Menyang kontèn

Susuhunan Paku Buwono IV

Saka Wikisumber
[ Cover ]
Susuhunan

Paku Buwono IV

[ Title ]
SUSUHUNAN
PAKU BUWONO IV
[ Img ]






Brotodiningrat
[ Atur Pambuka ]
ATUR PAMBUKA.

Buku punika kula damel kagem mengeti adekipun pakempalan Darahdalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping IV.
Mendhet saking serat-serat ingkang wonten pengetanipun punapa dongengipun Sampeyandalem P.B.IV.
Timur dumugi surud.
Kawontenanipun nalika jumenengdalem Nata ing Surakarta Hadiningrat.

KASERAT.

Surakarta 17 - 8 - 1980


KUSDINAH BROTODININGRAT.

[ 1 ]
1


Gantos kacarita.
Sekar MIJIL.

Adhuh Gusti , kang hambeg mangerti.
Mupus ing tyas ing ngong.
Baya wus ginaris pepesthene.
Takdir Hing Hyang tan kena wah gingsir.
Raganingsun darmi.
Sumarah sakayun.

Byar kawuryan, soroting Hyang Rawi.
Bangun wus tumrontong.
Katon wenes sumunu sunaré.
Sumirat bang, bang wetan kaeksie.
Sunar kang martani,

Segering tumuwuh.
[ 2 ]
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM BADHE DI PUN PIKRAMAK AKEN.

Kacarios:
Carita punika dongeng, mboten badhé telas manawi jagad raya tasih gumelar. Para putra sarta piyantun sepuh, ugi remen sanget maos punapadipun dongengaken lelampahan ingkang sampun kadadosan ing jaman kina. Kados ta Pangeran Pati Panji ASMARA BANGUN, kaliyan Dewi CANDRA KIRANA. Rak mboten telas ta? Seprika lan sapriki, gantos generasi tasih anget dongeng Panji. Kados pisang goreng medal saking wajan kang dipun en tosi rubung para tumbas.
Manawi punika sanes carita Sang Panji Asmara Bangun. Namung Sang Narindra Putra ing Nagari Surakarta Hadiningrat.
Kabut peteng wus sumilak. Sang Hyang Surya mesem aneng wétan. Arsa majari jro Kadhaton ing Surakarta Nagari. Taru taru katara inggare. Sru kapiyarsa ocehe Srigunting. Swarane mranani, tumancep ing kalbu. Tanpa cingkok lagu sarta gendhing, nanging yèn rinaos, nganyut-anyut angeres tancepé. seru rarasing lagon sakalir. Wiledaning suling tan mantra sumundhul.
Kocap kacarita, hing riku jumeneng Narindra Hingkang Sinuhun Paku Buwana Kaping III. Ing kang samanten hanggarwa Putri Madura, atmaja nipun Panembahan Çakraningrat kaping V, (seda Mukti). Hananging mboten lestantun. Rehningpanjenengandalem tasih kepengin nglajengaken sesambetan kaliyan darah MADURA, awit saking punika kepareng dalem Putradalem ing Kadipa ten badhe dipun pikramak aken kaliyan atmajani pun Raden Adipati COKRO DININGRAT, ing Pamekasan Madura.

Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping III, mundhut pasuwitanipun putri saking Pamekasan, asma Raden Ajeng HANDAYA, wonten ing Kadhaton. [ 3 ]
3

Putri kala wau dipun paringi piwulang tata-krama adat Karaton. Sawatawis wekdal solah bawani pun sampun katingal prigel kados putri Ka raton Surakarta. Hing satunggiling dinten HingKang Sinuhun Paku Buwana III, animbali Putra ing Kadipaten tuwin R.Aj. Handaya. Sareng sampun sami marak ing ngarsadalem. Wonten wiesing timbalandalem dhumateng putra Kadipaten. Kulup Pangeran Adipati Anom, sarèh laras pangandika Ramadalem Sang Prabu. Rèhning sira wis dewasa, Rama kepengin mikramakake Putraku kalawan R.Aj. Handaya, atmajané Raden Adipati Cokrodiningrat ing Pamekasan Madura. Ya sing marak ana ngarsaku iki. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kagèt ndeagèngèk, amirsani putri ingkang wonten ngarsa ing Kang Rama.

Unjukipun Ri Sang Narpadmaja: Lirih pangandisanipun. Nyuwun deduka Rama, dalem mboten saget ngistokaken dhawuh dalem. Awit R.Aj. Handaya punika kuciwa ing warni. Kulitanipun ceneng, sarta suwan tenipun ageng kados tiyang jaler.

Dhawuh pangandika dalem, Putradalem kadhawuhan manggalih rumiyin salebetipun seminggu, sampun ngantos kasesa nampik rumiyin. Sasampuni- pun kalimbang kanthi weninging panggalih. Lajeng kadhawuhan ngunjuk aken wangsulan ing igarsadalem. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom saha R. Aj. Handaya sami kalilan medal saking pasilan.

Kados punapa menggah raosing manahipun R.Aj. Handaya, ajur mumur tanpa ana pangarep-arepé.Sampun dumugi ing Karaton Surakarta, wasana tinampik.

Sekar MIJIL.

Yèn tumanduk ing cipta kang lagi. Ginawé lelakon.

Lir panglipur, amrih ta wakalé. [ 4 ]
4

Ywa kadawan drawasaning budi.
Den sabar nampèni, cobaning Hwang Agung

Yèn wujuta panggran te sing pikir.
Lir gulung nggalolo.
Ngangsek angsek asesek napasé.
Bebasané mati ngadeg saking, Sekuning tyas déning. mbarebel metu luh.
 
Ywa sungkawa karawang miarsi.
Sasmita jro batos.
Lir ginugah ageng panglangsané
Enget maring lelakoning dhiri.
Dinadar mring Widhi, darmaning tumuwuh.

Punika ingkang Sinuhun sakalangkung singkel panggalihé, Hangraosaké putradalem ing Kadipaten, hanggéné mboten mituhu ing Rama dalem. Wiwit titimangsa wau Hingkang Sinuhun nindaka ken salat kajat. Muja samèdi saben dalu nyuwun wilasanipun Hingkang Murbèng Dumadi. Sageta kasembadan karsadalem badhé mikramakaken Putradalem ing Kadipaten, dhaup kaliyan R.Aj. HANDAYA.

Saking sruning panengku ing satunggiling dalu anyarengi Hingkang Sinuhun nindakaken salad kajat, karawuhan Hyang Bathari DURGA. Matur ing ngarsadalem, punapa menggah wigatosipun. Karsa déning kepati anggenipun man engku puja brata. Hingkang Sinuhun lajeng hangaturi wangsulan: Bilih karsadalem badhé mikramakaken Putra ing Kadipaten kaliyan R. AJ HANDAYA. Sageta kalaksanan. Awit Sang Putra puguh mboten kersa hangistokaken karsaning Rama.
Aturipun Sang Hyang Bathari DURGA bab angelukaken Putradalem ing Kadipaten, Punika wonten sarananipun. Inggih punika R. AJ. HANDAYA kedah dipun wiradati. Wondéné wiradatipun:

Hing wanci bangun injing sadèrèngipun Bagaskara [ 5 ]
5

tunggang hancala (plèthèking srengéngé) R.Aj.HANDAYA dipun adusi mawi toya sekar manca warna, winadhahaken ing bokor kencana. Anggenipun ngadusi mawi ngocapaken mantra, nyuwun salin warni, kados citranipun Hyang Bathari UMA Hingkang ngadusi kapilihna Nyai Mas Tumenggung ingkang betah lapa, sarta ingkang sampun radi kaduk ing yuswa. Mangké tamtu wonten wilasanipun Hyang jagadpratingkah maringi santun warni tuwin suwanten dhumateng R.Aj. HANDAYA.
Hinggaling carita:
Haturi pun Hyang Bathari Durga sampun dipun istokaken déning Hingkang Sinuhun.
Injingipun R. Aj. HANDAYA dipun sirami mawi secar setaman, dening Nyai Mas Tumenggung. R.Aj. Handaya lajeng santun warni, sakalang tung sulistya, suwantenipun inggih lajeng limrah kados salimrahipun wanita. Sasampunipun paripurna anggenipun dandos lajeng kasowanaken marak ing ngarsadalem Hingkang Sinuhun. Handadosaken renaning panggalihdalem. Saknalika wau, Hingkang Sinuhun utusan nimbali Putradalem ing Kadipaten. K.G. P. Adipati Anom lajeng sowan ing ngarsadalem. Hingkang Sinuhun lajeng handangu, dhumateng Putra ing Kadipaten.
Kulup Pangeran Adipati Anom, apa wis bisa kacemu weninging pikirmu?
Unjukipun Ri Sang Narpadmaja. Kanjeng Rama, adalem mopo mboten sandika manawi kadhahupaken taliyan R. Aj. Handaya. Dhawuh pangandikadalem Hiya sapa, putri ngendi kang kok pilih Kulup? Matura kang prasaja. Mengko Rama kang bakal angrampungi. Unjukipun Ri Sang Narpadmaja, mawi wonten keparengdalem, ingkang adalem pilih putri ingkang marak wonten ing ngarsadalem punika. Dhawuh pangandikadalem: Iya prayoga tainen dhéwé. Kanjeng Gusti handangu dhumateng Sang Ratna malih warni. [ 6 ]BOCAH AYU, apa kowé kaduga hanglakoni bakal dak pundhut garwa? Aturipun Sang Retna Malih Warni Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, punapa mboten kaduwung mundhut garwa kawula?
Ri Sang Narpadmaja ndangu: Bocah ayu kowé sejatiné putrane sapa?
Aturipun Sang Retna Malih Warni; Kawula pun HANDAYA, sutanipun Adipati Cakradiningrat ing Madura. Matur makaten kaliyan lèngsèr saking ngar sadalem Hingkang Sinuhun. Medal gegan angan dateng plataran. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom nguningani kusahipun R.AJ. Handaya wau, lajeng trengginas anututi. Ramé denya bujung binujung. Satemah R.AJ. Handaya saged kasikep déning Kanjeng Gusti. Lajeng kaboyong, kasowanaken ngarsa dalem Hingkang Rama Dawuh pangandika dalem; Pangeran Adipati Anom, teka teka karo mbopong putri, sing tok bopong kuwi sapa?
Unjukipun Ri Sang Narpadmaja: Nuwuninggsih Kanjeng Rama, dalem nyuwun pangapunten, adalem ngantos nilar ing tatakrama. Sampun tinakdir bilih R.AJ.Handaya punika jodhonipun dalem. Reroncèning carios mboten kahaturaken ing riki. Inggalipun, mboten dangu kaliyan kadadosan ing ngajeng. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegara kaping II, sampun kalampahan krama angsal R.AJ.HANDAYA.
Mboten dangu kaliyan titimangsa anggènipun pala krama Bandara Raden Ayu Adipati Anom sampunkatingal hanggarbini. Dupi sampun jangkep 9 candra,kantun ngentosi wahyaning mangsa pambaring putra.

B.R.AY. Adipati Anom mbabar putra miyos kakung. Miyosipun Gusti Timur andadosaken suka renaning panggalihipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, sakaliyan garwa. sumawana Hingkang Sinuhun P.B.III. [ 7 ]
7

Mijil WIGARINGTYAS

Ni Mas ayu kusumaning adi.
Déwaning paturon.
Hangrerepa katur panabdané.
Dhuh mirah ingsun kang pindho Ratih.
Baya sira yayi, jimating tilam rum.

Kadyangganing mintuna lan mimi.
Tansah hakaroron.
Datan pisah saparan parané.
Reruntungan haliling limiling.
Ya ta kang winarni, sagung para sepuh.

Sareng dhumawahing sepeken an, Gusti Timur kapatedhan asma saha sesebutan BANDARA RADEN MAS GUSTI SUGANDI. Wiwit miosipun Gusti Ti mur Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kawistara saya kasok katrisnan dalem dhumateng garwa sumawana putradalem. Pramila nama mboten anèh bilih ing kadipatèn asring dipun wontenaken lelangen among suka, kadhawuhaken ing saben wiyosandalem, wiosanipun garwa tuwin putra. Hingkang makaten wau handadosaken bingahing para kawuladalem, awit kathah ingkang sami tampi kekucah dalem.
Kados sampun dados kodrating papesthèn, bilih kabingahan punika tetimbanganipun, kasisahan. Makaten ugi tumrap sariradalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, ingkang saweg nedheng nedhengipun kasok katrisnan dalem dhumateng garwa saha putra.

Anuju satunggiling wekdal garwadalem kataman gerah sariranipun, ngantos ambadal ing husada. Hingkang satemah anjal ari sédanipun. Sapinten menggah sungkawaning panggalihdalem Kanjeng Gusti, mboten saged kacandra. Sasampunipun paripurna pangruktining layon, lajeng kasarèkaken ing Astana Luhur Lawiyan solo. [ 8 ]
8

Kaprenah sak kilèn pangimanan Masjid Lawiyan, Perlunipun Kanjeng Gusti saged asring nuwèni Pasaréanipun garwadalem. Labet teksih kandel sih katrisnandalem dhumateng garwadalem wau, Sungkawaning panggalihdalem Kanjeng Gusti hangantos sawatawis candra mboten saged lipur. Awit kajawi kapedhotan katrisnan, ugi mangga lihaken putradalem. Ingkang nembé yuswa kirang langkung 1½ warsa.
Panandhang punika manawi tansah dipun raos raosaken tangèh sage tipun angsal panglipur. Milangantos kalebet ing bebasan:
RINAGAS SAYA KARASA, GINAGAS SAYA ANGRANUHI.
Makaten ugi tumrap sarirani pun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom. Nanging sareng tetéla mboten wonten wohing panglipur, pepuntoning panggalihdalem lajeng pinupus dhateng papesthening lelampahan. Jer manusa namung sadarmi anglampahi. Lelampahan punika manawi dèrèng dumugi pandoming kanugrahan, tansah kemawon reribet ingkang handhatengi. Bebasan gilir gumanti. Mapan inggih makaten ing alam donya.

Kanjeng Gusti ingkang sampun saged hanglipur sawatawis, kataman sungkawa malih Inggih punika tinilar Ramadalem. Murud dhumateng don kasédan jati. [ 9 ]
9
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM HAMENGKUNEGORO SUDIBYA RAJA PUTRA NARINDRA MATARAM INGKANG KAPING II.

Sasampunipun 3 dinten saking suruddalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.III, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kajumenengaken NARINDRA sumilih kapraboning Rama Nata.
Ajejuluk:
SAMPEYANDALEM HINGKANG SINUHUN PAKU BUWANA SENAPATI ING NGALAGA ABDULRACHMAN SAYIDIN PANATA GAMA KALIFATULAH INGKANG KAPING IV ING NAGARI SURAKARTA HADININGRAT.

Jumeneng Nata amarengi ing dinten Senen Paing tanggal kaping 28 Wulan Besar tahun Jimakir 1714. SINENGKALAN: DADI RAJA SABDANING RAMA. Utawi kaping 29 September 1788. Sinengka lan: BRAHMANA HASTA AMULANG RAJA, wuku KÜLAWU widu HADI.

Nalika semanten yuswadalem saweg 20 warsa langkung 7 candra.

Watawis 3 warsa saking jumenengdalem Nata awit saking keparenging karsadalem badhe anambut silaning akrami. Ingkang kakersakaken badhe kapundhut prameswaridalem punika ingkang rayi B.R.AY. Adipati Anom ingkang sampun sawarga asma B.Rj. SUKAPTINAH. Sami atmajani pun Kanjeng Raden Adipati Cokrodiningrat. Bupati ing Pamekasan Madura. Dados nama ngarangulu.

Kramadalem amarengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 16 wulan Besar tahun Jimawal 1717 Sinengkalan : PANDHITA LUWIH KALOKENG RAT Utawi kaping 17 Agustus 1791 Sinengkalan: JANMA SANGA AN ABDA TUNGGAL. Wuku Kulawu Windu Kuntara.

Mawi pamiwahan ageng-agengan pakajangan ngantos 40 din ten. Salajengipun Prameswaridalem kapatedhan asma G.K.Ratu KENCANA. WUNGU. [ 10 ]
10
B.R.M. GUSTI SUGANDI KAJUMENENGAKEN PANGERAN ADIPATI ANOM HAMENGKUNEGORO SUDIBYA RAJAPUTRA NARINDRA MATARAM KAPING III ING SURAKARTA HADININGRAT.

Sasampunipun sawarsa kaliyan titimangsa kramadalem wau R.R.M. Gusti SUGANDI sanadyan saweg yuswa 7 warsa langkung 8 wulan, sinengkak aken ing aluhur, winisudha jumeneng Pangeran Adipati Anom, kapatedhan sesebutan: KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM HAMENGKUNEGORO SUDIBYA RAJAPUTRA NARINDRA MATARAM KAPING III. Amarengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 24 Wulan Besar Warsa Jé 1718 Sinengkalan : NAGA RAJA TINITIHAN JANMA. Utawi kaping 13 Agustus 1792. Sinengkalan: NEMBAH DEWA KASWARENG JAGAD Wuku Mandhangkungan Windu Kuntara.
Manawi wonten pasamuan ageng lenggahipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom hanyepuhi lenggahipun K.G.P.A. A. Mangkunegoro II.
Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. saya kasok sih katrisnan dalem dhumateng putradalem Kadipaten. Bebasan tansah kinathik ing ngarsaning Rama Nata rinten dinten. Sabibaripun supit, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom tansah wineleg ing salwiring kawignyan sarta kagunan punapa déning aji jaya kawijayan. tuwin guna kasantikan lan sapanunggilanipun. Para abdidalem hingkang langkung kasagetanipun tuwin kagunan sami kadhawuhan amulang wuruk dhumateng Kanjeng Gusti. Babagan Kasusastran Karawitan Begsan Katuranggan Kaprajuritan Kawruh paniti praja lan sasaminipun. Hingkang Sinuhun piyambak ugi mboten kendhat anggenipun paring piwulang dhumateng putra ing Kadipaten. Supados ing tembénipun saged ane tepi kuwajibaning Narindra. Kabekta Kanjeng Gusti tansah - wineleg ing piwulang sarta kawruh-kawruh punapa déné kagunan lahir miwah batos, pramila kathab tetilaranipun ingkang minangka pracihna, bilih

sariradalem linangkung sayektos. [ 11 ]

UTAMA hamengku praja tuwin kawula, jer tata tentreming kawula punapa dene karta raharjaning nagari, punika namung gumantung saking daya prabawaming kang jumeneng Narindra.

Punika piwulangipun Hingkang Sinuhun P.B.IV. Dhumateng Putra Kadipaten.

Kulup Pangeran Adipati Anom:

Hing tembe sira bakal jumeneng Narindra. Hamenghu praja lan kawula. Hanggenteni kaprabon ingsun, sarta wewakiling Hyang Agung. Rumeksa marang tata tentreming kawula sarta raharjaning negara. Marmane sira becik anula dho PAMBEGANE PARA RATU KUNA*KUNA, KANG WUS KAWENTAR KAUTAMANE. YAIKU HANGGAWA HAMBEG 4 PRAKARA.

  1. TANUHITA: Tegese kang bisa anenarik marang ketentremaning ati.
  2. DARMAHITA: Yaiku pangreh ira marang parasan tana abdi sarta kawulanira kang kalayan merakati. Supaya ne para santana abdi sarta ka wulanira padha sumuyut tuwin sumusub dhatan pa sangsaya. Tumraping para wadyarira den bisa nganggo hambeg,
  3. SAMAHITA: Tegese olah tata krama, hanglung guhi traping pepangkate dhewe-dhewe. Amarga manawa rineksa pra natane, kabeh mau minangka dadi tatali amrih widadaning praja. Supayane bisa padha lebda marang kridhaning kaprajuritan.
  4. SARAHITA: Tegese sengsem ulah lelungit mi wah wajib amengeti bratane Nata Binathara SRI KRESNA DWIPAYANA ing YAWASTINA. LABETE NATA PHINAN DITA PRABAWANE.
Amartani ayemsakisining Buwana, sumusupe ngemu asih. Dene singdditindakake SAMA BEDHA DANA DHENDHA. [ 12 ]
12

TEGESE kang sinebut SAMA:
Manawi asih haywa kawistara, ing lairé dipadha baé.
Déné kang sinebut BEDA, tumrap pamatahing karya haywa nganti wor suh. Kang agal miwah kang lus saringen haywa kongsi kléra kléru.
Trape kang sinebut DANA: Manawi angadili sakabėhé PRAKARA kudu dhatanpa pamrih.
Mungguh kang dèn arani DENDHA: Iku traping pami dosa. Tumindaké kudu anuhoni anggering praja. Haywa nganti pilih kasih. Sanadyan marang santa na, warga haywa mingset saka tete ping adil. Nanging sarèhning wewengkon praja Surakarta iku jembar tebané. Langka bisané anyumurupi ing sa wiji wiji. Marmané pangrungkepé SAMA BEDA. Manawa amrih hayuning praja haywa ngétung kadang warga. Kabèh baé rengkuhen padha. Déné bédané amung weruhana ala beciké pilahen lawan waspada. Kang ala yogya pinapasa kuwasané, amung pinrih beciké, Ewadené menawa meksa puguh, tumuli dohono; awit iku wisa kang anggawa rusak. Déné martaning negara sing sapa nedya rumeksa mamrih hayuning praja, kanthinen minangka réwang, supaya sira bisa anyumurupi saniskara gelaring wewengkonira. Kajaba anindakaké hambek 4 prakara kaya kang wus ingsun pangandikakaké mau kabèh. Kulup, isih akèh piwulang ingsun marang sira. Minangka gegaran kanggo jumeneng Narindra Tama. Rumeksa marang katentremaning nagara lan kawula.
MARMANE WIGATEKNA:

  1. Sakèhing piwulang becik antepana, lan sarupa ning layang wacanen kabèh. Sira haywa kongsi nampik marang kawruh.
    Liré: Lamun sira wus matuh marang wewarahing kabecikan, mesthi kadunungan kanikmatan.
  2. Simpena mas picis rajabrana minangka kanggo prabéya kanggo araharjaning negara. Sentana wadya lan kawulanira. [ 13 ]

LIRE: Manawa sira bisa nyalame také samubarang -kang dadi tetanggungan-ira, bakal bisa-widada wimbuh kuncara anggonira nyekel pusaraning negara.

  1. Kawulanira padha paringana pangan lan kabungahan, kang mangkono iku sira jeneng weruh marang kabutuhaning kawulanira.
  2. Anggonira anindakaké rumeksa praja lan kawula santosakna. Marmané sira angèsthiya kasarasan lan pangadilan. Sira weruha marang Kabecikan. Tegesé mangertiya marang kagunan lan lelabetaning kawulanira.
  3. Reksanen pratingkahira kang rahayu supaya lestariné. Marmané sakèhing tindak tanduk kang temuju marang sapadha padha luwih luwih marang para nandhang kaswarih. Kang iku Kulup lamun sira wus mangerti marang kang anjalari rahayu. Sira wus kena sinebut SUDIBYA (Linuwih).
  4. Sira haywa kendhat anggonira amawas marang solah tingkahing wadyanira. Digarètèh anggonira mitu turi lan mulang wuruk marang kabecikan. Lire: Manawa wadyanira padha sumurup marang kabecikan anjalari luwih tumemen anggoné padha rumeksa marang Ratu Gustiné.
  5. Tilitinen lawan tilingna kang dadi bot repoté kawulanira, awit iku wus dadi sesanggeman sarta kuwajibaning Narindra.
  6. Saben sasiné sira maringana pangan marang para ahli puja brata. Murih padha anggedèkaké rahayuning praja lan yuwananing Ratu. Yèn mangkono sira bakal sinebut ing jagad, lamun sira iku Ratu kang mahambek murah.
  7. Lamun sira hanggeganjar marang wadyanira, luwih prayoga katitiské dhihin. Utamané analisik anyetèkaké. Manawa wus prayoga, tumuli paringana. Manawa mangkono kagunané wadyanira kang kaganjar mau mesthi banjur tambah
[ 14 ]
PIWULANGDALEM HINGKANG SENUHUN PAKU BUWANA INGKANG KAPING IV.

PANGADHEPE marang Ratu Gustine. Mungguh sajatine kulup. Ratu iku banget disihi ing wong-akeh. Bebasan kaya asihe marang sesotya.

  1. Wruhanira Kulup, kuwajibaning Ratu iku rumeksa marang tata tentreming kawula, sarta raharjaning Negara. Marmane sarupane pamulangan pamidiken, pasembahyangen, tatanei dalan-dalan sendhang sendhang pancuran tambak pasar-pasar sapepadhane kang dadi kebutuhane kawulanira. Padha ruktinen kang prayuga.
  2. Amawasen kawulanira kang kadunungan kamurkan. Awit wong kang mangkana mau sok dhemen wewadul ngandharake alane liyan.Marmane kawula utawa wadya kang mangkana iku pandengen den nastiti. Dikaya pamawasira marang solah tingkahing wardayanira. Nanging manawa wewadule mau goroh, banjur patrapana pahukuman samurwate.
  3. Den mastiti sarta ngati ati lamun sira arsa amatrapi pahukuman dosa pati marang wadyanira. Prakaranen talitinen sarta sarasehna, kang baresih marang para ahli hukum. Mangkono uga lamun sira arsa anggeganjar sarta peparing, ya iku matitisna paparing lawan pangukum.

Papatihdalem:




Jaksadalem:
Panguludalem:
Pujanggadalem:

R. Adipati Jayaningrat, kagentosan
R. Adipati Mangkupraja Ngayah.
R. Adipati Danuningrat.
R. Adipati Cokronegoro.
R. Adipati Sosrodiningrat.
R.Tumenggung Among projo I.
R.Pangulu Tapsir Anom kagantos R. Pangulu Martoloyo.
Pujanggadalem R.T. Yosodipuro (Tutuskajang)

[ 15 ]
15

KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM HAMENGKUNE GORO SUDIBYA RAJAPUTRA NARINDRA MATARAM DIPUNPIKRAMAKAKEN.

Kacarios rehningKanjeng Gusti Pangeran Aaipati Anom sampun dewasa, awit saking keparenginging karsadalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping IV, putradalem dipun pikramakaken kaliyan atmajani pun Raden Mas Hario KUSUMODININGRAT. Abdidalem Bupati Bum Gedhe, ingkang mijil saking garwa G.R.Aj. Sentul putridalem Hingkang Sinuhun P.B.III. Dados pinanggih nak sedherek. Wondene R, M, Hario Kusumodiningrat punika putranipun G.P.H. Hadiwijaya seda Kaliabu. Salajengipun man tudalem wau kapatedhan asma saha sesebutan Bandara Raden Ayu Adipa ti Anom Hamengkunegoro.

PARA OPRUP NALIKA JUMENENG DALEM.

  1. Van Stralendorf.
  2. W A.Palm.
  3. A. Hartsinch.
  4. J. Fr. Baron van Reede.
  5. B.J. van Liebeherrs
  6. J.G.vanden Berh.
  7. B.T.van Liebehers
  8. J.A. van Braam.
  9. H.W.Geelschap.
  10. H.G.Adams.
  11. H.Hope.
  12. J. Robinson.
  13. J.M. Johnson.
  14. P.W. Pingkel van Haak.
  15. W.H. van Yseldyk.
  16. H.T. Lippe.
  17. R. Van Pelm.
  18. Mr G. H. Nahuys.
**********
[ 16 ]
16
GAMELAN SEKATEN.
MITURUT PENGETAN ING KRATONDALEM SURAKARTA HADININGRAT.
Sareng jumeneng dalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B. IV/ Kapateng yasa gangsa Sekaten Supados hanyisihi Kyai GUNTUR MADU. Yasandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung PRABU HANYOKROKUSUMU ing Mataram. Sareng dados kalih prangkat, Kyai Guntur Madu kapasang wonten KIDUL plataran Masjid Ageng, Ingkang ing gal kaparingan nama Kyai Guntur Sari, kapasang wonten sisih Lèr. Ingkang murwakani ungeling gangsa Kyai Guntur Madu, gendhingipun RAMBU. Sasuwukipun gangsa, Kyai Guntur Sari mungal gendhing RANGKUNG. Anerangaken bilih gangsa Sekaten punika medalipun ing bangsal pagongan Masjid Ageng Surakarta. Namung saben tanggal 5 dumugi 12 wulan MULUD. Rèhning gendhingipun namung warni kalih, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom mirengaken bosen. Gendhing RAMBU sarta RANGKUNG, punika saking Kraton Demak. Kalastan tunaken dumugi sapriki. Awit saking punika anyarengi wulan Mulud, Kanjeng Gusti kapareng anyarirani ngasta BONANG gangsa Sekaten. Sabibari pun ngungelaken gendhing Rangkung, kadhawuhan nglajengaken gendhing BUNDHET. Panabuhipun bonang imbal-imbalan. Sampeyandalem Hingkang Sinuhun amiarsa bilih ungeling gendhing Sekaten benten kaliyan padatan. Pramila lajeng inggal utusan abdidalem Hurdhenas, kadhawuhan haniti ptiksa dhumateng bangsal pagongan Masjid Ageng. Utusandalem sareng dumugi ing bangsal pagongan anyumurupi bilih Kanjeng Gusti nyarirani ngasta bonang. Lajeng daya-daya wangsul malebeting Kraton.Saperlu hangunjuki huninga Hingkang Sinuhun, dupi amiarsa unjukipun abdidalem Hurdhenas mboten handadosaken dukaning panggalihdalem. Malah abdi dalem lajeng kadha [ 17 ]

wuhan wangsul dhumateng bangsal pagongan ing Masjid Ageng. Handhawuhaken timbalandalem dhumateng abdidalem Demang Niyaga ingkang tampi ayahan wonten ing bangsal pagongan Sekaten. Bilih ing Wulan Mulud punika ngantos salajengipun, ungeling kagungandalem gangsa Sekaten kapareng mawi gendhing sanèsipun. Uger mboten anilar gendhing baku inggih punika RAMBU tuwin RANGKUNG.


BAB KASUSASTRAN.

Kacarios, sareng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kawistara saya majeng anggenipun kapareng maos serat-serat piwulang kina, nuju setunggaling wekdal kaparingan serat piwulang dening Kanjeng Ramadalem, nama SERAT WULANGREH. Serat Wulangrèh punika amarsitakaken bab NISTHA MADYA tuwin UTAMANING lelabetan. Yasan dalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B kaping IV ing Surakarta Hadiningrat. Ing ngandhap punika kahaturaken tetedhakan purwaka tuwin pungkasanipun, sinawung ing sekar macapat tuwin tengahan minangka pracihna temen yasan dalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping IV.

  Purwaka sinawung ing sekar Dhandhanggula.

  1. Pamedharé wasitaning ati, Cumanthaka aniru pujangga. Dhahat mudha ing batiné. Nanging kedah ginunggung, dhatan weruh yèn kèh mèsemi. Ameksa hangrumpaka, Basa kang kalantur Tutur kang katula-tula, Tinuladan rinuh kalawan ririh, Mrih padhang ing sasmita.

Pungkasanipun sinawung ing sekar Girisa.

  1. Tititamating carita serat wewaler mring putra. Kang yasa Sri Maharaja Paku Buwana kaping PAT. Karsané Sri Maharaja ing galih panedhanira, Kang amaca amiyarsa, Yèn lali muga élinga.
[ 18 ]
  1. Telasé panuratipun, Besar tanggal kaping wolulas. Akat Pon Dal sinengkalan, Tata guna sabdèng Raja (1735) Masasta windu Sancaya. Pamujinirèng kawula, Ya ALLAH kang luwih wikan, Obah osiking kawula.

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom sateng sampun titi saha pamaosipun, amanggalih bilih Serat Wulangrèh punika, perlu dipun jangkepi mawi serat ingkang langkung moncèr tuwin pepak isi nipun. Awit saking punika Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, dhawuh dhumateng Penèwu Carik Kadipatèn nama Ki. Ngabèhi Ronggo Sutrasno, kadhawuhan ngyasakaken serat piwulang dHinapuk carios utawi dedongengan ingkang amarsitakaken gegambaran tuwin pikajenganipun manusa ingkang maneka warni. Liripun wonten ingkang remen dhateng padamel maksiatan. Wonten ingkang remen tumindak ing kautaman, sawenèh wonten ingkang anggilut ngelmi tuwin kawruh-kawruh sanèsipun. punapa déné anggambaraken pikajenganipun tiyang ingkang remen anèh-anèhan ugal ugalan lan sasaminipun. Wondéné ingkang minangka kanggé jejeri pun carios, kaparingan serat Suluk Jati-swara, kadhawuhan mbabar tuwin ambèbèraken ngantos moncèr.

Mawi kadhawuhan hanyariosaken kawontenan saha dedongènganipun sadaya ardi-ardi, guwa-guwa, patilasan patilasan wana-wana candhi-candhi sapanunggalanipun ingkang pinanggih wonten ing Pulo Jawi.

Serat suluk Jatiswara punika miturut pandugani pun pangripta yasandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana kaping III. Mendhet pepiridan saking ungeling sangkalanipun: Jati Tunggal Swara Raja. Anedhahaken tahun Jawi: 1711 punika teksih salebeting jumenengdalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping III.


**************
[ 19 ]
GENDHING GADHUNG MELATHI.

Gendhing Gadhung Melathi, punika kalebet gendhing PUSAKA ing Kraton dalem Surakarta. Wontenipun sampun wiwit dhukrikala jumenengdalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana IV. Déné sejarahi pun mekaten.

 Mila gendhing pusaka kasebut gawat, lan mboten saben tiyang saged nglampahaken sarta mboten kapareng nglampahaken. Amargi asalipun saking Seganten Kidul. Ing sakawit, pisungsungi pun Kanjeng Ratu Kidul Kencana Sari, kacaosaken Rakadalem Hingkang Sinuhun P.B.IV.

 KACARIOS: Rikala semanten, Hingkang Sinuhun Paku Buwana IV, kagungan abdidalem MIJI pang gendèr èstri, niyaga kasepuhan, nama Nyai JLAMPRANG. Punika misuwur gendèranipun. Tur kathah kawruhi pun dhateng gendhing gendhing gendèr. Saking misuwuripun ngantos dipun timbali ing ngarsadalem Gusti Kanjeng Ratu Kidul.

 SEJARAH nyebataken, bilih nuju satunggiling mangsa, ing Surakarta kataman pageblug. Tiyang tiyang sami giris, sakit siyang sonten pejah. Sakit dalu injing pejah. Kocapa abdi dalem Nyai JLAMPRANG kala semanten ugi kataman sesakit. Dangu dangu saya majeng sakiti pun. Mbadal salwi ring usada. Ngantos hanjalari ing ajalipun. Sadaya anak putunipun sami sungkawa. Kawontenanipun Nyai Jlamprang makaten wau handadosaken prihatin dalem, Hingkang Sinuhun. Nanging bobotipun Narindra ingkang kalebet wicaksana lan uninga sadaya gelaring jagad raya, miwah mboten kekilapan tumrap usiking sasmita. Panjenengan dalem, tetep ayem ing salebeting wardaya. Nadyan tumrap tata lahir ugi hangen dikakaken sungkawa ning panggalih dalem.

 KOCAPA: Nyai Jlamprang ingkang sampun ajal kalawau, sadaya kulawarganipun sami tangisan. [ 20 ]

NANGING kaélokaning Pangeran ingkang Murbeng Kuwaos hamisésa gunging titah. Dukrikala jisim karubung sadaya anak putu, ingraos pangraosipun kadi déné dipun timbali sowan lumebet Kraton. Hingkang ngirit nyai Tumenggung kalih, marak ing ngarsanipun Kanjeng Ratu. Lenggah ing Kadaton Kencana. Namung Nyai Jlamprang rumaos dèrèng pisano naté sumerep. Kanjeng Ratu sinten ingkang nimbali punika. Lan Kedhatonipun ugi sanès Kedhaton Surakarta. Sawek manah kawontenan ing kang nembé sapisan punika dipun alami, lajeng kabagèkaken déning Kanjeng Ratu, sarwi paring dawuh makaten.

 E, Jlamprang, sira aja kagèt. Marmané sira ingsun timbali. Ingsun iki kang sira suwitani, nora bédha lawan anggonmu suwita marang Rakaningsun, Njeng Sinuhun ing Surakarta. Ingsun ingkang jumeneng anéng Kedhaton Samodra Kidul.

Saweg dumugi samanten, salah satunggiling abdidalem Nyai Tumenggung tampi sasmita, lajeng sumambet. Inggih Dhi, ingkang sampeyan adhep punika Kanjeng Ratu Kencana Sari.... Sareng makaten Nyai Jlamprang saweg mangertos. Ngunjukaken sembah lan linggih ingkang prayogi. Wonten dawuh pangandika dalem Gusti. Nimbali pun Jlamprang? Kanjeng Ratu nglajengaken pangandikanipun. Nyi, Sira ingsun timbali, amarga ingsun banget kayuyun marang ka prigelanira manawa hanggender. Muyek, runtut, gelut ugelpakis. Sira ingsun pundut dadi abdiningsun. Dené manawa ana dukané Rakaningsun Sinuhun ing Surakarta, ingsun kang hananggung.

Kumepyur raosing manahipun Nyai Jlamprang, badanipun gemeter, angles manahi pun. Wasana munjuk Sakalangkung sembah nuwun kapundi. Nanging mugi mboten handadosaken dukaning panggalih dalem, Gusti. Abdi dalem kawula nyuwun mopo, awit taksih remen hanetepi suwita ing Kanjeng Raka dalem, Hingkang Sinuhun ing Surakarta. Sapandurat Kanjeng Ratu mboten ngandika, déning saget welas hamirsani kawontenanipun Nyai Jlamprang. [ 21 ]

Wasana lajeng paring pangandika mekate:

Nyi wis aja sumelang, aja cilik atimu. Ingsun ora bakal meksa. Mung wae Jlamprang, ndadekna wruhani ra. INGSUN KAGUNGAN GENDHING, JENENG GADHUNGMLATHI

Iku gendhing kudu dadi kagunganing, Rakaningsun Sinuhun ing Surakarta. Amarga gedhe sawabé.Kena kinarya tetumbal, mamrih raharjaning nagara. Iku ingsun wulangaké marang sira. Yèn wus kacakup, sira ingsun lilani bali lan unjukna Raka larindra ing Surakarta.

Asrep cles, lir siniram ing tirtamarta. Raosing manahipun Nyai Jlamprang, sarwi munjuk nuwun sandika, mugi angsal berkah pangèstu dalem. Tumuli hanyakup piwulang dalem gendhing GADHUNG MELATHI.

KACARIOS: saking raos pangraosipun Nyai Jlamprang nyumurupi bilih Kanjeng Ratu Kencana Sari lajeng mundut gendèr Nyai Mas Tumenggung kalih. Mboten dangu ingkang kapundhutan sami ngladosaken pundhutan dalem Kanjeng Ratu. Nyai Jlamprang sagalangkung éram nyumerepi wujuté gendèr. Mancorong pindho kencana sinangling. Plangkanipun gadhing ingukir tinarétès ing sesotya murup. Rinengga ing mirah delima nila widhuri, tinapunggul ing muteara mubyar. Keclap keclap kahampil Nyai Mas Tumenggung.kalih. Kahunjukaken Kanjeng Ratu. Sareng sampun sumėlèh ing ngarsa dalem, saya katingal mancorong sunaring gender wau.

Awit kasembuhing indahing warni dalem. Dasar karengga ing busana adi. Kanjeng Ratu wiwit paring piwuçal gendhing GADHUNG MLATHI, lan dhawuh dhumateng Nyai Jlamprang: Nyi wigatekno lan lebokno jroning pangrasa. Jèr gendhing iki ora mung waton linakon déning panggendèr kang prigel. Nanging kudu binarung osiking rasa. Nyai Jlamprang nyandikani sarta ing batos tansah nyenyuwun mring Hyang Agung mrih lulus kabadan peparing dalem panabuhing gendhing pusaka wau. Kawiwitan saking jineman Gadhung Mlathi. [ 22 ]

LAJENG katampèn ing GENDHING GADHUNGMLATHI. La drangan Slindro 9. Angsal kalih elikan, wirama, sesek, lajeng santun cingkok minangka minggah. Minggahipun Gadhung Mlathi wau wonten ingkang mastani, ladrang ubal ubal. Watawis wangsul kaping kalih, lajeng dados ayak ayakan cingkok Gadhung Mlathi. Satelasing cènkok Gadhung Mlathi, irama seseg dados ayakan wantah, lajeng suwuk.

Anggenipun hanggender Kanjeng Ratu gendhing Gadhung Mlathi wau, tansah dipun ambali, supados Nyai Jlamprang inggala nyakup. Nyai Jlamprang inggih saged hanggatosaken. Wantuning tiyang ingkang pana, ing gendhing, mila sempat laguning gender, mireng sakedhap lajeng saged.

Sareng sampun angsal tigang babak, Nyai Jlamprang lajeng gentos dipun dhawuhi nggendèr. Kanjeng Ratu hanjenengi. Sanget éram ing panggalih dalem, déné sampun cèples mboten gesah sakedhik kedhika, kaliyan anggenipun mucal Kanjeng Ratu.

Awit saking sampun kagalih nyakup samudayanipun Nyai Jlamprang lajeng kalilan mundur, saha kadhawuhan wangsul. Kaparingan sangu warni kunir lan kapuk kapas, minangka pratandha.

Inggaling carios Nyai Jlamprang salebetipun karubung anak putu lan kadang kadéan ingkang nedya hamiwiti nyucèni jisimipun, lajeng saged gesang malih. Kados punapa kagèdipun sadaya ingkang nyumurupi. Inggih kagèd inggih bingah ingkang tanpa upami. Malah katingalipun, saras babar pisan saking panandhang sakit, ingkang hanggegirisi ingkala punika. Nyai Jlamprang lajeng tangi, linggih nggumun sumerep tiyang kathah ingkang sami ngrubung, nanging taksih kendel kémawon. Dèrèng wonten ingkang wijantenan. Gumun tinanggapan ing pandeng pandengan datan wonten ingkang kawedal ucapané. Sepi samun sakedhap. Lajeng kapireng suwanten dhèhèm dhehem, inggih punika Nyai Jlamprang wiwit saged dhèhem, sarwi ngucek mripat. Sareng sampun tata manahipun, lerem lan aring napasipun. Nyai Jlamprang mèsem hambagékaken [ 23 ]

SADAYA ingkang wonten ngriku, lajeng pitakèn. Wonten punapa déné sadaya sami ngrubung piyam bakipun ? Saéngetipun Nyai Jlamprang saweg nandhang raga. Tilem sapunika kraos entheng, mboten wonten ingkang karaosaken sakit. Anakipun ing kang sepuh piyambak suka wangsulan. Bilih ing uni embokipun kinging aradah, pagebluking nagari, sakit ngantos sanget. Wusana mbadal saking jampi, ngantos dumugi pralaya. Mila sami layat ngrubung lan badhe wiwit nyucèni jisimipun.

Nanging teka sami mrangguli kaélokan. Mbokipun pulih saras, mboten kawistara mar awi bibar ka taman sakit. Nyai Jlamprang namung manthuk manthuk, lan carios bilih Pangeran Kang Maha Kawasa punika pancen manawi hangarsakaken saged damel kaélokan, ingkang mboten saged pinanggih ing nalar. Tundhonipun namung sami hangunjuka ken syokur lan hangrumaosi bilih sadaya titah ka wula punika kedah hamung sadarmi nglampahi kang kinodrat.

Sasampunipun aring napasipun, gentos Nyai Jlamprang wiwit handongeng lelampahanipun. Purwa tumekeng wasana. Mboten kasepèn bab kapari ngan kasagetan hanggendèr Gendhing GADHUNG MLATHI. Ingkang kedah kahunjuk aken Hingkang Sinuhun. Ing wegdal ndongéng wau, tanganipun Nyai Ilamprang taksih hanggegem. Sareng dipun engakaken sami ngertos bilih ingkang kagegen ing tangan kiwa wuju tipun emas, ingkang tengen selaka Saya damel gawoking ngakathah.

Sareng sampun pulih babarpisan badanipun, Nyai Jiamprang lajeng sowan mlebet Kraton. Han gun jukaken Gendhing GADHUNG MLATHI, wau ing ngarsa dalem Hingkang Sinuhun sarwi ngaturaken lelam pahan ingkang élok kalawau. Hingkang Sinuhun hamung gedhèk gèdhèk kemawon, wasana gumujeng. Sanget handadosaken suka pirenaning panggalih dalem. Nyai Jlamprang kaganjar arta kathah sanget. Panganggen sadasa pangadeg. Kampuh seratan Kaputrèn Kraton. [ 24 ]

Nalika hing Kraton nuju ajar bedhayan kadospadatan. Hingkang Sinuhun kepareng nyobi titihan dalem kapal (turangga) inggal, mawi dipun gameli. Bibar bedhayan, Nyai Jlamprang kadhawuhan nyobi ngungelaken gedhing GADHUNG MELATHI. Sareng sampun suwuk, Hingkang Sinuhun ngandika: Sabdadalem handadèkaké suka pirenaning panggalih ingsun. Gendhing GADHUNG MELATHI iki, dadiya pusaka Kraton ing saturun turuningsun. Rèhdéné iki gendhing pisungsung saka garwaningsun kang Hangadhaton ing Samodra Kidul. Marmané aja kongsi kahunèkaké, miwah ing sadurungé hanya dhong lilah garwaningsun Kanjeng Ratu Kencana Sari luwih dingin.

**********
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM GUSTI SUGANDI DI PUN PALAKRAMAKAKEN MALIH.

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom sakunduripun saking Kitha Semarang, lajeng sowan ingngarsadalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana IV. angun juki uninga prastawa ingkang tumanduk dhumateng sariranipun.

Ramadalem paring dhawuh: Bilih sadaya kadadosan utawi sadaya lelampahaning manungsa punika namung kedah tinampi kalayan sabar, tawekal tuwin narimah. Punapa déné kedah pitados dhateng panguwaosipun Hyang Kang Amurbeng Rat.

Hingkang Sinuhun ugi ngambali dhawuhdalem ingkang sampun naté kawiyos, bilih samangsa sampun dumugi wahyaning mangsa kala, Landi badhé anilaraken Tanah Jawi piyambak. Ingkang punika Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kadhawuhan pitados dhateng pepesthèning lelampahan. Kekiranganipun punapa rerancangandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana Kaping IV. anggenipun kagungan karsa badhé angésahaken GupermenWalandi saking Nagaridalem. Wusana dhèrèng[ 25 ]

ngantos tumindak sampun kadenangan déning telik sandining Gupremen Walandi. Ing satemahngantos kepeksa angurbar aken Rayidalem K.G.P.A.H. Mangkubumi I Surakarta, saha Papatihdalem Kanjeng Raden Adipati Mangkuprojo dados bebanten. Kapasrahaken dhateng Gupernur Jendral Wa landi, ingkang salajengipun kakindhangaken.

Dhawuh pangandikanipun Kanjeng Ramadalem wau kados-kados Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom dhèrèng saged anjalari lilihipun panggalih, kacihna, kabuktèn sampun pinten-pinten paSowanan K.G.P.Adipati Anom mboten sowan HingKang Sinuhum.
Ingkang makaten wau hanjalari sungkawaning panggalihdalem. Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan kuwatos bilih putradalem ing Kadipaten saya ngureng panggalihipun.

Ing satunggiling wekdal Hingkang Sinuhun arim bali pisowanipun Risang Narpatmojo ing Kadipatèn. Sareng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom sampun sowan ing ngarsadalem, kaparingan dhawuh bilih badhé dipun palakramakaken malih. Badhe kadhaupaken kaliyan B.R.Aj. KABIBAH punika putra tilaranipun K. R. Adipati JAYANINGRAT. ingkang mijil saking garwa putridalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B.III. Wondene K.R. Adipati punika Papatihdalem alam jumenengdalem Hingkang Sinuhun P.B.III.

Inggaling carios sareng sampun dumugi dinten Pawiwahan. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegoro Sudibya Raja putra Narindra Mataram ing Nagari Surakarta Hadiningrat, palakrama kaliyan B.R.Aj. KABIBAH widada ing nir sambekala. Salajengipun garwa Kadipaten ingkang sepuh kaparingan asma Bandara Raden Ayu Kadipaten SEPUH. B.R.Aj.Kabibak kaparingan asma BANDARA RADEN AYU KADI PATEN ANEM. Kagungan putri satunggal G.R.AJ. KATIBAH. Sareng dewasa asma G.R.AY. SEKAR KADHATON. [ 26 ]
WOH KURMA 3 IJI ANGBAL ANGSALIPUN SAYID SAKING TANAH ARAB.

Sigeg: Gantos cinarita.
Anyarengi ing wulan Ramelan (Puasa) Hingkang Sinuhun Paku Buwana IV, han ampèni pisowanipun satunggiling Sayid saking Tanah Arab. Menggah wigatosipun namung angun juk ak en bebetanipun angsal-angsal woh kurma 3 iji. Hingkang Sinuhun sak kalangkung ngungun ing salebeting wardaya, déning satunggiling Sayid saking tanah Arab lumawat dhateng Tanah Jawi. Lajeng sowan ngabé antara ing ngarsadalem,namung saperlu angunjuk aken woh kurma cacah 3 iji Hingkang Sinuhun sampun kagungan hanyakrabawa. Bilih punika namung satunggiling pralambang. Pramila Sayid lajeng kadangu, menggah ingkang dados wredinipun. Sayid munjuk ing ngarsadalem bilih mbinjing putradalem tiga pisan badhé jumeneng Narindra. Sasampun ngandharaken sasmita ning gaib, Sayid lajeng tumunten lengsèr saking ngarsadalem. Hingkang Sinuhun dhatanpa paliwara.
Sapering pasowanipun Sayid wau, Hingkang Sinuhun sapandurat dhatan enget Purwa duk sinané. labet saking sakalangkung kagiyat raosing panggalih Amenggalih dhumateng werdining pralambang ingkang kahun jukaken déning Sayid wau. Raosing panggalihdalem, tamtu badhé wonten lelampahan anganèh-anèhi ingkang handadosaken retuning Nagari dalem. Jalaran saking pakartining putra-putradalem piyambak. Ingkang makaten wau njalari gorehing panggalihdalem. Awit saking punika Fingkang Sinuhun badhé atilar keprabon Arsa mandhita wonten ing dhusun Cemani. Kaprenah sak kidulkilèn Kuta Surakarta. Bawah Kaca matan Grogol, Kabupaten Sukaharja. Hing dhusun Cemani punika sampun dipun yasani pasanggrahan ing salebeting tahun Jé 1734, utawi masèhi 1867 Wondéné keprabon dalem badhé kapasrahaken [ 27 ] dhumateng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom. Kersadalem wau mboten saget kasembadan, jalaran Hingkang Sinuhun anandhang raga.
Sadanguni pun gerah aering animbali para sentana samawana abdi dalem kinasih. Dipun jak-ngandikan wonten kamar pasaréyan dalem. Sanès dinten Hingkang Sinuhun ngantos animbali pasowanipun Papatihdalem. K. R. Adipati Sosrodiningrat II.

Hingkang Sinuhun paring pangandika bilih gerahing sariradalem saya kraos awrat. Mbok manawi kinarsakaken Gusti KANG MURBENG DUMADI sariradalem kundur ing kasédan jati, Hingkang Sinuhun mundhut PRASETYANIPUN K. R. Adipati Sosrodiningrat II. Kadhawuhan ngladosi putradalem hingkang gumantos Nata kaliyan setya sumungkem, punapa déné kadhawuhan hamomong dhumateng para putradalem sadaya. Sampun ngantos sami pasulayan, antawisipun sedhèrèk piyambak. Sasampunipun K.R.Adipati Sosrodiningrat II nyandikani dhawuh timbalandalem, lajeng kalilan medal saking pasilan,

Kacarios saking watering panggalih dalem anggèni pun amanggalih wecaning Sayid saking Tanah Arab, nalika saman ten gerah dalem saya katingal majeng,
Temahan hanjalari murud dhumateng don Kasédan jati.

SURUD DALEM AMARENGI ING DINTEN MALEM SENEN PAING TANGGAL KAPING 25 WULAN BESAR WARSA ALIP 1747. SINENGKALEN: SIRNANING PANEMBAH ANGESTHI TUNGGAL. UTAWI OKTOBER 1820 WUKU MARAKEH WINDU SENGARA WANCI JAM 7.30 SONTEN.

Suruddalem dumugi yuswa 52 Warsa. DENE LAMINI PUN JUMENENG NATA HANGASTA PUSARANING NAGARI 33 Warsa. Jumenengdalem Nata tahun 1788.
Surud dalem ing tahun 1820.
Wiosandalem ing tahun 1768. [ 28 ]

PUSTAKA WASIYATDALEM HINGKANG SINUHUN KANJENG

SUSUHUNAN PAKU BUWANA IV DHUMATENG PARA PUTRA

PUTRIDALEM SADAYA.

Anuju satunggiling dinter. Sampeyandalem Hingkang Sinuhun animbali pisowanipun abdi dalem-Pangulu, Kyai Pangulu MARTALAYA. Kaparengan-pustaka wasiat tumrap para putra putridalem-sadaya. Ingkang sampun kapacak sawatawis warsa kapengker sinartan kitirdalem Hingkang Sinuhun dhumateng Kyai Pangulu Martalaya.

Sasampunipun sadaya wau katampèn déning Kyai Pangulu Martalaya, Hingkang Sinuhun. paring pangandika, supados Kyai Pangulų angistokaken suraosing kitir dalem. Hingkang minangka dados paugeran anggenipun kadhawuhan angleksanani, suraosing pustaka wasiyat. Samangsa Hingkang Sinuhun sampun surud dhumateng kasédan-jati.Kyai Pangulu lajeng kalilan medal saking pasilan.

Menggah surasaning kitir dalem punapa déné pustaka wasiyat tumrap para putra putridalem kados teted hakan ingkang kapacak ing ngandhap punika.


TETEDHAKAN KITIRDALEM DHUMATENG KYAI PENGULU MARTALAYA.

Salam manira marang kakang Pangulu Martalaya. Kakang Pangulu sira aja wani-wani angowahi apa sak uniné layang manira iki. Parintah manira kang kamot ing layang manira iki pama-pama dikalakon, lan maningo layang manira, sira simpenana. Darapun mbésuk ing sapungkur manira aja nganti lali marang jenengé tumbak utawa keris si ji-sijiné. Sak namané kang manira wasiyati. Si kakang aja nganti lali. Muga-muga putra-putra manira lanang wadon, kang tuwa miwah kang anom, kabèh padha hangistekeno. [ 29 ] Anggon manira masiati kang wus muni ing layang iki lan muga padha narimaha ing pandum.


AMIN YA ROBBIL ALAMIN.

Lan maninga wekas manira marang Si kakang, besuk sapungkur manira, yen manira kinarsakake Gusti Allah tinek akaken ing janji, manawa Gustinira kang jumeneng Nata angrusak Walanda yen sira weruh utawa mangrungu, iku pama-pama kakang banget gundhelana. Polane pinada karo napsu amarah lan luwamah.

Wondene mbesuk wong Jawa yen wis bisa ngilangake napsune Amarah lan Luamah Walanda nora susah nganggo diperangi atas karsaning Allah wis masthi lunga dhewe.

Iku poma kakang Pangulu, sira istokena, ditemen wasiyat manira. anggenira dadi Pangulu-menyanga saturun-turunira, lan saturun-turun manira padha angestokena, kang temen-temen.

Ing sapiturute kabeh turun tumurun ing dharah manira lan turunira. AMIN.


TETEDHAKAN PUSTAKA WASIYATDALEM INGKANG SINUHUN KANJENG SUSUHUN ANPAKU BUWANA IV DHUMATENG PUTRA PUTRI SADAYA.

Penget layang ingsu: Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana Senapati Hing Ngalaga-Abdulrachman Sayidin Panata Gama ingkang jumeneng kaping IV ing Surakarta Hadiningrat.

Ingkang dihin salam ingsun kapindho dhawuha-marang sira putraningsun kabeh, lanang wadon gedhe cilik tuwa anom. Lire ingsun paring wasiyat marang sira kabeh kang arupa keris saprabote atanapi kang arupa tumbak saprabote-iku minangka warisanira.

Putraningsun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegoro Sudibya Rajaputra Narindra Mataram kaping III ing Surakarta Hadiningrat. Ingsun patingi keris Kyai Baruang lan [ 30 ]Kyai Maésa soka, tumbake Kyai Hantu lan Kyai Sangupati.

  1. Putraningsun kang atuwa, sadurunge dadi Pangeran Adipati Anom B,R,M, G. Sugandi, ingsun paringi keris Kyai Jalak lan Kyai Jimat tumbaké Kyai Balaragas lan Kyai Pacukilan,
  2. Putraningsun B.K.P.H. Hangabèhi, ingsun paringi keris Kyai Jenang Kunta tumbaké Kyai Tejabanyu.
  3. Putraningsun B.K. P. H. Kusumoyudo ingsun paringi keris Kyai Udan pejaten tumbak Kyai- Klosot.
  4. Putraningsun B.K.P.H. Natabrata, ingsun paringi keris Kyai Sihtankober tumbak Kyai Birawa.
  5. Putraningsun P.K.P.H.Noto puro, ingsun paringi keris Kyai Jimat tumbak Kyai Sulan jari.
  6. Putraningsun B.K.P.H. Mloyokusumo, ingsun paringi keris Kyai Rangga tumbak Kyai Bapak aki.
  7. Putraningsun B.K.P. H. Demang Tanpanangkil ingsun paringi keris Kyai Bantala tumbak Barukemamang.
  8. Putraningsun K.G.P. Adipati PURUBOYO ingsun paringi keris Kyai Berkat Kyai Kandeg tum bak Kyai Pacar lan Kyai Banthèng.
  9. Putraningsun B.K.P.H. Jayakusumo ingsun paringi keris Kyai Bontit tumbak Kyai Dewale lana.
  10. Putraningsun B.K.P.H. Balater ingsun paring keris Kyai Kasur tumbak Kyai Kopèk.
  11. Putraningsun B.K.P.H. Yomowiduro sun paringi keris Kyai Muntap tumbak Kyai Bintul.
[ 31 ]
  1. Putraningsun B.K.P.H. Pringgoloyo, ingsun paringi keris Kyai Dhukun tumbak Kyai Sekartejo.
  2. Putraningsun B.K.P.H. Dan upaya ingsun paringi Keris Kyai Maesa Marga. tumbak Kyai Pangarit.
  3. Putraningsun B.K.P.H. Hadikusumo ingsun paringi keris Kyai Sekartejatumbak Kyai Rawe.
  4. Putraningsun B.K.P.H. Priyombodo ingsun paringi keris Kyai Sembada tumbak Kyai Nagalanang.
  5. Putraningsun B.K.P. H. Panji Anom ingsun paringi Keris Kyai Slamet tumbak Kyai Baruang.

Ana dene putriningsun ora ingsun paringi tumbak, namung ingsun paringi keris bae. Karana keris iku sinangkelit ing lambung. Dadi minangka tatali anggone salaki rabi supaya kuwat pengkuh kenceng, aja nganti wudhar. Marmane ingsun arani KANCING GELUNG.

Mangka ingkang dihin ingsun aparingi kancing gelung maring putriningsun.

  1. G.R.Ay. Brotokusumo ingsun paringi keris Kyai Jakatuwa.
  2. G.R.Ay. Brotojoyo ingsun paringi keris Kyai Putut.
  3. G.K.R. Pambayun ingsun paringi keris Kyai Cengkrong lan Kyai Panteleng.
  4. G.R.AY. Kusumaningrat ingsun paringi keris Kyai Bondan.
  5. G.R.Ay. Jayaningrat ingsun paringi keris Kyai Gagak. [ 32 ]
  6. G.R.Ay. Mangkudiningrat ingsun paringi keris Kyai Pacar.
  7. G.R.Ay. Padmodipuro ingsun paringi keris Kyai Cebol.
  8. G.R.Ay. Spsrodiwiryo ingsun patingi keris Kyai Nagasasra.
  9. G.R.Ay. Cokrodipuro ingsun paringi keris Kyai Panjidhukun.
  10. G.R.Ay. Padmokusumo ingsun paringi keris Kyai Pedhang Kinanthi.
  11. G.R.Ay. Megatsari ingsun paringi keris Kyai Kumbalageni.
  12. G.R.Ay. Wiroatmojo ingsun paringi keris Keris Kyai Sekar.
  13. G.R.Ay.Mangkuyudo ingsun paringi keris Kyai Antup.

Katulis ing dina Anggara Kasih tanggal kaping 22 sasi Rejeb tahun Dal 1735 mangsa Katiga Wuku Tambir.

Sigek: Sanes dinten Hingkang Sinuhun gantos-animbali pasowanipun Papati hdalem K.R. AdipatiSosrodiningrat II. Hingkang Sinuhun paring pangandika, bilih gerah dalem saya kraos awrat. Mbok manawi kinarsakaken dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi sariradalem kundur ing kasedan jati, Hingkang Sinuhun mundhut prasetyanipun Kanjeng Raden Adipati Sosrodiningrat II kadhawuhan ngladosi putradalem ingkang gumantos Nata kaliyan setya sumungkem. Punapa dene kadhawuhan hamomong dhumateng para putradalem sadata, sampun ngantos sami pasulayan antawisipun sadherek piyambak. Sasampunipun Kanjeng Raden Adipati Sosrodiningrat II sandika punapa kersadalem sadaya. Lajeng kalilan medal saking

pasilan . [ 33 ]

SURUDDALEM HINGKANG SINUHUN KANJENG SUSUHUNAN PAKU BUWANA SENAPATI ING NGALAGA ABDULRACHMAN SAYIDIN PANATAGAMA INGKANG JUMENENG KAPING IV

Kacarios: saking wantering panggalihdalem anggènipun amenggalih wecanipun Sayid saking Tanah Arab nalika semanten. Gerahdalem saya katingal majeng, temahan hanjalari murud dhumateng don kasédan jati.

Surudd lem hamarengi ing dinten malem Senen Pahing tanggal kaping 25 Wulan Besar Warsa Alip 1747 Sinengkalan: SWARA SUCI SABDA RAJA utawi kaping 2 Oktober 1820. Sinengkalan: SIRNANING PANEMBAH ANGESTHI TUNGGAL. Wuku Marakeh WINDU Sengara wanci jam 7.30 dalu.
Sampuning rampung pangruktining layondalem kasarèkaken dhumateng Pajimatan Imogiri ing Kadhaton KASWARGAN.
Suruddalem dumugi yuswa 53 Warsa déné laminipun jumeneng Nata angasta pusaraning praja salebetipun 33 warsa.

NAGARI SURAKARTA HADININGRAT DALAH SAWENGKONIPUN SADANGUNI PUN KOMPLANG (DERENG WONTEN INGKANG JUMENENG NATA) PAPRINTAHANIPUN KA ASTA DENING: TUWAN RESIDEN SURAKARTA KALIYAN KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM HAMENGKUNEGOROSUDIBYA RAJA PUTRA NARINDRA MATARAM KAPING III ING SURAKARTA HADININGRAT, DIPUN EMBANI DENING KANJENG RADEN ADIPATI SOSRODININGRAT II

Nalika samanten Yuswadalem sampun 36 warsa langkung 8 candra 27 hari.

Residen: Tuwan LITNAN. KOLONEL RIDDER MEESTER HAI BERD GERALD NAHOYS.

***************
[ 34 ]
SAMPEYANDALEM HINGKANG SINUHUN P.B.V, ANUHONI PUSTAKA WASIAT TETILARANDALEM HINGKANG SINUHUN KANJENG SUSUHUNAN P.B.KAPING IV SWARGA.

Sasampunipun 3 dinten saking titimangsa jumenengandalem Nata, Kyai Pengulu Martoloyo sowan ing ngarsadalem. Perlu angunjukaken Pustaka Wasiat Tetilarandalem Sawarga Sampeyan dalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B. IV, tumrap para putra putridalem sadaya, sinartan kitirdalem ingkang tumrap dhumateng Kyai Pengulu Martoloyo.
Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B. kaping V. Sasampunipun anguningani suraosing Pustaka Wasiyat tilarandalem Sawarga Kanjeng Ramadalem punapa déné suraosing kitirdalem dhumateng Kyai Pengulu Martoloyo. Salajengipun andhawuhaken timbalandalem dhumateng Kyai Pengulu, bilih kalih dalu malih Hingkang Sinuhun badhé angleksanani dhawuh timbalanipun Kanjeng Ramadalem kados ingkang kawrat ing Pustaka Wasiyat.
Awit saking punika Kyai Pengulu kadhawuhan sowan kanthi angirit abdi dalem Ketib cacah-kalih, ing wanci jam 8 dalu. Kyai Penguli Martoloyo sasampunipun terang dhawuh timbalandalem, nyuwun medal saking pasilan. Hingkang Sinuhun tumunten andhawuhaken timbalandalem dhumateng abdi dalem Nyai Mas Tumenggung handikakaken matedhani uninga dhumateng sadherèkdalem sadaya kakung putri-kalebet garwanipun, bilih kalih dalu malih wanci jam 8 dalu sami katimbalan malebet ing Kraton, mboten kalilan pamit. Ugi kadhawuhan animbali pisowanipun Ki Ng. Ranggasutrasno, abdi dalem Panewu carik Kadipaten.

Kacarios: Anujú satunggiling dalu wanci jam 3 para sadhèrèkdalem kakung putri kalebet garwanipun sampun sami malebet ing Kraton, [ 35 ]

lenggahipun pinarak ing pandhapi Parangkarsa. Wondéné pisowanipun Kyai Pengulu Martoloyo sandhahanipun sumawana Ki Ng. Ranggasutrisnosami wonten ing bangsal Marakata nyarantos timbalandalem.
Wanci jam 8.30 dalu Hingkang Sinuhun sakalian para prameswari dalem miyos salebeting Puraya. Lenggah ing madé pandhapi Parangkarsa. Sasampunipun ngandikan kaliyan para rayi rayidalem, lajeng handhawuhaken lumebe tipun Kyai Pengulu Martoloyo sa-andhahanipun punapa déné Ki Ng. Ranggasutrisno. Sasampunipun sadaya sami sumiwi ing ngarsadalem Hingkang Sinuhun Handhawuhaken timbalandalem bilih ing dalu wau Hingkang Sinuhun badhé angleksanani sabdanipun Kanjeng Ramadalem, hingkang sampun sawarga. Kados ingkang kapacak ing Pustaka Wasiyat ingkang kaparingaken dhumateng Kyai Pengulu Martoloyo, saderèngipun surudipun Kanjeng Rama dalem. Hingkang Sinuhun lajeng handhawuhaken dhumateng Nyai Mas Tumenggung andikakaken matedhakaken Pustaka Wasiyat dhumateng Ki Ng.

Ranggasutrasno, salajenipun kadhawuhan maosa ken ing ngarsanipun para prayagung luhur. Sasampunipun paripurna pamaosipun pustaka Wasiyat paringi pun sawarga Kanjeng Ramadalem. Andhawuhaken bilih injingipun para sadhèrèk dalem kadhawuhan sami sowan malih saperlu anampèni Pustaka Wasiyat paringdalem sawarga Ramadalem.
Hingkang Sinuhun sakaliyan pramèswaridalem kekalih jengkar angedhaton, dene sadherekdalem sami kalilan bibaran.

Hinjingipun wanci jam 9 Hingkang Sinuhun kapareng nyariranian jenengi pambaginipun pusaka Wasiyat. Tumindhakipun miturut suraosing Pustaka Wasiyat TURUT RUNTUT mboten wonten ingkang kalangkungan.

**********
[ 36 ]
36

SALEBETIPUN NGASTA PUSARANING PRAJA, YASA.

Kathah wewangunan ing Kraton Dalem ingkang hadegipun awit saking yayasan dalem. Kadosta: Dalem Panepen, Bangsal Witana Inggil punika ing Siti Hinggil iring Kidul, ingkang nyambet Bangsal Séwayana. Yasa pasanggrahan ing Cemani, Kapareng dalem dawel sudhètan Bengawan ing sa wétaning Bacem, kahilèkaken dumugi Baturana, ingkang salajengipun winastan lèpèn Gejigan. Destar ingkang mawi kuncung, punika ugi awit saking panganggitipun panggalih dalem.
Kathah beksan beksan, gendhing gendhing yasandalem punapa déné gamelan gamelan.Kadosta begsan badhaya DARADASIH, Bedhaya gendhing ELA Ela Begsan Wireng GELAS ALIT. Begsan bcgcan ingkang ngawrat hamung pinangka lelangen, upaminipun, Begsan Kusuma Asmara ingkang mligi kanggé Pasa muan pangantin dhaup. Yasandalem gendhing SANGAPATI minangka iringan beksan Srimpi. Gendhing Remeng, Diradhameta, Roningtawang, Larasati, Pramugari Pangkur Ranumenggala. Taksih dasan anmalih kathahipun. Gamelan ugi mboten sakichik yasandalem P.B. IV. Kadhosta Kyai Naga Jinggot ingkang salajengipun kaparingan santun asma Kyai Guntur Madu. Kyai Guntur Sari punika Gamelan Sekaten, Kyai Kancil Belik. Kyai Windusana Kyai Kutawindu, Kyai Dewakatong lan sanès sanèstpun. ING BABAGAN KASUSASTRAN yasan dalem ingkang kawentar indah sarta kathah ingkang ateges tansah maos, punika SERAT WULANGREH. Panitisastra Wicara Keras Wulang tatakrama Brataputra.
Lampahan ringgit Gedhog, upaminipun PANJI DHADHAP, PANJI SEKAR, PANJI LARAS PANJI BLATER Kalapa warna lan tasihkatah tunggilipun. Manawi

nuju wonten gladhènbegsan utawi nabuh gamelan ing Kraton asring sanget Panjenengan dalem Nata nyarirani terkadhang ngersak aker begsan Déné ingkang karenan ing panggalih dalem [ 37 ]

BEKSA KALANA. Manawi kapareng ngasta nabuh, adhaan ngendhang utawi mbonang. Tumrap pakeliran, Hingkang Sinuhun ugi kalebet pana ngringgit utawi ndhalang, Prigel wasis gendhing gendhing sarta mumpuni. Yayasandalem wayang wacucal.Kosta: Kyai Mangu, Kyai Kanjut, Kyai Pramukenya, Kyai Jimat, Kyai Kadung, déné yayasan dalem wayang wacucal Gedhog asma Kyai Dewakatong. Ingkang sakawit kagungan anggit mripat denawa sarta wanara cacah kalih kadadosaken satunggal. Inggih panjenengan dalem Nata kaping I. Mila wiwit kala samanten, wayang wacucal Surakarta, denawa sarta wanara mripatipun namung satunggal. Wayang wujut lelembut, senjata, gaman punika wontenipun ugi wiwit anggitanipun Hingkang Sinuhun P.B. IV. Ing babagan abdi dalem prajurit panjenengan dalem Nata ngersakaken yasa golongan Jayèng Astra. Tamtama, Talangpati, Prawireng.
Panganggèn abdi dalem prajurit, kala semanten tasih anulat panganggèn kumpeni. Lajeng kasan tunan jara jawi. Menggah bab penggalih dalem ing kang sesambetan kaliyan nJawi rangkan. Panjenengan dalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. Sanyata Narindra ingkang Sudhik winengku kuwasané liyan bangsa.

Nate wonten lelampahan satunggiling wekdal gèsrèk pamanggih kalian kumpeni. Déné sebabipun, Amargi Hingkang Sinuhur ngayomi beburon kumpeni. Sak wènèh Guru Agama Islam asal saking Arab, ing kang hanggelaraken wucalan Wahabi. Pamanggihipun Kumpeni, wucalan punika ngawrat raos memengsahan kaliyan Kumpeni. Ingkang sampun radi tumekar ing tlatah Banten, Ceribon, Madura. Sareng badhé ngancik praja dalem Surakarta, guru wau dipunayomi Hingkang Sinuhun. Sareng Kumpeni ngertos lajeng ngunjuk aken panyuwun, supados Hingkang Sinuhun maringaken beburon wau dhateng Kumpeni. Nanging mboten dipun paringaken. Adreng sami adreng. Minangka nyapih gegering praja. [ 38 ]
38

HINGKANG Sinuhun marengaken nanging mundhut supados Kumpeni nyuman èkaken panampinipun. Pasrahan guru wau salebetipun sawatawis wulan. Salajengipun dhawuh supados guru sampun ngantos kapatrapan pahukuman. Nanging kahan tukaken dhateng nagari asali pun.Kumpeni nyandikani. Nagari wilujeng mboten kadadosan gégér.
Malih wonten kadadosan ingkang badhé gègèraken prajadalem Surakarta. Inggih punika, nalikanipun jaman Gupenur Jindral Herman Willem Daendels. Prekawisipun kalayan cekak mapan. Rumiyin sadèrengipun Deandels wonten Tanah Jawi, Walandi punika ngantos dumugi Residenipun, manawi sowan Kraton, kedah mboten tabik, polatan kon jem siti. Manawi sampun dumugi Ngarsa dalem nungkulaken sirah kaping tiga. Nanging Jendral Deandels badé ngéwahi tatanan punika.

Hingkang Sinuhun Mboten marengaken. Pangandika dalem, Sing kagungan pranatan Praja Surakarta iku Ratu. Sajabaning Praja, Ratu ora meksa.Nanging samangsa mangsa ngambah Praja luwih-luwih sowan Kraton, kudu netepi tatacaraning Ratu. Déné yèn ora manut pranatan pra susah ngambah Prajaning Ratu.
Ing babagan songsong, ugi makaten. Sakawit panganggèn manca kaliyan manganggé songsong manawi lumebet sowan Kraton ing dinten tinamtu. Nanging Jendral Deandels ugi badhé ngéwahi, awit pamanggihipun song song lambang pangayomaning Ratu. Sinuhun kenceng kedah mawi song song. Kajawi manawi mboten badhé sowan Kraton, kénging mboten payungan. Wekasanipun pranatan Kraton tetep sami dipun èstokaken.
Satunggiling kawonten an, ingkang suka paseksèn bilih Hingkang Sinuhun mboten remen kawengku bangsa sanès. Punika duk rikala jaman Keizer Napoleon Bonaparteiing Prancis nguwasai jajahan Walandi, winengku tetepangan kaliyan Hingkang Sinuhun ing Surakarta. Keizer wau badhé [ 39 ] Nyaosaken pisungsung awujut keramiek lan orgel. Keramiek awujut jambangan, inggilipun 30 senti meter. Warni abrit ulesipun anggur, (Wynrood) Rin engga gambaran sekar warni kuning emas. Dene orgel, warni biru laut, ukir kuning emas, rinengga gambar kupu sarta sesekaran. Namung dhawuhipun Hingkang Sinuhun kersa nampi pisungsung wau nanging mundhut supados ingkang nga turaken Gupernur Deandels piyambak, sowan Kraton punapa mesthinipun. Kok inggih kelampahan.

********
SAMPEYANDALEM HINGKANG SINUHUN PAKU BUWANA IV.

Mbangun Masjid Ageng tahun: Ehe 1716 Masei 1789
Adegipun regol Simangan ti Ler: tahun Je 1718 Masei 1719.
Pasangipun tales Siti Hinggil Kidul: Senen kaping 2 Rabingulakir tahun Wawu 1721. Masei 1794. Nunggil warsa nanem uwit waringin kurung sakembaran hing Alun-alun Kidul. Ngadegipun saka guru dalem Prabasuyasa kawanngun malih; Hing tahun Jimakir 1722 Masei 1795 Rampungipun hanggening hangandosi dalem Prabasuyasa Kawangun sarta lajeng kahe pyan kahecet Tahun Alip 1723 Masei 1796. Kapa wangun Majapait: Tahun Be 1728 masei 1802.
Gedhong sakleripun Prabasuyasa sarampungipun kaparingan nama dalem Ler (Nepen) Tahun Be 1728 Masei 1802.
Loji Beteng hing Klaten: Tahun Alip 1771 Masei Ngadegipun Bangsal Witana Siti Hinggil Kidul Salasa kaping 3: Besar Be 1736 Masei 1810 Januari.
Saka Rawa Pandhapi Ageng kahumpak. Marengi ing dinten Salasa Pon kaping 16 Rabingulakir Alip 1739. April 29 tahun 1812. [ 40 ] Pandhapa Ageng hingkang tengah; sitinipun dipupun dhudhuk lajeng dipun uruk siti saking Kadipala hing dinten Rebo kaping 12 Besar Alip 1739 utawi 16 Desember 1812.

Bangsal Marcukundho Srimanganti Wetan dipundandosi hing dinten Senen kaping 13 Rabingulakir Jimawal 1741 utawi 3 April 1814.

Sakiwa tengenipun lepen larangan hingkang mili malebot, hing Kadhaton kabanon. Hing dinten Senen kaping 1 Siyam tahun Je 1742 utawi 6 Agustus 1815.

Wiwit pasang tales pundhamen Kori Kaman hungan Hing dinten Setu kaping 21 Besar. Jimakir 1746utawi 10 Oktober 1819.

Pambangunipun Pandhapa Pamethelan hing dinten Selasa kaping 18 Mulut tahun Alip 1747 utawi Januari 1820.



Kraton Surakarta Hadiningrat.
[ 41 ]
SEJARAHIPUN KANJENG RATU BERUK.

Panjenengandalem Nata Hingkang Sinuhun P.B. IV.
Punika putradalem Hingkang Sinuhun P.B.III.
Déné Ibudalem asma K.R. KENCANA. (Beruk) Atmajanipun Raden Tumenggung Wirorejo. (Ki Jogosworo) Mbok manawi kathah ingkang dèrèng wuninga, sinten to Raden Tumenggung Wirorejo punika. Makaten: Kanjeng Ratu KENCANA, asalipun mboten saking trahing aluhur. Parcèn inggih makaten. Hingkang Maha Kuwasa kaparengipun pancèn hanyengkakaken ing Aluhur dhateng para kawula alit, punika saged kémawon. Dados mboten kala rumiyin saha sapunika. Lampahé sejarah, suka paseksèn bilih kawula alit punika saget kémawon, hanjalari tumuwuhipun para luhur. Tegesipun, para ingkang jumeneng Nata Hingkang asma Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana, tetéla kagungan darah luhur para Nata ugi dharah Kawula ALIT.

Punika dungèngipun. Déné trah kawula Alit kados Ibudalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. Ngantos gadhah sesebutan KANJENG RATU. Lan asma KENCANA. Punika cuplikan sekedhik dongengipun kasebat nginggil.
Kawiwitan saking Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping III. Kagungan prameswari kalih.
Asmani pun ugi Kanjeng Ratu Kencana. Punika putrinipun Kanjeng Ratu Maduretno, sedhèrèkipun Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.II. Dados dhawah nak sedhèrèk, kaliyan Hingkang Sinuhun P.B.III.
Kanjeng Ratu Maduretno punika kagarwa kaliyan PANEMBAHAN GAKRANINGRAT ing Madura.

Kanjeng Ratu Kencana Beruk punika atmajanipun R.T.Wirorejo. Dados saking kawula Alit. Garwano I sarta no 2 asmanipun sami. [ 42 ]

Kocap kacarito: Nalika jumenengdalem Hingkang Sinuhun P.B.II ing Kartasura, kagungan kekasih nama Ng. Wirorejo. Sabedhahipun Nagari Kartasura Ng, Wirorejo pisah kaliyan Gustinipun. Keplajeng ngalèr dumugi Semarang. Ing Semarang piyambakipun lajeng rabi kaliyan rincangipun Tuwan Semit. Babu punika sampun randha. Gadhah anak alit satunggal jaler. Wirorejo lajeng tumut ingkang estri wau, dados jongosipun tuwan Semit.

Sawatawis dangu tumut tuwan Semit. Namung rèh ning Tuan Semit dipun pindhah pedamelanipun dateng Surabaia. Pak Wirorejo mboten tumut Rehning jaman sampun jamanipun Hingkang Sinuhun Paku Buwana III, ngadhaton ing Nagari Surakarta, Wirorejo sak anak bojonipun boyong dhateng Surakarta. Lelantaran pamanipun nama Ngabei Wirojoyo, suwita malih. Ngabèi Wirojoyo pamanipun punika abdi dalem srati. Griyanipun Gajahan. Pasuwitanipun Wirorejo saget katampi. Kadadosaken Abdi dalem juru maos. Kaparingan nama Ki Jogosworo. Lajeng dipun pendhet mantu déning pamanipun Wirojoyo.

Kocap mbok Wirorejo, inggih mbok Jogoswara babunipun tuwan Semit dados mbok sepuh. Nuju wawrat mboten kempal kaliyan ingkang jaler, Gesangipun memelas. Nuju wanci dalu Hingkang Sinuhun P.B.III nuju mlampah-mlampah mirsa wonten pulung cumlorot dhawah kaprenah wonten kampung Gajahan panggén ani pun Ki Jogosworo. Mbok Jogoswara sepuh nuju wawrat ageng wonten griya piyambak kaliyan anakipun sapiyan. Hingkang Sinuhun lajeng dhawuh, ing binjang samangsa bayi lahir, kadhawuhan lapur Hingkang Sinuhun. Saèstu nalika bayi lahir, Jogosworo lajeng ngaturi uninga dhateng Kraton, bilih dalu jam 2 estrinipun gadhah anak medal èstri wilujeng. Rikala dipununjuki huninga panjenengandalem saweg nuju dhawuh mecah beruking klapa, mripat satunggal. [ 43 ]

badhé kagem dandosan. Mila lajeng paring dhawuh, Jabang bayi jenengna Rara Beruk. Hing riku Hingkang Sinuhun kèngetan rikala dhawuh - nglebetaken jabang bayi samangsa lahir. Ingkang teksih wonten wawratanipun mbok Jogosworo.
Hingkang Sinuhun dhawuh ing binjang manawi laré wanci jebèng tapih kinten 12 tahun, kadhawuhan nglebe taken Kraton.
kalampahan dumugi wanci kadhawuhan wau, Rara-Beruk kaunjukaken malebet Kraton. Kaparengdalem katunggilaken para cethi.
Kacarios manawi wanci dalu badanipun Rara Beruk katingal kados déné murub, ngantos kahuningan Hingkang Sinuhun. Tegesipun Hingkang Sinuhun mrangguli, murubipun Rara Beruk wau.
Salajengipun Rara Beruk kapundhut dados priyantundalem, garwa ampéyan. Dewasanipun kakersaka ken dados PRAMESWARI DALEM.
Kaparingan asma sarta sesebutan KANJENG RATU KENCANA. Kapirit saking, amargi kadunungan urub kados cahyanipun Kencana. Makaten ugi Mbok Jogoswara sinebut R.Ay. IBU. Ki Jogosworo kaparingan pangkat Tumenggung, nama Raden Tumenggung WIROREJO. Déné ana jaler bektani pun mboк wirorejo rikala randha ing Semarang, kaparingan sesebutan Raden Panji Sumodilogo.
Punika cuplikan sawatawin sejarahipun Prameswari dalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana III ing Surakarta.

***********
[ 44 ]
44
SERAT WULANGREH YASANDALEM HINGKANG SINUHUN PAKU BUWANA IV.

Sekar Dhandhanggula.

  1. Pamedharing wasitaning ati.
    Cuman thaka aniru pujangga.
    Dhahat mudha ing batine.
    Nanging kedhah ginunggung.
    Datan weruh yen akèh ngeseni.
    Peksa ngungrum pustak 1.
    Basa kang kalantur.
    Tutur kang katula-tuli.
    Tinalaten rinuruh kalawan ririh.
    Mring padhanging sasmita.
  2. Sasmitaning ngaurip puniki.
    Yekti éwuh yèn nora weruha.
    Tan jumeneng ing uripé.
    Akèh kang ngaku- aku.
    Pangrasané pan wus utami.
    Tur durung wruh hing rasa.
    Rasa kang satuhu.
    Rasaning rasa punika.
    Upayanen darapun sampur neng diri.
    Hing kahuripanira.
  3. Jroning kur'an nggoning rasa jati.
    Nanging pilih wong kang uninga.
    Kajaba lawan tuduhé.
    Nora kena kinawur.
    Ing satemah nora pinanggih.
    Mundhak katalajukan.
    Temah sasar susur.
    Yèn sira ayun waskitha.
    Kasampurnaning badanira puniki.
    Sira hanggeguruwa.
    [ 45 ]
SAMPEYAN DALEM HINGKANG SINUHUN KANJENG SUSU

HUNAN PAKU BUWANA SENAPATI ING NGALAGA ABDUL RACHMAN SAYIDIN PANATA GAMA KALIFATULAH ING

KANG KAPING IV ING NAGARI SURAKARTA HADININGRAT. 1768.

Ugi kasebut Susuhunan Bagus.
Putradalem Sampeyan dalem Hingkang Sinuhun, Paku Buwana III. Putradalem no 17. Mios saking Prameswari dalem K.RATU KENCANA (Beruk)

Wiosan dalem ing dinten: Kemis Wage jam 10 dalu. Tanggal kaping 18 Rabingulakir taun Je 1694 utawi 2 September 1768 Wuku Watugunung Windu Sengara, Kaparingan asmà B.R.M.GUSTI. SUBADYO.

Sareng dewasa kajumenengaken Pangeran Adipati Anom, asma.
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM SUDIBYA RAJA PUTRA NARINDRA MATARAM INGKANG KAPING II ING NAGARI SURAKARTA HADININGRAT.

Jumeneng Narindro hanggen tosi Ramadalem suwarga: Hamarengi dinten Senen Paing tanggal kaping 28 Wulan Besar Taun Jimakir 1714, utawi 29 September 1788 Wuku Kulawu Windu Hadi. Sinengkalan; DADI RATU SABDANING RAMA. Nalika semanten yuswa dalem saweg 20 Warsa 7 Wulan.

Surud dalem hamarengi dinten malem Senèn Paing tanggal kaping 25 wulan Besar Warsa Alip 1747, utawi 2 Oktober 1820. Wuku Marakèh Windu Sengara waci jam 7.30 Dalu. Sinengkalan; SIRNANING PANEMBAH HANGESTHI TUNGGAL.

Surud dalem dumugi yuswa 53 Warsa. Déné laminipun Hangasta Pusaraning Praja 33 Warsa. Jumenengdalem Nata ing taun 1788. Surud dalem ing taun 1820. Wiosandalem ing taun 1768. [ 46 ]
ASAL SILAH SAKING IBUDALEM K.RATU KENCANA.
  1. Hingkang sinuhun Kanjeng Sultan Demak I, Syah Alam Akbar. peputra.
  2. Pangeran Pamekas sumaré ing Gugur peputra.
  3. Panembahan Tejowulan ing Jogorogo, peputra.
  4. Kyai Ageng Ampuan, Pangeran Tejokusumo, peputra.
  5. Kyai Ageng Karanglo, peputra.
  6. Kyai Ageng Cucuk Telon, peputra.
  7. Kyai Ageng Rogas, peputra.
  8. Kyai Ageng Cucuk Singowongso, peputra.
  9. Demang Bau Wasésa ing Bero, peputra.
  10. Kyai Ageng Sutojoyo Mancut, peputra.
  11. Kyai Sutojoyo, peputra.
  12. Ki JOGOROGO R.Tg. WIROREJO, peputra.
  13. K.Ratu Kencana Beruk, peputra.
  14. SAMPEYAN DALEM HINGKANG SINUHUN KANJENG SUSUHUNAN PAKU BUWANA IV.B.R.M.G.SUBADYO.

Pindhah Kadhaton saking Kartasura dhumateng Surakarta 17 Februari 1745. Hingkang Jumeneng Nata Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.II. Ngantos dumugi 1749, lajeng Surud. Asma Timur B.R.M.Gusti PROBOSUYOSO.

Kagan tos Putradalem K.G.P.Adipati Anom I. Asma Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping III. (tiga). B.R.M.Gusti SURYADI.

15 Desember 1749.

Surud dalem wonten 26 September 1788.

Kagantos putradalem K.G.P. Adipati Anom, B.R.M. Gusti SUBADYO.

Ing taun 1788 tanggal 29 September.

Yuswa 20 Warsa. Jumeneng dalem dumugi taun.

25 Besar 1747 utawi 2 Oktober 1820.

Putra sadaya wonten 57.

Ingkang sugeng 26.

Prameswari dalem wonten 2.

Garwa ampéyan wonten 24.

Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. punika ingkang yasa serat WULANG REH. [ 47 ]
SAMPEYANDALEM HINGKANG SINUHUN P.B.IV

Prameswari no 1 K.R. Kencana R.Aj Handaya.

Prameswari no 2 K.R. Kencana R.Aj Sukaptinah.

Prameswari no I peputra ingkang Sinuhun P.B.V

Prameswari no 2 peputra Hingkang Sinuhun P.B.7


Garwa ampeyan wonten 24.

Putra putridalem wonten 57.

  1. Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.V. B.R.M.Gusti Sugandi.
  2. G.R.Ay. Handawiyah, seda timur mios saking R.Ay. Retnodiningsih.
  3. G.R.Aj. Rakiyah, G.R.Ay. Brotokusumo, mios saking R.Ay. Smaraningsih.
  4. Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.VIII. G.R.M. KUSEN mios saking R.Ay. RANTANSARI.
  5. K.G.P.H. Kusumoyudo G.R.M. Ngamdani mios saking R.Ay. Retnodiningsih.
  6. G.R.Aj. Asiah, seda timur mios saking R. A Smaraningsih.
  7. G.R. AJ. Mariyam seda dewasa mios saking R. Ay. Tiknosari.
  8. G.R.Aj. Marwiyah, seda timur mios saking R.Ay. Retnodiningsih.
  9. G.R.M. Supadi, seda timur mios saking R.Ay. Werdiningsih.
  10. G.R.M.Pirngadi G.P.H.Notobroto mios saking R.Ay. Retnaningsih.
  11. Gusti seda timur dereng dipun asmakaken.
  12. G.R.Aj. Isbandiyah, seda timur mios saking R.Ay. Retnaningsih.
  13. G.K.Ratu Pambayun krama angaal K.P.H.Mangkubumi II. Mios saking K. R. Kencana II.
  14. G.R.M.Hutoro G.P.H.Noto puro mios saking R.Ay. Werdiningsih.
  15. G.R.Aj. Bandiyah seda timur mios saking K.Ratu Kencana II.
  16. G.R.M.Subaji G.P.H.Notokusumo mios saking R.Ay. Smaraningsih. [ 48 ]
  1. Gusti seda timur.
  2. G.R.Aj. Daliyah seda timur mios saking R.Ay. Rengganingsih.
  3. G.R.Aj. Bidaliyah G.R.Ay. Jayaningrat, mios saking R.Ay. Timora.
  4. G.R.M. Ismail G.P. H. Jatikusumo mios saking R.Ay. Smaraningsih.
  5. G.R.M. Sadalsah, seda timur.
  6. G.R.Aj. Ngaisah G.R.Ay. Joyodiningrat.mios saking R, Ay. Timbra.
  7. Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.VII. K.G.P.Adipati Hario PURUBOYO, B. R.M Gusti. MALIKIS SOLIKIN, mios saking K.R.Kencana II
  8. G.R.M.Umar G.P. H. Joyokusumo mios saking Rd. Tijah.
  9. G.R.M. Jayusman seda timur.
  10. G.R.Aj/Ripangiyah G. R.Ay. Mangkudiningrat mios saking R.Ay. R.Ay. Smaraningsih.
  11. G.R.M. Darusamsi, seda timur.
  12. G.R.Aj. Aminah G.R.Ay. Padmodipuro mios saking Rd Timbreng.
  13. G.R.M. Sadarsan, seda timur.
  14. G.R.Aj. Rakimah seda timur.
  15. G.R.M. Ngusman seda timur.
  16. G.R.M. Abukahar, G.P.H. Balater mios saking R.Ay. Gandawati.
  17. G.R.Aj, Kamariyah G. R.Ay. Sosrodiwiryo mios saking Rd Wilet.
  18. G.R.M. Widuro G.P.H. Widura mios saking Rd Wisarto.
  19. G.R.Aj. Kalimah G.R.Ay. Adipati Sosrodiningrat mios saking Rd Wisarto.
  20. G.R.M. Ngali G.P. H. Pringgoloyo mios saking R.Ay. Mintarsih.
  21. G.R.M. Samsir G.P.H. Danupoyo mios saking Rd Wisarto.
  22. G.R.Aj. Mustakimah. seda timur.
  23. G.R.M. Kasim G.P.H. Hadikusumo mios saking R.Ay. Renggosari.
  24. G.R.AJ. Karimah G. R.Ay. Padmokusumo mios saking R.Ay. Pujaningsih.
[ 49 ]
  1. G.R.Aj. Sakati, seda timur.
  2. G.R.Ay. Sariyah G.R.Ay. Prawirosubroto mios saking Raden Wisarto.
  3. G.R. Aj. Aminah seda timur.
  4. G.R.M.Kartolo seda timur.
  5. G.R.Aj. Sin to seda timur.
  6. G.R.M. suwardi seda timur.
  7. G.R.Ay. Wiratmojo pegat. Krama angsal Adipati Sosrodiningrat mios saking R.Ay. Renggosari.
  8. G.F.M. Kanapi seda timur.
  9. G.R.Ay. Kariyah G. R. AY. Mangkuyudo mios saking R.Ay. Rengganingsih.
  10. G.R.Aj. Siyam seda timur.
  11. G.R.M. Suwondo. seda timur.
  12. G.R.Aj. Kanapiyah seda timur.
  13. G.R.M. Rustam, seda timur.
  14. G.R.Aj. Samsikin seda timur.
  15. G.R.M.Sadoro G.P.H. Priyombodo mios saking R.Ay. Pujaningsih.
  16. G.R.M.Suneko, seda timur.
  17. G.R.M.Sardulo G.P.H. Panji Anom mios saking king R.Ay. Widaningsih. [ 50 ]Susuhunan Paku Buwono IV (page 54 crop) [ 51 ]19. BETARA KALA


 Betara Kala seorang Dewa, putra Betara Guru dan dilahirkan di tengah-tengah samudera. [ 52 ]

Hing nalika Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B. IV. taksih jumeneng Pangeran Pangeran Adipati Anom, kersa yasa ringgit Purwa.
Babonipun ringgit yasan ing Kartasura. Kaparingan nama Kyai Pramu Kenya. Abaidalem panatah hingkang kakarsakaken nggarap nama: Gandatruna kaliyan Cermapangrawit. Punika karsadalem mangun wandaning ringgit rangkep-rangkep. Dene Wanara sami mripat satunggal. Ringgit lanyapan sami sami kabucal sangkupipun. Sarampungipun yasandalem wau saklampahan, kajawi ricikanipun cacah 200. Saha lajeng kaparingan nama Kyai Mangu. Nuju ing tahun EHe 1706 utawi masei 1751.
Tumunten karsadalem yasa ringgit malih. Baboni pun Kyai Pramu Kenya. Sami kawangun kados kagungan dalem hingkang sampun dados. Nanging wewah Bima mawi Makutha. Dasamuka mripat satunggal. Wandani pun Belis. Kumbakarna mripat satunggal. Wanda mendung. Sumbadra wanda lentreng. Rara Ireng (Sumbadra enem) lastantun lanceng. Kala samanten ringgit yasan hing Surakarta sampun mboten mawi sang kala gambar. Déné titimangsanipun

sami dipun serat nunggil palemahaning kakajengan. Hamargi sampun wonten hingkang saged ngukir. Sastra wonten hing wacucal. Menggah wandaning ringgit sami mungel ing palemahanipun. Kadosta hingkang rupak palemahanipun namung mungel jenengandalem. Harjuna Jimat. Hingkang wiyar palemahanipun mungel nama wanda saha angkaning taunipun. Sareng sampun dados salampahan, kaparingan nama Kyai Kanyut. Wondéné kagungan dalem ringgit purwa Kyai Mangu. Sarta Kyai Kanyut wau, Sarèhning cacahing kawujutan saha wandanipun sami hingkang kabedakaken namung panyunggingipun busana. Kyai Mangu [ 53 ]

punika namung kapulas gempolen. Limrahing pakecapan kawastanan pathekan Kyai Kanyut pamulasipun kahèsthi ron. Sawèneh sembagen. Kembang tiba. Hamarengi ing taun Jé 1708 Utawi masei 1753.

Kaparengdalem yasa ringgit Purwa malih. Salampahan. Babonipun yasan ringgit ing Kartasura. Kajujut sapalemahan. Sarta kawangun Denawa sarta wanara sami mripat satunggal. Saha wangun wandané Harjuna enèm. Kinanthi hakaliyan Kadung. Angkawijaya bontit. Ugi kawastanan wanda pangantèn. Punapa malih yasa wanda Bima gurnat.

Jaladara wanda kaget. Kresna mangu, Brataséna manut wandaning Bima kemawon. Saha karsa dalem yasa denawa prepatan. Sami mawi rasukan, saha mangun wandanipun Pétruk. Wanda mésem. Bagong wanda ngrèngkèl. Ugi

kawastanan wanda roti. Saha yasa Putra Ngalengka, mboten bokongan. Habdi dalem pananatah hingkang kakarsakaken hanggarap: I: Cermapangrawit. 2: Gondo truno. 3: Cermonatas. 4: Cermodrono. 5: Cermotruno. 6:Cermojoyo. Kala samanten wiwit wonten awisaning Ringgit Wacucal Purwa. Sarta Gedog. "Kajawi kagungandalem sami mboten katilan mawi palemahan cemeng. Punapa malih mboten kalilan hadamel kayon ingkang mboten kahisènnan bubujengan. Sareng Sampeyandalem kaparingan nama Kyai Pramukenya Enem. Ugi kawastanan Kyai Pramukenya ing Kadipaten Kawonten ani pun ing sapunika kasebut ringgit Jujut sapisan. Ringgit wau lajeng kunjuk Hingkang Sinuhun. Déné ringgit Kyai Pramukenya, babonipun kasimpen ing Gedong Sitihinggil. Nalika punika nuju taun Bé,1710. Utawi masei 1755. [ 54 ]

Hing sajumeneng dalem Nata, Yasa ringgit Purwa, babonipun Ringgit Kyai Mangu. Kaju jut satunggal satengah palemahan. Saha karsadalem sadaya ringgit katongan kawangun mawi makutha...Sadaya ringgit: ingkang mawi wanda dipun wontenaken sangkep rangkep.

Ringgit dugangan kadosta Patih balaSSabrang Saha Kurawa sawatawis. Hingkang perlu kanggé sami kawontenaken. Punapa déné ringgit ricikan utawi kayon utari dadamel sani mboten katunggilaken sakotak. Kamanggènaken ing kotak sanès. Kadosta bangsa hiber hiberan, bangsa gegremetan sato wana. Bubujengan toya peksi sapanunggilanipun. Denawa dhagelan, limrahi pun kawastanan dagelan (sétanan)

Hing sadadosipun ringgit, kagungandalem kyai Kadung, Prayogining wawangunan, punika hanggawokaken. Déné ringgit jujudan katingal turut kados ringgit dèrèng kajujud. Milanipun Putra Sentana dalem utawi prayagung wadana sasaminipun, hing. pundi pundi hingkang yasa ringgit Purwa jujudan sami mirit Kyai Kadung. Nanging mboten wonten hingkang saged prayogi utawi sebetanipun sadaya ringgit jujudan kajawi Kyai Kadung ringgitipun èstri lajeng katingal kinggilan dedek. Namung Kanjeng Pangeran Hario Singasari I, yasa ringgit Purwa, tasih miturut babonipun ringgit yasan hing Kartasura. Dénawa wanan mripat kalih, Sarta para abdi dalem dalang hing kasepuhan inggih tasih mirip wandanipun Kyai Pramukenya. Hingkang kasimpen hing gedong Siti Hinggil. Déné abdidalem dalang hing Kadipaten damelanipun ringgit Purwa mirib wandanipun Kyai Kadung utawi Kyai Kanyut. Dénawa wanara sami mripat satunggal.

Katelah dumugi ing sapunika. Tiyang damel ringgit ingkang dedek hangadeki pun dèreng kajujud. Kawestanan sami kaliyan ringgit padalangan. Menggah para putra sentana utawi abdi dalem hingkang sami damel ringgit Purwa. Gurunipun inggih katah ingkang tatahani pun dalang Sodongso ing dusun Palar..wau. [ 55 ]

Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana kaping IV.

Yasa ringgit Gedhok, babonipun Kyai Banjèt. Nanging kadamel ribik. Ringgitipun estri gelungan, kawangun béda kaliyan gelunganipun ringgit Purwa. Wujutipun ringgit panggung kiwa tengen kadamel rangkep-rangkep. Sarta katonganipun tanpa makutha, namung nganggé jamang. Kagelung warni-warni. Sareng dados kaparingan nama Kyai Dewa Katong. Nuju tahun 1724.

Kacarios: Hingkang Sinuhun Paku Buwana Kaping Sekawan (IV) kala taksih jumeneng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, sampun kathah yasandalem hawarni-warni. Saha dumugi sapunika yasandalem wau kalebet pipilihanipun para hingkang sampun hangrektosi. Manawi bangsa dedamel waos dhuwung, saben damelanipun EMPU BRAJAGUNA.

Ringgit wacucal Purwa utawi Gedhok damelanipun abdi dalem panatah GANDA TRUNA. Utawi CERMA PANGRAWIT. Saha kacarios Sampeyandalem Hingkang Sinuhun wau pralebda dhateng langening praja. Kadosta hanganggit lampahaning ringgit Purwa, saha ringgit Gedhog sarta saget handhalang. Sampun hanetepi prelunipun.

Kados hingkang sampun kasebut huge ring padhalangan. Wiwit kala samanten şalebeting nagari Surakarta dhalang manawi ngringgit béda-béda patrapipun. Manawi ngringgit wonten salebeting Karaton, wiwit gangsa mungel lajeng jejer kémawon. Manawi dhalang ngringgit wonten dalemipun putra-sentana dalem sapangandhap dumugipara habdidalem ageng alit kedah mawi talu rumiyin, lajeng mungel gendhing jejering ringgit. Manawi dhalang katanggap para abdidalem sudagar utawi pangindhung kedah mawi talu. utawi dipun susuli rumiyin, hingkang katembung ngaken mucuki punika, hing saderengipun dhalang wiwit jejer lampahaning ringgit [ 56 ]Hanak hutawi rincangipun dhalang salah satunggal hanglampahaken ringgit hadeganipun bambang kaliyan pandhita kémawon, dumugi prangipun bambang mengsah denawa lajeng bibar. Sabibaring pucukan wau dhalang lajeng wiwit hangringgit. Jejer punapa badhe lampahar paned hani pun hingkang nanggap. Wondéné hing sakawiti pun karsadalem yasa ringgit Kyai Mangu. Dumugi yasandalem ringgit Kyai Kadung. Pepak sadaya wandaning ringgit. Hingkang pancèn gadhah wand -ranggep hutawi lamba. Kados ingkang kapratélakhaken ing ngandhap punika.
Ringgit hingkang kasumping hing panggungan kiwa tengen. Sarta hingkang mboten kasumpinghingkang sami gadhah wanda kadosta: Harjunawandanipun gangsal. Kalebet kinanthi. Nanging hingkang kagem karaton namung sakawan. Jimat Mangu Kanyut sarta malatsih. Manggèn panggungan tengen (pamadé) Habimanyu Angkawijaya - wandanipun kalih: Pangantèn sarta bontit panggungan kiwa.
Gara-gara wandanipun kalih, geblag sarta sembada panggungan kiwa. Karna wandanipun satunggal bledru. Panggungan kiwa. Kresna wandanipur tiga Gendrèh rondhon, mangu panggungan tengen. Kurupati Suyudana wandani pun kalih. Jangkung sarta jaka, panggungan kiwa. Kakrasana Baladewa nèm, wandanipun kalih, kilat sarta sembada. Panggungan kiwa. Kumbakarna Denawa Ratorton, wandanipun tiga, barong macan. Mripat kalih sarta mendhung. Mripat satunggal panggungan kiwa. Dasamuka wandanipun kalih bugis mripat kalih, sarta belis. Mripat satunggal panggungan kiwa. Srikandhi wandanipun kalih goleng sarta patrem. Panggungan tengen. Setiaki wandani pun tiga, mimis wisun sarta kakin. Panggungan kiwa. Samba wandanipun tiga, sembada banjet bontit panggungan kiwa. Sembadrawanda gangsal rangkung len treng lanceng jinem [ 57 ]Patrem, panggungan tengen. Pamadé, wanda sekawan: Pangasih,pangawé, kadung, kinanthi, panggungan tengen. Yudhisthira, wanda kalih, puthut panuksma, Panggungan tengen. Bathara GURU,wanda kalih, harca karna mboten kasumping.Gathut kaca, wandanipun sekawan. Guntur, kilat, cacit gelap,panggungan tengen. Baladéwa, wandanipun sekawan. Geger, kaget, sembada,paripeksa, Panggungan kiwa. Bima, wandanipun sekawan. Mimis lindhu, panonlintang, urnat, panggungan tengen Bomowarni, 2; Gusend sarta halus,panggungan kiwa. Bambang wanda, 2: Miling,padhasih, panggungan kiwa. Semar kanthi Bagong, wandanipun,brebes, mendhung, manawi kanthi Nalagareng Petruk, wandanipun ginuk sarta dhukun,mbotenkasumping.Bagong, wandanipun tiga, gilut, gembor, sarta ngrengkel, utawi roti.Mboten kasumping. Petruk, wandanipun tiga, Jegong, jamblang sarta mesem,mboten kasumping. Kajawi kasebut hing nginggil punika ugi taksih wonten Wandaning ringgit warni-warni, hingkang pika jengipun dhalang utawi damel piyambak. Dados nama murgan. Hananging sarehning morojol sakking pahugeran hingkang sampun kagem Karaton. Milanipun mboten kacariosaken hing pratelan punika.
Hing sahantawis tahun laminipun, jumenengdalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. kagungandalem ringgit PURWA kalih lampahan.
Kyai Mangu, kaparingaken hingkang putra Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Haryo KUSUMOYUDO.
Kyai Kanyut, dhateng hingkang putra Kanjeng Pangeran Haryo NOTOPURO.
Kagungandalem ringgit Kyai Pramukenyo enem kagem padintenan..... [ Img ]


TAMAT