaping 8 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, tuwi nggenipun gerah ingkang rayi, ing ngriku ingkang putra ngleresi pambengan, wasta Raden Hajeng Umyumadikin marengi ing dinten Rebo Wage, tanggal kaping 9 wulan ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 wulan Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala wiwit ngintuni dhaharan dhateng Kangjeng Tuwan Residen Haselman, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala dhahar bukan kaping 2 marengi ing malem Jumungah Legi, Jumungahipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lalangan griyanipun Tuwan Asisten tidheman, kondur Dalem mampir dhateng pagriyanipun Tuwan Beretti, tanggal kaping 11 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos mampir dhateng Nglaji Paresidenan lajeng dhateng lelangan, sareng kalih Kangjeng Tuwan Residen Haselman, marengi ing dinten Septu Pahing tanggal kaping 12 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, taunanipun Kangjeng Ratu Hayu, marengi ing malem Ngahad Pon, kondur Dalem miyos langkung Kamar Bolah, Kangjeng Tuwan Residen wonten, sarta Tuwan-Tuwan kathah, tanggal kaping 13 wulan Ramlan taun ALip 1779, utawi tanggal kaping 13 Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, sak Nyonyahipun, sarta Tuwan Asisten Tidheman sak Nyonyahipun pamitan sareng dhahar bukan kaping 3, sareng Kangjeng Sampeyan Dalem malebet [ 48 ]lit malih ing Kamar Bolah, marengi ing malem Senen Wage, Senenipun enjing inggahipun Raden Lurah Mangunsentana Mas Lurah Natasubuh sapanunggilanipun, sareng lorodipun Lurah kalih Nur kaling, sontenipun Kangjeng Sampeyan dalem maring aken wangkingan dhateng Tuwan Asisten Tidheman tanggal kaping 14 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Juli taun 1851 Angka 466.
Punika pemut kala maringaken serat tingkeman dhateng ing Yudanegaran, marengi ing dinten Slasa Kliwon, sareng kalih nyaosaken kreta gedhah, sareng ndandosi prajen ayam, tanggal kaping 15 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Juli taun 1851 Angka 466.
Punika pemut kala bukan kaping 4, marengi malem Kemis Pahing, tanggal kaping 17 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Juli taun 1851 Angka 466.
Sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan kalihyan Rayi Dalem Kangjeng Ratu sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, saha para putri miyos sapisan dhateng paresidenan, Kangjeng Tuwan Residen Hasselman.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nataprajan, marengi ing malem Jumungah Pon, tanggal kaping 18 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Juli taun 1851 Angka 466.
Punika pemut kala bukan hageng ing Purwareja, sareng malih dhawahinantun Raden Bekel Jayalelana, marengi ing malem Septu Wage, tanggal kaping 19 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Juli taun 1851 Angka 466.
Punika pemut kala bilahi pun Kudarejaya, margi purun-purun nyaosi serat pratandha serat mopo dhateng parentah, sontenipun Tuwan Dokter Kolonel Bon sak Nyonyahipun, sami lumebet ing Kedhaton, Tuwan Dokter Kurnet sak Nyonyahipun, sarta ajidan Dokter, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 21 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 Juli taun 1851 Angka 466.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali dhateng Alun- Alun Ler dumugi Ngalun-Alun Kidul, kalih Kangjeng Tuwan Residen, sarta garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Nyonyah Residen, sarta malih para Tuwan-Tuwan, para putri, marengi dinten Slasa Pahing, sareng kalih mundhut serpis sangking Tuwan Beretti, tanggal kaping 22 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Juli taun 1851 Angka 466. [ 49 ]Punika pemut kala Raden Jayalelana sowan, marengi ing malem Rebo Pon, tanggal kaping 23 wulan Ramlan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Juli taun 1851 Angka 466.
Punika pemut kala mbage rasukan Langenastra beskap utawi sikepan, sareng kalih cik Dapa matur clinthisan sanget-sanget, boten pantes, marengi ing dinten Kemis Wage, tanggal kaping 24 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Juli taun 1851 Angka 466.
Sareng kalih tetepipun Tuwan Asisten Sutelip wonten ing Ngayugyakarta.
Punika pemut kala maringaken titihyan bopong dhateng Paresidenan, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, sareng kalih Kangjeng Tuwan Residen utusan Upas Sersan Kemis nyambut tempat tidur, risbanbangku, tanggal kaping 25 wulan Ramelan taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 25 Juli taun 1851 Angka 466.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalihyan Tuwan-Tuwan, sarta wonten tamu Mayor mergangsa Tuwan Sansen, marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 26 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Juli taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen utusan nyambut kursi marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 27 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Juli taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit siram wonten balumbang anyar yasa kambang, sareng kalih Kangjeng Sampeyan Dalem maringi sabet dhateng Tuwan Litnan Jansen Mas Lurah Sasradimeta, sareng Kangjeng Tuwan Residen utusan nyambut serpis teh, sareng malih tetepipun Tuwan De Gras dados Hup Sinder, marengi ing dinten Senen Pon, tanggal kaping 28 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Juli taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala wonten tiyang ewah sanakipun Sasrangulama lumebet ing Kedhaton, tileman pesarean hageng marengi Grebeg, ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 2 wulan Sawal taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 31 Juli taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam sowan ngabekti, lajeng ningali wangkingan Kangjeng, sareng kalihyan sowanipun Tuwan Mayor Koperes, kalih Tuwan De Abu, Tuwan Kalih marengi ing dinten Septu Pon, [ 50 ]tanggal kaping 4 wulan Sawal ing taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Agustus taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit miyos dhateng ing Kamar Bolah, marengi ing malem Ngahad Wage, enjingipun Pangeran Hadipati Natapaja sowan, sontenipun Tuwan Drissen nyaosaken kapal pethak mulus 4, tanggal kaping 5 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 Agustus taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala prakawis Tuwan Drissen, marengi ing dinten malem Senen Kliwon, enjingipun Raden Hayu Mangkubumi marak, sareng ngalihipun Raden Jayalelana tanggal kaping 6 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Agustus taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala wiwit Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, sarta Tuwan-Tuwan ngurmati wiyosan Dalem, marengi malem Slasa Legi, Slasanipun enjing Kangjeng Tuwan Residen nyambut wadhah jam meja marmet sontenipun Tuwan Litnan Pan Miyene sowan lumebet ing Kedhaton, nuwun pamit dhateng Surabaya, dipun irid Tuwan Litnan Jansen, sareng magang Atmaprakosa, tanggal kaping 7 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Agustus taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala para Pengeran-pangeran ngadikan dhateng Gedhong Pasedhahan sedaya, marengi ing malem Rebo Pahing, enjingipun ngajalipun Raden Hayu Yudawirana putra Prabuningratan, tanggal kaping 8 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Agustus taun 1851 Angka 467.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen kautus Kangjeng Tuwan Residen bab wiyos Dalem, sareng kalih Kyahi Pangulu ngabekti, ingkang ngladosi para kaji-kaji, sarta Tuwan Sarib Jakfar nyaosi serat nenuwun, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 9 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Agustus taun 1851 Angka 468.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos wiwitan dhahar dhateng Nglaji Paresidenan, Kangjeng Tuwan Residen Hasselman, marengi ing malem Ngahad Legi, tanggal kaping 12 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Agustus taun 1851 Angka 468.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Parasidenan malih, kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, marengi ing malem Senen Pahing, Senenipun enjing tetetipun Atmaprakosa ladosan Nirbayan dados Silir, tanggal kaping 13 wulan [ 51 ]Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Agustus taun 1851 Angka 468.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bab prakawis Nanggulan, sareng malih Raden Tumenggung Mertanegara ngandikan, kalih Tuwan Litnan Jansen, bab siti Sentolo, marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 14 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Agustus taun 1851 Angka 468.
Punika pemut kala wiwit yasa rasukan beskap, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 15 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Agustus taun 1851 Angka 468.
Punika pemut kala mundhut tumbas lonceng pethakan saking tuwan Beretti sarta sutra-sutra, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 17 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Agustus taun 1851 Angka 468.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglelangan, griyanipun Tuwan Mayor Krus, sareng kalih tetepipun dados Lurah Selir Mas Lurah Kala Bathok, Gandadimeja, sakpanunggilanipun, sareng malih rawuhipun Tuwan Asisten Sutelip, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 20 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Agustus taun 1851 Angka 468.
Punika pemut kala Raden Tumenggung Mertanegara sowan, bab Raden Tumenggung Pringgadiningrat dereng sosokan paos, sareng kalih Rayi Dalem Raden Wedana Suryamurcita nampeni pedamelan ing Kabumen, sapanunggilanipun sedaya, sareng, wiwit malih yasa sabet wiwitan, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih tuwan Asisten Sutelip, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 21 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Agustus taun 1851 Angka 468.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Hirtoh, wonten Negari Ngayugya, sareng kalih Tuwan Litnan Jansen, sadinten malebet kapin, kalih bab kumartan, sareng malih truwelunipun Raden Bagus Diyumanak sanga, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 22 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Senneohit Hirtoh Bernatsesan Pan Wamar lumebet ing Kedhaton, pakurmatan, sareng dhatengipun Tuwan mayor Badhe, sontenipun Kangjeng Sampeyan dalem miyos dhateng nglaji [ 52 ]pakurmatan, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 23 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Tuwan Mayor Krus sowan lumebet ing Kedhaton, pamitan, lajeng kaparingan wangkingan marengi ing dinten Jumungah Pon, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji inggih kurmatan, sareng dhatengipun Tuwan Mayor Badhe, tanggal kaping 24 wulan Sawal taun 1779, utawi tanggal kaping 22 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem kaaturan dhahar dhateng nglaji, para Pangeran 5, dhateng Kangjeng Tuwan Residen bab Kangjeng Tuwan Hirtoh, marengi ing dinten malem Septu Wage, enjingipun lajeng wonten tiyang nglarihi kancanipun, wasta Panji Suraya, Resawilaga, wonten Magangan, ingkang dipun larihi Panji Jayengdiwirya, nanging boten pasah, tanggal kaping 25 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji saha mawi dhangsah, marengi ing dinten Senen Legi, enjingipun lajeng ngrampog, simanipun tiga lorek, tanggal kaping 25 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala pista wonten ing Kedhaton, Kangjeng Tuwan Hirtoh, sarta Kangjeng Tuwan Residen, mawi segah ringgitan, sampakipun Dwawarati, marengi ing malem Slasa Pahing, Slasahipun Kangjeng Tuwan Hirtoh kalih Kangjeng Tuwan Residen, lumebet ing Kedhaton, ningali Gedhong Purwaretna, mawi segah ringgitan nglupug, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji, sareng kalih sidhekah rebatan griyanipun Kaptin Cina, tanggal kaping 28 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika emut kala konduripun Kangjeng Tuwan Hirtoh, lajeng dhateng Surakarta, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 29 wulan sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem Wiwit lenggah Senen Kemis wanci jam sedasa, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Hotmort sowan lumebet, sabab sakit badhe tirah dhateng Palantungan, marengi ing dinten Jumungah Kliwon tanggal [ 53 ]kaping 2 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala sedanipun kagengan Dalem titihan Kangjeng Kyahi Bogadenta, titihan lami sampun, 11 taun, marengi ing dinten Septu Legi, tanggal kaping 3 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Raden Lurah Ngusman, kalih Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, saha putra Dalem sedaya, Bendara Raden purnamaresmi, marengi malem Ngahad Pahing, sareng kalih Bendara Mas Hajeng Pujaresmi boten enget, enjingipun Raden Tumenggung Mertanegara sowan, nyaosaken serat bab maosan, tanggal kaping 4 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 31 Agustus taun 1851 Angka 470.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Kaptin Hotmort, sabab badhe lelang, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 5 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 September taun 1851 Angka 470.
Punika pemut kala Tuwan Mayor Badhe sowan, dhateng Kedhaton, kalihyan Nyonyahipun, marengi ing dinten Slasa Wage, sareng Raden Mas Kakung nyaosi tikus tanggal kaping 6 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 September taun 1851 Angka 470.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen Sasradimeta sowan kautus Kangjeng Tuwan Residen, bab yatra satus ewu rupiyah, bab Pangeran, marengi dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 7 wulan Dulkangidah ing taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 September taun 1851 Angka 470.
Punika pemut kala maringaken pethuk babud, marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 8 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 September taun 1851 Angka 470.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kaliyan ingkang garwa, sarta Tuwan Asisten Sutelip sak Nyonyahipun, sareng Raden Tumenggung Mertanegara sowan, bab Raden Tumenggung Pringgadiningrat sareng rasukan beskap lurik abrit, marengi ing dinten Ngahad Wage tanggal kaping 11 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 September taun 1851 Angka 470. [ 54 ]Punika pemut tetepipun Mas Lurah Jayabrata sapanungilanipun, sareng ndandosi gandera Mantri Lebet, marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 12 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 September taun 1851 angka 470.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, lajeng sami kasukan, Kyahi Ban Nitidimeja dhateng Panepen, saha sowanipun Mas Mija Cawisan, marengi ing Malem Slasa Legi, tanggal kaping 13 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 September taun 1851 Angka 470.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen kautus Kangjeng Tuwan Residen, bab rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen Biskesen ing Surakarta, marengi ing dinten Rebo Residen Pahing tanggal kaping 14 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 September taun 1851 Angka 470.
Punika pemut kala Pangeran Hariya Suryanegara dados pocapan awon sakputranipun, marengi ing malem Kemis Pon, tanggal kaping 15 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 September taun1851 Angka 470.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Residen Bisken ing Surakarta, sarta Tuwan Litnan Kolonel Pin Hissen, tiga Tuwan Mayor Kelerman, marengi ing dinten Jumungah Wage, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji Parasidenan, tanggal 16 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Purwadiningrat nampeni yatra sangking Kantor, 100.000 rupiyah, empingan para Pangeran Putra, marengi ing dinten Septu Kliwon, lajeng sonten ngendikan kalih Raden Tumenggung Mertanegara, bab pajeg, tanggal kaping 17 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Sositet, lajeng wonten Wlandi pejah wasta Tuwan Keser, nyanjata awakipun piyambak, marengi ing malem Ngahad Legi enjingipun Tuwan Beretti sowan wade sela, kapundhut kalih dhus, tanggal kaping 18 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala tetepipun Bekel Botoh Mangku Brang takusuma sapanunggilapun, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 19 wulan [ 55 ]Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Brosot siti Tanah Paku Alaman, kaliyan ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen, sarta garwa Dalem Kangjeng Ratu, Putri-putri Tuwan-Tuwan, marengi ing dinten Slasa Pon, sontenipun miyos basiyar dhateng Pakuthan, kondur Dalem lajeng mainan kapal mawi marcon, malem Rebo Wage dalu ameng-ameng anting minggah manginggil, lajeng ringgitan wacucal gedhog, Rebo Wage enjing ameng-ameng dhateng Galur lajeng dhateng pasisir, sontenipun lajeng kondur dhateng Ngayugya, tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Alip 1779; utawi tanggal kaping 16 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem kintun ayam kalkun kalih saha mliwis, dhateng ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tangal kaping 22 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala ngajalipun salompret Tuwan Willemdragonder Keraton, marengi ing dinten Septu Pahing tanggal kaping 24 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala Tuwan Mayor Wetan tukang senjata lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Kaptin Pan Blumin Wandres, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 25 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar, mampir dhateng griyanipun Tuwan Beretti boten wonten dhateng Semawis merkawis segawon, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 26 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala meringaken teken, sareng kalih yasa tudhung Onder Ajidan Gunawasesa, sarta rasukan gembayak cekak, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 27 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 September taun 1851 Angka 471.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Pahing Surakarta sowan lumebet kalih Tuwan Litnan Ruperwah, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 28 Wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 September taun 1851 Angka 472. [ 56 ]Punika pemut kala ngajalipun titihan Kyahi Jayautara sarang kalih Mas Mija malebet dhateng Kabumen, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 29 wulan Dulkangidah taun Alih 1779, utawi tanggal kaping 25 September taun 1851 Angka 472.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Ingrupihin sepiktir taneman, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 30 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 September taun 1851 Angka 472.
Punika pemut kala Raden Tumenggung Mertanegara kadukanan ing Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Septu Wage tanggal kaping 1 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 September taun 1851 Angka 472.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi sowan, kalih Pangeran Hariya Cakrakusuma sareng kalih sowanipun Raden Tumenggung Jayanegara kalih Raden Tumenggung Jayaningrat, malih lebetipun Raden Lurah Jaswadi, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, tanggal kaping 2 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 September taun 1851 Angka 472.
Punika pemut kala angkatipun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, kalih Pangeran Hariya Cakrakusuma dhateng Surakarta, sareng angkatipun Raden Tumenggung Jayanegara, Raden tumenggung Jayaningrat, kumisi dhateng Sentolo, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 3 wulan Dulkijah taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 29 September taun 1851 Angka 472.
Punika pemut kala konduripun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi sangking Surakarta, marengi ing dinten Jumungah Kliwon tanggal kaping 7 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 Oktober taun 1851 Angka 472.
Punika pemut kala Nyonyah Residen malebet Kedhaton, kalihyan Tuwan Asisten Sutelip sak Nyonyahipun, Tuwan Asisten Tidheman ing Surakarta, sak Nyonyahipun marengi ing malem Septu Legi, tanggal kaping 8 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Oktober taun 1851 Angka 472.
[ 57 ]Punika pemut kala maringaken rasukan bludiran dhateng raden Hadipati Danureja, marengi ing dinten Ngahad Pahing, tanggal kaping 9 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Oktober taun 1851 Angka 472.
Punika pemut kala Raden Lurah Ngusman dados Warnim Wadana Pangrembe, marengi ing dinten Senen Pon Grebeg tanggal kaping 10 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping utawi tanggal kaping 6 Oktober taun 1851 Angka 473.
Punika pemut kala lebetipun paos ing Panembahan saking Wiragunan, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 11 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Oktober taun 1851 Angka 473.
Punika pemut kala Tuwan Mayor Badhe kalih Tuwan Mayor Kalkun lumebet ing Kedhaton, marengi ing dinten Jumungah Pahing, tanggal kaping 14 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Oktober taun 1851 Angka 473.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalihyan Tuwan Kolonel Krusman, marengi ing dinten Ngahad Wage tanggal kaping 16 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Oktober taun taun 1851 Angka 473.
Punika pemut kala wedalipun Raden Mas Kakung, nama Raden Riya Natanegara, sareng inggahipun Mas Lurah Sutareja dados Wedana sapanunggilanipun, sareng malih ngajalipun Mas Riya Haci Prawirasastra, marengi ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 17 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Oktober taun 1851 Angka 473.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Hanrissi sowan lumebet sowan lumebet ing Kedhaton kalihyan Nyonyahipun, marengi ing dinten Slasa Legi, sareng kalih Tuwan Litnan Jansen dhateng Semawis, tanggal kaping 18 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Oktober taun 1851 Angka 473.
Punika pemut kala Bendara Raden Mas Sujada Asim katamsi dhateng ing Pangulon, sareng kalih inggahipun botoh ageng sapanunggilanipun, sareng malih Tuwan Jurubasa Bake ngandikan, marengi ing dinten Senen Pahing, tanggal kaping 24 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Oktober taun 1851 Angka 474.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, taunanipun Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing malem Rebo Cithakan:Fr [ 58 ]Wage, tanggal kaping 26 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Oktober taun 1851 Angka 474.
Punika pemut kala kala supitipun putra dalem Bendara Raden Mas Sujada Asimkatamsi, mawi ngaturi Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 27 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Oktober taun 1851 Angka 474.
Punika pemut kala pista Butram mawi dhangsah wonten Bangsal Kencana, mawi ngaturi Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing malem Jumungah Legi, Jumungahipun enjing ngintunaken serat bab Nanggulan, tanggal kaping 28 wulan dulkijah taun Alip 1779, utawi tangal kaping 24 Oktober taun 1851 Angka 474.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen ngintunaken serat bab pranatanipun siti Sentolo, marengi ing dinten Septu Pahing tanggal kaping 29 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Oktober taun 1851 Angka 474.
Punika pemut kala inggahipun Raden Bekel Mangkureja sapanunggilanipun, sareng kalih Tuwan Litnan Ruperwah Tuwan Dokter Setros, Tuwan Litnan Ruder, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 2 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 27 Oktober taun 1851 Angka 474.
Punika pemut kala dhatengipun Tuwan Litnan Jansen sangking Semawis, sareng mangsuli serat sangking Sentolo, marengi ing dinten Slasa Kliwon, sareng malih Drahgunder Kabumen, tanggal kaping 3 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 28 Oktober taun 1851 Angka 474.
Punika pemut kala Tuwan Pan Ren kalih tuwan Olenbrander sowan lumebet ing Kedhaton, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 5 wulan Mukaram taun Ehe taun 1780, utawi tanggal kaping 30 Oktober taun 1851 Angka 474.
Punika pemut kala ngajalipun pun Dipasura kadugi nglalu, marengi ing dinten Jumungah Pon, sareng kalih nampeni yatra langkungan Dipanegaran, tanggal kaping 6 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 31 Oktober taun 1851 Angka 475.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem kaparingan genjaran siti ing Nanggulan 1.000 sangking Kangjeng Gupernemen, sonenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Pan Ris insepektir,
58
Punika pemut kala maringaken piyagemipun Tuwan Pran Hendrik Krah ing Sribit, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, tanggal kaping 8 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 Noptember taun 1851 Angka 475.
Punika pemut kala ngajalipun Raden Hayu Sasrawijaya putra ing Mangkurejan, ingkang wau garwanipun Raden Wedana Natawilaga, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 9 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 3 Nopember taun 1851 Angka 475.
Sareng kalih Nyahi Riya Jayengrana nyaosi sabet kalih waos tilaranipun ingkang jaler Raden Tumenggung Jayengrana.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Mayor Badhe ing Nglaji Hageng marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 11 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 5 Nopember taun 1851 Angka 475.
Punika pemut kala Pangeran Litnan Kolonel Ajidan Hariya Yudanegara, katimbalan dhateng Nglaji, bab prakawis rumput Tegilreja, sareng kalih wiwitipun saos kang nggadhuh sawung, marengi ing dinten Kemis Wage, tanggal kaping 12 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 6 Nopember taun 1851 Angka 475.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen sowan kautus Kangjeng Tuwan Residen bab Reden hayu Prang Wedana, sareng kalih Kyahi Tumenggung Natayuda sowan badhe lumampah dhateng Nanggulan, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 13 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 7 Nopember taun 1851 Angka 475.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem dhateng pagriyanipun Tuwan Beretti, ngriku wonten tamu Nyonyah Pambemel, marengi ing dinten Septu Legi, tanggal kaping 14 wulan Mukaram taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 8 Nopember taun 1851 Angka 475.
Punika pemut kala Raden tumenggung Ranawinata sowan lajeng mangkat dhateng Nanggulan, narengi Kyahi Tumenggung Natayuda, sareng malih prenata bayar pawon, marengi ing dinten Senen Pon, sareng wiwit jagi reh Retnaningdyahan, sontenipun tidak besiyar mampir mampir dhateng Ngadiwijayan, tanggal kaping 16 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 10 Nopember taun 1851 Angka 475.
59
Punika pemut kala Tuwan Beretti sowan lumebet nyaosaken barlen kathah, sareng kalih mantun mundhut dhateng Nyanyoah Kapitan, lajeng Kangjeng Sampeyan Dalem miyos tuwi dhateng Ngadinegaran, sontenipun miyos dhateng nglaji Paresidenan, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 18 wulan Mukaram taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 12 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala ijabipun temanten putra Ngadinegaran Raden Riya Dipawinata, dhaup putra Ngadiwijayan, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 19 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 13 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Ngadinegaran tuwi, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 21 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal 15 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala pistan Kamar Bolah Tuwan Direktur sami nyaosi urmat, marengi ing malem Ngahad Wage, Ngahadipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem nimbali Tuwan Dokter Denis, sabab Tuwan Dokter Kurnet sakit, tanggal kaping 22 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 16 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, miyos dhateng Ngadinegaran, marengi ing malem Senen Kliwon, Senenipun enjing nyirami Kangjeng Kyahi Hageng, tanggal kaping 23 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 17 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala Raden Tumenggung Ranawinata sowan ngirid kancanipun Demang Bekel sedaya, ing Nanggulan, sarta nyaosaken kagengan dalem paos, ingkang ngirid Kyahi Tumenggung Natayuda, marengi ing dinten Slasa Legi tanggal kaping 24 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 18 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen katimbalan kaparingan priksa prakawis Nanggulan sarta malih ing Pengasih, maringi ing dinten Rebo [ 61 ]Pahing, sareng tetepipun Raden Tumenggung Sumaprawira, dados Wedana Jestrik Sentolo, tanggal kaping 25 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 19 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhatang Ngadiwijayan, kaliyan garwa Dalem Kangjeng Ratu sarta para priyayi, marengi ing malem Kemis Pon, kemisipun enjing netepaken kalenggahanipun Raden Tumenggung Ranawinata, sarta mundhut buk negara, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, tanggal kaping 26 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 20 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala tindakipun Kangjeng Tuwan Residen dhateng Semawis, nglinglang hapwun, marengi ing dinten Jumungah Wage, sareng kalih mundhut lapak sae griyanipun Tuwan Pan Ren, tanggal kaping 27 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 21 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala ajengipun Raden Lurah Mangunsentana, nyerat wonten ing Madukara, sareng sowanipun Raden Panji Sumawicitra, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 22 Nopember taun 1851 Angka 476.
Punika pemut kala ayam Jepun gondhang ngajal lajeng kapetak Panepen, marengi ing dinten Ngahad Legi, tanggal kaping 29 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 23 Nopember taun 1851 Angka 477.
Punika pemut kala Kedhaton klebetan pandung, griyanipun pun Sapiyoga estri marengi ing malem Senen Pahing, Senenipun Raden Lurah Cakradipura wiwit nyaosaken pajeg yatra sarta wos sangking Nyonyah Wisman, angsal kajeng aneh sangking Nanggulan, sareng malih lebetipun Raden Panji Sumawicitra, tanggal kaping 30 wulan Mukaram taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 24, Nopember taun 1851 Angka 477.
Punika pemut kala Tuwan Asisten lumebet ing Kedhaton sarta tuwan Pandhita Biskop Pangulu Hageng Welandi sarta Tuwan Pastur, marengi ing dinten Kemis Kliwon, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Asisten, tanggal kaping 3 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 27 Nopember taun 1851 Angka 477.
Teksih dinten Kemis Kliwon sareng wiwitipun lumados nggenipun nyanggi dhahar Dalem Raden Nganten Imawijaya. [ 62 ]Punika pemut kala nyepuhi Kangjeng Kyahi marengi ing malem Jumunggah Legi, Jumunggahipun enjing Tuwan Litnan jansen sowan, lajeng mriksanikang kepandungan sarta angsal lit pandungipun, Demang jayawerdaya ing Sruni mbekta rencang kalih (2), Citraperwata reh Beganandan, ingkang nglebetaken Kemit Bumi, wasta Jaganila, sareng lebetipun sabin 14 jung se bahu, tanggal kaping 4 wulan sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 28 Nopember taun 1851 Angka 477.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng kamar Bolah, marengi rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen, mawi angsal-angsal wadhah rispis, sarta ingkang rayi Kangjeng Tuwan Residen wonten sangking Kudus, wasta Tuwan Abun Yamin Aselman, marengi ing malem Ngahad Pon, Ngahadipun enjing lebetipun sabin 14 jung se bahu, tanggal kaping 6 wulan sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 30 Nopember taun 1851 Angka 477.
Punika pemut kala dadosipun Lurah Kemit Bumi Ngabehi Yudadimeja, Jaklempa, sareng kalih kanca Punaka wan kaparingan nama sepuh, marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 7 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal 1 Desember taun 1851 Angka 477.
Punika pemut kala ngelih lemari Seketri sangking Kantor dhumateng ing Gedhong Purwaretna, sareng kalih pengedumipun tudhung bulu-bulu, sareng Pangeran Mengkubumi sarta Den Hayunipun sami nakal marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 8 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 Desember taun 1851 Angka 477.
Sareng malih Pangeran Yudanegara pistan nakal, sareng malih angsal deruk pethak sangking Nanggulan.
Punika pemut kala tampi serat pratelan sangking Kantor bab bayaripun prayayi ingkang dipun selong, marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 9 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 3 Desember taun 1851 Angka 477.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton kalih Tuwan Mayor Koperis, tiga Tuwan Hasselman, ingkang rayi Kangjeng Tuwan Residen, kalih Litnan Ussar satunggal, marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 10 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 4 Desember taun 1851 Angka 477. [ 63 ]Punika pemut kala Tuwan Dokter Kurnet wiwit sowan lumebet margi sampun dhangan nggenipun sakit, marengi ing dinten Jumungah Pon, tanggal kaping 11 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 5 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala ndhawahaken bab alulwaris Panembahan, sarta putraning Pangeran Riya-Riya, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 13 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 7 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Raden Tumenggung Padmanegara nggentosi Kliwon Gedhong, saha Raden Hariya Sumadiningrat sarta Pangeran kalih, sareng kalih angkatipun Raden Tumenggung Jayanegara, kalih Raden Tumenggung Jayaningrat dhateng ing Pangasih, sareng maliḥ-Raden Tumenggung Ranawinata garap gedhong banon sak lering gedhongan, sareng malih nyerat buk resik abdi Dalem Punakawan, marengi ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 14 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 8 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Raden Tumenggung Ranawinata nyaosaken paos malih, marengi ing dinten Slasa Pahing sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, tuwi nggenipun gerah, kapethuk Tuwan Pan Wahing sak Nyonyahipun, Nyonyah Rahitenbah, Nyonyah Miyer, tanggal kaping 15 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 9 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Mayor Badher, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 16 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 10 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Kolonel Mangkubumi nyuwun ngapunten, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 17 wulan Sapartaun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 11 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji, pangriyanipun Tuwan Asisten Sutelip kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, saha para putri-putri, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 18 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 13 Desember taun 1851 Angka 478.
63
Punika pemut kala wedalipun Cik Busung Mernung Natadirada dados Bekel Mantri Lebet, Cik Jumat Natasentana dados Jajar Mantri Lebet, linton kalib Ngabehi Yudapecalang, marengi ing dinten Ngahad Pahing, sareng kalih nyaur dhateng Tuwan Beretti, tanggal kaping 20 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 14 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala maringaken sengkang kalih dhateng Klangenan Dalem, sareng kalih wedalipun Riya-Riya lenggah 5 jung, kaparingaken dados Kamis sepuhipun Bupati Niyaka Wolu, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 21 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 15 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen sowan sonten sareng Kangjeng Sampeyan Dalem basiyar mubeng parasekawan, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 22 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 16 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bab prekawis putra Pangeran, margi sabab cemburuan, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 23 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 17 Desember taun 1851 Angka 479.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Hageng pagriyanipun Tuwan Mayor Badhermain wis, marengi ing malem Kemis Legi, Kemisipun enjing Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bab Kangjeng Sampeyan Dalem kasaosan bayar saben wulan 1.500 gelo, sumerep peparingipun Kangjeng Gupernemen, tanggal kaping 24 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 18 Desember taun 1851 Angka 479.
Punika pemut kala tetepipun Pengulu Landrat Tuwan Kaji Jakpar, sareng kalih tetepipun alulwaris ing Panembahan sadaya, sareng malih Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken wiwit yasa sarungan modhel enggal, marengi ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 22 Desember taun 1851 Angka 479. [ 65 ]Punika pemut kala pocotipun Panyrigan kalih tiyang sangking Mangkukusuman, sareng kalih pocotipun Rehipun Ngabehi Brajawati, marengi ing dinten Slasa Legi tanggal kaping 29 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 23 Desember taun 1851 Angka 479.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhahar dhateng Paresidenan, ing ngriku wonten tuwan Kaptin Sutelip, ingkang Rama Tuwan Asisten Sutelip marengi ing malem Kemis Pon, Kemisipun engjing maringi hidi Kangjeng Pangeran Litnan Kolonel Hariya Puger, nggenipun yasa Jurukunci, tanggal kaping 2 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 25 Desember taun 1851 Angka 479.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos main wis, dhateng pagriyanipun tuwan Asisten Sutelip marengi ing malem Jumungah Wage, Jumungahipun sonten Tuwan Litnan Piper sak Nyonyahipun lumebet Kedhaton tanggal kaping 3 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 26 Desember taun 1851 Angka 479.
Punika pemut kala ngintunaken serat bab bayar bukipun saknegari, kapasrahaken dhateng Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 4 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 27 Desember taun 1851 Angka 479.
Punika pemut kala Mas Yudareja nisihi bapakipun, sareng lebetipun. Gunamrica, wah pocotipun Panyrigan, kalih, sontenipun Tuwan Asisten Sutelip, lumebet Kedhaton kalih ingkang Rama Tuwan Kaptin Sutelip, marengi ing dinten Senen Pahing kaping 6 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 29 Desember taun 1851 Angka 480.
Punika pemut kala dadosipun Onder Ajidan Kudaleksana sapanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Wage, sontenipun Tuwan Parpe sowan lumebet sarta Tuwan Hasselman, Tuwan Dokter Denis, Tuwan Dokter Bekking, tanggal kaping 13 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 5 Januari taun 1852 Angka 480.
Punika pemut kala ndhawahaken dhateng sak negari yen bayar wonten Kantor, sareng kalih Mas Danuwijaya, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 14 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 6 Januari taun 1852 Angka 480.
Punika pemut kala wiwit Kangjeng Sampeyan Dalem nampeni bayar gelo 1.500 rupiyah, marengi ing dinten Septu Wage tanggal kaping 18 wulan [ 66 ]Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 10 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, konduripun nitih joli bendhi, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 19 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 11 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala tetepipun niyaga sarta ringgit sami klorod, sareng kalih lebetipun kagengan Dalem sarang burung, sarta malih lebitupun paos Nanggulan, sarta nyarungi Kangjeng Kyahi, marengi ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 20 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 12 Januari 1852 Angka 481.
Punika pemut kala ngintunaken serat dhateng Paresidenan bab tuwan Perstih, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paresidenan, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Hangjeng Ratu Mas, ngriku wonten Tuwan Residen Engglar ing Besuki, sak Nyonyahipun, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 22 wulan ‘Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 14 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala mundhut Onder Ajidan Mangkuwahana, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 23 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 15 Januari taun 1852 Angka 481.
Sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton sarta Nyonyah, Tuwan Residen Engglar ing Besuki saha Nyonyah.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen sowan lumebet, bab prekawis Raden Hayu Prangwedana, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, sareng maringaken sengkang, sarta aling-aling dhateng putra Dalem Bendara Raden Hajeng Gusti, tanggal kaping 24 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 16 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala pasrahan paliyan ing Ratajayan, Tuwan Sepek, kalih Pangeran Hariya Yudanegara, marengi ing dinten Septu Legi, tanggal kaping 23 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 17 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng Kamar Bolah, lajeng dipun aturi ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing malem Ngahad Pahing, enjingipun Tuwan Litnan Jansen sowan, sarta Tuwan Pan [ 67 ]Bisekem, sak Nyonyahipun, tanggal kaping 26 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 18 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala inggahipun Tuwan Kaji Ismangil, Mas Bekel Danuwijaya, sareng pocotipun Darmawicara, Sareng malih mundhut sabin sapanunggilanipun 6 jung medal rumput, Ebonagung, sareng yasa cundhuk barlean, marengi ing dinten Senen Pon, tanggal kaping 27 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 19 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala mundhut tumbas kapal plumpung sangking Kedhu kalih, marengi ing dinten Slasa Wage, sareng kalih mangsuli serat bab Kilenpragi, tanggal kaping 28 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 20 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala rampungipun kagengan Dalem Serat Menak Basa Arab, marengi ing dinten Rebo Kliwon, sareng kalih mangsulaken magan 4, tanggal kaping 29 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 21 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala mbibrah sirap ngemper ing Gedhong Jene, lajeng dipun dandosi, marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 30 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 22 Januari taun 1852 Angka 482.
Punika pemut kala rampungipun prakawis Raden Hayu Prangwedana dados menang, Mangkubumen. kawon, sareng kalih Raden Hayu Suryaningalaga paben kalih Panewu Kaparak Tengen kang saos ing Kemagangan, Ngabehi Padmapranata, Raden Katamlami, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 2 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 24 Januari taun 1852 Angka 482.
Punika pemut kala maringaken buk saknegari, pernata enggal bayar ing Kantor, sareng ngersiki pusaka Panembahan, sarta tetepipun niyaga Ladrang Semang sakpanunggilanipun, sarta nyaosaken sabin tigang junging Kebonagung, Bekelipun Tuwan Pan Prin, marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 4 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 26 Januari taun 1852 Angka 482.
Punika pemut kala Tuwan Wisekeng nem sepuh sowan lumebet ing Kedhaton, bab sabin Semaki, sareng malih Tuwan Beretti, bab kendel nggenipun dados toko, marengi ing dinten Slasa Legi, tanggal kaping 5 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 27 Januari taun 1852 Angka 482. [ 68 ]Punika pemut kala-nyaosaken godhog wangkingan Penajungan sangking Pugeran lodhog wangkingan, sareng kalih nampeni 4 marengi ing dinten Kemis Pon tanggal Ehe 1780 utawi tanggal kaping 7 wulan Rabingulakir taun 29 Januari taun 1852 Angka 482.
Punika pemut kala Tuwan Asisten Sutelip lumebet ing Kedhaton, bab srathan Panji tumpukan sangking Mangkubumen, ngi ing dinten Jumungah Wage, sareng Wedana midhang dhateng ing Nglipura, Ehe 1780, utawi tanggal kaping 30 buk, sareng kalih nampeni pasra' sarta sangking Yudanegaran, mare kalih Raden Lurah Warnim Wedana tanggal kaping 8 wulan Rabingulakir taun Januari taun 1852 Angka 482.
Punika pemut kala wiyosipun tingalan Dalem panjenengan, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 9 wulan Rabingulakir taun 1780, utawi tanggal kaping 31 Januari taun 1852 Angka 482. n ing Wiragunan dadosreh Mangkubumen, j tanggal kaping 10 wulan Rabingulakir taun gka 482.
Punika pemut kala maringake marengi ing dinten Ngahad Leg Ehe 1780 utawi tanggal kaping 1 Pembriwari taun 1852 An Punika pemut kala dadosipun wedana Punakawan Reden Wedana Rikmister Jayenglaga sakpanunggilanipun, sareng nampeni Bekel Plotengan kalih jung, malih sareng wedalipun Raden Lurah Jayaprawira, sarta Pangrembe Gladhag, maring ing dinten Senen Pahing, tanggal 11 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 2 Pembriwari taun 1852 Angka 482.
Punika pemut kala lebitupun Ngabehi Sinduprawira, Mantri ing Kedanurejan, marengi ing dinten Slasa Pon, sareng kalih pocotipun Ranadirada, tanggal kaping 12 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 3 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala Tuwan Pan Prin sekaliyan sowan ing Kedhaton, bab siti ing Kebonagung, marengi ing dinten Rebo Wage, tanggal kaping 13 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 4 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhahar dhateng nglaji, ing ngriku wonten tamu Tuwan-Tuwan sangking Semawis, marengi ing malem Kemis Kliwon, sareng enjingipun Tuwan Jurubasa Bake sowan kalih Tuwan eee ae ane Setin, Tuwan Ponjoparde sangking Semawis, tanggal aping 14 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi t ing 9 Pembriwari taun 1852 Angka 483. [ 69 ]Punika pemut kala Tuwan Asisten lumebet ing Kedhaton, prampungan bab kisruhipun bayar, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 15 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 6 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala lebetipun abdi Dalem ingkang sangking jawi lebet sedaya, marengi ing dinten Septu Pahing tanggal kaping 16 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 7 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala wiwit bayar abdi Dalem lebet wonten ing asta Dalem, merengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 17 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 8 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala dadosipun Lurah Punakawan Raden Ngabehi Natareja, sakpanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 18 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 9 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala wonten saradhadhu dipun gantung wonten ing Sentolo, marengi ing dinten Septu Pahing, tanggal kaping 16 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 7 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala rampungipun panyerat Dalem Serat Rejunawijaya, sareng kalih maringaken Kur'an putra Dalem Bendara Raden Mas Sujada, kalih Bendara Raden Hajeng Suminah, sareng malih kalih rampungipun pacang-pacangan, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 19 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 10 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala ngajalipun Kyahi Tumenggung Jaganegara dhongkol, ingkang dados Demang ing Dhepok, sareng kalih ngajalipun Raden, Ngabehi Danusentana, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 15 wulan Rabingulakir taun 1780, utawi tanggal kaping 6 Pembriwari tahun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar mampir dhateng pagriyanipun Tuwan Beretti, lajeng miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Jansen, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 21 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 12 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
[ 70 ]Punika pemut kala lembu dipun saosaken, sareng kalih kapal herdinas, kapal kareta cemeng agem para, kareta sangking Tuwan Luwi Win Sokeng, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 22 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 13 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala kangjeng sampeyan Dalem miyos dhateng ing nglaji Paresidenan, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta eyang Dalem kangjeng ratu' Mas, ing ngriku wonten Tuwan Asisten tidheman, kalih Tuwan Marigelapre, ing Surakarta, marengi ing malem Senen Legi, Senenipun enjing tetepipun abdi Dalem Niti, sapanungganipun, sarta nama, sareng kalih Kamis sepuh Imagiri, tanggal kaping 25 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 16 Pembriwari taun 1852 Angka 484.
Teksih Senen, maringaken wangaulan bab panuwunipun Tuwan De Klorek.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, mbekta tamu Tuwan De Riter Dewil ing Surakarta, sarta wonten kabar yan Surakarta wonten Wlandi rispis Tuwan Mapak, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 27 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 18 Pembriwari taun 1852 Angka 484.
Punika pemut kala wilujenganipun pakurmatan Kangjeng Raja ingkang Maha Hagung ing Nederlan, mawi sepeksi, marengi ing dinten Kemis Wage, pistanipun malem Jumungah Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 19 Pembriwari taun 1852 Angka 484.
Punika pemut kala Tuwan De Reter Diwil lumebet ing Kedhaton, sak Nyonyahipun, nanging sakit marengi ing dinten Septu Legi, sareng kalih Tuwan Asisten Sutelip ngaturi priksa yen Nyonyahipun kagungan putra, estri, malem Septu wanci jam 6, tanggal kaping 1 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 21 Pembriwari taun 1852 Angka 484.
Punika pemut kala ngajalipun Tuwan Warnas kacemplung jagang, marengi ing malem Senen Pon, Senenipun enjing tetepipun Mas Lurah Begananda, sarta Onder Ajidan Jayasuwarna sapanunggilanipun, sarta sareng Kangjeng Sampeyan Dalem ngintuni popok dhateng Tuwan Asisten, tanggal kaping 3 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 23 Pembriwari taun 1852 Angka 484.
Punika pemut kala maringaken lintu resikan buk dhateng Tuwan Asisten, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 4 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 24 Pembriwari taun 1852 Angka 484.
[ 71 ]Punika pemut kala lelang griyanipun Tuwan Beretti, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng griyanipun Tuwan Asisten Sutelip, utawi nggenipun kagungan putra, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, ing ngriku Kangjeng Tuwan Residen wonten, marengi ing dinten Rebo Kliwon sareng kalih lebetipun kagengan Dalem gangsa salendro yasa enggal, wasta Kyahi Pusparana, tanggal kaping 5 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 25 Pembriwari taun 1852 Angka 484.
Punika pemut kala Raden Hayu Tumenggung Mangunjaya yaosaken waos wasiyatipun Raden Tumenggung Prawiradiningrat suwargi, kathahipun 4, Kyahi Liyep, Kyahi Tak, Kyahi Bramabedhali, Kyahi Regol, wah Kyahi wisa Penganten, dhuwung 1, sabet 1, teken 1, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal 8 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tangal kaping 28 Pembriwari taun 1852 Angka 485.
Punika pemut kala maringaken lintu bul dhateng saknegari, sarta dhateng Purwadiningratan, sareng kalih inggahipun Mas Onder Ajidan Manguwerdaya, sakpanunggilanipun, sareng malih ngintunaken titihan dhateng ing nglaji Paresidenan kalih, marengi ing dinten Senen Kliwon, sareng kalih mundhut kapal saking Tuwan Sepek, sareng malih ing karsa, tanggal kaping 10 wulan Jumadi lawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 Maret taun 1852 Angka 485.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kejawahan lajeng mampir dhateng griyanipun Tuwan Enger, marengi ing dinten Slasa Legi, sareng malih bab wangsulan serat saking panuwunipun Tuwan Perstih ing Kajiwan nyanggi uwos sawulan 73,5 dhacin, tanggal kaping 11 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 3 Maret taun 1852 Angka 485.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken mundhut tumbas kapal rakitan kareta jragem, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 13 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 5 Maret taun 1852 Angka 485.
Punika pemut kala nyaosaken barang-barang tilaranipun Kyahi Jaganegara dhongkol, marengi ing dinten Jumanggah Wage tanggal kaping 24 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 6 Maret taun 1852 Angka 485.
[ 72 ]Punika pemut kala lelangipun Tuwan Litnan Piper, sareng kalih tampi serat sangking Paresidenan bab prakawis gamping, marengi ing dinten Septu kliwon tanggal kaping 15 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 7 Maret taun 1852 Angka 485.
Punika pemut kala nyaosaken barang-barang sangking Kyahi Jaganegara, warni dhuwung satunggil kalih kandelan, sareng Raden Wiryana nyaosi ayam klawu, marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 16 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 8 Maret taun 1852 Angka 485.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Ngalaji Paresidenan, ngriku wonten Tuwan Manot De Pradepil suketaris Madiyun, marengi malem Senen Pahing, Senenipun enjing tetep Raden Mangkumintarsa sakpanunggilanipun, tanggal kaping 17 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 9 Maret taun 1852 Angka 485.
Punika pemut kala lelangipun Cina badhe lelang trembalo wande, marengi ing dinten Rebo Wage, tanggal kaping 19 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 11 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Residen Haretman Residen Madiyun sak suketarisipun, sareng kalih mangsuli serat bab Gamping, marengi ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 20 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 12 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala ngajalipun Ntahi Mas Wirasuta Ingkang Ibu Raden Hayu Ler, marengi ing dinten Jumungah Legi, tanggal kaping 21 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 13 Maret 1852 Angka 486.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Pandhita De Prahiportman sareng kalih mireng kabar sedanipun Kangjeng Ratu Kencana ing Surakarta, marengi ing dinten Septu Pahing tanggal kaping 22 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 14 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala dhatengipun kapal janjan jene plangka sangking Kedhu, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 23 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 15 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala dadosipun Bekel Margangsa Bekel Endraprawira sapanunggilanipun, sareng wedalipun Raden Sumadirja, Panji Purwasura, sareng dipun pundhutipun Panji Bahusasra, sarta Ngabehi Tirtawijaya, [ 73 ]marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 24 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 16 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit miyos basiyar nitih titihyan, kalih para Pangeran-Pangeran, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 25 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 17 Maret 1852 Angka 486.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Blumen Wandres lumebet ing Kedhaton, kalih Nyonyahipun, tiga ibunipun, sekawan adhinipun, sareng kalih mireng kabar yen Plembang Tuwan-Tuwan blahi, margi numpak baita dipun begal brandhal, marengi ing dinten Rebo Legi, sontenipun lebetipun Mas Panji Bahusasra, tanggal kaping 16 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 18 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar nitih titihyan salebetipun beteng mriksani radinan, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 27 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 19 Maret 1852 Angka 486.
Punika pemut kala Nyonyah Panggen kalih anakipun Tuwan Miliyor Panggen lumebet ing Kedhaton, bab sabin ing Bedhoyo, marengi ing dinten Jumungah Pon, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Kaptin Wandres, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem kanjeng Ratu Mas, tanggal kaping 28 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 20 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala lelanggriyanipun Tuwan Kaptin Wandres, sareng kalih lebetipun kagungan Dalem siti pun Lipura lajeng dados Malihyan, marengi ing dinten Septu Wage tanggal kaping 29 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 21 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala Tuwan Perstih Demang Pos, ing Kajiwan sowan lumebet, prampungan nggenipun nyanggi dhahar Dalem uwos, sareng kalih lebetipun Ngabehi Tirtawijaya anakipun Tumenggung Selamanik, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 30 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 22 Maret taun 1852 Angka 486.
Punika pemut kala lebetipun nuwala sangking Surakarta bab sedanipun Kangjeng Ratu Kencana, sareng kalih liman badhe dhateng, sareng malih tetenipun Onder Ajidan Danuwardaya, sarta Kapala Kampung, sareng wedalipun Somatalli, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem, miyos dhateng [ 74 ]pagriyanipun Nyonyah Wandres sepuh, saha garwa Dalem Kangjeng Ratu, Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 1 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 23 Maret taun 1852 Angka 487.
taksih dinten Senen lebetipun kagungan Dalem sabin ing Lepengondhang.
Punika pemut kala Tuwan Pan Reng lumebet ing Kedhaton ngaturi priksa yen 'Nyonyahipun gadah lare, marengi ing dinten Slasa Pahing, tanggal kaping 2 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 24 Maret taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala ndhawahaken awisan abdi Dalem Kraton boten kalilan ngaben sawung, sareng kalih Tuwan Winter lumebet, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 3 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 25 Maret taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Wandres malebet ing Kedhaton kalih Nyonyahipun pamitan badhe gantos, lajeng Tuwan Litnan Jansen lumebet mentas dhateng sangking Salatiga, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 4 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 26 Maret taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala pistan mawi Kangjeng Tuwan Residen sarta Nyonyah, tingalanipun putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil, marengi ing malem Jumungah Kliwon tanggal kaping 5 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 27 Maret taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala maringaken titihan cemeng pancal dhateng Mangkubumen, marengi ing dinten Ngahad Pahing, tanggal kaping 7 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 29 Maret taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala tetepipun dados Punakawan pasindhen Suluk Pulo Gamel sareng wedalipun Raden Tumenggung Wiryanegara, saeng malih Raden Atmataruna, marengi ing dinten Senen Pon, sonten Tuwan Litan Sikken lumebet kalih Tuwan Litnan Hikut, sami setabelan, tanggal kaping 8 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 30 Maret taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Brosot mriksani tiyang damel sarem, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 9 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 31 Maret taun 1852 Angka 487.
[ 75 ]Punika pemut kala ngajalipun Kyahi Prawirarejasa Panembahan Bramanakandha, ngajeng dados Wedana Kemasan, sapunika pansiyun, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun sonten Kangjeng Sampeyan Dalem dhateng pagriyanipun Tuwan Litnan Siken, lajeng mampir dhateng pagriyanipun Tuwan Panggen, tanggal kaping 10 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 1 April taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala Tuwan Perstih Kajiwan, wiwit ngladosi paos wos sareng kalih dhatengipun Bekel Ampas Wiryanegaran, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 11 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 April taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala inggahipun Mas Lurah Bahupramuja dados Lurah Gamel sapanunggilanipun, sareng kalihyan wedalipun Panji Gandawilaga, sarta Ngabehi Suratruna sareng malih pranata ing Lipura marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 15 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 5 April taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala Tuwan Perstih Kajiwan wiwit ngladosi paos wos, sareng kalih dhatengipun Bekel Ampas Wiryanegaran, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 11 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 April taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala lelangipun Tuwan Litnan Siken, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 13 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 4 April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala inggahipun Mas Lurah Bahupramuja dados Lurah Gamel sapanunggilanipun, sareng kalihyan wedalipun Panji Gandawilaga sarta Ngabehi Suratruna, sareng malih pranata ing Lipura marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 15 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 5 April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Hageng pagriyanipun Tuwan Mayor Badhe, mawi musikan prajurit, marengi ing malem Kemis Pon, Kemisipun enjing wangsulipun Panji Gandawilaga, sarta siti Nglipura 3 jungkang wonten Riya Jayalipura tanggal kaping 18 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 8. April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala panggihipun temanten ing Ngrambutan putranipun Mas Lurah Kala Bathok ingkang nomer 2 marengi ing dinten Jumungah Wage, [ 76 ]mawi gengsa kagungan Dalem tanggal kaping 19 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal 9 April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala wiyosan Dalem dhateng ing Bantul Kalurahan, kalihyan ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen, sarta garwa Dalem Kangjeng Ratu, Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi nggenipun Hagangan putra Bendara Raden Hayu Mitinegara, kakung, nanging Bendara Raden Hayu gerah sekok, maréngi ing dinten Ngahad Legi, tanggal kaping 21 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780.
Punika pemut kala lelangipun Tuwan Litnan Siken, marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 3 April taun 1852 Angka 488 utawi tanggal kaping 11 April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala dadosipun gamel pun Jayaprakosa Bapang sapanunggilanipun, sareng kalih wedalipun Kudawilanten, marengi ing dinten Senen Pahing sareng kalih dhawah kumisi bab Bekel Mangkuniti, sareng malih kesahipun sadherekipun pun Wiryana estri, tanggal kaping 22 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 12 April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala mireng kabar kesahipun Eyang dhateng Wotgalih, nderek Raden Tumenggung Jayanegara, marengi ing dinten Slasa Pon, sareng panggihipun temanten Cina, tanggal kaping 23 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 13 April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Didreg lumebet ing Kedhaton, sontenipun Tuwan Mayor Hose lumebet ing Kadhaton kalih Tuwan Asisten Sutelip sak Nyonyahipun, Tuwan Kaptin Pandenham sak Nyonyahipun, Tuwan Kaptin Hotmen sak Nyonyahipun, Nyonyah Panbildren marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 19 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 15 Juli taun 1854 Angka 557.
Punika pemut kala putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil tindak dhateng Ngadiwijayan tuwi Mas Hayu Jaganegara, sareng kalih maringi pethakan dhateng Panggenan kumidhi sarta mireng kabar yen gayam ing Sela Gilang Lipura sekar, marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 20 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 16 Juli taun 1854 Angka 557.
Punika pemut kala slawatan Maulud wonten Bangsal Pangapit, marengi ing malem Senen Pon, Senenipun enjing marengi wewah sabin Raden Wedana [ 77 ]Sasrakusuma sapanunggilanipun, sareng tetepipun dados Lurah Mas Lurah Jayajatra, Mas Lurah Resi Seta, Mas Bekel Pagdhalem, Bekel Mas Riya Kudasumilir, sareng njawi liyeripun Ngabehi Padmasantana Mantri Kaparak Tengen dados Panajungan, tanggal kaping 21 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 17 Juli taun 1854 Angka 557.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, bab lebetipun serat, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 22 wulan. Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 18 Juli taun 1854 Angka 557.
Punika pemut kala ngalihipun dalem Bandara Raden Panukmawati, sontenipun Tuwan Dokter Kurnet lumebet ing Kadhaton sak Nyonyahipun, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 23 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 19 Juli taun 1854 Angka 557.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kalih Tuwan Kolonel Krusman, tiga Tuwan Mayor Kipper, sontenipun tirko, kalih Tuwan Wit lumebet ing Kadhaton, marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 24 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 20 Juli taun 1854 Angka 557.
Punika pemut kala lebetipun serat nuwala wewangsul bab sedanipun Kangjeng Raden Hayu Pringgadiningrat marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 25 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 21 Juli taun 1854 Angka 557.
Punika pemut kala inggahipun pasang bandar, sareng wedalipun Mangkuwidura Cakrabumbung, sareng malih ndhawuhaken bab repotan dhateng Kantor, saha mundhut cacahipun anakipun abdi Dalem lebet, sareng malih pamundhutipun Ngabehi Ranasudira, sarta telasipun panggambar Tuwan Abel, sareng ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 24 Juli taun 1854 Angka 557.
Punika pemut kala ngajalipun Mas Hajeng Jayasamangun ingkang bibi Raden Hayu Mangun Nagara, tilas klangenanipun Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja Seda Kadhaton, marengi ing malem Rebo Pahing, tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 26. Juli taun 1854 Angka 558.
Punika pemut kala lebetipun Ngabehi Ranasudira lajeng nama Martadikara, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 2 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 27 Juli taun 1854 Angka 558. [ 78 ]Punika pemut kala Tuwan De Kock Pan Lewen lumebet ing Kadhaton kalih ibunipun sarta Nyonyahipun, marengi ing dinten Jumungah Wage tanggal kaping 3 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 28 Juli taun 1854 Angka 558.
Punika pemut kala samuwan ringgitan Walandi wonten Bangsal Pangapit ingkang kilen, marengi ing malem Ngahad Legi, tanggal kaping 5 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 30 Juli taun 1854 Angka 558.
Punika pemut kala tetepipun Onder Ajidan Martadikara, sareng jawi dadosipun Panewu anakipun Mas Tumenggung Cakranegara, nama Raden mas sudiya, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 6 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 31 Juli taun 1854 Angka 558.
Punika pemut kala ngajalipun Bekel Hanggalelana, abdi Dalem Bekel Gamel, marengi ing malem Senen Pahing tanggal kaping 6 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 31 Juli 1854 Angka 558.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Hageng pagriyanipun Tuwan Mayor Hosse, tuwin nggenipun gadhah lare estri, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 7 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 1 Agustus taun 1854 Angka 558.
Punika pemut kala tuwan Beretti lumebet ing Kadhaton, bab yatra lajeng dipun paringi bayar cah, sareng kalih dhatengipun siti ing Plumbon karya 3 jung, ampasipun Raden Hayu Tamaprawira, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 8 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 2 Agustus taun 1854 Angka 558.
Punika pemut kala paras putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Sukapjaleka Retra Supirah, mawi dhateng ulam maesa, sareng kalih klangenan Dalem sami dhateng pasisir, kathahipun 3, ingkang ndherekaken Raden Hayu Mangun Nagara, priyayi jaler Raden Wadana Jayadiwirya, kalih Pangeran Hariya Cakrakusuma, priyayi Lurah 3, marengi ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 9 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 3 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala Tuwan Deken lumebet ing Kadhaton nyaosaken bareng werni-werni, nanging awis sedaya boten wonten ingkang dipun pundhut, namung mundhut krun dadaran, marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping [ 79 ]11 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kapi ng 5Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala Raden Wadana Sasrakusuma nanggap Sepahi sulapan, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 12 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 6 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala pocotipun pun Atmaprakosa miji ringgit, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 13 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 7 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala ndhawahaken cara Surakarta dhateng abdi Dalem Punakawan sedaya, Kangjeng Sampeyan Dalem inggih ngersakaken yasa, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 14 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 8 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala ngrampungi prekawis Mas Lurah Demang Resalipura kaliyan para Demang ing Nglipura, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 16 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 10 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala lebetipun nuwala sangking Surakarta, bab sedanipun Kangjeng Raden Hayu Hadipati Sasradiningrat, marengi ing dinten Jumungah Pon, sedanipun marengi ing dinten Jumungah Legi, tanggal kaping 17 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 11 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng ing Redi Kidul, sareng kalih Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam sowan lumebet ing Kadhaton kalih Kangjeng Ratunipun, damelipun nyaosi priksa yen badhe kagungan damel amikramekaken ingkang putra Pangeran Mayor Hariya Sasraningrat dhaup putranipun Kangjeng Pangeran Litnan Kolonel Hariya Puger, wasta Raden Hajeng Sanilah, marengi ing dinten Sapta Wage, tanggal kaping 18 wulan Dulkangidah taun 1782, utawi tanggal kaping 12 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala nampeni sabin karya 3 jung ampasipun Kangjeng Raden Hayu Pringgadiningrat ing Jombor 0,5 jung, ing Palumbungan 2,5 jung, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, tanggal kaping 11 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 13 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala dadosipun kabayan pun Prawirawiruna, sareng kalih pocotipun pun Jayaleksana, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping. [ 80 ]20 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 14 Agustus taun 1854 Angka 559.
Punika pemut kala dhahar pista wonten ing Margangsan, marengi ing malem Kemis Wage tanggal kaping 23 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 17 Agustus taun 1854 Angka 560.
Kemisipun sonten Tuwan Litnan Brongos lumebet dhateng ing Kadhaton, sabah badhe gantos dhateng Padhang.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem nanggap Sipahi sulapan, wasta Kumarasami, Ramasami, Rudramurti, sami tiyang Buda, pun Kumarasami, dipun paringi nama Sajiman Glimpo sarta dipun paringi yatra 100 rupiyah rispis, uwos 3 dhacin, pethakan sak puk, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 24 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 18 Agustus taun 1854 Angka 560.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Hangabehi dhateng ing Ngayugya, kaping 10, marengi ing dinten Saptu Legi, sareng rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen sangking Redi Kidul, tanggal kaping 25 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 19 Agustus taun 1854 Angka 560.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Hamres lumebet ing Kadhaton, namung sowan kimawon, marengi ing dinten Ngahad Pahing, tanggal kaping 26 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 20 Agustus taun 1854 Angka 560.
Punika pemut kala tetepipun Raden Lurah Mangunatmaja, dados Luruh Herdenas, utawi Nyahi Lurah Hamungsari, Mas Mangunpukahi sakpanung-gilanipun, sareng wedalipun Raden Lurah Suryataruna dados Lurah Prajurit Mantri Lebet sontenipun Kangjeng Pangeran Hadipati Hangabehi, sowan lumebet ing Kadhaton, marengi ing dinten Senen Pon, tanggal kaping 27 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 21 Agustus taun 1854 Angka 560.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 28 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 22 Agustus taun 1854 Angka 560. [ 81 ]Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, kalih anakipun Tuwan Litnan Pan Den Bereh, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali sedhekah rebatan Cina, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Raut Mas, mampir dhateng pagriyanipun Tuwan De Kock Pan Lewen, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 29 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 23 Agustus taun 1854 Angka 560.
Punika pemut kala nampeni sabin 4 jung ampasipun Mas Tumenggung Cakranagara, Jagal Abilawa, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 30 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 24 Agustus taun 1854 Angka 560.
Punika pemut kala tetepipun jajar burdir, kalih jajar gemblak kalih, sareng wedalipun Raden Ngabehi Purwataruna, kalih pun Taubi, sareng kalih pamundhut Dalem Bandara Raden Hayu Retna Pakuwati, putra tetilaripun Raden Tumenggung Prawiralaya ing Taman, marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 4 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 28 Agustus taun 1854 Angka 561.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 6 wulan Dulkijah taun je 1782, utawi tanggal kaping 30 Agustus taun 1854 Angka 561.
Punika pemut kala pragandring prakawis Jaksa, sontenipun Tuwan Pan Prin lumebet Kadhaton sak Nyonyahipun, sarta Nyonyah Rab, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 7 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 31 Agustus taun 1854 Angka 561.
Punika pemut kala tetepipun Panji Natarata Kapala Jastrik ing Sendhangpitu, Panji Natarata sepuh dipun paringi pensiyun, sareng kalih Tuwan Sepek nyaosi lonceng dhasaripun cemeng, marengi ing dinten Saptu Kliwon tanggal kaping 9 wulan Dulkijah taun Je 1782 utawi tanggal kaping 2 September taun 1854 Angka 561.
Punika pemut kala Mas Kartareja sangking Toyajene dados Warnim Jaksa, Sareng ing lebet tetepipun Jajar Palawija Bagusan, Cebolan, sarta Encik Kasim, sareng malih Tuwan Litnan Eling Esem dipun paringi bayar, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 11 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping utawi tanggal kaping 4 September taun 1854 Angka 561. [ 82 ]Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu Mas, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, kepethuk temanten anakipun Cik Bapa, wasta Encik Kamis, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 12 wulan Dulkija taun Je 1782, utawi tanggal kaping 6 September taun 1854 Angka 561.
Punika pemut kala kagungan Dalem ringgit wacucal Gedhog dipun paringaken dhateng Lurah Encik Dapa marengi ing malam Kemis Kliwon tanggal kaping 14 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 7 September taun 1854 Angka 561.
Punika pemut kala Tuwan Togel tukang gambar lumebet ing Kadhaton pamit mantuk dhateng Samawis, marengi ing dinten Jumungah Legi, tanggal kaping 15 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 8 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali sasrahan dhateng Pojok Beteng Resalipuran, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, mampir dhateng Sumadilagan, lajeng miyos dhateng Pugeran tuwi manten, marengi ing dinten Saptu Pahing tanggal kaping 16 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 9 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala ijabipun Pangeran Mayor Hariya Sasra ningrat putra Paku Alaman, dhaup Raden Hajeng Saniyah putra Pugeran, marengi ing malem Senen Wage, enjingipun tetepipun Bekel Imarejasa sapanunggilanipun, tanggal kaping 18 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 11 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala ijabipun Raden Lurah Brangtakusuma, dhaup kalihyan Raden Hajeng Dhemes putra Panembahan, marengi ing dinten Slasa Kliwon, lenggahipun wonten Margangsan, malem Slasa Kliwon para Bendara Pangeran, malem Rebo Legi para Wadana Kasukan ayun, malem Kemis Pahing para Lurah, ringgitan Menak, malem Jumungah Kliwon slawatan Maulud. Taksih Slasa Kliwon sareng dadosipun kagungan Dalem meja pasratan ukir-ukiran kalih, tanggal kaping 19 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 12 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, pista mantu, marengi ing malem Kemis Pahing Kemisipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem tumbas kartu Praosan mawi dhus, sangking Nyonyah [ 83 ]Lipeber, tanggal kaping 21 wulan Dulkijah ing taun Je 1782, utawi tanggal kaping 14 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi tamanten, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 22 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 15 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala tamanten Pangeran Mayor Sasraningrat ngabekti dhateng Kadhaton, marengi ing dinten Sabtu Wage tanggal kaping 23 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 16 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos pista dhateng Kapugeran, marengi ing malem Ngahad Kaliwon, Ngahadipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Kapugeran, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sareng maringaken tamanten Raden Lara Sakinah, putra Martanagaran dhateng Kadanurejan, tanggal kaping 24 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 17 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala lebetipun tamanten Kangjeng Pangeran Hariya Timur, sareng ungelipun kagungan Dalem gangsa Sakati, marengi ing malem Senen Legi, enjingipun putra Kadanurejan Raden Mas Iskak dipun saosaken munakawan, tanggal kaping 25 wulan Dulkijah ing taun Je 1782, utawi tanggal kaping 18 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Babah Kapitan Li Tiyam Ling Raden Wang sengsari lumebet ing Kadhaton, nyaosi priksa yen sampun tetep dados Kapitan Cina, sarta ngaturi badhe dhahar eca, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 27 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 20 September taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala ijabipun Kangjeng Pangeran Hariya Timur dhaup Raden Lara Sakinah putranipun Raden Tumenggung Martanagara, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, sareng pangalihipun Bendara Raden Murcitaresmi, tanggal kaping 29 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 22 September taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali tamanten dhateng ing Beteng kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, mampir dhateng Gandawiranan, lajeng dhateng Mandanasrayan, marengi ing dinten Saptu [ 84 ]Legi tanggal kaping 30 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 23 September taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhahareca dhateng Martanagaran, marengi ing dinten malem Ngahad Pahing tanggal kaping 1 wulan Mukharam taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 24 September taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miwiti ngarsakaken yasa agem Dalem rasukan Antrakusuma, sareng kalih Tuwan Dispro lumebet ing Kadhaton, wade sela inten, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 2 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 September taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala wonten kumisi Wlandi kaping 2, wonten Bangsal Pengapit, lampahan Wlandi Inggris, marengi ing malem Slasa Wage, tanggal kaping 3 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 September taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Martanagaran, kalin garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi tamanten, sarta mawi tingalan Jenggen tiyang Jawi, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing Tuwan Tirko lumebet ing Kadhaton, nyaosi priksa yen angsal dados Kashir ing Bulus, tanggal kaping 4 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 27 September taun 1854 Angka 567 (563?)
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Kapitan Cina dhahar pista, marengi ing malem Ngahad Wage, Ngahadipun sonten Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kalih Nyonyahipun, Tuwan Asisten Sutelip sak Nyonyahipun, Tuwan Benjamin Hasselman saknyonyahipun, tanggal kaping 8 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 Oktober taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton bab serat, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 11 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 4 Oktober taun 1854 Angka 564.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos jagong dhateng Prawiradirjan, kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, jagong nggenipun mbabar mbok Dalem Kangjeng Raden Hayu Gusti Maduretna miyos kakung, kaleres ing Timuran nayuban, dalu [ 85 ]Kangjeng Sampeyan Dalem mawi miyos basiyar, marengi ing malem Kemis Pon, Kemisipun enjing Tuwan Helmres lumebet ing Kadhaton nyuwun nyambut kareta, badhe dipun damel dhateng Salatiga imah-imah, sareng magangipun putra ing Mangkubumen Raden Mas Murteja, wedhi kengser, tanggal kaping 12 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Oktober taun 1854 Angka 564.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Suryanagaran, tuwi nggenipun nyupitaken, marengi ing malem Septu Kliwon tanggal kaping 14 wulan Mukharam taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 7 Oktober taun 1854 Angka 564.
Punika pemut kala nampeni sabin, 4,5 jung, ampasipun Raden Tumenggung Nitipraja, ing Gunturgeni 1 jung, Sapuangin 1 jung, Ngalang-alangan 1 jung, bedhilan 1 jung, Bongos 0,5 jung, marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 15 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 8 Oktober taun 1854 Angka 564.
Punika pemut kala lebitupun nuwala wewangsulsangking Surakarta bab pakramanipun Kangjeng Pangeran Hariya Timur, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 17 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 Oktober taun 1854 Angka 564.
Punika pemut kala nyirami Kangjeng Riyahi Hageng sakpanunggilanipun, marengi ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 19 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 Oktober taun 1854 Anga 564. Punika pemut kala Tuwan Tirko lumebet ing Kadhaton bab prakawis piyagem sarta yatra pakurmatan siti ing Bulus sak panunggilanipun, sareng kalih ngajalipun Raden Tumenggung Nitipraja Bupati Jaksa pensiyun, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 22 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 15 Oktober 1854 Angka 565.
Punika pemut kala pocotipun Jajar Tukang pun Gunamiruda kalih ringgit punggawa Atmapringga, sareng wedalipun Raden Atmasuparta dados Demang Redi Kidul, sareng malih tetepipun Panji Dhaeng Panji Nitireja, pun Jayasadana, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 23 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 16 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Tuwan Lussi tukang kreta wiwit dhateng Sasradipuran, Prakawis kareta, sareng kalih miwiti nyerat kagungan Dalem serat wau [ 86 ]wangkingan, sareng malih ndhawahaken bab tamanten, marengi ing dinten Slasa Kliwon, saha sareng malih maringi pasalin rasukan baskap, dhumateng abdi Dalem Wadana Lurah Punakawan, tanggal kaping 24 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 17 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala kagungan Dalem ringgit purwa dipun paringaken dhateng Raden Wadana Jayadiwirya, marengi ing malem Rebo Legi tanggal kaping 25 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 18 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala lebetipun serat nuwala sangking Surakarta nyumbang pakramanipun Kangjeng Pangeran Hariya Timur, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 26 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 19 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Helmres lumebet ing Kadhaton, nyaosi terima kasih, sontenipun Nyonyah Jansen lumebet ing Kadhaton, bab siti ing mandira, nyuwun ngonjot marengi ing dinten Jumungah Pon, tanggal kaping 27 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 20 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, wiyosanipun taunan Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing malem Ngahad Kliwon, Ngahadipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng kadanurejan, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi nggenipun netesaken ingkang putra Raden Hajeng Aminah, tanggal kaping 29 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 22 Oktober taun 1854 Angkat 565.
Punika pemut kala ngintunaken serat Nglaji, bab Raden Tumenggung Nitinagara, serang pocotipun gebayan nigaya pun Onang-Onang Manis, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 30 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 23 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing kadhaton, bab panuwunipun nyambut ing Yudanagaran, kalih piyagemipun Tuwan Suwahpin ing Kanayan, utawi malih bab serat atur-aturan ing Kadhaton, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 2 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Tuwan Sepek kados sagawon mayangi, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 4 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 27 Oktober taun 1854 Angka 565.
[ 87 ]Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar, awit karsanipun putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Gusti Putri Sukapjinah, marengi ing dinten Saptu Legi tanggal kaping 5 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 Oktober taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, bab rawuhipun Tuwan Litnan Jendaral De Stir, marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 6 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 29 Oktober taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala pangalihipun gupon puter, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 7 wulan Sapar taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 30 Oktober taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala dhatengipun Tuwan Litnan Jendral De Stir Kumendham prajurit sadaya, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 8 wulan Sapar taun Dal 1783 utawi tanggal 31 Oktober taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jendral De Stir lumebet ing Kadhaton mbekta ajidanipun sarta putranipun, saha Kangjeng Tuwan Residen, sareng kalih dhatengipun Kangjeng Pangeran Hadipati Hangabehi ing Surakarta, dhateng nagari Ngayugyakarta kaping 11, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 9 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 Nopember taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala main kumidhi kaping 3, marengi ing malem Kemis Legi, Kemisipun enjing tetepipun dados abdi Dalem tukang kareta, sak panunggilanipun sadaya tanggal kaping 10 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 Nopember taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhahar pista dhateng ing Nglaji Paresidenan, bab badhe konduripun Kangjeng Tuwan Jendral, marengi ing malem Jumungah Pahing, tanggal kaping 11 wulan Sapar taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 3 Nopember taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Hangabehi sowan Lumebet ing Kadhaton, mawi mubeng-mubeng dhateng Panepen, Kabumen, marengi ing dinten Ngahad Wage, tanggal kaping 13 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Nopember taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala ngalihipun nama Raden Lurah Sasrareja nama Raden Lurah Padmakusuma sakpanunggilanipun marengi ing dinten Senen Kliwon. [ 88 ]tanggal kaping 14 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 6 Nopember 1854 Angka 566.
Punika pemut kala kagungan Dalem kareta dhokteran suwek risak sadaya, ingkang nyuwek-nyuwek Tuwan Sepek, marengi ing dinten Slasa Legi tanggal kaping 15 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 7 Nopember taun 1854 Angka 567.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Didrig lumebet ing kadhaton, nyuwun papan kumidhi pagriyan bluwen kopi, kalih Tuwan Litnan Helinglen, nyaosi priksa yen sampun imah-imah angsal anakipun Tuwan De Senje ing Ngampel ijabipun marengi ing dinten Kemis Legi wonten Surakarta, sareng kalih jampi titihan dipun paringaken dhateng mas Lurah Mandanasraya marengi ing dinten Kemis Pon tanggal kaping 17 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 9 Nopember taun 1854 Angka 567.
Punika pemut kala Tuwan Eling Hesen Kumendham Dragunder lumebet ing Kadhaton kaliyan Nyonyahipun, marengi ing dinten Jumungah Wage, tanggal kaping 18 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 Nopember taun 1854 Angka 567.
Punika pemut kala lelang apyun sapanunggilanipun wonten Nagari ing Ngayugya, sareng kalih tetepipun Raden Tumenggung Sasradirja, kalih Raden Tumenggung Wiranagara, saha pocotipun Raden Tumenggung Nitinagara, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kaliyan Tuwan Direktur Pan Der Grap ingkang nguwasani lelang apyun, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 21 wulan Sapar taun dal 1783,, utawi tanggal kaping 13 Nopember taun 1854 Angka 567.
Punika pemut kala Tuwan Tirko lumebet ing Kadhaton nyuwun maqsi kagungan Dalem siti ing Jetis Sedah, ing ngepos, ing Balong, ing Ngargin-angin, nanging boten kedadosan, marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 22 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 14 Nopember taun 1854 Angka 567.
Punika pemut kala Tuwan Perstih sekalipun nyaosi priksa yen angsal idinipun Kangjeng Gupernemen, maosi nglyer siti ing Kanayan, sangking Tuwan Pan Bissekem, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 23 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 15 Nopember taun 1854 Angka 567.
Punika pemut kala sedanipun Kangjeng Pangeran Hadipati Hanatapraja, marengi ing dinten Kemis Kaliwon, tanggal kaping 24 wulan Sapar taun Dal, 1783, utawi tanggal kaping 16 Nopember taun 1854 Angka 567. [ 89 ]Punika pemut kala tetepipun Ketip Tamin pun Ngusman, sareng kalih Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, tuwi nggenipun kagungan putra-putri, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 28 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 20 Nopember taun 1854 Angka 568.
Taksih ing dinten Senen Wage Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton kalihyan Tuwan Pandhita, sarta ngandika yen siti ing Gegerbajing sakpanunggilanipun sadaya ampas ing Naraprajan, dipun paringaken ing Kangjeng Sampeyan Dalem sangking astanipun Kangjeng Gupernemen, sarta sampun angsal beselit, sampun pitung wulan.
Punika pemut kala nacaraken putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Gusti Sukapjaleka Retna Supirah, sareng kalih maringaken wangkingan pusaka dhateng putra Dalem Bandara Raden Ngabehi, Kangjeng Kyahi Tambuh, putra Dalem Bandara Raden Mas Samakun, Kangjeng Kyahi Panukup, sami dados pusakanipun, kalih maringaken wangkingan dhateng Raden Bagus Saiman, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 29 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 21 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun tuwan Promtoko, kalih putra-putra Dalem, para Bandara-Bandara Klangenan Dalem, marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 30 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 22 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala nampeni wiwit tumbas dhateng Tuwan Prom, marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 1 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 23 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Klangenan Dalem Raden Murtejaresmi, kalih Raden Mandayaresmi, minggat dhateng jawi, marengi ing malem Jumungah Pon, tanggal kaping 2 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 24 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Nyonyah Asselman ingkang rayi Kangjeng tuwan Residen, babar medal jaler, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 2 wulan Rabingulawal taun Dal taun 1783, utawi tanggal kaping 24 Nopember 'taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Raden Hayu Brangtakusuma ing Surakarta, marak lumebet dhateng Kadhaton, kalih Ratu Bandara, Raden Hajeng Werkis, marengi ing
89
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kalihyan putra Dalem, saba Klangenan Dalem, kepethuk tiyang ewah Biyang Pari abdi Mangkubumen, marengi ing dinten ngahad Kliwon, tanggal kaping 4 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala tetepipun Raden Wadana Sasradipura ing Ratawijayan, kalih Raden Bagus Palek, sakpanunggila nipun, sareng pocotipun Tuwan Sepek, Bekel Sasramurcita sareng jawi tetepipun Ngabdulah Bun Sangit, sareng malih marengi bebakas patehan minuman silir, sarta ngericengaken abdi Dalem paniti sarok, marengi ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 5 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 27 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala ungelipun gangsa Sakati, mawi nimbali Tuwan Asisten, Tuwan Mayor, main, marengi ing malem Slasa Pahing tanggal kaping 6 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Masjid Hageng kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 7 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 29 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Masjid Hageng, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton sak Nyonyahipun, Tuwan Residen Bening Bagelan sak Nyonyahipun, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 8 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 30 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Nglaji Paresidenan, mawi dhahar butram, margi wonten Tuwan Residen Ben, kalih Tuwan Residen Sekap, marengi ing malem Jumungah Kliwon, Jumungahipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Sitinggil Kidul, Ningali Dragonder galadhi lajeng miyos basiyar mampir dhateng Mandanasrayan, tanggal kaping 9 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping utawi tanggal kaping 1 Desember taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalam miyos methuk Kangjeng Bandara Raden Hayu Retna Sriwulan Sasranagara, dhateng pondhokan ing [ 91 ]Sasrawijayan, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 14 Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 6 Desember taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala nempeni barang-barang sangking Tuwan Prom, warni-wari, marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 15 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 7 Desember taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala nampeni serat ngengreng kontrak sangking ing Nglaji yen siti ing Kalibawang sak anteronipun, ampas ing Nataprajan karya 120 jung, badhe dipun gadhuhaken ing Kangjeng Sampeyan Dalem, sangking Kangjeng Gupernemen, marengi ing dinten Saptu Pon, tanggal kaping 17 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 9 Desember taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala inggahipun Raden Lurah Talipraja, Mas Lurah Kartawigena, Raden Lurah Sarip Gasrasubrangta, Raden Bekel Sasrareja, sakpanungilanipun, sareng jawi Ngabehi Sindusumitra, sarta Jajar miji Ngabehi Somawardaya, sareng malih ngganjar indhaking sabin pangajengipun Raden Wadana Sasrawijaya, sakpanunggilanipun, lan malih Tuwan Kaptin Olmres lumebet dhateng Kadhaton, nyaosi priksa yen badhe imah-imah dhateng Salatiga, marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 19 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 11 Desember taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala nampéni sabin sangking nagari, karya 4,5 jung, ing Jungke 2,5 jung, ing Kategan 1 jung, ing Gendholsamapu 0,5 jung, ing Pete 0,5 jung, ing Medhaknengahan, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 22 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 14 Desember taun 1854, Angka 569.
Punika pemut kala nampeni sabin sangking ing nagari, dhusun ing Tlobong 1 Jung, ing Sumber 1 jung, ing Sorasan 0,5 jung, marengi ing dinten Saptu Kliwon tanggal kaping 24 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 15 Desember taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen utusan nuwun sima 4 iji, Cucalipun badhe dipun bakta dhateng nagari Wlandi, marengi ing dinten Ngahad Legi, tanggal kaping 25 wulan Rabingulawal ing taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 16 Desember taun 1854 Angka 569. [ 92 ]Punika pemut kala inggahipun Bekel ringgit Atmasantana sapanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 26 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 18 Desember taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala Kangjeng Pangera sowan lumebet ing Kedhaton, sampun Pon tanggal kaping 27 wulan Rabingulawa kaping 19 Desember ‘taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kalih putra Dalem, saha Klangenan Dalem, kepethuk lelang pasowan laji Paresidenan ingkang kidul, marengi ing dinten Rebo Wage, tanggal kaping 28 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 20 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala nyengkeri paksi dara jawi ulesipun warni-warni, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 29 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 21 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala nampehi sabin ing Katandhan, karya 1 jung, marengi ing dinten Jumungah Legi, sareng nampeni sabin lelintonan saking prajurit, tanggal kaping 1 wulan Rabingulakir, ing taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 22 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala tetepipun Nyahi Lurah Sedhanama, sareng kalihyan Bedhaya Tamanan sakpanunggilanipun, sareng malih Tuwan Pon Semit Hup Pan Altensetap lumebet ing Kadhaton, bab badhe nyuwun ngonjot siti ing Kebonagung, marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 4 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngijab Kalangenan Dalem Bandara Raden Retnadiningrum, marengi ing malem Slasa Kliwon, Slasanipun anglujengi nyekawani, nggenipun bobot garwa Dalem Kangjeng Ratu, sareng kalih maringaken barang-barang dhateng ing Ngangin-angin, sontenipun anglujengi nggangsali nggenipun bobot Bandara Raden Retnadini ngrum, sareng kalih Tuwan Perstih lumebet ing Kedhaton, bab siti ing Kajiwan sampun rampung, tanggal kaping 5 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kalih Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sarta putra Dalem, mampir dhateng pagriyanipun [ 93 ]Raden Tumenggung Hanggawangsa, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 6 wulan Rabingulakir taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 27 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paresidenan kalihyan garwa dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi nggenip Hasselman, ingkang rayi Kangjeng peyan Dalem miyos dhateng Noglaji Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem un gadhah putra Tuwan Benjamin Tuwan Residen, Sareng Tuwan Lussi dhateng sangking Samawis, nyaosaken kareta tiga, sarta nyaosi angsal-angsal ceret, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 8 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal 29 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala wiyosipun hajad Dalem Panjenengan, sarta mireng kabar yen Tuwan Jon Seten Parpe, ing Patukan ngajal wonten Nagari Paris, ngajalipun ing wulan Oktober tanggal kaping 29, marengi ing dinten Saptu Wage, tanggal kaping 9 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 30 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala nampeni sabin sangking Nagari 2 junging kanggotan, jung, ing Wanalapa 1 jung, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, tanggal kaping 10 Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 31 Desember taun 1854 Angka 670.
Punika pemut kala Taun Baru Wlandi, boten mawi pista, margi Kangjeng Tuwan Residen kasripahan, marengi ing dinten Senen Legi malemipun Senen Legi kagungan Dalem banon capuri ing Kabumen ingkang kilen rebah, tanggal kaping 11 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 Januari taun 1855 Angka 571.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, nyaosaken yatra pakurmatan, sangking Tuwan Perstih ing Kajiwan, kalih dipun Kangjeng Tuwan Residen, yen tuwan Residen De Hir badhe dados Resi fe Ngayugya, marengi ing dinten Slasa Pahing tanggal kaping 12 Et Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 Januari taun Angka 571.
Punika pemut kala nampeni sabin sangking prajurit, ing cakes Lia Kadisara 0,5 jung, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal rhe Rabinggulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 3 Januari Angka 571. [ 94 ]Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh, kalih Tuwan Benjamin Hasselman lumebet ing Kadhaton, sawab badhe mantuk dhateng Jepara, sareng kalin nampeni sabin sangking prajurit, ing Jligutan 1 jung, Inereng! ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 15 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Januari taun 4855 Angka 571.
Punika pemut kala lebetipun Raden Panji Brajapuspita kalih pun marengi ing dinten Senen Pon tangga Dal 1783, utawi tanggal kaping 8 Janua
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hariya Puger, kalih Kangjeng Pangeran Hariya Jayakusuma, tiga Kangjeng Pangeran Hariya Hadinagara, sowan tuwi ing Kangjeng Sampeyan Dalem, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 20 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 Januari taun 1855 Angka 571.
Punika pemut kala wonten sawer ing Gedhong Purwaretna, marengi ing dinten Jumungah Pahing, sareng kalih Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat, Kangjeng Pangeran Hariya Suryanagara sami sowan tuwi, Jumungahipun enjing Kangjeng Raden Hadipati Danureja sowan tuwi, tanggal kaping 22 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 Januari taun 1855 Angka 571.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Litnan Kolonel Ajidan Hariya Yudanagara sowan tuwi, sareng kalin Kangjeng Ratu Hayu, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 23 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 13 Januari taun 1855 Angka 572.
Punika pemut kala tetepipun Kangjeng Tuwan Residen Jong Hir Mister Welem Karel Emili De Hir, dados Residen Ngayugya, sareng dadosipun Bupati Kaptin Prawiradipura, sarta Panji Jayadigdaya dados Kapala Gamping sapalih, nisihi Panji Jayagada, sareng ing nglebet maringi paukuman Bekel Dipaatmaja, sarta ingkang nayub sadaya, utawi tetepipun Jajar Badhaya Srangbaya Tanaman sakpanunggilanipun, sarta malih Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja, kalih Raden Tumenggung Martanagara sowan tuwi, marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 25 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 15 Januari taun 1855 Angka 572.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, marengi ing dinten Slasa Legi tanggal kaping 26 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 16 Januari taun 1855 Angka 572. [ 95 ]Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam sowan lumebet ing Kadhaton, ngirid Pangeran Rangga Hariya Prawiradiningrat ing Madiyun, amarengi ing dinten Kemis Pon tanggal kaping 28 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 18 Januari taun 1855 Angka 572.
Punika pemut kala nampeni serat sangking Nglaji bab pun Padmasantika, marengi ing dinten Jumungah Wage malem Jumungah slawatan Maulud wonten Bangsal Kancana, tanggal kaping 29 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 19 Januari taun 1855 Angka 572.
Punika pemut kala priyayi Wadana dipun timbali margi prakawis parlu sanget, marengi ing dinten Saptu Kliwon, tanggal kaping 1 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 20 Januari taun 1855 Angka 572.
Punika pemut kala tetepipun Panji Jayaharja, saha Panji Jayawicitra, Kapala Jastrik, sareng ing nglebet Jajar panatah, utawa niyaga, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 3 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 22 Januari taun 1855 Angka 572.
Taksih Senen anampeni sabin saking siti prajurit, dhusun ing Samampir, karya 2 jung.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen Baron De Hir wonten Nagari ngayugyakarta, marengi ing dinten Rebo Wage, tanggal kaping 4 wulan Jumadilawal taun 1783, utawi tanggal kaping 24 Januari taun 1855 Angka 572.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit miyos, sareng kalih maringi jampi kulera dhateng Kapala Kampung, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kalih Kangjeng Tuwan Residen Baron De Hir, marengi ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 6 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 Januari taun 1855 Angka 573.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Ngalaji Paresidenan, sareng kalih nampeni serat pinto koran jawi sangking Tuwan Prom, amarengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 9 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 Januari taun 1855 Angka 573.
Punika pemut kala wiwit lelang barang ing Paresidenan kagunganipun Kangjeng Tuwan Residen Hasselman, sareng kallih tetepipun raden Lurah Jayalelana sakpanunggilanipun sarta klorotipun Raden Lurah Mangkuwijaya, kalih Bekel Dipaatmaja, sareng malih wedalipun Onder Ajidan Padmadimeja dados Sarsan Mayor, kalih Ngabehi Bahunangun, saha sareng ndhawahaken [ 96 ]abdi Dalem ing nglebet boten kalilan tetepangan kaliyan Riya Sumadiningrat kaki Patra, putra Suryaningalagan, sontenipun Tuwan Asisten Sutelip, lumebet ing Kadhaton ngaturi pista dhateng Kamar Bolah, marengi ing dinten Senen Wage tanggal 10 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 29 Januari taun 1855 Angka 573.
Punika Pemut kala ringgitan Menak, wonten ing Gedhong Purwaretna, sareng kalih' mbibaraken Senen Wage, marengi ing malem Senen Wage tanggal kaping 10 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 29 Januari taun 1855 Angka 573.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan Nglaji Paresidenan, mawi ngampil wangkingan satunggil, badhe katur Kangjeng Raja Ingkang Maha Hagung ing Nederlan, dipun tampeni dhateng Kangjeng Tuwan Residen Hasselman, Kanjeng Sampeyan Dalam lajeng miyos mampir dhateng pagriyanipun Tuwan Enger, sawab putra Dalem sarta Klangenan Dalem sami wonten griyanipun Tuwan Enger, sareng kalih miwiti kagungan Dalem Serat Harjuna Sasraatmaja, mangsi praos, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 11 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kapig 30 Januari taun 1855 Angka 573.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Hasselman masrahaken penguwasa Nagari ing Ngayugyakarta, dhateng Kangjeng tuwan Residen Jong Hir Mister Welem Karel Emili De Hir, marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 13 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 Pebruwari taun 1855 Angka 573.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Eling Hessen nasar-nasar prakawis titihan, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 14 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 Pebruwari taun 1855 Angka 573.
Punika pemut kala pangalihipun dalem Bandara Mas Hajeng Pujaresmi, kalih Bandara Raden Pujamurti, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 16 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 4 Februwari taun 1855 Angka 573.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, nyaosaken sera buk candra panjenengan, katur Kangjeng Raja Ingkang Maha Agung ing Nederlan, ingkang nampeni Kangjeng Tuwan Residen Hasselman sareng inggahipun Mas Lurah Cakrawilaya ing jawi Panemu marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 17 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Pebruari taun 1855 Angka 573. [ 97 ]Punika pemut kala pista wonten ing Kadhaton, wilujengan slamet jalan Kangjeng Tuwan Residen Hasselman, marengi ing malem Salasa Pahing, Slasanipun enjing Kangjeng Tuwan Residen Hasselman lumebet ing Kadhaton, kalihyan ingkang garwa Nyonyah, sarta ingkang ibu marasepuh Nyonyah Parpe, saha ingkang putra sakaliyan, nyaosi slamet tinggal dhateng Kangjeng Sampeyan Dalem, lajeng sami muwun sanget-sanget sadaya, tanggal kaping 18 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 6 Pebruwari taun 1855 Angka 574.
Punika pemut kala konduripun Kangjeng Tuwan Residen Hasselman dhateng Nagari Walandi, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 19 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 7 Pebruwari taun 1855 Angka 574.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton kaliyan Tuwan Pan Den Bereh, bab prakawis siti ing Gegerbajing ampas Nataprajan, sampun angsal serat kekancingan sangking Kangjeng Gupernemen, yen dipun paringaken ing Kangjeng Sampeyan Dalam, marengi ing dinten Saptu Legi tanggal kaping 22 wulan Jumadilawal taun 1783, utawi tanggal kaping 10 Pebruwari taun 1855 Angka 574.
Punika pemut kala inggahipun Onder ajidan tiga, Raden Onder Ajidan Sasrareja, Mas Onder Ajidan Nantang Cakra, Raden Onder Ajidan Sasrasudira, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 24 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 21 Pebruwari taun 1855 Angka 574.
Punika pemut kala ngecapi serat kontrak siti ing Kalibawang sak anteronipun, siti 120 jung utawi 500 karya, ampas ing Nataprajan, sareng maringaken titihan Kyahi Bratayuda dhateng Tuwan Pan Den Bereh, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 25 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 13 Pebruwari taun 1855 Angka 574.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Hasselman sakgarwa putranipun sadaya, sangking Tempel mampir dhateng HALAMAN KURANG!
Punika pemut kala ngajalipun Bekel Pakujayaliman pejah marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 8 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 Pebruwari taun 1855 Angka 575.
Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja sowan lumebet, nyowanaken Raden Hayu Hadipati Natapraja kalih Pangeran Hariyal [ 98 ]Ngabdulkamal, sak Bupati-Bupati ingkang sami Nataprajan, saha Demang Rangga ing Gegerbajing sadaya, sareng tetepipun kabayan patehan pun Panca Palencut, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 9 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 Pebruwari taun 1855 Angka 575.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, bab serat almanak Jawi ingkang sangking Tuwan Artipel ing Surakarta, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 11 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 Pebruwari taun 1855 Angka 575. Punika pemut kala mireng kabar Kangjeng Pangeran Hariya Dipanagara ingkang wonten Makasar seda, marengi ing dinten Kemis Kliwon, sedanipun marengi ing dinten Senen Pon wulan Rabingulakir tanggal kaping 18, tanggal kaping 21 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 Maret taun 1855 Angka 575.
Punika pemut kala Tuwan Dokter sakaliyan lumebet ing Kadhaton, lajeng Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton kalih Tuwan Asisten sarta ingkang putra kalih, sareng prampunganipun Tuwan Reting, marengi ing dinteng Jumungah Legi, sareng angkatipun dhaten Surakarta Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, kalih Kangjeng Pangeran Hariya Yudanagara, tuwi nggenipun ngramakaken Raden Hajeng Perkis, dhaup Raden Mas Mayor Hariya Jayengtilam, putra Kusumayudan, ijabipun ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 13 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 Maret taun 1855 Angka 575.
Punika pemut kala Tuwan Dokter Kokkem lumebet ing Kadhaton, lajeng Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen kaliyan Klangenan Dalem Kangjeng Bandara Raden Hayu, sarta putra Dalem, marengi ing dinten Saptu Pahing tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 3 Maret taun 1855 Angka 576.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, nrima kasih bab siti Kalibawang, sarta wonten prayayi nasar, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 15 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 4 Maret taun 1855 Angka 576.
Punika pemut kala ngalihipun nama Pangeran Mayor Hariya Natapraja, kalih Raden Tumenggung Hanggawangsa, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 16 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Maret taun 1855 Angka 576.
[ 99 ]Punika pemut kala ijabipun Raden Wadana Sasrakusuma, dhaup Raden Hajeng Sri Sajarahbanun, putra tetilaripun suwargi Kangjeng Panembahan Hamangkurat, marengi ing dinten Slasa Kliwon, lenggahipun wolung dalu sadinTen, malem Senen Wage abdi Dalem Jajar Punakawan, malem Slasa Kliwon para Bandara-Bandara Pangeran sadaya, sarta Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja, malem Rebo Legi para Bandara-Bandara Pangeran 11 kalih abdi Dalem prayayi WadanaPunakawan mawi kasukan nayub, malem Kemis Pahing abdi Dalam prayayi Lurah Punakawan mawi kasukan nayub, malem Jumungah Pon abdi Dalem darah Panji Tumpukan, malem Saptu Wage abdi Dalem Onder Ajidan Punawakan, mawi ringgitan wacucal, malem Ngahad Kliwon abdi Dalem Bekel Punawakan, ing dinten Ngahad Kliwon Kangjeng Tuwan Residen sarta Tuwan-Tuwan, Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam, malem Senen Legi abdi Dalem Kaji-Kaji Punawakan, mawi slawatan Maulud, dinten Senen Legi bubaran, tanggal kaping 17 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 6 Maret taun 1855 Angka 576.
Punika pemut kala Tuwan Prom toko lumebet ing Kadhaton, bab cindhe badhe kengkenan dhateng Singgapura, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 19 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 8 Maret taun 1855 Angka 576.
Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja sowan dhateng Kadhaton kalih Raden Tumenggung Jayaningrat tiga Raden Tumenggung Natawijaya, sami ngabekti, sontenipun Pangeran Litnan Kolonel Harya Nataningprang, sowan ngirid ingkang putra Raden Mas Pirngadi badhe dipun supitaken, marengi ing dinten Saptu Wage, tanggal kaping 21 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 Maret taun 1855 Angka 576.
Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja mangkat nglampahi ayahan Dalem, dhateng Kalibawang, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 23 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 Maret taun 1855 Angka 576.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, tuwi ing Kangjeng Sampeyan Dalem, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 25 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 14 Maret taun 1855 Angka 576.
99
Umyunwadikin badhe panganten, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 16 Maret taun 1855 Angka 577.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Eling Fressen lumebet ing Kadhaton, sak Nyonyahipun, marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 29 wulan Jumadilakir taun 1783, utawi tanggal kaping 18 Maret taun 1855 Angka 577.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyen Dalem miyos dhateng Paku Alaman, nanging namung sakedhap, tuwi nggenipun supit wayahipun Raden Mas Pimgadi, sarang inggahipun Bekel Kaji sakpanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 1 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 19 Maret taun 1855 Angka 577.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyen Dalem maringi pasumbang dhateng Paku Alaman, warni sinjang polos, 1, cindhe liman 1, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 2 wulan Rejeb taun Dal 1783, utawi tanggal kaping utawi tanggal kaping 30 Maret taun 1855 Angka 577.
Punika pemut kala main kumidi ingkang ningali Raden Wadana Sasrawijaya, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing tampi serat sangking Tuwan Drissen lepat, kalih wonten abdi Dalem encik, wasta Encik Kumetir nyaosi serat piyambak, ngaken dipun utus, ingkang wayah Kangjeng Sunan Lepenjaga ingkang wonten Kadilangu, tanggal kaping 3 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 21 Maret taun 1855 Angka 577.
Punika pemut kala dhatengipun Rahaden Hadipati Danureja sangking Gegerbajing, marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 5 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 23 Maret taun 1855 Angka 577.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, bab Kasuran Lowah Tengah, marengi ing dinten Saptu Pon tanggal kaping 6 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 24 Maret taun 1855 Angka 577.
Punika pemut kala miwiti serat balungan ringgit cara Lumajar aksara Walandi, marengi ing dinten Senen Kaliwon, tanggal kaping 8 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 Maret taun 1855 Angka 577.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Hangabehi ing Surakarta dhateng ing Nagari Ngayugya kaping 13, marengi ing dinten Slasa Legi tanggal kaping 9 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 27 Maret taun 1855 Angka 577.
100
Punika pemut kala wiwit nampeni serat koran Jawi nama Bramartani sangking Tuwan Artipel ing Surakarta sakpanginggilipun, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen kalih Tuwan Asisten lumebet ing Kadhaton, tuwi Kangjeng Sampeyan Dalem, marengi ing dinten Saptu Kliwon, sareng kalih ngajalipun Raden Panji Mangkudiwirya, tanggal kaping 13 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 30 Maret taun 1855 Angka 578.
Punika pemut kala nampeni pakepel sangking Mangkubumen sareng Kangjeng Sampeyan Dalem saben enjing kungkumtoya wedang, marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 14 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 April taun 1855 Angka 578.
Punika pemut kala maringaken serat koran Bramartani dhateng ing Gedhong Srangbaya, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 15 wulan Rejeb taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 April taun 1855 Angka 578.
Punika pemut kala tamanten ing Mangkubumen, Raden Hajeng Umyunadikin dipun saosake lumebet, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 16 wulan Rejep ing taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 3 April taun 1855 Angka 578.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, bab munduripun pista ing Mangkubumen, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 17 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 4 April taun 1855 Angka 578.
Punika pemut kala samuan besan marengi ing malem Kamis Kaliwon, Kemisipun enjing Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja sowan, bab sangking Kalibawang, sareng kalih pangangge ringgit, kaparingaken bagean para Pangeran, ingkang tugur, sareng Ratu Bandara marak, tanggal kaping 19 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 April taun 1855 Angka 578.
Punika pemut kala ing Mangkubumen resah-resah wonten tiyang suduk sarira, margi wangkinganipun Mangkubumen ical, Kyahi Pacar marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 19 wulan Rejeb taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 April taun 1855 Angka 578.
101
Punika pemut kala ngiyasakaken januran renda abdi Dalem ringgit, marengi ing dinten Saptu Pahing tanggal kaping 21 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 7 April taun 1855 Angka 578.
Punika pemut kala pocotipun Wiryawacana Jajar kursi marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 22 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal 9 April taun 1855 Angka 578.
Punika pemut kala sedanipun Raden Riya Darmakusuma marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 22 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 April taun 1855 Angka 579.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit ngarsakaken siram wonten ing ngetong, sareng kaliyan yasa januran kartep sayet, badhe paringan, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 23 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 11 April taun 1855 Angka 579.
Punika pemut kala pista hageng ing Mangkubumen mawi dhangsah, marengi ing malem Rebo Legi tanggal kaping 24 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 April taun 1855 Angka 579. Punika pemut kala wiyosanipun taunan putra Dalem Kangjeng Bandara Raden Hajeng Gusti Putri Sukapjinah Retna Jaerah, marengi malem Kemis Pahing tanggal kaping 25 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 13 April taun 1855 Angka 579.
Punika pemut kala nglujengi pitunipun garwa Dalem Kangjeng Ratu mawi kandhuren, marengi ing dinten Saptu Wage tanggal kaping 27 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 14 April taun 1855 Angka 579.
Punika pemut kala pistan hageng ing Yudanagaran, marengi ing malem Ngahad Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 15 April taun 1855 Angka 579.
Punika pemut kala dadosipun Panewu Kamisepuh ing Pangasih Raden Natapura Marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 29 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 16 April taun 1855 Angka 579.
102
Punika pemut kala wiyosipun wilujengan Dalem, bab sangking wiyosan dalem Pawukon, sareng kalih Kangjeng rahaden Hadipati Danureja sowan tuwi, lajeng nyaosi jampi marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 3 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 20 April taun 1855 Angka 580.
Punika pemut kala nakalipun Pangeran Mayor Hariya Natapraja, kalih Raden Riya Natanagara, marengi ing dinten Saptu Legi tanggal kaping 4 wulan Sakban taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 21 April taun 1855 Angka 580.
Punika pemut kala ijabipun Raden Wadana Sasrawijaya dhaup kaliyan Raden Hayu Atmawinata, putra Wiryadiningratan sareng kaliyan Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, Kangjeng Pangeran Hariya Suryanagara, Kangjeng Pangeran Hariya Yudanagara, Raden Tumenggung Martanagara, sowan tuwi, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 6 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 23 April taun 1855 Angka 580.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kalih tuwan Asisten, prakawis benjing yen wilujeng babaripun garwa Dalem Kangjeng Ratu, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 7 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 24 April taun 1855 Angka 580.
Punika pemut kala megeng putra Dalem Kangjeng Bandara Raden Hajeng Gusti Sukapti, sareng kalih nampeni sabin sangking maosan, 5 jung, Sendhen Krakitan 1 jung, Karangmacanan 1 jung, Kaliduren 2 jung, Sarayu 1 jung, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 8 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 April taun 1855 Angka 580.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Helmris nyaosi kasuran risban, marengi ing dinten Saptu Pon, tanggal kaping 11 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 April taun 1855 Angka 580.
Punika pemut kala Tuwan Asisten lumebet ing Kadhaton sareng kalih nampeni sabin saking maosan 2,5 jung, ing Ngiyapah 1 jung, Kasuran 1 jung, Kaliasin 1 jung, Dhukuh Samarangan 0,5 jung, gunggung jangkep 3,5 jung marengi ing dinten Ngahad Wage tanggal kaping 12 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 29 April taun 1855 Angka 580. [ 104 ]Punika pemut kala tetep Raden Tumenggung Tirtanagara dados Bupati Wadana Jastrik ing Kalibawang Pulisi lebet marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 13 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 30 April taun 1855 Angka 580.
Punika pemut kala nampeni sabin sangking siti pamaosan ing Jarakan 1 jung, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 15 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala ngajalipun Raden Tumenggung Purbawinata marengi ing malem Kemis Pon, tanggal kaping 16 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 3 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala ijabipun putra Ratu Haneman dhaup putra Pugeran, marengi ing dinten Saptu Kliwon, sareng kalih Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, dipun utus ing Kangjeng Tuwan Residen Bab kontrak daweg wulan Desember taun 1811, tanggal kaping 18 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Mei 1855 Angka 581.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton mbekta serat kontrak, sarta ngrembeg lumebetipun serat sangking Surakarta, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 21 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 8 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala Tuwan Dokter nyaosi jampi kendeling bobotan, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 22 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 9 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala sidhekah wilujengan minda gibas, marengi ing dinten Kemis Kaliwon tanggal kaping 23 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala wiwit sidhekah, wali kutup Tuwan Kaji Wadana Mukhamad Maklum, pitung dalu marengi ing malem Jumungah Legi tanggal kaping 24 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 11 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem yasa pasarean risban wonten ngemper, marengi ing malem Saptu Pahing sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kalih Tuwan Asisten namung tuwi, tanggal kaping 25 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 Mei taun 1855 Angka 581. [ 105 ]Punika pemut kala ngintunaken serat kontrak dhateng Residenan, prajanji Kangjeng Raja, sareng kalih sumuwan gladhi resik, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 26 wulan Sakban taun 1783, utawi tanggal kaping 13 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala nyupena jejampi aksara nguhin, sareng kalih tetepipun Tuwan Kaji Mangun Ngabdulsalam, Bekel Somasantika, Raden Puspaka,utawi pocotipun pun Partapangarsa, sontenipun Tuwan Asisten lumebet ing Kadhaton, ngrembag gandhek Surakarta sabab Tuwan Pan Den Bereh sakit dhawah sangking bendi marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 27 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 14 Mei taun 1855 Angka 582.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngarsakaken yasa bujengan wana Kuningan alit-alit, kalih sareng malangikere ing Gedhong Purwareja, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 28 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 15 Mei taun 1855 Angka 582.
Punika pemut kala lebetipun serat nuwela wewangsul saking Surakarta, kalih pasumbang, bab pitunipun anggenipun bobot garwa Dalem Kangjeng Ratu, dipun panggihi wonten ing Gedhong Purwaretna, sabab Kangjeng Sampeyan Dalem taksih gerah, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 29 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 16 Mei taun 1855 Angka 582.
Punika pemut kala sami-nampeni pirsalin abdi Dalem priyayi Wadana, dumugi prayayi Lurah rasukan montering pranakan, marengi ing dinten ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 30 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 17 Mei taun 1855 Angka 582.
Punika pemut kala nampeni sabin saking pamaosan 4,5 jung, Sakarageng 1 jung, Sadranajayan 1 jung, Ngenthak 1 jung, Sambeng 1 jung, Klebakan 0,5 jung, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 7 wulan Ramelan ing taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 24 Mei taun 1855 Angka 582.
Punika pemut kala dhahar bukan 1 sareng kalih mireng kabar yen ing Paku Alaman nanggap sulapan, marengi ing malem Jumungah Kliwon, Jumungah enjing Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, bab Kangjeng Sampeyan Dalem, dipun wastani badhe nanggap sulapan, nanging boten, tanggal kaping 8 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 Mei taun 1855 Angka 582. [ 106 ]Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton kalih Tuwan Asisten, lajeng ngintuni dhahar kalbu sareng kalih sedanipun Nyahi Riya Secanagara marengi ing dinten Saptu Legi tanggal kaping 9 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 Mei taun 1855 Angka 582.
Punika pemut kala dhahar bukan 2 marengi ing malem Senen Pon, Senenipun enjing amranata inggahipun alulwarisipun darah Panji Tumpukan, tanggal kaping 11 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 Mei taun 1855 Angka 583.
Punika pemut kala Raden Hayu Yudasantika, kalih Mas Hayu Aci, panen dhateng Pelemsewu, amarengi ing dinte Slasa Wage, tanggal kaping 12 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 29 Mei taun 1855 Angka 583.
Punika pemut kala kabayan pun Partasantana dipun pocot mendhet kagungan Dalem keser, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 13 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 30 Mei taun 1855 Angka 583.
Punika pemut kala dhahar bukan kaping 3 marengi ing malem Kemis Legi, Kemisipun enjing nampeni Raden Tumenggung Tirtanagara, sakrehipun dhusun ing Kalibawang karya 500, sareng kalih ndhawahaken maleman abdi Dalem nglebet, tanggal kaping 14 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal 31 Mei taun 1855 Angka 583.
Wiyosan Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun kaping 5 dinten Slasa Legi tanggal kaping 8 wulan Rabingulakir taun Alip 1747 kurup taksih Kamsiyah.