Serat Centhini Latin 1
SERAT
Centhini
LATIN
1
SERAT
Centhini
LATIN
1
HAK CIPTA DILINDUNGI UNDANG-UNDANG
Cetakan : Pertama 1975 U. P. INDONESIA
Yogyakarta. [ Kata Pengantar ]"Serat Centhini" adalah suatu buku berbahasa Jawa yang isinya merupakan sumber kesempurnaan hidup orang Jawa. Buku aslinya berhuruf Jawa, terdiri dari 12 jilid, dan terdiri dari 3500 halaman. Ditulis oleh Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkurat III atau lngkang Sinuhun Pakubuwana V dari Surakarta, lalu disalin ke huruf latin oleh Bapak Kamajaya dan diterbitkan oleh Yayasan Centhini, Yogyakarta tahun 1985. Serat Centhini yang tidak asing lagi bagi orang Jawa ini merupakan sumber dari berbagai ilmu pengetahuan mengenai kebudayaan Jawa baik lahir maupun batin. Maka sudah sepantasnya apabila buku ini disebut "Ensiklopedi Kebudayaan Jawa". (Serat Centhini ini dibuat pada hari Sabtu Pahing tangga1 26 Sura, dengan candra sengkala " Paksa suci sabda ji" atau tahun 1742 (tahun Jawa) atau tahun 1814 Masehi. Pada awalnya dinamakan "Suluk Tambang Raras". Sedangkan nama Centhini diambil dari pengasuh Niken Tambang Raras, istri Seh Amongraga. Hingga kini buku itu disebut Serat Centhini.
Salah satu dari ke 12 jilid Serat Centhini ada1ah Serat Centhini Jilid I. Buku ini te1ah dialihaksarakan dari huruf jawa ke huruf latin oleh Bapak Kamajaya, Ketua Yayasan Centhini, Yogyakarta. Serat Centhini Latin I ini ternyata banyak mendapat sambutan Hangat dari para pembaca, sehingga mereka, para penggemar Serat Centhini ini, mendesak agar dicetak kembali Serati Centhini Latin Jilid I ini.
Untuk itu atas kerja sama Yayasan Centhini, Yogyakarta dengan Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisiona1, Direktorat Jendera1 Kebudayaan, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, maka Serat Centhini Latin Jilid I ini dicetak kembali ·dengan anggaran Proyek Penelitian dan Pengkcijian Kebudayaan Nusantara. [ Kata Pengantar ]Kami menyadari bahwa buku ini perlu diterjemahkan ke dalam bahasa Indonesia, agar masyarakat yang tidak mengerti bahasa Jawa dapat memetik manfaat dari isi buku ini. Walaupun demikian, kami tetap berharap semoga buku ini tetap menjadi sumbangan pikiran bagi budayawan dan ilmuwan lainnya.
Akhirnya pemimpin Proyek Penelitian dan Pengkajian Kebudayaan Nusantara mengucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya kepada semua pihak yang telah membantu terbitnya buku ini.
Jakarta, Mei 1991
Pemimpin Proyek,
Sri Mintosih, BA
NIP. 130 358 048
Sêrat Cênthini aksara Latin punika aslinipun sêratan aksara Jawi. cacahipun 12 jilid. kandėlipun langkung saking 3.500 kaca. Sêrat ingkang asli sumimpên ing Sanapustaka kraton Surakarta. Dene ingkang wonten ing Rêksapustaka Mangkunagaran. Pahêman Radya-pustaka Sriwedari. Museum Sana Budaya Yogyakarta. Museum Gedong Gajah Jakarta lan sanes-sanesipun punika sadaya turunan utawi turunaning turunan
Sêrat Centhini jangkêp 12 jilid dumugi sapriki dereng nate kawêdalakên sarta kacetak aksara Jawi utawi Latin. Nalika taun 1912 M. mila sampun wontên Sêrat Cênthini Latin wêdalan Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen'. cetakan Firma Ruygrok & Co ing Betawi, cacahipun 4 buku isi 8 jilid. jilid 1 dumugi 8. ananging cetakan Latin wau sayêktosipun 'pêthikan' saking aslinipun jilid 5 dumugi 9. Dados, pêthikan ing tengah lan botên kenging kawastanan jangkêp. Cêthanipun. Sêrat asli jilid 1 dumugi 4 tuwin jilid 10 dumugi 12 botên kawêdalaken. Katrangan bab Sêrat Cênthini pêthikan wau badhe kaaturakên ing wingking.
Dumadosipun Sêrat Cênthini Dumadosipun Sêrat Cênthini wau awit saking karsanipun Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III, putra Ingkang Sinuhun Paku buwana IV (jumênêng 1788 1820 M) ing Surakarta. Kangjêng Gusti wau ing tembenipun jumênêng Sinuhun Paku Buwana V (1820-1823 M) ingkang ugi sinêbut Sunan Sugih.
Ingkang pinatah mandhegani anggubah Sêrat Centhini wau abdidalem kliwon carik kadipaten wasta Sutrasna ingkang ugi sinebut Ki Ngabei Ranggasutrasna, dipun kantheni:
1. Raden Ngabei Yasadipura II (Raden Tumenggung [ Prawacana ]Sastranagara), abdidalêm bupati pujangga kadipaten:
2. Raden Ngabei Sastradipura, abdidalêm kliwon carik kadipaten. Sasampunipun nindakaken ibadah haji, ganos nami Kyai Haji Mohammad Ilhar:
sarta kaparingan pembantu: 1. Pangeran Jungut Mandurarêja. pradikan krajan Wangga. Klaten, Surakarta:
2. Kyai Kasan Bêsari. ngulama agung ing Gêbangtinatar. Panaraga, mantudalem Sinuhun Paku Buwana IV:
3. Kyai Mohamad Minhad, ngulama agung ing Surakarta.
Wondene ingkang minangka lajêring cariyos lalampahanipun Jayengrêsmi inggih Seh Amongraga. Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom maringakên sêrat 'Suluk Jatiswara. kadhawuhan. ambabar tuwin ambeber kanthi moncèr. Dene 'Suluk Jawiswara' wau miturut candrasangkala panyêratipun Jati tunggal swara raja (1711 Jw.), punika jamanipun Ingkang Sinuhun Paku Buwana III. mila wontên pandugi sèrat wau yasandalem PB III. Kathah para ahli ingkang, kadhawuhan ambiyantu ing babagan kawruhipun piyambak-piyambak. kalêbêt Kangjeng Pangulu Tafsiranom ing bab agami Islam. Para ahli sanes-sanesipun sami nyêrat bab-bab: agami. kabatosan (mistik). ngelmu kasunyatan/kasampurnan. jayaka- wijayan, kanuragan. pangasiyan. kawruh sanggama. pêpetangan primbon, iladuni, pawukon, pranatamangsa, kawruh sasaji, tatacara. jiyarahan. patilasan. têtilaran kina. kasusastran. dongeng, babad, dhuwung dalah ciri-cirinipun. bab kuda, pêksi. wisma (undhagi). karawitan, gêndhing, bêksan, tanêm tuwuh, têtanen, jampi-jampi lan taksih kathah sanes-sanesipun, kalêbêt lêlucon ngantos bab carêmêdan (awon. rêsah). Sadaya karêmbag muyêg. lêbêt lan nêngsêmaken Bab kawontênan ing rêdi-rêdi, guwa, pasisir lan sasaminipun wawaton palapuranipun para bupati pasisir. Utusan-utusan sami ngyêktosakên papan-papan ingkang kramat tuwin wingit. kadhawuhan daměl pengêtan minangka dhasaring panggubah. Parandene sang Pangeran Adipati Anom ugi nyarirani tumut anggarap lan naliti sadaya isinipun. [ Prawacana ]Wiwiting panggarap Sêrat wau ing dintên Sabtu Paing, tanggal 26 Sura. sinèngkalan 'Paksa suci sabda ji', taun Jawi 1742 utawi taun Masehi 1814. Dados umuripun sampun 171 taun. Sarêng sampun dados. Sêrat wau kaparingan nama 'Suluk Tambangraras' ingkang umumipun sinebut 'Sêrat Cênthini'. Dene nama 'Centhini' wau mêndhêt namaning cethi-abdinipun Niken Tambangraras ingkang dados garwanipun Seh Amongraga.
Saking pêpak lan kathahing isinipun Sêrat Cènthini wenang sinêbut 'Ensiklopedi Kabudayan Jawi'.
Sêrat Cênthini 'pêthikan'
Ing ngajêng sampun kaaturakên bilih Serat Centhini Latin wêdalan Betawi taun 1912 punika 'pêthikan'. mila botên jangkép kadosdene aslinipun. Dene larah-larahipun. Sinuhun Paku Buwana VII (1830-1855 M) dhawuh nêdhak Sêrat Cênthini asli jilid 5 dumugi jilid 9. Ing jilid 5 kadhawuhan nambahi 'bubuka' dening pujangga Raden Ngabei Ranggawarsita. Bubuka wau arupi sêkar Dhandhanggula 17 pada tuwin Sinom sapada. kanthi sengkalan 'Tata rêsi mulang janma'. taun Jawi 1785.
Sêrat Centhini pêthikan' mawi 'bubuka wau kapisungsungakên dhatêng raja Walandi. Dumugi sapunika kasimpên ing Universitas Leiden. nagari Walandi. Sêrat pêthikan wau katêdhak dening 'Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschahppen Lajêng kawêdalakên aksara Latin ing Betawi. Saderengipun kacetak. kataliti dening Raden Ngabei Suradipura. Raden Prawirasuwignya tuwin Raden Wirawangsa. sarta dipunsukani Katrangan minangka bubuka' dening Raden Mas Arya Surya Suparta, jurubasa Jawi ing Surakarta ingkang têmbenipun jumênêng Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII (1916-1944) ing Surakarta.
Pêrlu kawêdalakên ing aksara Latin
Sêrat Cênthini ingkang umuripun sampun 171 taun lan isinipun sakalangkung kathah sarta pêpak bab kawruh. pangawikan utawi kabudayan Jawi punika satunggaling warisanipun luluhur Jawi ingkang wênang sinêbut adiluhung. Jer Sêrat punika babon [ Prawacana ]utawi sumbering kabudayan Jawi. Serat-serat Jawi kathah sangêt* ingkang mêthik isinipun Serat Canthini. nanging botên nyebut sumbering pêthikan. Pramila Sèrat Cênthini punika sakalangkung perlu dipun sinau lan dipun pahami dening para satrêsna lan para pangudi,wêkasan sagèd dados ubarampe sarta urun dumadosipun Kabudayan Nasional Indonesia.
Sagêdipun para sutrêsna lan para pangudi nyinau Serat Cênthini wau namung bilih Serat wau kacetak lan kawêdalaken ing aksara Latin, amargi cetakan aksara Jawi boten wontên; ingkang Latin jangkêp ugi dereng wontên. Ingkang nate kawêdalakên kadosdene wėdalan taun 1912 sampun boten wonten ingkang nyade, tur ejaanipun sampun beda kaliyan ejaan jaman sapunika. Awit saking punika Serat Centhini Latin punika karaya-raya kawedalaken.
Pambudidayanipun 'Yayasan Centhini'
Ingkang ambudidaya wêdalipun Sêrat Cênthini punika "Yayasan Centhini' (Yasni) ing Yogyakarta. satunggaling babadan ingkang mligi anggarap Sêrat Cênthini Latin dumugi sarampungipun, sukur bage ing tembe saged ngêdalakên Sêrat Cênthini basa Indonesia
Perlu kauningan. bilih tuhunipun Yasni punika nglajêngakên ada-adanipun 'UP Indonesia' ing Yogyakarta ingkang wiwit taun 1975 sampun ngedalakên:
- Pustaka Centhini selayang pandang oleh Ki Sumidi Adisasmita:
- 'Pustaka Centhini. ikhtisar seluruh isinya'oleh Ki Sumidi Adisasmita;
- Sêrat Centhini Latin miturut aslinipun jilid 1 dumugi jilid 6;
- 'Serat Centhini dituturkan dalam Bahasa Indonesia' oleh Tardjan
Hadidjaja dan Kamajaya jilid 1-A dan I-B.
Sêrat Cênthini Latin kasbut angka 3 ing nginggil arupi pecahan-pêcahanipun Sêrat asli. i.p.: jilid 1 asli dados 4 jilid; jilid 5 lan 6 punika sapalihipun jilid 2 asli. Dene 'Sèrat Cënthini dituturkan dalam bahasa Indonesia 1-A dan I-B' punika 'saduranipun' jilid 1 asli.
Rehning UP Indonesia kacupêtan wragad sarta boten saged [ Prawacana ]nglajengaken niyatipun, mila sawatawis sutrêsna Kabudayan Jawi, kalêbêt pendukung utama almarhum Bp. H. Adam Malik. lajêng andhapuk 'Yayasan Centhini' (Yasni) ingkang mligi anggarap Serat Centhini Latin. sukur saged dumugi ing wêdalan basa Indonesia.
UP Indonesia sampun masrahakên naskah Serat Cênthini Latin 12 jilid, kathahipun 5.138 kaca tik folio, babon saking sèraten Jawi kagunganipun Kangjeng Raden Mas Arya Suryasurarsa ing Mangkunagaran Surakarta, sadaya wontên 3.216 kaca folio. Sèrat babonipun wau sumimpên ing Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradi- sional Ditjen Kebudayaan Departemen P dan K, Yogyakarta.
Wragadipun
Wragadipun ngedalakên Serat Cènthini Latin ngantos satamatipun yêkti botên sakêdhik, tangeh Yasni saged nyèkapi. Ing wiwitan punika Yasni angsal pambiyantunipun Ford Foundation cabang Indonesia ing Jakarta ingkang pusatipun wonten ing Amerika Serikat. Sanadyan pasumbang wau botên nyêkapi kangge ngêdalaken Sêrat Cènthini Latin dumugi satamatipun. nanging pambiyantu wau sakalangkung agêng paedahipun. jêr saged minangka pancadan wêdalipun jilid-jilid kawitan, salajengipun mugi sagêd sambêt-sumambêt saking angsal-angsalan panyadenipun Serat Cênthini Latin jilid-jilid kawitan kasbut.
Awit saking punika Yayasan Centhini ngaturakên gunging panuwun dhatêng Ford Foundation lan sadaya ingkang sampun nyengkuyung wêdalipun Sêrat warisaning luluhur Jawi punika. kalêbêt para pambiyantu anglatinakên Serat Centhini tuwin para sutrêsna tuwin para maos ingkang sampun maringi 'toya panggêsangan'.
Mugi-mugi gagayuhan kasbut pinaringan barkah dening Gusti Allah. Amin.
Yogyakarta, 20 Mei 1985.
YAYASAN CENTHINI.
H. Karkono K. Partokusumo
Ketua
1. Sri narpadmaja sudigbya. talatahing nuswa Jawi. Surakarta Adiningrat. agnya ring kang wadu carik. Sutrasna kang kinanthi. mangun reh cariteng dangu. sanggyaning kawruh Jawa. ingimpun tinrap kakawin. mrih tan kêmba karya dhangan kang miyarsa.
2. Lajere kanang carita. Jaksananing Jayengrêsmi. ya Seh adi Amongraga. atmajeng Jeng Sunan Giri. kontap janma linuwih. oliya wali mujêdub. paparênganing jaman. Jeng Sultan Agung Mantawis. tinêngran srat kang Susuluk Tambangraras.
3. Karsaning kang narpaputra. baboning pangwikan Jawi. jinereng dadya carita. sampating karsa marêngi. nêmlikur Sabtu Paing. lèk Mukaram wéwarseku. Mrakèh Hyang Surenggana. Bathara Yama dewa ri. Amawulu Wogan Suajag sumêngka.
4. Pancasudaning Satriya.-wibawa lakuning gêni. windu Adi Mangsa Sapta. sangkala angkaning warsi. Paksa suci sabda ji. [1] rikang pinurwa ing kidung. duk kraton Majalengka. Sri Brawijaya mungkasi. wontên maolana sangking nagri Juddah.
5. Panêngran Seh Walilanang. praptanira tanah Jawi. kang jinujug Ngampeldênta. pinanggih sang maha rêsi. araraosan ngelmi. sarak sarengat Jêng Rasul. nanging tan ngantya lama. linggar saking Ngampelgadhing. ngidul ngetan anjog nagri Balambangan. [ 2 ]6. Lereh dhusun Purwasata. raja Balambangan nagri. putranya estri sajuga. ing warna tuhu linuwih. sêdhêng mêpêk birahi. kataman gerah sang ayu. madal sakeh usada. sang nata agung prihatin. kyana patih Samboja sowan mangarsa.
7. Pukulun amba tur wikan. wontên molana ngajawi. kakasih Seh Walilanang, sangking ing Juddah nagari, ing Purwasata kam- pir. yen pinarêng tyas pukulun. prayogi ingaturan. manawi karsa sang yogi. sung usada gêrahe putra narendra.
8. Mangkana dupi miyarsa. aturing sang nindyamantri langkung kaparêng ing driya. nulya utusan ngaturi. sapraptaning jro puri. sang nata gupuh amêthuk. riwusnya tata lênggah. miwah katuran pambagi. amedharken kang dadya rentenging driya.
9. Seh Walilanang wus sagah. nulya ingusadan aglis. gêrahe sang putri mulya. ramebu sukanya ngênting. karsanya narapati. Seh Wali pinundhut mantu. ing karya tan winarna. dennira amangun kardi. atut runtut lir mimi lawan mintuna.
10. Wus lami neng Balambangan. Seh Wali matur sang aji. kinen santun agamEslam. sarengat Nabi sinêlir. nata tan mituruti. seh cuweng tyas lolos dalu. kesah maring Malaka. garwa tinilar (ng) garbini. sang rêtna yu sakalangkung kawlasarsa.
11. Sapêngkêre sang pandhita. pagêring agêng (n)dhatengi.kawula kathah kang pêjah. benduning sri narapati. maring rêkyana patih. den lungsur darajadipun. ki Samboja sru mérang. kesah maring Majapait. anyuwita Sang Aprabu Brawijaya[2].
12. Kaanggep tur kinasiyan. tinandur aneng in Giri. nahan tan antara lama. Ki Samboja angêmasi. pinêtak Giri ugi, sadaya tilaranipun. Jastantun ingkang garwa. kacêluk Nyi Randha Sugih. angluwihi samoaning wong dêdagang. [ 3 ]13. Mangsuli ing Balambangan, rajaputri kang (ng) garbini. wus ambabar mijil priya. warnanya kalangkung pékik. karsanira sang aji. linabuh mring samodra gung, winadhahan gêndhaga. sawuse aneng jaladri. gya ingalap juragan kang lagya layar.
14. Binuka ingkang gêndhaga. isi jabang bayi pêkik. ingaturkên miring nyi randha. langkung trusthanireng galih, dhasar datan sisiwi. mila sihira kalangkung. lir putra (ng) gennya yoga. sinung aran Santrigiri. sawusira yuswa kalih wêlas warsa.
15. Nyai randha lon ngandika. dhuh kulup sira wus wanci. pisah lawan raganingwang. aywa kulineng gêgramin. bêcik ngupaya ngelmi. sarengat Jêng Nabi Rasul. kene ana pandhita. parab Sunan Ngampelgadhing. Surapringga prayoga kawulanana.
16. Sawulange Sang Pandhita. pituhunên lair batin. poma kaki ywa pepeka.cinêkak cariyos neki. Santrigiri wus manjing. nyakabat mring jêng sinuhun. siyang dalu tan pisah. Jan putra ing Ngampelgadhing. kang sinung ran ingkang rama Santri-bonang
17. Tulus dennira kakadang, tan ana salayeng kapti. pangaose wus widagda. sampurna sakehing ngelmi. karsanya rarywa kalih. ayun kesah angèlangut. ngaos mring nagri Mèkah. mancal saking Ngampelgadhing. nitih palwa labuh jangkar neng Malaka.
18. Kapanggih Seh Walilanang. datan samar ing saliring. kandheg neng nagri Malaka. maguru Seh Wali sidik. sawusing (n)tuk sawarsi. sèdyanira rajasunu, dumugekakên karsa. lajêng mring Mêkah nagari. Walilanang sakalangkung datan rêmbag
19. Kinon wangsul ing ngajawa. maring wukir Ngampelgadhing. sarta pinaringan jungkat. kalawan jubah kulambi.nahan ta Santrigiri. sampun sinungan jujuluk. nênggih Prabu Setmata. Santribonang sinung nami. Prabu Nyakrakusuma Susunan Bonang.
20. Nulya bidhal angajawa. wangsul maring Ngampelgadhing. pinanggih sang maha tapa. wus katur sasolahneki. sang rêsi ngandika ris. kawruhanta iku kulup. Seh Walilanang Mlaka. mitrengsun saeka kapti, ing pangawruh lair batin tan sulaya [ 4 ]21 Lah jêbeng sira muliya. maring ing ngasrameng Giri. kawruhanamu renanta. ing samengko nandhang sakit. tumêkeng ngajalneki. mung nganti têkamu kulup. renanta yen palastra. kuburên aneng ing Giri. tunggalena kalawan sudarmanira.
22. Lawan sunideni sira. jumênêng Susunan Giri. jujuluk Prabu Setmata. têmbe ing sapungkur mami. sira ingkang (m)bawani. jumênêng wali linuhung. sinuhun sak-rat Jawa. kabeh padha wêdi asih. kalengkengrat sinebut raja pandhita.
23. Nanging ywa kaliru tampa. dudu ratu mangku nagri. sira wus tan kakilapan. obah osik donya ngakir. wus cukup wêkasmami. Sunan Giri nêmbah nuhun. anulya ngraup pada. lengser saking Ngampelgadhing. tanpa kanthi gancanging cariyos prapta.
1. Ing Giri apan wus tundhuk. kang ibu grahe ngranuhi. rinubung sakeh juragan. rawuhe Jêng Sunan Giri. karamating waliyolah. kang ibu dipunpêraki.
2. Kagyat wungu nulya ngrangkul. kinuswa-kuswa kang siwi. waspa adrês marawayan. sasambatnya mêlas-asih. dhuh lae atmajaningwang. kang dadya têlenging ati.
3. Kurang sathithik katrucut. kulup tan menangi mami. nyawa dene têka lawas. (ng)gonira pruhita ngaji. Jae-lae ora nyana. yen bisa katêmu maning.
4. Mangkya guwayamu mancur. wênês mancorong nêlahi. baya oleh kanugrahan. jêng sunan turira aris. ibu pangestu paduka. wus katur sasolahneki.
5. Kang ibu suka kalangkung. kulup sampurnakna mami. umanjing agama Islam. nulya sinadatkên aglis. kalimah loro winêjang. kang ibu padhang nampani. [ 5 ]6. Kulup wus padhang tyasingsun. datan sumêlang ing ati. sira kariya raharja, têtêpa (ng)gonmu mêngkoni. batihmu para sudagar. isining asrameng Giri.
7. Têmbe ing sapungkuringsun. sakehe dunyarta mami. sidhêkahna kang warata. pêkir miskin anak yatin. lawan tukokna amanat. kaji mring Mêkah nagari.
8. Poma kulup wêkasingsun. Ni Samboja nulya Jalis. sawusira binêrsiyan. Jayon kinubur tinunggil. lan raka Kyai Samboja. ing mangkya titiyang Giri.
9. Lastantun pamundhinipun. ing gusti Jêng Sunan Giri. samya kapanjingan iman. nglampahi sarengat Nabi, ngibadah andarus Kur'an. kathah kang iyasa masjid.
10. Gêmah arjane kalangkung. tan ana kang laku juti. samya cêkap nyandhang mangan. adoh ingkang dadya miskin. têntrêm ciptane raharja. wong ngamanca kathah prapti.
11. Kabanjur tan arsa mantuk. kalajêng wisma ing Giri. raja pandhita Setmata. jujuluk Susunan Giri. Gajah Kadhaton minulya. kawêntar ing liya nagri.
12. Miwah wus pinundhut mantu. ing Suhunan Ngampelgadhing. dhinaupken lan putrinya. Nyai Ageng Ratu nami. atut dennya palakrama. lêstantun ngantya sisiwi.
13. Wowolu estri myang jalu. Nyi Ageng angrumiyini. kondur maring rahmatolah. layon sumare anunggil. marasepuh estri priya. garwa putra gung prihatin.
14. Sigêg gantya kang winuwus. Brawijaya Narapati. mirêng pawartos sanyata. ing mangkya Susunan Giri. linulutan sakeh janma. nungkul tan kalawan jurit.
15. Sang prabu utusan gupuh. Gajahmada kyana patih. kinen lumampah priyangga. mukul prang Giri Garêsik. tan cinatur lampahira. wus prapta jajahan Giri.
16. Gégère kadya pinusus. kang katrajang samya ngili. minggah kadhaton Prawata. Jêng Sunan Giri marêngi. anyêrat manêdhak Kur'an. kagyat mirêng suwaraning. [ 6 ]17 Tiyang alok mungsuh rawuh. sumêdya ngrisak ing Giri. kalam' ingkang kagêm nyerat. anulya binucal aglis. andodonga ing Pangeran. sinêmbadan ing sakapti.
18. Kalam lajêng dadya dhuwung. cumlorot ngamuk pribadi. pra wadya ing Majalengka. kathah ingkang angêmasi. sakantune kang palastra. pra samya lumayu (ng)gêndring.
19. Mantuk marang Majalangu. sawusira mêngsah gusis. dhuwung wus wangsul pribadya. sumeleh ing ngarsaneki. panyêratan sang pandhita. sarta akukuthah gêtih.
20. Kagyat risang amanengkung. miyat dhuwung kuthah gêtih. dahat panalangsanira. dyan dodonga mring Hyang Widdhi. mugi Allah ngapuntêna. solah amba ingkang sisip.
21 Sang pandhita ngandika rum. marang ing wadyanireki. kabeh padha piyarsakna. myang anêksenana sami. katgeki sun wehi aran. si Kalamm'unyêng prayogi
22 Sakeh wadya saur manuk. wus samya kalilan mulih. mring wismane sowang-sowang. lêstantun asrameng Giri. jumênêngnya Jêng Susunan. Prabu Setmata linuwih.
23. Gêmah arjane kalangkung, saya wêwah wadyaneki. tan ana kang kasangsaya. nahan wus antara lami. Sunan Giri nandhang gêrah. kaparêng praptaning takdir.
24 Kundur mring rahmatolahu. gumêr tangis ing jro puri. wandu wandawa sungkawa. layon sawusing barêsih. sinarekken nora têbah. sangking padalêmaneki.
25. Sedanira tilar sunu. sadasa kakung lan putri. kang kalih sang king ampeyan. Pangran Pasirbata nênggih. kalawan Siti Rohbayat. wowolu sangking padêmi.
26. Kasebut Nyai Gêng Ratu. putra sepuh sinung nami. Ratu Gê- dhe ing Kukusan. nulya Sunan Dalêm nênggih. katrinira apa- nengran. Susuhunan Tegalwangi.
27. Catur Nyi Gêng Saluluhur. panca Sunan Kidul nênggih. Ratu Gêdhe Saworasa. Sunan Kulon kang sumêndhi. Sunan Waruju ragilnya. wau ta ingkang winardi. [ 7 ]28. Sasampunira pangubur. kumpul para wadya Giri. angrêmbag ingkang gumantya. mandhireng Susunan Giri. pra wadya wus golong rêmbag. Sunan Dalêm kang gumanti.
29. Gya ingangkat ajujuluk. Sunan Giri kaping kalih. Susunan Giri Kadhatyan. garwa kakalih padêmi. tan mashur ing panjênêngan. Jêng Sunan wus prapteng jangji.
30. Kundur mring rahmatolahu. ugi sumare ing Giri. atilar putra sadasa. (m) bajêng Sunan Sedamargi. panênggaknya apêparab. Sunan Giri Prapen Adi.
31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun. Nyi Gêng Ngulakan kang sukci. Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad. Pangran Bongkok nulya Nyai. Agêng Waru arinira. Pangeran Bulu sumêndhi.
32. Wragil Pangran Sedalaut. paripurna kang wus swargi. rêmbag kang yoga gumantya. kêmpal sakehe kang dasih. Sunan Para- pen ingangkat. linuwih lir eyang swargi.
33. Mandhireng Giri Kadhatun. jujuluk maksih lêstari. Sunan Giri Prapèn dibya. suyut kang wadya gung alit. kawentar ing liyan praja. tan pêgat kadya ing nguni.
1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu. sampun amiyarsa warti. lamun Sunan Giri Prabu. Sètmata wus angemasi. mangkya wayahe gumantos.
2. Ajujuluk Sunan Prapen Giri luhung. lalajone kadya nguni. sang wiku tan arsa nungkul. marang nagri Majapait. dadya sru bêndu sang katong.
3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung. miwah kinanthen pra siwi. angirid wadyabala gung. kinen ngrabaseng ing Giri. wus samapta nulya bodhol. [ 8 ]4. Sunan Prapen wus mirêng badhe ginêmpur. mring sang prabu Majapait. wus budhal carakeng prabu. kya patih myang rajasiwi. balane lir samodra rob.
5. Sunan Prapén sampun sanega ing pupuh. karsanira nanggulangi. mring carakeng Majalangu. tan dangu mêngsah kaeksi. nulya pinapak prang popor.
6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun. kathah ingkang nandhang kanin. tanapi tumêkeng lampus. Sunan Prapen angoncati. sagarwa putra wus lolos.
7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut. binasmenan kitha Giri. sadaya wus dadya awu. rajabrana denjarahi. rajaputra tindak alon.
8. Dhumateng ing astananira sang wiku. Sunan Giri kang wus swargi ingkang rumêksa ing kubur. tyang kakalih samya dhêngkling. rawuhe sang prawira nom.
9. Para wadya dhinawuhan kinen (n)dhudhuk. gya tumandang sagung dasih, halate sang maha wiku. cihnaning wali linuwih. singa cèlak anggaloso.
10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus. kang kantun kalangkung giris. bramantya sang rajasunu. tumandang pribadi ajrih. merang lamun tan kalakon.
11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu. kinen andhudhuk den aglis. binilaen yen tan purun. pasthi tumêkèng ing lalis. kinarya coban kris waos.
12 Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk. dupi prapta blabak jati. tutuping tabêlanipun. binuka saking sakêdhik. nulya ana ingkang miyos.
13. Warni kombang tan petungan kathahipun. mabur ngebēki wiyati. maniyub lir langit rubuh. nêmpuh wadya Majapait. dennya nanggulang pakewoh.
14. Pinarjaya tan keguh ngentub pikantuk. bingung wadya Majapait. ting bilutung rêbut dhucung, dennira angungsi urip. seleh gagamaning pupoh. [ 9 ]15. Samya kudhung gêdabikan kêneng êntub. sirah rapêt ngroyok sikil. ngaruara sambat bingung. prapta nagri Majapait. kom- bang anglut datan kegoh.
16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup. tan kawawa nanggulangi. dadya tilar prajanipun. sawadya balanireki. gusis praja tan ana wong.
17 Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung. wangsul mring nagrinya malih. siji tan ana kang kantun. sang aprabu Majapait. sawadya wangsul ngadhaton.
18. Aprasetya sang aprabu Majalangu. datan nêdya malih-malih. nyikara dhatêng sang wiku, ngamungêna ingkang uwis. ing. tyas datan walangatos.
19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur. kanugrahan mantun dhêngkling. gagancangan lampahipun. anusul Jeng Sunan Giri. ingkang lagya amakuwon.
20. Kawlasarsa aneng satêpining laut. tyang kalih marêk tur uning. ing mangkya mêngsah wus larut. jalaran tinêmpuh dening. kombang ingkang mapak pupoh.
21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus. tilar gagamaning jurit. samya ngungsi gêsang (n) jrunthul. tan ana ingkang tinolih. swarane pating galêmbor.
22. Sampun katur ing purwa wasananipun. dalah waluyaning dhêngkling. sang wiku kalangkung sukur. (n)dêdonga marang Hyang Widdhi, rahayu ywa na pakewoh.
23. Nulya kundur tan cinatur laminipun. wus paripurna ing nguni. eca tyase para wadu. satengah ana kang kibir. sajêg tan na mungsuh rawoh.
24. Sunan Giri datan samar jangkanipun. lamun kraton Majapait. wus andungkap simanipun. jalarane sangking siwi. dyan Patah
mijil karaos. [ 10 ]1. Santun sarengatira Jêng Nabi. Muhkammad kinaot. mila Kangjêng Sunan Giri Prapen. lajêng têdhak mring Demak nagari. kumpul lan pra wali. mukmin miwah jamhur.
2. Wusing bêdhah nagri Majapait. mekrad sang akatong. jro kadhaton tan ana isine. Sunan Giri nyêlani dadya ji. mung pat puluh ari. nenggih laminipun.
3. Anyarati supadi icaling. labêting karaton. ratu Budha gya jumênêng rajeng. wusing antuk kawan dasa ari, Jeng Susunan Giri. masrahken kaprabun.
4. Maring Radyan Patah anampeni. wus jumênêng katong, aneng nagri Dêmak angrehake. ing rat Jawi Jeng Susunan Giri. sarampunging kardi. wus linilan kundur.
5. Sawusira risak Dêmak nagri. pindhah Pajang kraton. adipati Pajang kang mandhireng. mantu sultan Bintara mungkasi. ing Dêmak nagari, ngreh wadya sawêgung.
6. Kangjeng sultan Pajang kang winari. wusing madêg katong. karsa nyuwun idi mring Parapen. Kyai Agêng Mantaram umiring. sagunging bupati, kêbut tan na kantun.
7. Sultan Pajang sarawuhing Giri. kagyat ing tyas anon. pasanggrahan (m)banjeng aneng ngare. pra bupati kang samya sumiwi. ing Jêng Sunan Giri. pondhoke pinatut.
8. Sunan Prapen duk miyos tinangkil. Sultan Pajang gupoh. asumewa sareng bupatya keh. lênggah jèjèr ngarsane sang rêsi. ingayap pra dasih. neng pungkuranipun.
9. Wusing pêpak kang samya anangkil. sunan ngandika lon. jêbèng Pajang di kapareng kene. wus alênggah cakêt lan sang rêsi. angandika aris. winor manis arum.
10. Putraningsun kang padha anangkil. ywa na walangatos. den narima marang ing papasthen. ing samêngko ki Pajang dipati. ingsun wus ngideni, ing jumênêngipun. [ 11 ]11. Sultan mengku ing Pajang nagari, sudibya kinaot. binathara tan ana samine. babundhêle ing satanah Jawi. kalipahing Widdhi. sarta ajujuluk.
12. Sultan Prabu Awijaya lêwih, karsane Hyang Manon. nêksenana pra sutengsun kabeh. atur paksi sakehing bupati. mangayubagyanį, dhawuhing sang wiku.
13. Nulya mundhut dhahar wus umiji. saking jro kêdhaton. tinata ing pandhapa madyane. Sunan Prapen sultan Pajang tuwin. kang para bupati. wus bujana kêmbul.
14. Sang pandhita angandika malih. dhuh pra siswaningong. sultan Pajang myang bupati kabeh. enggonira akekadang kaki. ywa salayeng budi, di atut arukun.
15. Raharjeng tyas sukur ing Hyang Widdhi. karsane Hyang Manon. ana kang tinitah dadi gêdhe. ana kang tinitah dadi cilik. papasthening Widdhi. basane asnapun.
16. Datan luwih sun têtêdheng Widdhi. anak putuningong. donya akir salameta kabeh. kang sinabdan samya saur paksi. tutug dennya bukti. linorot mring wadu.
17. Sunan Giri tinarbukeng Widdhi. waspadeng pangawroh. datan samar lalakon ing tembe. ingkang tansah pinancèr ing liring. Ki Agêng Mantawis. cahyanya umancur.
18. Angandika Jêng Susunan Giri. mring jêng sultan alon. jêbeng Pajang lah ta sapa kae. baturmu kang mangan angereni, sapa araneki. kangjeng sultan matur.
19. Rencang amba patinggi Mantawis. nami karan ênggon. angreh siti sadhomas karyane. sang pandhita angandika malih. dhawuhana kaki. linggih jajar patut.
20. Lawan para siswengsun bupati. sandika kang kinon. Kyai Agêng Mantaram wus jejer. heh sanggyaning siswengsun bupati. wruhanamu kaki, turunne si kulup
21. Ki Mantaram besuk wus pinasthi. angreh sakehe wong. ing satanah Jawa iki kabeh. nadyan Giri kene têmbe ugi. ngidhep ing Mantawis, kyagêng lajêng ngujung. [ 12 ]22. Konjêm siti nênêdha Hyang Widdhi. widadaning dhawoh, saha matur mring Sunan Parapen. sakalangkung sru nuwun kapundhi. lulusing sabda ji, têtêpe kang wahyu.
23. Dhuh pukulun patikbra ngaturi. dhuwung wus mirantos. amung dadya pratandha yêktine. sungkêm amba timbalan sang yogi. sunan ngandika ris. sun tarima kulup.
24. Nanging ingsun paringakên bali. apan kacariyos. samya rêsep pra dipati kabeh. aningali Ki Ageng Mantawis. raja pandhita di. gya mucung dhadhawuh.
1. Lah ta kulup para bupati sadarum. ingsun iyasakna. talaga kang luwih adi. tur sandika pra wadya nulya tumandang.
2. Dhudhuk-dhudhuk tan pantara nuli rampung. dados kang talaga. luwih adi toya wêning. gilar-gilar lir pendah kaca brenggala
3. Wusing katur sinung ran Talagapatut. jeng sultan kalawan. sagunging para bupati. wus linilan mring prajane sowang-sowang.
4. Tan cinatur nagri Pajang risakipun. pindhah ing Mantaram. ingkang jumênêng narpati. putranira nênggih Ki Ageng Mantaram.
5. Risang Sutawijaya jujulukipun. Kangjeng Panêmbahan. Senapati ing Mantawis. lulus wirya gêmah arja prajanira.
6. Panembahan Senapati ing Mantarum. ngyêktekken wirayat. dhawuhe Susunan Giri. ing nalika sowannya jeng sultan Pajang.
7. Panembahan Senapati nulya ngutus. abdi kinen sowan. maring Giri kanthi tulis. prapteng Giri sang wiku lagya sineba. [ 13 ]8. Serat katur tamating pamaosipun. mesem angandika. heh caraka ing Mantawis. pakenira matura Ki Senapatya.
9. Lamun ayun nyatakkên wirayatingsun. gustimu turana. nglurug mring bang-wetan nuli, wus pinasthi karsane Allah Tangala.
10. Lamun ratu Mantaram ing têmbenipun. ngrata tanah Jawa. sanadyan ing Giri iki. uga têluk marang ing nagri Mantaram.
11. Lokilmakput tan kêna owah sarambut. jamane walikan, kawula dumadya gusti. ingkang gusti sayêkti dadi kawula.
12. Pratandhane wus katon Pajang Mantarum. iku dadya cihna. utusan wus nyuwun pamit. mantuk marang Mantaram agêgancangan.
13. Wus sumiwi ing ngabyantara sang prabu. wus katur sadaya. wêlinge Jeng Sunan Giri. tan pantara lami sri nata Mantaram.
14. Bidhal nglurug mring bang-wetan kang jinujug. ing nagari Japan. sagunging para bupati. ing bang-wetan wus kumpul aneng ing Japan.
15. Kacariyos ing Giri sang maha wiku. wus miyarsa warta. lamun sang prabu Mantawis. ngepung Japan para bupati bang-wetan.
16. Pacak baris tutulung paguting pupuh Jeng Sunan ing Arga utusan akanthi tulis. tyang sadasa gêgancangan marang Japan
17. Praptanipun ing Japan nulya kinumpul. wong agung Mantaram. myang bang-wetan pra bupati. wusing pêpak duta Giri aturira.
18. Dhuh wong agung Mantaram saha wong agung. bang-wetan sadaya. lampah kawula tinuding. ing Jêng Sunan Giri akanthi nawala.
19. Ulun waos pribadi mrih têrangipun. sami kapyarsakna. suraose kanang tulis. duteng Giri manêngah maos nawala.
20. Layangingsun Jêng Sunan Giri dhumawuh. marang putran-ingwang. Senapati ing Mantawis, lan mring putraningsun Pangran Surabaya. [ 14 ]21. Liring layang (ng)gonira ayun prang pupuh. rêbut panjênêngan, ingsun pan ora nglilani. krana bakal keh pepati tan prayoga
22. Têmbe lamun ana karsane Hyang Agung. pamiyaking Sukma. andhap luhur wus pinasthi. pan tinêmu ing samengko durung mangsa.
23. Balik padha nganggoa budi rahayu. lêstari kekadang. sun asung babasan kaki wadhah lawan isi êndi piniliya.
24. Sun ideni salah siji pamilihmu. isi apa wadhah. sawusira samya milih. prajanjiya sêtya susetyaning driya.
25. Den asukur takdiring Hyang Kang Maha Gung, singa piniliya. iku wus tan kena gingsir. pan tinemu ing wuri kaananira
1. Yen uwis pamilihira. umantuka marang nagrinireki. ingsun sung raharjeng laku. marang ing sira padha. wus atiti kang serat nulya tinutub. Senapati angandika. Jah yayi ing Surawesthi.
2. Kadiparan karsanira. andikane panembahan ing Giri. mung yayi kalawan ingsun. kang tumraping nawala. kinen milih wadhah lawan isinipun. pundi ta ingkang kinarsan. yayi miliya kariyin.
3. Ulun narima tampikan. duk miyarsa Pangeran Surawesthi. ing tyas samana pakewuh. wusana angandika. kakang Senapati Ngalaga Mantarum. kêncênge manah kawula. ulun milih kanang isi.
4. Kakang kabageyan wadhah. Senapati Ngalaga ngandika ris. yayi kula wadhahipun. inggih sampun narimah. duteng Giri atas pamiyarsanipun. gya pamit mring panembahan. miwah mring para dipati. [ 15 ]5. Panêmbahan Senapatya, sampun kundur maring nagri Mantawis. 'wong agung bang-wetan sampun. umantuk sowang-sowang. tan cinatur duteng Giri lampahipun. prapteng ngarsa atur sêmbah. matur solahnya tinuding.
6. Dhuh gusti kawuningana. putra tuwan Pangeran Surabanggi. kinen amilih rumuhun, mring Kangjeng Senapatya. Surawesthi kang pinilih isinipun. wadhahipun Panembahan. narimah atampi isi.
7. Mesêm Jêng Sunan ing Arga. wruhanira kodrat tan kena gingsir. basa wadhah nêgri iku. isine apan janma tembe nagri bang-wetan kareh Mantarum. isi yen tan manut marang, ingkang adarbe nagari.
8. Sayêkti tan kena ngambah. yen ambadal sayêkti tekeng pati. dadi kudu amiturut. marang kang duwe wadhah. ênêngêna ing Giri gantya winuwus. nênggih praja-di Mantaram. Panêm- bahan Senapati.
9. Dennira jumênêng nata. laminira pan namung tigang warsi. lajêng puput yuswanipun. ginantyan ingkang putra. Pangran Adipati Anom ing Mantarum. jujuluk Jêng Susuhunan. Diningrat Anyakrawati.
10. Amung kalih wêlas warsa. Jaminira jumênêng narapati. jêng susunan nulya surut. ginantyan narpatmaja. Pangran Adipati Anom ing Mantarum. jujuluk Kangjeng Susunan. Sultan Agung ing Mantawis.
11. Prabu Anyakrakusuma, duk punika Pangeran Surawesthi.anyêdhahi pra tumenggung. mancanagri bang-wetan. wusing pêpak neng Surabaya sadarum. ngrêmbag arsa magut ing prang, ngrabaseng nagri Mantawis.
12. Sabiyantu abipraya. pra bupati tan ana nyulayani. enjing gya budhal gumuruh. sagunging balakuswa. kampir ngujung astana Giri Kêdhatun. undure sangking astana. sowan ing Jêng Sunan Giri. [ 16 ]13. Wus sêpuh Jêng Sunan Arga. prapteng ngarsa jêng sunan ngandika ris. dhuh babo atmajaningsun. paran kang dadya karsa. dene padha tumêka ing ngarsaningsun. apa na karya kang gatya. Jêng Pangeran Surawesthi.
14. Myang Dipati Singasèkar. matur nêmbah mring Kangjeng Sunan Giri. apuntên dalêm sang wiku, amba myang para kadang, wus sarêmbag arsa ngrabaseng Mantarum. nyuwun idi sang pandhita. miwah pangestu basuki.
15. Jeng sunan aris ngandika. ing samengko pan durung mangsa kaki. para bupati umatur. kang amrih lêgaweng tyas. ngidenana sang wiku paring pangestu. jêng sunan aris ngandika. mokal bêdhaha Mêntawis.
16. Ing samengko wong bang-wetan, malah padha ngungsia kang prayogi. tan wurung binoyong besuk. marang nagri Mantaram. Pangran Surawesthi tan kendhak tyasipun. myang sagunging pra dipatya. wusing ngujung ing sang rêsi.
17. Ngandika sang wiku raja. yen mangkono padha karsanireki. den angati-ati kulup. ingsun pasrah Hyang Suksma. lêgi pait ing têmbe pasthi katêmu. sanggyaning para dipatya. wusing ngujung sang aresi.
18. Bidhal saha wadyakuswa tan cinatur solahireng ngajurit. wasananira kaplayu. ungguling Ngeksiganda. wong agunge Mantaram tan ana sêgu. para bupati bang-wetan. palarasan undurneki.
19. Ana kang tumêkeng pejah. ana kanin ana kang nungkul aris. ing Mantaram saya mashur. kadibyane sang nata, kasektene para punggawa nung-anung. winongwong karatonira. kinasiyan ing Hyang Widdhi.
20. Gêmah ripah tur raharja. tata têntrêm sagunge wadya alit. lumintu ganjaran prabu. sagunge pra dipatya. tyas raharja datan ana kang sakuthu. ajrih asih miring narendra. samya tuhu lair batin. [ 17 ]21. Nahan raharjaning praja. yen ginunggung sawêngi datan uwis. ing mangkya pinurweng kidung. Narendra ing Mantaram. Sultan Agung Sri Anyakrakusumeku, lagya miyos siniwaka. pêpak ingkang samya nangkil.
22. Wadyabala myang santana. Panembahan Purbaya munggeng ngarsi. tan pêgat tinantun-tantun. jêng sultan ris ngandika. inggih uwa Purbaya pawartosipun. Pangeran ing Surabaya. ing mangke pan sampun lalis.
23. Kang kantun mung anakira. Ki Mas Pêkik pambajênge kang siwi. uwa punika karsengsun. timbali mring Mantaram. ingsun arsa uninga ing waminipun. panêmbahan aturira. punika langkung utami.
24. Ulun umiring sakarsa, sri narendra pangandikanya aris. Alap- alap ingsun utus, marang ing Surabaya, timbalana Pangran Pêkik Surengkewuh, têlas ingkang pangandika. jêngkar anggambuh tinangkil
1. Wus lêpas lampahipun. Alap-alap prapteng Surengkewuh. Jaju maring Ngrarempah dhukuhireki. Pangran Pêkik gupuh- gupuh. amêthuk carakeng katong.
2. Wus ingancaran Jungguh, Pangran Pêkik awacana arum. paman ulun atur pambagya basuki. Alap-alap matur nuwun. (n)dhawuhkên timbalan katong.
3. Jêng pangran sowan ulun. pan ingutus rakanta sang prabu. Gusti Kangjeng Sultan Agung ing Mantawis. maringakên kang pangestu. mring andika sakaloron.
4. Jeng pangran matur nuwun. sasampuning maringken pangestu. dhawuh nata paduka dipun timbali. sagarwa putra myang wadu. ulun ingkang kinen (m)boyong. [ 18 ]5. Jêng pangran aturipun. adhuh paman kamayangan tuhu, de jêng sultan karsa nyaruwe wong pêkir. ina papa aneng dhukuh, datan supêna sajingklong.
6. Tan suwala ragengsun. kadyangganing sarah aneng laut. ing sakarsa jêng sultan ulun umiring, tan nêdya sawaleng kayun. lumuntur dhawuhing katong.
7. Ki tumenggung duk ngrungu. ing ature manis amlas ayun. angrêsing tyas gya umatur ing sang Pêkik. bilih marengkên sang bagus. benjing-enjing lajêng bodhol.
8. Jêng pangran wacana rum. sakalangkung prayogi man menggung. ulun lajêng tata-tata sapuniki. paman sakanca sadarum. prayogi rereh neng pondhok.
9. Jêng pangran gya dhadhawuh. marang garwa sakulawargeku. kinen samya pradandosan sadayeki. yun sumiweng mring Mantarum. ribut samya dandos-dandos.
10. Ki Alap-alap gupuh. nuding wadu nimbali tumenggung. Surabaya Ki Sapanjang kang wawangi. tan dangu anulya rawuh. Ki Sapanjang dhawuh katong.
11. Jêng pangran sowanipun. mring Mantaram bidhal sesuk-esuk. jêngandika sawadya kinen umiring. sarta rumêksa ing pungkur. kacêkape kula borong.
12. Ki Sapanjang agupuh. paparentah mring sakehe wadu. abusêkan sakeh wadya Surawesthi. wus mirantos sadayeku. enjinge anulya bodhol.
13. Lon-lonan lampahipun. ing lamine lampah tan winuwus. prapteng dhusun Butuh arereh saratri. kangjêng pangran dalu ngujung. marang ing astana Butoh.
14. (n)Dêdagan amanêngkung. palaling Hyang wanci lingsir dalu. Pangran Pêkik miyarsa swara dumêling. ujaring swara sung tuduh. lah Ki Pékik karseng Manon.
15. Wruhanta sira besuk, darbe putu jalu tur binagus. amandhireng nata gung ing tanah Jawi. ngreh wadya bacingah agung, nanging angalih kadhaton. [ 19 ]16. Mring tanah Pajang iku. sakulone kutha prênahipun. aran dhukuh Wanakarta têmbe dadi, praja Kartasura mashur. dene jujuluking katong.
17. Jêng Susuhunan Mangkurat Senapati ing Ngalageku. Ngabdurahman Sayidin Panatgami, cêpping swara kagyat wungu ing wanci awaling Suboh.
18. Miyose wus pinangguh. lawan juru kunci têngga pintu. Pangran Pêkik wawartos mring jurukunci, denyantuk wangsit ing dalu. ki jurukunci anjomblong.
19. Sinêmbah [3] saha matur. sakalangkung bingahe tyas ulun. sukur sukur.alhamdulillahi rabil. Hyang Surya wus mungub- mungub. jeng pangeran lajêng bodhol.
20. Datan kawarneng ngênu. wus angancik ing kitha Mantarum. ki tumenggung Alap-alap ngrumiyini. atur uninga sang prabu. sigêg gantya winiraos
21 Sang prabu ing Mantarum, ri tinangkil munggeng siti luhur. Panembahan Purubaya wus sumiwi. myang wadya bala supê- nuh. munggeng ngabyantara katong.
22 Datan antara dangu. ki tumenggung Lap-alap mangayun. nêmbah matur ulun kinen animbali, Pangran Pêkik Surengkewuh. mangkya wus sumiweng katong.
23. Sagarwa putranipun. Ki Sapanjang sawadya tut pungkur. suka ing tyas sang prabu ngandika aris. Jah uwa Purubayeku. kadipundi kang linakon.
24. Mangke sadhatengipun. dhimas Pêkik napa bêkti ingsun. utawine piyambake ingkang bêkti. Purubaya nêmbah matur.
kinanthet lawan suraos. [ 20 ]1 Sangking ing pamanah ulun. pangeran ing Surawesthi. ing kang layak ngabêktiya ing pada dalem sang aji kawon luhur kang darajat. panjênêngan dalem aji.
2 Mandhireng prajeng Mantarum. ing rat Jawi mung satunggil kalihdene tinimbalan datan sawala ing kapti. sampun kalampahan sowan. ing ngabyantara narpati.
3. Asrah jiwa raganipun. kangjêng sultan duk miyarsi. aturipun ingkang uwa. kalangkung trustha ing galih. nahan Pangran Surabaya. sagarwa sampun sumiwi.
4. Pepe kidul wringin-kurung. sasolahe amlasasih. duk uninga sri narendra. dhawuh kinen animbali. anggandhek tundhuk pangeran. ingirit minggah sitinggil.
5. Andhadhap amundhuk-mundhuk. cingak kang samya ningali. miyat warnanya pangeran. mirit [4] kangjeng sri bupati. kantun. sênêne kang cahya. kantun sêmu kantun sigit.
6. (n) Dungkap prapteng ngarsa prabu. caket dennira sumiwi. tumungkul konjêm pratala. ri wusira mangênjali. wangkingan sineleh kanan. gya mangraub pada aji.
7. Saha matur arawat luh. pêgat-pêgat winor tis-tis. dhuh gusti kalêngkaning rat. musthikaning tanah Jawi. patut pinundhi sinêmbah. jumeneng kalipah Widdhi.
8. Ambêg pinandhita tuhu. santa budi mirah asih. mardikeng rat tyas kumala. ngecani manahing dasih. mrih arja ayu tan pêgat. kasudarman winor manis.
9. Santana wadya lit agung. tan ana kataman bêngis. winor ing sakarsanira. kinajrihan lair batin. pra wadya ing Ngeksiganda. winengku paramarta ji. [ 21 ]10 Kasujanan ambêg sadu. linangkung kasusreng bumi. sumbageng rat pinasthika. waskitha ngreh ing patitis. kongas ing ganda angambar. kinasihan ing Hyang Widdhi.
11 Sudibya prawireng kewuh. kinajrihan kanan-kering. ngagem agama minulya. sasat jêngandika Nabi. Muhakammadin angajawa. ngrênggani nagri Mantawis.
12. Dhuh jêng gusti sang aprabu. sowanipun ingkang abdi. angaturkên pêjah gêsang. awit rumaos gêng sisip. katungkul ing kawiryawan. labêt mudha punggung yêkti.
13 Dama kalimput tan emut. ing kanugrahaning narpati tumêrah jiwangga mulya. kaecan nadhah myang guling. saanak rayat myang warga. tan lyan barkahing narpati
14 Lumintu salaminipun tangèh manawi kang abdi sagêd ngaturi minangka bebêkti ingkang martasih o gusti satuhu mudha ceplik tangeh wruh ing becik
15 Manawi kangjeng pukulun. tan paring aksameng dasih. yêkti têmah anggung papa. druwaka salamineki. ing mangke amba sumangga. sakarsa jêng sri bupati.
16. Mangkana kangjeng sinuhun. ngandika sajroning galih. wong iki bagus prasaja. ing wicara tatas titis. têtêg tyas sura lêgawa. pantes tan sinungan lamis
17 Têka rêsêp atiningsun. dadya condhonging tyasmami. pantes rewanga wibawa. (n)darahkên sri tanah Jawi. madhahi kanang nurbuwat. wasana ngandika aris.
18. Wis lungguha ariningsun. iya apa kang pinikir. dhuh yayimas Surabaya marma sira sun' timbali. sumiwi ing ngarsaningwang. wus pasthi karsaning Widdhi.
19. Sosotyadi apan kudu. tumrap ingêmbanan rukmi. upama ingsun pancuran. sira talaga nadhahi. yayi kang minangka wadhah. ingsun kang minangka isi.
20. Pasêmon kang ingsun wuwus. têgêse uwus ginaris yen sira bakal tan pisah. melu nurunake benjing. para ratu tanah Jawa. yayi ingkang urun estri. [ 22 ]21. Manira kang urun kakung. ing samengko karsa mami. sira wisma na Mantaram. ana sawetaning puri. sisihan lan kadipatyan. mungguh nagri Surawesthi.
22. Ingsun paringake wangsul. marang pakênira yayi. wenang anguwasanana. kadi ingkang uwis-uwis. si Sapanjang mung rumêksa. tata têntrêming nagari.
23. Sira ana ing Mantarum. auwa taha-taha yayi. ing pangang- gêp dipun padha. ya Mantaram Surawesthi. Pangran Pékik lê- jar ing tyas. trusaning supenaneki.
24. Gya sujud nêmbah umatur. dhuh pukulun sang dewaji. pun patik átur sandika. mundhi timbalan narpati, kadya kabanjiran kelang, kagunturan madu gendhis.
1. Nulya jêngkar kangjeng sri bupati, abibaran kang samya sumewa. pangran sagarwa-putrane. santana wadyanipun. wus pinarnah pakuwoneki. karan ing Surabayan. jêng pangran lastantun. mukti wibaweng Mantaram. datan ana sinangsaya ing panggalih. wus lami antaranya.
2. Sang aprabu lêstantun gunging sih. Pangran Pêkik nulya tinariman. rayi dalêm sang pamase. tunggil sayayah ibu. Ratu Pandhansari wawangi.. agêng ingkang bawahan. nahan ta cinatur. dennira apalakrama. atut runtut sih siniyan siyang ratri. lir mimi lan mintuna.
3. Wusing antuk kawan dasa ari. Kangjeng Sultan Agung Ngeksiganda. lenggah aneng dalêm gedhe. ngandika sang aprabu. heh ta lara mênyanga aglis. marang ing Surabayan. ketemu riningsum. kalamun sambadeng karsa. rabinira dhiajêng ingsun timbali. warahên ingsun gêrah. [ 23 ]4. Nulya mentar utusan narpati. sampun prapteng ing Kasurabayan. jêng pangeran sagarwane. mijil sing dalêm gupuh. samya lênggah paningrat jawi. parêkan matur nêmbah. amba pan ingutus. rakadalêm sri narendra. ingkang garwa kangjêng ratu dentimbali. sarenga lampahamba.
5. Kangjeng sunan lagya gerah mangkin. ingkang wêling raka dalêm nata. manawa aweh lakine. malêbu ing kedhatun. atinjoa ing gêrah mami. yen lakine tan suka. poma ywa lumaku. adipati Surapringga. têbah-jaja sumangga ing asta kalih. tan kenging lêngganaa.
6. Dhuh jiwaku umarêka aglis. sampun kerit prapteng ngarsa sultan manembah ngraub padane Ratu Pandhan umatur kakang prabu dene wigati. nimbali aripara kalangkung kumêpyur manahulun tarataban sru qumêtêr ênar-ênir sênik-sênik kangmas gêrah punapa.
7. Kangjeng sultan angandika aris. dhuh riningsun luwih sangking lara. ana ing ati ênggone. sakeh usada wangsul. yen sun rasa saya ngranuhi. dene ana pandhita. ing Giri dumunung. durung gelem nungkul mring wang. iya iku kang dadi laraning ati. tambane durung ana.
8. Liya Giri wong satanah jawi. nora ana barênjul mêrêngkang. padha ngidhêp mring sun kabeh. amung ing Giri iku. ingkang durung ingsun putusi. amukul kalawan prang. wit wêcaning dangu. kang bisa ambengkas karya. mung lakimu jalarane mênang asli. luhur trah Ngampeldênta.
9. Lah wis yayi dak lilani mulih. den abisa matrapakên karya. marang lakinira mangke. sêlak den ayun-ayun. Ratu Pandhan mèsêm turnya ris. dhawuh dalêm kakangmas. sandika tur ulun. nulya lengser sangking ngarsa. dhinerekken sagunging parêkan cethi. lampahnya wirandhungan.
10. Pangran Pekik nganti neng pandhapi. sarawuhe sang ratu pinapak. binekta mring dalêm age. Jeng ratu ngraub suku. sang pangeran (ng)garjiteng galih. lah yayi ana paran. têka rada suntrut. paran gerahing sang nata. Ratu Pandhan tumungkul [ 24 ]minggu tan angling. jeng pangran anggarjita.
11. Baya nora gērah sri bupati. bokmanawa ana panggaliyan. dadya sêkêle pamase. jêng ratu gya sinambut. binêkta mring ing jiném wangi. langéning karasikan. apan tan winuwus. ing sawungunira nendra. Ratu Pandhan matur ing raka bibisik. kang dadya karsa nata.
12. Amedharkên dhawuhe sang aji. Pangran Pêkik madeg suraning tyas. ngelus-elus gumbalane. alon ngandikanipun. lamun ingsun wêruha dhingin. karsane kangjêng sultan. mundhut rusakipun. ing Giri sunanne seba. baya uwus dak cangking ing nguni-uni. sebaku mring Mantaram
13. Pan ing Giri wus neng asta mami. yayi ingsun ingkang maluyakna. rakanta nahan rêntênge. sewu wirang satuhu. yen tan bisa ngrabaseng Giri, isin anon baskara. neng donya tan arus. apa kang dak walesena. ing sih nata kajaba murdaku yavi kunjuk dadya timbangan.
14. Payo yayi sowan marang puri. nyuwun pamit ing rakanta sultan. mangkat ing sadina kiye. sarimbit nulya laju. sowan maring sajroning puri. sang nata duk tumingal. pangran sowanipun. sarimbit lawan kang garwa. gya ingawe lênggah cakêt lan sang aji. makidhupuh jêng pangran.
15. Kangjeng sultan angandika aris. yayi Surabaya kadiparan. kang dadya karepmu mangke. ing Giri durung nungkul. nora sarju nêmbah mring mami. ingsun borong adhimas. ing prakara iku. Pangran Pêkik matur nêmbah. dhuh pukulun amba sandika nglampahi, amundhi dhawuh nata.
16. Nadyan minta sraya Sunan Giri. andhatêngken para raja sasra. kêbut sawadya balane. tan ajrih manahulun. datan nêdya ngucireng jurit. kalamun tan kalakyan. Giri bêdhaipun. suka matiya palagan. nuwun gusti ingkang abdi nuwun pamit. bidhal ing sapunika. [ 25 ]17. Botên langkung ingkang amba pundhi. pangestu sang nata binathara. kalampahana karsane. namung rayinta prabu. amba tilar aneng Mantawis. reh ayun mangun aprang. ing tyas langkung gidhuh. keron-keron ing satemah. têmpuh ing prang engêt rayi dalêm gusti. milalu wande aprang.
18. Sri narendra mesêm ngandika ris. karsaningsun yayi garwanira. para gawaa ing mangke. apan ta sêdyaningsun. rabinira sadulur mami. pejah gêsang hya pisah. lawan lakinipun. wus wiyahe wong andon prang. rebut pati manawa kasoran jurit. wadone binoyongan.
19. Pangran Pêkik gumujêng turnya ris. rayi dalêm gêgeyongan amba. têmbe sarênga pêcate. dhawuh dalêm pukulun. tan langgana darmi nglampahi. sarimbit wus pamitan. amangraub suku. kangjêng sultan angandika. lah ta yayi poma sira hya gumingsir. sungkêmu marang priya.
20. Kangjeng sultan (n) dêdonga ing Widdhi. salamête myang ungguling yuda. sarimbit anulya lengser. sangking ing ngarsa prabu. pinaringan sangu mawarni. dunya arta busana. sampêt sadayeku. wus prapta ing Surabayan. lajêng ngrakit brokoh tundhan tandhu joli. myang gagamaning ngaprang.
21. Sawusira rampunging pangrakit. nulya budhal sangking ing Mantaram. brokoh neng ngajêng lampahe. datan kawarneng ngênu. lampahira sampun dumugi. ing nagri Surabaya. Ki Sapanjang mêthuk. wusing lêrêm sawatara. kangjeng pangran pinarak aneng pandhapi. andher para punggawa.
22. Pangran Pêkik ngandika mring dasih. heh sakehe bocah Surabaya. padha piyarsakna kabeh. dhawuh dalêm sang prabu. mula ingsun linilan mulih. marang ing Surabaya. lawan garwaningsun. ingutus kinen magul prang. angadoni bandawala rêbut pati. mangrurah satru tama. [ 26 ]23. Panungkule Susuhunan Giri. pinasrahkên marang jênêngingwang. nanging karsaningsun mangke. anakmas Giri iku. lamun kena nungkula aris. sumewa sri Mantaram. tan rêkaseng laku. slamêt tan ana pêpêjah. lamun wangkot sayêkti rarêmpon jurit. akeh pêgating atma.
10. MEGATRUH
1. Para wadya manêmbah saha umatur. dhawuh paduka sang Pêkik. mangayubagya sadarum. muji nungkulira aris. ywa nganti aprang rêrèmpon.
2 Bilih Susuhunan Giri tan sarêju. nungkul karananing aris. tan kêna kinarya ayu. yuwana sumiweng aji. kêkah dennya karsa mirong
3. Ingkang abdi kewala pan sampun rampung. ngrabaseng karaton Giri. amboyong susunannipun. bilih tan sagêt mung- kasi. suka lêbur aprang pupoh.
4. Nanging ulun mirêng pawartos satuhu. ing mangkya Jêng Sunan Giri. kêndho kawalenanipun. saprapat yun animbangi. kalipah Mantaram katong.
5. Darbe murid nagri Cina aslenipun. kabar maksih trah narpati. ing mangkya pinundhut sunu. sampun sinungan kakasih. Endrasena tuhu katong.
6. Teguh timbul wantêr wêgig ing prang pupuh. kalih atus wadyaneki. kang ginala aprang pupuh. punika ingkang ngencengi. pinnh (m)balela ing katong.
7. Inggih ta lah kang binujuk tèka purun. istijrate eblis kapir. ngalimputi tyas rahayu. ngandêl kumandel mring eblis. setan ngajak arêrêmpon. [ 27 ]8. Nadyan (n)dhatêngêna malih rajeng kluwung. pra abdi datan gumingsir. Pangran Pêkik ngandika rum. kabeh aturira sami. bangêt ing panrimaningong.
9. Karuhane lamun ingsun wus pinangguh. pribadi lan anak Giri. wurung sidaning prang pupuh. sawuse ingsun pinanggih. apa anane ing kono.
10. Balik padha sadhiyaa ing prang pupuh. kêrigen sawadya mami. manawa dadi prang pupuh. gustimu sêdya (n)jênêngi. jurite wong Surengkewoh..
11. Pangran Pêkik wus kundur mring dalem agung. bibar kang samya anangkil. bakda Ngisa wancinipun. jêng pangeran arsa nyilip. para wadya tan ana wroh.
12. Laju maring Giri lumêbeng kadhatun. wau ta Susunan Giri. lênggah ingadhêp pra wadu. Endrasena tansah ngarsi. jêng sunan ngandika alon.
13. Heh ta kulup kabare sultan Mantarum. utusan mring jênêng mami. pinrih nungkul Sultan Agung. yen bangga ginêpuk jurit. ngrusak ing Giri Kadhaton.
14. Kang denutus rama Pangran Surengkewuh. nanging tikel tuwa mami. amung bapak-bapak awu. garwa ratu Pandhansari. melu nanggulang pakewoh.
15. Kaya priye kulup kang dadi kencengmu. ing mengko ingsun mung darmi. miturut kakencenganmu. nungkul apik nora apik. sira kang nyangga bot-repot.
16. Endrasena duk tampi timbalan wiku. karna ro kadya sinêbit. netra ro andik kumukus. kamêjot padoning lathi. matur mring sang wiku gupoh.
17. Dhuh jêng rama ingkang minangka satuhu. pupundhen ing tanah Jawi. Waliyolah cucu Rasul. kang wus linilan Hyang Widdhi. sadhengah kinarsan klakon. [ 28 ]18. Sultan Agung baya ingkang dereng ngrungu. kalamun karaton Giri. kanggonan prajurit punjul. wudhu neng Cina nagari, nga- jawa andon prang pupoh.
19. Têka (n)dadak kongkon bocah isih kuncung. bojone ginawa jurit. mejanani Sultan Agung. bok iya têka pribadi. ing kono tandhing lan ingong.
20. Sampun sampun kangjêng rama karsa nungkul. pantês sultan ing Mantawis. tur bulu bêkti panungkul, sowan pribadi mring Giri. kèndêl dennira miraos.
21. Pangran Pêkik uluk salam praptanipun, sang rêsi kagyat mang- suli. ngalaikum wasalamu. gupuh mêthuk gya kinanthi. wus lênggah satata karo.
22. Sunan Giri nambrama sarawuhipun. jêng rama Pangeran Pêkik. punapa sami rahayu. jêng pangran wacana manis. salamet sapraptaningong.
23. Sakalangkung dennira asuhun-suhun. sugata lumadyeng ngarsi, sumangga sawontênipun. sumapala atur bêkti. gampil anak tan pakewoh.
24. Dhuh jêng rama dene rawuh dalu-dalu. sawiji tan na umiring kagyat ing tyas sakalangkung. punapi de awitgati. mocung mring Giri Kadhaton
1. Endrasena myang sagunging para wadu. kang ana ing ngarsa. andhêku dennira linggih. samya minggu tan ana wani micara.
2. Sang pangeran mingsêr ngajêngkên sang wiku. tan ana katingal. pinêndir Susunan Giri. nir wikara nir baya têtêg ing nala.
3. Datan ana tinaha ing galihipun. pangran Surabaya. yen sinawang (ng) gigirisi. wingwrining tyas kadya anon singa krura. [ 29 ]4. Solah ganggas ulat manis têmbungnya rum. heh heh Sunan Arga. pinarsakna [5] wuwusmami. Sultan Agung iku ratuning rat Jawa.
5. Murdaningrat ing jagat pramuditeku. ambêg parikrama. sadu sudibya sinêkti. putus ing reh sampeka sura marata.
6. Pambêsmining kang samya tan arsa nungkul. babo praptaningwang. ing saestune tinuding. kangjeng sultan kang pinudya jayaningrat.
7. Gustiningsun jêng Susunan.Sultan Agung. heh Sunan wruhanta. apa karêpmu kang pasthi. aprakara kang dadi karya manira.
8. Lamun sira satuhu nêdya rahayu. têtêping karajan. tulus wibawa neng Giri. anêmbaha ing Jêng Sultan Ngeksiganda.
9. Lan gawanên garwa putra sawadyamu, miwah ngaturêna donyanira peni-peni. lan sagunge sosotya rêtna kumala.
10. Barêng lawan sebaku marang Mantarum, yen sira ngestokna. ing pituduh ingsun pasthi. tutug têtêp mulat baskara sasangka.
11. Yen tan anut marang ing pituduhingsun. apa kang kok arsa. tanpa sesa prapteng lalis. nagri Giri sirna dadi karang jingga.
12. Gustiningsun Anjayengbumi satuhu. marta parikrama. ing jagad wiryawan iki. wicaksana santosa ngagem agama.
13. Ing sakehe kasukanira puniku. wiryamu neng dunya. sami lan gebyaring thathit. lah emanên aja nganti kadrawasan.
14. Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh. rikuh akakadang. wêlasasih ywa kapikir. kêncênging tyas iku kang dadya panutan.
15. Sunan Giri (n) dengengek wacana arum. ya walahualam Allah ingkang ngudaneni. amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran.
16. Yata wau Jêng Pangeran Surengkewuh. rikala miyarsa. ngan- dikanya Sunan Giri. tandya mêdal pasilan ngarseng pandhita.
17. Sakundure pangeran ing Surengkewuh. rêmbag dadining prang. samêkta ing benjing-ejing. Endrasena jumênêng sumadilaga. [ 30 ]18. Wus warata dhawuhe sang maha wiku. mring para sakabat. siswa katib kaum modin. para wadya sa-Giri wus amirantya.
19. Enjingipun sang pangeran sampun rawuh. nagri Surabaya. pinanggih garwa myang dasih. winartanan tamtu mangun yudabrata.
20. Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul. wadya Surabaya. neng alun-alun miranti. baris kepang jêng ratu nitih jêmpana.
21 Angidêri baris mubeng ngantya kêmput. maringkên ganjaran. mring kang ayun mangsah jurit. arta miwah busana awarna-warna.
22 Wus waradin kang bêndhe munya angungkung. panêngran bi- dhalan. kang dadya cucuking jurit. wus lumaku kadya ilining narmada
23 Nulya joli titiyanira jêng ratu. jêng pangran neng wuntat nitih kuda datan têbih. ginarubyuk sakehing kang wadya kuswa
24 Tan petungan datan kawara ing ngénu. prapteng Giri pura. kepung kepang pacak baris sêséking tyas lir pendah ayun asmara.
1. Sigeg kang wus pacak baris. para wadya Surabaya. angêpung Giri Kadhaton, sanega kapraboning prang. gantya kang kawuwusa. wau ta Giri sang wiku. sampun ingaturan wikan
2. Lamun Kangjeng Pangran Pékik. saha garwa ngêpung kitha. anglir samodra balane.(mbalabar ngebêki papan. tiyang ing Ngargapura. jalu estri samiya bingung. kadya gabah ingintêran
3. Jêng Sunan Giri tinangkil. siniweng kang wadyabala. (m)balabar aneng ngarsandher. samya sanega ing yuda. anganti kang timbalan. wontên putranya sang wiku. mijil sangking kang ampeyan. [ 31 ]4. Sinung ran Dyan Jayengrèsmi. wotsèkar matur ing rama. dhuh rama pupundheningong. paran têmahaning karsa. langkung. sandeyaning tyas. arsa ngayoni prang pupuh. mengsah sultan Ngeksiganda.
5. Atur kawula rama ji. lêpata ing ila-ila. kamipurunipun lare. mudha punggung tan wrin gatya. yen kaparêng ing karsa. prayogi sami sumuyut. mring Sultan Agung Mantaram.
6. Sampun ta asalah kardi. kula amiyarsa warta. Ngeksiganda sang akatong. susileng tyas ambêg santa. tyas purna angumala. sayêkti kewala luhur. prabawa wêninging driya.
7. Rahayu parikrama di. botên eca yen minêngsah. mupung ing samangke dereng. kalajêng campuh ing yuda. prayogi tinututan. pangintên amba pukulun. wande ngayoni ngayuda.
8. Dene manawi tinampik. karsane caraka kêdah. ngatingalkên sudirane. pan dede sangking paduka. ingkang miwiti aprang. yekti sangking pyambakipun datan awrat tinanggulang.
9. Ambêkuh Jeng Sunan Giri. tan keguh aturing putra. nulya mundur sang wira nom. samarga arawat waspa. pinupus ing wardaya. papasthenira Hyang Agung. takdir datan kena sélak.
10. Saundurira kang siwi. ngandika raja pandhita. Endrasena kaya priye. wong Surabaya wus prapta. ngêpung ing Giri pura Endrasena aturipun. wadya Giri wus siyaga.
11. Ngantos timbalan rama ji. dhuh sutengsun Endrasena. apa kang pinikir maneh. balik nêmbanga têngara. budhalna wadyanira. nglèbur baris Surengkewuh. sira mangka senapatya.
12. Tur sandika kang sinung ngling. manêmbah mangaras pada. dhuh guru panutaningong. nyuwun pangestu putranta. paduka denpracaya. undure' wong Surengkewuh wus ana ing astaningwang.
13. Pinêtêg bunbunanneki. sinêbul mawantya-wantya. jaya jaya andikane. mundur anêmbang têngara. busêkan para wadya. gya budhal ingkang rumuhun. wadyane sang Endrasena. [ 32 ]14 Kalih atus winatawis. samya asikêp sanjata. nyothe sėking (ng)gendhong towok. panganggene sarwa pêthak wus samya masuk Islam. sabilollah unenipun. ing wuri sang Endrasena.
15. Sanjatanira pinundhi. pistul kalih sinangkêlang. nganggar sabêt Karaloke. neng kiwa têngên curiga. abire aneng wuntat. tinrapan bandera pingul. tinulis asma Pangeran.
16. Pujinira andrêmimil. nyêbut asmaning Pangeran. sabilolah senggakane. nulya pra kaum ngulama. katib modin santana. myang wadya Giri sadarum. panganggene sarwa pêthak.
17 Sayuk samya ambêg pati. wus samya ayun-ayunan. wadya Giri Surengkewoh. natap têngaraning yuda. bedhug bêndhe myang trêbang. suraking wadya gumuruh. kadya bêlahing prawata.
18. Rame campuh ing ngajurit. tambuh mungsuh tambuh rowang. wong Giri ampuh yudane. mawantu-wantu nyanjata. wadya ing Surabaya. ing prang tan pati pakantuk. satêmah barise rusak.
19. Endrasena mobat-mabit. ngiwut kadya Raden Seta. mlantrah pisah lan wadyane. singa kang katrajang bubar. lumayu asasaran. kang cêlak-cêlak linampus. tan ana mangga puliya.
20. Prajurit ing Surawesthi. tan bisa namakkèn gaman. pating bilulung solahe rumangsa kawratan mêngsah mêngsah wong Giri pamukira. lir andaka nandhang tatu, ambêk pêjah sadayanya.
21. Dumadya kang mêngsah giris. tan ana kawawa nyangga. wadya Giri pangamuke parjurit ing Surabaya. kathah ingkang kabranan. tanapi tumèkèng lampus. wadya Giri sru gambira.
22. Kang pêjah mung sawatawis. yata wadya Surabaya. sadaya wus kraos cape. undurira alon - Jonan. ywa nganti kawistara. wadya Giri sru mangêsuk. lir ngrabaseng sinoming dyah.
1. Dennira aprang sadina. kasoran wong Surawesthi. mundur tansah tinututan. apan ta saputing ratri. wong Giri kang nututi. [ 33 ]wus samya wangsul sadarum. wong Giri giyak-giyak angklung ngênthir angaleter samya emprak.
2. Endrasena saha wadya. miwah para wadya Giri. wus sowan ngarsanira sang. pandhitaraja ing Giri. manêmbah tur udani. lamun wadya Surengkewuh. wus mundur palarasan. tan ana kang mangga pulih. kathah pêjah gustine datan karuwan.
3. Wau sang rajapandhita. Jangkung sukanireng galih. kalimput ing tyas angrêda. ngraos karilan ing Widdhi. dennya ayun mengkoni. ing tanah Jawa sadarum. sumêngah ujubriya, kibiring tyas uwus kengis. kapandhitan sima gunging kamelikan.
4. Wasana aris ngandika. sukur alkamdulillahi. heh ta kulup Endrasena. iki ngalamate dadi. angel wong mijêt ranti. rêkasa wong (n)jara timun. kuciwa tan kacandhak. Jêng Pangeran Surabanggi. kacêkêla miris tyase wong Mantaram.
5. Endrasena matur latah. reh wau kasaput ratri. wadya dalêm sampun sayah. saha rêbat wêktu Mahrib. ing dintên benjing-enjing. tamtu kabanda deningsun. mlajênga mring Mantaram ulun datan nedya ajrih. sukur bage ing aprang tan mindho karya.
6. Babarpisan ulun bêkta. dadya datan wira-wiri. Pangran Pêkik kangjeng Sultan. sumewa ngarsa sang yogi. sang wiku ngandika ris. iya sun dongakken kulup. yen isih jênêngingwang. sira kaki ywa kuwatir. ing samengko ing Giri sun wehi aran
7. Iya nagri Sokaraja. pra wadu matur nèkseni. ratri mengko kasukana. maulud dhikiran singir. (m)bungahna wadya alit. ganjarên sapantesipun. kang padha mêntas yuda. dimene tambah kuwanin, nanging kulup aywa atinggal waweka.
8. Manawa ing benjang-enjang. mungsuhmu kawawa bali. Endrasena saha wadya. sarêng matur ing sang resi. sadaya wus malêncing. miris datan nêdya wangsul. gustine tan kantênan. rowange kathah ngêmasi. benjang katon sareng nungkule jêng sultan. [ 34 ]9. Ing ratri samya bujana. wadya Giri suka ngenting. gantya wau kang winama. ingkang kaplajêng ing jurit. Jêng Pangran Surengwesthi. Jawan garwanya jeng ratu, wus kumpul wadyanira jêng pangran anglés ing galih. sungkawengtyas miyat rusaking kang wadya.
10. Ki Sapanjang lajêring prang. umatur marang sang Pêkik. gusti atur pêjah gêsang. abdi dalem Surengwesthi. satuhu (ng)gigirisi. Endrasena yudanipun. miwah prajurit Ngarga. naracak kêndêl ing jurit. ambêg pati ngamuk lir bantheng katawan.
11. Abdidalêm Surabaya. sadaya turipun sami. ngraos sampun botên bangkat. tan anêdya pulih gêtih. ing tyas wus samya wingwrin. kanthi miris sakalangkung. jêng pangran duk miyarsa. ature punggawaneki. saya anglês ing galih datan ngandika.
12. Mangkana Jêng Ratu Pandhan. miyat garwanya prihatin. sumpêk ing tyas tan kawêngan. minggu datan kêna angling. jêng ratu matur aris. ngrarepa mring garwanipun. dhuh guru lakiningwang. lamun makatên ngajurit, rusaking prang amba nyuwun lilah tuwan.
13. Bilih kenging dinandosan. kula ingkang andandosi. kagyat Pangran Surabaya. mirêng ature kang rayi. patanyanira aris. dhuh babo pupujaningsun. ratuning amrakatya. ratuning manis sabumi. kadiparan kang dadya ing karsanira.
14. Wadyanira wus keh pêjah. kang kari wus padha wingwrin. jêng ratu manis turira. sok ugi kangmas nglilani. manawi ta manawi. sagêt mulihakên purun. mangkana duk miyarsa. jêng ratu rinangkul aglis. tuhu yayi jajimating Surabaya.
15. Lah apa sakarsanira. ingsun tan sawalèng kapti. ing samengko muhung darma. magondhal ing sira yayi. sakarsa-karsa dadi. wus pasrah jiwa ragengsun. ing dalu tan winarna. kuneng kawuwusa enjing. Ratu Pandhan pinarak lawan kang garwa.
16. Aneng tarub wawangunan. andher wadya Surengwesthi. jêng ratu arum ngandika. heh sakehe wadya mami." (ng)geningsun mangun jurit. ingutus jêng raka prabu. sinangon busanarta. re [ 35 ]yal wolung ewu luwih. busana keh endah-endah warna-warna.
17. Iku sun ganjarkên sira. pandumên ingkang waradin. pra wadya ing Surabaya, sadaya wus samya tampi, arta busana adi. sumaringah netyanipun. bombong tyasnya sadaya. jêng ratu ngandika malih. wadyaningsun kabeh kang tampa ganjaran.
18. Wus katongton antepira. tuhu ring gusti kaesthi. melu lalana andon prang. sêdya sadu ing reh ririh, saparan datan kèri. papa rêkasa ing laku. tan ana maweh marta. lantarane ing kamuktin. dak walêsa satus mene durung mandra.
19. Yayah mamriha wiryawan. pamalêsku mung papeki. paran mínangka mulyakna. tan ngupakara miring abdi. gung aweh kawlasasih. asor timên jiwaningsun. bocah ing Surabaya. kulina wibawa nagri. gung ginawa ina papa kasangsara.
20. (m)Barêngkut kadya babêrah.nglabuhi Gusti kaswasih. kasurang pan kasangsaya. ragengsun paran pinanggih. (ng)gagawa mring tan becik. durmala bae ragengsun. bagya wirya ing praja. senêng mulat anak-rabi. têka (n) dadak dakajak panggawe papa.
21. Satêmah amanggih susah. angadoni jayeng jurit. pira papati tan ketang, sangking dreng kadêrêng ing sih. yun malês maring gusti. tan tiwas sangking sireku. ingsun lan kakangêmas. iku dununge kang sisip. pira-bara muwuhi ing kawiryawan.
22. Mungguh ing panyaurira. wus kalakon tur ngêlebi. ingsun ingkang kapotangan. kacihna nalika jurit. campuh lan santri brai. akanthi prajurit punjul. Cina samya mualap. prabawane angungkuli, parabaku[6] prajurit ing Surabaya
23. Kêna prabawa arêbah. rumaras tipis kang ati. tan luput saka ing sira. manawa wus karseng Widdhi. ing mengko Surengwesthi. ginawe beda lan dangu. nguni ing sa-bangwetan. pangaubaning prajurit, manggaleng prang prajurit ing Surabaya.
24. Tyas ambêg satya-susatya. tan angeman lara pati. wantêr tatag ing ngayuda. teguh datan pilih tandhing. babantheng tanah Jawi. mundur aran sukanipun. iku dhek jaman kuna. sareh [ 36 ]ning waktu saiki. akeh mungkur lalabuhan kuna-kuna.
1. Lah sagung pra wadyaningwang. dadi luwih becik Jalakon iki. tur tan sumêlang yen lampus. kataman ing gagaman. nadyan kucêm nanging isih mamah-mumuh. nora keguh ing rarasan. waton (n)dêrbala lêstari.
2. Payo lah padha bubaran. ingkang agung apuranira sami. marma mengko sadayeku. padha nuli muliya. mring wismamu dene ta ganjaranipun. gawenên sangu neng marga. ingokna mring anak-rabi.
3. Ingsun mulih mring Mantaram. munjuk marang kakang prabu Mantawis. ngaturkên pati-uripku. Jan kangmas adipatya. tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa pikun. biniyanton wong mualap. Cina nênêka ngajawi.
4. Gagamane mung salumrah. santri mêri tarêbange tinitir. têka weh uwasing kalbu. angêdirkên kasuran. têmah ura datan tumama tumangguh. akeh wutahing ludira. nandhang brana têkeng lalis.
5. Kang kari tyase garowah. lir kinêbat kawanenira ênting. kehkehe ingsun kang luput. anandhang kawirangan. lara-pati ingsun lan kangmas tumangguh. aywa melu-melu padha. lah uwis andum basuki.
6. Kuneng jeng ratu lingira. para mantri umatur sadayeki. pan sarya dres wêtuning Juh, dhuh gusti pundheningwang. sampun age paduka nêmahi kundur. tontonen wadya paduka. bèktine wong Surawesthi.
7. Lawan pamriye pra wadya, angantosa yen mengko tuhu sêkti. didimen têlas pukulun. sagung wong Surabaya. têkeng pejah wadyanta ing Surengkewuh. datan ngrêmpêlu sadaya. yen ngeman-emana pati.
8. Kalakyaning karsa tuwan: yen kacuwan luwung tumpêsing jurit. urip apa karyanipun. tan pêcus karya rena. ing karsane jêng gusti têka tan dhaup. yen uripa kêna ngucap. dhasar [ 37 ]manungsa tan yukti.
9. Ewa kabeh kang tumingal. jêr wong Surawesthi kang (n)jêjêmbêri. apan nisthane kalangkung. kawruhe nora nana. mung mangkono bobote aduwe ratu. wali kalipahing Allah. prandene nora nglabuhi.
10. Ya endah apa wong kompra. cêplik tangeh wêruha marang becik. sadaya pating salênggruk. punggaweng Surabaya. ki tumenggung Sapanjang matur dhuh-adhuh. anjanmaa kaping sapta. kawulakna sadayeki.
11. Pëjah gêsang aywa pisah. ing jêng pangran kang mengku Surawesthi, wadya tumpêsa karuhun. sampun age paduka. kundur ngunjukakên yuswanta pukulun. pra wadya ing Surapringga. yen tiwas ngayahan jurit.
12. Aywa na kantun satunggal. tinumpêsa mring Sunan Giri aglis. yen paduka prapta kantun. dhateng ing kalanggêngan. nyuwun wartos kewala solah pukulun. Sunan Giri kang (m) balela. pinanggiya jroning pati
13. Taksiya satru kawula. saturune (n)janmaa dhatêng pundi. têtêpa dumados satru. yen dereng kalampahan. pulih awon dhatêng paduka gustiku. Jeng Ratu Pandhan myang garwa suka ing tyas duk miyarsi.
14. Ature para punggawa. samya madeg kasuranireng galih. prasêtyanira trus kalbu. datan lamis ing ujar. sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh. mangrurah kraton Prawata. rampung ing sadina mangkin.
15. Sunanne dadya tawanan. amboyongi dunyarta garwa siwi. Ratu Pandhan ngandika rum. yen sira magut ing prang. ingsun arsa uning tingkahing apupuh. yen têtep asoring yuda padha bareng angêmasi.
16. Para wadya matur nêmbah. den pitados risaking kraton Giri. prayogi jêng gusti kantun. wonten ing pasanggrahan. nyakecakkên sarira dalem pukulun. jêng ratu aris ngandika. palimarmanta mring mami. [ 38 ]17. Abangêt tarimaningwang. sun tatêdha winalêsa ing Widdhi. nanging kencenge tyasingsun. tan kêna sinayutan. para wadya sadaya samya andhêku. jêng ratu malih ngandika. mêngko yen wis prapteng Giri.
18. Mungguh gêlaring ngayuda. bocahingsun sikêp ing Surawesthi. nganggoa gagaman pupuh. ana ing ngarsaningwang. kang minangka titindhih kangmas lan ingsun. kabeh padha singitana. lamun wus tempuh ing jurit.
19. Ingsun aparing têngara. yen pistulku wus muni kaping katri. sêdhêng kuwuring ngapupuh. aglis sira trajanga. poma padha estokna pituturingsun. pra wadya matur sandika. mundur anata kang baris.
20. Pra wadya asuka-suka. giyak-giyak marlêsunira ênir. pulih kapurunanipun. sarêng surak gumêrah. nora nana kang alit ing manahipun. sadaya samyambeg pêjah. gambira wong Surawesthi.
21. Sampun anêmbang têngara. bidhalira wadya ing Surawesthi. kuli minangka panganjur. binusanan mawarna. abang kuning irêng putih ijo wungu. mandhi watang nganggar criga. tinon lir panjrahing sari.
22. Jêng Ratu Pandhan neng wuntat. nitih joli jêng pangran datan têbih. wahana turangganipun. ingurung-urung wadya. magêrsari prajurit wuri sumambung. solahe lir singa krura. tan nêdya mundur ing jurit.
1. Lampahira ing ngênu datan winarna. wadya ing Surawesthi. wus ngancik jajahan. ing Giri kagegeran. prajurit kang aneng wuri. lampahnya nyimpang. singitan tan katawis.
2. Kawarnaa Jeng Susunan ing Prawata. lagya eca tinangkil. lan sang Endrasena. ingadhep para wadya. tan liyan ingkang ginupit. jayaning aprang. jêng sunan ngandika ris. [ 39 ]3. Endrasena kadiparan mungsuhira, apa tan nêdya bali. matur Endrasena. pukulun kintên amba. kalajêng dennya malêncing. botên kuwagang. nadhahi yuda mami.
4. Lamun purun wangsul nêtêpi bebasan. lir sulung lêbu qêni. nadyan kangjêng sultan. Mantaram yen miyarsa. tandang ulun ing ngajurit. kasekten amba. sayêkti lajêng miris.
5. Dereng dangu dennira imbal wacana. kasaru gègèr jawi. alok mungsuh prapta. anganggo mancawama. tindhihipun nitih joli. munggeng ing wuntat. gugup Susunan Giri.
6. Kulup payo padha nêmbanga têngara. mungsuh (n)dadak nêkani. kaki den prayitna. sun dongakkên raharja. Endrasena mundur aglis. nêmbang têngara. busêkan wadya Giri.
7. Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang. sangking kitha wus mijil. sangking rananggana. sampun ayun-ayunan. têngara paguting jurit. bêdhug tinatab. surak manêngkêr langit.
8. Sarêng tandang wadya Giri Surapringga. caruk asilih ungkih. tambuh mungsuh rowang. sanjata barondongan. wadya Giri ngidak wani. pangamukira. lir bantheng nandhang kanin.
9. Wadya Surapringga kadya singa krura. manggalak (ng) gegirisi. samyambêg palastra. kang pèjah ingidakan. riwut rukêt ing ngajurit. tan ana nêdya. ngucira ing ngajurit.
10. Pan karasa paparinge gustinira. sêdya amalês becik. ngetohakên pêjah. wus rukêt ing ngayuda. larih-linarih ing kêris. tumbak-tinumbak. pênthung-pinênthung genti.
11. Ana ingkang prang tangan datanpa gaman. dadya bithi-binithi. japa-jinapanan. sêbul-sinêbul gantya. umêt-umêt umik-urik. ngapalkên japa. pating karêsês sami.
12. Endrasena pangamuke saya nêngah. pêdhange mobat-mabit. singa kang katrajang, ngisis datan kawawa. nanggulang pangamukneki. kathah kabranan. papati tanpa wilis.
13. Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira. Jêng Ratu Pangran Pêkik. anudingi wadya. heh bocah Surabaya. sira ayun marang ngêndi. aturing wadya. ngaso ing sawatawis. [ 40 ]14. Wusnya ngaso sakêdhap nulya tumandang. mring pambaratan malih. risang Endrasena. sawadya sru gambira. satuhu ngebat-ebati. pangamukira jêng ratu wlas ningali.
15. Matur maring kang garwa Kangjeng Pangeran. dhuh kangmas adipati. senapati Cina. wus wuru ing ngayuda. sêdhênge tiniban mimis. manthuk jêng pangran. jêng ratu ngasta aglis.
16. Pistulira winawas mimis lumêpas. mring Endrasena kanin. tanganira kanan, jumbul pèdhange gigal. ngamuk dhuwung tangan kering, pinistul sigra. kabranan tangan kalih.
17. Maksih panggah ngamuk (m)bijig (n)jêjêg (n)dhupak. angêmah-ngêmah kuping. Ratu Pandhan sigra. pistulira winawas. suku Endrasena kêni. sakala rêbah. prajurit Surawesthi.
18. Samya mirêng ungêle pistul ping tiga. sigra angèbyuk jurit. saking kering kanan. gugup ingkang tinrajang. wong Giri tan ana uning. yen mengsah wêwah. prajurit Surawesthi.
19. Kiranira kantun kang katon kewala, jroning tyas agung kibir. dadya tan wêweka. bujuke wong Mantaram. wadya Cina anadhahi karoban mengsah. linambung nganan ngering.
20. Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda. mangkana wadya Giri. myang prajurit Cina. tyase wus samya growah. këmba tandange ngajurit. wong Surabaya. sadaya ambèg pati.
21. Amangrurah mungsuhe pating salayah. anglir babatan pacing. risang Endrasena. kinrocok tinumbakan. ajur luluh awor siti. wadya tumpêsan. sakantune kang lalis.
22. Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gêgaman. samya angungsi urip. (ng)galundhung ing jurang. singidan malbeng guwa. ana ingkang (ng)gebyur tasik. minggah ing arga. sinurak saya giris.
23. Wadya Giri siji tan ana katingal. rêsik lir den saponi. wadya Surabaya. surak ambal-ambalan. pratandha ungguling jurit. Giri kinêpang. tepung kinubêng baris. [ 41 ]24. Kawarnaa nalika ramening yuda. putranya Sunan Giri. kang saking ampeyan. titiga estri juga. tunggil sayayah sabibi, sru angrêsing tyas. lir mas timbul ing warih.
1. Ingkang sêpuh kakasih Dyan Jayengrêsmi. ramening ngayuda. ngupadosi rayi kalih. Jayengsari Rancangkaptya.
2. Karsanira ri kalih binêkta ngungsi. nanging jro kadhatyan. ingubrês wus tan kapanggih. rahadyan sangêt sungkawa.
3. Lolos saking Giri madosi kang rayi. tambuh kang sinêdya. tan ana kang ngudaneni. lêpas lampahe rahadyan.
4. Kawamaa wau Raden Jayengsari. tan pisah kalawan. rinta Niken Rancangkapti. ngupadosi ingkang raka.
5. Tan kapanggya santri Buras atur uning. dhuh lae bêndara. ing Giri apês ing jurit. tan wande dadya tatawan.
6. Pan binoyong maring nagari Mantawis. rakanta Rahadyan. Jayengrêsmi sampun anis. nir dasih kang atut wuntat.
7. Duk miyarsa ature ki Buras santri. Raden Jayengsêkar. ngandika waspa drès mijil. yayi paran karsanira.
8. Niken Rancangkapti matur esmu tangis. kakang nora bêtah. yen pisah lawan sireki. saparan aku tut wuntat.
9. Saya ribêt tyasira Dyan Jayengsari. yayi karsaningwang, anglut kangmas Jayengrêsmi. mati urip aywa pisah.
10. Buras matur kalilana ingkang abdi. tumutur saparan. sumangga nuntên lumaris. selak tebah rakapara.
11. Payo yayi nuli pangkat ing saiki. kang rayi turira. kakang aku dandan dhisik. karo nglumpukke dolanan.
12. Mêngko Buras gawanên dolanan mami. besek têmantenan. amben cilik rana cilik. bagor isi dhuwit wingka. [ 42 ]13. Cowek wajan anglo kêrên kêndhil kwali. irus rok-erokan. solet wilah susuk cilik. bagor cilik isi beras.
14. Tenong cilik isi bumbu aja cicir. lan cuwilan bata. kêmbang jambu ampas krambil. kunir ênjêt angus wajan
15. Buras matur lehe (m) bêkta kadi pundi. iya kanthongana. meh bae dhakone lali. kêcik klungsu aneng kêba.
16. Mantenaku bêcik dak gendhong pribadi. aja sira gawa. mengko mundhak kok colongi, kateku gawanên pisan.
17. Ko nek kêsêl aku (n)juk gendhong sireki. Buras tobat-tobat. dhuh bêndara napa malih. kari pêturon bênetan.
18. Payo Buras ewangana anjupuki. Raden Jayengsêkar. myarsa surak (ng)gêgêtêri. kang rayi nulya cinandhak.
19. Gya ginendhong santri Buras aneng wuri. kakang udhunêna. pasaranku isih keri. nek dak tinggal mundhak ilang
20. Buras matur sêdaya tan ana keri. wus pinikul berah. êndi mantenaku kecik. karo cukiku nek ilang.
21. Sampun lepas lampahe Dyan Jayengsari. umanjing mring wana. tumurun ing jurang trêbis. gantya ingkang winursita.
22. Kangjeng ratu lawan garwa sang dipati. minggah marang Arga. jinajaran pra prajurit. ingurung-urung sentana
23. Kawarmaa garwanya sang maha rêsi. miyos saking pura. lumajêng atawan tangis. miyat baris kang neng ngarsa.
24. Prapteng ngarsa mendhak-mendhak mangênjali. anungkêmi pada. matur mlasasih wor tangis. lae gusti pundhen amba.
25. Karsa rawuh aneng padhêkahan Giri. sewu kanugrahan. pindha kêdhawahan sari. wijile nata minulya. [ 43 ]1. Datan (n) dimpe musthikaning bumi, rawuh sakarongron. apuranên punika dasihe. abdi dalêm pandhita ing Giri. ywa tumêkeng lalis. sru panuwun ulun.
2. Sestunipun putranta ing Giri. katarik wiraos. keni bujuk rum manis têmbunge. anglimputi utamaning rêsi. têmah (m) bébayani. tiwas ing tumuwuh.
3. Endrasena eblis angêjawi. feraton neng dhepok. têka badhe ngêmbari dheweke. ing sang ulun kang mengku rat Jawi. satèmah ngemasi. (ng)gêgawa sang wiku.
4. Putra tuwan saestune sêpi, balela ing katong. lah punapa kang den andêlake. dhuh jêng gusti saestu tur mami. den pracayeng galih. Gusti atur ulun.
5. Pangran Surawesthi ngandika ris. aywa walangatos. lamun mêngko wus eling atine. gêlêm nungkul marang ing Mantawis. atur pati-urip. mring Jêng Sultan Agung.
6. Yen miturut nora sun pateni. lamun mêksa wangkot. kari aran sak bojo anake. tumpês tapis ing Giri sun radin. papak lawan siti aja na mandhukul
7. Nora nyana nora ngira mami. yen dadi prang popor. sadurunge kalakon mangkene. akeh-akeh manira nuturi. têka tan ginati, minggu datan muwus.
8. Aturana lakimu den aglis. yen sandeyeng batos. isih kenceng kang dadi karêpe. isin mundur nglabuhi si eblis. nora ngeman pati. suka tumpês lêbur.
9. Baya namung sagebyaring thathit. ing Giri wus luloh. mênek uwus rumangsa lupute. gèlèm nungkul marang ing Mantawis. nuli konên mijil. aja nganggo dhuwung.
10. Nêmbah mundur sang dyah prameswari. jêng ratu angantos. aneng jawi kalawan garwane. yata wau prameswari Giri. nungkêmi padaning, risang raja wiku. [ 44 ]11. Aturira dahat mamalatsih. dhuh jawataningong. rama tuwan kalawan garwane. Gusti Kangjeng Ratu Pandhansari. rawuh wus neng jawi. (m)bêkta prajurit gung.
12. Dhawuhipun dhumateng pun patik. gusti wantos-wantos. ywa kadaut paduka kasupen. bilih karsa nungkul mring Mantawis. tanggêl Pangran Pêkik. ing rahayunipun.
13. Slira tuwan sagarwa putrabdi. tulus angadhaton. aneng Giri sa- turun-turune. bilih datan makaten wus pasthi. risak prajeng Giri. tumpêsan sadarum.
14. Jeng paduka tinimbalan mijil. dangu wus ingantos yen taledhor bok dados dukane. pan dinalih ngrungkêbi si eblis. mangga sowan gusti. sampun ngagem dhuwung
15. Sunan Giri wenteh angengêti. tyasira sumêdhot. gugup tanggap ngrasuk busanane. datan ngagem curiga wus mijil. atatêkèn êcis. mangsah mundhuk-mundhuk.
16. Dupi prapta ngarsanya sang Pêkik. sasalaman gupoh. wusing salam angraup padane. marikêlu mêpês aneng ngarsi. lir konjêm mring siti. ajrihe kalangkung.
17. Angandika Jeng Pangeran Pêkik. pungkasaning lakon. kadiparan karepmu ing mangke. kêkêtogan aywa mindho kardi. êndi kok antêpi. mati apa nungkul.
18. Lamun nungkul dak gawa saiki. marang nagriningong. sabojomu myang anakmu kabeh. rajabrana saisining Giri. sawadyanireki. aja na kang kantun.
19. Sabanjure angidhêpa maring. jeng sultan kinaot. ingsun ingkang bakal nyebakake. sang pandhita aturira aris. tan lênggana gusti. andherek sakayun.
20. Sampun ingkang dhumateng ing sakit. nadyan prapteng layon. tan gumingsir sumarah abdine. muhung nyadhong parênging narpati. amba angengêti. wawêca ing dangu.
21. Karsaning Hyang buwana binalik. Juhur dadya asor. nanging datan ngicalkên lajêre. kadi paran (ng)gen amba sumingkir. pangran duk miyarsi. angrès galihipun. [ 45 ]22. Ngandika lon hya sumêlang kapti. ingsun kang tumanggoh. den pracaya marang Sang Murbeng reh, lah ta mara pradandana aglis. lengser Sunan Giri. pradandosan sampun.
23. Wus samêkta tan ana kang cicir. jêng pangeran bodhol. ingkang rayi wahana joline. Sunan Giri tinandhu neng ngarsi. Jan garwa myang siwi. jinagan wadya gung.
24. Wadya Surawesthi abibisik. marang sang wiranom. prayogine Sunan Giri mangke. yen sambada ing karsa jêng gusti. reh karya papati, anggambuh prang pupuh.
1. Kalakyan aprang pupuh. dados damêl kapitunan agung. aminihi kasangsarane tyang alit. (ng) gorêkkên praja sawegung. abdidalem kathah layon.
2. Têtela sampun kosus. sinangsaya tumêkeng ing lampus. tinumpêsa sampun botên milalati. imane sampun têkiyur. ical sumungkèm ing Manon.
3. Mumpuni kajengipun. jawi lêbêt sêdyanya rinangkut. tan rumaos kungkulan dhampar narpati. wikuning antigan estu. pathaknya jawi kemawon.
4. Ing mangkya mupung ngumpul. wonten ngajêng kadrel sangking pungkur. Pangran Pekik gumujêng ngandika aris, bênèr kabeh ing aturmu. wus kosus tinumpês mangko.
5. Ananging saka dhawuh. dalêm Gusti Kangjeng Sultan Agung. ingsun nora winènang lamun mateni. pan dudu bubuhaningsun. luwih karsane sang katong.
6. Wirayate pra luhung. yen samengko durung waktunipun. besuk ana kang ngrèmèg kadhaton Giri. darahe Jêng Sultan Agung, campur lawan darahingong.
7. Sadaya para wadu. samya (n)dhêku langkung cuweng kalbu. marêming tyas têmbe kalakon sêdyeki. yata lajeng lampahipun. wus prapta ing Surengkewoh. [ 46 ]8. Pinêmah pondhokipun. Sunan Giri sawadya kinumpul. myang jinagan ing prajurit Surengwesthi. kangjeng ratu karsanipun. benjang enjang dennya bodhol.
9. Cinacahakên sampun. baboyongan jarahan brana gung. Sunan Giri matur mring Jêng Pangran Pêkik. kauningana pukulun. kirang tiga anak ingong.
10. Jayengresmi kang sepuh. miwah Jayengsari arinipun. wuragile wasta Niken Rancangkapti. ramening prang sami mirut. lolos sangking ing kadhaton.
11. Tan wontên sanjang ulun. duka dalêm mênggah purugipun. tunggil biyang tiga pisan sangking wingking. jêng pangran nulya dhadhawuh. marang wadya Surengkewoh.
12. Heh bocah den agupuh. upayanên atmaja sang wiku. Jayengrêsmi Jayengsari Rancangkapti. kalamun uwus kapangguh. rihrihên den nganti klakon.
13. Sebakna mring Mantarum, yen ambandakalani tan purun. aywa wangwang (ng)gonira anyantosani. yen abota sangganipun. matura ing jênêngingong.
14. Ki Sapanjang wus ngutus. wadya Surengkewuh ingkang ngruruh. pan sinêbar ing paran datan anunggil. sigêgên dennya angruruh. enjinge dennya yun bodhol.
15. Sowan maring Mantarum. wus samêkta punggawa nunganung. myang boyongan jarahan sampun miranti. tinêngêran bêndhe ngungkung. gumuruh kanang kêndhang gong.
16. Enjang budhal gumuruh. giyak-giyak tandha jayeng pupuh. kangjêng ratu neng ngarsa anitih joli. jêng pangeran tanseng pungkur. nitih turangga binarong.
17. Ingayap wadyanipun,jinajaran myang den urung-urung, kang sumambung ing wuri jêng Sunan Giri. sagarwa putra tinandhu. brana jarahan tan adoh.
18. Jinagan pra mantri nung. jinajaran myang den urung-urung. ginarubyug prajurit ing Surabanggi. samya prayitna ing kewuh. samarga-marga tinonton. [ 47 ]19. Ing ngênu tan winuwus. wus angancik nagari Mantarum. orêg ingkang samya ayun aningali. kondurira kangjêng ratu. ungguling prang ambaboyong.
20. Sunan Giri pinikut. sagarwa putra santananipun. jajarahan gusis rajabrana Giri. wong nonton jêjêl supênuh. samya ngucap ting calêmong.
21. Sing êndi warnanipun. Sunan Giri kang mbaleleng ratu. rowangira nauri atuding-tuding. kae lo lo aneng tandhu. kang. wus pikun kempong perot.
22. Lo dene uwus thuyuk. apa ingkang den andêlken iku. ah wong wiku manawa dongane mandi. lan duwe saraya jadhug. Cina mualap sabagor.
23. Ing mêngko wus kinrucuk. ing jêng ratu kagêm sambêl wandu [7] pinakakkên maring sakehe wong Giri. satêmahe padha mupus. rajane kêna binoyong.
24. Wau ta lampahipun. kangjêng ratu prapta ngalun-alun. Pangran Pêkik sawadya myang Sunan Giri. kendêl neng taratag agung. jêng ratu (n)dhandhang kadhaton.
1. Kawarnaa jêng sultan Mantawis. apan sampun ingaturan wikan. Jêng Ratu Pandhan rawuhe. saha ungguling pupuh. Sunan Giri sampun jinodhi. binêkta mring Mantaram mangkana sang prabu. miyos madyaning pandhapa. ginarêbêg sagunging pawongan cethi. sampêt pacareng nata.
2. Tan pantara kang rayi kaeksi. kangjeng sultan gupuh dennya mapak. tundhuk pinèngkul janggane. kinanthi lampahipun. wusing lenggah cakêt sang aji. arum wijiling sabda. adhuh ariningsun. lakumu myang garwanira. ingsun utus ngendhakkên pandhita Giri. apa padha raharja. [ 48 ]3. Lakinira mengko ana ngêndi. kangjeng ratu matur saha nêmbah. kakang prabu pangestune. mundhi dhawuh pukulun. amba miwah kangmas dipati. myang wadya Surabaya. sadaya rahayu. ingutus wus antuk karya. Sunan Giri ing aprang sampun kapilis. ing mangkya kula bêkta.
4. Laki ulun ngentosi neng jawi. cumadhong ing dhawuh sri narendra. jêng sultan utusan age. nimbali ipe prabu. Pangran Pêkik sampun akerit. prapta ing palataran. (n)dhadhab mundhuk-mundhuk. lênggah konjem ing pratala. gya ingawe jêng pangran majêng wotsari. mangraup pada nata.
5. Padha bêcik satêkamu yayi. dene lagi sawatara dina. apa baya antuk gawe. jêng pangran nêmbah matur. dhuh gustiku kalipah Widdhi. musthikaning bawana. kinasih Hyang Agung. pêngestu dalêm narendra. kawula myang abdi dalem Surawesthi. sadaya karaharjan.
6 Nuwun sampun kawula tinuding. (n)dhawuhakên timbalan narendra. dhatêng Sunan Giri Prapen. supadi ywą kadaut. kajengipun ingkang nalisip. tan ayun sumuyuta. ing pada pukulun. sakawit patik piyambak. tanpa kanthi pinanggih Susunan Giri. pinuju pakêmpalan.
7. Para kaum andher ngarseng rêsi. lawan wontên tyang Cina mualap. kalih atus prajurite. sampun Islam sadarum. lurahipun pinëndhêt siwi. ingaran Endrasena. saestu pinunjul. punika ingkang amawa. kadauting tyasira sang maha rêsi. sinantosan tyang Cina.
8. Ulun paripih sangkaning aris. meh sadalu mêksa botên mêmbat. gèbès tan wontên ature. pêgêling tyas kalangkung. ulun mantuk datanpa pamit, enjinge mapak yuda. meh sadintên muput. wadya dalem Surabaya. pan kasêsêr kasesêr giris pangamukireki. Endrasena prawira.
9. Ing sasaged amba ambolehi. mêksa mopo miris ananggulang. wadya Giri pangamuke. tyas amba ngrês kalangkung. sumpêg pêpêt kewran ing pikir. rayi dalêm duk priksa. bilih amba minggu. tan wontên wênganing manah. ngandika rum dhatêng am [ 49 ]ba ngasih-asih, mundhut lilah ngrarepa.
10. Karsa mulihakên tyasing abdi. sareng rayi dalem angandika. inggaring tyas amba mangke. nyumanggakkên sakayun. mung sadarmi (n)dherek kang abdi. anulya mundhut reyal, cacah wolungatus. busana maneka warna. pinaringkên dhateng ing punggawa m'antri. pipikul Surabaya.
11. Samya enggar manahipun sami. prêmbik-prêmbik thukul kasuranya. jêng sultan asru gujênge. bacutna ariningsun. nuwun rayi dalêm jêng gusti. kathah kang pangandika. nyênyês manis arum. kados mêjang ngelmi nyata. agêndhagan abdi dalem botên apil. panjang angandhar-andhar.
12. Abdi dalem tyang sa-Surawesthi. sarêng mirêng ingkang pangandika. samya madêg kasurane. matur asênggruk-sênggruk. aprasetya mawanti-wanti. sadaya ambêg pêjah. nadyan lêburluluh tan gumingsir ing ngayahan. saya suka sang aji ngandika aris. mara yayi banjurna.
13. Enjing lajêng têngara tinitir. rayidalêm madêg senapatya. neng joli mangku pistule. kawula aneng pungkur. numpak kapal datan cumuwit. gêlaripun ngayuda. garudha maniyup. kuli binusanan abra. dadya cucuk rayidalêm dadya têlih. prajurit Surapringga.
14. Kang minangka gêlar nganan-ngering, alimunan datan katingalan. amung cucuk medheng-medheng. surak mawantu-wantu. wadya Giri lajêng miyosi. nir baya nir wikara. gupuh amanêmpuh. senapati Endrasena. sawadyanya tyang Cina wira ing jurit. rame campuhing yuda.
15. Pan kapilis wadya Surawesthi. ngungsi (ng)gyaning risang. senapatya. rayidalêm timbalane. Iho kathik padha mlayu, aturipun botên lumaris. angêncêngi dandosan. Endrasena anglut. tandangnya lir Radyan Seta. rayidalem mistul tangan tengên kêni. pêdhangipun wus gagal. [8]. [ 50 ]16. Maksih ngamuk dhuwung tangan kering. gya pinistul tanganipun kiwa. kabranan tangan kalihe. kantun suku myang gundhul. (n)jêjêg (m) bijig lir menda baring. gêr ginuyu wong kathah. ping tri ing pamistul. sukunipun kang kataman. lajêng dhawah sareng kêrbêting [9] suwiwi. wadya ing Surabaya.
17. Angêbyuki sangking kanan kering. waringutên wadya Surabaya. kadugen ing punagine. angidak ambêg purun. datan odhil wadya ing Giri. pêpêjah tan petungan. leseh sungsun timbun. kantun kêdhik ingkang gêsang. mawut-mawut samya ngungsi jurang trêbis. wêneh minggah prawata.
18. Endrasena luluh awor siti. wadya Cina tumpêsan sadaya. rayidalêm minggah age. dhumateng ing kadhatun. prapteng jawi garwa sang yogi. umarêg ngraup pada. asru tangisipun. nyuwunakên pangaksama. gêsangipun lakinya pandhita Giri. sampun pasrah bongkokan.
19. Tan suwala sakarsa sang aji. rajabrana saisining pura. sadaya denaturake. myang anak rabinipun. amung anak kang sangking sêlir. titiga estri juga. Jengrêsmi kang sepuh. ambeg mawiku sudibya. nuli Jayengsari taruna apêkik. Rancangkapti wanudya.
20. Tiga pisan ramening ngajurit. samya lolos amba wus kengkenan. ngupadosi katigane. ing samangke pukulun. Sunan Giri saha nak-rabi. myang sagung jajarahan. wus neng alun-alun. kawula nuwun sumangga. kangjêng sultan suka amarwatasiwi. aris wijiling sabda.
21. Iya bangêt ing panrima mami. wiku Giri patut ingapura. ing samengko pangwasane. ing Giri sadayeku. sun paringkên maring sireki. sagunge jajarahan, dadia darbekmu. jêng pangran matur manembah. sakalangkung kapundhi sih paduka ji. kang dhumateng patikbra. [ 51 ]22. Kangjêng sunan angandika malih. seje waktu ingsun yun apanggya. lan wiku Giri Parapen. ing mengko jakken mantuk. kang miruda si Jayengrêsmi. karêpe ayun nandha. marang jênêngingsun. amung salamêt tekadnya. têmbe asung patilasaning nagari. mumpuni ing kasidan.
23. Jêng pangeran (n)dhêku atur pamit. saha garwa mring Kasurabayan. wus linilan nulya lengser. sang prabu angadhatun. kangjêng ratu kundur kinanthi. wus prapteng Surabayan. tan pisah sang wiku. sagarwa-putra pinarnah. pondhokira ngalêmpak dadya sawiji. pan datan kawoworan.
24. Paringdalêm sunggata lumintir. pinisalin sakehe boyongan. samya sukarena tyase. lir jagong amamantu. dadya bawan datan pinikir. ngluhurkên asma sultan. satuhu pinunjul. jêng ratu ambage brana. jajarahan dhumatêng wadya gung alit. kasmaran tampi kucah.
1. Nêngêna nagri Mantawis. tamat ing Giri bèdhahnya. gantya ingkang winiraos. Dyan Jayengêsmi winarna. prapteng madyaning wana. santrinya kakalih nusul. Gathak Gathuk namanira.
2. Cirebon wutahrahneki. nêmbah matur rawat waspa. tan sagêd pisah dasihe. ulun tumuntur saparan. rahadyan lon ngandika. ingsun mangayu-bagyestu. (ng)gonira mantêp sih trêsna.
3. Nahan lampahira prapti. patilasaning kadhatyan. Majapait duk kinane. anon rêngganing gapura. banon abrit kinarya. rapêt ing pamasangipun. atose wus kadya sela.
4. Pamasang datanpa gamping. tigas ginosok kewala. Jawan banon sami banon. sangking mathising pamasang. suluhan tan katingal. lir sarimbag banon wutuh, ingukir pinatra sêkar.
5. Ing sanginggilira kori. sinungsun tinumpang-tumpang. mancut rèmit pangukire. ing sapucaking gapura. kathukulan mandira. rompyoh-rompyoh angrambuyung. kiwa têngening gapura. [ 52 ]6. Binanon nglajur ngubêngi. capurinira kadhatyan. radyan myang kalih santrine. kêmput dennira umiyat. nulya manjing jro pura. (n)ujug ing balumbang agung. toya wêning gilar-gilar.
7. Binotrawi sela abrit. kèmput tépining balumbang, tinêpi sasêkarane. andong anggrek argulobang. noja lan sêkar nala. nagasari cépaka rum. clakèt myang sêkar rejasa.
8. Rukêm ragaina tuwin. klurak kalak kanigara. kamuning kananga kaot. dlima wantah dilêm ngambar. taluki sruni wungyan. wratsari landêp sumusup. pacarcina pudhak ngambar.
9. Kathah winama ing tulis. kumênyut tyasira radyan. engët mring ari sang sinom. Rancangkapti kadangingwang. nguni karêmenanta. wanci bangun ngundhuh santun. kakaring ing patamanan.
10. Marang ngendi sira yayi. rahadyan sabil ing nala. tyas pinupus nulya ngaler. umiyat kanang kuburan. rahadyan uluk salam. karengeng wangsulanipun. ya raden ngalekumşalam.
11. Jengrêsmi lan abdi kalih. guyub samya raratiban. bakdanya ratib gya lengser. tan patya tebih gya miyat reca amuka sona. Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul. bilih ingong sêngguh janma
12. Tibane watu si anjing. radyan (n)jajah jroning pura. sunya tan ana tabête. gya wangsul maring balumbang. angambil toya kadas. Gathak adan kamat Gathuk. samya prêlu waktu Ngasar.
13 Wus bakda anulya mijil. rarywan ngajenging gapura. nulya ana janma rawoh. nyakêti lênggahnya radyan. alon ing aturira. angger ingkang nêmbe rawuh. sami katuran raharja
14. Sintên sinambating wangi. paran kang sinêdyeng karsa. radyan angandika alon. pamfan asung kang pambagya. sangêt panrimaningwang. tanpa wisma raganingsun. moyang ngupadosi kadang.
15. Nama karan Bagus Santri. paman ulun atêtanya. andika sintên kasihe. nun kula nama Ki Purwa, ingkang kajibah têngga. patilasan kadhaton gung. Majapait ranning praja. [ 53 ]16. Yen kaparêng bagus kampir. dhumateng sudhunge paman. radyan manis andikane. bangêt ing panrimaningwang. aneng ngriki kewala, ngiras nêtêpi katengsun. ngalap barkahing minulya.
17. Nuninggih langkung prayogi, dhasar panêpen punika. lamun malêm (ng) Garakaseh. kathah para manca prapta. mawarna kang sinêdya. angujung astananipun. jênêngdalem Putri Cêmpa.
18. Punapi sampun ningali. dhatêng lêbêting kadhatyan. paman wus salêsih ingong. kakaring aneng jro pura. umiyat pakuburan. rêca miwah blumbang agung. paran gotekipun kuna.
19. Ki Purwa turira aris. punika ingkang gapura. Waringin-lawang wastane. balumbang kang kalangênan. Sang Prabu Brawijaya. putri Cêmpa kang kinubur. wus manjing agama Islam.
20 Rêca pinindha narpati. Balambangan Minakjingga. dadya tirakatan gêdhe. punika goteking kuna. dene sanggar pamujan. winastanan Candhi Brau. tan têbih sangking kadhatyan.
21. Punapa dereng ningali. ing mangke dalu kewala. ulun ingkang (n)dherekake. wêktu Mahrib wus andungkap. Gathak Gathuk gya adan. paragat dennira wektu. Mahrib atanapi Ngisa.
22. Sêdhënge purnama-siddhi. padhang bulan kakêncaran. rahadyan alon lampahe. Ki Purwa lumakyeng ngarsa. Gathak Gathuk tan têbah. prapta Candhi Brau sampun. pamujan Sri Brawijaya.
23. Wanguning candhi lir masjit. payon banon tatumpangan,dadya lincip pungkasane. ngandhap sinungan wiwara. Ki Purwa aturira. sumangga bagus umangsuk. maring plenggahan pamujan
24. Radyan myang santri kakalih. wus manjing jroning pamujan. langkung kacaryan driyane. miyat rarênggan sarwendah. myang awuning kang dupa. ngandhukur lir pendah gumuk. wus tamat anulya mêdal. [ 54 ]25. Ki Purwa umatur malih. wonten malih candhi endah. Bajang ratu (ng)gih namane. ananging klêbêt sirikan. yen wontên kang umiyat tan kadugen kajengipun miwah apês kang pinanggya
26. Prayogi botên ningali. radyan angling paman nêdha. kèndėl ing ngriki kemawon. ulun apamitan pisan. ing ari benjang-enjang. ayun (n)dumugekkên laku. ngupaya kesahing kadang
27. Ki Purwa umatur inggih. sumangga sakarsa tuwan. dalu datan winiraos. wanci pajar gidib nulya. angambil toya kadas. paragading waktu Subuh. rahadyan aris ngandika
28. Paman kantuna basuki. Ki Purwa aris turira. rahadyan lajêng lampahe. samarga arawat waspa. nanëdha ing Pangeran. rahayuning arinipun. rama miwah kulawarga.
29. Lepas lampahnya dumugi. candhi Panataran Blitar. nengardi Kêlut sukune. sela cêmêng kang kinarya. agêng ingkang sajuga. wit ngandhap tumêkeng pucuk. ingukir ginambar wayang
30. Radyan gya minggah ing candhi. tundha pitu prapteng pucak. udhunira alon-alon. Gathak Gathuk barangkangan. tyas agung tarataban têkeng ngandhap Gathuk muwus. Gathak mau gambar apa.
31 Kang ingukir pinggir candhi. Junglungan cêplok kêmbangan. memper wayang buta kêthèk. Gathuk ing pangiraningwang. gambare Rama tambak. katara ketheke brêngkut. candhi alit ti- ninggalan.
32. Lir cungkup wangunaneki. ing sanginggiling wiwara sinerat sastra Budane. Gathuk matur inggih radyan. punika kadiparan, kajênge sastra puniku. pating pênthalit tan cetha.
33. Rahadyan ngandika aris. sastra Buda papengêtan. sewu rongatus etunge, sangang puluh siji warsa. nalikane akarya, ing sanggar pamujan iku. manthuk-manthuk Gathuk Gathak.
34. Tapis dennira mirsani. mentar sangking Panataran. awirandhungan lampahe. ngancik padhêkahan Gaprang. miyat kang reca sela. kakalih estri myang jalu. aneng sapinggiring marga. [ 55 ]35. Sêkar konyoh amenuhi. dupanira datan kendhat. tinengga palawangane. Gathak Gathuk lon tatanya. kiyai niku napa. jurukunci lon sumaur. bagus niki panyadranan.
36. Kang jaler nama Kiyai. estri nama Nyai Gaprang. pan dadya pakaulane, kang samya aminta barkah. nyunyuwun ge susuta. sarat lênggah kalihipun. ngungkurakên kyai rêca
1. Lah punika palanangan. ingkang ngadêg sipat grananya kyai. ingkang samya anunuwun. sawusing adudupa. nulya matur punapa sakajatipun. lamun nyuwun ge susuta. kalihe samya nglinggihi.
2. Ing pucuking palanangan. kang wus klakyan tumuntên darbe siwi. Gathak Gathuk angacêmut. i tobat nora nyana. ingkang jêjêr ngather iki dadi pêlus. radyan lajêng lampahira. manjing Lodhaya wanadri.
3. Miyat wisma lit gêdhegan. payon atêp ing salêbêting panti. ëgong sajuga gumandhul. nulya kampir rahadyan. tan adangu jurukuncinira rawuh. tatanya punapa karsa. Gathak Gathuk lon nyauri
4. Kula mung kampir kewala. kadipundi dene gong neng wana dri. jurukunci sauripun. sampun kina-makina. pan dumadya. pupundhene tyang sadhusun. naminipun Kyai Pradhah. sintên ingkang darbe kardi
5. Mawi anabuh gamêlan. tamtu ngangge êgong Pradhah Kiyai. yen tan makatên saestu. bilai kasusahan. sabên dintên mila dinupan kumêlun sinêkaran binorehan. dadya warni nganti kuning.
6. Rahadyan wusing miyarsa. cariyosnya kiyai jurukunci. nulya lajêng lampahipun. lumêbêt padhêkahan. aningali wisma alit dhapur tajug. ngandika mring Gathuk Gathak. payo ngaso maring masjit. [ 56 ]7. Tumindak anon bêlikan. toya wêning rahadyan miwah abdi, samya ngambil toya wulu. wus malbeng jroning langgar. Gathak Gathuk adan nanging datan sêru. tyasira tansah trataban wusing sunat parlu Mahrib.
8. Linajêngkên wêktu Ngisa. paragating sêmbahyang amiyarsi. swaraning janma gumrumung. Gathuk enggar tyasira. ririh angling Gathak payo padha mêtu. nêmoni janma kang nywara. baya iku ingkang kêmit.
9. Kaliye mêdal lon-lonan. prapteng jawi sru kagyatireng ati. anon sima samya turu. ngubêngi ponang langgar angalemprak adu pathak adu bathuk. ngorok (ng)gerêng sasênggoran. Gathak Gathuk wangsul aglis.
10. Wel-welan matur ing radyan. dhuh bêndara kawula tur udani suwara janma gumrumung. dupi kawula mêdal. yun manggihi sun sêngguh janma satuhu. kang samya yun maring langgar jebul sima kathah guling.
11. Cacahipun tan kantênan. leseh anjrah kadya babadan pacing. mangke mênek samya wungu. tan wurung anêmpuh byat. (m) barakoti angêmah-ngêmah mring ulun. rahadyan mêsên ngandika. sira ywa padha kuwatir.
12. Luwih karsane Pangeran. yen wis pasthi tan kêna owah gingsir. tan kèna kalamun luput. tan luput lamun kêna. balik padha pasrah sumarah Hyang Agung. kawula amung sadarma. lir sarah aneng jaladri.
13. Wis Gathak Gathuk turua ingsun ingkang ngêleki têkeng enjing. rarywa kalih nulya turu. ngaringkêl datan obah. datan segu radyan munajat sadalu. miminta ing karaharjan. dupi wusing bangun enjing.
14. Sêmbahyang Subuh pribadya. wusing bakda akaring pajar sidik. ginugah kang samya turu. tangi arêmrêm-ayam. miyarsakkên swara sepi tandya lungguh, meh raina masêmu bang. Hyang Haruna ayun mijil. [ 57 ]15. Ngintip-intip Gathuk Gathak. anon janma titiga samya linggih. kadi mentas samya turu. dupi miyat jro langgar, ana tamu katri eca dennya lungguh. tri umentar gagancangan. tur uning mring Jurahneki.
16. Dupi prapteng ngarsa lurah. atur uning ing langgar ana janmi. titiga juga binagus. rêspati mawa cahya, winatara sadalu mang- gen neng ngriku. ki lurah gawok ing driya, wus anarka yen wong luwih.
17. Parentah mring rabinira. heh Rubiyah sadhiyaa den aglis. bucu kang apik sananjung. iwak dhendheng manjangan. bayêm ati gudhang pon-êmpon myang timun. siwalan ingkang dawêgan. miwah lêgene hya lali.
18. Rubiyah matur sandika. wus samêkta ki Jurah miwah rabi. laju marang sanggar gupuh. umarek mring rahadyan. prapteng ngarsa matur marang sang linuhung. anggêr kula nilakrama. sintên sinambating wingking.
19 Paman kula santri moyang, angulati kadang ingkang Junga nis. saparan kawêlasayun. balik ta sinten paman. Jurah matur kang sotah mastani ulun. Ki Carita dadya lurah. ing dhusun Pakel puniki.
20. Mila kula gupuh sowan. de rumiyin tumêka ing samangkin. tan ana janma kang purun. lumêbêt maring sanggar. mung paduka saestu lamun linuhung. baya trahing maratapa. wijiling andana warih.
21. Kamipurun abdipara. atur dhahar lumayan ing kalantih. angsala barkah pukulun. kasawaban nugraha. wus tinata sang luhung ngecani kalbu. dhahar watara sak kluwak. dhendheng manjangan sacuwil.
22. Atobbe ambal-ambalan. wus dumugi rampadan gya cinarik. dhaharan lumadyeng ngayun. siwalan myang deresan. Raden dhahar siwalan tanapi nginum. deresaning kang siwalan. nikmat sêgêr sarireki. [ 58 ]23. Gathak Gathuk ingacaran. lah suwawi (ng)ger aywa isan-isin. (n)dika nêdha kang pakantuk. (ng)gih wakne ywa sumelang. Gathak Gathuk (ng)gennya nêdha angathêkul. kalihe wus tuwuk samya. angêndhoni sabukneki.
24. Radyan ris tanya Ki Crita. kadiparan cariyosira nguni. griya myang kêpek gumandhul. Ki Carita turira. inggih sangking gotekipun tiyang sêpuh. griya winastanan sanggar.-pamujan kala rumiyin.
25. Kêpek kakalih punika. kang satunggal pan isi sinjang lurik. warna-warni corekipun. miwah sinjang praosan. dhêsthar têpen renda myang praosanipun. dene kêpek satunggilnya. isi kampuh gadhungmilathi.
26. Mawi kaparaos jênar. kacariyos kagungan dalêm Gusthi. Kangjêng Nyai Rara Kidul. sabên taun sapisan. kulabêkta dhumateng ing wismaulun. mariksa jangkêping cacah. sarta ngiras angisisi.
27. Sampuning jangkep kang cacah. lajêng wangsul marang ing sanggar malih. nalika pamêndhêtulun. tuwin wangsuling barang. sampun tamtu wontên sima kang tut pungkur. nanging sangking katêbihan. punika sima kang jagi.
28. Sabên dalu tiga-tiga. bilih siyang sami awami janmi. wit pakel sangajengipun. ing sanggar kalih pisan. miwah uwit duren kakalih puniku. aneng kiwa têngan langgar. tanêmanipun Jêng Gusti.
29. Panembahan Senapatya, mila saben woh katur miring Mantawis. Gathak Gathuk ririh muwus, wakane napa ingkang. den arani sima-gadhungan puniku, de tyang datan mawi tungkak. (ng)gih makatên gotèkneki. [ 59 ]30. Rahadyan manis ngandika. man Carita bangêt panrimamami. buja kramanta miring ulun. Allah kang malêsêna, reh wus siyang ulun (m)dumugekkên laku. Ki Carita aturira, sumangga karsa sang pêkik.
31. Kapungkur ing Pakel desa. lampahira ngaler ngetan lêstari. kèndêl kalanireng waktu. prapta ing tanah Tuban. aso aneng ngandhap randhu-wana agung. Gathak Gathuk gawok mulat. agênging wit anglangkungi.
32. Kubênge gya pinêcakan. kupêngira pitung dasa kakalih. radyan utusan mring Gathuk. kinen ngupaya toya. gya umentar tan pantara têbihipun. anon sumur sela krêsna. toya lêbêt langkung wêning.
33. Wangsul matur ing rahadyan. pinurugan lawan santri kakalih. sumur watu kebak banyu. malah kongsi (m) baludag. karamate cacalon wali linuhung. Gathak Gathuk kagawokan. nulya ngambil toyastuti.
34. Rampung dennya samya kadas. toya mendhak pulih lir nguniuni. wangsul wêktu ngandhap randhu. bakdane salat Ngasar gya tumindak gandrung-gandrung kapirangu. engêt mring kakalih kadang. sira yayi marang ngendi.
35. Anon sumber binalumbang. toya wêning winastanan ing Bêkti. Rancangkapti ariningsun. nguni karêmênanta. adus marang balumbang ingkang binatur, radyan kèndėl sawatara. anulya lumampah malih.
36. Ngidul ngilen prapteng wana, langkung wêrit andungkap waktu Mahrib. kèndêl ngandhap mandera gung. aneng têpining
sêndhang. binotrawi pinagêran sela pingul. sawusing têtoya kadas. ngrarasati wêktu Mahrib. [ 60 ]1. Paragating Ngisa lawan Mahrib. pitekur sang anom. ngluhurakên asmane Sang Angreh. Gathak Gathuk wus dangu aguling. na swara kapyarsi. lir miyem jumêgur.
2. Lir kalindhon bumi gonjang-ganjing. Gathak Gathuk mbengok. gurawalan ngarukêt rahadyan. saya rame swara kapiyarsi. sirêping swareki. Gathak Gathuk ngantuk.
3. Tan pantara rahadyan udani. wanodya kinaot. makidhupuh lungguh ing ngarsane. mangênjali matur nora krami. dhuh risang linuwih, ruwaten pukulun
4. Ing munajat satuhu karya gring. marang wadyaningong. radyan mesêm aris ngandikane. babo rara sapa kang wawangi. Jan wismanta ngêndi. de prapta ngarsengsun.
5. Kawruhana sang luhung wakmami. nguni putri katong. Brawijaya pungkasan pamase. kang mandhireng kraton Majapait. rusaking nagari. salin srengat Rasul.
6. Ulun datan kaduga nglakoni. ing agama kaot, banjur maring wana Bagor kene. atatruka karsaning Hyang Widdhi. kinen angratoni. sagunging lelembut.
7. Ingkang manggen neng Bagor wanadri. de kêkasih ingong. Jeng Ratu Mas Trangganawulane. sêndhang iki apan sunarani. Sugihwaras nênggih. pasiramaningsun.
8. Amung sabên ari Sukra Manis. (ng)goningsun lalangon. sapa wonge kang mantêp atine. yun katêmu marang jênêng mami. saranane mawi. tirakat sadalu.
9. Ing malême ari Sukra Manis. pasthi ingsun rawoh. sarta asung apa sasêdyane. ing samurwat sarta bênêr becik. mriyêm ingkang muni. sabên ratri iku.
10. Pratandhane karaton arja-di. mupus ing tyasingong. baya uwus ginaris papasthen. takdiring Hyang tan kêna wah gingsir, ragengsun sadarmi. sumarah sakayun. [ 61 ]11. Paran karsȧ sira prapteng ngriki. jarwaa sayêktos. Jayengrêsmí alon andikane. angulati kadangong kang anis. jalu lawan estri. wus lawas tan pangguh.
12. Jêng Ratu Mas aturira aris. babo sang kinaot. den-narima pan durung mangsane. têmbe panggih yen rahaden uwis. kaukum ing nagri. linabuh ing laut.
13. Neng Tunjungbang kono (ng)gonne dadi. banjur atatêmon. aywa kêmba lakunira raden. nyanyaloni dadining ngaluwih. raden Jayengrêsmi. ana marêmipun.
14. Lah Ratu Mas buron apa iki. kang padha mathangkrong. aneng êpang tan katon raine. kaya munyuk buntute tan keksi. Ratu Mas lingnya ris. tukang arannipun.
15. Heh Ratu Mas sapa kang sung uning. ing satêkaningong. Sri Trêngganawulan lon ature. pêksi dhandhang sung ngalamat muni. kena dentiteni. kandhane wong sepuh.
16. Lamun ana paksi dhandhang muni. sangking wetan ngulon. nglamat bêcik tamuwan badhene. ing pandhita utawa wong Juwih. Jamun dhandhang muni, sangking wetan kidul.
17. Yèku bêcik ing alamatneki. barang karya dados. Jamun ana dhandhang munya mangke. saka kidul bênêr prènahneki. ngalamat rêjêki. ingkang karsa rawuh.
18. Lamun ana paksi dhandhang muni. sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate. arsa padu rêbut sapaleki. lamun dhandhang muni. kulon sangkanipun.
19. Ngalamate apan arsa rabi. yen sangking lor kulon. dhandhang muni ala ngalamate. apan arsa kagêringan ati. den angati-ati. awas lawan emut.
20. Atobata maring ing Hyang Widdhi. poma dikalakon. dhandhang muni lor bênêr sangkane. yeku ala ngalamatireki. yêkti arsa manggih. kawirangan agung.
21. Yen amuni ing lor wetan sangking. ngalamat tan awon. yun katēmu ing prasanakane, miwah kadang ingkang wisma tebih. Jamun dhandhang muni. mencok wuwungipun. [ 62 ]22. Ing wismane kang nginggil pribadi. swaranira alot, yun katêkan susah ngalamate. tamat ngalamate dhandhang muni. gurune wismeki. ngendi sangkanipun.
23. Wangsiting Hyang lamun prênjak muni. iku den waspaos. kang nglamati bêcik lan alane. wus pinasthi carita ing nguni. sêmune kang pêksi. prênjak uninipun.
24. Lamun ana pêksi prênjak muni. sarêng sakaloron. aneng kidul ing wisma prênahe. ngantya dangu pan ngalamatneki. tamuwan priyayi. bêcik sêdyanipun.
25. Lamun ana pêksi prênjak muni. kaprênah neng kulon. pantinira ala ngalamate. arep ana tetamu kang prapti. sêdyanya tan becik. ngajak tukar padu.
26 Lamun ana pêksi prenjak muni, kaprênah aneng lor. pantinira bècik ngalamate. guru prapta karsane sung wangsit. sadhiyaa nuli. kang suci kang patut.
27. Lamun ana pêksi prênjak muni. wetan panti mangko. mencok payon kandhang gêdhogane. nglamat ala yun kabêsmen yêkti. den angati-ati. ywa lena ing kalbu.
28. Paksi prênjak munya angidêri. wisma tepung golong. pan prayoga iku ngalamate. bakal antuk donya ingkang suci. myang arta kalali. mujia Hyang Agung.
29. Titi tamat ngalamating pêksi. kang becik kang awon. iku ingkang ingsunestokake. bênêr luput karsaning Hyang Widdhi. ingsun darma manggih. ing kaol rumuhun.
30. Raden Jayengrêsmi ngandika ris. sang ratu kinaot. buron apa kang na paedahe. jêng Ratu Mas aturira aris. sato tukang adi. mengko ingsun tutur.
31. Murweng sato muka kang linuwih. tukang winiraos. iku agung sawabe adene. wus mutamat para nabi wali. miwah para mukmin. poma denlêstantun.
32. Den agêmi aywa ge denwadi. yen tan tunggal batos. tukang iku pinetta sirahe. selehena bun-êmbunanneki. panganggone nenggih. lamun ana mungsuh. [ 63 ]33. Datan têdhas ing sanjata dening. utêke denuwor. barang lênga dene panganggone. ana gawe cinampur ing dhiri. watêk têguh nênggih. luput sênjateku.
34. Lambe ilat den (ng)go jimat nênggih. kalis gêlap rêko. apan siung kalawan kukune. pan kinarya ngukur janma guling. insa Allah mati. nênggih wong puniku.
35. Utawa denkosokaken janmi. dadi kaku kang wong. den (ng)go sipat nênggih gêgêtiye. barang ingkang aningali asih. lamun denwor warih. nênggih banyu susu.
36. Nuli denusapaken ing kendhil. ujare pawartos. datan mateng nênggih liwêtane. wulunipun densêbar ing panti. paedahe malih. durjana tan wêruh.
37. Anadene wewudêlireki. den (ng)go tamba kang wong. lara busung kang têngên matane. denwor lawan gêtih sêrut nêngih. lan luhe wong nangis. den (ng)go sipat iku.
38. Insa Allah wong liyan ningali. pasthi datan wêroh. lamun lungan pan denusapake. saka omah paedahe nênggih. tan kêneng denambil. duweke wong iku.
39. Mata kiwa denwor lan kasturi. miwah kapur-baros. apan den (ng)go nênggih sa Allahe. denkasihi wong lanang wong estri. wus titi nikmati. sato muka lutung.
40. Ana maning sarah ingkang paksi. platukbawang kaot. luwih akeh tinimbang tukange. wulu daging jroan balungneki. kabeh mupangating. kanthi pedah luhung.
1. Lah pirêngna radyan ulun. amarna sarahing pêksi. saking Jêng Nabi Suleman. nênggih ingkang anjarwani, kang pêksi pêlatukbawang, keh manpangatnya winilis.
2. Yen kang rumiyin dinunung. cucukipun ingkang nginggil. karya sepuhing gagaman. gagaman sakalir-kalir, sawabipun datan ana. wong teguh tan pasah titis. [ 64 ]3. Yen tan pasah kang tinanduk. dadya sakit gêng (n)dhatêngi. tan waras prapta ing pêjah. ilating pêksi winarni. dhinahar ingkang paedah. ing pamicara patitis.
4. Netranira kang ginantung. munggeng saluhuring kori. têbih saking duratmaka. wuluning murda kinardi. sumping rarywa lit sawabnya atêbih saking panyakit.
5. Polo pan kinarya pupuh. ing netra pan datan keni. ing lalamur sawabira. jajantungipun binukti. sawabira sarwa gampang. sabarang ingkang kinapti.
6. Lan kabuka ngelmunipun. apêruninpun upami. winor lan minum-minuman. miwah winor lawan jampi. sawabe rikat lumajar. pringsilanipun binukti.
7. Kinasiyan sawabipun. mring wanodya lawan malih. kinasiyan mring pandhita. miwah maring para wali. dhadhaning pèksi dhinahar. sawabipun lamun sakit.
8. Enggal ing waluyanipun. brotol binukti pawestri. sawabipun kinasiyan. dyah ika maring ing laki. buntut winor lan gulunya. binasmi nulya binukti.
9. Ing pawestri sawabipun. Jinuwih samining estri. Jaripun kinarya gêlang. elingan sabarang kardi. lawan malih ingkang êlar. winor ing sabuk prayogi.
10. Kinasiyan sawabipun. Jamun suwiteng narpati. yen sineleh sorring bantal. patilêman sawabneki. tiningalan sarwa endah. tur rinêksa ing Hyang Widdhi.
11. Sawabe ingkang babalung. akuwat yen densimpêni. myang balung suwiwinira. sinelehakên ngisoring. pasareyan datan liyan. sawabe akuwat malih.
12. Atinipun pan ginantung. Juhure dennira guling. sawabipun bêtah sahwat. yen winor lisah kalèntik. myang wawêdhak ingkang sahwat. sima sagunging sasakit.
13. Suku kalih sawabipun. lamun pinêndhêm ing sabin. myang sakehing tatanêman. tulus wohipun andadi. lamun malih ingkang manah. ginêlangakên ngasteki. [ 65 ]14. Wisa tawa sawabipun. isining wisma sakalir. têbih sangking ing lalara. nênggih atinipun malih. ingusapakên ing dakar. bêtah sahwat sawabneki.
15. Ingkang ilat kinaryeku. jimat sawabe tan kenging. ing luwe bêtah alapa. lawan kulitipun malih. tinalekakên padharan. yeku bêtah luwe malih.
16. Kêpalanira kang manuk. kinarya jimat ngajurit. kinajriyan marang mengsah. yen wontên wisma upami. panas tan kena kanggonan. pinêndhêman êlarneki.
17. Panjawat kang têngenipun. wolung lembar aja luwih pêpadonipun lor wetan. dadya tawa panasneki. gêtih denakingkên ika. winor lawan bawang abrit.
18. Lawan adas nulya kinum. ing toya neng pinggan putih. karya jampi lara netra. pinupuhakên tumuli. insa Allah dadya waras. yen wonten sasakit kuping.
19. Pinupukakên pan mantun. lamun arsa denkasihi. lan wong akeh myang yen arsa. sugih lan yen arsa dadi. barang ingkang tinanêman. puwasaa tigang ari.
20. Den kadya puwasa agung. winatêka donganeki. puniki mele kang donga. Allahuma barkat saking. Gusti Bagendha Suleman mung iku tan ana malih
21 Kang pinangan atinipun. ingolah sakalir-kalir. yen wus dennira puwasa. matêk donga sarwi bukti. yen adagang myang ngawula. den têtêp hya walanggalih.
22. Kalamun arsa sireku. siniyan wong kathah malih. tyas lan ilat winor barang. olah-olahan binukti. Jamun arsa matenana. ing wong durjana mamaling.
23. Ingkang kiwa tapakipun. sinundêp ing cucuk nênggih. insa Allah pêsthi pêjah. lamun arsa sugih ngelmi. tyas binukti lawan. uyah. goreng wus titi kang paksi.
24. Rahadyan ngandika arum. Ratu Mas Trêngganasasi. banget ing panrimaningwang. sira sung pitutur jati. ngalamateng paksi dhandhang. miwah pêksi prênjak muni. [ 66 ]25. Sarahing tukang linuhung. myang palatukbawang paksi. apa kang dak walêsena. Ratu Mas turira aris. luwih karsaning Huang Suksma. ingsun iki mung sadarmi.
26 Kabeh kang wus ingsunwuwus. iku darbekmu pribadi. amung kang mêdharkên ingwang. sarehne wus lingsir akir. sun pamitan lilanana. mantuk mring kahyangan mami.
27. Wus tan katon kangjêng ratu. Gathak Gathuk nuli tangi. sarya matur mring rahadvan. kawula satengah ngimpi. mireng swara tanpa rupa. amung ganda mamrik minging.
28 Lir tindhihên raosipun. sruwing-sruwing kapiyarsi. tukang platuk lunjak-lunjak. sarah-sarah denadhangi. punika ginêm punapa sinten rencang paduka ngling.
29 Rahadyan ngandika arum. kawruhanamu kang prapti. anêmoni jênêngingwang. iku ratuning dhadhêmit. ngadhaton ing Bagor wana. ing nguni putri narpati.
30 Sang Aprabu Majalangu. Brawijaya kang sisiwi anggentur amatiraga. tan sarju salin agami. katrima panedhanira. bisa jumènèng narpati
31. Ngratoni sagung lêlêmbut. sajroning Bagor wanadri. sabên bêngi manyêman. Gathak Gathuk duk miyarsi. marinding githok mangkarag. wus awanci pajar sidik.
32. Samya wulu waktu Subuh. paragat dennya ngabêkti linggar sangking Sugihwaras. ngancik suku Pandhan wukir. manjat manginggil wus prapta. ing dhusun Kadhaton nami.
33. Nyabrang lepen mili ngidul. toyanya nyarong awêning. miyat balung langkung kathah. agêng-agenge nglangkungi. lajêng lampahira radyan. wus prapteng sukuning ardi.
34 Ing Gambiralaya gunung. nulya umanjat manginggil. prapteng pucak non pratapan. tanggul siti angubêngi. tinanêman sasekaran. argulo gandanya amrik.
35. Pinecakan kubengipun. tigang dasa langkung kalih. (n)jawi tanggul kidul wetan. wontên rêca sela langking. patrape lir janma priya. mangku palananganneki. [ 67 ]36. Wus pisah lan badanipun. mung sapucang agêngneki. Gathak Gathuk latah-latah. ana maneh angungkuli. duweke rêca Ki Gaprang, kalah dawa gêdhe iki.
37. Rahadyan nulya tumurun, ngaler ngereng-ereng wukir. anon balung agêng panjang. tikêl pat lan kang rumiyin. prapteng ngare angandika. lir mas tumimbul ing warih.
1. Lah ta Gathak sira umentara aglis. maring padhusunan. katemua kanca bumi. angilenana dawêgan.
2. Wus umentar (n)jujug wismane patinggi. gupuh ingacaran. lah panten karsa punapi. kula yun ngileni dêgan.
3. Anak kula kalantih neng suku wukir. ki patinggi lingnya. botên susah angileni. nulya ngambil kang dawêgan.
4 Patang iji sampun pinarasan sami. lah panten sumangga. kula bêktane pribadi, kerit lampahira Gathak
5. Prapteng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi. Jengrêsmi ngandika. kaki sun tanya sireki. wisma miwah kang sinambat
6 Nama karan dhusun kang kula ènggeni. punika Padhangan. katelah sami mastani. dhateng kula Kaki Padhang
7. Sumapala kamipurun ingkang abdi. ngaturi sugata. lumayan jampi kêlantih. sacêrêt wêning dawêgan
8. Iya kaki bangêt panarimamami. pasihanta mring wang. Allah ingkang ngudaneni. ing sakalêthêking manah.
9. Radyan ngunjuk ing wêning nyu sawatawis. têlêsing gorokan. karaos nikmat ing dhiri. ngandika alkamdulillah.
10. Linorotkên marang santrinya kakalih. we-nyu papat bebas. dawêgan gya den klothoki. ngalih sewang samya têlas.
11. Radyan angling kaki ingsun minta uning. mau ingsun ngambah. padhukuhan suku ardi. myat balung keh agêng panjang [ 68 ]12 Nulya manjat malih mring pucaking wukir. anon patilasan. kidul ana rêca siji. mangku kadya palanangan.
13. Mudhun maring ngereng-ereng uning malih. balung gedhe dawa. ngungkuli kang mau kaki. kadiparan critanira.
14. Kaki Padhang tumênga matur sang pêkik. dongengipun kina. sukunipun Pandhan wukir. dhusun Kadhaton namanya.
15. Kala jaman purwa kadhaton raseksi. Sang Prabu Arimba. rikala amangun jurit. mengsah panenggak pandhawa.
16. Arya Sena ingkang unggul ing ngajurit. raksasa keh pejah. punika babalungneki. Sang Prabu yaksa Arimba.
17. Pêjahipun aneng ngereng-ereng wukir. ing Gambiralaya. ingkang paduka tingali, anglangkungi agêng panjang.
18 Tiyang satus bokmanawi tan kuwawi. lepen alit ingkang. mangidul ilinireki. winastan lepen Jeroang. [10]
19 Sri Arimba sasampune angêmasi. pancanaka mangsah. ing wadhuk jeroan mijil. binucal lepen punike
20 Pan katêlah namane prapta ing mangkin. ing lepen Jeroan pratapan sapucak wukir. ingaran Gambiralaya
21 Duk rumiyin wontên putri amartapi. warna ayu endah nama Dewi Gendrasari. wus medal istijratira.
22. Wonten tiyang jaler asru mangunteki. anama Ki Drêpa. yun mangangkah mring sang putri. duk ayun mangkat prasetya.
23. Yen tinampik amalipun denicali. wasana sang rêtna. lumuh dhatêng Drêpa kaki. palanangan gya pinagas.
24. Bali lênggah ki Drêpa nulya ngêmasi. nanging dados sela. lêstantun ngantos sapriki. dora lêrêse sumangga.
25. Gathak (n)jawil lah Ki Drépa iku sigit. nêtêpi prasetya. botên kaya wong sakiniki. sêtyane lamis kewala.
26. Raden Jayengrêmsi angandika aris. kaki pasihanta. sangêt panarima mami. kaki kantuna raharja. [ 69 ]27. Ingsun nutugake tumindaking sikil. (n)dhêku Kaki Padhang. rahadyan tandya lumaris. tan pisah ki Gathuk Gathak.
28. Ngaler ngilen prapta ing Bojanagari. myat kukus mangampak. rahadyan nulya nyêlaki. kang murub warni balumbang.
29. Pinêcakan kawan likur wiyameki. dene panjangira. tigang dasalangkung kalih. Jêbête sahasta wrata.
30. Tanpa toya dangu dennira ningali. nahan tan pantara. murub lir wisma kabêsmi. latu sumundhul ing mega.
31. Isthanira kadya ngurmati kang prapti. Gathuk Gathak waswas. giris maras miris tistis. tyas lir tatas anaratas.
32. Kêpalane dhusun Dhandhêr gupuh prapti. mariksa pawaka. kagyat anon janma katri. pinarak têpi balumbang.
33. Nglocciteng tyas aneh têmên uwong iki. yen dudu trah tama. mangsa waniya nyêlaki. ing balumbang Pakayangan.
34 Ki patinggi anyakêti ing sang pêkik. rahadyan têtanya. baya sireku kang (n)jagi. balumbang isi dahana.
35 Palang matur léres timbalan sang pêkik. mila gupuh amba mariksa balumbang api. awit dadya panèngêran.
36 Lamun murub dělajat kathah sêsakit. dhusun ingkang cèlak. kang uning urubing agni. apès lir mendem pocungan.
1. Murub agung tan wonten tiyang andulu. mung amba priyang ga. kang wikan urubing agni. sampun tamtu kadhatengan janma tama.
2. Isthanipun lir tur urmat asusugun. punika winastan. Pakayangan latu nênggih. criyosipun prapene êmpu duk kina.
3. Gathuk tanya marang Ki Kapalang gupuh. baya kang Kêpalang. têdhaking êmpu rumiyin. ingkang darbe patilasan Pakayangan. [ 70 ]4. Apêsipun sagêd pandhe damêl dhuwung. Ki Kapalang mojar. o (ng)ger dede têdhakneki. nanging yêktos pancen pandhe damêl kula.
5. Gathuk muwus lah apa bênêr bêthekku. yen damêl curiga. punapi (ng)gih denukuri. panjangipun punapa sakarsa-karsa.
6. Myang landheyan waos punapa ingukur. napa manut bakal. Ki Kepalang anaur. dhuwung miwah landheyan wontên ukurnya.
7. Watonipun kalamun adamêl dhuwung. panjangipun ganja. ingkang kaukur rumiyin. lajêng kangge ngukur panjanging curiga.
8. Awit bongkot kajawine pêsinipun. dumugi pucuknya. nênêm wêwilanganeki. kang rumiyin cakra kapindho gundhala.
9 Tiga gunung ping sakawanipun guntur. ping gangsal sagara kaping nênêm madu nênggih. ingkang sae têkeng pucuk dhawah arga
10 Tuwin dhawah sagara utawi madu. titiga prayoga. utawi dhawah jaladri, gya winalik sangking pucuk pangukumnya.
11. Tekeng bongkot kajawining pêsinipun. kang langkung utama ing pungkasan dhawah ardi. lah punika ingkang pantês pinilala
12. Lamun damèl landheyan waos ingukur. kêpêlnya priyangga. sakawan etanganeki. sangga runggi sarah watang kang prayoga
13. Den dhawahna sangga ing pungkasanipun. Gathuk (n)dhèku lingnya paringe kakang kapundhi. Ki Kapalang noraga matur rahadyan.
14. Dhuh sang luhung bilih marêngi ing kalbu. kampir wismaamba. ing Dhandher tan pati têbih. dhusun ingkang katingal ngajêng punika.
15. Apuntênta paman ingsun arsa laju. (n) dumugekken lampah. (m) bungkuk Kapalang tur inggih. botên langkung kula (n)dherekken raharja. [ 71 ]16. Pakayangan latu Dhandhêr wus kapungkur. lajêng lampahira. ngambah ara-ara wradin. tanah Dhandhêr ngilen nulya anon toya.
17. Mêdal sangking sumber ngalirab dinulu. Gathuk tan saranta. ngokop toya ingkang mili. prapteng tênggok wangsul mutah bulakêran.
18. Gathak tanya lho kapriye iku Gathuk. têka mutah-mutah. Gathuk angling mbrêbêsmili. dudu banyu iku lênga latung blaka.
19 O ya Gathuk aku krungu critanipun. iku banyu kêna. kanggo didiyanan sami. wong padeşan mung kukuse ngudubilah.
20. Radyan mesêm angandika marang Gathuk. iku kang pinanggya, janma tan sareh ing budi. kaya-kaya masthi manggih kasangsaya
21 Ya ta wau rahadyan ing lampahipun. nalasak galagah. kêtêl rumput mendhong wlingi. nabrang lepen ngantya rambah kaping gangsal
22 Anon dhukuh aneng têngahing wana gung. rahadyan ngandika. payo Gathak Gathuk mampir. yun tatanya tanah ngendi iki baya.
23 Gya kapangguh sujanma amikul bumbung. isi lêgen klapa. santri kalih anyêlaki. nabda nêdha ngileni lêgen kalapa
24 Lah ta bagus (n)dika ngombe ingkang tuwuk. ngileni tan susah. (n)dika badhe dhatêng pundi. kamayangan tèka maring dhèkahingwang.
25. Kula (n)dherek janma luhung ingkang nglangut. sukanira mahas. panggenan kang sêpi-sêpi, amurugi kang singit tan kambah janma
26. Nika ingkang neng ngandhape pandhan arum. bagus yen sêmbada. pareng kampir wisma mami. kula mantuk (ng)gêlar-(ng)gêlari ing wisma
27. Gathak Gathuk matur wit panyuwunipun. kyai ingkang ngrêm bat. paduka katuran mampir. mring wismane rehning sampun nanggêl lampah. [ 72 ]28. Tan pantara dangu ki wisma amêthuk. wus kerit rahadyan. Gathak angupaya warih. ki wisma ngling anak ngupados punapa.
29. Kula pados toya badhe kagêm wulu. o anak tan ana. ing ngriki toya kang sukci. meh sadaya pakungkumaning waraha.
30. (n) Dawěk kula padoskên tirta kang luhung. ki wisma gya mancas. pang wit jêmbul toya mijil. lir pancuran wêning asrêpe sêdhêngan.
31 Gathak matur punika toyaning jêmbul. manthêr lir pancuran. kaagêm wulu prayogi. radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas.
32 Wusing rampung pampêt ingkang toya jêmbul. Gathak eram ing tyas. wakne iki nyata luwih. nora nyana yen mêtu karamatira.
33 Prapteng wisma Gathak adan tumalawung. nulya samya sunat bakda sunat kinamati. waktu Mahrib myang Ngisa sampun paragat
34 Lênggah salu sunggata lumadyeng ngayun, kang lêgen kalapa tela gamblok matêng ing wit. aturira manis wėdaling wicara
35. Dhuh sang bagus kumedahe atur-atur. sunggata tan mandra. sawontêne tiyang langip. aneng wana tanpa rowang datan pakra
36. (ng) Gih kiraka sangêt ing panrimaningsun. langkung rêsêp ing tyas. radyan dhahar tlas salining. ngunjuk lêgen watara tigang cêgokan
37. Kraos tuwuk atob kaping kawanlikur. Gathuk Gathak nadhah. miwah ngombe lêgen krambil. sakatoke tan ana tinaha-taha.
38 Wacana rum rahaden mring ki wisma rum. kiraka sun tanya. ngriki niki tanah pundi. Jawan sintên sinambatipun kiraka.
39. Aturipun kula pun Jatipitutur. asli saking Sela. ing Kasanga jurukunci. pan ing ngiriki talatah siti Grobogan.
40. Ing Kasanga kathah panunggilanipun. Blêdhug Kuwu miwah. Crewek kalawan Mandhikil. myang ing Sêndhang Ramêsan [ 73 ]toya mawarna:
41. Kakang Jatipitutur ulun ayun wruh. paran mulanira. yen wontên cariyosneki. kang jinarwa kiraka niku sadaya.
42. Alon matur kula engêt boten urut. lumayan kinarya, sasamben cagaking arip. kala kina wonten panjênêngan nata.
43. Prabu Jaka punika jujulukipun. ing Mêndhangkāmulan. karêm mêng-amêng wanadari. anunumpu bantheng sangsam kancil kidang.
44. Tanpa wadu amung sabat kang tumutur. nuju ri sajuga. uning sarpa mangunteki. langkung agêng sisikira mancawarna.
45. Prabu bendu bêntering tyas sakalangkung. ula apa karsa. de bangêt amatiragi. mêngko sira tan wurung rampung dening wang.
46 Sang aprabu nulya menthang langkapipun. jêmparing lumêpas. cumundhuk sawêr ngêmasi. wontên swara kapiyarsa ing sang nata.
47. Eh sang prabu tuhu sikara sireku yêkti bakal tampa. pauku- maning Hyang Widdhi. datan bisa mujadahi hawanira
48 Nenging swara sawêr musna tan kadulu. gara-gara prapta. jawah lesus kilat thathit. aliwêran balêdheg dhar-dher tan pêgat.
1. Tranging jawah lagya mangkya sang aprabu. angraos sangêt kalantih. têdhak mring karandhan ngaub. tuwin karsa anuweni. duk nguni sri nata anon.
2. Anakipun nyi randha Kasiyan dhukuh. ing Sangkeh tuhu linu- wih. Rarasati maksih timur. reh sampun antawis lami. kakintên wus jonggrong jonggrong.
3. Prapteng dhukuh nganti neng dhadhah sang ulun. wêdaling dyah Rarasati. nyai randha lagya nuju. nênggani (ng)gêntang pra estri. gagêndhingan dhungprong-dhungprong. [ 74 ]4. Rarasati mijil sangking wismanipun. asinjang pathola abrit. konyoh jênar slendhang kawung. tinepi parada kuning. wimbuh ayu melok melok.
5. Tanseng pungkur kalangênannya sang ayu. juga babon katé adi. pêthak mulus cenggeripun. sanggardalima respati. sapraptanira sang sinom.
6 Panggêntangan nulya tumut (ng)gentang pantun. sukunira kang sasisih. angidak sirahing pantun. angikis sinjangireki kakémpol katon mancorong.
7. Gebyar-gêbyar anglir pendah thathit barung. dupi miyat sri bupati. gandrung-gandrung amangun kung. ngandika jroning panggalih. pantês dadya garwaningong.
8 Sigra têdhak nyakêti kang samya nutu. matêk asmaragama di, para dyah kang samya nutu. tan ana ingkang praduli. katungkul dennira gerong
9 Sruning cipta korut nutpahira prabu. datan prabeda sang dewi. ugi korut nutpahipun. samya tumetes ing siti. tandya kate pethak gupoh
10. Anucuki nutpah kalih-kalihipun. wus nunggil dadya satunggil. Prabu Jaka dahat ngungun. sangêt lingsèming panggalih nulya kundur angadhaton
11 Gathak Gathuk samya gumujeng angguguk. radyan mesêm ngandika ris. kiraka Jatipitutur. nêdha kalajengna maning. cariyosipun kang babon
12 Kyai Jatipitutur nglajengken atur. dupi wus antara ari. amanigan kate pingul. nyi randha dupi udani. antigan pinêndhêt gupob
13 Gya dinekek aneng padaringanipun. tinunggilkên tigan katri. winor uwos kang lumintu. sabên ari denêdangi. nanging botên katon kalong.
14. Malah wuwuh nyi randha graiteng kalbu. baya iki kang marahi. atigan gêng pedahipun. bêras dakdang sabên ari. nora kalong malah wuwoh. [ 75 ]15. Gya pinêndhêt ingêlih maring ing lumbung. dupi uwosira enting. nyai randha mêndhêt pantun. mring lumbung ambuka kori. mêndhêt sabêlah ginendhong.
16. Tigan ingkang dipun dèkèkakên lumbung. sampun nêtês nanging warni, taksaka agêng kalangkung, ngalêkêr pinuju guling. kagyat nulya tatanya lon.
17. Paran karsa nini sira marang lumbung, nyai randha nulya nolih. anon sarpa nulya gugup. gya dhawah bali anjelih. lumajêng aketol-ketol.
18. Arsa lapur dhumateng ing sang nindya nung. taksaka suka ningali. wus mêdal saking ing lumbung. mring gyannya dyah Rarasati. sarwi ngling dhuh ibuningong.
19. Dewi Rarasati gumuling akantu. wungu nututi bok nyai. sakaliyan prapta sampun. ngarsanira kyana patih. naga wus neng wuri (n)jongok.
20. Nyai randha myang Rarasati duk (n)dulu. samya gumuling ing siti. kya patih arsa lumayu. naga gumujêng sarya ngling. kaki aja jrih maring ngong.
21. Kene payo padha lungguh kang pakantuk. kya patih ngoplok lingnya ris. lah ula apa sireku. tanpa sangkan (ng)gonmu prapta. sang naga saurira lon.
22. Kaki ingsun unjukna mring rama prabu. kyana patih anauri, mung manthuk lumaris gupuh. risang naga aneng wingking. dupi prapta ngarsa katong.
23. Kyana patih dereng munjuk sang aprabu. naga wus neng wurineki. Prabu Jaka gya andangu, eh ula apa sireki. de bisa clathu lir uwong.
24. Naga matur ngakên putranya sang prabu kalangkung dennira runtik. eh ula kawruhanamu, ingsun iki durung rabi sira têka anyalemong.
25. Lah lungaa yen kasuwen têkeng lampus naga karuna turnya ris. (ng)gêlarkên nalikanipun. sri papara ing wanadri tumêkeng kundur ngadhaton. [ 76 ]26. Lan umatur sakawiting babon pingul. nigan têkeng nêtésneki. sang prabu miyarsa atur. dahat ing lingsêming galih. nulya jêngkar angadhaton
27. Kyana patih tinimbalan mring kadhatun. dhawuh timbalan narpati. ponang sawer kinen nantun. madosi pacangan aji. lan mêjahi satru katong.
28. Baya putih têlênging sagara kidul. punika yen antuk kardi. ingaken putra satuhu. patih.wus (n)dhawuhkên maring. sarpa matur arawat loh.
29. Sru prasêca [11] yen tan kalakyan satuhu. karsane sri narapati. suka tumêkeng ing lampus. kya patih wêlas ningali. punang sarpa mêsat gupoh.
30. Ngidul terus singa kang katrajang gêmpur. amrih aglisira prapti ambles bantala jumêdhul. têlênging kanang jaladri. susumbar anguwuh mungsoh.
31 Angungasken atmaja Sri Jaka Prabu. ing Mêndhangkamulan adi. Sang Dewatacengkar Prabu kang awama baya putih. miyos sangking ing kadhaton
32. Mapag yuda ramening prang tan cinatur. ngantya pirang-pirang ari. sri dyah lami laut kidul. nama Prabu Anginangin. sukaning tyas dennira non.
33 Amiminta sirnane sang baya pingul. jaladri akocak-kacik. toya bêntere kalangkung. mina kathah angêmasi. baya pêthak yu- danya sor.
34. Kabuncang mring dharatan têpining laut. sirnaning angga pan dadi. Argalima wastanipun. sarpa sukane angenting. wus pasthi inganggêp katong.
35. Kacariyos Prabu Anginangin wau. suka amarwata siwi. satrunira baya pingul. mangkya wus tumêkeng lalis. naga tinimbalan gupoh.
36. Malbeng pura prapta ngarsane sang prabu. natadewi ngandika ris. eh sarpa kang jayeng pupuh. ingsun nguni pasanggiri. sapa [ 77 ]kang agambuh pupoh.
1. Sing sapa unggul pupuh. amateni mring si baya-pingul. gêntenana sadhela jumênêng aji. Juwarana punagiku. sarpagung turira alon.
2. Tan lengganeng ragengsun. anglampahi pasang giri prabu, nanging lampah amba punika tinuding. wusing nyirnakakên satru. ngulati pacangan katong.
3. Rehning dereng kapangguh. Prabu Rara angandika arum. pacangane ramanta pan ingsun iki. sira munjuka sang prabu. ngulati pacanganingong.
4. Ywa krama liyaningsun. nanging andadekna kawruhamu. ramanira tan widada madêg aji. namung tigang warsa puput. ginantyan kang darbe kraton.
5. Ing ari Budha besuk. lek purnama Galungan kang wuku. dakaturi têdhak mring kadhaton mami. sira sun rabekken kulup oleh Balorong yu anom.
6. Dhaubnya tan cinatur. Jangkung rame ing bawahanipun. ing dharatan pagêblug agêng (n) dhatêngi. wusing dhaub madeg ratu sapta ri gya pamit gupoh
7. Linilan pamitipun. myang winisik kang badhe tinêmu. ing sarira miwah jangkaning nagari. purwa madya wusaneku, wêlingira wantos-wantos.
8. Sri putri malih muwus. Linglung Tunggulwulung jujulukmu. têmbe sira karsaning Hyang angratoni. lêlêmbut ing gunung-gunung. mring sira anganggep katong.
9 Kala patêmbenipun. sira dadya ngalamat satuhu. dauruning jaman myang kêrtaning nagri. wis mangkata sira kulup. garwamu rara Balorong
10. Mênek ngribêti laku. Jah tinggalên neng kene rumuhun. sira aja mêtu marganira lami. têlêng samodra kapungkur. ambles ing pratala gupoh. [ 78 ]11. Neng Pasundhan anjèbus. amblès malih (n)jêbus wontên Kuwu. ing Carewek Mandhikil jêbusnya malih. sampun cêlak nagrinipun mlampah dharatan nalosor.
12. Dumugi praja (n)jujug. kapatiyan wus kêrit lumêbu. dupi prapta ngarsa nata mangenjali. kyana patih makidhupuh Tunggulwulung analosor.
13. Lampahira ingutus. sampun katur purwa wasaneku. Prabu Jaka langkung trusthanireng galih. wus inganggêp putra prabu. ginanjar makutha kaot.
14. Agêmira sang prabu. buntut untu atanapi siyung. binrongsong mas tinaretes sosotyadi. sisik linapis mas murub. kalung sosotya mancorong.
15. Myang pinaringan cupu. asthagina isi lisah kayun. kuwasanya yen wontên sarpa ngêmasi,tinetesan lisah cupu. gêsang malih lenggak-lenggok.
16. Sinimpèn wontên buntut. myang musthika naga kwasanipun. sinuyutan sakehe sarpa sabumi. dumunung ing cêthak murub. dhawuh dalêm sang akatong.
17. Eh sakeh wadyaningsun. piyarsakna samêngko si Linglung. ingsun junjung pangkat pangran adipati. manggon ana Tunggulwulung. wus kulup mundura gupoh.
18. Aywa kuciweng laku. lah arakên lakune si Linglung. Jan rêksanên sacara-caraning janmi. pangran dipati wus mundur. ing. marga tan winiraos.
19. Mandhireng Tunggulwulung. dupi antuk sawarsa sang Linglung. anêlaskên iwen wus katur sang aji. gya ingêlih dalêmipun. myang winulang rama katong.
20 Ing ngelmi agal-lembut. wus kacêkap tan ana kalimput. Tunggulwulung tapa mangap neng wanadri. awit sangking laminipun. badan kathukulan bondhot.
21. Nglênggirik kadya gumuk. ical sipatira taksaka gung. tutuk kadya wiwaraning guwa wingit. wus matêng ing tapanipun. manungsa tan ana wêroh. [ 79 ]22. Karsane jawata gung, nuju dêrês jawah gumarubug, wontên rare angon sasanga kehneki. kajawahan samya ngaub. neng tutuk naga kinaot.
23. Kang wolu wus umangsuk. kang satunggal siningkang tan antuk. gya minggah ring klêrês gigir nyangking kudhi. mêmêrang siti marentul. guwa mingkêm kadya angob.
24. Rare wolu kang ngaub. sareng samya pêjah tanpa muwus. kang satunggal wontên jawi mêrang gigir. inggal lumajêng umantuk. mring sudarma awawartos.
25. Tandya kunjuk sang prabu. sri narendra sakalangkung bêndu. gya adhawuh kinen mantek wêsi gilik. cangkêmira Jaka Ling- lung. supadi pejah ing ngênggon.
26. Wus pinantek kang tutuk. Jaka Linglung tumeka ing lampus. lah punika cariyosipun ing nguni. atatanya Gathak Gathuk.. athik ula kaya uwong.
27 Le nyêmbah niku prehpun [12] Rara Blorong kacariyos ayu. pinaesan saya wimbuh amrakati. Jaka Linglung sigit bagus. winêwahan mawi topong
28. Wong gepeng sirahipun. kados pundi kêkahe puniku, ah wong criyos wikana nyatane nguni. tamating cariyos bangun. Gathak Gathuk adan Suboh.
29. Wus samya wêktu Subuh. sabakdanya Subuh ngandika rum. Jah kiraka wawi ulun ayun uning patilasan Tunggulwulung. inggih sumangga sang anom.
30. Kula gadhah panyuwun. mrih lêstantun tan sangsayeng laku kaparênga miturut sacaraneki. kiraka hywa walang kalbu. datan nyuwalani ingong.
31. Wus kerit lampahipun. praptaing Kasanga têpinipun. siti lêbu kadi awu warnaneki. tan wontên taru kang thukul. ngilak-ilak lir sinapon.
32. Ambanon ingkang wangun. nanging mawi malengkong mangi [ 80 ]dul. kathah bolong kadya lenge yuyu nênggih. katutub ing lêbu lembut. tiniyub maruta katon.
33. Sadaya sami ngêmpus. lir tutuban dene têlêngipun. wontên. êleng sadandang wiyarireki. akumrangsang ungêlipun. tinindakan alon-alon.
34. Wus cèlak mêndhak sampun. lampah bocong ngambah krikil alus. warna abrit pêthak jêne anêlasih. kendêl sila dennya lungguh. rahadyan anulya jongkok.
35. Mariksa lêbêtipun. kilêng-kilêng kinclong warninipun. kadya lingsah ingkang sakalangkung wêning. swara kumrangsang saya sru. wusing anon ngandika lon.
36. Punapi marmanipun. lampah bocong Ki Jatipitutur. matur kurmat reh wus cêlak dunungneki. Prabu Anom Tunggulwulung. kadinanan ngelmi kaot.
1. Kang kilêng-kilêng kaeksi. gih punika netranira. lêbu lir awu warnane. tilas Linglung duk samana. pinantek tutukira. badan. polah siti (m) blêdug. nanging botên sagêt kesah
2. Krikil warangan puniki. kinarya nyêmêng gêgaman. toyane jram pêcêl winor. paedah ampuhe mindhak. rahadyan sampun linggar. tan pati doh nulya (n) dulu. sumber alit isi toya.
3. Nyêmêk-nyêmêk raos asin. kidul teleng kawistara. wontên gumuk mujur ngilen. kilen gumuk datan têbah. rawa lit kebak toya. ugi asin raosipun. ler kilen têlêng Kasanga.
4. Ara-ara tinon asri. sitinipun bulak pêthak. barênjul samya ing- gile. turut pinggir pupundhungan. dumugi ing ler wetan, ma- thuthuk lir wisma pingul. bênggang ajêg lir tinata.
5. Wetan têlêng tinon asri. waradin penuh thukulan. rumput mêrakan myang mendhong. têkeng kidul notok arga. tinon asri kawuryan. nglilipur ing tyas margiyuh. Ki Jati malih turira.
6. Ingriki bilih marêngi. mangsa katiga akathah sima sawêr samya manggon. asring-asring ing Kasanga. sawiyaring têlêngnya. (m) blêdhos swara kadya gludhug. inggilnya ngungkuli arga. [ 81 ]7. Tinon yektos (ng)gigirisi. gih punika kruranira. Tunggulwulung ingkang manggen. ing sangandhaping Kasanga. ri wusnya mangun krura. kula gya mariksa gupuh. punapa kawontênannya.
8. Yen katingal sanepaning, maryèm badhe wontên perang. yen katingal kados layon. badhe kathah tiyang pêjah. sampuning amariksa. nuntên lapur lurah ulun. dhatêng Methakan ing Séla
9. Kang nglajengkên mring Mantawis. dene lepen cacah gangsal. kalamun rêndhêng mangsane. punika dados satunggal. tinon wus kadya rawa. ila-ilane rumuhun. para priyantun ing praja.
10. Saestu yen boten kenging. anton têlênge Kasanga. kilap punika wadose. yen tinrajang kadrawasan. linungsur kang darajat. apes nandhang ing papa gung. kinëbat kang sandhang pangan.
11. Wus tapis dennya ningali. Ki Jatipitutur lingnya. suwawi angaler ngilen. punika tilas kadhatyan. nagri Mêndhangkamulan. ing Kasanga wus kapungkur. prapta tilasing kadhatyan.
12 Wujud kantun siti menggir [13]. wus dumadya wanawasa. linajêngkên ing lampahe. prapta ing sendhang Ramêsan. wawêngkoning Kradenan. cakèt satépining ranu. tan patya lêbêt kang toya.
13. Kalangkung gawoking galih. de toya sasêndhang wrata. kadidene wedang umob. Jir umbul modal ing toya. gumledhêg kang suwara. mancawami toyanipun. pindha kukuwung wang kawa.
14. Ijêm jêne wungu abrit. dadu jambon cêmêng pêthak, inginum anta raose. semune kaworan lirang. bêntere sawatara. tan na ilen-ilenipun. pindhane kadya balumbang.
15. Ki Jati turira aris. punika sêndhang Ramêsan. lajêng tindak mring Carewek. aningali gumuk karang. sanginggil gumuk ing- kang. êler miwah kilenipun. wontên sumbêripun samya. [ 82 ]16. Asin raosing kang warih, punika kenging kinarya, sarem alembut wamine. sêmu abrit asin kirang. wus têrang pinariksan. lajèng mangaler sang luhung. ing Mendhikil kang sinêdya.
17. Prapteng gumuk datan inggil. nulya samya inginggahan. sampun rawuh ing têpine. lir sumur bunder apapak. nanging tan isi toya. êndhut cuwèr ngantya pênuh. papak lambe ambaludag.
18. Lir pendah umob swareki. bênter namung sawatara. wonten ilen-ilenane. mili we asin raosnya. gya anon sumur tiga. lir wedang panas wenipun. kang kadya sumur lit kathah.
19. Toyanipun ugi asin. sadaya kenging kinarya. sarem kadi ing Carewek. kawratan wus pinariksan. ing Blêdhug tinindakan. saking mandrawa kadulu. anon ara-ara wiyar.
20 Ki Jati turira aris. punika kang katingalan. ing Bledhug Kuwu wastane. kalangkung agêng tinimbang. lawan kang kathah-kathah. mawi suwara jumêgur. tan kêndhat dalu raina.
21 Kiraka suwawi kampir. nêdha andika atêma. Ki Jati sandika ture. saking Mandhikil wus linggar. tan dangu lampahira prapteng talatahing Kuwu. katon trang umbuling lahar.
22 Ra-ara wangun pasagi. kandhêg ing tepi rahadyan. milih siti ingkang atos. kang êmpuk tan kenging kambah. rahadyan kagawokan. miyat ing têngahing Blêdhug. malêmbung kadi plêmbungan.
23. Palêndhungnya langkung inggil. dupi wus katon gya pêcah. jumegur asru swarane, kadya maryêm kapiyarsa. medal kumukus pêthak. wusing (m)blêdhos ngandhap mlêndhung. kadya ing suwaunira.
24. Lumintu datan sarênti. swaranira nora kendhat ki Jati urratur alon. malêndhung tuwin nyuwara. tan lereh dalu rina. katiga rêndhêng keh jawuh. tansah makatên kewala.
25. Punika kang alit-alit. ungêlipun datan sora. ugi makaten pa- trape, upami wontên kang ngambah. lajeng ambles kewala. sangking ebėte kalangkung, sampun estu lajêng sirna. [ 83 ]26. Ki Jati ngupados deling. tinalorongkên manengah. dêling amblês datan katon. lah punika dêling ical. tri ari yen klêrêsan. deling mumbul katut lumpur. malêsat dhawahnya têbah.
27. Kadhang kalajêng tan mijil. sadaya kang kauningan. punika patilasane. Tunggulwulung Linglung Jaka. pramila ingaranan. Kuwu nalika mênthungul. wontên ngriki kantos [14] lama.
28. Siniweng naga sabumi. kacariyos ngantos krama. ugi angsal putri Blorong. rahadyan kasêngsêm miyat. kaelokaning Sukma. sru nalangsa mring Hyang Agung. dene sipate kang ula.
29. Maweh tilasing nagari. kalimput ngulati kadang, dadya gandrung ing Hyang Manon. katongton murah asihnya. aris wijiing sabda kiraka Jatipitutur. punapa sun walêsêna.
30. Tanduk tanggaping kang êsih. dhumateng badan kawula. datan mantra lagya nêmbe. de arsa asung carita. nêdahkên kanyataan patilasaning ngaluhung. lalakyan jaman kadewan.
31. Mila sru panuwun mami. winantu ing suka rêna. myang den agung aksamane. ing mangkya ulun paliman. andumugekken lampah kantun manggiya rahayu. jinurunga ing sakarsa.
32. Tur wangsulan sami-sami. kula sakalangkung bingah. de paduka karsa nyruwe. mugi raharja ing lampah. anulya sasalaman. Ki Jatipitutur mantuk. radyan lajêng lampahira.
33. Kadalon anulya mampir. dhumateng ing dhusun Sela. (n)jujug ing pajurukuncen. ki jurukunci atanggap. manggihi kang dhatêngan. alon wijiling kang wuwus. rehning wus ciklu manira.
34. Aywa dadi tyasireki. manira datan akrama. marang sariranta angger. mangkya ingsun nilakrama. ing êndi kang pinangka. Jawan sapa kakasihmu. mring ngendi kang sira sêdya.
35. Rahadyan umatur aris. jêng kyai dhawuh paduka. saestu sampun lenggahe. ngasepuh maring ngamudha. ngoko tan mawi krama. de lamun andangu ulun. pun santri mg dhukuh wetan. [ 84 ]36. Kula mangkya nyuwun uning. ingriki namaning dhêkah, jêng kyai lon andikane, eh kulup kawruhanira ing kene krajan Sela. kabawah marang Mantarum, ya ingsun ingkang rumêksa.
37. Luluhurira narpati. paparab Kiageng Sela. ingkang sumare ing kene. aranku Ki Pariwara. kaprênah buyut lawan. Kyageng Gêtaspandhaweku. mamanising tanah Jawa.
1. Lah ta kulup sira ywa kuwatir. sayêktine ingsun nora samar. marang lalakonmu angger. reh ginadhang sireku. cacalone janma linuwih, kang jenjem manahira. aneng wismaningsun. upama sira babakal. karya wisma ingsun amanjurung tali. rahadyan duk miyarsa.
2. Asrêp ing tyas aturira aris. dhuh pukulun ragengsun sumangga. datan lênggana dasihe. mangkana sang abagus. ngantya lami neng Sela kampir. anujwari sajuga. sabakdaning. Subuh Kyai Ageng Pariwara. lênggah srambi rahadyan tan kenging têbih. jêng kyai angandika.
3. Eh ta kulup den kapareng ngarsi. kawruhanmu nora endah-endah. ngelmu kang sun imanake. amung piwulangipun. eyang Kyagêng Sela linuwih. nyatane wus anyata. cihnane linuhung. kang mengkoni tanah Jawa. datan liya têdhake Jêng Sela Kyai lah iki piyarsakna.
4. Papali ki ajinên (m)bêrkahi, tur salamêt sêgêr kawarasan. pêpali iki mangkene. aja agawe angkuh. aja ladak aja ajail, aja manah surakah. Jan aja calimut. lan.aja guru-alêman. aja jail wong jail pan gêlis mati. aja amanah ngiwa.
5. Aja saen den wêdi ing ngisin, ya wong urip hya ngêgungkên awak. wong urip pinet baguse, aja lali abagus. bagus iku dudu mas picis, pan dudu sêsandhangan. dudu rupa iku. wong bagus pan ewuh pisan. sapapadha wong urip pan padha asih, pêrak ati warnanya. [ 85 ]6. Aja mangeran ing êmas picis. aja mangeran ing busanendah, ja mangeran kabisane. aja mangeran ngelmu. aja mangeran têguhireki. aja mangeran japa. aja (ng)gunggung laku. kabeh iku siya-siya. aja sira (ng)gugoni kawruhireki. lah iku mundhak apa.
7. Angkuh kang jujur arahên kaki. aja sira angarah keringan. saidhêp-idhêpe dhewe. ewuhe wong tumuwuh. dipun bisa ngenaki ati. atine sapêpadha. nêpsumu ja turut. iya nêpsuning manungsa. kudu kèdhêp iya sapadhaning janmi. iku sira sirika.
8. Aja sira padhakakên jalmi. aparentah marang sato kewan. kêbo sapi lan ayame. aja sira prih wêruh, kaya uwong pan nora bangkit. aja kaya Samerta. kêbone pinupuh. kinen sinau mêmaca. wus pasthine kêbo sapi nora bangkit. mulane awuwuda.
9. Ayam ginusah munggah ing panti. atanapi yen amangan bêras. kêbat ingadhangan bae. iku wong ngolah sêmu. yen têtangga sarate kaki. yen layak ingaruhan aruhana iku. yen tan layak ênêngêna. apan iku mangan sêgane pribadi. pan dudu rayatira
10. Yen mungguha rayate pribadi. kapenakna ya rayate ingkang. nglarakêna ing atine. aja sira mumuruk. tuduhêna yen dereng sisip. yen uwis katiwasan. aja sira tutuh. kelangan wuwuh duraka. aja sira ngumpah-umpah iku kaki. Jah iku mundhak apa.
11. Den aolah mungguh ing ngaurip. aja nganggo ing sadaya-daya. wong urip pan akeh lire. dipun ngidhêp pakewuh. ewuh iku tigang prakawis. pakewuh ing pangucap. ewuh ing pandulu, ana ewuh jroning nala yen katara alane sajroning ati. pan dadi panggraita.
12. Dipun wuruk lan idhêp ing ngisin. isin iku pan kalih prakara. dhingin isin Pangerane. dene ping kalihipun. dipun isin padhaning janmi. yen kalakona wirang. isin têmahipun. dipun atut akakadang. pawong sanak aja pêgat ngati-ati. yen cēla dadi ala. [ 86 ]13. Aja sira watak wani-wani. maring sanak pawong kadangira, aja sira 'watak dahwen. aja watak kumingsun. aja watak ngaruh- aruhi. aja awatak ngiwa. ala kang tinêmu. sing sapa atine ala. nora wande ing benjing iku nêmahi, wong ala němu ala.
14. Sing sapa andhasarakên bêcik. nora wurung benjing manggih arja. miwah saturun-turunne. yen turune dadya gung. amarentah marang wong cilik. aja sadaya-daya. dadi nora tulus. saenggone dadi cacat. aja nacah parentah marang wong cilik. aja sawiyah-wiyah.
15. Aja sira watak wani-wani. aja sira watak ngajak tukar. aja ngandêlkên ngelmune. aja sira anguthuh. aja ladak aja ajail. aja doyan sêmbranan dadi wong katutuh. niniwasi dadenira. lamun ana wong patrap dipun awêdi, malati iku uga.
16. Balik iku lah tirunên kaki. janma patrap sira kasihana. sira araha sawabe. ambêrkati wong iku. nora kêna yen dipun aji. tirunên lagi wênang. pambêkane alus. yen angucap ngarah-arah. yen alungguh nora pêgat ngati-ati. nora sawiyah-wiyah
17. Aja sira watak suka singgih. aja sira kapengin kêdhotan. kukuwasan [15] apadene. aja sira madhukun. aja (n)dhalang aja agrami. aja budi sudagar. aja budi kaum. janjine jakat lan pitrah. dipun suda padune cukêng abèngis. iku kaum kang nyata
18. Kumbah surakah cukit adulit. iya jagal mêlantên amêrna. iku nora dadi gêdhe. sirikèn ujar iku. ing wong urip dipun tabèri. mapan katêmu basa. pan katému sèmu. mapan katêmuning ulat. atining wong kang ala lawan kang bêcik. kang jujur antêng cahya.
19. Kawruhana janma kang kakiki. iya iku guruning pandhita. nora katara lakune. tan cêgah tan asaum. nora tapa nora amutih. sangking prayitnanira. ing ngawake iku. prayitna ing ngawakira. mung sanake puniku kang denwêdeni. sanake iku jagat. [ 87 ]20. Banyu bumi agin lawan langit. srêngengenė kalawan rêm- bulan. punika sanake kabeh. janma kang salah iku. iya iku satrune nênggih, mulane ana lara. walat kang tinêmu. janma kang jujur punika. lanang wadon punika sanake singgih. mulane ana sawab.
21. Kang satengah kang durung sayêkti. dennya amrih budi kapandhitan. pijêr wayang-wuyung bae. tansah ngalor angidul. mêndhak-mendhak saba wong sugih. ngelmu ginawe kasab. angucap (ng)gadêbus. angincih darbeking liyan. nora wêruh awake kalêbon eblis. dadi wong ngayawara.
22. Apan cêgah jênênge ing ngelmi. kang asaba omahe nangkoda. miwah mantri apadene. lumuh kêna ing siku. dennya amrih budi lêstari. budi marang kararjan. ing beka tan keguh. bekane ing wong ngulama. pan kapencut marang ingkang mêlik-mêlik. dadine ngandhap-andhap.
23 Yen ngantiya kasor ingkang ngelmi. pan duraka jênêngé ngulama wus awak buta ragane. wus linglung kadalurung nora weruh kena piranti. tansah karya paekan. dennya anjêjaluk. datan etang jiwa raga. (m)babêntusi dennira amrih pakolih. sumrênyuh lakonira.
24 Anglakoni karyane kang denprih. iku sing wong tan wêlas ing badan. tan asih maring jisime dadi banjur kalurung. nora antuk wahyuning ngelmi. lakune lalawora. tansah wayang-wuyung. mung melik ingkang denancab. durung wêruh ing laku sikuning ngelmi. polah sadaya-daya.
25 Pangrasane wus bênêr kang ngelmi tan angrasa lamun ingesêman. marang sujanma kang luweh. iku wong kumprung pêngung. nora wikan kena piranti. sabab wus ati setan. lakune wus liwung. pangarahe tan riringa. wus kalulun atine kalêbon eblis. wus tan wruh isin wirang.
26. Apan kathah pan bekaning urip, dennya amrih pakolihing badan. amrih kuncara ngelmune. mêleké sabên dalu. tansah agung acegah bukti. andhap-asor kalintang. eseme lir dhu [ 88 ]yung. ulat manis ati sabar. dadi gendam eseme guna piranti. ênênge salah cipta.
27. Tan mangkana ingkang sampun yêkti, badan iki ingkang kadi sarah. aneng lautan pamane. apa umbaking banyu. sarah anut umbaking warih. iku jênêng kawula. tan darbe karseku, anging purbaning Pangeran. tanpa karsa kalimput marang sawiji. wus kerêm ing sagara.
28. Nora nana denparani ati. pan wus liwung tan darbe Pangeran. pan suwung jati kawruhe, datan dulu-dinulu. tan amanggih datan pinanggih. tan paran tan pinaran. wus tumêkeng suwung. sasolahe pan asamar. nora nana kang kaduga anampani. liwung kadya wong edan.
29. Wusing tamat radyan anungkêmi. padanira Kyageng Pariwara. waspa drês alon ature dhuh babo sang awiku. karsa paring pituduh jati. asru panuwun amba. kapundhi ing ngêmbun. amung pangestu paduka. kasawaban ing sabda ri sang linuwih tumancêpa ing nala
30 Kyai ageng angandika malih patilasan dibyane Jêng Sela têka ing samengko iseh. dongenge duk ing dangu. panamare laku tatanin. sasawah nanêm gaga. ing sawiji wektu. sabakdane salat Ngasar. marang sawah papaculira cinangking. praptaning pasabinan.
31. Gya tumandang wus adatireki. lajêng mêndhung riwis-riwis jawah. kagyat gêbyaring caleret. kiyagêng maos gupuh. subganalah nulya kaeksi. kaki-kaki lumarap. jèng kyai tan keguh. tan samar marang kang prapta. pinurugan pandhapan dennya Jumaris. si kaki wus cinandhak
32 Wus kaasta jumêgur swareki. ingkang pindha kaki-kaki ika. apan gelap satuhune. ingêrut gandri gupuh. kyai wangsul anambut kardi. si gelap gêdabigan. datan bisa ucul. sabanjure katur sultan. ing Bintara banjur kinunjara wêsi. tan lami ana prapta. [ 89 ]33. Nini nyangking bêruk isi warih. amurugi maring pakunjaran. toya gya siniratake. wus sirna kalihipun: tinggal swara anggegêtêri. kunjara wèsi rusak. mawut anggalêpung. dadya kondhang sanagara. Kyagêng Sela sanyata lamun linuwih. bisa anyêkêl gêlap.
34. Uwit gandri kang kaanggo (ng)godhi. sauwise gelap katur nata. dadya murub menter-menter. kiyagèng adhadhawuh. marang putra wayah myang abdi. padha sira (n)jupuka. gêni gêlap iku. anggonên-dadamar omah. insa Allah kinajrihan gelap yêkti. marma ywa pêjah-pêjah.
35. Ing saiki geni gêlap maksih. ingkang durung katular-tumular. aneng pasareyan (ng)gone, apan ta sabên taun. manira tur tularan api. kunjuk jêng sri pamasa. maring ing Mantarum. sawah kang ginarap swarga. mung sabau catur kêdhok den arani. si Mêndhung mula aran.
36 Awit sabên (ng)garap kangjêng kyai. banjur mêndhung rong kêdhoke aran. Subganalah katêlune. Pandhapan arannipun. pate kêdhok ing Gêlap nami. katêlah têkeng mangkya. gandri kang katunu sirna namung lêmahira. ngilak-ilak tan thukul katang myang têki. iku caritanira
37. Anjabane ngolah têgal sabin. marang kulawangsa amumulang. agawe blêng myang uyahe. gawe nila nanandur. kêmbang pulu kalawan maning. anandur kang jujutan. marna bênang alus. sutra kang bakal kinarya. cindhe gêdhog ngadani yasa dhapuring. omah joglo limasan.
38. Nganggit-anggit coreke kang lurik. tuwuhsela tělu lima lawan. badra sapanunggalane. abah-abah pinatut. winuwuhan wangunaneki. anguripkên petungan. sing pasiten iku. nguni kang miwiti etang. sri Manuhun nanging tan ana praduli. dadi wite kalakyan.
39. Eyang Sela tumêka saiki. lemah dadi sanggane wong juga. ingaran sabau kuwe. gawene wong ro iku. diarani cacah sakikil. gawene uwong papat, ngaran cacah sak-jung. piridan [ 90 ]petungan jagal. sampil siji sabau dwi sampil kikil. sampil pat sak-jung rannya.
40. Dhasar sugih kawignyan myang lantip. ya Ki Ngabdurakhman Kyagêng Sela. prayoga prêdinên jêbeng. grendanên tyasireku. sukur bage bisa nyeplési. orane mung mirida. lalabuhanipun. kajabeku patilasan. angratani dadi wasiyat narpati. sri nata Ngeksiganda.
1. Mangkana tyasira radyan. dupi myarsa andikaning. Kyai Agêng Pariwara. dadya supe dhahar guling. ing nala kang kalingling. amung sihira Hyang Agung. rum manis aturira. kiyagêng lamun marêngi. dasihipun arsa dumugekkên lampah
2. Paduka kantuna arja. kawula anyuwun pamit. iya kulup hywa pepeka. ingsun nyangoni basuki. sawusnya mangênjali. sasa laman nulya mundur. Gathuk Gathak pamitan. wus linilan kalihneki. ruruntungan tan pisah lan bêndaranya
3. Ngaler ngilen lampahira, wanci ngajengaken Mahrib. prapteng Gubug padhêkahan. anon urube kang api. neng satengahing sabin. kinubêng ing mandera gung. ana panti kang cēlak. dhapur masjit cakėt api. Dhatuk Bahni ing Marapi kang atêngga.
4. Wikan lamun kadhatêngan. gya mijil sangking ing panti. wus pinanggih lan rahadyan, samya sasalaman katri. ki Dhatuk ngandika ris katabêtan ingkang rawuh. sru bêgja kemayangan. de ana kang sudi kampir. mring asonya mas putu pundi pinangka.
5. Lawan sintèn kang sinambat. paran kang sinèdyeng kapti. rahadyan matur prasaja. kula nama Jayengrèsmi. de rençang kula kalih. pun Gathak lawan pun Gathuk. ing Giri kalairan. tan ana sinêdya ngati, ambalayang ngupadosi dwi kakadang. [ 91 ]6. Mangkya pados pasipêngan. pramila bilih marêngi. nyukèri jogan paduka. ki Dhatuk latah dennya ngling. dhuh babo wong asigit. sampun kang sipêng sadalu. sanadyan salaminya. kêpareng dhadhêkah ngriki. iba-iba pun kaki bingah ing nala.
7. Wawi ngambil toya kadas. sêdhêng wancinira Mahrib. wusing kadas Gathak adan. paragat waktu Mahribi. pujiyanira ngênting. sampêt waktu Ngisanipun. wusing bakda salaman. lajêng lalênggahan sami. wus ambanjêng sugatanira ki wisma.
8. Liwêt kêtan panggang ayam. cinocoh ing santen kanil. winadhahan panjang ilang. sambêl windu saking miri. linêmêng bumbung pêting. gula siwalan neng ngêmpluk. wedang sekar sridênta. Ki Dhatuk wacana manis. wawi bagus pun kaki atur sugata
9. Sapala amung kinarya. lumayan aywa kalantih. pikantuk dennira dhahar. linorotkên marang abdi. rahadyan matur aris. ing wau kula andulu siti resik arata. gumrêbêg umêdal agni. urubipun ingkang acèlak bantala.
10 Warni ijëm biru jênar, kadya sekaran tinêpi. inggiling urub saasta wiyarira sawatawis. cakêt lawan Marapi. wonten sela alus bagus. kadya umpaking wisma. Ki Dhatuk ngandika manis. ing Marapi kang murub mangalat-alat.
11 Wawi bagus pinurugan. wus mêdal sangking ing masjit. kèrit ki Dhatuk lampahnya. prapta cêlaking Marapi. Ki Dhatuk malbeng gêni. ingusêg suku wus lampus. pêtêng dhêdhêt limêngan. tan dangu gya murub malih. Dhatuk Bahni wacana Jah Gathuk Gathak.
12. Usegken suku lir ingwang. Jamun mengko uwus mati. sulêtên sadhengah-dhengah. pasthi banjur murub maning. Gathak Gathuk turneki. dede pabênan (m) bah Dhatuk. latu kangge mainan. jabakneya yen kiyai. bilih kula yêkti kobar dadi wangwa. [ 92 ]13. E ta mara lakonana. Gathuk jinorogkên aglis. mring Gathak dhawah kalumah, cakekalan dennya tangi. tan ana raosneki. wus ingusêg suku lampus. sinulêt nulyà gesang, nahan toyanira sabin. gya ngêlebi sadhêngkul lêbêting toya.
14. Latu maksih kantar-kantar. aneng sanginggiling warih. rahadyan asru kagagas. kaelokaning Hyang Widdhi. kadiparan kiyai. mila bukane rumuhun. ki Dhatuk Bahni lingnya. wikana ulun tan uning. watu umpak punika duk jaman Demak.
15. Adêge mesjid ing Demak. para wali kang ngadani. Jêng Susunan Kalijaga. kabageyan umpak siji. pambêkta prapteng ngriki. sampun wanci bagda Subuh. ing mangka datan kêna. kebyaran adêging masjid. gya tinilar mangkya dadya panêngêran.
16. Sinten wonge kang kuwawa. anjunjung sabari linggih. kalakyan sasêdyanira. suwawi yen badhe nyobi. rahadyan turireki. amung ngalap bêrkahipun. linuhung waliyolah. kaecan dennya ningali. ing Marapi dadya tan wangsul mring wisma.
17. Rahadyan matur tatanya. kula mirêng caritaning. ing nagari Ngeksiganda. têlenging karaton Jawi. yen arsa mangun kardi. amikramakakên sunu dêging tarub ingetang. myang wulannya kêdah milih. ing karêsmen pados dintèn kang prayoga
18. Inggih bagus dhasar nyata. sanadyan ing dhusun ngriki. sabên ayun darbe karya. sami tatanya mring mami. wulan ingkang prayogi, kangge andhaupkèn sunu, piridan sangking Arab. miwah etangipun Jawi. pan kinumpul supadi manggih widada.
19. Adêging tarub punika. pêpitu etanganeki. awite tanggal sapisan. tarub-ratu den wastani. tanggal kapindho nênggih. séluman-lanang rannipun. ping tiga seluman-dyah. ping pat rahayu basuki. kaping lima rahayu salamêt tama.
20. Kaping nêmme pati-lanang. kaping pitu pati-estri. ping wolu sami sapisan têkeng sapiturutneki. mangkya ingetang sami. kaping sapisan ping wolu. limalas rolikur lan. sangalikuripun nenggih. pan ingaran tarube sri naranata. [ 93 ]21. Pindho sanga ping nêmbêlas. tèlulikur tridaseki. séluman-lanang ingaran. ping tiga sadasa tuwin. seluman-wadon puniku. kaping pat ping sawêlas. wolulas salawe nênggih. apan sami rahayu kawilujêngan
22. Kaping lima kaping rolas. sangalas nêmlikur sami. rahayu tur karaharjan. ping nêm ping têlulas tuwin. dwidasa saptakuring. ngaran pati-lanang iku. ping pitu ping patbêlas. slikur wolulikur sami. ingaranan pati wadon tan prayoga.
23. Samonoku nyingkirana. sangar naas gung myang tali. -wangke sampar-wangke miwah. dhêndhan-kukudan lan mawi. sangat adègirėki. ingkang saka awitipun. sarat nganggeya saka. dhadhap srêp têka satunggil. kang prayoga prayogine den anggeya
24 Satunggal tarubing-nata agême jêng sri bupati. kalihe seluman-lanang. tri seluman-wadon nênggih. sami datan prayogi. kaping sakawan rahayu. kaping gangsal raharja. punika sami prayogi. kaping nênêm pati-jaler tan prayoga.
25 Kaping sapta patining-dyah. ugi tan sae pinanggih. petang sapta yen sri nata. kang kagêm petang satunggil. sanese narapati petang sakawan puniku. kalawan etang gangsal. punika salah satunggil. kang kinarsan dene wulane kawinan.
26 Wonten sabdaning Utusan. adhawuh ing para mukmin. den padha angawruhana. ing wong salaki-rabi. amanggih papa nêngih. lamun awon wulanipun. raharja manggih suka. lamun sasinipun becik. prayogine den sami nyumêrêpana
27. Lamun Mukaram dohêna. tyang akawin laki-rabi. utangan ngalamatira, wulan Sapar tan prayogi. wikana kang pinanggih. Rabingulawal kang tengsu. pêjah salah satunggal. yen wulan Rabingulakir. manggung runtik tansah arebat suwala.
28. Ing wulan Jumadilawal. antuk druhakeng Hyang Widdhi. tur akêrêp kapandungan. jinahan pakartineki. yen kawêntara yêkti. anandhang wiwirang gung. Jumadilakir wulan. sugih emas lawan picis. wulan Rêjêb kadaden anak lan dunya. [ 94 ]29. Ing wulan Sakban raharja, sakgawene nêmu becik, wulan Ramêlan duraka. kathah pandamêling eblis. wulan Sawal tan becik. geringan pakantukipun. ing wulan Dulkangidah. asring susah ngliliwati. wulan Besar raharja sasolahira.
30. Iki karêsmen winarna. kang pangandika Jeng Nabi. salalah ngalehi salam. rikala amituturi. dhatêng kang putra estri. Siti Patimah kang luhung. lawan dhadhawuh marang. putra mantu Sayit Ngali. raliyalahu nganhu babing masalah.
31. Ing wong karêsmen lan garwa. eh Ngali pituturmami. aja sira asanggama. tanggal pisan lawan malih. ing wekasaning sasi. nora becik karonipun. iku kalamun dadya. anake mêtoni cilik lawan aja asanggama tanpa damar.
32. Lamun dadi sutanira. balilu kurang kang budi. lawan aja asanggama dina Akat lan wengining, iku kalamun dadi. pan durjana Jarenipun. lawan aja sanggama. ing dina Rebo tan bêcik. lan wengine yen dadi bocah cilaka.
33. Lawan aja asanggama. wêktu pajar nora becik. lamun dadi larenira. tuna-liwat lareneki. lan aja karon rêsmi. nalika tangange iku. kalamun dadi bocah dadi juru teluh ugi. lawan aja sanggama malêm riyaya
34. Wit ri lamun dadi bocah. duraka mring bapa bibi lawan aja asanggama. malême riyaya iki. Bêsar kalamun dadi, bocah siwil adatipun. lan aja asanggama. ingkang katlorong Hyang Rawi. Jamun dadi bocah adoh bêgjanira.
35. Lan malih aja sanggama. sambi ngadeg datan bêcik. mangka lamun dadi anak. duwe lara beser benjing. Jan aja karon resmi. nalikane dina Saptu. miwah ing wêngenira. iku lamun dadi bayi. bilaine adate kalêbeng toya.
36. Lan aja sanggama sira. sambi ngusapi parêji. miwah dakar iku aja. ngusapan lawan jêjarik. mangka kalamun dadi. bocah kurang budinipun. lan aja asanggama. sambi rarasan tan bêcik. mapan bisa adate yen dadi bocah
37. Lawan aja asanggama. kalawan ningali parji. lamun dadi lare [ 95 ]nira, wuta adate puniki. lawan aja karêsmin. neng ngisor wit-witan iku. kang pinangan wohira. yaiku kalamun dadi. larenira panggaweyane niaya.
38. Lawan aja asanggama. malem Barahat tan bêcik. lamun dadi larenira. anandhang lara tan mari. iya kalawan malih. aja sira karon lulut. ana ing panginêpan. puniku kalamun dadi. larenira abanget cilakanira.
39. Lan aja sanggama sira. anuju kèlling pawestri. lamun dadi larenira. budhug adate kang sakit. poma Ngali den eling. imanêna tuduhingsun. eh Ngali sanggamaa. malêm Sênen iku becik. myang rinane apan iya bêcik uga.
40. Lamun dadi larenira. watêke sarêgêp ngaji. lawan sira sanggamaa. ing malèm Sêlasa bêcik. lawan raina bêcik. lamun dadi bocah iku. akeh wong ingkang trêsna. lawan sanggamaa Ngali. malem Kemis miwah arainanira.
41. Lamun dadi sutanira. pan akeh begjanireki. lawan sira sanggamaa. ing malèm Jumungah becik. nadyan raina becik. lamun dadi sutanipun. apan sugih kabisan. lan sanggamaa sireki. sadurunge lingsire dina Jumungah.
42. Utawa ing Kemis dina. karone iku ta becik. yen dadi atmajanira. dadi pangulu lan malih. sinunatakên ugi. ing wong asanggama iku. yen amaca bismilah. hirakhman ya nirakimin. lan amaca tangawut pan sunat uga.
43. Yen tan amaca bismilah. nalika arep sahwati. lamun dadi sutanira. balilu tuna kang budi. mila yen arsahwati. dêrênge (ng)génne tangawut. mênèk ana panjanmaning, satru kang den kawruhi. dipun sami ngestokken Kadis asmara.
1. Lan wontên kaol mengêti. lamun arsa sacumbana. lan garwa miwah selire. anyingkirana ing dina. Saptu Lêgi ya aja. akarêsmen dina iku. awon adate yen dadya. [ 96 ]2. Larene agadhah sakit. edan kang wus kalampahan. ana dene panyirike. namung sadalu sasiyang. lan maninge ya aja. acumbana wêngenipun. ingkang garêbêg titiga.
3 Punika pan botên bêcik. lamun dadi larenira. sok gadhah ayan sakite. lan malih lamun cumbana. lan wanodya kel aja. lamun dados putranipun. sok (ng)gadhahi sakit barah.
4. Poma den sirika ugi. yen wong wadon lagi tarab. aja sok gramah-gurameh. yen durung adus-kel aja. den ajaka cumbana. lamun sanget karsanipun. pan angur goleka liya.
5. Dene ta ing Tumpak Manis. Jan bêngi garêbêg tiga. singgahana aywa supe. kalamun sangêting karsa. têka den bêtahèna. kadar pira mung sadalu. yen wis bakda cumbanaa.
6. Kadi ta ing Tumpak Manis. sadalu lawan sasiyang. bêtahèna aywa supe. kadar pira mung sadina. sawengi ngarah apa. ujubêna tapa iku. acacêgah lan wanodya.
7. Poma den enget hya lali. hywa na ingkang sèmbrana ing wong tuwa wawalêre. Jan wajib ingestokena. mangsa silih doraa ian wontên utamanipun lamun arsa acumbana.
8. Mapan ta kedah amilih. nujua dina Jumungah. kang tan sa ngar taliwangke. miwah naas singgahana. krėsmena bakda Luka yen wus krêsmen banjur adus. lajêng mêtoni Jumungah.
9 Punika kalamun dadi tuture wong tuwa-tuwa. kathah kang da di masaleh. miwah ta dadi ngulama. tanapi keh kabêgjan, tit tamat serat pemut. prayoga den estokêna.
10. Gathak Gathuk anggaligik. ngacêmut ririh rarasan. Gathuk Ki Dhatuk ature. mring bêndara bab ngononan. gèk basa banjur ora. Gathuk ririh sauripun. ah wong tuwa iku lumrah.
11. Cobak dak matur kiyai. kajaba kang wus kawêdhar. apa iya ana maneh. sirikan anon-anonan. Gathak majêng manêmbah. rereh ririh dennya matur. dhuh jêng kyai apuranta.
12. Kamipurune pun patik. anyuwun ing sarêrêpan. kajawi kang wus kawiyos. sirikanipun sanggama. Ki Dhatuk mesêm nabda. kacung sireku amêncul. ana maning linarangan. [ 97 ]13. Wong tuwa.kang duwe peling. pan kinon anyinggahana sacumbana lawan lonthe. miwah lan taledhek aja. den ajak sacumbana. apan awon tilasipun. akathah kang sakit bêngang.
14. Lan kaping kaliye malih. asring sakit rajasinga. ting cramumuh ting panyenyeh yen munjuk dhatêng ing grana. sok piség adatira. yen mring netra dennya munjuk. akathah kang sakit wuta.
15. Ana malih den singgahi. sacumbana lan wanodya. ingkang awon pratingkahe. sanadyan silih ayuwa tan pantes kinêdanan. yen wus lara keh kang nutuh. nora nana wong ngalêma.
16. Nadyan awona sathithik. kalamun antuk parawan. mundhak ngèncêngake otot. pae lan randha wulanjar. tan mundhakake kuwat. namung mirit sampun gambuh. nora susah ajar-ajar.
17 Ewa mangkono tan kêni. sasênênganing manungsa. pan sêptane dhewe-dhewe ana kang sêpta mring randha. saweneh septa wlanjar. sawêneh ana wong iku. arèmên rabi planyahan.
18 Ciptane sajroning ati. rina wengi digarapa. prandene yen ngadég pulèh nyambuta-gawe sadina sak jampêl mangsantuka. nalèdhèk bae sabêdhug. oleh kaya têlu têngah.
19. Miwah lamun sanja bêngi. tan susah nganggo pawitan. mung kêmbang pupur lan boreh. tapih kêmbên sok gantraa prandene keh kang tumbas. pan ora nganti sabêdhug oleh opah limang uwang.
20 Mulane ana nglakoni. ambuwang isin lan wirang. arabi tledhek myang lonthe. pan ora kêna den wora. karêpaning manungsa. apan ta sampup asnapun. warna-warna beda-beda.
21. Warna-warna rupaneki. beda-beda karêpira. nora kena den worake. seje badan seje nyawa. yen kêna den wor-wora. kang tunggal badan nyaweku. prandene tan rujuk karsa.
22. Kaya mata lawan pêli. miwah wêtêng lawan badan. duwe karep dhewe-dhewe. matane arsa anendra. wêtênge arep mangan. badane banget alesu. pêline angajak sahwat. [ 98 ]23. Lawan ana peling maning. yen marêngi acumbana. mring garwa miwah sèlire. aja ngakehkên gendhingan. tan bêcik lamun dadya. anggalidhig larenipun. adate kang wus kalakyan.
24. Lan kaping pindhone maning. kalamun jroning cumbana. aja sinambi calathon, guguyon kang tan prayoga. tan bêcik lamun dadya. larene juwèh puniku. wartane wong tuwa-tuwa.
25. Mulane lamun karêsmin. aja ngakehkên guguywan. balik den resik badane. miwah ta ingkang sandhangan. wewangi anganggoa. lamun dadi Jarenipun. rêsikan pênêt kang warna.
26. Lan maneh jroning sahwati. kalamun kapêntut ala. yen dadi nyêngit anake. mulane kalamun sahwat. yen ngêntut den pocota. lamun êntut uwis metu. enggal nuli balekēna.
27. Mula aja akarêsmin. yen durung rêsik kang badan. tangi turu banjur nyemplo. nora nganti mring pakiwan. yen dadi tan prayoga. larene warnine kêthuh. carobo ala kang warna.
28. Lawan ana peling maning. kalamun mèntas amangan aja sok banjur karêsmen. yen durung mêdhun kang sega. ala marang sarira. anduweni jara watuk. punika kang wus kalakyan.
29. Dene ta gampanganeki. kalamun mentas mamangan, maksih karasa warêge. aja wani-wani sahwat. yen wêtêng durung lega. kalamun drêng karepipun têka bêtahna sadhela.
30. Gathak Gathuk duk miyarsi. gumuyu alatah-latah. kapingkel atos wêtênge. rahadyan mesêm kewala. Dhatuk Bahni lingira. kacung niku pancen saru. apan (ng)gunêm calêmêtdan.
31. Rahadyan ngandika aris. punika langkung prayoga. wantah datan mawi tedheng. dados gampil linampahan. suwawi linajêngna. rehning ing ngagêsang tamtu. Ki Dhatuk (n)dhêku turira.
32. Utami bilih nyingkiri. naas Nabi wulan Sura. tanggal kaping triwêlase. punika nalikanira. Nabi Brahim binakar. kaping tiga wulan Mulud. tinurunkên Nabi Adam.
33. Nêmbelas Rabingulakir. Nabi Yusup nalikanya. linêbêtakên sumure. Jumadilawal ping gangsal. Nabi Nuh nalikanya. ki [ 99 ]nêlm ing jagadipun. ping salikur wulan Siyam.
34. Kalamolah Musa Nabi. kala kalêbeng samodra. Sēla kaping patlikure. Nabi Yunus nalikanya. inguntal ulam lodan. Besar ping salawe nuju. Jeng Nabi kakasihing Hyang.
35. Muhkamad ingkang sinêlir. kinrutug sela wong kopar. rêntah kakalih wajane. dene kang kikrik ing petang. sabên wulan kewala. asal tanggalnya panuju. kaping tiga kaping gangsal.
36. Triwêlas nêmbêlas tuwin. salikur patlikur lawan. tanggalipun ping salawe. sami cinêgah sadaya. kalawan sangar wulan. sataun pinara catur. Pasa Sawal Dulkaidah.
37. Jumungah sangaraneki. Besar Sura lawan Sapar. Saptu Akad sangarane. Mulud Rabingulakir myang. wulan Jumadilawal. Sènen Siasa sangaripun. Madilakir Rêjêb Ruwah.
38. Sangaripun Rêbo Kêmis. Rahadyan aris ngandika. kathah têmèn perangane yen makatên kêdah tamban. datan kenging dinadak. o bagus (ng)gih-ênggihipun. kèndêl dennira raosan.
39 (n)Dungkap wanci pajar gidib. samya ngambil toya kadas. nuiva prèlu wèktu Suboh. paragat dennira wekdal rahadyan ngaraspada. dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu. asung kakanthining gèsang.
1. Kalangkung gunging panuwun. paduka sung têdah jati. pênêt awoning pakaryan wênang mokaling sanggami. kang sayogya linampahan. patut linaluri-luri.
2. Ing mangkya kawula nyuwun. lilahipun sang linuwih. pamit (n) dumugekkên lampah. kyai kantuna basuki. muhung pangestu paduka. rahayune lampah mami.
3. Dhatuk Bahni ngandika rum. dhuh mas-putu wong asigit. sampun kirang pangaksama. ulun sung puja basuki. ing lampah. ywa kasangsaya. miwah ingkang den padosi. [ 100 ]4. Sami manggiha rahayu. ramanta kang neng Mantawis. antuka nugraheng nata. wangsul (m) bawani ing Giri. sinuhun ing kulawarga têtêp kadi nguni-nguni.
5. Radyan (n)dhêku matur nuwun. ri wusira manganjali. atur salam mring sang tapa. Gathuk Gathak angabêkti. sawusing sinungan salam. katri mundur sangking ngarsi.
6. Kyai Dhatuk ingkang kantun. kumêmbêng waspanya mijil. kaya-kaya nututana. labèt sru tresnaning galih. tan cinatur kang kabyantan. asruning sih mring tatami.
7. Radyan lampahira laju. ngaler ngetan sawatawis. Hyang Surya wus nunggang arga. mungup arsa amadhangi. ing saisining kanang rat. maweh enggaring panggalih.
8. Ing pagagan wus kapungkur. tumamèng ing wana wêrit. keh rawa kang kaliwatan. ngancik sukune kang wukir. talatah kra jan Undhakan. dhukuh Prawata kaèksi.
9. Raden ngandika mring Gathuk payo padha den parani. pade. san kang katon ika. lajêng lampahira katri. prapteng sajawining dhadhah kèndêl satêpining beji.
10. Kayoman ing nagasantun pinagèran ing wratsari winêngku ing sela krêsna. radyan ngambil toyastuti wektu Ngasar wus paragat saluku sêpining beii
11 Gathak Gathuk manthuk-manthuk. mêtêki sampeyan kalih rêngêng-rêngêng sêsingiran tan ana tinahèng galih. têntrêm raosing sarira. wauta ingkang winarni.
12. Lurah ing Prawata dhusun. kakasih Ki Darmajati. Darmawati nyainira atmaja estri satunggil. paparap Wara Surendra ing. warna tuhu linuwih.
13. Wingit ing pasêmonipun. kuning wênês amrakati. antêng ruruh tur jatmika. Jantip ing wèwéka titi. susila tyase ngumala. ujwala manthèr nêlahi.
14. Ngrêrompyoh sêsinomipun. rêma ngendrawila wilis. jangga Jumung asembada. wêlar pranajanireki. maya-maya sinatmata. lir pendah cêngkir pinginit. [ 101 ]15. Awijang bebaunipun. asta anggandhewa gadhing. wiraga nênangi brangta. yen lumampah ngati-yati. ririh alon mêmbat madya. lambung mêmês kadyangganing.
16. Tunjung lumembang ing ranu. kasilir ing angin-angin. wasis saliring pakaryan. kang winajibkên pawestri. sang dyah tumutur ing rama. mring têgal arsa ngundhuhi.
17. Lombok terong pare timun. kacang ceme myang kacipir. Jumampah aneng ing ngarsa. kasorot ing Sang Hyang Rawi. mangu-mangu Sang Hyang Surya. denyarsa tumameng wukir.
18. Kasêngsêm miyat sang ayu. dumadya mandhèg tumolih. sang dyah rara kampir sêndhang. têkeng satêpining warih. cangkelak wangsul trataban. ênar-ênar sênig-sênig.
19. Kapanggih ing ramanipun. sarya awacana manis. rama aku tur uninga. ing kono têpining beji. ana wong anyar kawuryan. linggih slonjor dipêtêki
20 Baneke kang mêtêk ngidung. Kinanthi siji nyenggaki. Ki Darmajati tatanya. dhenok jalu apa estri. èmbuh rama ora tamat. ki Jurah (ng)guguk lingnya ris.
21. Heh bokne Nok den agupuh. maranga têgal pribadi. kalawan atmajanira. sawuse sira ngundhuhi. apa saisining regal. banjur olahèn kang becik.
22 Mênok angundhuha jambu. dêrsana kalawan manggis. kêpêl kokosan rambutan. dhuwêt pulih aja kari. lan dalima ingkang tuwa. jèruk kêprok salak mêdhi.
23. Pêlêm santok sêngir madu. pilihana kang matêng wit. olaha jangan bêningan. sambel jagung jangan mênir. pêcèl ayam kang kumanggang. lalaban cambah kêmangi.
24. Bêtutu ayam ywa kantun. lan gorengan ayam estri. gesek-kutug gêgêpukan. sambel brambang lalab slédri. kêkêcutan sunthi bawang. Jawan katimun sumêrit. [ 102 ]25. Wedang kahwa gula têbu. saringên têpas kang rêsik. nyanyamikan puthu-têgal. carabikang mendut koci. sèmar mêndèm buntèl dadar. kinopyok ing santên kanil.
26. Sambel goreng kring ywa kantun. urang campurên lan ati. rambak kulite kang ayam. pêtis kang wus kok bumboni. sèga lêmês sega akas. liwèt pitik jago biri.
27. Wedang ronning blimbing wuluh. sing anyep rendhêmên warih. rêrêmikaning dhaharan. criping kaspe criping linjik. pisang goreng nganggo gula. chiping tela karag gurih.
28. Wis mangsa bodho sireku. pikirên lan bokmu nyai. aywa na ingkang kuciwa. Ki Darma lajêng mring beji. wau rahadyan kang lagya pinêtêkan abdi kalih.
29 Ngandika mring Gathak Gathuk. sira mau muni tobil. banjur mlongo kêdhèp têsmak. Gathuk matur wontên janmi. wanodya warna yu endah. arsa tumamèng ing beji.
30. Tan dangu cangkelak wangsul. kilap wau purugneki. amung tilase lumampah (ng)ganthèng kadya lintang ngalih. kintěn kula waranggana. apèsipun putraning jim.
31. Kendel dennira umatur. praptane Ki Darmajati, nyakėti lènggahnya radyan. saha aturira aris. dhuh risang nêmbe kawuryan. kula anggèr nilakrami
32. Pundi pinangka sang bagus. sintên sinambating wangi. rahadyan arum ngandika. kula aran Jayengrêsmi. santri nagri Surapringga. saking umiyat Marapi.
33. Paman punapi pilingguh. lan sintèn ingkang wawangi. Darmajati nama kula. lurahing Prawata ngriki. bilih kaparênging karsa. kawula aturi kampir.
34. Dhumateng ing sudhung ulun. paman kalangkung prayogi. menggah dhepokipun paman. gapura ingkang kaeksi. o raden dede punika. tilas karaton Jêng Gusti.
35. Sultan ing Demak karuhun. paman ulun ayun uning. patilasaning ngawirya. wawi kula kang umiring. linggar saking ing patirtan. Ki Darma lumakyeng ngarsi. [ 103 ]36. Minggah prapteng alun-alun. lir ara-ara waradin. kantun wringin kalih jajar. nulya minggah mring sitinggil. mangidul anon gapura. angongkang têpining wukir.
37. Munggul sela gamping bagus. ingukir pinatrap rêmit. margi minggah dhak-undhakan. sela gamping kang kinardi. prapteng lêbêting gapura. Ki Darma aturnya mijil.
1. Lah punika wujuding kang puri. ing Dêmak sang katong. dados kalih jêng sultan kithane. bilih rêndhèng linggar dhatêng ngriki. wit Dêmak nagari. kalêban we jawuh.
2. Yen katiga wangsul mring nagari. nuntên kang ngadhaton. Susuhunan Prawata namine. akatêlah tumêkeng samangkin. karane kang ardi. Prawata puniku.
3. Ascaryambéêg rahaden ningali. ingkang têmbing êlor. rawa wiyar ngandhaping parêden. Jir samodra sinaba ing pêksi. pelopel lan mliwis. blêkok cangak kuntul.
4. Bangothonthong pêcuk cabak trinil. rang-urangan abyor. andon mangsan mina myang urange. panjrah kadi sèkar tinon asri. wus slêsih ningali. rahadyan tumurun.
5. Amangilen mring pinggiring rawi. anon sumbêr ayom. binalumbang binatur pinggire. sela pèthak kukubuk pasagi. sajroning botrawi. ingkang pojok catur.
6. Pinasangan sela-gilang langking. winangun ambanon. botên kaclop we têbah kaote. jroning blumbang bulus agêng alit. samya belang putih. ngambang tata turut.
7. Isthanira nambrameng kana prapti. Gathak Gathuk gawok. kathik bulus samono akèhé: gêdhé cilik padha bêlang putih. iku kang nglurahi. êndhase sak gênuk.
8. Darmajati aturira aris. punika sang anom. wasta Grudha tilas siramane. sultan adi ing Demak nagari. sela-gilang langking. palenggahanipun. [ 104 ]9. Miwah sabên wêdal aneng ngriki. nadyan salat Lohor. datan benter kayoman êronne. gayam nyamplung karebet waringin. sabên (ng) Garakasih. Jumngah malêmipun.
10. Kathah ingkang tirakat mariki. dupa sêkar konyoh. neng ngandhape kakajengan (ng)genne. mangga radyan mariksa ing beji. wastanipun Jibing. pasiramanipun.
11. Para arum kang samya umiring. ing jeng sang akatong. wus dumugi ing Jibing têpine.. gasik rêsik ayom silir-silir. ri-wusnya udani. Darmajati matur.
12. Sampun tapis ingkang dentingali. sumangga sang anom. aso dhatêng pun paman wismane. anêntrêmkên rapuhing kang dhiri. radyan mituruti. kérit lampahipun.
13. Ing pandhapi sampun dengêlari. pandamira abyor. ngandhap talang lenggahe rahaden. Gathak Gathuk neng emper pandhapi. Ki Darma mring panti. sanjang rabinipun.
14. Sira dhewe ngladenana nyai. Jan anakmu dhenok. ganten êsês wedang dhaharane. mengko bagda Ngisa wissa ngrakit. dhahar kang prayogi. dhayohmu linuhung.
15. Darmawati sandika tumeki. sadaya wus mrantos. Darmajati mijil ngarsa raden. datan dangu sugata lumadi. nyai aneng ngarsi. rara Mênok pungkur.
16. Gupuh matur sarwi ngacarani. punika ingkang bok. nyai amba Darmawati ranne. ingkang wingking anak amba estri. pêmbajêng (ng)gih ragil. tan na kadangipun.
17. Pun Surendra naminipun yêkti. nanging karan Mênok. kidhung wagu tur awon wamine. labêt kogung wah têbih nagari. bodhone nglangkungi. amung lothung-lothung.
18. Nyai sira ngaturna pambagi. marang ing sang anom. ingkang êmbok atur basukine. rawuhipun angger wontên ngriki. pangestunta bibi. pan inggih rahayu.
19. Nyai Darma anolih mring wuri. babo sira Mênok. ngabêktia ing suku nah angger. anyuwuna pangestu glis laki. (n)tuk jodho pêrmati. slamêt panjang umur. [ 105 ]20. Rara Mênok tan wawang ngabēkti. ing pada sang anom. tatag têtêg tan sedheng driyane. ngandikeng tyas Raden Jayengresmi. edi bocah iki. ayu trus rahayu.
21. Nora nana cacade samênir. pantes ambêg tanggon. kêmbar warna amung polatane. ruruh iki lan si Rancangkapti. wusing angabêgti. rara Mênok mundur.
22. Darmajati aturira aris. sumangga sang anom. kaparênga ngun. juk sawontêne. myang nyanyamik wêdalaning ardi. (n)dhêku Jayengrêsmi. wedang wus ingunjuk.
23. Sarwi dhahar cariping kaspei. têlas tigang kêthok. Gathak Gathuk tan beda suguhe. kacung ngriku nêdha denrahabi. bikut rarywa kalih. ngombe srupat-sruput.
24. Angathêmil nyamikan pat piring. gasik lir sinapon. manjing Mahrib alinggar rahaden. maring langgar ki wisma umiring. dumuginya masjit. Kyai Darma wangsul.
25. Tata dhahar neng bangku sinamir. tinutup ing lawon. dilah thonthor brênggala liline. rara Mênok ingkang ngrakit-ngrakit. rampunging pangrakit. (ng)ganten celak bangku.
26. Darmajati tatanya mring siwi. uwis rampung Mênok. rama uwis mung kari liwête. lan ngêngêti ingkang gajih-gajih. mêngko lamun uwis. lênggah (ng)gonku ngedhuk.
27. Kawarnaa kang ana ing masjid. Gathuk adan gupoh. bakda sunat kinamatan age. nulya parlu usali Mahribi. bakda apupuji. têkeng Ngisa-nipun.
28. Bakda Ngisa radyan ngandika ris. Gathuk bocah wadon. kang denujungakên mau kae. ayu êndi lan kang marang beji. Ga- thuk matur sami. tan geseh sarambut.
29. Eram kula lêganing sudarmi. datan walangatos. lan bocahe têka tatag teteg. iya Gathuk ing panyawangmami. kana-kene sami, ngena-ngene suwung.
30. Raden Jayengrêsmi ngandika ris. iku nora linyok. wus mangkono wong ngaurip kiye. kacihnaning tandhane sawiji. ngaurip puniki. tan na bedanipun. [ 106 ]31. Kyai Darma mring langgar ngaturi. ing sang prawira nom. bilih sampun paragat pêrlune. bok-paduka (ng)gennira sasaji. dhaharnya sang pêkik. mangkya sampun rampung.
32. Jêng paduka ngaturan mring panti. radyan tindak alon. lajêng lenggah cakêt lan mejane. liwêt angêt lan ulam kang (ng)gajih. wus lumadyeng ngarsi. sadaya kumêbul.
33. Niken Darmawati matur aris. angger ingkang embok. tur sugata sakawontênane. radyan (n)dhêku angandika aris. mangga paman bibi. prayogine kêmbul.
34. Katri sareng dennira abukti. bikut rara Menok. angimbèti ngladoskên janganne. sambêl ulam tan kêndhat linarih. Raden Jayengrêsmi. kang dhinahar agung.[16]
35. Sêkul liwêt sakluwak tan luwih. gesek tlas sajempol. lalap sunthi rong iris tan luweh. wus dumugi dennira abukti. atob wanti-wanti. Ki Darma angungun.
26. Wus cinarik wowohan mangarsi. radyan mendhêt gupoh. dhuwêt pêthak kakalih cacahe. gung ginlintir dhinahar sawiji. Gathak Gathuk bukti. angendhoni sabuk.
37. Dhadhaharan sawuse dumugi. mingsêr lenggah ngulon. Kyai Darma matur mring rahaden. bilih pareng aso dhateng panti. rehning lir mas kentir. rahadyan umatur.
1. Sampun paman sakeca wontên ing ngriki. ndhêku Kyai Darma. ngandika marang ing siwi. ganten êsês ladekêna.
2. Wedang dharan lah-olahan saananing. rara Mênok tanggap. angladosi aneng ngarsi, sarbet sinampirkên pundhak.
3. Wus tinata Ki Darma angacarani. sumangga kadhahar. pun Mênok mangunahneki. sisinaon olah-olah. [ 107 ]4. Raden mesêm pangandikanira aris. klêbêt wajibing dyah. sagêd lah-olah sakalir. têgên rigên minta-minta.
5. Wasis salir pakaryanipun pawestri. raratus myang wedhak. parem tapêl pupur wilis. konyoh jajampi racikan.
6. Nyumêrêpi samuwaning anggi-anggi. pon-êmpon babakan. êron ingkang maedahi, ngyêktosi kanggening karya.
7. Ngantih nênun nyulam nyongket andondomi. angraronce sekar. (m)bathik nyoga (m) babar adi. mamantês isining wisma.
8. Ngati-yati nastiti gêmi ing wadi. tan kirang tuladha. utaminipun pawestri. nulad panêngên pangiwa.
9. Ingkang lebda dudugi lawan prayogi. watara riringa. siyang dalu kang kaesthi. anut tuduhing sudarma.
10. Bilih sagêd kadya ingkang ulun angling. winiwitan mangkya. sinau wisma pribadi. pinindha ngladosi priya.
11 Bokmanawi wilujeng ing donya ngakir. punika paitan. têmbe angladosi laki. kantun pados kalangkungan.
12 Manthuk-manthuk Ki Darma kalawan Nyai, Mênok rasakêna. ngandikane raden iki. tanjêbêna ing wardaya
13. Iya rama antuka pangestu yêkti. sabdaning utama. nyawabana lair-batin. bisane tampa nugraha.
14. Kawuwusa saratri tan ana guling. eca lêlênggahan. sasamben dhahar nyanyamik. wus wanci pajar gidiban.
15. Radyan matur mring ki wisma Darmajati. paman (m)bujêng enjang. mangkya kula nyuwun pamit. ayun (n)dumugekkên lampah.
16. Paman bibi sami kantuna basuki. ing sapêngkêringwang. kang sinung ngling matur aris. kula (n)dherekkên raharja.
17. Gya salaman Ki Darma ngatag ing siwi. Mênok ngabêktia. sang dyah gupuh angabêkti. radyan arum angandika.
18. Rara sira sun dongakaken ing Widdhi. tumulia krama. oleh jodho kang prèmati, kang tulus trahing ngawirya [ 108 ]19. Kang dalajat rêspati sudibyeng ngelmi. bisa momong ing dyah. nyenengkên tyasing sudarmi. sira kantuna raharja.
20. Rara Mênok matur nuwun sru kapundhi. pangestu paduka. Gathak Gathuk samya pamit. linggar saking palenggahan.
21. Kyai nyai andherekkên prapteng jawi. wus wangsul mring wisma. rara Mênok angukudi. nahan lampahira radyan.
22. Kampir beji wêkdal sembahyang Subêkti[17]. bakda pupujiyan. rahadyan lajêng lumaris. ngaler ngilen anir pringga.
23. Krêdyating tyas kapencut arsa udani. ing masigit Dêmak. iyasaning para wali. tan cinatur laminira.
24. Wus umangsuk prapteng palataran masjit. tan ana kang nyana. yen punika putra Giri. kinira santri balaka.
25. Minggah srambi. wowolu sakanireki. ingukir pinatra. bêtan saking Majapait. sangkalanira pinirsa.
26. Kori roro gawening wong[18] ungêineki. wiwara kang marang. masjit ingukir tulya sri. gambar gêlap pinarada.
27. Tumpak kori sinêrat sangkalan muni: papatra kinarya. rupa gêlap[19] tunggal nênggih. radyan manjing sigra-sigra.
28. Dupi prapta aneng sajroning masigit. kalangkung anikmat. mupangat raosing dhiri. engêt manthêng nungkul ing Hyang.
29. Saka guru sakawan agengnya sami, inggile sêmbada. gilig mêmêt ragi mêthit. agêngnya kalih rangkulan.
30. Ingkang êler wetan sanes lan kang katri. nênggih wujud tatal. kinêmpal dados satunggil. gilig aluse warata.
31. Yasanira Kangjeng Susuhunan Kali.-jaga kang minulya. maweh tilasing nagari. karamating waliyolah.
32. Saya gambuh rahadyan dupi udani. sinungan umiyat. kaelokaning Hyang Widdhi. sangandhaping panti kutbah. [ 109 ]33. Rompyok-rompyok kathukulan glagah-wangi. lintange raha- dyan. tan ana janma udani. pratandha calon nugraha.
34. Sampun medal saking capurining masjid. lajêng lampahira, tan cinatur lamineki ngancik laladan Japara.
35. Prapteng suku wukir Murya ngongkang tasik. ing Sagara Jawa. wus manjat arsa udani. pucaking kang ardi Murya.
36. Margi (n)dêdêr rumpil kapit jurang têrbis. rêkaseng lumampah. Gathah Gathuk kempis-kempis. sakědhap-kêdhap araryan.
37. Dalu aso enjinge umangkat malih. tri ari tumêka. aneng sapucaking wukir. bawera anon samodra.
38. Ing lampahe baita layar gagrami. ana labuh jangkar. ambêdhol jangkar lumaris. langkung asri tiningalan.
39. Ing karajan padesan ngandhaping wukir. tinon karya rêna. rahadyan kagyat ningali. astana teja sumunar.
40. Pinarpêkan uluk salam densauri. tahlil sanalika. radyan myang santri kakalih. bakda tahlil ana prapta.
41. Kaki-kaki marpêki dyan Jayengrêsmi alon angandika. kyai kula nilakrami. paduka napa kang têngga
42 Lawan sintên ingkang sumare ing ngriki. alon saurira. inggih kula ingkang jagi. nama Buyut Sidasêdya
43. Kang sumare Jêng Sunan Murya wawangi. karaning astana. ing Muryapada puniki. namaning ardi ing Murya
44. Lah punapa paduka karsa nênêpi. dhuh ki Buyut baya. ing sêdya amung yun uning. pucaking kang ardi Murya.
45. Reh wus uning mangkya ulun nyuwun pamit. mandhap saking arga. Buyut Sidasêdya angling. puniki tanggêl ing lampah.
46. Babo lamun kaparêng karsa sang pekik. kampir dhepok ingwang. prayogi ing benjing-benjing. dintên sangate prayoga.
47. Watêkipun kalakyan sasêdyaneki. tur manggih raharja. rahadyan dupi miyarsi. dumadya dhanganing nala.
48. Sampun kerit dupi wus prapta ing panti. ki Buyut parentah. marang Gathak Gathuk santri. kacung aja taha-taha. [ 110 ]49. Angambila pribadi sugata mami. otek canthel boga. jepen talės wi gêmbili. gêmbolo pohung katela.
50 Gathak Gathuk tan Jenggana gya lumaris. maring patêgalan. suka dennya ngêngundhuhi. rampung gya tumameng wisma.
51. Ambakari jagung pohung uwi lêgi. wedang ronning kahwa. rinakit lumadyêng ngarsi. ki Buyut suka tumingal.
52 Swawi bagus krana-lah sami nyênyamik. kedahe nyunggata. sawontêne tiyang wukir. ijen wus tridasa warsa.
53. Jayengrêsmi mesêm wùs adhahar uwi. mesêm atatanya. wusing angundhuh sakalir. punika kagêm punapa.
54. Kula angge sêdhêkah mring pêkir-miskin. awise kang têdha. sami dhumatêng mariki. sasukane dennya mbêkta.
55. Kula amung angengehkên kangge wiji. makaten lampahnya. tan sagêd sidhêkah picis. mamanise mung krowodan.
1. Lon umatur Raden Jayengrêsmi. kadiparan dinten kang prayoga punapi wontên sanese. utawi wancinipun. mawi milih mawi nyingkiri. ki Buyut angandika. punika masputu. etang minangka satiyar. angluluri nasehat ing nguni-uni. wiji saking ing Arab.
2. Pan punika masalah ngawruhi. ingkang pangandika Nabiyollah. salalahu wasalame. sakehe umatingsun. padha ngawruhana ing nginggil. pratingkah alulungan. miliya kang sarju. aja lungan tanggal pisan. tan na laba lungana tanggal ping kalih. pan iya oleh laba.
3. Tanggal kaping tiga datan bêcik. tan na laba tanggal kaping papat. rēkasa aneng margane. tanggal ping lima iku. manggih laba kaping nêmneki. tan manggih laba ilang. karyane wong iku. tanggal ping pitu prayoga. manggih rahmating Pangeran tanggal kaping, wolu agring ing paran. [ 111 ]4. Tanggal kaping sanga manggih pati. lan pakewuh tur padha cumadhang. tanggal kaping sadasane. manggih laba rahayu. ping sawêlas apênêt ugi. tanggal ping kalihwêlas. tan ana labeku. tanggal kaping tigawelas. oleh utang tanggal ping patbêlas becik. neng paran manggih laba.
5. Tanggal ping limalas ayu olih. êmas perak tanggal ping nêmbêlas. tan antuk laba tanggale. ping pitulas rahayu. ping wolulas pan laba manggih. tanggal kaping sangalas. pênêt pan rahayu. tanggal kaping kalihdasa. gêring marga tanggal ping salikur ugi. (ng)garêsah aneng paran.
6. Tanggal ping rorikur ayu bêcik. tanggal têlulikur laba karya. tanggal kaping patlikure. pênêt ping limalikur. mapan ala tanggale kaping. nêmlikur gêsang pêjah. punika pinangguh. tanggal pitulikur ala. bakal tukar iya ananireng margi. tanggal wolulikurnya.
7 Oleh laba sangalikurneki. manggih rahmat saking ing Pangeran tanggal ping tigangdasane. manggih utang neng purug. titi têlas masalah iki. ing wong kang alulungan. pangandika Rasul.-lolah. salahiwasalam. dipun sami nastiti kadi puniki, ing gih walahualam.
8 Lampahira Kangjeng para Nabi. lamun badhe mangkat saking wisma. isarat ingkang kaangge. Jumungah akakêmu. lan asusur lampahing Nabi. Muhammad Rasullolah. lamun dina Saptu, punika angandhut lemah. dinekekkên ing pusêr lampahing Nabi. Adam ingkang minulya.
9. Dintên Ahad angangge susumping lampahipun Jêng Yusup Bagendha. Isnen natab lalandhêpe. Bagendha Umar laku. Slasa manggang asta ing gêni. Bagendha Abubakar. ingkang darbe laku. Rêbo akukudhung sinjang. lampahipun Kangjeng Nabi Ayub singgih. Kêmis tumêngeng tawang
10 Myang tumungkul ing bantala nênggih. lampahipun Sang Ali Bagendha. winêwahan sangatane. kalamun arsa nglurug. angkatira pan sampun uning. Jangkahe ingkang pêcak. sangat lamun sampun pêcak sadasa umangkat. pangwasane sang Ga [ 112 ]rudha kawon dening. sadhengahing taksaka.
11. Isnen wusing pêcak nêm lumaris, pangwasane singa krura kalah. dene[20] manjangan yektine. Salasa lamun sampun. pêcak kalih angkatirèki. pangwasanipun singa. ingkang sru manempuh. kawon dening kang dirada. Rébo wusing pêcak pipitu lumaris, mênggah pangwasanira.
12. Diwangkara kawon dening sasi. Kêmis wusing pêcak dwilyas [21] Jumungah apan sampuning. pêcak triwêlas mangkat, de pangwasanipun. sona dening kancil kalah. Saptu wusing pêcak dwiwêlas lumaris. dene pangwasanira.
13. Sawêr kawon dening kodhok bungkik. tamat sangat Sang Ali Bagendha. wontên sangat ingkang kangge. aningkahakên sunu. myang ngadegkên sadhengah panti. punika manut tanggal. sapisan witipun. kaping kalih kaping tiga. ping sakawan ping gangsal gya wangsul malih. nêm kadi ping sapisan.
14. Tanggal kaping sapisan pan sami. kaping nênêm sawêlas nêmbêlas. salikur myang nêmlikure. wit surya wêdalipun. têkeng pêcak slikur potneki. Ahmad pitutur nyata. wit pecak salikur. êpote pêcak sawêlas. Jabarail kalangan rangképanneki. awit pêcak sawêlas.
15. Épot bêdhug Brahim pacêk-wêsi. awit bêdhug ing pôtipun Asar. Yusup slamêt rangkêpanne. Asar sawêngi muput. êpot enjing Hyang Surya mijil. Ngijrail rêjêkinya. ping kalih winuwus. sami lawan kaping sapta. kalihwêlas pitulas rorikur nênggih. myang pitulikur samya.
16. Purnamaning Hyang Pradanggapati. êpot pecak salikur punika. Jabarail rêjêkine. wiwit pêcak salikur. êpot pêcak sawlas Ibrahim. pitutur rangkêpannya, sawlas épot bedhug. Yusup kalangan rangkêpnya. bêdhug potnya ljrail apacak-wêsi. Asar sadalu pisan. [ 113 ]17. Pote têkeng pumamaning rawi. Ahmad slamêt tanggal kaping tiga ping wolu ping triwêlase. wolulas tigalikur. wolulikur punika sami. wit purnamaning surya. pot pêcak salikur. Ibrahim slamêt rangkêpan. pêcak slikur pot pêcak sawlas marêngi. Yusup rijêkinira.
18. Pêcak sawlas êpot bêdhug wanci. Ngijrail pitutur rangkêpan. bêdhug têkeng Asar pote. Ahmad kalanganipun. awit pasar potira prapti. purnamaning Hyang Surya. Jabarail iku. pacakwêsi rangkepannya. gantya tanggal ping sakawan samineki. ping sanga ping patbêlas.
19. Ping sangalas patlikur myang kaping. sangalikur punika ingetang. wit Hyang Surya purnamane. êpot pêcak salikur. Yusup pacakwêsi marêngi. awit salikur pêcak. sawêlas potipun. Ngijrail salamêt pêcak. sawlas êpot bêdhug Ahmade rêjêki. wit bêdhug êpot Asar.
20. Jabarail pitutur ngrangkêpi. Asar prapta purnamaning surya. Ibrahim kalangan mangke. ping gangsal sadaseku. gangsalwêlas myang kalihdesi. salawe tigang dasa. pan sami puniku awit purnamaning surya. têkeng pêcak salikur êpotireki. Ngijrail akalangan.
21 Pêcak slikur sawêlas potneki. Ahmad pacakwêsi rangkêpannya. pêcak sawêlas awite. êpote têkeng bêdhug. Jabarail slamêt ngrangkêpi. bêdhug êpotnya Asar. Brahim rijêkiku. Asar sadalu êpotnya. purnamane Sanghyang Surya amungkasi. Yusup pitutur Ahmad.
22. Raden Jayengrêsmi tanya malih. kadiparan sangat palintangan. punapi wontên sanese. ki Buyut manthuk-manthuk manut dinten lampahireki. pipitu kehing lintang. sadinten sadalu. paedahe pyambak-pyambak. awon pênêt myang laire jabang bayi. tinitik saking lintang.
23. Lintang Samsu sabarang prayogi. Jawan marêk ing sri naranata. myang wong agung sasamine. ningkah langkung panuju. ingkang awon tuwin myang sakit. nunugêl kesah pêrang. jejampi nyanyambut. tuwin ngenggali panganggya. undang-un [ 114 ]dang prasanakan atanapi kumpulan tan prayoga.
24. Lare lair raintên marêngi. jaler estri umuripun panjang. sinung padhang ing driyane. kêdhik rijêkinipun. prihatinan ing tyasireki. jalu estri yen médal. dalu watêkipun. pan ugi pêtêngan manah Jawan sinung gelap tyase anawengi. gantya kang winursita.
25. Lintang Juhrah angka dwi nameki. samukawis punika. prayoga. ginêm ngelmi utamane. rabi tumêkeng sarju. anjampeni rare utami. anggalih samubarang. pandamêlan atut. de kang awon andum karya. akengkenan dhumateng mêngsahing jurit. myang kengkenan sadhengah.
26 Lare lair jalu lawan estri. ing raina jêmbar kang polatan jalu estri yen laire. anuju wanci dalu. Jangkung kumêt wicaraneki. tur pêngkok nora (ng)gragap. kaping tri winuwus. lintang Ngatarit pinajar. samubarang prayogi ingkang upami. mumuruk amamarah
27 Marêk nata myang pados usadi. apan sami prayogi sadaya. dene ingkang botên sae. paes pasah cucukur. lair rintên bilih pawestri. sae keh daulatnya. nging wicara kaduk. ragi panasten ing manah. namung saged ing damê! tan nguciwani. yen jalër lair siyang.
28. Apan awon ing tyas gung prihatin. bilih estri dalu lairira cupêt kang budi watêkė. yen jalu lair dalu. watèkipun jêmbar kang budi. sabar lila ing donya. tur sugih bêgja gung. wêlasan marang sasama. mangkya catur lintang Kamar kang winarni. samukawis prayoga.
29. Tuwin marêk ing sri narapati. angandikan kang mawa paedah. sisimpen tulus arjane. adagang antuk untung. akengkenan sarju katampi. mamaris tulus trimah. kang awon winuwus. pradata padu myang nglamar. atanapi (n)dhaupakên laki-rabi. punika tan prayoga.
30. Lare estri lair amarêngi. nuju siyang boros watêkira. yen jalu siyang laire. cuparira kalangkung. Jamun estri lairnya ratri. sae sagèd ing karya, bêkti marang kakung. nastiti mring samuba [ 115 ]rang. lamun jaler lairipun wektu ratri. barancah mring wanodya.
31. Panca lintang Juhkal kang winarni. ingkang sae wiwit gêntur tapa. pandamêl mring Pangerane: awit ngantos pakantuk. lyan punika botên prayogi. yen rare lair siyang. atanapi dalu. jalu estri ugi samya. tansah kambah sakit encok tan kalirih. nanging keh rêjêkinya.
32. Tur asabar lila ing donyeki, wadanane mung radi engêtan. gumantya angka nênême. lintang Mustari iku. ratuning kang lintang sapteki. Jangkung sae sabarang. satingkah rahayu. ingkang awon mung sajuga. amanggalih ngadoni lampahing jurit. yen rare lair siyang.
33. Jalu estri pan sami prayogi. watêkipun saestu sukuran. yen estri lair dalune. ajrih mring priyanipun. pandamêlan agal myang rêmit. widada awidagda. lamun rare jalu. lair dalu langkung pradhah. tan kaconggah nêdha ing kêbon ananging. rêmên nyilib tyasira.
34. Mangkya gantya kasapta mungkasi. lintang Mirah ingkang aprayoga. namping imba paras paes. sunat ugi pakantuk. atanapi ngadoni jurit. lawan iyasa gaman. kajawi puniku. pakaryan awon sadaya. Jamun nuju rintên rare lair estri. watak jail kang manah.
35. Bilih jalu rintên lairneki. tan saranta barang watêkira. yen lair nuju ratrine. estri tanapi jalu. tan salamêt manahnya gingsir. kêkêt kapara ngarsa. jail amathangkul. sampun jangkêp lintang sapta. awon pênêt ing mangke wiwit winilis. lampahing palintangan.
36. Malêm Akad ing wanci Mahribi. ingkang tampi Samsu taranggana. Ngisai Juhrah tampine. wanci sirêp janmeku. lintang Tarit ingkang atampi. têngahe ratri Kamar. lingsir wênginipun. tinampenan lintang Juhkal. bangun enjing lintang Mustari kang tampi. Subuh Mirah gumantya. [ 116 ]37. Akad enjing Samsu kang nampeni. rame pasar tinampen ing Juhrah. lêbar pasar Tangarite. bêdhug Kamar kang lungguh. Luhur Juhkal ingkang nampeni. Ngasare tinampenan. Mustari puniku. sontêne ingkang atampa. lintang Mirah jangkep saratri saari. lampahing lintang sapta.
38. Malem Isnen ing waktu Mahribi. ingkang tampi taranggana Kamar. Ngisa-bah Juhkal tampine. ing wanci sirêp manus. ingkang tampi lintang Mustari. têngah ratri Mirahnya. lingsir wênginipun. lintang Samsu kang alênggah. bangun enjing lintang Juhrah kang atampi. Subuh Ngatarit lintang.
39 Isnen enjing lintang Kamar tampi. rame pasar tinampen ing Juhkal. lêbar pasare tinampen. Mustari trangganeku. wanci bêdhug Mirah kang tampi. waktu Luhur Samsunya prapteng Ngasar puput. tinampenan lintang Juhrah. wanci sontên Ngatarit ingkang atampi. jangkêp lintang kasapta.
40. Malem Slasa ing waktu Mahribi. lintang Mirah seren wektu Ngisa. tranggana Samsu tampine sirêp janma kang lungguh. Jintang Juhrah têngahing ratri. Ngatarit ingkang lenggah. lingsir wenginipun. tinampen ing lintang Kamar. bangun enjing lintang Juhkal kang nampeni. Subuh lintang Mustarnya.
41. Slasa enjang Mirah ingkang tampi. rame pasar Samsu ingkang lênggah. bar pasar Juhrah tampine. bedhug tinampen gupuh. ing Ngatarit Luhur tinampi. Kamar kang taranggana. Ngasri Juhkal Jungguh. sontênipun tinampenan. taranggana Mustari pot wêktu Mahrib. jangkêp kasapta lintang.
42. Malêm Rêbo ing waktu Mahribi. lintang Ngatarit pot wektu Ngisa, tinampen Kamar lintange. wanci sirêp jalmeku. Jintang Juhkal ingkang nampeni. têngah ratri tranggana. Mustari kang lungguh. Jingsir dalu tinampenan. lintang Mirah bangun sampun kang nampeni, ing waktu Subuh Juhrah.
43. Rêbo enjing Ngatarit kang tampi. rame pasar tinampen ing Kamar. bar pasar Juhkal tampine. bêdhug nulya sinambut. ing Mustári Luhur tinampi. lintang Mirah punika. wêktu Ngasaripun. tranggana Samsu kang lenggah. wanci sontên lin [ 117 ]tang Juhrah kang nampeni. jangkêp lintang kasapta.
44. Malem Kêmis ing wêktu Mahribi. taranggana Mustari praptanya. Ngisa tinampenan Mireh. sirêp ing janma Samsu. têngah ratri ingkang nampeni, kanang tranggana Juhrah. seren lingsir dalu, tinampen Ngatarit lintang. bangun enjing lintang Kamar ingkang tampi. ing waktu Subuh Juhkal.
45. Kemis enjing Mustari kang tampi. rame pasar lintang Mirah Jênggah. bar pasar Samsu tampine. bêdhug tinampen gupuh. Jintang Juhrah Luhur tinampi. Ngatarit ingkang lenggah. seren Ngasri wektu tinampenan lintang Kamar. wanci sontèn lintang Juhkal ingkang tampi. jangkep kasapta lintang.
46. Malêm Jumngah ing waktu Mahribi. lintang Juhrah ingkang apilênggah ing waktu Ngisa êpote. tinampen Ngataritu. sirêp janma Kamar nampeni. têngah ratrinya Juhkal. lingsir ratrinipun. lintang Mustari punika. bangun enjing lintang Mirah kang nampeni. Subuh Samsu tranggana.
47. Jumngah enjing lintang Juhrah tampi. rame pasar Ngatarit kang lenggah. lêbar pasar Kamar manggen. bêdhug ginantyan gupuh. lintang Juhkal ingkang nyiteni. Luhur gya tinampenan Mustari sitengsu. wêktu Ngasri tinampenan. lintang Mirah sontêne Samsu kang tampi. jangkêp lintang kasapta.
48. Malêm Saptu Mahribi Ngatarit. waktu Ngisa tinampen ing Kamar. sirêp janma gya tinampen. lintang Juhkal potipun. têngah ratri ingkang nampeni. Mustari taranggana. êpor lingsir dalu. tinampen Mirah tranggana. bangun enjing lintang Samsu kang nampeni. Subuh pan lintang Juhrah
49. Saptu enjing lintang Juhkal tampi, rame pasar Mustari kang lênggah. lêbar pasar lintang Mireh. bêdhug tinampen Samsu. waktu Luhur Juhrah nampeni. pot Ngasri tinampenan. Ngatarit sitengsu. sontêne tinampen Kamar. titi sampun iampahing lintang saptari, dalu praptaning siyang.
50. Kang minangka naasing lintang dwi. (ng)gih punika Mirah lawan Juhkal. ngagêsang winênangake. sêtiyar mrih rahayu. yen wus atut etanganeki, gya sumendhe ing Suksma. widadaning [ 118 ]kayun. amung aywa kinêkahan. pêpetangan tan saged nge- wahkên takdir. siningkura kainan.
51. Kaol saking pawong mitra mami. brahmanadi ing Ngatas-maruta. tiyang badhe gadhah rare. utawi janma ayun. prapteng janji ing wancineki. laire kanang jabanġ. pêcate nyaweku. awawaton ari sapta. siyang dalu punika sami binagi. kalih wêlas gathita.
52. Wiwit purnamaning Sanghyang Rawi. gathita nem sapta astha nawa. sadasa sawlas têngange. kalihwlas inggih bêdhug. gya gathita satunggil kalih. tiga sakawan gangsal. wangsul nênêm surup. lajêng etang kadi siyang dados namung wontên kalihwêlas wanci. kalamun ari Akad.
53. Gathita nêm sapta sawlas tuwin. tabuh satunggal kalawan gangsal. Sênen astha sadasane. satunggal tripanceku Slasa sapta sadasa tuwin. têngange kalihwêlas. kalih gangsalipun. Rêbo sapta nawa sawlas. kalih catur Kemis astha sawlas tuwin satunggal tri sakawan.
54. Jumngah astha sadasa tanapi. kalih wêlas tiga myang sakawan. Saptu sapta myang nawane. dwiwêlas kalih catur. bilih wontên tiyang nyakiti. utawi tyang sakarat. ri Akad tartamtu. lair utawi papatya. gathita nêm sapta sawêlas satunggil. gangsal salah satunggal.
55. Raden Jayengrêsmi matur aris. kathah têmên ing parincenira. mrih widada raharjane. utami dipun ênut. tan kainan basanireki. wontên kaol mupakat. punapa saestu. yen badhe karya pemahan. tuwin griya saka usuk denukuri. pênêt awoning petang.
56. Lêrês wontên manawi akardi. ing pemahan dipun estokêna. yen (ng)garap pagêr sitine. cêngkale dhêpanipun. inggih ingkang adarbe panti. kalamun awiwita. ler kilen mangidul. winicala saking dhêpa. wilangannya bumi karta kala kali. kaarah dhawah karta.
57. Yen mangetan kadhawahna bumi. bilih damêl ingkang bubutulan. ambênêrakên kalane. myang wiyar ciyutipun. ing pe [ 119 ]mahan sukaning galih. dene jroning plataran. yen mangaleripun. anotog pagêr ukurnya. samurdane kang darbe wisma pribadi. tingkahe wismanira.
58. Den agathuk pagêr aja lali. yen kêkêlir sakilening wisma. kang têngên ku lakune. têka ing wismanipun. gathukêna ing pager (n)jawi. kang wetan bau kiwa. saking wismanipun. den-gathuk lan wismanira. lolongkange pandhapa. têpusên aglis. lawan pacakanira.
59. Gedhuging wisma lawan pandhapi. mandhapa iku kalawan lodra. têpusing talapakane. kalih mandhapanipun. Jawan lodra yen karya kori. pagêr tarab cêngkalnya. mara-sanganipun. poma sampun asèmbrana. ing pitêdah prayogi aywa kawuri. yen parêng bêgjanira.
1. Punika yen karya griya. ukuripun pêcakira pribadi. pinêcakan panjangipun. gangsal petanganira. êsri adi naga êmas perak lamun. griya kadhawahna êmas. pandhapa perak prayogi.
2. Bilih pawon dhawah naga. payon lêsung prayogi dhawah adi. manawi iyasa lumbung. dhawah êsri pecaknya. sampun jangkep menggah saka kang denukur. kajawi tangkêping ngandhap. lan kajawi purusneki.
3. Ngukur wiyare kang saka. lajeng kangge ngukur panjangireki. ugi gangsal petangipun. bumi banyu prawata myang sangkala gêni jangkêp gangsalipun. dhawah bumi kang prayoga. teteg watêkipun. bumi.
4. Dhawah banyu watêkira. apan srêpan punika (ng)gih prayogi. manawi dhumawah gunung. watek kêrêp aliyan. lamun dhawah sengkala awon kalangkung. kang darbe wisma gêringan. dhawah geni tan prayogi. [ 120 ]5. Kabasmaran watakira. mangkya usuk denetang cacah iji. inggih gangsal petangipun. êsri kakitri gana. kliyu pokah bilih wisma etang usuk. prayoga êsri dhawahnya. pandhapi dhawaha kitri.
6. Kalih punika prayoga. bilih masjid gana ingkang prayogi. sanese masjid puniku. manawi dhawah gana. tamtu angker utawi singit kalangkung. kaliyu datan prayoga. gêringan kang gadhah panti.
7. Yen denetang dhawah pokah. tan prayoga kêrêp nandhang prihatin. kapêjahan jumarunuh. sampun jangkêp etangnya. dene pagêr punika ukuranipun. dêdêge kang darbe wisma. tuwin dhêpane pribadi.
8. Menggah wiyaring pemahan. sasukanya pan botên denwanceni. gangsal wêwilanganipun. bebuka êsri etang, tapa lungguh sêdana pugêran-ipun dhawah sri watak sêrêpan. tapa luwe warékneki
9 Lungguh têtêg watêkira. pan sêdana sugiyan watêkneki. de pugêran watèkipun. pitados saha kêkah sampun jangkêp ing pundi kaparêngipun. tèbihing (n)dhapi lan griya. ugi wontên ukumeki.
10. Pêcaking kang gadhah griya. pan sakawan etanganipun nênggih. awit bale etangipun. omah latar pawuhan. dhawah bale punika ingkang pakantuk. dene yen yasa gêdhogan. tuwin kandhang kebo sapi.
11. Palangipun pinêcakan. kajawine pêpurus ingkang manjing. kiwa miwah têngenipun. sakawan etangannya. candhi karta rogoh sampoyong puniku. ingkang sae dhawah karta. kalayan dhumawah candhi.
12. Saka kandhang myang gêdhogan. kajawine purus myang pêndhêmneki. ingukur lan palang wau. dhawah candhi prayoga. ing tebihe saking treping pantinipun. ingukur kalawan pêcak. gangsal petanganireki.
13. Awit etangipun karta. baya tura samaya angêmasi. utami ingkang dhumawuh. ing wêwilangan karta. nêngna wau titi etang [ 121 ]nya ki Buyut. wus anggagat bangun enjang. suwawi waktu Subêkti[22].
14. Utami kang radi awal. samya wuiu paragating Subėkti[23]. pêpujianira nutug. bakdaning pêpujian. Gathuk matur alim dalem Kyai Buyut. kawula nyuwun wasiat. basanipun tiyang abti. [24].
15. Nunutut sadhengah kewan. bokmanawi ing tembe ngingah kambing. amrih cumbu dhatêng ulun. ki Buyut angandika. iya kacung pancen ana êmèlipun. datanpa laku tur cêndhak. mangkene basanireki.
16. Séka léka séka léka. singa buntut idhêpa idhêp ing i.-dhêpku tut sing saujarku. mung iku ora liya. lamun sira kaparêng angêlus-êlus. marang sadhengahing kewan. kang dadi parênging ati.
17. Kalawan manthênging sêdya. uga cêndhak mangkene basaneki. singa wulu singa buntut. ingusapan pandhawa. lêlima tut saujarku mung puniku. Jamun pinarêng ing mangsa. bokmanawa tutut yêkti.
18. Gathuk nuwun-nuwun nêmbah. sakalangkung kapundhi sih sang yogi. Ki Buyut nyawang sang bagus. sumunaring kang cahya. ngandikeng tyas cêcalone janma luhung. manther cahyaning oliya. wasana matur sang adi.
19. Ing mangke paran ing karsa. sewu sokur yen jênak aneng ngriki. rahadyan alon umatur. kang agung apuranta. mangkya ulun ayun (m)dumugekkên kayun. ing saparan tanpa sêdya. ngulati ingkang lunga nis.
20. Amung pangestu paduka. rahayune ing lampah bokmanawi. têmbe ulun sagêd wangsul. kantuna karaharjan. wus salaman ki Buyut ngandika arum. mas putu nastapaningwang. sami apuji-pinuji.
21. Wus tumurun sangking Murya. ngidul ngilen wus ngambah ing pasisir. tan winarna lampahipun. prapta ing palabuhan. [ 122 ]Pakalongan kèndêl ing têpining laut. anon udhuning juragan. kang sangking liyan nagari.
22. Manawi ari kalihnya. binêkta ing nangkoda sangking Gresik. nunut utawi pinupu. mring pawong-sanakira. dupi mudhun juragan kang sangking laut.-tinon kang rayi tan ana. sangsaya anglês ing galih.
23. Adhuh yayi kadangingwang. Jayengsari myang Niken Rancangkapti. baya mring êndi jantungku. amung ta karuhana, ing dunungmu awet mangkene kabanjur. kadya kinjêng tanpa soca. wau Radyan Jayengrêsmi.
24. (n) Dêdonga marang Pangeran. rahayune kadangira kekalih. têmbe sagêda pinangguh. atuse manthenging tyas. gya lumampah tambuh kang sinèdyeng kalbu. kèndêlnya dalu kewala. bakda Subuh gya lumaris.
25. Prapta ardi Panêgaran. kacarita sang yogi kang palinggih. aneng Panêgaran gunung. wasi Kawisuwara. waskitheng tyas uning satriya anglangut. kèndel ing ngandhapting arga. sang wasi utusan agiis.
26. Sabatnya aran Waskitha. kinen mudhun marang ngandhapping wukir. ki Waskitha wus tumurun. pinanggih lan rahadyan. mangênjali matur kawula ingutus. mahawiku Panêgaran. Kawiswara sang ayogi.
27. (n)Jêng paduka ingaturan.minggah maring ing dhepok ulunirit. rahadyan ngandika arum. inggih paman prayoga. sampun kerit Gathak Gathuk tanseng pungkur. sang wiku mapag wiwara. wus tundhuk rinangkul aglis.
28. Kulup ingkang nêmbe prapta. sajarwaa kêkasihira kaki. lawan ngêndi pinangkamu, sayogane lêrêppa. aneng kene kurang nadhah kurang turu. darapon bisaa klakyan. kang dadi karsanta kaki.
29. Rahadyan dahat lênggana. wus alami pruita ing sang yogi. tarakbratanya lumintu. sang yogi Kawiswara. lon ngandika ana jiliddan linuhung. sayogya sira anggoa, kanthining janma
utami. [ 123 ]1. Minangka murda satuhu. tapa angenaki ati. tama liming panataran. narantara sesalwiming. sarehning ingkang dumadya. wlassa singa nuwa-nuwi.
2. Srêda purae ngasamun. samanning sila nagari. aminta sihing ngamarar, awlas asih ring pagimi, unggyannira ngamatirta. cipta mantêp marang Widdhi.
3. Durung dadi lamun durung. darana ring darunaning. sakarsa karseng pamasa. satibane kang tinuding. beda pandumming budaya. dayaning (n)donning dumadi.
4. Kahênêngêna manêngkung. amaladdi samadinning. anêgêssa karsaning Sang. Amurweng Paningal jati. tingalêna maklumulah. malah maluya ywa lali.
5. Lêlakone kang kalulun. alin-alin denkalilin. lêlênga aywa kaalan. ywa lalu atmah lali. kalunta-lunta kalintang. tan wiyang mayanga westhi.
6. Isthaning angga kagugu. gupita jêg agagappi. aywa gugup ing nalika. nalarrira den alirih. rereh ing pangarah-arah. arahên aywa ngurangi.
7. Ngurangana ing pangrungu. ing reh aywa nguring-uring. yen miro tmah mêmirang. amerang amurang niti. titika denkata- lika. ywa nunulak tutulan-cik.
8. Bêcik rêngkuhên pamêngku. kumawa ing agal alit. den amulat ing lêlêta. ywan ingandêl dendumêling. (n)dulu ulah karawitan. wittipun tan ana malih.
9. Sangking kakawin myang kidung. kadi kadang anjarwani. ing sarekaning kalangyan. langêning kang milangonni. nglongana haywan tantara. tarikên yen ana luwih.
10. Miwah ungguhing raras-rum. rumarah murang ing kawi. sêsandining sang kendriya. rekaning kawi kawiddhi. kawiddhi ing widhayaka. ya karana sang siniwi. [ 124 ]11. Wèh tahêt babah binarung. ring kasidaning dumadi. dana kariyin denarah. kasantikan wus kawuri. kasudarman tyas mardawa. den manuh manah mamanis.
12. Manah prênessan ywa kunus. dennira amasang mesi. masalah-ing sumpêt karsa. karsa sinêsêr tan osik. musika tinon aywa sak. sasat simpên karsa suji.
13. Ring sojar aja anjujur. kolina kilat ngalingi. tan wrin naya ringa mawas. waskitha awangsulanning. yen tan angling den amêmma. den amêmês ing pangungkih.
14. Ywa taha bêrgugug luguk. kaya gopala kapilis. kapêlang kapêlak-pêlak. palenggahe agaligir. awigar agagalagar. nganggur tan egaring galih.
15. Palaning wong ambasêngut. ulatte anginggit-inggit. wacana buthêking netya. netya ala tan kailir. kelu kalessan ing muka. mêngku ala nir pakolih.
16. Ing wacana yen anuju. pasamuwan srawunganning. dipun sambada ing tembang. manawa katambang balik. denkacakup ing pangucap. titika dipun katitik.
17. Panitike ywan wus putus. pan wus cinariteng Sruti. sru trêp tita ing purwaka. mangka kenging anganggêpi. ing cipta ya dyan patutta. ing tembang sambang manawi.
18. Ana wadi kang sinamun. sinuksma sari-sarining. buhana sabawaning tyas. lair ing tyas kang nampani. nyataning tyas aneng naya. naya netya kang nampani.
19. Sawadining wardayeku. ing netya pahemanneki. ing wacana (ng)gonning wêdhar. widayaka dayeng wadi. widigda ing ciptamaya. mayana mayaning kapti.
20. Ati akapti kumudu. asihana ing sêsami. witting raga kinasiyan. pan sangking raga pribadi. pribadi asiyeng raga. kadulu dalan dinalit.
21. Paessan ing sarireku. amberat ingkang kaeksi. nir tasitaning akathah. pangehna ing sarireki. sarira paran bedanya. ambawaa ambawani. [ 125 ]22. Ingkang kadi mangkoneku. êndi ulun amurwani. ing paniwi wamangkana. ana pae nupa bumi. dera ngimpun prih sadaya. pan wus jênênging narpati.
23. Kinasihan ing reh arju. saharja mangakuméki: amiluta ambêk ing ngrat. rat karakêttan padha sih. linulut ing lokajana. jênêng kasarjana sami.
24 Sarat rinaharjeng kayun. mawarah-warah reh aris. tanpa karsa pagêhana. kengang murwa angarjani. kikitir marang apapa. papa telutuh siningkir.
25. Mikarra kang sikara dur. nimitya-mitya sajati. juti sajatining mita. siyasat lir sagaragni. gênêngan kathah isinya. sarira tanpa waleng ngling.
26. Sesumbanging ngrat kasumbung. sesining tapa ing bumi. bumi saja saha jarwa. sojar tekanang binukti. brêmara ngusweng kusuma. sumarmaning ganda sari.
27 Salwir bawaning kang sinung. ing wadi widagdeng kuwi. among jagad jaga-jaga. arjuning ngrat tan kaesthi. saesthining asthagina ginulang-gulang ing pangling.
28. Liniling-liling kalangkung sinêlan planu pinalin. sarasa-rasa rinangsang. kang saru-saru siningkir. sikara tan karawattan. ku- wat awetta rangkawit.
29 Wiwitting watara wolu. waluyane wali-wali. wulang lila lan wilalat. ywan linêlêt témah lali. lalu amilih turida. ruda rudah angrudatin.
30. Rudatin angayun-ayun. wahyu-wahyaning sakalir. kaliliran kalairran lairing wahyu-winaris. waras ngênirakên maras. marassakên jiwaragi.
31. Noraga rêgêm anurut. anuruta rat pinirit. mirit angipat kiparat. purêt pêpêt tan pinipil. papalla sangking sikara. sukura sukêr siningkir.
32. Kêrtya pakarti katutur. titir pamantara titi. tatas pandining walgita. tan pêgat amagut kapti. kaptine ingkang kampita. pitaya den pitayani. [ 126 ]33. Yen ing tyas pan aywa tambuh. bubuhanne wong ngaurip. angarêp-arêppa karya. karyane sawiji-wiji. wijining puruitaa, ya asthaguna kinawi.
34. Kawining Hyang Endra laku. ngudannakên wangi-wangi. angrêsêpi sabuwana. kawaratan ing mamanis. mênuhi manah madada. monêng manungku ngênani.
35. Kawining Hyang Yama laku. madhêndhakrama tan yukti. ya maluma lwir ya pêjah. durjana gêlahing bumi. nadyan braya wani ngambah. binubuh pinrih ing pati.
36. Kawining Hyang Surya laku. ngingsêp toya tan katawis. rereh ririh tan rekasa. rêrasanne tan ngêrêssi. rêsik lumintu atata. sanityasa ngatiyati
37. Kawining Hyang Candra laku, ngasuk ngasepi sang bumi. komala mrêdu katingal. guya-guyunya mamanis. lir tetessing martotama. rêsép marang para rêsi.
38. Kawining Hyang Bayu laku. anginte sagung pakarti. buddining rat kinawruhan. sawicara denkawruhi. ya dibya guna kagunan. ginunni saari-ari.
39. Kawining Kuwera laku. buja bojana mamukti. mamaessi busana mas. sru suk srah pangrehing dasih. pracaya kang pinarcayan. tan munasika tan mosik.
40. Kawining Baruna laku. ngagêm sanjata ngapussi. sagung kang olah durjana. jinajahan sinalisik. sinalasah cinêpêngan. amêmpeng dennya ninitik.
41. Kawining Hyang Brama laku. anggêsêngi ripu tapis. galak ring ripu lwir singa. kang kinangsah sirna gusis. murub warata kataman. tamannira aneng geni.
42. Nahan ta guna ginunggung. suraku rumêkseng bumi. bumi ginora warana. lana ginênêng pinusthi. sesthaning butaning ngolah, ulah sêsran musran muni.
43. Aywa nêhêr ing paniru. angalappa saraganing. Sruti titikanning kangap. kadhapping kilap ngulati. Islam mapan janma tama. kang kapir prandening sesthi. [ 127 ]44. Asthabrata kang linaku. kêlakon pangolahneki. pundi antuk yen kalaha. lan lakune Buddha nguni. beda budining manungsa. akawih ingkang linewih.
45. Maluya laya anuntur. linanturakên pakarti. Jayengrana pinandhita. ing palagyan palunggyanning. byuha tarien wêkasningka. tapa kaluhuran dadi.
46. Legaweng pati ring ripu. pratapanning kang prajurit. sor tapaning kang pandhita. tapa tapaking jayanti. antyastya pramukyeng tapa. tapa (ng)graning gunung wêsi.
47. Sinêmbah ing ngalapa gung. singgih yen sirarsa jurit. den prastawa ing sopana. ing bubuka purba titi. titika denkatalika. tutula tinali-tali.
48. Agama pan sêdya ayu. pagahên padhanging pati. aywa ta kasêlan meda. dumadya amangguh westhi. nadyan ana hru sayuta. sêdya yu pan denpayungi.
49 Ing agama payungipun. rinêksa têbih ing westhi. dyajan ta anut ancaia. bubuka ywa ngaruhunni. ruhunana ywan wus pingsal. asapênêt gan yen uwis.
50. Ana (ng)gyanya tindak-tanduk.ing swara aywa dumêling. aywa liyan kang karéngya. munga sang nata pribadi. dennira anga- du laga mawastreng papan makangsi.
51 Bubuhan kang aneng ngayun. têmpuking ayuda pan wis. panarcayan mring sang nata. mangsa keguha ing jurit. sang nata nata ring wuntat. tan patya keh kang umiring.
52. Mung kanan kering myang pungkur. sawega prayitneng westhi. manawa na katêlayah. raganing turangga mrêgil. tutulunga têka wangwang. ginantya bala toh pati.
53. Yeka palayarannipun. ring atapa gunungwêsi. tan kacaryan tan kawuryan. ring dadi dadining bumi. sastakasa myang ri- ringa, pan purbawisesa jati.
54. Tan ana lara myang lampus. urippe sangking Hyang Jati.-karana tan takut ing prang. nistha madya utamaning. mantri linging kina-kina. kinênan malah ing mangkin. [ 128 ]55. Nisthaning mantri winuwus. yen kawawas lena dhingin. lena kari wadyanira. madyaning mantri yen mati. barêng lawan wadyanira. utamanireng kang mantri.
56. Yen ing bala ngarsa gêmpur. tulung ngadégkên. jêmparing. mangsa mangke dadya warta. yen amangun jayeng jurit. nistha madya utamanta, mantri ngêmasi rumiyin.
58. Ing lêlakonne keh kantun. kaputungan tyas kang nulis. sêpi supene kang bawat. tumanduk lamun udani. têlasana sang- gamu ywa. dening tanduk tan nindaki.
59. Lwir tarbuka rupanipun. bundhining rat anjajagi. tan mantra mantreng sarira. purwaning amênggel kawi. kinayah kayuh bawamba. ambuning rat ing saricik.
60. Ing angga akarem liwung. ing pangiwa angênani. tulatên namung panimpar. tan wrin cacadên ing sami. sanepaning pasang sewa. sinawawa tan suwawi.
61. Wiyanga wuyunging kalbu. buhana tandha sabên ri. rumaras ywan tan mangguha uguhing kidung tinampi. nampingana mangka dadya. dadya dawaning murwani.
62. Nimpeni dadi sinamun namung dana tanpa mijil. pinunjal tinunjėl suka. suka ringa mênggèl kawi. kawisesa budyadarma malangun dadine bumi.
1. Rahadyan sangêt gung kingkin. miyarsa andikanira. wasi Kawiswara kaot. wus lami neng Panêgaran. ngêntek piwulangira. dhasar lantip sang abagus. cakêp atampi piwulang.
2. Saya têbih dhabar guling. Gathak Gathuk eca ing tyas. Kawiswara ngandika lon. kulup ywa dadya tyasira. ingsun tan pisan-pisan. risi kanggenan sireku. amung supaya wuwuha.
3. Kawruh utamining urip. tumêkane ing dêlahan. angidulla bênêr angger. marang ing Salamêt arga. kono ana satriya. atmaja sri Majalangu. nama Seh Sekardalima. [ 129 ]4. Dhepok ing Salamêt wukir. wus manjing agama Islam. Sunan Têmbayat gurune. sinepuhan Jêng Suhunan. Adi ing Kalijaga. arang wong bisa katêmu. yen datan lawan nugraha.
5. Mangkata sêdheng kang wanci. rahadyan angaras pada. saha aturira alon. muhung pangestu paduka. kawula amung darma. lumampah sangking pituduh. tuhu tan darbe kuwasa.
6. Wau mesêm sang maharsi. kulup ing pangestuningwang. Gathak Gathuk awotsinom. kawula anyuwun barkah. pinaringana kuwat. (n)dherekkên wayah pukulun. angsala idin pandonga.
7. Iya kenang sun ideni. muga kinuwatna ing Hyang. rahadyan sampun lumengser. linggar sangking Panêgaran. lajeng ing lampahira. Gathak Gathuk tanseng pungkur. wus ngancik sukuning arga.
8. Sumawuring sari-sari. ganda arum amrik ngambar. gantya ingkang winiraos. ing dhepok Salamet arga. masjid munggul katingal. asri busananing gunung. taru-tarunya tinata.
9. Sasekaran angubêngi. toya wêning tinalangan. pating sareweh iline mangungkang talaga dibya. ngunguwung lirab-lirab. wau panêmbahan gunung. lênggah têpining talaga.
10. Ingadhêp abdi kakalih. Ki Maklum lawan Ki Sabar. Seh Sekar ngandika alon. Sabar Maklum den agêpah. ing langgar, rêsikana. iki bakal ana tamu. utama calon olia.
11. Sabar Maklum mundur aglis. ing langgar wus ginêlaran. Seh Sêkar gya kundur alon. ngalela lenggah ing langgar. rahadyan wus katingal. ingawe sang wiku gupuh. radyan anungkêmi pada.
12. Pinangkul kinêmpit-kêmpit. arum wijiling kang sabda. slamêt satêkamu raden. mrêlokkên mring dhepokingwang. bangêt sukaning driya. radyan nêmbah saha matur. pangestu dalem kang mulya.
13. Seh Sekar ngandika malih. kulup hywa sadaya-daya. ing pangarah dipun sareh. mung ywa pêgat ing paminta. lumintu ingkang lampah. yen pinarêng wêktunipun. bokmanawa katarima. [ 130 ]14. Suhunan ing Bayat nguni. sung carita marang ingwang. eyangmu buyut kalane. kumpulan lan wali sanga. samya (m) babar sêsotya. trusing ngaji pan akumpul. aywa ana parèbutan.
15. Kinarya gita ing kawi. ing Giri Gajah enggone. tatkala agugunêman. para wali sasanga. ing Argapura (ng)gennipun. kadhaton ratu agama.
16. Wali sadaya tinari.dennira Prabu Satmata [25]. Suhunan Benang tinaros. myang Suhunan Kalijaga. Suhunan Ngampeldenta. Suhunan Kudus tinantun. kalawan Seh Siti Jênar.
17. Seh Bênthong tumut tinari. sarta Pangeran Palembang. Panêmbahan Madurane. aseba mring Giri Liman. angling Prabu Satmata. sukur pêpêg anakingsun. sami limuta kaliman.
18. Sadaya tunggala kapti. sampun wontên kang sulaya. arêmpêga kang wiraos. sami ambabar sosotya. sami miyak warana. sampun wontên masang sêmu. den anglela den tétela.
19. Jêng Suhunan Benang angling,ambabar kang pangawikan. tegese sariraningong. dat sipat apngaling Allah. nyata ing kalbu amba. Datollah kang amurbeku misesa ing dhewekira.
20. Jêng Suhunan Adiluwih. ambabar kang pangawikan. têgese sariraningong. iya sadat jenengamba. iya jenênging purba iya Allah Sukma Subut. jênêng urip lawan jagad
21. Jêng Suhunan Giri-westhi. ambahar kang pangawikan. têgese sariraningong. iman urip lan nugraha. budi uriping Suksma. urip sarta Allah iku. mangkana ing kawruhamba.
22. Jêng Suhunan Kudus angling. ambabar kang pangawikan. Roh wajib ing imaningong, cahya mancur kadi surya mijil sangking prabawa. amartani lampahipun. anguripi ing sajagad
23. Panêmbahan Madura ngling. ambabar kang pangawikan. aran na kanugrahane. kundhi Allah ta punika. têgêse kundhi ika. Nabi Allah jatinipun. jinaten ing nama Allah. [ 131 ]24. Pangeran Palembang angling. ambabar.kang pangawikan. têgêse sariraningong. têgêse Allah punika. Allah ingkang amurba. anguripi Mahaluhur. amisesa purba dhawak.
25. Prabu Satmata mangkya ngling. ambabar kang pangawikan. sami Jan Allah purbane. kang ngawruhi iya Allah. kaping kalih nur badan. kaping tiga rasul iku. kaping pat Datollah ika.
26 Seh Siti Jênar mangkya ngling. ambabar kang pangawikan. asêmbah ing Allah ingong. sujud rukuk padha Allah. sêmbah sinêmbah Allah. ingsun kang amurba iku. kang misesa ingsun uga.
27 Wali sadaya mangkya ngling. Siti Jênar Kadariyah. katêrasan iku linge. Siti Jênar sigra ngucap. adoha yen bênêra. ingkang pêrak iku êmbuh. iki Allah supayaa.
28 Prabu Satmata mangkya ngling. iku jisim Siti Jênar. Seh Lêmah Bang mangkya linge. raga jiwa den micara. padesane dentilar Allah kang anglela iku sakarsanipun wasesa.
29 Wali sadaya samya ngling. salah sira Siti Jênar. dene angaku badanne. Allah badan Siti Jênar. tan langgeng aneng dunya. Siti Jênar iku luput. têmbe mangke ngaku Suksma
30 Pan wontên lakone nguni. sami ambabar sosotya. sampun aling-aling kang wong, sami amiyak warana aja na salah cipta. kêna yen warahên dudu. anging panggah Siti Jênar.
31 Prabu Satmata mangkya ngling. Seh Lêmah Bang kamanungsan. sanak pakênira kabeh. tan beda lan pakênira. nanging sampun anglela, manawi dadi kalurung. akeh wong kang anggêgampang.
32 Kathah wong kang tanpa yêkti. tanpa yun angguguruwa. akeh kang (ng)gêgampang kang wong. dene warta atimbalan. sajatinipun wikan. dadi tan arsa (ng) guguru. awirang yen ta takona.
33. Seh Molana samya prapti. sakathahe Aji Cêmpa. pinareg ing masjid gêdhe. mapan kantun wali sapta. samya (m)babar sosotya. tan prabeda kang rumuhun. Siti Jenar ingandikan. [ 132 ]34 Seh Molana mangkya angling. Siti Jenar nama tuwan. Siti Jênar mangkya turre. inggih Allah jênêngamba. nora na Allah ika, anging Siti Jenar iku. sirna Jênar Allah ana.
35. Molana Ngaribbi [26]: angling. kapir dadi Siti Jênar. Aji Cêmpa angling alon. kapir danas Siti Jenar. Islamipun indalah. kapir danas wong puniku. punika kapir sampurna.
36. Molana Mahribi angling. Suhunan (n)dawêg winejang. masjid dalêm suwung kabeh. ana bêkti ana ora. têmah ngrusak agama. anggêgampang têmahipun. kang salah (n)dawêg pinêdhang.
37. Seh Siti Jenar mangkya ngling. (n)daweg sampun kalayatan. lawang swarga mênga kabeh. Siti Jênar sinerampat. dening kaum sakawan. Seh Lêmah Bang sampun khukhum [27]. pinedhang tatas kang jangga.
38. Titiga sabate sami, apan sedya pinėjahan. samya prawira khu- khum[28]e. titiga samya anêdya. anêbut Subkhanallah. wontên rare angon wêdhus. sigra amiyarsa warta.
39. Siti Jenar wani mati, kasusra angaku Allah. punang rare angon age. lumayu asumbar-sumbar. amareg mring ngayunan. wontên Allah kari iku. katungkul ya angon menda
40. Prabu Satmata mangkya ngling. rare iku kudu pejah khukhum [29] jena aja suwe. sandhingêna Siti Jênar. angling Ki Siti Jênar. sandhingêna lawan ingsun. aywa adoh ingsun gawa.
41. Ponang rare angling aris. sampun (n)dika kalayatan. rare cilik sru tangise, age tumuta pralaya. wus mênga lawang swarga. pinêdhang janggane sampun. mesêm rare angen menda.
42. Jêng Suhunan Ratu Giri. nora kira Siti Jênar. maksih wutuh rêragane. tigang dina gilang-gilang. tumulya uluk salam. kan- tuna andika ratu. Siti Jênar nulya ilang.
43. Tan kari sabatireki. sadaya wus samya ilang. miwah rare angon mangke. datan kantun melu ilang. sadaya sampun sirna. [ 133 ]gawok sakeh kang andulu. dhumateng Seh Siti Jenar.
44. Tuturku kang wus kawijil, Seh Lêmah Bang wus anyata. katon kandel kumandêle. nanging pilih kang abisa. kadi Seh Siti Jênar. akeh mandheg aneng catur. pinêntog mundur plarasan.
1 Lawan malih raden sira kawruhana. pan ana kawruh malih. crita Wringin-sungsang. wajibe kawruhana. anggitên dipun sayêkti. sajroning manah. lah angger ngong jarwani.
2 Wringin-sungsang wayahira tumaruna. luhur tan ngawruhi. panjêre satunggal. tambenipun sêkawan. pupusipun mung sawiji. pange sakawan. wohe rêtna-di luwih.
3. Kulitira kang wringin kancana mulya. daging kumala adi. otote sosotya babalunge kalpika. sungsume motyara luwih. uwiting wrêksa iman wujud kang pasthi.
4. Lan malihe kaki têngah kawruhana. lalima kathahneki. ingkang aneng têngah. aran pêksi-dewata. anadene kang angapit. pêksi sakawan. iku wajib ngawruhi.
5. Poma-pomaanggèr sira kawruhana wastane kang waringin. lan pancêre pisan. lawan tambining ngêpang. pupuse lan wohe ugi. apa arannya. wajib sira kawruhi.
6. Lan malihe raden sira kawruhana. apa asalmu dhingin. iku kawruhana. asal sangking punapa. miwah benjing lamun mati. êndi (ng)gonnira. lawan marganing pati.
7 Lamun mati kang nyawa ngêndi marganya. apa ta mêtu kuping. apan sukêr ika. apa ta mêtu netra. iku pasthi moler kaki. yen mêtu sirah. pasthi pêcah kang rêksi.
8. Lamun mêtu ing êmbun-êmbunan radyan. kang pasthi bolong kaki. lamun mêtu grana. yêktine jêmbêr uga. lamun mêtu cangkem najis. lah ngendi baya. margane lamun mati. [ 134 ]9. Lamun mêtu ing jubur langkung najis ya. yen metu puser ugi. pasthi bojot ika. lah ngêndi ingkang marga. lamun ing wulu kang margi. lah iku mokal. marga kalangkung rungsit.
10. Lah ta raden angger sira têtakona liyane marang mami. kabeh takokêna. purwa madya wasana. takokna dipun patitis. asraha badan. ngatuma pati urip
11. Lamun mati apa ta ana ngakerat. prênahe kerat ngendi. takokna den angsal. aja angayawara. dipun wêruh ing sajati. basa ngakerat. ênggon wong agung sisip
12. Anadene ênggone wong kang sampurna tan donya tan ing ngakir aneng Darussalam. ênggon wong agung mulya. iku gurokna sayekti. ing Darussalam. iku suwarga êning
13 Têgêsipun kang Darussalam punika. wujud mukal kang pasthi iku gurokêna. kang aran wujud mukal. yen tan wêruha sayêkti. angur si kopar. karuwan mati garing.
14. Lah ta iku raden sira gurokêna lah poma dipun olih. kalamun oleha ing guru kang wawarah silêma ironing jaladri upamanira. ywa toleh anak rabi
15 Yen pepeka ing wêjang guru kang pasal têmahan mati kapir nuli labuhana. wêjange gurunira. labuhan kawan prakawis aywa kawuntat. tapa kawan prakawis
1. Dhingin kang ingaran tapa. anarima sihing Hyang Suksma jati. apa karsane Hyang Agung. apan anut kewala. anglir sarah aneng satengahing laut. apa karsaning parentah. kawula têka nglakoni.
2. Ping pindho ingaran tapa. gêniara iku dipun lakoni. anadene artinipun. malêbu ing dahana. yen kabrangas ing ujar iku den têguh. yen denucap ing têtangga. mapan tan nêdya gumingsir [ 135 ]3. Kaping tiga banyuara. têgêsipun punika tapa ngeli. mapan anut ing. pitutur. rêmbuge pawong sanak. Jan nasabi ing wong kawiranganipun. iku laku kang utama. wong awas ing Suksma jati.
4. Kalawan kaping patira. tapa ngluwat amêndhêm jroning siti. iya iku têgêsipun. aja ngatokken uga. ing becike awake dhewe puniku. miwah lawan lakunira. pêndhêmên dipun arêmit.
5. Kalamun ta malihira. dipun andhapasor sareh ing budi. den kalah [30] ing parapadu. utamakna ing lampah. iya iku wong bêkti marang Hyang Agung. iku aranne wong lanang. iya wong mênang prang sabil.
6. Iku ganjarane benjang. cinacadhang manggon ing sawarga-di. ingkang dahat adiluhung. kang aran Darussalam. sarwa muwah adi-adi sakalangkung. pan sampun karsaning Allah. kang duwe wong aprang sabil.
7 Wong aprang sabil punika nora lawan si kopar lan si kapir saroning jajamu iku ana prang Bratavuda luwih rame ayuda pupuh pinupuh iya lawan dhewekira iku jatine prang sabil.
8 Sampune amenang aprang. nuli ngancik ing nagri Maespati. amboyong Kêncanawungu. nuli jumênêng nata. aparentah [31] sakathahe para ratu datan ana kang amalang supami jumênêng ali.
9 Iku poma alah poma. aywa mamang manahira sayêkti. poma sêtyanana iku ujar kang dhingin uga den prawira anganggit sajroning kalbu iku laku kang utama tan ana ingkang nya- meni
10. Lawan malih atakona. sampurnane ing niyat lawan takbir. miwah sahadat puniku kalawan yen sakarat. poma raden puniku ta dipun antuk. Jawan sampurnaning pêjah. takokna dipun patitis. [ 136 ]11. Pan lilima kathahira gurokêna iku dipun mangêrti. iku sampumaning kawruh. poma ta dipun angsal. iya iku sira gurokêna kulup yen tan amuruk mangkana. dudu gurumu sayêkti.
12. Yen sira ayun uninga. bumi' pitu lah raden sun jarwani. kang dhingin bumi rannipun. ingaran bumi rêtna. kaping pindho i ngaranan bumi kalbu bumi jantung kaping tiga. pan kaping pat bumi budi
13. Lawan kaping limanira. ingaranan bumi jinêm sayēkti. Jawan kaping nênêmipun. ingaran bumi suksma. ping pitune bumi rahsa arannipun. iku wajib kawruhana. têgêse sawiji-wiji.
14. Ingkang aran bumi rêtna. têgêsipun dhadhanira pribadi. bumining manungsa luhung. iku gêdhong kang mulya. ingaranan astananing Islam iku. lawan kaping kalihira. bumi kalbu denwastani.
15. Bumi kalbu têgêsira. astanane ing iman kang sajati. kaping telu bumi jantung. iku ta ingaranan. astanane anênggih sakehing kawruh. lan malih kaping patira. ingaranan bumi budi.
16. Bumi budi têgêsira. astanane ing puji jawan dhikir. lawan kaping limanipun. bumi jinêm têgêsnya. ingaranan astanane sih satuhu. lawan kaping nêmme ika. bumi suksma den arani.
17. Utawi kang bumi suksma. iya iku astanane ing ngelmi. nenggih kaping pitunipun. ingaran bumi rahsa. bumi rahsa apan iya têgêsipun. astananing [32]
ing paningal. asmaradana gumanti.
1. Raden kawruhana malih. prakara kang langit sapta. ana ing sira dununge. poma-poma dipunpirsa. langit kang ana sira. mara ngong jarwani kulup. den bêcik pidhangêtira.
2. Dhingin langit roh-jasmani. dene langit ping kalihnya. langit roh-nabadi ranne. roh-napsani kaping tiga. dene langit kaping [ 137 ]pat. roh-rokani wastanipun. dene langit kaping lima.
3 Ingaranan roh-nurani. langit kaping nêmme ika. roh-rabani ing wastane. langit kaping pitu ika. roh-kapi wastanira. anênggih ing têgêsipun. langit roh satunggal-tunggal.
4 Têgêse langit jasmani. tinitahakên ing Allah. amêpêki ing uripe. ana ing jasat sadaya. langit roh-nabadi ka. amêpêki uripipun. salire badan sadaya.
5 Ingkang langit roh-napsani amêpêki ingkang karsa. karêpe badanne kabeh. langit roh-rokani uga. mêpêki ngelmunira. sa- kehe badan sadarum. langit roh-nurani ika.
6 Amêpêki cahyaneki. sakehe badan sadaya. langit roh rabani raden. amêpêki adhêpira. ingkang badan sadaya. lan langit roh-kapi iku. pan pêpak pasrahing badan.
1 Baya pantes pinupuha mijil. ingkang winiraos. kanugrahan lawan nugrahane. lawan sapa ingkang nugrahani. nugraha sayêkti. mungguh ing Hyang Agung.
2 Kanugrahan mungguh ing sireki. nugraha Hyang Manon. anglir bedhug tinabuh snepane. tetabuhe nugraha sayekti. unine savêkti. nugrahan rannipun.
3 Ana dene kang narima ugi. sihira Hyang Manon. pan puniku janma ingkang luweh. kang narima sihira Hyang Widdhi. saobahe ugi. nugrahan puniku.
4 Solah tingkah muna-muni iki. nugrahan Hyang Manon. ganda swara miwah paningale. panarimeng dadiya sawiji. dadi wong linuwih. benjang lamun lampus.
5. Dene iya wawadhahing ngelmi. pirsakna sayêktos. ngelmu iku aja akeh-akeh. yen rinicik dadi nora bêcik. yen layar ing pati. aja keh kadulu. [ 138 ]6. Aja kalingan ningal-ningalli. kang abangsa êroh. roh-ilapi nênggih ling-alinge. kang apêtêng wadhag kang jasmani. pan iku sayêkti. panasaran tuhu.
7. Lah ta iku dêdalane benjing. kang kasasar kang wong. lanum nora bisa panuksmane. yen wis bisa nuksma wujud siji. wujudira ugi. wujuding Hyang Agung.
8. Iku ingaranan wadhah ngeimi. wujudmu savêktos. pan ingakên Dattolah jatine. wulunira wuluning Hyang Widdhi. kulitmu sayekti, kulite Hyang Agung.
9. Sungsum balung otot daging gêtih. kagungan Hyang Manon samubarang jroning badan kiye. iya iku sangking Hyang kang Luwih. apan iku ugi. wawadhahing ngelmu.
10. Iya ngelmu ingkang den wadhahi. pan adi Hyang Manon. poma iku wêkasingsun anggèr. den agêmi lawan den nastiti. têgêsipun gêmi. den aja kawêtu.
11. Lan malihe têgêse nastiti. saprentah Hyang Manon. den waspada sak ngelmu-ngelmune. dipun têrus lair lawan batin. ywa sok padu ngelmi. lan wong liya kulup.
12 Yen tan wêruh ngelmune Hyang Widdhi. kathah winiraos upamine kali akeh-akeh kali gedhe lawan kali cilik. karsane pan sami. jebul samodra gung.
13. Sasênênge samya golek margi. ana ngetan ngulon. ngidul ngalor sasênêng-sênênge. dene karep jebul ing jaladri. ywa maido ngelmi. tan ana kang luput.
14. Ywa kawongan santri gundhul kaki. sok pradondi padon. ingkang bener sapa (m)bênêrake. sisip sapa nisipakên kaki. aniruwa ugi. mundhak apa iku.
15. Santri gundhul kang samya pradondi. kang kawongan êndhog. ingkang putih amung (n)jaba bae. ingkang (n)jero apan warni abrit. lir kukila paksi. tinon cilam-cilum.
16. Agung gawe pan asaba warih. lamun ana kodhok. pan minangsa iku wawatêke. puluh putih lir kuntul kang pêksi. nyandhang sarwa putih. yen tinon amulus. [ 139 ]17. Pakanane langkung (n)jêjêmberi. raden wêkasingong. mung puniku tampanana kabeh. ngelmuningong angger sampun ngenting. nanging ingong mêling. marang sira kulup.
18. Wêkasingong mung kari sawiji. poma den kalakon. aja ajubriya sira raden. lan sumêngah aja anglakoni. lah den ngati-yati. ywa kasupen kulup
19 Anadene têgêsipun kibir. masthekaken kang wong. ala bêcik kapasthi anane kang sumêngah têgêse sayekti. (m) bêcikakên dhiri. sabudine punggung.
20 Kacarita wit sowan sang pêkik. ngantya wêktu Suboh. datan ebah sangking ing ngarsane. sang seh luhung angandika aris. kulup kang kawijil. kabeh tuturingsun.
21 Nambahana ing kawruhmu kaki. lawan wekasingong. sira banjur mangulona raden gunung Sawal ana maharêsi. pan sadulur mami tur kaprenah sepuh.
22 Nora arsa manut sarengating. (n)Jêng Nabi kinaot. isih kukuh ngukuhi Budane lamun ana kang ngasorkên maring. ing kadibuaneki dhandhang suka anut.
1. Aran Wasi Narawita kaki. hya sumelang ingsun jangkung sira. lah uwis mangkata raden. Seh Sekar wusing atus. pangandika datan kaeksi. mung kantun sabatira. ki Sabar ki Maklum. Rahadyan kantun anggana. ngandika ris nedha kaki salah siji. andika antêrêna.
2. Kaki Sabar ingkang têdah margi. aneng ngarsa tan rekaseng lampah. Seh Sêkardlima kramate. lêpas ing lampahipun. wus angancik ing Sawal wukir. rahadyan angandika. banget tarimengsun. ki Sabar sira wangsula. Gathak Gathuk kariya ngandhaping wukir. ingsun munggah priyangga.
3. Wus uminggah raden Jayengrêsmi. Rêsi Narawita datan samar. Jamun dhatêngan wiyose. janma nung dibya ngelmu. wasi Nara umapak aglis. rahadyan ginunturan. séla datan su [ 140 ]rut. sarira asrah ing Suksma. prapteng arga mandheg ing séla matindhih. lir undhaking ancala.
4 Ing ancala wus kongkal katitih. sigra jumênêng lambunging arga, ki Ajar sangsaya tyase. mojar Hyang gurumipun. sang alaba punapa kardi. dhatêng wukir patapan. rahadyan lingi- pun. iya pakoning Pangeran. karyaningsun Ki Ajar marang sireku. amardi akon Islam.
5. Lah Islama Ki Ajar den aglis. myang pangandhêg miwah ta ing dhadhang. kuncara mangulu kabeh. ingindhang gurunipun. esmu bangga dennira angling. emane ingsun Islam. yen tan kasor kawruh. myang kadi ing kasantikan, sigra ngambil kang tigan anulya prapti. tinumpuk aneng ngarsa.
6. Ing ngarsane rahadyan ngambili. kang neng ngisor prandene tan tiba. kang ana ing luhur dhewe. Ki Ajar sigra nambut. kang cupumas pan isi warih. ginantung aneng wiyat. rahadyan anêmbung ing jungkat anulya pasah. mawut keri toyane datan tumitis. Ki Ajar karepotan.
7. Kyai Ajar kêthunira aglis. inguncalakên dhateng ngawiyat. lir paksi krêndha ibêre. rahadyan sigra wau. ngracut kaosira anuli. nguncalakên ngawiyat. anitihi kêthu. prabawa wus katitihan. dyan Ki Ajar lumumpat sarwi sêmadi. andunung ronning pisang
8. Lagi arsa wau dentitihi. sang abagus wus ana ing kana. jumenêng aneng pupuse. Ki Ajar sigra wangsul. nulya ngobong mérunireki. mubal ingkang dahana. Ki Ajar umangsuk. rahadyan wus aneng kana. andhingini jumênêng madyaning geni. Ki Ajar karepotan.
9. Kaputêran saisining wukir. amung gentha kakêleng kencana.. nyanane tan wruh prênahe. rahadyan pan wus ayun. pan sarira durgamaning sih. cipta anglêbur gêntha. rêmêk anggalê. pung. rahadyan angling mring ajar. wutuhêna brahalamu kabeh iki. Ki Ajar datan bisa.
10. Kyai Ajar kewuhan ing ati. dadya atêmbung dhatêng rahadyan. Jah mara wutuhna age. arca agentha iku. radyan sigra [ 141 ]nanêdheng Widdhi. katarima kang donga. arca sampun wutuh. rahadyan akon Islama. lingira Jar yen uripêna wong mati. sun idhêp ujarira.
11. Lamun sira wus nyata sayêkti. ngilangêna padhang lawan wulan. kang mati uripna age. yen tan gêsang kang lampus. sakathahe sabdanireki. yêkti ingsun lênggana. tan arsa umanut. rahadyan nulya tumedhak. amarani kang mati nulya kapanggih. angling kinen uripa.
12. Lah uripa sira ingkang mati. iya pakone Hyang Mahamulya. têka maksih mujung bae. rahadyan malih muwus. Jah tangiya karsaning Widdhi. sarta lan pakoningwang. jênggelek alungguh. urip tan lêngganeng karsa. mring rahadyan mring Ki Ajar nagih janji. aris kang pangandika.
13 Aselamma Ki Ajar tan angling. kalingsêman lajêng sinung lara. lumpuh (n)dumuk durakane. nuhun apuranipun. mring rahadyan nuwun jejampi. rahadyan angandika. Islam tambanipun. angucapêna Sahadat. Kyai Ajar tan suwala anampeni. Sadat anulya mingkrat
14 Samengkrade ri sang maharêsi. kukuwunge nêlahi saarga. sumunar katon tejane. sru ascaryaning kalbu. ngunguning tyas datan winarni. tumurun sangking arga. panggya Gathak Gathuk gupuh matur ing rahadyan. kadipundi dene ngantos kalih ratri. tyas amba kêlap-kêlap
15 Radyan mesêm sarwi awawarti. ungguling prang sang rêsi kasoran. ngantya anon ing tejane. Thak Gathuk manthuk-manthuk. sukaning tyas sukur ing Widdhi. kagyat sang ungguling prang. aningali gunung. ing Carême sukunira. langkung pringga rahadyan tandya lumaris. lêpas ing lampahira.
16. Langkung rumpil ing marga grêng ngori, kumbang-kumbang ngarasing wulusan. sumêrang ngiring wukire. engêt kanteping kalbu. maring kadang ingkang lunga nis. nulya manggih talaga. toyanya sumunu. kinubêng ing kayu lata. langkung kathah wowohan ingkang sarwa-di. anêdhêng uwohira.
17. Lir nambrama ingkang lagya prapti. sung usada mring sang ja [ 142 ]yaning prang. Gathuk ngaturakên wohe. kêpêl gandanya arum. nanging radyan tan arsa bukti. tansah ginanda-ganda. sêngsêming tyas (n) dulu. talaga kinêpung arga. madyeng tlaga wontên ardi alit-alit. sapta samya gêngira.
18. Wening tlaga kasorot Hyang Rawi. gêbyar-gêbyar wayangan saptarga. mawarna-warna warnine. rawe-rawe amanglung. aneng ranu kadya sinoming. dyah adi pinangantyan. angarompyoh sêmu. gumêriting ampel denta. katêmpuhing samirana lir panjriting. dyah nêmbe katerassan
19. Lajeng minggah Raden Jayengrêsmi. myat patapan sapucaking arga. pala pelak asri tinon. sinalisir rum-arum. sinarojeng kayu teja-di. ingapit parijatha anjrah aneng ngayun. panggunge munggul katingal. sru kasmaran rahadyan duk aningali sinêrang dennya mangsah.
20. Nênggih ingkang martapa ing wukir. apaparab Wasi Singgunkara. atmaja ri sang pamase. bêdhahing Majalangu. numpang palwa ngambang jaladri. kèndêl ing palabuhan. Cirebon gya laju. tutruka neng Cêrme arga. sakalangkung nglangkungi tapanireki. rahadyan duk uninga
21. Mring sang tapa kesel sayah urip. lupa cape ilang tan karasa. tumameng marang ngarsane. sang wiku manggung minggu Jayengrêsmi matur mamanis. dhuh sang kulineng tapa. kang dahat manêngkung. dene sung prabawanira. angramati mring dasih kang kawlasasih. nir ing tyas ingkang murka
22. Malah-malah sudira ing tapi. sru kapengin kadiya paduka. têka wingit pasêmone. nêtêpi puja nung kung ulun engêt ing guru mami. Seh Sêkardlima arga. Slamet dhepokipun. Singgunkara api kagyat angandika iya tan sira pribadi. kang prapta ngarsaningwang
23. Padha olih sabarangkarseki. kena barang kang padha sinêdya. nanging iya sapangkate. eh kulup ingsuntutur. ananingsun martapeng wukir. sang rêsi sigra ngandhar. lalampahanipun. ing purwa têkeng wasana. raden matur mênggah kawaspadan lair, piridanipun etang. [ 143 ]24. Maharêsi angandika aris. iku kulup mirid saka etang. wuku telungpuluh kehe. Warigagêmêt tamtu. ala bêcik uwus kapasthi. ing dalêm sapta dina. tampane kang wuku. ri Dite seren tinampan. kawit Sinta Watugunung kang mungkasi. lah kaki kawruhana.
25 Dite Paing Sinta amurwani. barangkarya bêcik tur raharja. Soma Pon ayu bêcike. babêdhat ambuburu. oleh buron kang dera amrih. Anggara Wage ala. Julungan tan arju. kawêleh ana ing paran. lola kaelangan guru ingkang bêcik. masah [33] welah ing sawah.
26 Buda Kliwon rahayu utami alulungan salamêt saparan Respati Manis watêkke. ala kalawan ayu. (n)jampenana mata kang sakit sayekti aglis waras. suwitaa iku. bisa kandel kinasiyan. Sukra Paing ala nanging ingkang olih. amamasanga pikat
27 Tumpak Êpon ala ingkang kardi. vwa lulungan katadhahan kala Sinta seren gya tinampen. Landêp Dite Wageku atur têmên langkung prayogi ngupayaa wanita. sayekti glis antuk Soma Kaliwon raharja babedhaga aglis oleh tur agampil: karya sumur bak tova
28 (ng) Gara Manis ala ayu nanging. karya sumur drês wêdaling toya lulungana tan asuwe. (n)tuk rijeki neng dlanggung Buda Paing awon sakalir karya ywa lunga-lunga. nanging karya susup. jala jaring kang prayoga. Respati Pon ing sabarang kardi bêcik. karya sumur bak toya.
29 Sukra Wage rahayu sakalir. amasanga pêlantih piluwang aglis antuk buburone. Tumpak Kaliwonnipun ala aja lulungan kaki. Landêp seren tinampan. Wukir Dite Madu. rahayu ta ngung. gahêna. pari marang lumbung iku luwih becik. Soma Paing raharja.
30. Barang karya ingkang luwih becik. karya sumur kebak toyanira. Anggara Pon baranggawe. abêcik tur rahayu. Julungana [ 144 ]manggih rijêki. ing marga tan pantara. Buda Wage ayu sabarang karya prayoga. Rêspatine Kaliwon rahayu ugi. lulungana kapanggya
31. Kekasihe lamun rare lair. têka ana sandhang panganira. Sukra Lêgi prayogane. mêmarangana ayu. ing têgêse amêmarangi. pikir yun bêbesanan. Tumpak Paingipun. ala aja lunga-lunga. katadhahan ing kala kalawan manggih. kurda-kurda neng paran.
32 Nanging rare lair aprayogi. Wukir seren Kurantil kang tampa. Dite Pon sabaranggawe. ala nanging kang ayu. angupaya wadon glis olih. ing Soma Wage ala. sabarang karyeku. lulungan tan têkeng paran. nanging ambêbêdhat ambuburu bêcik. Anggara Kliwon ala.
33 Alulungan katrapan gung sakit. myang sabarangkarya tiba lara Buda Nis rahayu rentes. barang karya panuju. angupaya sandhang myang bukti aglis antuk tur gampang. panuju ing kayun. ing Rêspati Paing ala pangadhanganing satru anêrang pati poma aywa lulungan.
34 Ing Sukra Pon apan ala ugi. aywa jungan yêkti manggih kala. lan kalaran neng paranne. Tumpak Wage rahayu. amisaya iwak prayogi. mamarangana bagya. barangkarya tulus. Kurantil seren tinampan. wuku Tolu Dite Kaliwon marêngi. aia aja julungan.
35 Nandur pala-brungkah tulus becik. Soma Manis rahayu nandura. pala-brungkah dadi wohe. Anggara Paing iku barang-karya datan prayogi. turunning taragnyana. tuju miwah têluh. ngadhang aywa lunga-lunga. Buda Epon rahayu sabarang kardi. Rêspati Wage bagya.
36 Mumundhuta padha suka sami. lan salamêt ana ing dadalan. gantya Sukra Kaliwonne. rahayu tuhu tulus. ingkang urip ing Tumpak Lêgi. rahayu nambanana. sakit bisa mantun. kalawan pitulunging Hyang mangkya wuku Tolu seren dentampani.
Gumbrêg kadangnya mudha. [ 145 ]1. Gumbrêg Dite Paing ala. barangkarya tan prayogi. lunga kasengkaleng paran. Soma Epon ala ugi. ringkêl gulu sapalih lungan kalaran neng purug. Anggara Wage ala. nanging tuku iwen becik. lan nambani wong edan pan bisa waras.
2. Buda Kaliwon raharja. mamarangana prayogi. padha suka sugih sanak. ing ari Respati Manis. rahayu tur sayêkti. sabarang karyane estu. lelungan slamêt paran. Sukra Paing barang kardi. apan bêcik lulungan suka neng paran.
3 Tumpak Épone raharja. sabarang karya utami. rijêki apan tumêka. bukti dhatêng amimbuhi. Gumbrêg seren tinampi Wrigalit Dite Wageku. ala nanging (m) bêbêdhat. beburu antuk kang pinrih. Soma Kliwon rahayu amumundhuta.
4. Padha suka ing paturan (m)bubrah omah met guruning. omah apan bêcik uga. (ng) Gara Nis rahayu kardi. sumur akêbak warih ing Buda Paing rahayu. barangkarya prayoga. bukti dhateng wanti-wanti. padha suka ing Rêspati Pon pan ala
5 Ywa lunga lan aja lena. pangadhangan satru sêkti. ing Sukra Wage raharja. salamêt kapanggih urip. alulunganna becik Tumpak Kliwon ala ayu. nanging lêkasa tarak oleh cahya. anêlahi. lan sabarang karep sayêkti katêkan
6 Wriga-lit seren tinampan. Wariga-gung Dite Legi. rahayu karyaa tumbal. susuwuk ama sakalir. karya susuk prayogi. miwah karya tumbakipun. Soma Paing raharja. mumundhut suka lêstari, aneng paran angguntur wisma prayoga
7. Anggara Êpon raharja. amasanga sisirêping. ing sakehing wisa-wisa lan sakehing maling sêkti. tan tumameng sireki. karya tumbal apikantuk. Buda Wage raharja. akaryaa sumur bêcik. Jan sabarang karya iku bêcik uga.
8. Ing Respati Kliwon ala. pangadhanging satru sêkti. den prayitna aywa lena. Sukra Nis rahayu yêkti. sabarang akrya becik. lulungan suka ing puruk. Tumpak Paing raharja. prayogi suwita maring ing wong agung antuk asih myang kawiryan [ 146 ]9. Wrigagung seren tinampan. ingkang wuku Julungwangi. Dite Pon ala sabarang. -karya aja lungan kaki. Soma Wage basuki. dum-duman dunya pakantuk. palane kinedhêpan. Anggara Kliwon tan bêcik. aja lunga kasangkala gring neng dalan
10. Sabarang kang padha nyawa. iku dadi sangkaleki. Buda Nis bêcik nandura. pisang palakima dadi. myang rangkat iku bêcik. Rêspati Paing rahayu. masang tumbal wurungan. karya wêlah iku bêcik. Sukra Êpon rahayu sasolahira.
11. Lungaa nanagih utang. tan asuwe nuli olih. kang katêkan padha suka. Tumpak Wage tan prayogi. barang karya tan becik. uwas-panganten rannipun. seren kang julungsêkar. wuku Sungsang ingkang tampi. Dite Kliwon ala aja alulungan.
12. Kalaran ana ing marga. neng paran amanggih isin. Soma Manis gawe tumbal. -ling omah lan sabin becik. tuna kang mrih tan becik. nyanjataa met mina. ringkêling buron sakalir. Buda Epon rahayu sabarang karya.
13. Lulunganna sukeng paran. Rêspati Wage prayogi. arangkatta bêcik uga. sanake pracaya sami. Sukra Kaliwon becik. yen rare lair puniku ana rijêkinira. Tumpak Lêgi tan prayogi. luwih ala alaning kang barangkarya.
14. Sungsang seren tinampenan. Galungan ing Dite Paing. ala ing sabarangkarya nanging pasang tutumballing. wurunging sirêp bêcik. Soma Epon ambuburu. oleh buron akathah. Anggara Wage maringi. marang pêkir bêcik ing pandonganira.
15. Buda Kaliwon raharja. lêkas tarak antuk idi. arangkatta bêcik uga. Respati Nis ala bêcik. lungan datan prayogi, kasêngkala neng dêlanggung. ngunggahna pantun marang. ing lumbung ingkang prayogi. Sukra Paing luwih becik tur utama.
16. Lulunganna sukeng paran. barang karêpira olih. Tumpak Épon ngulatana. wong minggat tan suwe panggih. Galungan wus tinampi. Kuningan Dite Wageku. rahayu udan êmas. lamun ana rare lair. asugiyan tur wruh marang ing kekadang.
17. Soma Kaliwon raharja, anambanana wong elik. dadi atut apês kuwat. ngupaya pangan prayogi, (ng) Gara Nis nagih olih. [ 147 ]Buda Paing ngupayeku, wong minggat aglis panggya. Respati Pon ala yêkti. Sukra Wage kang prayoga macak tumbal.
18. Keringan yen ana aprang. liyeku kabeh tan bêcik. Tumpak Kaliwon raharja. nagiha utang pakolih. Kuningan wis tinampi. Langkir Dite Nis rahayu. nanandura sabarang. bisa bukti uwohneki. Soma Paing rahayu yen ana bocah.
19. Lair ana rijêkinya. Jungan rijêki (n)dhatêngi. Anggara Épon raharja. lungan rijêkine nganti. lan ingadhangan bukti. lare lair apikantuk. ana sandhange benjang. ing Buda Wage basuki. alêkassa tarak antuk cahya mulya.
20 Antuk idi katarima. Respati Kliwon basuki. ngurit wiji lêkassana. bêcik myang tulus ing wuri. Sukra Manis basuki. mamarangana pakantuk. anandur pala bungkrah. Tumpak Painge basuki. padha suka bungah amamarangana.
21. Langkir sinerenken marang. Mandhasiya ingkang tampi. Dite Epon ala aywa. kelangan iku marêngi. keh satru angadhangi. Soma Wagene rahayu gawe wisaya mina. jala seser jaring slundhit. miwah krakat iku watêke sêrêppan.
22 Anggara Kaliwon ala. pangadhangan satru sêkti. den prayitna aia lunga. Budane Manis prayogi. mêmundhut padha olih. (ng)guntura omah rahayu. Respati Paing karya. mumundhuta padha olih. Sukra Epon rahayu karya bêndungan.
23. Bisa pêpêt kaduluran. Êsri lan pasanjan bêcik. Tumpake Wage kaliwat. bêcik kukuh denajrihi. marangana pan bêcik. padha suka ing tyassipun. yen atintrim mungsuhnya. Mandhasiyane gumanti. Julungpujud Dite Kaliwon raharja.
24. Gawe pawong mitra lawan. (ng)guguru bêcik lan asih. Soma Manisse raharja. ngupaya istri glis olih. (ng) Gara Paing basuki. lungan na rijěkinipun. padha ngadhang tur suka. barangkarya antuk bukti. Buda Epon raharja sabarangkarya.
25. Rêspatine Wage ala. barang karya tan prayogi. aja lunga nêmu kala. Sukra Kaliwon tan bêcik. sabarang sêdyaneki. Julungan ala kalangkung. Tumpak Lêgi raharja, angunggahna pari maring. lumbung bêrkat Julungpujut sèren marang. [ 148 ]26. Pahang Dite Paing ala. aja lungan yen nglampahi. lungan katiban ing tangan. Soma Epon ala ugi. ywa lulungan sireki. Anggara Wage winuwus. ala ywa lunga-lunga. kalaran neng papan yêkti. Buda Kliwon raharja sabarangkarya.
27. Awiwit sawah prayoga. Rêspati Manis basuki. ngupayaa pêksi gangsar. Sukra Painge kaluwih. ala ywa lungan pêsthi. ana ing marga tinêluh. nging becik (ng)guntur omah. Tumpake Êpon basuki. nambanana ing wong lara dadi waras.
28. Pahang seren wus tinampan. Kruwêlut Dite Wage-ki. uwaspanganten ing paran. nanging masang tutumballing. wurungan blai bêcik. Soma Kaliwon raharja. mamarangana yogya. mêtu dunya-palaneki. (ng) Gara Manis ala aja lunga-lunga.
29. Kalaran agêng tinêmah. Buda Paing ala ugi. sadina ywa lunga-lunga. Respati Épon basuki. mumundhut suka olih. angguntur omah sarêju. Sukra Wage masanga. tumbal wurungan abêcik. tan tumêka kang samya asêdya ala.
30 Tumpak Kaliwonne ala. nanging gawe wêlah becik. banjur age pinasanga Kruwêlut seren tinampi. Marakeh Dite Lêgi. rahayu yogya nanandur. pala kalawan bungkrah. Soma Paing ayu ugi. barangkarya (ng)guntura omah prayoga.
31. Anggara Pon aja lunga. neng paran kataman sakit. Buda Wagene raharja. sabarang karyane bêcik. mung lungan ala yêkti. uring-uringên neng purug. Respati Kliwon arja. mumundhuta suka olih. nambanana wong lara anulya waras.
32. Sukra Lêgi kang prayoga. masanga barang-piranti. gajeg luwang seser jala. sapanunggalane bêcik. Tumpak Paing basuki. lulungan slamêt neng pruug. Marakeh seren marang. wuku Tambir ingkang tampi. Dite Epon ala aja lunga-lunga.
33. Manggih kala wêwatêgnya. Somane Wage basuki. lulungan na bêgjanira. rawuh ing sadina mangkin. (ng) Gara Kasih basuki. nandura pala-gumantung. andadi uwohira. Buda Nis ala ywa nganti lunga tinut wingking sagunging lêlara
34. Respati Paing raharja. lêkas ngunit gadhu becik. Sukra pon rahayu lungan. sinung pêpak rijêkining. Tumpak Wage utami. [ 149 ]purnama siddhi rannipun. barang karya prayoga. wuku Tambir seren maring. Madhangkungan Dite Kaliwon atampa.
35. Masanga tumbal wurungan. sisirêp datan prayogi. kang samya asedya ala. Soma Nis rahayu yekti. angunggahêna pari. mring lumbung brêkat kalangkung. (ng) Gara Paing prayoga masang tumbal tumbak becik. Buda Epon ala ing sabarangkarya
36. Pitnah têka ambebeda. ujar denajarkên yêkti. Respati Wage raharja. lulunganna aprayogi. angadhang aneng margi. Sukra Kliwon ala amung. angadonana upas. iku pasthi bisa mandi Tumpak Lêgi rahayune datan pêgat.
1. Amundhuta padha suka lamun (ng)guntur. omah kalangkung prayogi. Madhangkungan seren gupuh: mring Maktal ing Dite Paing aja lungan kaprêk lumpoh.
2. Soma Epon ala bêcik têgêsipun. madya (ng) Gara Wage-neki ala ywa lunga puniku. satogalak angadhangi. Buda Kliwon karahayon
3. Amamarangana padha sukanipun. akeh pialanireki. Rêspati Manis rahayu sabarangkarya ananging lulungan wêkasan awon
4. Sukra Paing ala ywa lungan sireku. tukaran ana ing margi. Tumpak Eponne rahayu. mamarangana utami. padha suka trusing batos
5. Maktal seren tinampen ing Wuye wuku. Dite Wage amarêngi. karya padha sukeng kalbu. mitoni lare prayogi. Soma Kliwon langkung awon
6. Ywa lulungan neng paran wirang tinemu Anggara Manis abêcik. barang karya anênandur. pala-pêndhêm aglis (m) bukti. Buda Paing karahayon.
7. Anggaweya seser jala srêpan antuk. Rêspatine Epon becik. lungan na rêjêkinipun. Sukra Wage ayu yêkti. ngadoni upas pitados. [ 150 ]8. Tumpak Kliwon rahayu karyaa iku. ragi kaduluran manis. Wuye sineren kêtampan. mring Manail Dite Manis. uwas panganten pan awon.
9. Nanging anjaringa pêksi aglis antuk. Soma Painge basuki. alulunganna pakantuk. suka kang sira parani. nandur kêmbang pulu dados.
10. Anggara Pon alulungan tan pakantuk. Buda Wagene basuki. suka sugih ngupayeki. sandhang nandur cikal bêcik. Rêspati Kaliwon awon.
11. Ywa lulungan Sukra Manisse rahayu. ana rêjêki anganti. neng marga tan tara dangu Tumpak Paing ayu kardi. ing sabarang rêna yêktos.
12. Anandura bêcik miwah gêlis subur. Manail seren tinampi. Prangbakat Dite Pon iku. ala lungan nêmu gêring. Soma Wage ayu rawoh.
13 Ing rêjêki rare lair sugih estu. Anggara Kasih tan becik. aja lungan kandhêg dlanggung. kêna ing gêgêring nanging ana bêcike ngundhuh woh.
14 Buda Manis rahayu ngunggahna pantun marang lumbung amberkati. Respati Paing alestu, ywa lulungan pangadhanging. satru den prayitneng kewoh.
15 Sukra Épon ala lunga rogeng purug. Tumpake Wage basuki. ana bêgja agêng rawuh. lunga têmu kang kinapti. Prangbakat wus seren gupoh
16. Tinampen ing Bala Dite Kliwon ayu. rahmat ageng andhatêngi. ngulatti wong glis kêtêmu. Soma Nis rahayu ugi. lungana bêgja glis rawoh.
17. (ng) Gara Paing karya wisaya pakantuk. Buda Pon lunga prayogi. ana bêgja ngadhang dlanggung. Respati Wage akardi. sumur bêcik tan rêkaos.
18. Amamarangana padha sukanipun. lawan barangkarya becik. Sukra Kliwon ala tuhu. aywa lungan pangadhanging. satru den angatos-atos. [ 151 ]19. Tumpak Lêgi lungan neng paran rahayu. Bala seren Wugu tampi. Dite Paing ala estu. ywa lungan neng paran agring. myang katêkan pitnah kaot.
20. Soma Epon rahayu lulungan sarju. ana bêgja ngadhang margi miwah glis praptaning purug. Anggara Wage prayogi. lêkas ngurit wiji manggon.
21. Gêlis mangan uwohe ingkang tinandur. Buda Kliwon ala yêkti. pangadhangane kang satru. kena tan bisa malêssi. Rêspati Manis pitados.
22. Becik padha ananandur pasthi tulus. Sukra Paing rahayu-di. mamarangana sarêju. karya sumur kêbak warih. lungan bêcik sukeng ngênggon.
23. Tumpak Epon rahayu mumundhut (ng)guntur. omah lungan kabeh becik. Wugu seren wus sinambut. Wayang Dite Wage ari. bêcik barangkaryaning wong.
24 Nanging esok doracara datan tuhu. Soma Kliwon ala ywa nis. satemah agring neng purug. ana kala ngadhang margi (ng) Gara Manis karahayon.
25 Lulunganna ana bukti ngadhang dlanggung. kalawan kapanggih Esri. nanging taliwangke nuju. Buda Paing barangkardi bêcik nanging lungan awon
26. Respati Pon rahayu barang karyeku. lulunganna ana bukti. ngadhang marga datan dangu. Sukra Wage ala yêkti. lungan kalaran ing pondhok
27 Tumpak Kliwon ala sabarang karyeku. nanging masang tunggal becik. Wayang seren mring Kulawu. ri Dite Manis basuki. becik tuku iwen babon.
28. Anambani lara dadi warassipun. Soma Paing aprayogi. ngusadani saliripun. sasakit muliya jati. lawan istijab sayektos.
29. Anggara Pon aja lulungan saestu. katekan ingkang sasakit. Buda Wage ala lamun. lungan satru angadhangi. nging met mitra sae yêktos. [ 152 ]30. Suka sugih Respati Kliwon alestu. ponang satru angadhangi. kena tanpa males ambruk. Sukra Nis rahayu luwih becik ananandur dados.
31. Tumpak Paing becik barang pakaryeku. lulungan salamêt ugi. Kulawu seren mring Dhukut. Dite pon rahayu becik. tutukuwa sapi kebo
32 Soma Wage rahayu rijêki suguh. karya lair darbe bukti. Anggara Kasih tan ayu. ywa lunga-lunga sing panti. Buda Manis karahayon.
33 Mumundhuta padha suka wah pikantuk. aguntur omah basuki. Rêspati Paing rahayu. ing sabarangkarya bêcik. amamarangana dados.
34 Sukra Êpon rahayu wong tani iku. padha witta ngurit becik. akeh bangêt parinipun. Tumpak Wage ala kardi aywa lunga-lunga awon.
35 Dhukut seren tinampan ing Watugunung. Dite Kaliwon mung- kassi aywa tuku suku catur. kêbênêran lawan bêcik. Soma Nis rahayu yektos
36 Alekassa ngurit pantun yêkti tulus. (ng) Gara Paing ala yêkti. ywa lunga gring aneng purug. Buda Epon ala ugi ywa lungan kasangsayeng (n)don.
37. Krana-bumi pipitu aran puniku. Respati Wage basuki lulungan slamêt ing purug. lare lair aprayogi. sandhang panganne du- mrunoh.
38. Sukra Kliwon ala ywa lungan sireku. aneng paran antuk. agring. lare lair tan pakantuk. geringan sungkanan yekti. Tampak Manis karahayon.
39. Ing sabarangkarya becik ananandur. pala kabrungkah mêtoni. lah iku pathokaningsun. anak putu ingkang apti. pucung
tatanya maring ngong. [ 153 ]1. Jayengresmi dahat pangunguning kalbu. atuling petangan. tan ana ingkang katalip. sang awiku wus tan mawi pêpengêtan
2. Papannipun dumunung sajroning kalbu. tulise engêtan. ginusthi raina wengi. winimbuhan pinuja pininta ing Hyang.
3. Mila tamtu ing sabda tan amarucut. wasana ris turnya. heh risang tuhu utami. ing tyas ulun sakalangkung sukarena.
4. Myarsa tutur ari wuku dhaupipun. sanggyaning pakaryan. awon pênêt kacêtha ring. tan (m)barojol sudibyaning jalma tama.
5. Sang awiku langkung sukarêneng kalbu. aris angandika. pedahe mahas ngasêpi. waspadeng tyas mêlêng barang kang sinêdya
6. Ana maning dadi paraboting mau. lah kawikanana. lakuning naga myang jati. -ngarang rijal manggon neng keblat sakawan.
7 Sabên têlung sasi ngalih enggonipun. puputing sawarsa. bali manggon kala wiwit. tinumbukken lan sasi agama Islam
8. Awit sasi Sura Sapar têkan Mulut. jatingarang wetan. sirah naga manggonnėki. êlor-wetan pêthite ana ing tengah
9. Wêteng aneng êlor-kulon gya dumunung. gigir kidul-wetan. mangetan dennya ngalirik. rijal êlor jangkêp tri-sasi tinampan
10. Ing Rabingulakir Madilawal myang Ju.-madilakir wulan. jatingarang manggen aglis. kidul bênêr sirah naga kidul-wetan
11 Pethit tengah wêtêng lor-wetan puniku. gigir dul-kulonnya. ngalirik mangulon nênggih. rijal wetan lêrês seren wus tinam- pan.
12. Rejeb Ruwah kalawan Pasa sitengsu. jatingarang manggyan. ing kulon sirah naga-di. ana kidul-kulon pêthit manggon tengah.
13. Wêtêng kidul-wetan gigir manggonipun. lor-kulon punika. ngalirik mangulon nênggih. rijal aneng kidul lêrês seren marang. [ 154 ]14. Sawal Edul-kangidah Besar sitangsu. jatingarang manggyan. ing lor de sirah naganing. êlor-kulon pêthit têngah manggonnira.
15. Wêtengipun aneng kidul-kulon nênggih. gigir êlor-wetan. angalirik wetan ugi. rijal ana ing kulon pungkasannira.
16. Ngalih panti nyingkirana manggonnipun. naga jatingarang. mung iku tan ana maning. kawruhingsun nanging rehning wus alama.
17. Kaya-kaya wus sayah gyanngong tumuwuh. bab ing kasampuman. sumendhe karsaning Widdhi. durung lawas ana wisiking Jawata
18. Ujaripun Singgunkara sira besuk. katêkan ngulama. cacaloning oliya-di. iku ingkang pituduh sampurneng pêjah.
19 Sira manjing agamane Kangjeng Rasul. Islam tur ginanjar. ka- mulyan tan owah gingsir. tikel sewu kamulyan nikmating dunya.
20. Heh ta bagus muga asiya maring sun. asunga pitêdah mungguh sampumaning pati. anut marang agama ingkang minulya.
21. Dyan tumanduk radyan nyepeng astanipun. rêsi Singgunkara. winejang Sahadat kalih. purna jati ingikêt têlênging driya.
22 Mahawiku alon pangandikanipun. Jayengrêsmi sira. asung sampurnaning Jalis. apranyata cacaloning aoliya.
23. Ingsun tutur kulup marang ing sireku. ing tembe katêkan. kang dadya sêdyanireki. adoh neya katêmu lan kadangira.
24. Pancaddane saka ing Karang argagung. kang dhêdhepok Karang Seh Ibrahim Ibnu Bakrim. ya Ki Agêng Karang satuhu utama.
25. Sarwa putus patakon tan ana wangsul. lah pruhitanana. gugunên satutumeki. wusing tampa samoaning wulangira.
26. Sira banjur maranga karajan agung. aran Wanamarta. pradikan kalangkung alim. darbe suta wanodya yu tanpa sama.
27. Lamun sira dhinaupken lan sang ayu. poma lakonana. sawuse sira akrami. pan ing kono wus cêdhak lan sêdyanira. [ 155 ]28. Nêngna atus pangandikanya sang wiku. musna tan katingal. sampurna saraganeki. yata wau rahadyan kantun anggana.
29. Gandrung-gandrung lam-lammên wiraosipun. rahadyan ngan- dika. Gathak Gathuk uwus lami. aneng Cerme payo padha nuli linggar.
30. Wus tumurun marang marga lampahipun. kusuma-di panjrah. pratisheng hawaning wukir. pinarwasa maruta gandanya ngambar.
31. Angênani ing tyasnya sang anahên kung. sangking Cêrme arga. ngaler-ngilen turut wukir. wus angancik sukune ardi Tampomas.
32. Talatahing Priyangan Pasundhan Bandhung. manjat ing Tam- pomas. anon masjid tunggul asri. kinubêng ing balumbang ti- nunggul séla
33. Kitri taun ngubengi capurinipun. ron ijêm ngrêmbaka. lagya tumaruna sami. wêneh sekar karuk pêntil nyadham tuwa.
34. Kang dhêdhepok Seh Trênggana wus linuhung. têngah tuwuh lagya. barêgas sêngsêm ing ngelmi.garwanira Ni Ken Sitaresmi raras
35. Warna luhung pasaja sasolahipun. yen siyaga endah. bombrong bae amrakati. darbe putra wanodya sampun diwasa.
36. Sinung aran rara Ruhkanti linuhung. Juwês pamicara. sedhêt dêdêge raspati. ayu tama kang anon yuda kanaka.
1. Sangking endahing kang warna. sariranya jênar_abêngle [34] kêris. mula karannya sang ayu. mupakat Rara Emas. pra sudagar miwah pangagenging dhusun. kathah kang ngayunkên marang. Rara Emas dining wukir. [ 156 ]2. Nanging sang dyah datan arsa. Jagya sengsem birahi srengat Nabi. datan sah dennira (n)darus. Kur'an amaos kitab. sru ngibadah tan towong bêkti Hyang Agung. sisirih sunat puwasa. bèlsiwat myang Sênen Kêmis.
3. Seh Trênggana myang Rubiyah. Rara Emas sabakdaning Ngaser-i. aneng plataran ngungundhuh. kalampok maja-ganda. kêpêl manggis jêruk kêprok langsep dhuku. kagyat santrinya tur wikan. kidul-wetan suku wukir.
4. Wontên dhatêngan têtiga. kang satunggal wamanya langkung pêkik. wênês cahyanya umancur. antêng sêmu dyatmika. ingkang kalih rare kintên rencangipun. Seh Trênggana duk miyarsa. ature santrinireki.
5. Ngandika lon marang garwa. Sitarêsmi cacawissa kang becik. sunggata saananipun. lan wisma gêlarana. papatutên ingkang sawatara mungguh. manawa kang nêmbe prapta. ing mengko kaparêng mampir.
6. Rara sira ngladenana. garwa putra sandika atumeki. mundur mring wisma agupuh, ngrerakit pasunggata. tan antara dangu sadaya wus ramut. Seh Trênggana wus tumedhak. marang ing sukuning wukir.
7. Kapang-kapang uluksalam. radyan kagyat tanggap dennya mangsuli. mualaikum salamu. tundhuk ajawat tangan. Seh Trênggana alon pangandikanipun. saking rêseping tyasing- wang. jêbeng sira aja krami.
8. Marang jênênge pun bapa. mrih rumakêt datan na walangati. padha becik sarawuhmu. paran ta kang sinambat. Jan ing ngên- di pinangkanira wong bagus. mring êndi kang sira sêdya. pun bapa têmbe udani.
9. Rahadyan osiking driya. rada wantêr wong iki kaduk manis. pasaja luwês ing tembung, wasana angandika. pandangunta rama ing kakasih ulun. Jayengrêsmi sangka praja. Sokaraja ardi Giri.
10. Gresik tlatah Surapringga. atmajane Suhunan Prapen Giri. Jagya nglampahi ragengsun, karsane Kang Misesa. Sru kasrakat [ 157 ]tan ana sinêdyeng kayun. sênêng sumêngkeng ngaldaka. marang (ng) gyan kang sepi-sepi.
11. Seh Trênggana nulya nabda. iya kulup ajwa (n)dêdawa pikir. balik dhangana ing tyasmu. kampir ing wisma amba, ketemua bibekmu lawan adhimu. anakku wadon sajuga. rara Ruhkanti wawangi.
12. Dangu radyan tan ngandika. Seh Trênggana mesêm ngandika aris. aja wagugên ing kalbu. reh ulun asung wikan. anak wadon tyasmu yen andakwa ingsun. karsamu mampir jalaran. katarik saka pawestri.
13. Iku jebeng nora watak. radyan matur dahat léngganeng kapti. wus kerit ing lampahipun. Gathak Gathuk neng wuntat. gèdhèg-gèdhèg myarsa sabdanya sang wiku. iki si wong aprasaja. tatas têtêg apratitis.
14. Babasan (n)jaring pawana. lampahira uwus tumameng panti. lênggah glaran batu alus. ki dalem angandika. kang sakeca kulup (ng)gonnira alungguh. anggêpen wisma priyangga. (n) dheku Raden Jayengresmi.
15. Garwa putra tinimbalan prapteng ngarsa sang rêsi ngandika ris. Sitarêsmi wruhanamu. iku atmaja Sunan. Giri Prapen Jayengrêsmi kasihipun. mengko ingsun ambil suta. dadi kadange Ruhkanti.
16 Mara asunga pambagya. Sitarêsmi pangandikanya manis, padha bêcik sira kulup. prapta ing ngarsaningwang. radyan matur jeng bibi pangestunipun. rara Ruhkanti sung bagya. kakang katuran basuki.
17. lya rara sun tarima. pambagemu marang ing jênêng mami. Seh Trênggana ngandika rum. Rubiyah sunggatanta. pangêsêsan tapsirih pateyanipun. ywa kari kang nyênyamikan. iki selak wektu Mahrib.
18. Sunggata luamdyeng ngarsa. apikantuk dennira angrêsêpi. wus manjing ing Mahrib wêktu. Seh Trênggana ngandika. payo kulup mring masjid sêdhênge waktu. linggar sangking pada- lêman. samya ngambil toyastuti. [ 158 ]19. Tan winama dennya wêkdal. bakda Ngisa wangsul mring dalêm malih. wus rinakit dhahar sêkul. sangkep jangan myang ulam. Niken Sitarêsmi aris matur kakung. (ng)gyan ulun sudhiya dhahar. punika sampun cumawis.
20. Nulya dhahar langkung rahab. Ken Ruhkanti ingkang angleladossi. wus dumugi (ng)gennya kêmbul. linorodakên sigra. maring Gathak Gathuk samya angathêkul. dhasar wus lami tan nadhah. dhaharan lumadyeng ngarsi.
21. Sangkep sanggyaning woh-wohan. rêséping tyas risang ingakên siwi. Seh Trênggana ngandika rum. kulup paran ing karsa. apa aso utawa isih sarêju. Jalenggahan aneng wisma. rahadyan umatur aris.
22 Kajawi karsanya rama. maksih eca pinarak aneng panti. samben ginêm kang pakantuk. ulun aminta barkah. dimen ing tyas aywa manggung wayang-wuyung. Seh Trênggana sru karênan. pangandikanira aris
23. Apa ing patanyanira. mengko ingsun jawab ingkang patitis. ngangge wawangsalan mungguh. dimenne aywa kêmba. payo kulup aywa wawang marang ingsun. rama paran urip para. jawabên ingkang patitis.
24. Lae-lae gudhe pandhak. dhuh-dhuh angger nagrinya ing Kuranji. uripira iku kulup. tan mawi paran-paran. puspa ranu wit namaning bujangga gung. uripira kadya sêkar. tunjung tan salaga kaki.
25. Ngêndi (ng)goning Pangeranta. brêkukut gung pêtis cinandu lêtih. kang angucap mring sireku. sapa (n)dadekken para. paksi kardha putra nata Ngayodyeku. sêdya bakal dadya lawan. dhewekira wong ngasigit.
26. Sapa kang molahkên para. minangkara sring apus gita sami. lae-lae osikingsun. wisesa tanpa krana. lah ing endi pinangkanira puniku. ingsun saka Sawosêmpal. wismane Hyang Bagaspati.
27. Saking nora mulaningwang. dadi ana tumitah (n)donya iki. la [ 159 ]mun rama prapteng lampus. mring ngendi parannira. tapas aren tala pindha buntaleku. ulih marang awaluya. kaya duk noranireki.
28. Jroning pati manggih apa. kunir pita putra ing Janggala sri. jroning pati iku kulup. tan nêmu paran-paran. kaya paran rama sadatira iku. guladrawa prabu-yêksa. purubaya sadat mami.
29. Tuli bisu lawan wuta. datan pêgat dennira acariwis. ngêndi (ng)gonne Hyang Suksmeku. tirta-prana pratala. kênéng swara ananing Hyang tanpa nglindhung. ana ing sajroning cipta. keh katungkul tatakrami.
30 Heh ta kulup prana-dina. angun-angun anata praja adi. wus lali jiwa kasaput. ing gunggunging asmara. asmarane tansah gawe wigêneku. babo kulup parangmuka. sela ginênia reki
31. Lae-lae pujinira. akalurung tambuh parannya yêkti. poma-poma ywa katungkul. sêmbahira kang nyata. carma-leka kajungan martalayestu, gurayang tambuh densêmbah. kulup iku tan patitis.
32. Ngêndi ênggon kang tan mêdal. margaina mara jawabên aglis. Wisangkara putraningsun. gebang paniwêr wana. kang durung wruh akeh ujar kang karungu. lamun iku kababara, benjang rama ulun ngabdi.
33. Kulup guguywaning rasa. poma kaki aywa asalah tampi. prana lapa wanita yu. sêdhêp angganda prana. Jamun (m) babar wacana tanpa karyeku, babo-babo jambu-alas. jêmpana mung dyah ingesthi.
34. Kapok mitra wong tan lana. puspalulut gunung malang Wêleri. pêgat sihe nora tuhu. kulup wacananira. rama apa kurang ing prabeyaningsun. sêtyanana lamun cidra. wacana kang wus kawijil.
35. Kadya paran uningakna. pudhak-cêngkal palastraning narpati. Sang Arjuna Sasrabahu, kalamun kababara. mara dhewe kang kawudan iku kulup. wau sawusing ngandika. Seh Trêng- gana angêmasi. [ 160 ]36. Radyan angrungkepi gêpah. saha matur waspanira drês mijil. rama sira dene banjur. wafat tanpa karana. Seh Trênggana musna tilar swara arum. tan mati namung kewala, ngalih pang- gonan sakawit.
1 Wau ta kang kari brangţi. rahadyan myang garwa-putra. nahên. gung-gunging prihatos. pinupus wus karsaning Hyang. papasthen tan kêna-wah. wasana narimeng kalbu sukur ing Allahu Akbar.
2. Rara Ruhkanti prihatin. saya birai myang[35] Suksma. mindhak kenceng ngibadahe. cacêgah myang pasa sunat. lumintu sabên wulan. mila sang dyah sakalangkung. mancur menter ujwalanya.
3. Niken Sitaresmi tuwin. radyan langkung wlas ing driya. muhung miminta Hyang Manon. cêpaking kang jatukrama. antuk jodho utama. mangkana ri sang binagus. Jami neng Tampomas arga.
4. Anuju sajuga ari. Niken Sitarêsmi lenggah. aneng empèr ingkang kilen. putra kalih aneng ngarsa. rara Ruhkanti turnya. kakang paran dunungipun, ingkang kasapta martabat.
5. Yogya kawruhana yayi. wong birai marang Suksma. ing martabat iku rêke. martabat sapta sadaya. puniku (ng)gennya mundhak. tingale wong arib têrus. paningalle maring Suksma.
6. Akadiyat ingkang dhingin. kapindho martabat wahdat. wakidiyat ping têlune. kaping pate ngalam arwah. ngalam misal ping lima. ngalam ajêsan nêmipun. insan-kamil kaping sapta.
7. Martabate insan-kamil. milane wonten ing wuntat. ênggone pakumpulane. martabat nênêm kang kocap. batinne iku iya. têtělu kocap karuhun. laire ingkang sekawan. [ 161 ]8. Mangka akadiyat dhingin. ingaranan wujud mutlak. têgêse mutlak ta mangke. ora nyata sipatira, miwah ing asmanira. karanne mangkono iku. durung ana kanyataan.
9. Ingaranan kun-ijati. têgêse kun ing punika. luhuring aluhur dhewe. dadi bingung ponang akal. tan ana ngawruhana. ing kun ine Hyang Ngaluhur. kandhêk sakathahing akal.
10. Kang martabat wahdat singgih. ingaranan takyun ngawal. krana Hyang Agung karsane. nyatakaken awakira. kalawan ngelmunira. mangka nyata ananipun. lan satengah sipatira.
11. Ingaranan suku Dat-ti. khakekat Mukamadiyah. têgêse suku Dat rêke. iku kalakuaning Dat. ênggone pakumpulan. ing ngelmu enggonne kumpul. lan sakehing sipate Dat.
12. Mangka wahkidiyat nênggih. takyun-sani namanira. karana iya Hyang Manon. nyatakakên dhewekira. sarta makluk sadaya. miwah lawan sipat ngelmu. pan sampun apisah-pisah
13. Ingaranan akyat sabit. iku khakekat manungsa. têgêse akyan ta rêke. wus nyata kaananira. bumi langit kasapta. miwah kewan sampun wujud. aneng ngelmune Pangeran.
14. Têgêse manungsa iki. lali ing anane wadhak. sampun karengkuh anane. ing wakitdira Hyang Suksma. dadya tan wruh ing rena. anging rêke ingkang wêruh. kaananira Hyang Suksma.
15. Ingaran insan kakiki, karana ora apisah. kalawan Dating Hyang Manon. pan ananireku Suksma. tan metu saking hiya. têtêp ana jroning ngelmu. ing salawase punika.
16. Mangka nyata ananeki. lawan sipatira pisan. insan kakiki namane. kalawan kang luwih nyata. karana insan ika. kanyataane Hyang Agung. kanyataan jatineka.
17. Mangka alam arwah nênggih. kanyataane Hyang Suksma. karana iku Hyang Manon. anglairaken kang ana ing dalêm ngelmunira. (ng)genning nyatakakên iku. ing ananing ngalam arwah. [ 162 ]18. Mangka nyata ananeki. kalawan sakehing sipat. miwah sakeh- ing asmane. kalawan kang luwih nyata. karana ngalam ar- wah. kang dadi gagentinipun. Hyang Agung kang Maha Mulya.
19 Ingaran Arwah sayêkti. nur wilayah arannira. karane nama mangkono. Jair saking aibira. sanepa lare mêdal. sangking wêtênge kang ibu. lair warnane sadaya.
20. Mangka ngalam misal ugi. karane ing ngalam misal. dene dadi upamane. kang têtêp ing ngelmunira. lan nyata ananira. atanapi sipatipun. têtela ngalam ajêsan.
21. Kang ngalam ajêsan nênggih. iya kanyataaning Hyang. karana iku Hyang Manon. nyatakakên ananira. têtela ngalam ajêsan[36]. andadekakên Hyang Agung. ing anane ngalam ajêsan.[37]
22. Mangkana ananing Widdhi. kalawan kang luwih nyata. têtela jisim anane. iku paesanning Suksma. paesan lair ika. yeku ananing Hyang Agung. paesan nyataning nyata.
23 Mangka insan-kamil nênggih. ênggonne martabat sapta. nênggih kang aluhur rêke. titiga kang batin ika. la-takyun arannira. suku Dat ping kalihipun. ping tiga akyan sabitah.
24. Martabat titiga lair. arwah misal lawan ajsan. têgêse ajsan mangkene. kandel tipising kaanan. kang narima panduman. johar awal sipatipun. miwah apngal lawan mukdas.
25. Ingaranan insan-kamil. milane aran mangkana. tan apisah kaanane. kalawan kaananing Hyang nyata ananing purba. lan sipate Mahaluhur. nyata ing insan punika.
26. Ingaran insan-basari. karane aran mangkana. bangsa jisim iku dene. kang kandel lan tipisira. owah-owah ananya. karana anane iku sangking Anasir sangkannya.
27. Dene anasir anênggih. angin api lawan toya. lebu punika papate. mulane bineda-beda. wawatêking manungsa. tan ana ingkang akumpul. sakawan datan anunggal. [ 163 ]28. Watake anasir bumi. asor ing wawatêkira. banyu asrêp ing wa- take: kalawan asor punika. anasir angin ika. asrep-angêt watêkipun. gêni watêke apanas.
29. Kumpul kabeh watêkneki. ing manungsa kabeh ika. darapon angraosake. ing asrêp kalawan panas. nikmat lawan malarat. kang asor kalawan unggul. wawatêkaning manungsa.
30. Pan wajibing para mukmin. angilowa kang wus kocap. karana iya bênêre. pangilon mukmin sadaya. kang nyata ing Hyang Suksma. ingaranan insan iku. kalawan kang luwih nyata.
31. Ngandika Nabi sinêlir. sing sapa rêke tumingal. ing sawiji-wiji mangke. yen tan ningali Hyang Suksma. batalling tingalira. siya-siya ing pandulu. tan angsal dennya tumingal.
32 Ing tingale wong kang arip. lepas wong arip tingalnya. lir ningali wayang rêke. katon ki dhalang kang ana dhalange pan wus ilang. pangucape dhalang iku. nyata ki dhalang kang ngucap.
33. Anaa paesan nênggih. wujud kak punika nyata. kalawan suku Dat mangke. lan akyan-sabitah iya ananing ngalam arwah. lan alam ajsan puniku. sarta Dat sipate pisan.
34. Den bisa sira nampani. ing sakehe crêmin ika. pan marga sampurna rêke. sakathahing auliya. sami kinen nêtêppa. andikanira Hyang Agung. sami ngilowa paesan.
35. Dene ta martabat sangking. ngalam jabarud punika. karana bingung wong akeh. ing sakehe khak puniku. anyatakaken iya. ing kagungan Mahaluhur. dadia warna martabat.
36. Mangkana rara Ruhkanti. dumèling dennya miyarsa. ing raka pangandikane. lungguhe martabat sapta. suruping. diwangkara. bibaran arêbut parlu. waktu Mahrib kadya saban.
37. Sigêg gantya kang winarni. jêng sultan Carbon taruna. sampun amiyarsa wartos. sedanya sang panembahan. dhepok ardi Tampomas. tilar putra estri luhung. ayu praktati utama.
38. Papatihira tinuding. mring Tampomas mondhongana. ing garwa lawan putrane. cêkaking cariyos budhal. wus prapta ing [ 164 ]Tampomas. panggya lan sang adiningrum. Sitaresmi sung pambagya.
39. Caraka binojakrami. nulya mêdharkên ing gita. sultan Carêbon karsane. Niken Sitarêsmi lingnya. paran rara karsanta. ywa nganti kaparan tutuh. di prasaja mring si biyang.
40. Niken Ruhkanti lingnya ris. pêjah gêsangku sumangga. (n)dherek sakarsamu bae. miwah dhawuhe si kakang. sakarsa tan lênggana. pituduhe kadang sepuh. sayêkti kanthi utama.
1. Myarsa ature kang sunu wau Niken Sitarêsmi. waspa kumembeng karantan. engêt raka kang wus swargi. wasana manis ngandika. mring putra Dyan Jayengresmi.
2. Babo paran putraningsun. kang dadya rêmbugireki. ing karsane kangjêng sultan ingsun lan arinireki. sira ywa wagugên ing tyas. satuturmu dak lakoni.
3. Radyan manêmbah umatur. dhuh bibi pupundhen mami. kajawi karsa paduka. prayogi dipun lampahi. awit karsanipun sudtan. tuhu nugrahaning Widdhi.
4. Yen pinarêng bêgjanipun. bokmanawi ambaboni. wong agung Carêbon praja. Niken Sita duk miyarsi. kamantyan renaning driya. atur wangsulan mring patih.
5. (n)Dherek ing sakarsanipun. sampun pradandosan sami. sawusira asamekta. rahadyan umatur malih. bibi nyuwun pangaksama. ulun tan sagêd umiring.
6. Ayun (n)dumugekken kayun. amung atur ing pamuji, raharjaning kang sarira. ing dunya tumêkeng akir. Allah maringana iman. tinêbihna ing bilai.
7. Niken Sita ngandika rum. mênggah-menggah waspa mijil. kaki ing pandonganingwang. sinêmbadana Hyang Widdhi. radyan ngandika mring sang dyah. babo nini kadang mami. [ 165 ]8. Ingsun nyangoni rahayu. winantu sakehing puji. raina wengi tan pêgat. kadyangganing toya mili. kasembadana sakarsa. lulus ing utama adi.
9. Yen sira winêngku kakung. ywa tilar lanjaran nguni. tatuadan kuna-kuna. Kadising Rasulolahi. kang amrih utamaning dyah antuka sawarga adi.
10. Kang wêkêl salaminipun. Janggêng boya owah gingsir. budinên dipun sampuma. anyingkirana saliring. kang wus ingaranan cacat. tanduk tindaking pawestri.
11. Tan kurang tuladan luhung, anggon-anggoning pawestri. jangji têmên linampahan. ingkang wus kasebut tulis. anggung kang padha iyasa. yen nganti tumêkeng nisthip.
12. Nanging kudu wruh panuju. watêk kabênêran nini. ywa nganggo bênêr kewala. iku angeling dumadi. êmpan papan duga-duga. tangi turu aywa lali.
13. Sang Dyah mangênjali matur. kakang dhawuhmu tak pundhi. datan luwih pangestunta. muga bisaa nglakoni. sadaya kang wus kawêdhar, tumancêpa sanubari.
14. Lamun kakang estu nglangut. aku(n)dherekke basuki.iya yayi dak tarima. rahadyan ngandika maring. carakanira jêng sultan. nêdha sang anindyamantri
15. Cumanthaka canthel atur. sêmbah sungkêm saha malih. titip rena miwah kadang. aywa kirang pangaksami. caraka (n)dhêku lingira. inggih anak ywa kuwatir.
16. Samya sasalaman gupuh. rara Ruhkanti ngabêkti. gya bidhal sowang-sowangan. mangkya ing Tampomas wukir. ical sênèning prawata. Jir êmbanan tanpa manik.
17. Kacarita sang rêtnayu. praptaning Crêbon nagari. tan pantara laminira. pinundhut garwa padêmi. ing sultan Carbon praja. ibu widada mong siwi.
18. Wibawa wirya kalangkung. gantya wau kang winarni. Jayengrêsmi Gathuk Gathak. udhunira sangking wukir. tansah mahawan ing arga. ing siyang dalu lumaris. [ 166 ]19. Kendel kalanira wēktu. mangidul minggah ing wukir. Atunggul araning arga. neng ngriku datan alami. ngaler ngilen ngambah arga. ing Tangkubanprau ardi.
20. Mung tri ari gya tumurun. maring ing Buranggrang wukir. atanapi wukir Wayang. sapta ri gya mentar maring. ngaler ngilen anjog arga. Sanggabuwana ing nagri.
21. Kerawang kang sisih kidul. neng kono amung tri ari. tumurun mangidul tlatah. Priyangan Pasundhan nagri. tansah mahawan ing arga. sru karenan umiyat ing
22. Asrining kang gunung-gunung. talatah ing Bandhung nagri. jurang sirung karungrungan. arga punthuk tinon wilis. maweh rêsêping lumampah. sêngsêm sang kulineng wukir.
23. Ngênirken sangsayeng laku. ayêm kang andon lumaris. wus manjat sukuning arga. Gêdhe ing Mandhalawangi:(n) dêdêr kar- sanya mring puncak. ing arga Mandhalawangi.
24. Tan ana durgama ketung. lampahnya radyan lêstari. Gathak Gathuk tanseng wuntat. prapta ing lambunging wukir. anom dhukuh sri kawuryan. rahadyan umanjat malih.
25. Prapteng pagagan sang luhung. pinanggih janma dhêdhangir. miwah amamatun gaga. rahadyan ngandika aris. kaki ulun atatanya. ingriki ran dhukuh pundi.
26. Myang sintên pangagêngipun. ki dhangir tumênga angling. bagus ngriki raning dhêkah. anut namaning kang ardi. Mandhalawangi punika. dene kang dhêdhepok wukir.
27. Ajar Suganda jujuluk. paduka kalamun apti. kapanggih lawan ki Ajar. kula tur uning rumiyin. rahadyan manis ngandika. wawi matura ki dhangir.
28. Kèndêl dennira mamatun. manggul pacul nyangking kudhi. nginthir mantuk mring patapan. lawan ki Ajar wus panggih. matur yen wonten dhatêngan. janma tri sajuga sigit.
29. Ki Ajar ngandikanipun. mara aturana aglis. papaculmu ulihena. kang kinen umentar aglis. nyangking kudhinya tarantang. prapteng pagagan wus panggih. [ 167 ]30. Matur sumangga sang Bagus. kinen laju kula irit. wus kerit Jampahnya radyan. Gathak Gathuk aneng wuri. Ki Ajar Suganda mapak. sungsung guyu asasanti.
31. Nyawurakên arum-arum. ngigel lir mêrak kesimpir. wus tundhuk asta cinandhak. rahadyan tandya kinanthi. Gathak Gathuk suka mulat. dupi wus prapta ing panti.
32. Linênggahakên ing salu. Ki Ajar wacana aris. teja-teja sulaksana. tejaning anyar kaeksi. ing ngendi kanang pinangka lan sapa sinambating sih.
33. Rahadyan manis umatur. kula nama Jayengrêsmi. sangking ing Giri Parapyan. ngupadosi kadang anis. jaler Jayengsari nama. kang estri ran Rancangkapti.
34 Ki Ajar dangu tan muwus. gedheg-gedheg ngandika ris. sira kulup dinarima. saka ing pangira mami. lawas enggale kapanggya. tur wus padha sinung luwih.
35. Mungguh kang dadya sedyamu. sira kulup marang ngendi. rahadyan matur manêmbah. sedyaulun dhatêng Kawis. ananging dereng uninga. nglantur (ng)gambuh ing pawarti.
1. Ing Karang iku kulup. tlatah Banten pungkas kulonipun. tanah Jawa wus tan ana nagri malih. ing kono ana wong luhung. sudibya ngelmu kinaot.
2. Alim oliya tuhu. amumpuni ing sakehing ngelmu. tan kuciwa apa sakarsaning janmi. darbe putra juga jalu. ibune tumêkeng layon.
3 Wusing akir kang sunu. tansah dennya mematirageku. alêlana kongsi tumêka saiki. durung ana wartanipun. ulihe mring Karang dhepok.
4. Elingku namanipun. Kyagêng Karang Seh Ibrahim Ibnu. Abubakar asli saking nagri Aib. wus lawas (ng)gonne dumunung. aneng Karang adhedhepok. [ 168 ]5. Kapasang yoga kulup. karsanira marang Karang gunung. pruhitaa sayêkti langkung utami. nanging kulup aywa banjur. nyatakêna kandhaningngong.
6. Sidike kang linuhung. manengkunga ana Salak gunung. têmbe sira wus tartamtu denpondhongi. linuru marang sang luhung. binêkta mring Karang dhepok.
7. Rahadyan lon umatur. bilih parêng karsanta sang wiku. ulun mangkat samangke mring Salak wukir. Ajar Suganda angguguk. iku ambêke wong anom.
8. Tan mikir baya kewuh. sayêktine sira durung wêruh. nanging aywa dadi sumêlangmu kaki. aku kang ngêtêrken besuk. kam- pir. mring tilas karaton.
9. Ing Pêjajaran kulup. mung angkate kudu ri panuju. ing petungan iladunine kang olih. rahadyan manis umatur. sakarsa ulun rumojong.
10. Paranta etangipun iladuni ing wawatonipun. Kyai Ajar Suganda ngandika aris. sajroning sêsasi iku. dina sapta winiraos.
11. Upama tanggal nuju. ari Sukra kawite kaetung. Sukra siji raharja watêkireki. Sukra kaping kalihipun. nuju satruning Hyang Manon.
12. Sukra kang kaping têlu. manggih pati Sukra kaping catur. akeh ingkang samya sarju atitilik. Sukra kaping limanipun. raharja Tumpak ginantos.
13. Tumpak sapisan iku. satruning Hyang Tumpak ping dwinipun. tuna luput Tumpak tri manggih prihatin. Tumpak ping catur rahayu. Tumpak kaping panca manggoh
14. Wahyu Dite winuwus. Dite ping sapisan tuna luput. Dite kaping dwi raharja Dite ping tri. manggih susah Dite catur. raharja sasolahing wong.
15. Dite ping pancanipun. satruning Hyang gantya ri Someku. Soma kaping sapisan tuna tan kenging. Soma kaping dwi rahayu. Soma ping tri susah manggoh. [ 169 ]16. Soma kang kaping catur. raharjadi Soma ping limeku. manggih. pati gantya Anggara winarni. Anggara ping pisan iku. satruning Allah sayektos.
17. Anggara dwi rahayu. kang Anggara kaping katrinipun. papêgatan Anggara ping caturneki. raharja Anggaranipun. ping lima amanggih layon.
18. Gantya ri Budanipun. Buda pisan manggih dosanipun. Buda kaping dwi raharja Buda ping tri. manggih pati Buda catur. raharja tan na wiraos.
19. Buda ping limanipun, satruning Hyang gantya Rêspateku. Rêspati kang sapisan amanggih tuni. Respati ping kalihipun. satruning Allah sayektos.
20. Rêspati tri rahayu. Rêspati kaping catur manggih ru. Rêspati kaping lima satruning Widdhi. wus kêmput dina pipitu. ri tanggal etang sawiyos.
21 Lamun (nd) haupkên sunu. Juwih pariu miliya kang sarju. manggih ayu raharja akeh wong tilik. iku salah siji kulup. estu datan walangatos.
22 Rahadyan malih matur. wontên tiyang mayu griyanipun. nganthêng-nganthêng ngentosi mangsa prayogi kadi paran kang kinayun. têka mangsa kang denantos.
23. Sang wiku ngandika rum. wêwateke mangsa kanggo mayu. awit Kasa tumêka Sadha-nireki. dhewe-dhewe watêkipun. piyarsakna sun cariyos.
24. Mangsa Kasa kang umur. patang puluh siji dina iku nglamat pênêt warêden barang pakarti. salamêt sarta sarêju. mangsa Karo winiraos.
25. Trilikur ari umur. ngalamate tukaran katêmpuh. pakewuh gung mangsa Katiga winarni. patlikur dina kang umur. ngalamat kobongan awon.
26. Kamalingan kablurut, mangsa Kapat slawe dina umur. nglamat luwih becik tur dinunung ing Sri. lan rêjêki tur rahayu. wrêden anak jalu wadon. [ 170 ]27. Mangsa Kalima umur. pitulikur dina nglamatipun. sugih anak tur sinungan slamêt nênggih. mangsa Kanêm ingkang umur. pat puluh tri ari mangko.
28. Ngalamat kadang karuh. akeh weweh kang mangsa Kapitu. padha umur patangpuluhtelu ari. ngalamat keh pakeryeku. akeh lulungan ingkang wong.
29. Neng wisma datan kaur. marga akeh prakara kang barung. mangsa Wolu umure nêmlikur ari. nglamat tan na estrinipun. utawa pêgat wis layon.
30. Mangsa Kasanga umur. slawe ari de nglamatipun. prihatinan kalongan sakalir-kalir. mangsa Kasadasa umur. patlikur ari kinaot.
31. Ngalamat luwih ayu. Ing sabarang sedyanira rawuh. tur salamèt saanak rayatireki. tulus kang sarwa tinandur. mangsa Dhêstha winiraos.
32. Trilikur hari umur. ngalamate sanget sangaripun, gêringan tur yen roga tan antuk jampi, malah têkeng ajalipun, mangsa Saddha cinariyos.
33. Umure patang puluh. siji arl dengalamatipun. susahan tyas pisah lan batihireki. êndi ta ingkang kinayun. pênêt awon wus kacriyos.
34. Rahadyan aris matur. kang prayogi patut dipun ênut. mring raharja rehning wênang nandhing milih. lamun nrajang kang tan arju. yen tiwas kaparan tutoh.
35. Nalika anon ulun. masjid Demak saka srambinipun. kajawine rarênggan pinatra asri. wontén sastra ungelipun. Kori Roro Gawening Wong.
36. Umpak kori lumêbu, ugi wontên sasêratanipun. mungêl:Patra Kinarya Rupa Gelapi. kadi paran kajengipun. Ki Ajar mijil kang raos.
1. Iku kulup sangkalaning warsi. pangetungku mengko. kori sanga loro lugu bae. gawe papat njupuk saka karti. wong watèke siji. dadi angka taun. [ 171 ]2. Sewu samas sangalikur kaki. de umpak kang ngisor. patra siji kinarya papate. rupa papat njupuk wama ugi. dadi papat malih. gêlap siji iku.
3. Pangetungku umpake kang kori. nalikane dados. tahun sewu patangatus luweh. patang puluh punjule sawiji. kulup ingsun mirit. candrasangkaleku.
4. Radyan (n)dhêku sarwi matur aris. jatosana ingong. ingkang candrasangkala watêke. sang awiku angandika malih. kawruhana kaki. candrasangkaleku
5. Awit watêk sawiji têkaning. sapuluh wus maton. yen sapuluh êdas panulise. utawa nul ingkang angarani. ingsun wêdhar kaki. lawan wardinipun.
6. Watak siji rupa rupa yêkti. candra wulan kaot. sasi jangkêp lek nabi wudêle. sasa lintang dhara wêtêng kaki. bumi lêmah iki. buddha iku luhung.
7. Ronning godhong medi iku silit. iku buntut yêktos. dara pêksi dara sayektine. janma uwong eka tuduh siji. wak badan sa- demi. suta anak tuhu.
8. Siti lêmah wêdhen de awani. akêndêl kinaot. wungkulan wutuh wulan wardine. wulan têmên niyat iku yêkti. tunggal kabeh lirring. watak ji sadarum.
9. Gantya watak loro kang winarni. netra mripat karo. caksu iku suluhan netrane. nayana pan ulat têgêsneki. sikara tangan.dwi. buja iku bau.
10. Paksa uwang drasthi iku alis. ama pasu mangko. locana rang-uranging matane. kang carana têgês athi-athi. kama kuping kalih, karni iku sungu.
11. Miwah têgês ambaning kang kuping. anêbah jinatos. talapukaning netra kaliye. kang talingan pangrunguning kuping. mata netra ugi. len tangan alugu.
12. Lar atêgês wuluning suwiwi. anêmbah wot sinom. miwah mangabêkti ing têgêse. suku loro sikil karo kaki. gantya watak katri. kang winareng tembung. [ 172 ]13. Bahni gêni pandhe nambutkardi. pawaka nyrêmomong. gêni pucaking arga yêktine. siking upêt myang têkên kang wardi. guna iku gêni, agaran satuhu.
14. Dahana tanpa sangkan kang gêni. trining rana tunon. miwah gêni paprangan wardine. uta lintah ujêl wêlut yêkti. anauti cacing. jatha iku siyung.
15. Miwah gêni winadhahan kaki. weddha gêni pawon. miwah sêrat papakêm têgêse nalagni gêni panasing ati. utawaka geni. wong manggang puniku.
16. Kayalenna balubuking gêni. punika jinatos. gêni diyan tiga telu bae. kang uninga gêni obor kaki. gantya kang winami. ingkang watak catur.
17. Wedang banyu panas têgêsneki. sagara ku babo. banyu ingkang ngidêri jagade. karti banyu sumur dene sukci. we padasan yêkti. jaladri linipun.
18. Banyu rawa nadi banyu kali. her udaka manggon. sapucuking ancala wardine. nawa banyu adhêm ingkang wêning. samudra winardi. banyu têlêng iku
19. Jalanidhi we angêdhung kaki. waruna ing mangko. katêlah ing tembung warni dene. têgês banyu sawangan toyadi. we jêm- bangan yêkti. o ana toya truh
20. Waudadi werdine kakalih. we pancuran karo. we deresan krambil lawan aren. sindu banyu-susu dene warih. iku banyu krambil. de kang padon catur.
21 Tasik sagara miwah awardi. ingkang banyu oyot. catur yuda keblat pat wardine. pat sakawan gantya kang winarni. watak lima kaki. kawruhana iku.
22. Buta wil lanang kang siyung dening. Pandhaweku babo. atmajendra Pandhu tatalère. gêtih otot ati kêtêg tuwin. pramana tanapi mangsa kalimeku. [ 173 ]23. Wisaya panggawe dene indri. bayuning kang panon. yaksa wil wadon mawa siyunge. sara landhêp maruta pan angin. ngirit ganda wangi. pawana ngin ribut.
24. Gana wana gung margana angin. neng dadalan manggon. samirana ngin ngilangkên riwe. warayang pan sanjata sayêkti. panca lima kaki. bayu têgêsipun.
25. Angin kang manjing mêtu sayêkti. wisikan jinatos. wuruking. bapa mardi lwiring reh. gulingan angin mêtu jinêmrik. lima gangsal kaki. watak nêm winuwus.
26. Masa mangsa nênêm sad rasêki. rasa nênêm manggon. winaya ranning mangsa kanême. miwah anggang-anggang iku kaki. gana tawon yêkti. de têgêsing rêtu.
27. Awor miwah yêk-uyêkan kaki. anggas iku sato. ber-ibêran myang kayu glinggange. oyag obah karêngya kapyarsi. rinêngga tanapi. kaupakareku
28 Pangrarasing nêm ya pangrarasing. watak kanêm mangko. ta hên iku kayu taunraden. wrêksa kayu kang tinêgor kaki. prabatang jinarwi. iku kayu rubuh.
29 Malang aneng dadalan gumuling. kilating nêm babo. lilidhah- ing mangsa kanêm dene. lona pêdhês mla kêcut kang wardi. tikta iku pait. kyasa gurih tuhu
30. Dura asin sarkareku manis. watak pitu mangko. ardi gunung urut pasisire. prawata gunung tepung samyardi. turanggeku wajik. giri gunung agung.
31. Rêsi têgês pandhita kang suci. angsa banyak yêktos. kang biksuka sapi cala lwire. sikil gunung imawan imasri. neng pucuking wukir. sapta ya pipitu.
32 Pandhita putus yêktining wardi. swara wiku kalok. gora agung muni iku lire. pandhita kang amumuruk kaki. swa kuda kabiri. tungganganing gunung.
33. Iku têngah-tengahaning wukir. wiku lire mangko. pandhita ing gunung sayêktine. ya pipitu ya pipitu sami. gantya kang winar- ni. kang wawatak wolu. [ 174 ]34. Naga ula gêng panagan kaki. gyan ula geng kaot. salira manyawak basu têkek. myang atêgês kumareng nagari. tanapi araning. kang mangsa kawolu.
35. Tanu bunglon murti cecak singgih, kunjareku gêdhong. myang atêgês kandhanging gajahe. gajah-gajah neng wantilaneki. dipangga marêngi. tinitihan ratu.
36. Esthi gajah kang denpalanani. samadya jinatos. gajah ana tengahing wanane. manggala gajah binêkta jurit. dwiraddha jinarwi, gajah mêta iku.
37. Kang bujangga ula lanang kaki. brahmanastha manggon. pandhita sing sabrang wolu kehe. dwipara gajah binêkta maring. pacangkraman kaki. liman têgêsipun.
38. Gajah binêkta midhang sayêkti. dening sang akatong. lan ula ula lanang têgêse. myang atêgês karo ula yêkti. gantya kang winarni watak sanga iku
39. Kang rumiyin trustha lenging bêdhil. trusthi lenging démon. muka rai gapura lawange. ratu wiwara leng sakethenging. dwara lenging panti. nanda leng kodhok gung.
40. Wilasita leng kumbang sayêkti. kang guwa jinatos. leng patapan agolong samunne. lodra aluraning we sayêkti. gatra lenging gangsir. êleng lenging sêmut.
41. Rong leng ula song leng landhak yêkti. trusan lawanging wong. bubutulan yeku angka lire. inggih punika wilangan yekti. babahan leng maling. hawa sasangeku.
42. Bolonganing sarireng sujanmi. mangkya winiraos. watak sapuluh kang pinurweng reh. boma sukêt mati sunya sepi. gagana kang langit. kesisan ing mêndhung.
43. Barakan tan katon ingkang warni. adoh têbih mangko. ing langit iya ing langit bae. ana tan katon tan kêna yekti. kang windu jinarwi. tumbuking kang taun
44. Aneng wiyat langit kalimputing. mendhung angêmu troh. widik-widik katon gya ilange. malêtik satêngahing wiyati. sirneng gaganeki. simeng langit iku. [ 175 ]45. Sagunging das sakathahing kang nir. walang mêsat kang hos. anggusah watak sapuluh lire. iya watak sapuluh sayêkti. sagung atênger nir. awatak sapuluh.
46. Lamun karya sangkalaning warsi. unine pinathok. kang ru- muhun neng ekan dununge. nulya dasan sapiturutneki. na- nging kêcapaning. ekan dhawah kantun.
47. Raden Jayengrêsmi matur malih. dhuh ri sang kinaot. kadi paran punika kajênge. dene wêlut sami lawan agni. sapiturut- neki. katrangna jrudêmung.
1 Sang wiku mesêm lingira. mungguh sasurupaningsun. Jayang Candragêni iku. kang ambabar katrangannya. ing candrasangkala mau. kang mawa kêkawin tembang. Kusumawicitra linuhung
2. Etunge laku rowêlas. kacarita duking dangu anggitannya Maha Wiku Wêrda Empu Wilasaya. pujangga putus ing kawruh. ing nagri Purwacarita. sangking karsanya sang Prabu.
3 Widhayaka kang paparab. Aji Isaka puniku. wus dianggit duking ngayun dumadi candrasangkala. ananging ta jarwanipun. durung mawa karêpira. ingkang dadi sababipun.
4. Ing watêg durung ginêlar. krana kurang wijangipun. mila linaras kang urut. wit siji têkeng sadasa. ingkang nunggal rasanipun. amung ginarba kewala. kang anunggal rahsanipun.
5. Tinerangakên samoa miwah tatêmbunganipun. kang padha amawa kayun. apan jinejerkên wêtah. dak urut kadi ing ngayun awit ing watak sajuga. tumêka watak sapuluh.
6. Watak sawiji winarna. rupa têgêsipun wujud. yeku uruping cahyeku. mula dadya watak juga. dene ta cahya puniku. dumadya tandhane gêsang. ingkang tumitah sadarum.
Candra wêrdi lek purnama. tanggal limalas puniku. mula dadi watak iku. sawiji awit duk kuna. (ng)gonne Dewi Sri tumurun. matêdhakken wiji dadya. ri wijening manungseku. [ 176 ]8. Sasi lek jangkêp wêrdinya ya etung sêsasi muput. mula dadi watak iku sawiji dene amulya. anganakaken sitangsu. sapisan maneh lir ngarsa. mangkya nabi wêrdinipun.
9. Wudêl mula dadi watak. sawiji de wudêl mau, ginawe têrsandhanipun asma sapisan duk jabang. yen wus pupak puser sinung aran saprayoginira. nulya sasa têgêsipun.
10. Lintang mula dadi watak. siji dene wujudipun. jen-ijen sajuru-juru. katon sangking madyapada. padha lintang aranipun. de dhara wêtêng wêrdinya. mula dumadi puniku.
11. Watak sawiji sanyata. de nampani sarinipun. sarahsaning siji iku. mangkya bumi werdi lemah. mulane lêmah puniku. dumadi watak satunggal. anuwuhkên sakehipun.
12. Wiji tanêm tuwuh ika. mangkya buddha wêrdi purus. utawa Juwih puniku. mula dadi watak juga. dene ta luwih puniku minangka wijening janma. ingkang ronning wêrdinipun.
13. Cahyaning godhong mulanya. dadi watak siji iku. de têrsandha uripipun. tanêm tuwuh thuthukulan. lamun katon godhongipun iku tandha wiji gêsang. yen godhong tan katon Jampus.
14. Medi jubur wêrdinira. dene kanggo marganipun. susuker sangking dhareku. de iku buntut têgêsnya. yeku êpoke kang buntut. kang masthi amung sajuga. mangkya dara têgêsipun
15. Apan iya pêksi dara. mula dumadi puniku. watak siji dene purun. ngayom kulina manungsa. de janma wong wêrdinipun. mula dadya watak juga. pipijen titah Hyang Agung
16. Eka sawiji wêrdinya. utawa pinarden tuduh. de wak suta wer dinipun. anak lawan awak tunggal. saka wiji dadinipun. de siti lêmah wêdhennya. mula dumadya puniku.
17. Watak sawiji de bisa. amanjila wujudipun. gya awani wêrdinipun. ya wani utama surya. mula watak sawijiku. sorot amijangken marang. ing wujud sajuru-juru.
18. Yen wungkulan têgêsira. wuwutuhan mulanipun. dadi watak sawijiku. de isih wutuh wujudnya. nyata têmên tunggallipun. wêrdi iku kabeh tamat, watak kakalih winuwus. [ 177 ]19. Netra werdining paningal. mulane dumadi iku. watak kwajibanipun. mêrêm lawan mêlek ika. caksu pasuluhan estu. mula dadi loro watak. de ana rêrêgêdipun.
20. Warna loro blobok waspa. de nayana ulat estu. ugêring ulat puniku. rong prakara bêcik ala. sikara tangan dwi iku. kwajibane rong prakara. mêgar atanapi mingkup.
21. Buja bau wêrdinira. mula loro watakipun. nguwati tangan ro mau. paksa uwang wêrdinira. mula dumadi puniku, watak karo de pedahnya. rong prakara kang rumuhun.
22. Ngingkêmkên tangkeping waja. mengakkên angaping tutuk. drasthi alis wêrdinipun. mula dadi dwi kang watak. dene mimbuhi satuhu. kasigitan rong prakara. ngêkêr netya kalihipun.
23. Muwuhi prabaning gwaya. mangkya ama têgêsipun. papasu iya puniku. pangul ngisor pasuluhan. mula dumadi puniku. watak loro de minangka siringing netya dwinipun.
24 Mangkya locana wêrdinya. urang-uranging netreku. yeku lalu-kinanipun. maripat têngên lan kiwa. mula dumadi puniku. watak loro dene bisa. amosikkên idêpipun
25 Wênganing idêp sapisan. dadya pangawasanipun. kaping kalih ingkêmipun. dumadya tatampingira. sakeh rêrêgêd sadarum. mangkya carana wêrdinya. athi-athi milanipun.
26. Mila dadya dwi wataknya. awit athi-athi iku. karya pasrening mukestu. rong prakara kang sapisan. gawe lulungidanipun. pasuryan kaping kalihnya, dadya kêkêring cahyeku.
27. Kama rêngganing talingan. dadine ro watêkipun. awit rêngganing karnestu. duk kuna sumping lan sengkang. dene karni wardinipun. ambaning kuping milanya. dadya watak loro iku.
28. Bisa nampani surasa. Jawan pangrasa puniku. de anêbah têgêsipun. talapukan kang kaprênah. ing ngisor idep kang wulu. luhuring kang urang-urang. mula loro watêkipun.
29. Jalaran puniku milya. anglawani solahipun. padhang pêtênging netreku. sapisan ngreh wênganira. paningal kalaning wungu. ping dwi angreh rêming netra. kalanira ayun turu. [ 178 ]30. De talingan têgêsira. pangrunguning kuping estu. mula loro watêkipun. awit iku amiyarsa. rong prakara ala-ayu. dene maha wêrdinira, ambaning paningalipun.
31. Mula dadya ro kang watak. de ngêmbani pramaneku. rong prakara kang rumuhun kêdhap ya ubênging tingal. ingkang ijo warnanipun. kang kaping pindhone kilat. maniking tingal kang pingul.
32. Len tanganna têgêsira. kêplok yeku karêpipun. suka lan susah puniku. êlar wulu suwiwinya. de dadya ro watêkipun. rong prakara karyanira. mêgar atanapi mingkup.
33. Kanggone dadya panambak, adhêm mring dayaning mabur. nêmbah suku karo iku. angabêkti dalamakan. gawe kuncup dwi asteku. watak loro pan wus tamat. rahadyan nembah umatur.
34. Watak juga lan kalihnya. solah miwah bawanipun. condhong Jawan rahsanira. sang wiku ngandika dhaup. mangkya watak tri kawedhar. sinom salinne kang pupuh.
1. Bahni gêni pandhe ika. mulane dadya watak tri. asal sangking tri prakara. saking pangreka kang dhingin yaiku gêni saking thithikan agarannipun. pindho sangking sarana. yeku areng de kaping tri. pangolahe angin sangking ingububan.
2. De pawaka wêrdinira. gêni sapucaking ardi. mula dadi watak tiga. wit sangking têlung prakawis. agni sasalat sangking. walirang ping kalihipun. saka gêni dudupa. panuwun puja sêmedi. tri bêdhiyan sarananing kaasrêpan.
3. Siking gêni upêt ika. mulane dadya watak tri. wujuding upêt triwarna. mancung sêpêt ontel kluwih. guna agaran gêni. tri prakara dadinipun. saka panasing asap. saka sêrêting piranti. saka kawul gênêpe katiga wama. [ 179 ]4. Dahana pan gêni salat. mulane dadya watak tri. wit sangking katri prakara. sapisan saka sumuking. hawa panasing bumi. kadwi saka sumukipun. ing watu geni ika. kaping tri saka sumuking. kang walirang gathuk dadya gêni salat.
5. Trining brana pyu paprangan. mulane dadya watak tri. ananę saka tri warna. prakara saka kasêktin. dwi têmpuhing saradhi. tri pambêsmining saweku. uta tegêse lintah. mula dumadi watak tri. untunira ngisor loro (n) dhuwur juga.
6. Kwajibane tri prakara. napêl molah ganda bangkit. ujel wêlut têgêsira. mulane dadya watak tri. dene ta andarbeni. daya tri prakara iku. panglunyon mulêt rosa. anauti wrêdi cacing. mula dadi watak telune de darbya.
7. Kawajiban tri prakara. nglêkêr mulur mangkêrêt tri. mangkya jatha wêrdinira. gêni winadhahan yêkti. de dadya watak katri. gêni arêng kang rumuhun. kalih gêni winadhah. têlu kang pinedah kardi. ambêbakar manggang sapanunggalannya.
8. Wedha gêni pawon ika. dene ana warna katri. kang gêni kayu kalawan. cêngkorongan pawon gêni. katri laweyan gêni. de nalakni wêrdinipun. gêni panasing manah. mula dumadya saka tri. kadadeyanira saka tri prakara
9 Dhingin saka pangabaran. dwi pangobong saka sêngit. tri saka pangumbar hawa. utawaka wêrdineki. gêni manggang mulaning. dumadi watak tri yeku. gêni kayu kalawan. arêng sujen jangkêp katri. kayalena wêrdi gêni balubukan.
10. Mula dadi watak tiga. de gêni blubukan asring. kaanggo telung prakara. ngêpes (m) bênêm ambakari. apan gêni diyan iku. mula dadi tri watak. de wujuding sorot katri. biru kuning abang jangkêp kaping tiga.
11. Pungkasan tiga uninga. wêrdi gêni thithikan tri. watu gêni kawul waja. watak sakawan winarni. wedang ingkang rumiyin. banyu panas werdenipun. de dadya watak papat. sakawan dayanireki. matêngakên umob molah kumarangsang. [ 180 ]12. Sagara we pakumpulan. banyu saka patang wami. tuking kali tuk bengawan. tuking pancuran myang riris. mangkya katri winarni. banyu sumur dene iku. kaanggo patang warni. pangangson padusan tuwin. pangasahan sakawane pangumbahan.
13. Sukci wêrdi we padasan. de kangge patang pasukci. kêmu raub wisuh tangan. Jawan masuh sukuneki. jaladri wêrdineki. banyu angêndhong yaiku. angendhong we sakawan. banyu udan banyu kali. banyu êtuk kalawan banyu bêngawan.
14. Dadi banyu kali ika. mula papat watêkneki. dadya pasucen sakawan padusan angungumbahi. angongolah kinardi. angombeni kewanipun. her banyu pucuk arga. dadya watak papat awit. pucuk arga ana banyu patang rupa.
15. We kawah banyu pamuja. banyu pêdhut banyu riris. nawa werdi banyu tawa. yeku we tuk umbul tuwin. pancuran sumbêmeki. de samodra wêrdi banyu. ingkang ngidêri jagad. keblat papat denubêngi. apan sami kataman banyu samodra.
16. Jalanidhi banyu ingkang. bênêr yeku saka riris. Jan kali êtuk bangawan. dene wamna wêrdineki. banyu sawangan nênggih. saking kali rêmbêsan tuk. sakawan pasumberan. de toya wêr dinireki. banyu ing jêmbangan kanggo suci badan
17. Adus raub awak-awak. kanggo wisuh jangkêpneki. wahana yeku we udan. angsal sakawan prakawis. saka kukusing agni. myang kukusing tanêm tuwuh. saka kukusing toya. papate kukusing bumi. mangkya wau dadi wêrdi we deresan
18. Saking amer kapanasan. saking kapêlêg ing angin. saking praboting baskara. susumubing bun mungkasi. de sindu wêrdineki. banyu susu dene iku, wit saka pat prakara. dhingin saka srana jampi. tuntuming bayu wuwung sari tatêdhan
19. Warih wêrdi banyu klapa. dene atêrira warih. puniku rambah kaping pat. wiwit bluluk banjur cêngkir. dawegan miwah krambil. dene tasik wêrdinipun. banyu oyot jalaran. kang dhingin tarik-tinarik. iya saking purusan sakawan warna. [ 181 ]20. Têmah ngringêt dadya toya. yeku saka gêni angin. banyu tanapi bantala. catur we keblat winardi. keblat papat sayêkti. pan ana sagaranipun. yogya pat dene ana. jaman yoga pat prakawis. jaman tirta. dwara kali. karta tamat.
21. Watak kalima winama. buta apan wus sajarwi. mula dadi watak lima. dene iku bisa nunggil. kalima bangsa nênggih. seluman myang bangsa mabur. nunggal bangsaning kewan. bangsaning buburon warih. de limane bisa nunggal lan manungsa.
22. Pandhawa wêrdi putra sang. Pandhu Dewanata Aji. lima juga Sri Ngamarta. dwi Dyan Sena tri Pamadi. nunggal sayayah bibi. kang dwi len bibi puniku. kacatur Dyan Nangkula. Sadewa kalimaneki. mangkya tata gêtih otot werdinira.
23. Ing netya ngolah pramana. ing lidhah ngolahkên angling. ing tangan ngolah (ng) gauta. ing suku ngolahkên linggih. utawia jumaris. ing prêji ngolah rahseku. mangkya gati wêrdinya. kêkêtêg de dunungneki. aneng tênggok jaja ugêl-ugêl ngasta.
24. Gel-ugêl sikil kalawan. ing planangan limaneki. endri bayu ingkang mata dene pakumpulan saking ing irung tuwin kuping. pasuryan myang saking kalbu. yaksa wêrdi danawa wados asisiyung nênggih. ditya wandu mila dadya watak lima.
25. De dadya panunggulira. ditya sakawan bupati. Jimane piyambakira. sara landhêp wêrdineki. nalika jaman nguni. gaman kang ran sara iku. landhêp limang wadana. de maruta wêrdi angin. kang kairid gandane kang sêkar gangsal.
26 Sêkar jawah saking Jwata. sêkar amyang taman sari. sekar bago pangukupan. sêkar gêlung lawan sari. sêkaraning jinêmrik. de pawana werdinipun. angin drês iya ika. saka keblat myang ing nginggil. bana iku alas agung wêrdinira.
27. Mula dadi watak lima. babaya limang prakawis. ula macan asu ajag. danawa lawan panjawi. margana wêrdineki. angin ana ing delanggung. yeku napas kang mêdal. ing pancadriyanireki. samirana wêrdi angin kang ambuwang.
28. Karingêt limang panggonan. rai bau jaja gigir. suku jangképe kalima. warayang wêrdinireki. sanjata de landhêping. balim [ 182 ]bingan ana catur. limane pucukira. de panca bayu sayekti. kang kaanggep putra Hyang Bayu kalima.
29. Sawiji wil Jajahwrêka. Kapi Anoman kakalih. katri Wukir Maenaka. catur Setubanda esthi. Bratasena mragili. de wisikan wêrdinipun. wangsit guru limang bab. tuduh kadadeyaneki. dêdunungan iya iku bawa lima.
30. Gulingan dene wêrdinya. paturon nênggih wong guling. pêpêt pancadriyanira. lilima ingkang mungkasi. etang lima wus jarwi ji loro lu pat limeku. wus titi watak lima. watak nêm mangkya winarni. salin têmbang amrih mamanising kata.
1. Masadrasa wrêdi kang binukti. rasa nênêm prakara yaika. rasaning sêga iwake. rasaning wijinipun. rasaning kang godhongan tuwin. rarasaning daderesan. wowohan nêmipun. winayang wêrdi gang-anggang awit saka sikile iku nêm iji. guna awon. wêrdinya.
2. Dene ingkang mangsa kanêm yekti. nawu madu sinungkên anaknya. de rêtu awor wêrdine campuring kanang kayun. kang rumuhun grêngsênging dhiri. dwi ajuning kang manah. tri ajuning purus. catur ajuning paningal. kalimane ajuning tangan nêmneki. ajuning sukunira
3. Hoyag wêrdinira obah yêkti. gêtêring pangadeg myang pramana. pamiyarsa panggandane. pangrasa badannipun. gya karêngya karungu wêrdi. iya nênêm prakara. wisikan karuhun. amuwung wulang utama. myang karungu wawangsite ujar manis. pangraras ngalêmbana.
4. Namaning nênêm yeku namaning. pala nênêm kasimpar baruwah. gumantung palawijane. myang kucila kirneku. tahên kayu taun winardi. wrêksa kayu têgoran. len prabatang kayu. rubuh malang ing dêdalan. pan ginêrba kayu nênêm watakneki. lire ingkang mangkana. [ 183 ]5. Kang tartamtu kanggo nêm prakawis. turus miwah dandananing omah. kanggo dandanan prantine. kanggo péthan arceku. kanggo plangkan pangraras tuwin. katunu kanêmira. kilating nêm iku. têgêse lalidhah mangsa. iya kanêm lona pêdhês wêrdineki. mla kêcut wêrdinira.
6. Tikta wêrdinira apan pait. kyasa wêrdinira gurih ika. dura pan asin têgêse. sarkara wêrdinipun. apan manis watêk nêm titi. watak pitu winama. ardi wêrdi gunung. kang urut pasisir iku. mula dadi wawatak pitu de ardi. isine pitung warna.
7. Watu guwa jurang padhas tuwin.. papancuran perengan tuwuhan. turangga de panganggone. jaran iku pipitu. kang ru- muhun apan kêndhali. apus lawan salebrak. sanggawêdhini- pun. ambên camêthi pitunya. giri wêrdi gunung gêdhe dene dadi. pakandhanganing swara.
8. Rêsi têgêse pandhita sukci. yeku ingkang nganggo kasucian. pitung prakara etange. katêmênan rumuhun. lumuh ala lumuh nyidrani. Jumuh marang ruruba. lawan tuhu lumuh. marang ing pangalêmbana. lumuh rêgêd pitune pan lumuh maring. sabarang bebengesan.
9. Angsa apan banyak werdineki. mula dadi pitu watêkira. kagawa sugih swarane. biksuka wêrdi lêmbu. mila pitu watèkireki dene ing kuna dadya. tungganganing wiku. aldaka sukuning arga. dene darbe sasèbutan pitu nênggih. punthuk ujung tunggangan.
10 Lambung tepong sisiku sukuning. de himawan wêrdinira mega. pucuking gunung dununge. mula watak pipitu. sangking kukus kapitu warni. kukus adhêming kisma. kukus tanêm tuwuh. kukus pangobaring wrêksa. kukus ingkang rêratêng lawan kukusing. udalaning kang toya.
11. Kukus ingkang bêdhiyan myang sangking. kukusing kang dupa jangkêp sapta. sapta pandhita wêrdine. agêming pandhiteku. pan pipitu jajenggot cundrik. kêthu jobah salendhang. tlumpah têkênipun. gora swara muni ika. wardi swara uni agung akeh kaki. apan pitung prakara. [ 184 ]12. Sangking suwaraning banyu bumi. gêni angin balêdheg lan udan. sangking pakarti pitune. swa kuda wêrdinipun. jaran molah pitung prakawis. nyongklang mêdhar adhean. jojrok ngawalipun. nyirig nyandêr pipitunya. tungganganing gunung tumpakan rêrêdin. ana pipitu warna.
13. Jaran kabiren lêmbu palangki. padhati jolang kisruki lawan. bojadhi ganêp pitune. de wiku ya pipitu. yeku wiku kang nglakokkên ing. pangawikan kasapta. jaya kang rumuhun. pindho aji pangasihan. katêlune aji panglimunan bangkit. pat aji tatakrama.
14. Kalimane pamawasan aji kanêm aji etang pêpetangan. sapta ji panglêrêbane. sampêt watêk pipitu. watêk wolu mangkya winarni. bubukanira naga. wêrdi ula agung. mula dadya wolu watak derbe panguwasa wolung warni. nyêmbur nyakot amolah.
15. Mujêt rosa urip (ng)gon kakalih. angiungsungi woiu bisa gêsang. saka lenga neng pethite. panagan etangipun. pasawêran wolung (ng)gon nênggih. naga taun myang naga. jatingarangipun. naga wulan lawan nagan pasangaran naga jarangan lan malih kanang naga pangkalan.
16 Naga dina pasaran mungkasi. de salira ya slira mênyawak apan wolu pangwasane. bisa ngambah ing banyu ngambah marang dharatan bangkit, menek myang ngêrong ika. mring nastapa ayun. anglungsungi myang yuwana. kawolune riringa mring bangsaneki. mangkya basu wêrdinya
17. Apan têkek mulane dumadi. watak wolu darbe panguwasa. wowolu iki cacahe. panglengketaning suku. kinajrihan ing bangsaneki. tyas sabar myang ngumara. sareh tindakipun. sarana atine kena. kanggo jampi wong cêkek tan nggarapsari. darbe panawa wisa.
18 Kawolune bisa anglungsungi. mangkya tanu bunglon wêrdinira. bangkit wor wolung wamane. bang irêng kuning pingul. ijo biru bêlawu tuwin. wungu jangkeping astha. murti wêrdinipun. cêcak de darbe pangwasa. wolung warna panglengketan [ 185 ]kang rumiyin. bisa menek puliyan.
19. Ayuwana sarana myang kesit. bisa mogel nglungsungi isthanya. mangkya kunjara wêrdine. gêdhong panggonan ngukum. duking kuna janma kang tampi. ukuman wawangênnya. wolung dina amung. yen dosa ros wolung wulan. mangkya gajah ya gajah kang neng wanadri. dwipangga gajah ingkang.
20. Tinitiyan ing sri narapati. parabote ana wolung warna. papaes kalung slebrake. ambên êcis ranteku. pacancangan kawolu srati. esthi gajah ginawa. midhang wêrdinipun. samadya gajah neng marga. de manggala gajah panungguling jurit. dwipara gajah ingkang.
21. Binêkta ring cangkrama kakaring. de bujangga ula gêdhe ika padha naga lan kwasane. bramana wolu iku. duk kunane ing tanah Jawi. kambah dening brêmana. wowolu kehipun. pranataning Ajisaka. kinen amumulang kadibyan sakalir. miturut Asthabrata.
22. Liman gajah neng wantilan yekti. sarta ula sami lawan naga. ula wolu pangwasane. sakehing gajah mau. padha wolu watêkireki. dhingin têbih sanggama. wangi kopekipun. Iwan na sarosa pramana. ambêg sura kapitu sugih mangrêti. astha sugih bendana
23. Nahên watêk sanga kang winarni. trustha wêrdi êlenging sanjata. trusthi êleng tulupane. muka rai puniku. de gapura Jawanging aji. wiwara sakethengnya. dwara lawangipun. omah tanapi pomahan. lawang mau cinêngkal kapara sami. apan sangang bageyan.
24. Dene nanda lenging kodhok nênggih. wilasita werdi lenging kombang, guwa leng samun wêrdine. ragowêrdi leng suwung. gatra wêrdi êlenging gangsir. leng werdi lenging ula. rong: wêrdi leng yuyu. song wêrdi êlenging landhak. de têrusan wêrdi lèng tembusan yêkti. yeku angka wêrdinya.
25. Wiwilangan sanga têlasneki. de babahan wêrdi leng durjana. hawa sasanga wêrdine. hawaning badan estu. pan sasanga [ 186 ]kathahireki. dadi piridanira. watêk sanga mau. muhung saka babolongan. awit palawanganing badan kehneki. apan ana sasanga.
26. Irung sami leng tulupan bêdhil kang maripat sasamining muka. dene cangkêm ngibarate. Jawangira sang ratu. ing talingan ngibaratneki lawang saketheng ika. palawanganipun. ngibarat Jawanging omah. gurung iku ngibarat lawang guweki. ing dubur lawang sona.
27 De sadaya ronging kewan aming. mirid pangêronging sangking mangsa. kasanga jênêk neng ronge. wilangan angka iku amung sanga sadasaneki. ing sagolongan êdas. wujudipun ênul. mungguh babahan jinarwan lèng durjana kerêpe lèng manungseki. tebusan hawa sanga.
28 Nahen watak sapuluh mungkasi. boma wêrdi sukêt mati ika. sonya wêrdi suwung mangke gagana wêrdi suwung. de barakan wêrdinireki. ya iku lamat-lamat. adoh jarwa tuhu ing langit werdi ngawiyat. de ana tan ora ana werdineki. windu duk jaman kuna.
29 Ana windu sapuluh winilis. ingaranan kang windu Sangkala. sapuluh warna umure. Tirta lan Maruteku. mvang Pranala lar Prataleki. Baya Byantara Manta. Kartala puniku. kasanga windu Suribta. de ganêpe sapuluh pan denarani. ring kang windi Gurita.
30. Aneng wiyat anane kang langit. pan sadaya srengenge rémbulan. lintang kalawan megane. kilat mêndhung galudhug. angin udan kuwung mungkasi. yaiku ananing kana. wujut pamyarseku. kang katon lan kapiyarsa. saka donya gantya ingkang widik-widik. wrêdine samar-samar.
31. Maletik mancurat wêrdineki. sirna werdinira apan ilang. ngakasa ta wujud rêke. de sagunging das iku. ingkang ilang wêrdinireki. walang wêrdi mauwal. de kos wêrdi suwung. watak sapuluh wus jarwa. mungguh watak sapuluh jupukaneki. doh samar suwung lamat.
32. Ilang dhuwur kang awit kapirit. saka jroning kaluwênge êdas [ 187 ]estu tan ana wujude. dadya buwêng saestu, apan suwung karepaneki. Candrageni wus tamat. lan kudu sumurup. kawining Sangkala ika. apan seos lawan bangsa têmbung Kawi. kalawan têmbung Kawya.
33. Rupa warna wêrdinira sami. yen Sangkala rupa juga watak. warna sakawan watêke. ningali uningeku. yen ing Kawi wêrdinya sami, nanging Kawi-sangkala. ningali puniku. angloro wawatêkira. yen uninga titiga watêkireki. utawa suta yoga.
34. Yen ing Kawi padha wêrdi siwi, yen Sangkalaiku iya beda. suta watak siji têke. de yoga watak catur. iya iku bedanireki. Kawisangkala lawan. têmbung Kawi lugu. mung samono ga dukingwang. angluluri korasan inguni-nguni. kang sinung ling manêmbah.
1. Kasmaran radyan miyarsi. gancaring Kawi-sangkala. Ajar Suganda nabda lon kulup nyatakakên tanggal. awit tanggal sapisan. tumekane têlung puluh. kang becik lawan kang ala
2. Kang sarta wênginireki. lawan arane kang dina. lothung mung kinarya prabot. sakawit tanggal sapisan. ingaran dina Kuda. becik sabarang karyeku. karana Allah Tanggala
3. Andadekken Kangjeng Nabi. Adam Jan Nabi Muhkamat. ing dina iku dadine. mangka lamun ana perang. yen narajang raharja. tinrajang ala kalangkung. kalamun ana pawarta
4. Warta bêcik iku yêkti. Jinyok lamun warta ala. bocah lair becik yêktos. wong nandhang roga glis waras. abuburu glis angsal. tanggal kaping kalih iku. ingaranan dina Kidang.
5. Prayoga sabarang kardi. karana Allah Tangala. (n)dadekken Babu Kawane, wong laki rabi raharja. tanggal tri dina Macan. ala sabarang karyeku. karana Jeng Nabi Adam
6. Lan garwa (m) babuka wadi, tinurunkên sangking swarga. ping pat ari Kucing ranne. sabarang karya prayoga. karana Gusti Allah. andadekkên Abil iku. tanggale kang kaping lima. [ 188 ]7. Ingaranan dina Sapi. dineku sabarang karya. ala karana Hyang Manon. andadekken Kabil ika. kaping nêm ingaranan. ing dina Kêbo puniku. sabarang karya prayoga
8. Yen ana wong nandhang sakit. sayêkti yen gêlis waras. de tanggal kaping pitune. dina Tikus ingaranan. barang karya prayoga. tanggale kang kaping wolu. dina Lêmbing ingaranan.
9. Sabarang karya prayoga. karana Allah Tangala. dina iku (n)dadekake. ing Nabi Nuh minulya. nanging lulungan ala. lamun anglurug prang pupuh. sayêkti yen katiwasan.
10 Tanggal ping sanga winari. dina Asu ingaranan, ala ing sabarang gawe. tanggale kaping sadasa. dina Naga ingaran bêcik sabarang karyeku. anênandur myang dêdagang.
11 Laki rabi iya bêcik. tanggale kaping sawêlas. ingarannan dina Kêmbang. sabarang karya prayoga tanggale kaping rolas. dina Mayang arannipun. adol tuku kang prayoga
12 Tanggal triwlas denaranni. dina Gajah barang karya nora nana prayogane. ping patbêlas dina Singa bêcik sabarang karya karana Allah Kang Agung. andadekakên suwarga.
13 Loh-kalam myang Aras-kursi. tanggale kaping limalas ing dina Iwak aranne sabarang karya prayoga. karana Maha Mulya. andadekken Nabi Yusup. tanggale kaping nêmbêlas
14. Dina Malam denarani. ing sabarang karya ala karana iku Hyang Manon. angrusak sakehing umat ing Nabi Lud samana. tanggal ping pitulas iku. dina Ulung ingarannan.
15. Sabarang karya prayogi. ambuburu nuli angsal. karana iku Hyang Manon. andadekkên Nabi Musa. Jan Nabi Yakub ika. tanggal ping wolulasipun. ingaran dina Kalapa.
16. Ing sabarang karya becik. karana Allah Tangala. (n)dadekkên wulan srengenge. kalawan lêng Nabi Ngisa. Jan manggihkên andika. Nabi Yakub lan kang sunu. Jeng Nabi Yusup minulya
17. Ping sangalas denaranni. dina Bantheng barang karya. prayoga yen warta awon. mesthi têmên yen pawarta. becik. sayekti dora. yen prang tinarajang unggul. yen nrajang ala kasoran. [ 189 ]18. Ping rongpuluh denaranni. dina Hantu barang karya. prayoga lamun prang pupoh. nora mênang nora kalah. yen warta bêcik nyata. tanggale kaping salikur. dina Areng ingarannan.
19. Ala sabarang pakarti. ping rolikur dina Urang. becik ing sabarang gawe. amung yen lulungan têbah. iku nora prayoga. watak tan têkan ing purug. kaping têlulikur tanggal.
20. Dina Ula-sagareki. sabarang karya prayoga. kaping patlikur tanggale. dina Pare arannira. kalangkung dening ala. karana Hyang Maha Luhur. andadekkên Pimgon Raja
21. Lawan Namrut Narapati, lamun ana rare mêdal. iku bangêt durakane. mring bapa tanapi biyang kaping salawe tanggal dina Pandhe arannipun. ala ing sabarang karya
22. Krana naas agêng yêkti. kaping nênêmlikur tanggal. ala ing sabarang gawe. krana umat Nabi padha. mati ana bangawan tanggal kaping pitulikur. ingarannan dina Ula
23 Bêcik ing sabarang kardi. karana Hyang Maha Nasa. anurun kên rahmat gêdhe. mring kawulanya sadaya. rare lair prayoga bêkti marang mring Hyang Agung. kaping wolulikur tanggal
24 Ingarannan dina Pari. bêcik ing sabarang karya. ping sangalikur tanggale. dina Ulêr ingarannan ing dina iku ala pungkasan ping têlung puluh. ingarannan dina Sada
25 Yen Julungan tan prayogi. ananandur ala uga amung tuku lawan adol. pan iku ingkang prayoga. tamat wataking tanggal ngluluri tutur karuhun. têmên orane sumangga
26 Rahadyan umatur aris. sarehning sampun kapacak. neng jilidan saestune. tartamtu kathah yakinnya. maleset ing sandhungan. yen narajang awon lamun. tiwas mung dadya tutuhan
27 Cinarita ngantya lami, rahadyan aneng Mandhala. - wangi iya Gunung Gêdhe. kasok sihe sang Suganda. wus katon ngelmunira. lair batin tan na kantun. gêmêt tinampen rahadyan
28. Anuju ing sajuga ri. rahadyan tandya pamitan denyarsa (n)dumugekake ing lampah arsa tumingal, patilasan kadhatyan. nagri Pajajaran dangu. mangkya ing Bogor karannya. [ 190 ]29. Suku ardi Salak wukir. Ajar Suganda ngandika. kapasang- yogya aranne. dina iki ping pitulas. sabarang karya harja. ujum ramale pakantuk, datan ana kasangsaya.
30. Payo kulup mupung enjing. ingsun kang atêdah marga. radyan (n)dhêkumatur alon. kalangkung panuwun kula. de kaparêng umentar. têdah marga kang pakantuk. wus samêkta nulya bidhal.
31. Datan sandeya ing margi. eca dennya alalampah. sarwi ginêm ngelmi raos. tan cinatur laminira. dennira aneng marga. wus prapta ing Gandhok dhusun. Ajar Suganda ngandika
32. Kaki lilanana mami, wangsul marang ing ngasrama. iki wus prapta ing Gandhok. wus caket lan Pajajaran. sira ngalor ngulonna. sandika radyan umatur. muhung pangestu paduka.
33. Iya kulup dak ideni. apa ing sakajatira. atus ing pangandikane. ungkur-ungkuran ing lampah. radyan myang Gathuk Gathak ing dhusun Gandhok kapungkur. prapteng Bogor patilasan.
34 Sêngsêming tyas umiyat ing. tatanêman tumaruna. kathah kang nêdhêng uwohe. wênês ijo amardapa. tangeh ingkang mangarang. sadhengah tinanêm subur. wowohan myang sêsê. karan.
35 Hawanya srêp sawatawis. karya têntrêming sarira. tamtu jawah sabên sore wit Luhur tumêkeng Ngasar terang sadalu pisan kathah sumber umbul mancur. mimbuhi sêngsêming driya
36 Wanci Luhur radyan prapti. satengahing kang pagagan. tumalêthok garimise. radyan ngandika mring Gathak. sarehning ayun jawah. prayogane padha ngaub. mring gubug amrih sarkara.
1. Prapteng gubug Radyan Jayengrêsmi. Gathak Gathuk neng. wingking tan têbah. wau kang neng jro gubuge. Jurahing Bogor dhusun. wus awrêddha gundhul kalimis. gumbala capang pêthak. jejenggot pinatut. clana gadhung bênting sinjang. sarung bugis dhêsthar bathik lagu nagri. Bandhung tanah Pasun [ 191 ]dhan.
2. Têkên panjang tunggul ngandhap nginggil. tanpa baju kagyat duk umiyat, ing sapraptanira raden. sung bagya gupuh-gupuh. katambêtan kang lagya prapti. pun paman nilakrama. ing pun- di nak bagus. miwah sintên kang sinambat. atanapi ingkang sinêdyeng panggalih. radyan alon ngandika.
3. Kula saking karajan ing Giri. talatahing tanah Surapringga. Jawi-wetan pungkasane. dene ta nama ulun. Jayengrêsmi satuhu pêkir. dwi rencang Gathak Gathuk. mênggah sêdyaulun. badhe dhumateng ing Karang. prêlu mampir ing Bogor ayun udani. tilase kang kadhatyan.
4. Manthuk-manthuk sang minta pawarti. Jayengrêsmi aris atatanya. kang pinanggyan lagi nêmbe. sintên kekasihipun. amangsuli sabdanya aris. Ki Wargapati kula, kapalaning wuwus [38]. inggih ing Bogor punika. langkung têbih Giri praptanipun ngriki, amangka lampah dharat.
5. Pan ing pundi ingkang denmargani. kongsi sagêt prapta dhepok kula. Jangkung gawat saturute. Iwir ing pakewêtipun. redirêdi kang kathah singit. jro jurang-jurang guwa keh rêncananipun. sarpa gung banaspati ka. kayu-kayu arungkut keh ori rumpil. singa warak andaka.
6. Ingkang sami angadhangi margi. mongira samya krura mamangsa. sêsêngkan jurang perenge. watu-watu alunyu. tur tumawing miring anggawing. tan kêna ingancikan. watune gumlundhung. têla-têla isi ula. kidêggana pinggire anyembur sami. ulanya galak-galak.
7. Saking pundi gennira lumaris. wontên kêdhik kang ragi warata. tan kobêr anggung godhane. ingkang murungkên laku tanpa wilis mawarni-warni. siluk-siluk pinggirnya. jurang lunyu-lunyu. yen gocekana witwitan. wit-witane anggawing tur mawa eri. êrine mawi upas.
8. Witing kayu pinggir parang curi. yen cinandhak witte pol kewala. padhas landhep ngatut bae. tumibeng jurang iku. sarpa [ 192 ]singa lajeng nampeni. liyanipun anak mas. ing tengah tan tutug. tangeh ing ngriki praptaa. ulun sampun anjajah ing ardi-ardi. wêgah nora kêconggah.
9. Kunêng lingnya Kyai Wargapati. radyan mesêm alon angan; dika. dhuh paman ing saestune. gampang kalawan ewuh. apan wonten ingkang akardi. yen purunna ing gampang, ajriha ing kewuh. sabarang botên tumêka. yen antepan gampang ewuh dados tunggil. ing purwa boya nana.
10 Gèdhèg-gèdhèg Kyai Wargapati. ngunandika sajroning wardaya. satuhu wong luwih kiye. nayana sumeh mancur. wicarane arum patitis. wacana anurraga. aris aturipun. dhuh kang sinung kanugrahan. kaparênga mampir dhatêng wisma mami. ing Bogor kang katingal.
11 Lah saiba sukaning tyasmami. miwah sanggyaning kang kula- warga. lir manggih sotya sagênthong. nak angger karsanipun. têmbe ulun ingkang umiring. rahadyan tan lênggana. mandhap saking gubug. Ki Warga lumakyeng ngarsa. mawa têkên kathiplakira cinangking. dupi prapta ing wisma.
12 Atêngara kênthongan tinitir. kulawarga jaiu estri prapta. (ng)gili tan ana kêndhate. uning yen ana tamu. samya bikut (ng)gêar-(ng)gêlari. pawestri olah-olah. sadhiya susuguh. radyan. sampun ingaturan. lenggah salu Jinemekan glaran pasir. iyasan ing Palembang.
13. Gathak Gathuk wus denancarani. Kyai Warga matur mring rahadyan. ingkang sakeca nak angger. wusnya matur gya mundur. paparentah marang ing batih. ajuning kang sugata. wus lumadyeng ngayun. gantya sês myang wedang kahwa. nyanyamikan gêndhis siwalan manjêni. Ki Warga lon turira.
14. Cumanthaka pun bapa ngaturi. pasugata sumangga kinarsan lah ngriku ge sawontêne. Gathak Gathuk abikut. wusing nginum dhahar nyanyamik. amung ngecani ing tyas. anulya kinukut. Jumados sugata dhahar. liwet gaga wajar liwet tambra anyir. bebacêm ulam tambra.
15. Lêmêng tambra gesek tambra asin. kolak tambra asêm-asem [ 193 ]tambra. tigan tambra tambra denpes. acar tambra myang êtum. tambra gêcok tambra denasin. êtim gorengan tambra. abon age sêmur. opor sami ulam tambra. sambêl goreng tambra tambra urip-urip. sambel ulêg lalaban.
16. Marik-marik tinata neng ngarsi. wus rumanti Ki Warga turira. pun bapa atur dhahare. sakawontênanipun. radyan (n)dhêku nulya awanting. Bismillah lêkas dhahar. têlas gangsal tanjung. kalawan asinan tambra, udakara têlas mung sajênthik miring. atop ambal-ambalan.
17. Kyai Wargapati tansah nglirik. ngandikeng tyas baya wus alama. sang luhung (ng)gonne tan (ng)gape. ing boja miwah minum. nora saka ewuhireki. rupane rada nyêngka. saka rahab mring sun ambêng nulya cinarikan wus tinata aneng ngarsane abdi dwi. anulya ingancaran.
18. Wawi anak sami awawanting. sampun mawi taha-taha ing tyas, di kaya wismanta dhewe. Gathak Gathuk anuwun. inggih sampun awalangati. tan rikuh-rikuh kula. wus bukti ngathêkul. Gathuk aris atatanya. lah-olahan datan wontên saliyaning. sadaya ulam tambra.
19. Kula pancen karêm ulam niki. Wargapati lingira (ng) gihanak amung iku ingkang jathok. ingah-ingahanulun. blumbang-blumbang sadaya isi. tan liyan ulam tambra. gurih gêmpi êmpuk. Gathak-Gathuk dennya nadhah. wus dumugi nuiya ingundurkên agilis. akiring waktu Ngasar.
20. Kyai Warga parentah mring dasih. angrêsiki langgar myang padasan. wus rumanti sadayane. umatur ring sang luhung bilih karsa wekdal Ngasari. ing langgar wus sadhiya. radyan linggar gupuh. samya ngambil toya kadas. Gathuk adan wusing sunat denkamati. gya perlu waktu Ngasar.
21. Wus paragad dennira Ngasari. Jayengrêsmi alon angandika paman lamun marengake. kula pan botên wangsul. dhatêng panti eca neng ngriki. Ki Warga aturira. kalangkung panuju. datan wonten sehosira. gya parentah mring dasih kinen ngusungi. dhaharan pangunjukan. [ 194 ]22. Glaran pasir lêmpir ulês putih. wus pinrênah dhaharan tinata. Ki Warga tanseng ngarsane. cakêt lan Gathak Gathuk. Gathuk tanya mring Wargapati dhuh Kyai anglêpatna. sagunging babendu. ulun nyuwun sasêrêpan, sampun pintên yuswa paduka Kiyai. dene ta maksih kiyat.
23 Anak êmpun sangang dasa kalih. Gathak njingklak wathah tuhu wrêddha. têka taksih kadi anem. punapi saratipun. Kyai Warga ngandika manis. datan mawi isarat. amung sabên tangsu. anglampahi puji-dina. têka mangke lir lampahe toya mili. pancen agêng sawabnya.
24 Gathak Gathuk sareng aturneki. nuhun Kyai ulun ngalab barkah. supadi kadi slirane. pinarêng panjang umur. sênêng têntrêm jangkêp ngaurip. winantu karaharjan. salaminya hidhup Ki Warga aris ngandika. inggih anak makatên pujinireki kalawan lampahira
25 Gathak Gathuk gya sami nyêlaki. mêdhar sabda ingkang pujidina. ping pitu pan sanes-sanes. inggih ingkang rumuhun. dina Jumungah lampahing Nabi. Rosullolah salalu. hi wasalam iku mapan tan adhahar sêga. ing sadalu sadina puiinireki ya kapiya muninya.
26. Winical ping satus tiga nênggih. ing sadalu sawabe pan angsal kang nugrahaning Hyang mangke ping kalih dina Saptu. Sayidina Ngusman (n) darbeni.tan sare lampahira. sadintên sadalu. puji ya patah ya rajak. winaca ping satus titiga sawêngi. sawabe ingajrihan.
27. Dening mahluk kabeh kang kaping tri. dina Akat ingkang darbe lampah. pan Sayidina Ngumare. ing sadintên sadalu. tan ȧnginang pujinireki. ya kayu ya kayuma. angsal kaping satus. têtiga sadalunira. sawabe rahayu saumurireki. kaping pat Isnen dina.
28. Kang lampah Nabi Ngisa puniki. ngalahisalam tan dhahar ulam. ing sadina sawêngine. ya rahman ya rahkimu. pujinira satus sawengi. mapan punjul titiga. sawabe jinurung. ing Allah sakarsanira. kaping lima dina Salasa darbeni. kang lampah [ 195 ]Abubakar.
29. Tan adhahar tan nginum sawengi. Jan sadina puji subkana malikil kudus wacanane. ping satus lan têtêlu. ing sadalu sawabe ugi. sinihan dening Allah. kaping nênêmipun. dina Arbo ingkang lampah. Nabi Brahim wa ngalehi wa salami. pan nora dhahar uyah.
30. Iya sadina lawan sawengi. puji: subkanna maliki khahar. ping satus tělu wacane. sawêngi sawabipun. ingapura dosane nênggih. dening Allah Tangala. kaping pitunipun. dina Kêmis ingkang lampah. Sayit Ngali tan ngunjuk toya saratri. iya lawan sasiyang.
31. Pujinipun: ya kabiru malih. ya mutangal ping satus winaca. lawan titiga langkunge. sadalu sawabipun. sinung kuwat sabarang kardi. mring Allahu, Tangala. puji-dina iku. sapa wonge nglampahana. tinarima ngamale mring Hyang Linuwih. salamêt dunya kerat.
32. Gathak Gathuk matur sru kapundhi. wanci Mahrib suruping baskara. wus ngalumpuk sadayane. santri alit myang agung. samya ngambil toya astuti. mring langgar maca slawat. swaranya gumuruh. tan pantara ingadanan samya sunat bakda nulya denkamati. gya Mahribbi sadaya.
33. Jayengrêsmi ingkang angimami. swara arum buntas titih cêtha. Mahrib tumêkeng Ngisane. paragading kang wêktu. pupujian angalik-alik. donga matumpa-tumpa. ingaminan guyub. sawusira bakda Ngisa. para santri tumurun saking ing masjid. kang kantun amung ingkang.
34. Angladosi miwah Wargapati. datan mantuk eca pinarakan. neng masjid lawan tamune. Wargapaři umatur. dhuh nak angger bilih marêngi. mugi kaparêngana. pun bapa yun wêruh. gancare ingkang winastan. dahru-jaman punapa sampun nyêlaki. punapa taksih lama.
35. Jayengrêsmi awacana manis. ingkang winastanan dahrujaman. walahualam dhawuhe. yen mangkya kintên - ulun. dereng mangsa anitik saking. kawontênane janma. praja [ 196 ]dhusun. tanapi pasisir arga. taksih sami tan ana ngambah panitik. kasmaran kapirêngna.
1. Andikanira (n)Jêng Nabi. dhatêng kang para sakabat. heh sakabatingsun kabeh. ing benjang sapungkuringwang. ana mangsa satunggal. kang padha mênangi besuk. ing mangsa dahuru jaman.
2. Pratandhane kiyamatti. tur angrusak ing agama. ing sakehing umatingong. Bagendha Ngali tur sembah. amba inggih punapa. mêningi jaman dahuru. nayakaningrat ngandika.
3. Tan ana ingkang mêningi. sarupaning sabatingwang. Sayid Ngali alon ture. amba anglindhung ing tuwan. Nabi malih ngandika. ya sakehing sabatingsun. padha sira piyarsakna
4. Yen prapta ing jaman akir. sakehe umat binagya. pan amung saduman bae. kang pinasthi aneng swarga. pinara pitungdasa. pinasthi narakanipun. tur padha sinungan lanat
5. Kang ana sawarga benjing. kang anut agama Islam. pan lilima pikukuhe. sadat salat lawan siyam. jakat kalawan pitrah munggah kaji limanipun. iku marga kang sampurna.
6. Kang ora nut marga mami. iku dudu umatingwang, apan akeh têtêngêre. ing mangsa dahuru jaman. ana rupa pandhita. miwah ta panganggonipun. kadya tuhuning pandhita.
7. Pangucape Nabi Wali. kang ginawe pasikêpan. tur tan ana kayêktene. amung rarasan kewala. tan arsa angibadah. angaku edan mring ngelmu. ngaku sampurneng makripat.
8. Wonten angaku wong singgih. anuwalani (n)Jêng Duta. aruara pangucape. tandhane sinungan lanat. dening Hyang Maha Mulya. iku karanne tan emut. kinarya isi naraka.
9. Tuwas sembahyangireki. tan dadi wangsiting tingal. hura-huru wicarane wong wadon ginawe sabat. tur ngaku sinêrahan. isining jagat sawêgung. ngidhêpa maring rehingwang. [ 197 ]10. Amangana turu iki. padha Jawan asembahyang. mapan tan ana bedane. kabeh-kabeh padha lampah. becik kalawan ala nora nana bedanipun. pan uwis pangawak Suksma.
11. Kang pinangan nora milih. kalal karam iya doyan. sajêng inum-inumanne. wêtênge kang pinangeran. miwah ta wong ajina. nora nana bahyanipun. mapan wus awas ing tingal
12. Kang suci kalawan najis. iku nora na bedanya. burni sona padha bae. datan miyatani sira. tunggal pinangkanira sona tan lawan sinêrtu. pan wus pangawak sagara.
13. Sakathahe mati singgih sasambêleyan Hyang Suksma. pan nora nana paene. wênang panganên dennira. iku ngrusak agama jajallanat saminipun. yogya sira singgahana
14. Kang sawêneh polahneki. apêksa edan-edanan. denrusak ragane. panganggone tatambalan polahe lir wong edan tingkahe kaya wong liwung. kulambi walulang macan
15 Sapolahe nora yêkti. mindha wong brangta Pangeran. kang kadi wawijangane. sampurnane makripatnya. iku kang dadi wêjang tan wêruh yen dadi kupur. iku angrusak agama.
16 Kalampahan mangsa iki wong jail kaya pandhita. wong ngalim kadva wong bodho. bênêr dadi luputira. wong ina dadi mulya. mulya dadi inanipun wong sugih dadi kasihan
17 Wong kasihan lir wong sugih. raja denanggep kawula. abdi lir raja anggêpe desa geng dadi dhukuhan. dhukuh dadi nagara akathah dêlajadipun. ing mangsa dahuru jaman.
18 Ing mangsa mangke puniki. akathah wong asikara. lanang wadon den-tung gawe. suale kang dipun ulah. ginawe babantahan apêksa wirangi ngelmu. ujare brangti Pangeran.
19 Kang durung dipun kawruhi. iku kang denkarya sual. aling-alingan tatakon. wirang lamun (ngguguruwa. tansah angamandaka. ora ana di pangestu. ngelmune kang winicara
20. Kang sêtêngah ngelmuneki, den sambang-rapêt kewala. dan athik lawan budine. rumangsa yen wis kabuka, pinatut lan micara, nora na dadi pangestu. amuhung bisa rarasan. [ 198 ]21. Kang sawêneh paksa sidik. kaya wong ngarip lampahnya. ambêciki ing lungguhe, darapon katonna lumya. lumaku den alemma, angêgungakên ing laku. neng sangarêpaning kathah
22. Yen asepi nora milih. kalal karam dipunpangan. suci najis dipunangge. urate nora karêksa. yen aneng pasamuwan. kaya wong wirangi tuhu. dening karya masalahan.
23. Kang sawêneh ngelmuneki. dipun simpêni kewala sami den wruhana mangke.ecadennya ngambil kasap. kang anggung dipun ulah. milane asimpên ngelmu. sawadinipun wêruha.
24. Ana wong kang amadoni. api-api nora bisa. iku amrih duduning wong. Jungsene angamandaka. yen mêtu ujarira. anuli dentutuh tuhu. angungkurakên kewala.
25 Wêneh wong kang nora pilih kalal karam dipun pangan. lwir wong edan sasolahe. alênggah aneng pawuhan sapinggiring dadalan iku pangambilannipun. amrih kuncara ing kathah
26 Akathah ngelmu tan vêkti. ing mangsa dahuru jaman wong angambil ngelmu rêke. akeh ginawe ampungan. yen kesusahan manah kadya wong birai tulus ven sampun suka tan ketang.
27. Kang mukmin tan ana kari. kantun namane kewala miwah ingkang Islam kabeh. kari tandhane kewala. miwah kang ngaji Kur'an. akeh ketungkul ing laku. ciptane madhêp ing liyan
28 Lumaku ingalêm pingging. kang minangka gamanira emas picis iku rêke. wêtênge dadi panutan. kêtungkul dening boja. dahat kalindhih ing tutur. tan pêgat madhep ing dunya
29. Suwiji tan ana kari. kang umilih kabêcikan. miwah kang maksiyat mangke. tan parikudu cinêgah. ratunya kadya macan. kadi singa ki pangulu. munapek lir asu alas.
30. Wong pêkir miskin lir kambing. datan bisa amimitran. Iwur paksi neng kurungane. dene macan lawan singa. miwah kang asu alas. angideri marang wêdhus. tan angsal mangane mentar. [ 199 ]31. Tamat paman kang pawarti. ing mangsa dahuru jaman. Ki Wargapati turnya lon. langkung pamundhi kawula. ing pangandika radyan. wus manjing ing waktu Subuh. samya ngambil toya kadas.
32. Gathak adan ngalik-alik. nulya waktu Subuh samya. rahadyan dadya imame. bakda pupujiyan rahab. donga matumpa- tumpa. ingkang amin sêsêg sayuk. Hyang Bagaspati kawuryan
33. Nyunari sesining bumi. rahadyan aris ngandika. ingkang agung aksamane. ulun ayun (n)dumugekna. ing lampah mupung enjang. adrênging tyas ayun wêruh. patilasaning kadhatyan
34. Pajajaran duking nguni. Ki Warga aris turira. pun bibi ayun sarapan enjing-enjingan. rahadyan ris ngandika. sangêt ing panrimah ulun. sampun mawi susah-susah
35. (m) Bujêng lampah mupung enjing. Ki Warga (n)dhêku sumangga sakarsa ulun andherek. wus linggar saking ing langgar Ki Warga tanseng ngarsa. datan kawarta ing ênu. wus prapta ing patilasan.
36. Kraton Pajajaran nagri. rahadyan miyat balumbang wiyar awêning toyane. binatur ing sela krêsna. ingukir sasêkaran. dahat kacaryan sang bagus. Gathak Gathuk tan saranta.
37. Gya anggebyur rarya kalih. lulumban aneng balumbang. Ki Wargapati ature. punika kang patilasan. kang kantun mung balumbang. mangkya tumut Comas dhusun. blumbang agung paedahnya.
38. Criyosipun tiyang ngriki. yen estri datan wêwêka. jaler estri samya ciblon. sabên ari ingkang malang. enggale kaping tiga. laminipun kaping pitu. tamtu lajêng darbe suta.
39. Sela satêpining beji. ingkang (m) blader boreh sêkar. punika apan pupundhen. dipunmumule ing kathah. manawi wontên tiyang. gadhah kajeng anyunyuwun. punapa sakadarira
40. Katrimah ingkang pamuji. sayêktos tamtu tinêkan. mila kajuwareng ngakeh. kathah tiyang mancapraja. sami karaya [ 200 ]raya. mrêlokakên anyunyuwun. dhateng Kyai Selagilang.
41. Radyan mesêm lingira ris. (ng)gih paman boten kadosa. atut reh patilasane. wong agung ing jaman Buddha. tumêka ing samangkya. istijrate datan surut. labêt wus katarimeng Hyang.
42. Sarehning sampun dumugi. (ng)gyanulun myat patilasan. paman lilanana ingong. lajêng maring arga Salak. Ki Warga aturira dhuh babo risang linuhung. bilih kaparêng ing karsa.
43. Ulun sawangsa umiring. dhumateng ing arga Salak. têmbe manawi rahaden. wus mapan ing padhepokan. ulun kalilanana. wangsul mantuk dhatêng dhukuh Jayengrêsmi rum wacana.
44 Paman kalangkung prayogi. Ki Warga nulya umentar. nglêmpakkên anak putune. miwah ingkang kulawarga. kang bisa nambutkarya. lan mamatutakên tuwuh. mrih manise tiningalan.
1. Wargapati lumampah rumiyin. lawan anak putu kulawarga saput gaman pakaryane. sapraptanireng gunung. lajêng samya anambutkardi. karya kang padhepokan. lambung kilen gu- nung. sasêngkan kaparêng nganjat. milih ingkang tengah-têngah ana radin. toya (n)jog yun kinarya.
2 Jayengrêsmi myang abdi kakalih. linggar saking patirtan tut wuntat. ingkang andulur lampahe. samarga gandrung-gandrung. kadya age prapta ing wukir. ing lampah tan winarna. prapta lambung gunung. miyat ingkang nambutkarya, tan. cinatur laminya manambutkardi. mangkya wus paripurna.
3. Wargapati anak putu tuwin. kulawarga sami apamitan. wus linilan sadayane. sajuga tan na kantun. kantun radyan myang abdi kalih. trusthanireng wardaya. munajat Hyang Agung datan kêndhat dalu siyang. Gathak Gathuk suka myat rêngganing wukir. dhepoke sang minulya. [ 201 ]4. Langkung asri rêrêngganing ardi. kêncêng pinarsaja jejidharan. paripurna parigine. ngongkang dwi tlaga luhung. toyanira sumilak wêning, binotrawi sumunar. ingkang sela pingul, ingukir pinatra sêkar. rinarêngga lalaren alit amarik. kang kayu apu pita.
5. Pinrap sapangandhap sapanginggil. mêngkap-mêngkap katrajang ing toya. ngalingkap katon kakape. sela kinarya iku. sinundukan sinungan sêntil. ingukir datan siwah. lan mina satuhu. dhepok kinubêngan toya. laren alit wutahing we amranani. mring talang sela krêsna.
6. Tibaning we sumawur mratani. sumamburat kanan kering tlaga. rinêngga sri sadayane. pêpengêtan mamungut. kêkêmbanganira ngubêngi. thinarik apapanthan. tinata pinatut. ana munggeng anjang-anjang. myang aneng we satuhu tan nguciwani. karya rênaning driya.
7. Andong arguio mawami-warni. adhaliyah andul anggrek wulan. moja myang nagasarine. cêpiring cêpaka rum. clakêt cengger ragaina di. rukêm lawan rêjasa. krandhang kalak arum. ka- nigara myang kalurak. kalilika kamuning lawan kanikir. kasturi myang kananga.
8. Dlima dangan druju dilêm tluki. tunjung trate tlutur tungkeng sungsang. soka srigadhing slastrine. sruni sumarsaneku. widuri myang wungu warsiki. wora-wari bang lawan. Jandêp lara- wudhu. liandêr myang larangêndhat. patragala pudhak pulu purbanagri. prabu-set pancasuda.
9. Pacar banyu abang kuning putih. sungsun lamba puthut pacarcina. pacarkuku rum gandane. sruni sumarsaneku, widuri myang wudhu warsiki. mênur sungsun lan lamban. mêlathi malêtuk. mandhakaki gandapura. gambir abang dhawung miwah gambir putih. buntut kucing bang jênar.
10. Bakung bangah bêbêg manggon têbih. têlêng gubêt manyilêp ing ganda. sinambêtan angge-angge. ulêt-ulêt myang inggu. adas cengkeh cêguk cabei. rasukngin rasamala. kêtumbar kemukus. kayu abang kapulaga. klêmbak kiabêt kadhawung [ 202 ]myang kayu legi, daging têgari trawas.
11. Kayu tai sintasari murni. sarikurung sumba sidawayah. sêprantu suksmadi luweh. widara putih laut. waron pala pu pulasari. pucuk pacar jongrahap. jintên mrica makmur. mêsoyi manis maênyan mungsi ganthi gêlan garu botor tuwin. ingkang bungah-tempayang.
12. Ngandhap malih kinubêng thinarik. tarupala wowohan mawama. asêm êlo lawan êpreh. nam-ênam nangka madu. crême rukêm randhu kuweni. kokosan kêtos kleca. kalayu kapundhung. kacapi kawis kêmlaka. kopi kluwih dlima duren tanjung tangkil. sawo sêmak srikaya.
13. Sêntul soklat sukun myang sulastri. wuni waringin langsep pijêtan. pêlêm plênisan myang pakèl. pohocung dhuwêt dhuku. jêruk jirak jambu mêpêki. nyamplung manggis malowa mlinjo maja mundhu. gowok kêdhondhong myang gayam balong blimbing blimbing-wuluh besaran brit. bogêman babanjaran.
14. Kang mungkasi wowohan ing nginggil. saubênge kanang padhepokan. sumadya let paperenge. sinêling alit agung. aren klapa siwalan tuwin. jambe jêmbar banjaran. dhawe sêlingipun. tanêman pisang sêk-sêkan. myang pon-êmpon kêncur kunci jae sunthi. kunir bang lawan pêthak.
15. Têmu-lawak êpoh têmu lathi. lêmpuyang kapur êmprit dipangga. dalingo pacing laose. puspanyidranya munggul. candhana rum wijen ngèletti. têgalan jejanganan. kacang kara timun. bêstru ceme pare ula. bligo waluh labu pare dhempel markis. tumrap ing anjang-anjang.
16. Kang ginula-gula marik marik. kapri buncis lobak bit ramenas. wortel brambang myang bawange. sledri madinah arum. kobis sawi sêlat kucai. andewi patraselya. ing têgal winuwus. lombok terong myang sêmangka. krai timun wuku kenthang kacang kucir. ingêlêtan wit salam.
17. Larasêtu sêle nalisiri. pala kêsimpar juwawut boga. canthel otek jepen wijen, kêmangi gagang wulung. pala pêndhêm ingkang nambungi. gadhung walur suwêg myang, pohung kimpul bên [ 203 ]tul uwi gêmbili gêmbela. linjik tela gêmbolo nampu mungkasi. sinambungan pagagan.
18. Asri tinon sênênning kang wukir. karamate Sang Tuhu Minulya. sadaya nêdhêng uwohe. tan ana kêndhatipun. wus kawentar ing kanan kering. lamun ana karamat. ing Salak dudunung. Jayengresmi paparabnya. amung lawan rencangnya kakalih nami. gus santri Gathuk Gathak.
19. Anggêlarken dana sining wukir. tan winancen sapa ingkang arsa. ngungundhuhi sasukane. sabên ari asêlur. ingkang sami minggah ing wukir. amupu kang dadana. tan na kêndhatipun. kang denambil datan têlas. malah wêwah kapirêng liyan nagari. nora amupu dana.
20. Suka ing tyas sukur ing Hyang Widdhi. Jayengrêsmi lami aneng Salak. sigêg ganti caritane. kang dhêdhepok ing gunung. Karang Bantên nênggih Seh Brahim. karan Kiageng Karang, dadya paguron gung. wus mashur ing mancapraja. trang ing kawruh alim kitab myang salêsih. lakuning kang agama
21. Trang ing cipta tanpa papan tulis. ing sadhengah patakoning janma. tan ana binalekake. ngelmu kasap myang lembut. lair batin sampurna jati. kang samya puruita. tan kêna ingetung. santrinya tanpa wilangan. ingkang uwus pruita tan nêdya'mu- lih. keh kandhêg wismeng Karang
22. Kyagêng Karang lagya nandhang wingit. sakesahe putra angajawa. tita tan ana wartine. sawiji dina nuju. mirêng swara langkung dumêling. nanging tan lawan karna. ujaring swareku. sira dennarima ing Hyang. wis pinasthi sutanta tan bisa panggih. kalawan pakenira.
23. Nanging mangkya sira denparingi. kang minangka liruning putranta. sira umentara age. marang ing Salak Gunung. kono ana satriya luwih. atmajane Susunan. Giri Prapen iku. wus katon karamatira. aran Jayengrêsmi kanthi santri kalih. si Gathuk lan si Gathak. [ 204 ]24. Patut sira pondhongana nuli. kang minangka gantine sutanta.. lawan kawruhanmu têmbe. sutanta kang angjangut. nunggal lawan si Jayengrêsmi. umanjing dadya siswa. pinet kadang tuhu. wus lir tunggal ibu-rama. dalajate oliya wus angempêri. amung kacek sausap.
25. Atus ingkang swara Kyagêng Kawis. andodonga sukur ing Hyang Suksma. kalangkung suka galiye. bakdane salat Subuh. tanpa abdi Kiyagêng Kawis. nyipta mring Salak arga. tan dangu wus rawuh kendêl tepining pagagan. akcaryambêg myat asrining kang wukir. nêdhêng ingkang tanêman.
26. Miwah kehe jalma jalu estri. ingkang samya amupu dadana. sêlur tan nana pêdhote. ginendhong myang pinikul. Kyagêng Karang ngandikeng galih. nyata ujaring swara. mangkana sang bagus, ing tyas wus tan kikilapan. gya tumurun santri kalih tanseng wuri. tundhuk mangraup pada
27. Kyageng Karang tanggap ing panggalih. tansah rinangkul sarwi ngandika. dhuh woding tyasingsun angger. (ng)gonmu neng Salak gunung. pirang sasi têkeng samangkin. dene wus gêmah ripah. radyan alon matur. nuwun sawêg kalih wulan ven kêparêng (n)jeng rama kulaaturi. pinarak mring pondhok kula
28. Mesêm-mesem Kiageng ing Kawis. wus pinarak aneng padhepokan. Kyagêng arum andikane. heh kulup praptaningsun. yen sambada karsanta kaki. saiki ingsun gawa. marang krajan-ingsun. têtêp kamurahaning Hyang. dadi liru kadangta kang wus lunga nis. radyan matur manêmbah.
29. Dhuh sang luhung, sadarmi nglampahi. pêjah gêsang kawula sumangga. ing sakarsanta andherek. samya lêganing kalbu. Kyageng Karang ngandika malih. payo kulup umangkat. dene ingkang kantun. jêjêre si Gathuk Gathak. nanging aja kari miluwa mring Kawis. radyan datan lênggana.
30. Gya anyipta kondur maring Kawis. wus pinarak neng Karang karajan. tan pisah lawan santrine, wau ing Salak gunung sapêngkêre Dyan Jayengrêsmi. kang samya mupu dana. tan na bedanipun. pinanggih lan Gathuk Gathak. kadya kala raha [ 205 ]dyan ana ing wukir. nahan kang aneng Karang.
31. Jayengrêsmi myang abdi kakalih. wus akumpul sanggyaning pra siswa. datan mantra lagya nêmbe. ari sajuga nuju. bakda Luka Kiyagêng Kawis. lênggah surambi lawan. putra sang binagus. Kiyagêng arum ngandika. samben lungguh kulup sunarsa miyarsi. laksana pakenira.
32. Saka Giri prapta Salak wukir. kadiparan kulup caritakna. radyan sandika ature. ingandhar tan kalimput. purwa madya wasananeki. langkung rênaning driya. Kyageng ngandika rum. iku kalangkung utama. sarta prêlu prayoga dipun lakoni. kang amrih raharjanta.
33. Dene kabeh kawruhira kaki. laku-laku miwah sangat-sangat. sarta dina myang tanggale. Jan ukur sadayeku. ingkang ala lawan kang becik. miwah naas lan sangar. tali wangkenipun. miwah ta kang ringkel jalma sampar wangke dhungulan kudhu-ma-beki. sapapadhane uga
34 Dina ala lawan dina becik. jamun tambah bisa ngarah-arah. ingkang becik kang pinileh yen kasusu ing laku. kaya prive (ng)gonne amalih. ala bêcik tinrajang. aja was ing kalbu pasraha marang Pangeran. pati urip lara waras lawan malih bêgja lawan cilaka
35 Iku dudu gaweyaning jalmi. mapan atas Kang Amurbeng
Alam ingkang manci sakabehe aja sak sêrik kalbu.
denkumambang wiseseng Widdhi. manungsa mapan darma.
obah osikipun. pan pitulunging Pangeran. nora nana daya
kuwate pribadi. nanging pitulunganing Dat.
36 Denkumambang wisesaning Widdhi. upamane badaning manungsa. Iwir sarah aneng laute. saparane pan anut..mring om-bake sagara yêkti. iku mapan sanepa. -ning manungsa iku. mulane ana babasan. wong kakehan sakarat iku sayekti. sakabehing manungsa.
37. Duk uripe neng dunya puniki. sadina-dina pan wis sakarat. miwah sawêngi-wengine. manggung sakaratipun. mêlek turu sakarat ugi. mila ngaran sakarat. wong neng dunya iku. dene ta [ 206 ]ing salaminya. urip iku neng dunya tan pêgat dening. layar sagara rahmat.
38. Ngaior ngidul ngetan nguon nênggih. (ng)gonne layar pan nora tumeka. iya marang dharatane. mila tan ana mangguh. ing dharatan dening jaladri. tanpa têpi punika. prandene kang wêruh. layar sadhela tumêka. ing dharate kang sagara tanpa têpi. suprandene ya ana.
39. Ing têpine graitanên ugi. dene wus aran iku sagara. tanpa têpi suprandene. kaya na tepinipun. ngengkol têmên basa puniki. kapriye yen kênaa kinira ing kalbu. dinuga-duga watara. saking kira-kira mapan datan kêni. kajaba kang wus wikan.
40. Ing têpining ingkang jalaniddhi. sagara rahmat kang tanpa ombak. nanging giumêgêr alunne. samun lamun dinuju. sawangane rêsik tur wêning. mila kang sami layar. tan nganggo parau nyana tan na pakewuhnya. yen tinrajang têlênge keh parang curi. mila arang kang prapta.
41. Ing têpining ingkang jalaniddhi. dene alayar tan mawi palwa. alangka têka pinggire. barakane puniku. kathah kerêm katanggor curi. mila ayun waspada. mring pakewuhipun. iya ing sagara rahmat. mapan akeh pancabaya jro jaladri. mila arang kang prapta
42. Mapan arang iya angawruhi. ing warnane ya sagara rahmat tur sadina sawengine wong aneng dunya iku alalangen aneng jaladri. jroning sagara rahmat. prandene arang wruh. saking kalingan ing tingal. kalimput ing pancabayaning ngaurip. mila arang waspada.
43. Yen arsa layar maring jaladri. sagara rahmat mawia palwa. sarta lawan kamudhine. pandoman sampun kantun. myang layare dipun abecik. miwah sanguning marga. ywa kirang den agung. yen tan mangkono tan prapta. ing têpine iya sagara rahmati. pan mundhak akangelan.
44. Baitane pan êninging galih. kêmudhine pan antêping tekat. sucining kalbu layare. pandomanipun iku. pituduhe guru sayekti. sangune ngelmu rasa. lakune parau. kalawan murahing Edat. [ 207 ]yen tumêka aneng tepining jaladri. uga sagara rahmat. 45. Dadi bodho wong puniku nenggih. milanipun bodho wong punika. dene tan wruh mring dheweke. pan suwung jatinipun. (ng)gih puniku kang wus udani. wruh têpining samudra. kaelokan tuhu. Jungguhipun Akadiyat duk layare Wahdat lungguhipun nênggih. angkate Wakidiyat.
46. Iya dipun kawruhana malih. iya sagara patang prakara. iki ta siji-sijine. ingkang rumiyin iku sagara Dat namanireki: ping kalih pan sagara. Sipat namanipun. ping tiga sagara Apngal. namanira kaping patipun puniki. aran sagara Asma.
47 Yen ta durung wong iku udani. ing dununge kang sagara papat. prênahe wiji-wijine. durung sampurna iku. ing prênahe maksih sak sêrik. supadya ngupadosa. tatakon kang luhung. aja muwus barang karya. mapan wênang mungguh wong urip puniki. bubuhaning iktiyar.
48 Karana abot babo wong urip. mapan nampik milih iku wênang. yen milih ala wong kuwe. dadi wong tanpa kusur. yen ngamungna milih kang becik. dadi wong tanpa ngrasa. kudu bêcik iku pan na sungkan lamun ala. yen miliha ala sungkan nganggo bêcik. wong nasar ambalasar
49 Dipun sami marsudi ing budi puniku lambang wong kuna-kuna. pinrih graitane dhewe. (ng)gen taki-taki kawruh aja lawan pakon liyaning. pinrih marsudi akal. ing tyas dikaraup. sampun ngêmungakên têdah. têdah guru pribadi ingkang marsudi. pocunge kêpanggiha.
1. Iku kulup paliyasan sakeh petung. andhèku rahadyan. katung ka wektu Luhuri. wusing bakda Kiyagêng gya kondur dhahar
2. Jayengrêsmi neng Karang eca tyasipun. sigêg gantya ingkang. winursita lampahneki. Raden Jayengsari Jawan arinira.
3. Sang dyah Niken Rancangkapti maksih timur. myang abdi pun [ 208 ]Buras. lolosira saking Giri. dumugi ing lepen Emas nitih palwa.
4. Wus tumurun saking baita gya laju. ngambah Wanakrama. karsanira ayun mampir. marang dhukuh pasantren ing Sidacrêma
5. Praptanipun ing Sidacrêma sang bagus. Ki Buras umentar. pinanggih lawan Kiyai. Amatsungeb sawusira sasalaman.
6. Amatsungeb tanya wigatining laku. Ki Buras prasaja. mangkana dupi miyarsi. sru gagêtun gupuh marek ing rahadyan.
7. Sampun tundhuk Ki Sungeb ngrungkepi suku. karuna lir kênya. sasambate mêlasasih dhuh gustiku ingkang abdi boten nyana.
8. Jayengsari pangandikanira arum. apa kang rinasa. kawula darma nglampahi. obah osik saka kwasaning Pangeran.
9. Wus ngaturan laju marang wismanipun. santri kathah mulat.kacaryan endahing warni. samya ngiring sapraptanira ing wisma
10. Jayengsari ingaturan lênggah salu. Niken Rancangkaptya. laju mring wisma wus panggih Nyai Sungeb kalangkung anyungga-nyungga.
11. Sinugata binojakrama kalangkung Ki Sungeb turira panuwune ingkang abdi. kêparenga lereh ing ngiriki kewala
12. Bilih wontên utusan sing Surengkewuh. amba kang nanggulang. ngekahi risang pinêkik. radyan mesêm aris pangandikanira.
13. Iku paman banget panarimaningsun. (ng)gonira tumanggah. minangka wawalêsing sih. kanugrahaning jêng rama marang sira
14. Ingsun anut apa kang dadi karêpmu. mangkana Ki Amad. langkung (m)badhêdhêg (m) bêdhidhig datan nyana jamun ngecani wicara.
15. Wanci surup ing masjid santri gumuruh. samya maca slawat. rahadyan ayun mring masjid. lan Ki Buras sang dyah mêdal saking wisma. [ 209 ]16. Kakang marang ngendi aku suthik kantun. yayi yun sêmbahyang. wektu Mahrib marang masjid. bakda Ngisa (ng)gonku bali marang wisma.
17. Mung sadhela sira yayi aja milu. iya iya kakang. gawekna mantenan dhisik. êndi Buras mantenaku kang kokgawa.
18. Buras (n)jêpluk we ladalah wau kantun. duk kendel ing jurang. supe boten kula cangking. hara piye Buras enggal balennana.
19. Pasaranku lan dhakon êndi tak jaluk. o lah dalah tiwas. dhakon pasaran denambil. yuyu kangkang kala wontên lepen Emas.
20. Rancangkapti anjêkutrut gêdrag-gedrug. Buras jiniwitan. mêmbêg-mêmbêg api nangis. benjing-enjing kula lintoni sadaya.
21 Dadya magru rahadyan tan siyos wektu. ngrarapih ring kadang. kumêmbêng waspanireki. sang dyah lilih sare neng pangkoning raka.
22 Bakda Ngisa Ki Sungeb marêg sang bagus. ngaturkên sugata. nyai-nyai kang ngladosi. sarwi matur rayi dalêm sang lir rêtna.
23. Sampun ulun cawisi manawi wungu. radyan angandika. bangêt panarimamami. wusing dhahar linorodkên mring Ki Buras.
24. Buras matur kula nyai taksih tuwuk. nêdha wau siyang. labete sangking kalantih. ragi nyengka niki taksih mayag-mayag.
25. Graitane Ki Buras yen sesuk-esuk. lolos tan pamitan. kangge sangu aneng margi. nora wurung (n)dara putri mundhut sêga.
26 Nyai Sungeb wus ngengehkên ulam sekul. pok tumpêng tinumpang. ulam ingkang garing-garing. nyai lawan rencang wus lumêbeng wisma.
27. Buras gupuh mênêdi ulam myang sêkul. gya pi-api nendra. radyan lenggah ngisik-isik. ingkang rayi Ki Sungeb sawusnya nêdha
28. Lawan nyai marêk alon aturipun. bêndara arinta. prayogi sare ing panti. kakêlonan pun bibi byangipun dhenok. [ 210 ]29. Paman cikben turu neng kene rumuhun. bocahe kagetan. mênek nglilir muring-muring. lamun beka gawe anyêling wardaya.
30. Kyai Sungeb parentah ing wangsanipun. ywa na ramya-ramya. sirêp tan na sabawaning. nyai kyai ngaso kabanjur anendra.
31. Lir kataman sisirêp sadayanipun. amung guse Buras. ngalilir anulya tangi. gya ingawe wus cakêt marang rahadyan.
32. Ngandika rum kapriye Buras karepmu. rehning kakang-êmas. ing kene kêtêmu sêpi. tan prayoga yen ngantiya lawas-lawas.
33. Nora wurung konangan wong Surengkewuh. Buras aturira. lêrês timbalan sang pêkik. sawêr ponthang manah kula mêlang-mêlang.
34. Yen pamita dhatêng ki wisma tan wurung. pasthi nora suka. apêse padha umiring. ing sapurug temah (n)juwarehi lampah.
35. lya bênêr mangkono pangiraningsun. Buras karsaningwang. payo linggar bêngi iki. lah gendhongên bandaramu kang anendra.
36. Wus samekta rahadyan gya linggar gupuh. prapteng jawi dhadhah. lêstari tan ana uning. Amat Sungeb satanginira anendra.
37. Anuweni marang ing tatamunipun. sadaya tan ana. gugup anggugah-gugahi. wusing tangi kinen ngupaya tamunya.
38. Ting bilulung tita tan ana kepangguh. nêngna Sidacrêma. Jampahnya Dyan Jayengsari. ngidul ngetan sang anom wus ngancik wana.
1. Baskara mingip ing arga. kendel dennira lumaris. aneng ngandhaping mandira. satêpining sêndhang wêning. wau dyah Rancangkapti. aneng gendhongan wus wungu. Buras aku udhunna. iki arep menyang ngendi, mau bêngi neng desa iki neng wana. [ 211 ]2. Medhun saking pagendhongan. aneng pangkonne sang pêkik. kakang aku ora krasan. neng kene tan ana jalmi. Jawan datan pinanggih. Jan si kakang kang denruruh. payo mulih kewala. mêngko bengi turu ngendi. lan nyang ngendi enggone tuku jajanan.
3. Radyan anglês ing wardaya. pangandikanira ririh. jare (ng) goleki si kakang. têka sira ngajak mulih. mengko rak nuli panggih banjur mulih bocah têlu. sang dyah wus katon lejar. kakang aku adus dhisik. yen wis adus Buras banjur jajakêna.
4. Sêga êmpal pêtis rambak. Buras matur inggih-inggih. wus mentar amping-ampingan. wit mandira mumungkusi. rampung umarêg aglis. sang dyah tanya maksih kungkum. Buras (ng)gonnira jajan. wong bagus apa wis olih. inggih (n)dara punika io sampun angsai.
5. Radyan ririh atatanya. (ng)gonmu jajan menyang endi. dene gelis têmên têka. Buras matur clumik-clumik. sêgahe wau ratri. rehning amba taksih tuwuk dadya nêdha ngengehan. sêkul ulam ingkang garing ing samangke kula dhapur jêjajanan
6. Sang dyah wus ngrasuk busana. laiếng pinangku sang pêkik. Buras ngudhari wungkusan sêkul êmpal rambak pêtis. kakang le jajan ngendi. apa kene cêdhak warung. rara adoh warungan. kathik mau Buras gêlis. Buras matur kula titip Ki Maruta
7. Maruta iku wong apa inggih tiyang angin-angin. sang dyah gumujêng ngandika. jênêng athik kaya jarik. iki panganên aglis. Buras ênya lorodaku. mangana êndak dulang. wus mangap katon kang sentil. sêkul ulam dinublagakên sapisan
8. Api-api pandêlikan. sang dyah gupuh amet warih. suka rêna ing wardaya. radyan angandika aris. payo rara lumaris. mupung maksih wanci esuk. linggar saking mandira. kang rayi tansah kinanthi. ngidul ngetan ngancik tlatah Pasuruwan.
9. Dalu lêrêm padhusunan. byar raina gya lumaris. siyang nêdhêng ingkang panas. kendel denaring-aringi. sasukane rarya [ 212 ]lit. nahan wau lampahipun. prapta tepi talaga. winastanan Ranu Grati. toya wêning bajul baya samya ngambang.
10. Abayak arak-arakan. sudhetannira têlagi. lir lepen miiwisnya kathah. samya nigan aneng gisik, sang dyah duk aningali. léjar ing sungkawanipun tatanya mring kang raka. kakang buron apa iki. gêdhe-gêdhe cangkême kaya kukusan.
11. Galo sing cilik ya ana. rahadyan ngandika manis. rara yeku aran baya. bajul ingkang rada cilik. nrete kang luwih cilik. kakang apa kang kinayun. padha marani kakang. apa arêp (n)jaluk dhuwit. apa (n)jaluk sêga utawa panganan.
12. Yen caturan kaya paran. radyan mesem iya yayi. iku tan bisa caturan. yen bisaa tata jalmi. mulane amarani.(n)jaluk mangsan karepipun. kakang aku yun wikan. priye (ng)gone mangan kuwi. karo apa doyananne kaki baya
13. Iku rara kang dimangsa. manuk buron kang mring warih. trêkadhang sok nyarap janma. sang dyah ngandika mring abdi. Ras apa ta tan pengin. pinangan dening ki bajul. Ki Buras girab-girab. lumayu gugulung koming. api-api karuna amêgap-mêgap.
14. Sang dyah sru suka ngandika. Buras balia sireki. ki baiul êmoh mring sira. wong rupamu kaya trasi. Ki Buras wangsul agiis. (m)bêkta tigan mliwis catur. ingaturakên sang dyah. ngandika olehmu ngendi. kakang payo padha angupaya tigan.
15. Radyan nulya lumaksana. sang dyah suka angambili. tigan maliwis angambak. aneng satepining kali. mancer Hyang Bagaspati. sumêletira kalangkung. sang dyah akicat-kicat. heh Buras gendhongên mami. ora bêtah (n)dhuwur ngisor padha panas.
16. Nyang awak datan karuwan. payo kakang leren dhisik. sinêngka dennya lumampah. prapteng papan gasik rêsik. wit agung angayomi. wanara pating palangkruk. geng-ageng langkung kathah. uning ana jalma prapti. samya ngumpul suwaranira gumêrah. [ 213 ]17. Satengahe pangayuban. ana umbul langkung wêning. ngantya biru sinatmata. sang dyah atatanya ririh. kakang iki ing ngendi. balumbang banyune biru. mêtu saka ing ngandhap. sapa kakang kang ngangsoni. iba kehe balanjane tukang toya.
18. Radyan gumujêng ngandika. kagawa rupaning warih. Banyubiru ingaranan. kakang aku wêdi kuwi. sing padha ting paringis. aneng ngêpang mangruk-mangkruk. gêdhene padha janma. nora nana nganggo tapih. ting caruwet basane nora karuwan.
19. Kakang buron apa janma. rahadyan ngandika aris. iku kang aran wanara. kang ngarep gêdhe pribadi, bangkokan aranneki rinatu ing wre sadarum. kakang (n)dhog apa doyan. radyan nulya anguncali. ingkang tigan tinampanan ing wanara.
20. Sawusira tampi tigan, gya mentar datan kaeksi. wanci lingsire baskara. linggar saking toya wilis. Niken dharat kinanthi. angubêngi kanang umbul umiyat sela krêsna. ngadeg wa- ngunan pasagi. neng sisih ler ingukir sêratan Buddha.
12 Tamat dennira mariksa. lajêng lampahira prapti. wana keh taru sêkaran. nêdhêng wohe angêmohi sang dyah suka mêmêthik. sekaran sasênêngipun. Buras ngundhuh wowohan klampok arum dhuwêt putih. kêpêl gêdhang manggis dhuku pisang êmas
22. (m)Barêngkut binuntêl sinjang. ingaturakên sang putri. lawan radyan samya nadhah marêm tan karaos ngêlih. riwusira dumugi. rahadyan ngandika arum. yavi payo umentar. mênek kadalon neng margi. apa mlaku apa ginendhong si Buras.
23. Kakang lumaku kewala. durung krasa kesêl mami. karo golek kêmbang-kêmbang. lêpas lampahira katri. Jaminya aneng margi. tan winarna prapta sampun. talatah nagri Malang. sukunira Tengger wukir. myarsa swara sora lir (m) baunging sona.
24. Rahadyan kampir umiyat. saking mandrawa kaeksi. grojogan we saking arga. dhumawah ing jurang trêbis. katelah nama ing Baung. toya wamanya pêthak. kadya kapuk denwusoni. sruning swara tan karenga yen ngandika. [ 214 ]25. Wusira miyat grojogan. laju dennira lumaris. ratri sipêng padhusunan. bakda Subuh mangkat malih. prapta ing Singasari. Radyan kendel lampahipun. umiyat candhi pelag. seja cêmêng wangun masjid. rinarêngga ingukir êlung pinatra.
26. Mubeng pinagêran sela. supit urang gapura di. kiwa têngenning gapura. gupala kakalih sami. agêng ambêkta bindi. kadi jegang dennya lungguh. maripat sakalapa. malolo siyungnya ngisis. ilat melet tumumpang ing untu nyrangas.
27. Sela wêtah tan sambêtan. wau Niken Rancangkapti. kagyat kalanira miyat. tanya mring raka sang pêkik. kakang dene mêdeni. kuwi uwong apa dudu. kalawan omah apa. kabeh watu kaya masjid. Jayengsari mesêm sarwi angandika
28. Iku yayi rêca sela. kang lir masjid aran candhi. ayo kakang padha miyat. aku dhêmên aningali. kaya mantenan bêcik sapa kang akarya iku sawusira umiyat. mêdal saking ing cepuri. gya úmentar kalangkung rêkaseng marga
29. Sang dyah ginendhong Ki Buras. prapteng tlatah dhusun Sisir kendel rahadyan umiyat. sumbêr aran Sanggariti we mêdal saking candhi. sela ingukir pinatut. kang sisih mijil tova tawa asrêpnya nglangkungi. sisih medal toya angêt sawatara
30. Sang dyah siram gantya-gantya kalamun karaos atis. marang toya ingkang panas wus siram umentar malih kasapur ram mampir. mring dhukuh sipêng sadalu. byar eniang nulya bidhal. ing lampah mangkya wus prapti. dhusun Tumpang anon candhi alit endah.
31. Kadi cungkup wawangunan. inggilira sawatawis. ngandhap kering linêbêtan. ing nglêbêt kalimis gasik. tilas asrameng rêsi. gandanira amrik arum. sang dyah tanya amring raka. kakang omah apa kuwi. kaya êrong ambune arum angambar.
32. Apa panti pangratusan. (ng) gone (n)deleh jarik ngêndi. iku yayi candhi uga. pangiraku duking nguni. tilas patapan resi. kang amambu amrik arum. labêt kukusing dupa. nalika muja samadi. sang dyah angling kakang age kongkonnana. [ 215 ]33. Buras gawanana arta. têlung dhuwit punjul sêdhit. sangonana telung gobang. konên tuku ratus wangi. benjing yen prapta panti. dak (ng)go oleh-oleh sibu. kalawan kanjêng rama. sru sumedhot kagagas wardayanira.
34. Kengêtan ing ibu-rama. miwah kadang kang lunga nis. mbarêbêl luh marawayan. Niken Rancang angusapi. ngandika kakang nangis. apa ta luwe wêtêngmu. dhuh rara nora lapa. kalilipên godhong jati. mata kiwa tengên padha damonana.
35. Gupuh kalih dinamonan. kakang néngaa manginggil: kangjêng rama nungang gajah. kêrise wilah sanyari. saiki uwis mari. katara pampêt êluhmu. Buras ge lumêbuwa. wus lumêbêt sorring candhi. tan pantara dangu mêdal bubutulan.
36. Apa ta wis oleh Buras. dene gêlis banjur bali. o (n)dara uninganana. ing nglêbêt kapanggih sepi. kang wonten amung mimik. agêngipun sajunėjun sang dyah malih ngandika. apa tan nyakot sireki. inggih (n)dara kang nyakot amung sasanga.
37. Wis Buras ywa bali sira. (ng)gih bêndara kula ajrih. tamat dennira mariksa laju lampahira kampir. ing dhusun Kidhal nênggih. anon candhi alit bagus. ingukir gagambaran wayang wanara mawarni. Rancangkapti pêgat dennira mariksa.
61. MEGATRUH
1. Kakang iki apa gambare sing mangkruk. ana pang kala rumiyin. lawan apa jênêngipun. dene ta wangune sami. kaya mau kaci bolong.
2. Iki nganggo undhak-undhakan mandhuwur. payo kakang denunggahi. aku arep wêruh pucuk. gya minggah ari kinanthi. pan sarwi angling pawartos.
3. Padha candhi mau iku gambar munyuk. mangkana wus prapteng nginggil. ing pamujan wastanipun. wusnya aso sawatawis. tumurun sang dyah ginendhong. [ 216 ]4. Prapta ngandhap nulya kampir maring dhusun. rahadyan sipêng saratri. pajar gidib pangkatipun. ingkang sinêdya ing galih karsanira sang wiranom.
5. Maring ardi Tengger manawi kapranggul. ing raka dyan Jayengrêsmi. tan cinatur laminipun kang rayi tansah kinanthi. kalamun sayah ginendhong.
6. Ngaler ngetan prapta ing Pasrepan dhusun tan kampir gya manjat malih. asrêp rêkasa ing ngênu. wus prapta dhusun Tasari. ardi Tengger iring êlor
7. Sang dyah angling Buras udhunêna ingsun. kesêl (ng)gonku ana gigir. nulya kinanthi sang Bagus. raryan ngandhaping sulastri. (n)jawining dhadhah têmbing ior.
8. Kakang aku luwe upayakna sêkul. lan gorengna iwak pitik. Buras ngupayaa gupuh. mring jroning padesan iki. Buras sandika wotsinom.
9. Prapteng dhusun pinanggih lan kamisêpuh Buvut Sudarga kakasih. Buras matur kula nuwun manawi pareng ngilen: sekul tuwin ulam babon
10. Kyai Buyut tatanya sintên kang ngutus ki Buras umatur anis kang ngutus bandaraulun nama Raden Javengsari (m)bêkta sadhereke wadon
11. Taksih timur punika kang nêdha sêkul. dene bandara kakalih inggih sami putranipun. Susuhunan Prapen Giri. duk bêdhahe Giri lolos
12. Lawan wontên sadherekipun kang sepuh. nama Raden Jayengrêsmi. inggih sareng lolosipun. punika kang denulati. ananging dereng kapanggoh
13. Wartosipun kewala botên kerungu. mila klantur prapteng ngriki. Ki Buyut dupi angrungu, wacana mring Buras aris. kacung niku pyantun yêktos
14. Wijilipun ngawirya rêmbêsing madu. têdhake andana warih. kintêne napa sarêju. pami kula turri kampir, dhumateng ing wismaningong. [ 217 ]15. Amangsuli Ki Buras langkung pakantuk. wawi anak (n)dika irit. ulun yun marêk sang luhung. Buras gya lumakeng ngarsi. prapta ngarsane sang anom.
16. Mundhuk-mundhuk angrêpepeh Kyai Buyut. trêpsila amangênjali. sarwi aris aturipun. pun bapa atur basuki. rawuh paduka ing dhukoh
17. Kamayangan anglir kabanjiran madu. kajugrugan wukir gêndhis sasat katamwan dewa gung widadara widadari. tumêdhak mring dhepokingong.
18. Sung wangsulan pambagenira Ki Buyut. paman sung bagya basuki. mahyakkên sukaning kalbu. kalangkung panrima mami. (ng)gih sami-sami kemawon.
19. Kula nilakrama sintên parabipun. Ki Buyut (n)dhêku turnya ris. kang sotah mastani ulun. Buyut Sudarga kinardi. pinisepuh wong sadhukoh
20 Ing Tasari miwah kanan keringipun. amba kang tinuwi-tuwi. mugi marêngna sang bagus tuwin rayinta sang putri. lêrêp wontên wismaningong
21 Dadalêma pisan kawula tumangguh angyasakkên ingkang panti miwah nyangga dhaharipun. kantuna nadhah myang guling. kawula ingkang mirantos
22 Jayengsari angandika manis arum. inggih paman têmbe gampil. wus kerit marang Ki Buyut. lajêng tumameng ing panti. Nyai Buyut gupoh-gupoh.
23. (ng) Gennya mêthuk sang dyah gya pinondhong gathuk. umatur dhuh gusti mami. prasasat katiban daru. rawuh paduka ingriki. sanget suka sukuringong.
24. Prapta panti wus samya lenggah ing salu. nak putu andher neng ngarsi. ngladoskên sugatanipun. sacara caraning wukir. Ki Buyut turira alon.
25. Cumanthaka pun bapa kêdah tur-atur. lumayan jampi kalantih. ing sawontên-wontênipun. punika isining wukir. sumangga sang prawiranom. [ 218 ]26. Inggih paman sampun sami walang kayun. mênggah rêsépe tyasmami. lir wus kulina sataun. Ki Buyut suka tan sipi. Nyai Buyut matur alon.
27. (n) Daraputri sumangga ingkang kinayun. iya bibi mêngko dhisik. aku atêrêna adus. inggih sumangga mring tlagi. sang rêtna nulya ginendhong.
28. Wusing siram sang dyah wangsul lenggah salu. lan raka tan kena têbih. gya dhahar sugata nutuk. Buras kongsi minthi-minthi. kêblêt ngising medang-medong.
29. Sang Hyang Bagaspati wis diwasa surup. sêdhênge pumama siddhi. Sang Hyang Wulan mungup-mungup. ana sapucuking wukir. Jayengsari kagyat anon
30. Kidul pucak marong-marong mawa kukus. tatanya paman punapi. kang katingal mawa kukus. Ki Buyut turira aris. ardi Brahma ingkang marong.
31. Siyang ratri datansah ngêdalkên kukus paman wawi benjing enjing. yen kenging kula ayun wruh. sapucaking Tênggêr ardi. Ki Buyut sangêt rumojong
32. Tan cinatur ing ratri enjing winuwus radyan ngandika mring rayi. yayi kowe aja milu. sun arsa mring pucak wukir dalanne luwih pakewoh.
33. Mung sadhela bae banjur nuli wangsul. Buras kariya sireki. dolannana bandaramu. ngandika dyah Rancangkapti. kakang nora milu ingong.
34. Arêp prêlu pasaran lan bocah gunung. Nyi Buyut tanggap ngaturi. têdhak taman kêbon pungkur. rarya lit kathah kang ngiring. ramban lembayung myang jlegor.
35. Amêndhêti sayuran saledri êkul. ngundhuh sekar warni-warni. sadinten tan arsa kondur. aring ana tamansari. Jan Jare alit kumroyok.
36. Ya ta wau rahadyan ing lampahipun. Ki Buyut lumakyeng ngarsi. ndêdêr mring pucaking gunung. kapungkur desa
Tasarį. prapteng pucak nulya anon. [ 219 ]1. Ing ngandhap kiduling pucak. Iwir kawahing ardi wiyar waradin. tengah ana ardinipun. Iwir kukusan malumah. Jamun siyang tan katon wêdaling kukus. Ki Buyut matur ring radyan. lah punika ingkang nami.
2. Tasari kang ardi Brama. wonten ingkang mastani laut pasir. ingkang neng tengah (n)jênggunuk. punika ardi Brahma. dhasaripun sitinya pasir sadarum. kajogan awu kang mêdal. saking kawahe Brahmardi.
3. Nalikanya ngalad-alad. mila sangêt pêthake dentingali. awit saking kandêlipun gasik tan kathukulan. kalamênta katêpan karokot rumput. dadya pêthak ngamplak-amplak. bilih kasorot Hyang Rawi.
4. Ombak-ombak ingkang hawa. kang pratistha sanginggilipun pasir. punika kang dadya alun. mindha ombak samodra. bofen nginten yen punika sanes ranu. tinarka sagara ingkang. dumunung sanginggil wukir.
5. Lêrês paman ingkang sabda punapi (ng)gih kenging dipunpurugi. Ki Sudarga aturipun. prayogi tinêdhakan. wus tumurun kalangkung rêkaseng ênu. margi (n)juleg rumpil rampak. wus prapta saganten pasir.
6 Radyan malih angandika. lah suwawi umiyat sapucaking. ardi Brahma kawahipun. Ki Buyut tur sandika. gya umancat andêdêr tumêkeng pucuk. ana satêpining kawah. têpung gêlang denidêri.
7. Manglung miyat jroning kawah. langkung (n)julêg sela geng keh kaeksi. kajawi kawah kang agung. kathah êleng terusan. alit-alit ugi samya mêdal kukus. mambêt kadi lirang kobar. radyan ngandika suwawi.
8. Tumurun marang ing dhasar. datan eca ambête kukus ardi. kalihnya samya tumurun. dupi prapta ing dhatar. pinggir wetan ana arga tan aluhur. kalangkung asri kawuryan. rahadyan tatanya aris. [ 220 ]9. Paman ingkang katingalan. langkung asri punika ardi pundi. Ki Sudarga mêndhak matur. punika ing ngasrama. Ngadisari ingkang dhêdhepok ing ngriku. awasta Ajar Satmaka. panguluning Tênggêr wukir.
10. Sontrang endhange akathah. endah-endah warna tan nguciwani. punika têbiyatipun. taksih ngluluri Buddha. Sang Hyang Brahma minangka panutanipun. wong agung ing Prabalingga. datan arsa ngêpik-epik.
11. Rahadyan dupi miyarsa. angandika paman lamun marêngi. benjang-enjang ulun laju. sowan dhateng Ki Ajar. yun sumêrap menggah ta ing lampahipun. agama Buddha Barama. Ki Buyut anayogyani.
12. Saking dhasar wus uminggah. tan rêkasa wangsul marginya lami, wanci Ngasar sampun rawuh. ing Tasari kapanggya lawan ari Niken Rancangkapti gupuh. pinondhong sarwi tatanya. sira mau nora nangis.
13. Daktinggal nganti sadina. Niken Rancangkapti turira aris. kakang ing sadina muput. tan mulih maring wisma. papasaran ana pakêbonan pungkur. lawan bocah wadon kathah. nganti lali durung bukti
14. Rahadyan suka miyarsa. prapteng wisma sugata wus cumawis. Nyi Buyut gupuh umatur. pun bibi saos dhadhar. nyumanggakken rayinta sadintên muput. ulun aturi tan arsa. sumadosipun ngentosi.
15. Rahadyan anulya dhahar. lawan ari pakantuk dennya bukti. dumugi linorod sampun. Ki Buyut lawan Buras. kêmbul nadhah sawusira samya tuwuk. ingundurakên sadaya. Ki Buyut tansah neng ngarsi.
16. Niken matur mring kang raka. kakang mau apa sira ningali. marang gunung ingkang murub. aku caritakêna. dak rungokne karo turon neng sandhingmu. rahadyan nulya carita. Niken Rancangkapti guling. [ 221 ]17. Ing dalu datan winarna. byar raina wungu kang samya guling. Nyi Buyut miwah Ki Buyut. angladoskên semekan. wedang angêt dhaharan myang jênang jagung. wajik atos jepèn lawan. canthel myang cariping linjik.
18. Cariping kaspei tela. kenthang kacang gêmbili uwi legi. wedang têmulawak arum. lalap gêndhis siwalan. Kyai Nyai Sudarga manêmbah matur. nuwun bêndara sumangga. sugatanipun kang bibi.
19. Dhaharan enjing-enjingan. inggih paman lah kono payo yayi. apa kang dadi karsamu. sawusnya dhadhaharan. Jayengsari ngandika marang Ki Buyut. paman mugi andhanganna. ngla- rapkên mring Ardisari.
20. Sowan Ki Ajar Satmaka. inggih angger kawula kang umiring. nyai miluwa sireku. kalawan sasanguwa. wedang dharan neng marga mengko kalamun. sang dyah mundhut dhadhaharan. rehning sawatara têbih
21. Wus samapta nulya bidhal. tan winarna ing marga sampun prapri pagaganing ardi sampun rumuhun Ki Sudarga. sadayane kendêl sajawining dhusun. wau ta Ajar Satmaka. wus wikan yen ana tami.
22. Putra putri trah utama. den samapta dennira yun sasanti. sacara caraning wiku. dupi Ki Buyut prapta. gya ingawe marek ngarsa nêmbah matur. ing purwa madya wasana. kang dadya gita sumiwi.
23. Mesêm-mesêm Kyai Ajar. heh ta Buyut aturana tumuli. satriya nung ingkang ayun. katêmu jênêngingwang. ingsun methuk ana sajawining pintu. Ki Buyut mundur wus panggya. lawan Raden Jayengsari.
24. (ng)Ger paduka kaaturan. laju manjing sang rêsi sampun nganti. ana sajawining pintu. bidhal saking pagagan. Rancangkapti kinanthi raka neng ngayun. wus tundhuk lawan sang tapa kaliye rinangkul sami.
25. Wus binakta ing ngasrama. dadya lenggah satata lan sang yogi. animbali endhang gupuh. kang uwus ngadiwarna. samya [ 222 ]marèk wiraganira pinatut. gambuh solahe pra endhang. dennya mrih karya wiyadi.
26. Sang wiku dhawuh mring endhang. sugatamu ladekna den agêlis. pra endhang ngladoskên sampun. kang sugata mawarna saanane ngardi wus sumadyeng ngayun. sang wiku satuhu wignya. ambojakrama mring tami.
27. Kecanên dennira nadhah. Kyai Buyut Sudarga nyuwun pamit. wangsul mring Tasari dhusun. kalawan anak rayat. wus linilan mangênjali tandya mundur. wau Radyan Jayengsêkar. kang kantun neng Ardisari.
28. Neng ngabyantara sang tapa. tan kêna sah siyang pantara ratri. de kang rayi sang rêtnayu. suka ingêmong endhang. dadya lami kendêl aneng Ardisantun. nahan ta ing ri sajuga. radyan. umatur wotsari.
29 Dhuh pukulun kadiparan. lampahipun myang tatacaraneki. agami Buddha linuhung. ingkang tansah tumindak. sang pan dhita alon pangandikanipun. heh kuiup kawikanana. agama kang denlakoni
30. Titah ing sa-Tengger arga panutane Bathara Brahma yêkti. sapisan ing sabên taun kala dina prayoga. lanang wadon tuwa anom atur-atur mawarna dharan busana munggah maring Brahma wukir.
31 Lamun wus prapta ing pucak. gêgawane cinêmplungakên aglis. ing jroning kawah sadarum pitêmbung aminulya. Sang Hyang Brahma kang makuwon aneng latu. jajaka lawan parawan. lamun lunga nambutkardi.
32. Mring têgal gagan tamanan padha nganggo jungkat sasênêng neki. penyu kayu waja sungu. upama ana jaka duwe karep angrabeni prawan iku. utawa prawan kang arsa. nglakeni ja jaka sami.
33 Kang (n) darbeni karep sigra. (n)jupuk jungkatira kang denkayuni, jungkat sawuse jinupuk. tinêdahakên marang. wong tuwane ingkang duwe jaka mau. sawuse nampani jungkat. padha tuwa kang ngrampungi. [ 223 ]34. Golonging rembug kalihnya. dhinaupkên temu wismaning estri. panganten sawuse têmu. pangulu nulya prapta. (ng) gawa cangkir têmbaga kang (n)jabanipun. ingukir gambaran kewan. kêbak isi toya suci.
35. Panganten gupuh mangarsa. wusing cakêt pangulu nyawuk warih. tineteskên sirahipun. panganten sakaliyan. kanthi matak pupudya mring dewanipun. nyuwun pangestu raharja. mring Hyang Brahma kang kinanthi.
1. Ing kene tan ana dhukun. yen ana kang nandhang sakit. miwah ayun darbe suta. pangulu kang anunggoni. anggawa cangkir têmbaga. kang wus isi toya suci.
2. Tansah dennira manêkung. minta waluyaning sakit. yen kang ayun darbe suta. panuwune mring dewadi. harjane kang yayah rena. sarana mung denombeni.
3. Lan ingusapan sakojur. warih suci saking wukir. kawasane Hyang Bathara. têka waluya kang sakit. gampang kang yun darbe suta. tan na sangsayane galih.
4. Kalamun ana kang lampus. binrêsiyan toya suci. binusanan sarwa endah. pakurmatanira sami. panganten binayang karya. binakta mring Brahma ardi.
5. Yen wus prapta têpinipun. kawah cinemplungkên aglis. winantu sagung pupuja. iku carane saiki. rahadyan matur anêmbah. cângkir isi warih suci.
6. Paran cariyosing dangu. myang laire jabang bayi. pupak puser kinurmatan. sinaratan warni-warni. wênang mokaling agama. sang pandhita ngandika ris.
7. Cariyosipun rumuhun. dhawuhira Hyang Pramesthi. kang dinuta Hyang Naraddha. (n) dhawuhkên mring Kanwapati. mranata agama Buddha. sagolong-golonganneki. [ 224 ]8. Kinen maringi pangulu. miwah têtênger supadi. ywa worsuh peranganira. rêsah lampahing agami. andikane Hyang Naraddha. heh Kano sri narapati.
9. Sun iki ngêmbani wuwus. dening Sang Hyang Odipati. sira kinen amranata. lampah-lampahing agami. iki panêtepan nata. agama dadi purbani.
10 Wisesane rasa tuhu. ing bawana ambawani. panguwasa kang winênang. marentahakên ing dasih. dadi anggon-anggon pra- ja. Juhuring kratonireki.
11. Rahayu janma kang nungkul. myang santosa ing agami, laku-lakuning agama. den kalakyan panataning. apa kang uwis kawêdhar. aja ana nyulayani.
12. Kang dhingin pangulunipun. kapindho têtengerneki. kaping telu panêmbahnya. kaping pat lakunireki. kaping lima tapanira. kaping nêm nayaneki.
13 Ping pitu laranganipun. ping woiu wawenangneki. kaping sanga papalinya. kaping sadasa yen lalis. ping sawias paliyasannya. ping rolas pamuiyaneki.
14. Kayadene ingkang uwus. kasebut ing sastra adi. binagya nênêm agama. endi ingkang denkarêpi. aywa ana kang pêpeka. rumêsêp mantêp Hyang Widdhi.
15. Kang dhingin agama Sambu. pangulune kang agami. iku ingaran Pramana. sasewasogataneki. padha nganggowa tengeran. walantaga denarani.
16. Musthika rineka iku. parantining pudyastuti. bate-bate inganggowa. ing panêmbahira maring. arca laku têpa-têpa. mangsa Kartika tan kenging.
17. Mangan sarwa bungkah iku. yen mangsa Palguna sami. ngrapa Jamun ari raya. sabarang kang sarwa asin. Jaranganne ora kêna. ngrabeni kaprênah nini.
18. Uwa bibi kadang putu. myang pulunan kang luluri. saking ing jalu sadaya wênang lamun saking estri. iwak ati datan dhahar. kêna yen kinarya jampi. [ 225 ]19. Ngrusak candhi walêr agung, nora kena nganggo wêsi. wenang yen kanggo sarana. wong laki-rabi yen mati. wênang bela myang binelan. lamun lakine kang mati.
20. Sing wadon tan bela lampus. wênang cinukur yen estri. kang mati lanang tan bela. iku wênang dentêtaki. yen jabang mêtu wanodya. wênang lamun disunati.
21. Yen krama wawalinipun. nganggowa baladho nênggih. kang Janang nglangkahi jantra. wusu likasan myang ilir. kukusan enthong lan iyan. kang wadon nglangkahi linggis.
22. Garu waluku myang pacul. kalamun tumêkeng jangji. layone ingupakara. têgêse dipun rumati. neng panggonan kang prayoga. ingopenan kang prêmati.
23. Paliyasan layonnipun. Jandha mêrang kêtan putih. yen mulyakkên sarwa utang. agama Sambo wus tlêsih. kapindho agama Brahma. pangulune kang agami.
24. Ingaran Brahmana iku. sasewasogataneki. padha nganggowa têngêran. ekal trisula têmbagi. rineka-reka trisula. denanggo jajamang sami.
25. Panêmbahe marang latu. lawan mring Hyang Bagaspati. lakune santosa ing tyas. yen mangsa Sitra tan keni. amanganna gogodhongan. mangsa Srawana tan kêni.
26. Tumênga marang ngaluhur. yen riaya sarwa manis. laranganne nora kêna. ngrabeni kaprênah nini. uwa bibi ingkang saka. Juluri lanang yen saking.
27. Luluri wadon pikantuk. tan kêna mateni gêni. daging lembu datan dhahar. mapas wiji ingkang lagi. thukul uga ora kêna. nganggo timah datan kenging.
28. Dene ta wawênangipun. ngrabeni kaprênah nini. uwa bibi ingkang saka, luluri wadon utawi. ngrabeni kaprênah kadang. pulunan nak putu saking.
29. Ing luluri wadon jalu. dhaup anak inya kenging. lawan anak guru kena. wênang mangan daging sapi. lamun kinarya tatamba, nganggo timah denlilani. [ 226 ]30. Yen ginawe saraneku. wênang dicukur pawestri. lamun uwus Juwas êrah. myang bela saking kang lalis. ontang-anting wadon Janang. wênang têtak disunati.
31. Papaline lamun dhaup. durunge panganten panggih. kudu anganggo badhudhak. wargane panganten estri. lan warga panganten priya. padha lalangên tayeki.
32. Jogedan saengga nayub. yen mati layon kabêsmi. paliyasaning kuwandha. dinusan we ron dlima di. yen mumulya srana bêrah. yeku kang dak anggo iki.
33. Agama Endra katēlu. pangulune kang agami. ya arannana Sakrana. sasewasogataneki. padha nganggowa tengeran. ekal bajra saka galih.
34. Kayu rineka bajra nung. den (ng) go sangga gêlungneki. panêmbahe marang arga. lawan marang Sang Hyang Sasi. Jakune lila narima. mangsa Naya tapaneki.
35 Datan kena ngêmban sunu. kalawan mangsa Asuji. nora kena asanggama. yen raya sarwa pait. larangane nora kêna. ngrabeni kaprênah nini.
36. Uwa bibi sing luluhur. Janang wadon myang ngrabeni. kaprênah kadang kang saka. luluri jalu myang estri. tan kena misaya mina. kang lagi koyok marêngi.
37. Mangan antigan tan antuk. (m) buwang susukēr neng siti, tan kêna mejahi liman. miwah angangge têmbagi. keni yen kinarya srana. wawenang kena ngrabeni.
38. Ingkang kaprênah sadulur. saka luluri pawestri. ngrabeni prênah pulunan. miwah putu ingkang saking. luluri jalu wanodya. antigan lamun kinardi.
39. Jajampi apan pikantuk. wênang cinukur dyah kêdhi. jalu estri jaka rara. salah siji yen ngêmasi. winênang bela palastra. wadon lamun arep laki.
40. Wênang sinunatan iku. jalu lamun lagi lair. Jan anake dhukun wênang. tinêtakan de papali. kalamun amangun krama. nganggo onjer myang sintreni. [ 227 ]41. Wargane panganten jalu. lan warga panganten estri. samya prang catur pralambang. sasmitane sunggateki. yen lina [39] layon kapetak. tuwin linuwêng neng siti.
42. Ing guwa myang jurang serung. paliyasane kang jisim, dinusan ing lêri bêngkak. yen mumulya srananeki. urup-urupan sabarang. durma ping catur winarni.
1. Lah ta iki agama Wisnu winarna. panguluning agami. rannana Ramana. sasewasogatanya. nganggowa tatênger pasthi. aekal cakra. keling ingkang kinardi.
2. Apan kêling rineka cakra den-gawa. babadhong bangsa kêling. sisiwalan tuwa. panêmbahe mring toya. Jawan maring toya riris. lampah nurraga. tapane yen Manggasri.
3. Datan kêna (m) bukti babi ingkang ulam. mangsa Jita tan kenging. mangan ulam menda. kalamun ari raya. kang mirasa sarwa gurih. larangannira. tan kêna angrabeni.
4. Kang kaprênah nini bibi miwah uwa. ingkang saka luluri. jalu myang tan kêna. ngrabeni anak inya. myang tan kena mamateni. kang lagya sarwa. anyawa myang tan kenging.
5. Amateni garudha waraha kuda. pênyu bulus suwari. minum myang anadhah. kang ngendemi tan kêna. nganggo parunggu tan kenging. wawênangira. ngrabeni prênah nini.
6. Bibi uwa kang saka luri wanudya. myang kena angrabeni. kang kaprênah kadang. putu miwah pulunan. saka luri wadon ugi. angrabenana. anaking guru keni.
7. Kang ngêndêmi wênang yen kinarya tamba. nganggo parunggu kêni. yen ginawe srana. wadon kang lagya lara. wênang cinukur balindhis. yen priyanira. pralinna andon jurit. [ 228 ]8. Ingkang wadon wenang abela palastra. yen nora lina jurit. amung tarakbrata. tan kena yen kaliya. wadon wênang disunati. lanange têtak. yen anake wong baring.
9. Papaline lamun krama ngangge patah. myang kembarmayang kalih. sasrahan gunungan. wong tuwane pangantyan. nganggo mangan gêdhang siji. satugêl sewang. kalarung yen ngêmasi.
10. Mring bangawan kali de paliyasannya. layone densirami. we sêkar sataman. yen mumulya sarana. papariman aminta sih. panca agama. Bayu panguluneki.
11. Ing agama ya arannana Bimana. sasewasogateki. padha anganggowa. tatênger ekal satya. carma rineka pusering. sato den (ng)gawa. pupuk neng sirahneki.
12. Panêmbahe marang sangkaning maruta. lan marang caratwarsi. sarta marang lintang. Jakune angaksama. tapane mangsa Puseki. tan kena dhahar. ulam sikil pat nênggih.
13. Yen riaya kang sarwa kêcut sadaya. larangan nora kêni. ngrabeni kaprênah. nini bibi pulunan. uwa miwah putu saking. Juluri priya. myang luluri saking estri.
14. Datan kena ngrabeni anaking inya. lan guru ingkang siwi. munah sato lagya. susuta nora kêna. mangan wadêr nora kêni. myang datan kena. angagêm buratwangi.
15. Nugêl kuku lan nganggo slaka tan kena. mêjahi datan kenging. têkek cêcak clarat. wawênange pan kêna. prênah kadang denrabeni. iku kang saka. luluri jalu estri.
16. Wênang mangan wadêr yen ginawe tamba. anganggo buratsari. utawa salaka. yen ginawe sarana. wênang cinukur pawestri. yen randha anyar. wong lanang ditêtaki.
17. Lamun dadi pangulune kang agama. papaline yen rabi. laki anganggowa, batoyang têgêssira. yen panganten lanang apti. ngarak anulya, warga panganten estri.
18. Mawi angadhangi ing dhindhing warana. yen rebah ngarak pasthi. lamun datan rêbah. wangsul pangarakira. kêdah arinira salin. Jamun palastra. kasetra layonneki. [ 229 ]19. Dinekekkên ara-ara myang ing arga. kang pancen panggonaning. pandekeking sawa. paliyasan dinusan. ing we jawuh yen mumuli. srana (m) babarang, sad Kala kang agami.
20. Panguluning agama aran Kalana. sasewasogateki. sami anganggowa. têngêr ekal purusa. lingga iku iya gadhing. utawa tulang. rineka purus nênggih.
21. Denanggowa kakalung de panêmbahnya. marang ing sarupaning. kang aeng myang wrêksa. watu sasamanira. lakune apan wirangi. tapane mangsa. Manggala yen lunga nis.
22. Datan kena lamun asipêng neng paran. mangsa Padrawaneki. sirik mangan uyah. kalamun ariaya. kang sarwa pêdhês sakalir. Jarangannira. tan kêna angrabeni.
23. Anak inya sanak kang kaprênah tuwa. anak guru utawi. ingkang seje bangsa. kayata bangsa Brahma. datan kena angrabeni. bangsa Waisya. sapapadhanireki.
24. Lawan ora kêna ambubaka lemah. kang ambaga bathari. Jan lemah kang kadya. punuking kang andaka. datan kenging mamateni, sona kalabang. kalawan kalajengking.
25. Lawan datan kena dhahara kalapa. nganggo êmas tan kenging wawênange kêna. rabi sanak kaprenah. enom wênang angrabeni. kang tunggal bangsa. mangan kalapa kêni
26. Yen kinarya tatamba kalawan wenang. nganggo êmas manawi. kinarya sarana. papaline yen krama. anganggowa lêmpêng nênggih. pra warganira. panganten estri sami.
27. Gêlut lawan wargane panganten lanang. êndi ingkang kapilis. pan kêna padhêndhan. lan nalika angarak. nganggo danedanan nênggih. Jamun palastra, katarap layonneki.
28. Pinakakkên ing sato kewan kang galak. paliysanning jisim. dinusan ing toya. ingkang rondhon widara. yen mumulya srana maling. sing sapa ingkang. tan nêtêpi agami.
29. Salah siji iku kena sapu-dhêndha. yen Sambo kang agami. ukume kasulah. lamun agama Brahma, ukumanira kabêsmi. agama Endra. kaluwêng ukum neki. [ 230 ]30. Yen agama Wisnu kalabuh ukumnya. agama Bayu nênggih. ukume katarang. dene agama Kala. katarap ukumanneki. kulup wus tamat. Buddha ingkang agami.
31. Pan ing Tengger ngluluri agama Brahma. dene cangkir têmbagi isi toya marta. pan iku titinggalan. saking para cantrik nguni. ing desa-desa. pasthi na siji-siji.
32. Kang nimpêni pangulune kanang desa. caritanira nguni. ardi ingkang ana. têngah pasir sagara. Hyang Brahma kahyanganneki. radyan turira. asru panuwun mami.
33. (n)Jêng paduka mêdharkên agama Buddha. saestunipun taksih. mangke ingkang kanggya. kalamun palakrama. dados wontên kang pinirit. lampahing Jawa. manthuk-manthuk sang yogi.
34. Tyas (m)badhidhig ngandika kulup sun tanya. lakuning kang agami. kanabeyanira. apa ta iya iya nunggal kalawan agamamami. radyan turira. wontên sanes sakêdhik.
35 Lampah-lampah kalawan ingkang cinêgah. sang yogi ngandika ris. raden yen sambada. manira ayun wikan. mara pratelakna kaki. radyan menêmbah. jrudêmung sabda jati.
1. Ing kitab Bayanudayan,nyriosakên srengatipun. Kanjeng Nabi nêném tuhu. ngasta agama minulya. Jah punika ingkang sampun. linampahan para umat. pyambak-pyambak datan jumbuh.
2. Bubuka ngasta sarengat. nJêng Nabi Adam linuhung, sahadatipun Ashadu. Allah Ilahailolah. Ashadu ana Adamu. pitratollah: têgêsira. satuhu nêkseni ingsun.
3. Ora ana Pangran liyan. anging Allah sipat agung. lawan anêkseni ingsun. nJêng Nabi Adam sanyata. pataranira Hyang Agung. dene wêkdalira salat. sadintên sadalunipun. [ 231 ]4. Sadasa wekdal kathahnya. tigang wekdal siyangipun. pitung wekdal dalunipun. jangkep ping sadasa wekdal. musakapipun Kitabun sadasa jilid punika. Malekat Jabrail tumrun.
5. Pan namung kaping sawêlas. saben wulan siyammipun. êbel kalawan siyam sut. êbel pethak têgêsira. nenggih saben tanggal nuju. ping patbêlas gangsal wêlas. lajêng ping nêmbêlas sampun.
6. Sut pan cêmêng têgêsira. sabên tanggal sangalikur. tridasa sapisannipun. jangkêp dene bukanira. sami sonten wussing surup. kang kinaramkên punika, anêdhaa dagingipun.
7. Sato kewan kang paedah. kapêndhet ing damêllipun. rabi kadang sarengipun. sadintên pambabarira. kinalalkên bilih dhaup. kadang kang datan sarengan. miyos saking garbeng biyung.
8. Nanging sarêng sawussira. Kangjeng Nabi Adam surud. kang gumantya putra jalu. nJeng Nabi Sis kakasihnya. apan kinaramkên lamun. krama antuk samya kadang. kinalalkên lamun antuk.
9. Naking sanak miwah misan. apan sapiturutipun. tanpa ningkah bilih dhaup. anggêr sampun condhong karsa. lajêng kaidenan sampun dening pra pangagêngira. lamun wus kalakyan dhaup
10. Yen lakinya prapteng lena. randhanira datan antuk. nambut silaning krameku. lamun ingkang estri pêjah. dhudha rabi datan antuk. pra umat lamun palastra. pinêtak ing gunung-gunung.
11. Ping kalih sarengatira. nênggih_Kanjeng Nabi Ênuh. sahadatipun Ashadu. Allah Ilahailollah. wa ashadu ana Ênuh. kalipatolah têgêsnya. yekti anekseni ingsun.
12. Satuhune nora ana. Pangeran anging Allah. lawan anêkseni ingsun. Nabi Enuh satuhunya. iku gêntine Allahu. kalih wêlas wekdal salat. sadintên sadalunipun.
13. De musakapipun Kitab. sekêt jilid kathahipun. katurunan [ 232 ]mlaekatu. Jabrail ping gangsal dasa. siyammipun saben tengsu. ing wêkasanira tanggal. amung sadintên sadalu.
14. Kang kinaramakên kewan. sato pancen nêdha iku. susukêr sasaminipun. nanging nadyan pancen nêdha. susukêr yen dereng ayun. tuwin dereng nate nêdha. kinalallakên puniku.
15. Kadi ta kirik kang lagya. gumêlo sasaminipun. Jamun nambut pikrameku. kêdah lilinton punika. sandhangan panganggenipun. kaiden tyang sepuhira. nênggih kalih-kalihipun.
16 Punika minangka ningkah. panganggene ingkang jalu. rinawatan estrinipun. panganggening estrinira. rinawatan ingkang jalu. saupami pipindhahan. kang sandhang panganggya wangsul.
17. Nanging kalih-kalihira. sami tan kenging kalamun, nambut silaning krameku. kalamun pêgat palastra. kenging kalih-kajihipun. randha laki dhudha krama. pra umat yen prapteng lampus.
18 Wangke kinêlêm ing toya ingkang langkung lêbêtipun kaping tiga sarengatu. nJêng Nabi Ibrahim mulya. sahadatipun Ashadu. Allah ilahailollah. ashadu ana puniku.
19 nJêng Ibrahim kalillolah. makna anêkseni ingsun. satuhune tan. anestu. Pangeran anging Allahu. Jawan anêkseni ingsun. satuhune Sang Minulya. ndêng Nabi Ibrahim salamu
20. Pawong mitranira Allah. salat sadintên sadalu. kaping kalih likur waktu. pan musakapipun Kitab. sadasa jilid puniku. ping sawidak katurunan. Malekat Jabrail namung.
21. Siyam sabên ri Jumungah. buka sawussira surup. kang kinaramakên satu. -kewan mangsa dadagingan. Jan wohwohan kang wittipun. mawa ri tan kêna nadhah. myang eron sadayanipun.
22. Kang(ng)gatêli mapan karam.ingkang kinalalkên lamun, kewan ingkang tan mangseku. daging myang kalal ngunjuka. sajêng ing sasaminipun. kang ningkahkên lamun krama. bapa tuwin kakinipun. [ 233 ]23. Miwah sadhereke priya. tiyang jaler wênang wayuh. saking kalih tuwin langkung. randha laki tan cinêgah. dhudha rabi malih antuk. para umat yen palastra. pan pinêtak jisimipun.
24. Wonten ing siti kang mulya. kang sukci inggih puniku. siti kang dereng satuhu. dados jalantah rannira. kawutahan dening marus. tiyang kang kinaniaya. katetesan rahsanipun.
25. Tiyang jina babandrekan. kaping sakawan winuwus. Nabi Musa srengatipun. sahadatipun winama. Ashadu Allah tahu. Illolah ashadu ana. ya Musa kalamolahu.
26. Makna anakseni ingwang. tan na Pangeran satuhu. anging Allah Tangalestu. lawan anêkseni ingwang. Kangjeng Nabi Musa iku. pangandikanira Allah. salat sadintên sadalu.
27. Kaping kawandasa wêkdal. dene ta musakapipun. juga Kitab Toret amung. sarêng dugi panjênênganira. Kanjeng Nabi Dawud. musakapipun awewah. sajuga kang Kitab Jabur.
28 Myang matrapkên paukuman kinisap ing lêrêsipun. amêjahi pan linampus. myang mêdharken wênangira. sagunging kang para ratu. kenging aningkahkên tiyang. estri kathahipun satus
29. Siyam ing dalêm sawarsa. kawandasa dintên muput. sabên sontên bukanipun. myang sabên Jumungah siyam. kêna hat saha tan antuk. nêdha ulam dadagingan. ingkang kinaramkên namung.
30 Kewan ingkang mawi ngaral. kadosta upaminipun. kewan estri ingkang nuju. wawrat datan kenging dhahar. kinalallakên sadarum. kewan kang tan mawi ngaral. wawrat sakit saminipun.
31. Yen laki rabi punika. kaningkahkên dening ratu. utawi parentah agung. bilih randha tuwin dhudha. Jaki myang rabi pikantuk. manawi pêjah pinêtak. siti rêsik lan mandhukul.
32. Kaping gangsal srengatira. nJêng Nabi Ngisa linuhung. sahadatipun Ashadu. Allah ilahailallah. ashadu ana Ngisa ruhullah. apan têgêsira. ingkang nekseni satuhu.
33. Tan ana Pangeran liyan. mung sawiji ya Allahu. lawan anêkseni ingsun. satuhune Nabi Ngisa. iku atmajeng Hyang Agung. [ 234 ]salat sabên ari Akat. mung sawindu dangunipun.
34. Anênggih seket rêkangat. musakapipun pan namung. sajuga Kitab Injillun. katurunan Malaekat. Jabrail duteng Hyang Agung. namung kaping kalihwêlas. pan siyammipun winuwus.
35. Sabên Passên akaliyan. ngajêngakên Kamsin puniku. Passên awit sedanipun. Nabi Ngisa dumuginya. saking seda nulya wungu. dados ing dalêm tri siyang. buka sabên wussing surup.
36. Kamsin punika nalika. tumedhaking Rohul Kudus. dhumateng sakabatipun. Gusti Kangjeng Nabi Ngisa. kalih siyang siyammipun. sami Passên bukanira. lajêng ariaya Kamsun.
37. Kang kinaramkén punika. sabên Jumungah tan antuk. nêdha kewan dagingipun. nanging kawenangkên nêdha. ulam loh. sasaminipun. kinalallakên sadaya. anggêr datan karya gigu.
38. Kogug kogel sêmang-sêmang. yen laki rabi puniku. kaningkahaken ing ratu. utawi para parentah. sampunne paningkah rampung. mawi kaparingan serat. kawin cacêpênganipun.
39 Jalu kalawan wanita. wanita kinarya unggul. dadya datan kinawayuh. randha dhudhaning pêgatan. gesang tan kenging puniku. palakrama kalihira. anjawi yen sampun rêmbug.
40. Para umat bilih pêjah. pan kapêndhêm jisimmipun. ing siti kang tan mandhuku). rêsik gumrining warata. kalangkung utami lamun, ana ing masjit pinêtak. mancorong kadya mas timbul.
1. Kaping nênêm sarengat ingkang mungkasi. Kangjeng Nabi duta. nayakaningrat lenêwih. Mukhamaddan Rasulollah.
2. Salalahu ngalaihi wasalami. bakdaning Mukhamad. datan wontên nabi malih. linuri têkeng samangkya.
3. Kang wus samya angangge agama sukcí. sadrah tanah Jawa. minurut Nabi sinêlir. punika sahadatira. [ 235 ]4. Ashadu anlailaha ilollahi, wa ashadu.anna. Mukhamad Rasulollahi. ing maknanira winarna.
5. Utusaning Allah Ingkang Maha Sukci. saben ri salatnya. sadinten sadalu kaping. gangsal wêktu datan gothang.
7. Kang kapisan waktu Subuh bangun enjing. ing saderengira. Sang Hyang Surya andhadhari. pan amung kalih rekangat.
8. Kaping kalih wêktu Luhur wancineki. Hyang Surya gumlewang. ing saderengipun lingsir. kawan rêkangat gya salam.
9. Kaping tiga winastan waktu Ngasar-i, wanci Sang Hyang Surya. meh tumameng maring ardi. kawan rêkangat gya salam.
10. Ping sêkawan winastanan waktu Mahrib. wanci surup surya. kantun sunaripun abrit. pan amung tigang rêkangat.
11. Kaping gangsal waktu Ngisa ingkang wanci. sunaring Hyang Surya. waradin datan kaeksi. kawan rêkangat gya salam.
12. Bakda Ngisa nadyan sunat nanging wajib. salat kang winastan. nênggih sunat Minalwitri. pan amung kalih rêkangat.
13. Wusing salam linajengkên sunat malih salat kang winastan nênggih rêkangat Talwitri. sarêkangat nulya salam.
14. Jakatipun sapisan ing saben warsi. pan mawa kamurwat. ingkang kenging denjakati. pitrah sabên ariraya.
15. Siyammipun saben wulan Ramlan nênggih. amuput sawulan. buka wusing bakda Mahrib. ing sabên malême siyam.
16. Têngah dalu dhahar sasenengireki. saur pan winenang. supadi kuwating dhiri. têtêp nglampahi agama.
17. Bilih kinawasakaken ing Hyang Widdhi. ing wulan Dulkijah. maring Mêkah minggah khaji. manjing pirukuning Islam.
18. Dadya gangsal sahadat ingkang rumiyin. ping kalihe salat. jakat ingkang kaping katri. ping caturira puwasa.
19. Kaping gangsal maring Mekah minggah khaji. musakapnya Kur'an. tigangdasa ejus isi. satus kawan dasa surat. [ 236 ]20. Pan amêngku wahyudi tigang prakawis. satunggal Nurbuwat. kalihe Kukumah nênggih. katiga Wahyu, Wilayah.
21. Jawinipun Wahyu Nurbuat puniki. dene wus anyata. jumeneng Nabi kakasih. Wahyu Kukumah jinarwa.
22 Dene sampun jumênêng Narpati yêkti. kang Wahyu Wilayah. jumênêng Waliyullahi. musthikaning kang panutan.
23. Katurunan Malaekat Jabarail. kaping kalih lêksa. pangulu ingkang (m)bawani. anglampahakên agama.
24 Pan kapara sakawan imannireki. kalanira wêkdal. aneng Masjiddil Karami angadhêpaken Betolah.
25 Wetan majêng mangilen Iman Sapingi. ler ngidul ajêngnya. nênggih njêng Iman Kanapi. ing kilen majêng mangetan
26. Nênggih Iman Maliki ingkang (n)darbeni. kidul ler adhepnya. Iman Kambali nyitenni. catur panutan sembahyang.
27 Para umat pundi ingkang den rêmêni. ing salah sajuga bilih bangsa kula Jawi. Iman Sapingi panutan.
28 Ingkang dipun karammakên sakathahing daging kewan ma wa. siyung myang sakehing paksi. kang nyangkêrêm anggarudha
29. Tuwin kewan ingkang gêsang toya kalih. lire kang neng toya tan kurang juga punapi. neng dharatan tan ngapaa.
30 Tuwin ingkang mêkêruh kalawan najis. myang kang mawa wisa. utawi ingkang ngêndêmi. punika karam sadaya.
31 Ingkang dipun kalallakên samukawis. kang tan kalbeng karam. manawi alaki rabi. kaningkahkên wali bapa.
32. Kaki kadang jalêr wajib amaleni. sêpêne titiga ingkang kenging amaleni. kadang warga saking bapa.
33 Kaningkahkên pangulunipun agami. sinaksen sakawan. bilih dhudha kenging rabi. randha kenging imah-imah
34. Wit Nabi Sis dumugi Muhkhamad Nabi. estri kang winênang. dumadya ajatukrami. naksanak misan mindhowan. [ 237 ]35. Saking jalêr estri myang sanesing ahli. ingkang tan linilan. kramantuk sadherek nunggil, yayah rena myang sêsêpan.
36. Sadarahe saking sadhèrèkireki. tan kenging sadaya. mayuh kadang datan kenging. satunggal kêdah pinêgat.
37. Tiyang jaler winênangkên wayuh estri. tumêka sakawan. langkung samantên tan kenging. rare jaler yen wus yuswa.
38. Kalihwêlas taun kêdah dentêtaki. rare stri yen yuswa. têlung taun densunati. dene manawi palastra.
39. Jisimmipun kapêtak wontên ing siti. yen madahab Iman. Sapingi ujurireki. mangaler bilih madahab.
40. Nênggih Iman Kanapi kuburireki. mangilen ujumnya. madahab Iman Maliki. mujur mangidul kuburnya.
41. Kang mahadab anênggih Iman Kambali. ujumnya mangetan. mênggah sampumaning jisim. wit sarengat Nabi Adam.
42. Tekeng mangke pan namung kawan prakawis. dhingin sinucenan. ing toya kang ngantya rêsik. sinalatkên ping kalihnya.
43. Kaping tiga rinukti ingkang prêmati. aywa katingalan. ping pat pinêndhêm ing siti. utawi kinêlêm toya.
44. Sampun tamat cariyosing para nabi. kang mêngku sarengat. jêjêripun nênêm nabi. mirib kang kasebat Kitab.
45. Mesêm-mesem Ki Ajar ngandika aris. kulup ingsun rasa. laku-lakuning agami. Budha lawan kanabeyan.
46. Amung geseh laku nanging jogge sami. andhêku rahadyan. Buras umatur sang rêsi. gambuhipun rare jabang.
1. Sang wiku ngandika rum. rare jabang caritane dangu, anane kang sinaratan warni-warni. duk jaman Sri Maha Punggung. Purwacarita ngadhaton. [ 238 ]2. Dwi putra estri jalu. dyan Sadana lan Dewi Sri iku. sinabdakke Sadana dumadya sriti. Sri dadya sarpa saweku. nandhang papa putra karo.
3. Sakarone anglangut. tan karuwan kang bakal jinujug. sarpa sawa lampahira duk dumugi. tlatah nagri Wiratheku. lêrêm neng sawah amanggon.
4. Ngalêkêr têngah pantun. ing desa Wasutira puniku. panggêdhene tuwaburu Wrigu nami. Niken Sangki wadonnipun. wêktu iku wawrat sêpoh.
5 Ing ngarep tuwaburu. Kyai Wrigu pruhita sang wiku. Sang Wisama kapencut adarbe siwi. gya sinungan saraneku myang winêling wantos-wantos.
6 Heh Wrigu kawruhanmu. sira bakal kaparingan sunu. yen kai den anggawa bêgja sayêkti. sarana iku dengupuh. klukunên we yoga gupoh.
7. Kang ran we yoga iku. warna catur sawarna kang banyu. saka bumi dwi warna we saka nglangit. tri warna we asallipun. saka cucukulan manggon.
8 Catur warna kang banyu. saka kang asipat nyawa iku, winor kanggo ngaluku sarana iki. gya inumên lan somahmu. Jamun katrima kêlakon.
9 Anggarbini satuhu. sakaroron mareneya gupuh. ingsun arsa paring wangsit mring sireki. kadadeyaning sutamu. Kyai Wrigu mundur alon.
10. Ken Sangki sawussipun. anggarbini sakaliyan gupuh. umarêk ing sang yogi ngandika aris. heh Wrigu kawruhanamu. nyaimu enggone (m)bobot.
11. Kang neng wêtêngan iku. widadari pan panuksmanipun. Dewi Tiksnawati kadadeyaneki. Rêtna Dumilah ing dangu, sirantuk kabêgian vêktos.
12. Dewi Sri ananipun. Tiksnawati widadari iku. anane Sri kadidene satu munggwing. ing rimbagan saminipun. dene margane [ 239 ]patêmon.
13. Sri Tiksnawati kumpul. ngupyaa sarpa sawa luhung. kang anganggo susumping pari sawuli. kalamun sira wus antuk. rêksanên dipun gumatos.
14. Ywa nganti prapteng lampus. lamun mati pralena sutamu. tlasing sabda Ki Wrigu kalilan mulih. wus lami dennira ngluru. tan mantra lamun kapanggoh.
15. Tanggal sapisan nuju. mangsa Padrawana Kyai Wrigu. sruning sayah leren neng pêpereng guling. antuk wangsiting dewa gung. sarpa sawa (ng)gonne manggon.
16 Yen cinêkêlan purun. pasangana kalasa kang alus. sasapana jarit putih urapsari. kêpyurana ganda arum. yen wus neng piranti kono
17. Gulungen kang barukut. prênahêna sajroning wismamu. kang asuci têlas ujare kang wangsit. Wrigu tangi banjur mantuk nglêksanani kang wiraos.
18 Praptane sabin gupuh. gya ginêlar sarpa duk amambu. ganda arum (ng)galêsêr nuiya marani. ngalêkêr neng sinjangipun. Ki Wrigu anêmbah alon.
19 Kang sarpa wus ginulung. prapteng wisma pinarnahkên sampun neng patanen Ki Wrigu myang Niken Sangke, ing tyas kacaryan kalangkung. dene wamanya mancorong.
20. Cacawisan pinatut. kodhok ijo satumbu gung munjung. kacarita. ratrinya wêtêngan lair. mijil dyah ayu kalangkung. marwateng tyas sakarongron.
21. Sayah Ki Wrigu turu. ponang sarpa marimpeni Wrigu. ingsun aja kok sajeni kodhok wilis. sajenana suruh ayu. kêmbang dupa aja towong.
22. Andadekkên satuhu. kabêgjanmu lan wawêkasingsun. sutanira iku wehana kakasih. Rara Rakêtan wus mungguh. jroning sapta ri wit mêngko.
23. Ratri ywa kongsi turu. yen raina sira kêna turu. pan minangka [ 240 ]pangrêksa supaya dadi. kalis beka rêncaneku. byar enjing tangi linakon.
24. Supênanireng dalu. tan pantara janma amburubul. tilik bayi (ng)gawa paweweh mawami. Ki Wrigu lan somahipun. padha sukur ing Hyang Manon.
25. Ing nalika puniku. Suralaya gegere kalangkung, marga saka (ng)gonne Dewi Tiksnawati. (n)janma nir paliwareku. Hyang Guru utusan gupoh.
26. Sang Hyang Kala puniku. kinen angrêncana wus tumurun. nuksma sona ajag Wrigu kala guling, sarpa marimpeni Wrigu. kawruhanta surup mangko.
27. Sang Hyang Kala tumurun. angrêncana marang ing sutamu. rupa asu ajag tulakana aglis. sakehing lawangireku. kutugana wlirang gupoh.
28. Ing sajrone wismamu. oborana balarak ping telu. sawengine sarta sasajiya sami. punar wak ati saundhuh. sajekna dagane mênok.
29 Kadokokana kêlut. sapu papon gantal aywa-kantun. pasangana damar paesan ywa mati. ing wismamu mengko surup. ubêngana alon-alon.
30. Matéka mantranipun, o Kala nama si Wayeh[40] taksih perlu kataliti tegesipun. iku. ing sawêngi mêngko sutanira nini. sayêkti manggih rahayu. Wrigu tangi turu wartos.
31 Marang ing semahipun. wus rumanti tan ana kalimput. sona ajak kewran dennya ayun manjing. ngantya tumêka byar esuk. kaweleh gya muksa gupoh.
32. Hyang Jagatnata bendu. gya utusan Hyang Brahma tumurun. nuksma dadya Lembu Gumarang respati. ki Wrigu awanne turu. sarpa marimpèni alon.
33 Heh Wrigu wruhanamu. mêngko ratri sirêp janma wêktu. ana prapta Sang Hyang Brahma mindha sapi. arsa ngrêncana suta [ 241 ]mu. tutulakmu dimirantos.
34. Kanan keringing pintu. pasangana ron nanas kang sinung lalonthengan angus lawan ênjet putih. kulit brambang dupa nipun. kaya kang wis blarak obor.
35. Ing dagane si gêndhuk. sajenana sega abang lawuh. kukuluban wutuhe karo kang uwis. kinang paradan ywa kantun. aywa giris lair batos.
1. Kalamun ngubêngi wisma. iki mantrane ucapna. poma-poma Hong Brahmana, rasioyêh maswaena. sayekti manggih raharja. Wrigu satanginya nendra. wawarti mring rabinira. Ken Sangki sasaji sigra.
2 Wrigu mituhu supêna. dupi Sang Lêmbu Gumarang. arsa manjing maring wisma. akewran dening sarana. asru mêksa tan kawawa. wêkasan byar enjing muksa. matur cabaring dinuta. Hyang Guru sigra utusan.
3. Sang Hyang Wisnu wus tumêdhak. anuksma dadi waraha. Wrigu siyangira nendra. sarpa sawa sung sasmita. Wrigu têngah wengi mangkya. Hyang Wisnu tumurun dadya. waraha arsa ngrêncana. iya marang sutanira.
4. Tutulakmu wuwuhana. ri widara tunggalêna. lan ron nanas wingi ika. padupane salinnana. ronning tanjung oborana. kaya dene kang wus klakyan. ing dagane sajenana. iwak êloh sêga krêsna.
5. Wuwuhe lan wingi gantal. kêmbang kang wangi gandanya. enggonmu ngubêngi wisma. nganggo obor matêk mantra. lah mangkene omma suya, namartagda namandaha, yêkti sutanta raharja. Wrigu satanginya nendra.
6. Gupuh-gupuh awawarta. mring Ken Sangki rabinira linaksanan sadayanya. wussing wanci wraha prapta manjing maring wisma. tan kawawa dening srana. ing wayah byar esuk muksa. matur cabaring dinuta [ 242 ]7 Hyang Pramesthi esmu duka arsa nêdhaki priyangga. manuksma maring kukila. kathah kang para jawata. tumutur samya anuksma. sasenengira priyangga. siyang Ki Wrigu anendra. sarpa sawa sung sasmita.
8 Wrigu mengko bangun rina. Hyang Maheswara tumedhak. manuksma dadi kukila. ingiring para jawata. sadaya samya manuksma. Hyang Naraddha mring Kodhok Pas. Brahma mring Kala Gumarang. Surya marang Walang Anggas
9 Hyang Mahadewa manuksma. Wêdhus Parucul Hyang Yama. mring Kidang Ujung manuksma. Kuwera Tikus Jinada. Hyang Siwah manuksma marang. Manjangan Karandhi nama. Hyang Pritanjala manuksma. marang ing Emprit Kukila
10 Rodra mring Lêmbu Andana. Wisnu mring Têmbalung Wraha. Bayu mring Kebo Andanya. Basuki mring Sarpa Lanang Kala mring Asu Wiyungyang Candra Kucing Candramawa kabeh pan arsa ngrêncana. iya marang sutanira.
11 Kaya kang uwus kalakyan. wismanira kênthêngana. mubêng dening lawe wênang. anêkakena têtangga. Jawan pamong mitranira ajakên mêlek sadaya. ana maning saratira paturonne Jemekana.
12. Ron senthe cinorek gambar. waraha kalawan baya lawan gandhik lonthengana. ênjet pipindhanên janma neng ron senthe turokêna awit surup sutanira. mêlek-turu pinangkuwa. tumêkane bangun rina.
13. Pager wisma semburana. dalingo balênge [41] bawang. kang wrata mataka mantra. Hong Hyang Hyang Siwah aboja. abuyana kita marta. swana maswana wus tamat. dhenok yêkti manggih arja. myang sining wisma sadaya.
14. Lan maninge mêngko ratri. aywa sira mamateni. sabarang ing- kang kaeksi. ywa wani-wani nukrêti. kraneku ngalad-aladi. Hyang Guru arsa nêdhaki. Kalakuthana (n)dhingini. yeku ratu- ne wisa-di. [ 243 ]15. Saka ing Yomani nraka. dadi sarapsawan rupa. salire ingkang dumadya. sadhengah kang kawistara. pindha lêmut sasamanya. mangka nganti matenana. sayêkti de sutanira. bakal kena ing rêncana.
16. Sarate iku bagekna. kaping telu sawênginya. sambêt araning kang Kala. Kuthana ingkang nalika. nganakkên ratuning sawan. sawan têlu cacahira. kawit têka surup surya. mangkene (ng)gonmu (m)bagekna.
17. Abangko Sang Nuriswa ta, kang kesdya ayu aweka. hya ngayu muli angkosa. karêngkêtan tata nama. walungyanta ya wanggawa, ingkang sawijine teka. nalika têngah ratrinya. mangkene (ng)gonmu (m)bagekna.
18. Ahangko Sang Nêris têkang. kisdya ayu Akwiki Hyang. ngayu muli hangko saka. rêng têkanta tan na mawa. lunganta ywa gawa purna. kang sawiji maneh têka. ing nalika byar raina. mangkene (ng)gonmu (m) bagekna
19. Ahangko Sang Nanis têkang. ke sêdya ayu Akwiki. ywangayu muli angkosa. saka rêng tekan tan nana. mawa iungyanta ywang gawa. eh Wrigu den eling poma.(ng)gonnira ambagekêna. kaping têlu sawênginya.
20. Dhewe dhewe arannira. ingkang dhingin Sang Nuriswa. kapin dhone Sang Niris rannya. ping katri Sang Naris ika. pan padha kadadeyannya. Sang Kala Kuthana ingkang. angratoni sarap sawan. sabên sira sung pambagya.
21. Den santak kaya wong (ng)gêtak. ing kono sagunging sarap. sawan gya lumayu samya. datan ana wani pêrak. sutanta manggih raharja. Wrigu satanginya nendra saking karsaning jawata. sinung emut tan kalepyan.
22. Wawarta mring rabinira, sasaji sampêt sadaya kacrita tumêdhakira. Hyang Guru myang pra jawata. sami kawêleh sadaya. nir nandukakên rêncana. awêkasan samya muksa. jabang lêstari raharja.
23. Datan ana kara-kara. lah iku Buras kawitnya. katêlah têkeng samangkya. Buras malongo tan nabda manthuk-mantuk ma [ 244 ]ngap-mangap radyan nyêblek Buras kagyat. garagapan nêmbah-nembah. lêstari datan wacana.
24. Rahadyan matur sang tapa. kadiparan waluyanya. Sri kang dadya sarpa sawa. sang pandhita angandika. Sang Hyang Jagadnata mawas. cabar ingkang pangrêncana. saka Sri ing panggawenya
25. Gya utusan widdhadarya. kinen animbali marang. Dewi Sri ayun kinarya. jangkêpe kang widdhadarya. wus tumurun lan Sri panggya. andhawuhkên kang timbalan. Sri matur kalingga murda. ananging darbe sêmaya.
26. Yen wus ruwat saking papa. lawan arine Saddhana. têmbe dinadosna dewa. Dewi duta wangsulannya. ing mangke Raden Saddhana. sampun waluya kang ngruwat. Sri Wiku Ngatasmaruta, dhinaupkên atmajanya.
27. Ran Dewi Laksmitawahni. nanging karsane Hyang Gin têmbe yen wus asisiwi. wit bakal nurunken wiji. sarpa sawa dukmiyarsi. sabdaning kang widhadari. warti lampahe kang rayi. karantan-rantan ing ati.
28. Anglalêkêr kawistara sêmune minta ruwatnya. gya rinuwat wus waluya. sarpa sirna Sri kang ana anulya ayun binakta nanging Sri maksih lênggana. atumya mring Widdharya. kang dadya sandeyeng driya
29. Nilar mring Wrigu-atmaja. manawi kenging rencana. ing dewa têmah palastra. yêkti yayah renanira. saiba susahing driya. mangka ngagêsang punika. yen rumaos katupiksa. wajib sangêt (m)baurêksa.
30. Liripun kula punika. rumaos dipun openni. walês kula angopenni. sagunging kang widdhadari. ngraos lêrês turira Sri. ana widdhadari siji, anama Dewi Nariti. misik dhatêng Dewi Esri.
31. Kalamun Ki Wrigu siwi. panjanmaning Tiksnawati. mila agung rêncaneki. awit (ng)gonnira manjanmi, paliwara datan mawi. dadya dukane Hyang Giri. wangsulannya Dewi Esri. Hyang Jagadnata sayekti. [ 245 ]32. Sipat asih Jawan mirah. tur kawasa amisesa, nanging tan karsa marwasa. sanggyaning kang tanpa dosa. karanten punapa dhawak. kamirahan yen tan lawan. papasiyan kadiparan. patraping kang pangangsan [42].
33. Têka badhe amirosa. lampahing kang amisesa. malah arsa amarwasa. Hyang Giri yen makaténa. punika punapa sipat. arubiru sayektinya. pasthi titahipun samya.
34. Lalawora haruhara. mangkana pra widdhadarya. kaluhuran ingkang sabda. gya muksa sapungkurira. Ki Wrigu lawan somahnya. yun (m)bersihi (ng) gyanning sarpa. myak samir kagyat ing driya. sarpa nir ana wanudya.
35. Kalangkung endahing wama. Wrigu sakalih aturnya. Dewi Sri wus sajarwa. ing purwa madya wasana. Wrigu amarwata suta. akeh-akeh aturira. ayun sudhiya sugata. Sri tan arsa mung aminta
36. Kinang ayu lawan kêmbang. gedhang ayu myang padupan. Wrigu mundur tur sandika. nulya para Widdhadarya. tumurun lawan Sri panggya. (n)dhawuhkên timbalanira. Hyang Giri angsung uninga. wijiling kang pangandika.
1 Hyang Daruna lan Dewi Daruni. kadangira wadon karya saru aneng kahyangane. anglakoni panggawe tan yukti. yeku lambangsari. lawan kadangipun
2. Sakarone saiki kaungsir. marcapada anjog. Hyang Daruna manjanma sutane. Ki Subandha ingkang lagi lair. de Dewi Daruni. anjanmaa iku.
3. Mring Rakêtan Ki Wrigu kang siwi. minangka dumados. liruning dyah Tiksnawati kuwe. diwasane kalihira sami. karsaning dewa di. dadya jodhonipun. [ 246 ]4. Têmbe darbe atmaja pawestri. dadya garwa katong. ing Wiratha iku nurunnake. sanggyaning kang ratu tanah Jawi. Dewi Sri duk myarsi. lêga galihipun.
5. Sarya matur sandika nglampahi. dhawuhe Hyang Manon. nanging nyuwun pêthukan sowanne. padhati sinang ingkang pangirid. Lêmbu Gumarang di. Naga Serang pêcut.
6. Wusnya atus ature Dewi Sri. waranggana gupoh. samya muksa prapta ing ngarsane. Sang Hyang Giri gya matur salwiring. dennira tinuding. ing Sri aturipun.
7. Sapungkure para widdhadari. Wrigu sakarongron. nyaosakên ganten myang dupane. Sri wus mucang Wrigu matur aris. pun Rakêtan mangkin panas badannipun.
8. Sri ngandika iku prabawaning. kang manuksma gantos ing maune apan panjamane. Tiksnawati liru dyah Daruni dene Tiksnawati. iki sandhingingsun
9. Kyai Wrigu lawan Niken Sangki. basa wêruh (n)jomblong. dene kêmbar tan ana siwahe. Sni ngandika dilatana nui. (m)bunbunannireki. anakmu si gendhuk.
10. Lan udêle epek-epek kalih. dalamakan karo. ngaping têu ing kiwa wiwite. sarta (ng)gyanta (n)dilati sêmbari. wuwuda sayêkti. sutanta rahayu.
11. Lamun sutanira nuju guling. poma wêkasingong. jwa kok am bung lawan sadurunge. pupak untu aywa wani-wani. nyiwê! pipineki. apadene Wrigu.
12. Ywa kok empêr lawan kang wus lalis. la-ilane awon. tan na tulus yen kok estokake. awidada pangêmongireki. sira sun jateni ing tembe sutamu.
13. Milu nurunnakên narapati. nungsa Jawa kaot. Wrigu Sangki sru suka sukure. pamit mêdal lajêng andilati. ing sutanireki. wus waluya ayu.
14. Tan pantara widdhadari prapti. pethukan sumaos. kadi dene sang Sri panyuwune. Sri myang Tiksnawati wus anitih. lan para apsari. neng padhati mamprung. [ 247 ]15. Wrigu Sangki lumêbêt patanin. sunya tan na katon. dahat dennya sungkawa driyane. wus pinupus karsaning dewa di. marêm ing tyasneki. winêca kang sunu.
16. Sadayeku purwanira nguni. katêlah samêngko. linaluri mring kang ngestokake. lumbung lêsung padringan patanin, myang sakehing kori. sabên malêmipun.
17. Ri Jumungah apan densajeni. kêmbang miwah konyoh. kinutugan kalawan patanen. pinasangan kajang sirah adi. pasren denarani. tinutup kalambu.
18. Sinajenan lantingan pan isi. we tumumpang bokor. myang purwane wong tani yun panen. arep wiwit nganggo densajeni. kêmbang boreh wangi. gedhang suruh ayu.
19. Klasa anyar lawan jarik putih. pamrihe Sri rawoh. myang purwane lah-olahan ranne. jangan mênir pêcêl santen pitik. jabangbayi lair. sinaratan mau.
20. Tamat ingkang carita sang dewi. marêk arawat loh. membêg-mêmbég sérêt ngandikane. kakang kene adhême ngranuhi awan bengi atis. Jawan tan ketemu.
21 Karo kakang Jengresmi kang anis. jare nuli panggoh. Jayengsari duk myarsa ature. ingkang rayi ribênging tyas kengis ngandikanira ris babo kadangingsun
22 Ywa kasêsa sawatara ari. pasthi banjur panggoh sang awiku marêpêki age. marang sang dyah ngandikanya manis nini ywa kuwatir ing tembe katému.
23. Lan kadangta tur wis (ng)gawa rabi. warnayu kinaot. miwah oleh-oleh marang kowe. sosotyadi agêmming pawestri. sinjang warni-warni. lan lêmês Jus-alus.
24. Rancangkapti lêjar ing ngawingit. angandika alon. apa têmên caritamu kuwe. mêngko amung angenaki ati. yen goroh dak jiwit. sang wiku angguguk.
25. Ora goroh caritaku nini. nanging wêkasingong ywa kasusu sasĕlot-sĕlote. lawan aja mulih marang Giri, yen mulih amasthi. tan bisa kêtêmu. [ 248 ]26. Iya kakang aku ora mulih. jangjine kêpanggoh. lan si kakang lawasa cik êben. Jayengsari amarwata siwi. kang rayi wus lilih. matur maha wiku.
27. Dhuh pukulun manawi marêngi. aparinga tudoh. kangmas Jayengresmi ing dununge. maha wiku patanya mangsuli. sirik agêng kaki. yen medharna iku.
28 Awit lagi piningit dewa di kinarya lalakon. lan bakale sira sakarone. lakunira sayēkti dumadi. tapabrata lêwih. kalamun lastantun.
29. Analangsa miwah tan sak-sêrik. narimeng trus batos. den engêta Hyang Widdhi tan sare. ngudaneni kalêngêking ati murah lawan asih. angrêksa satuhu.
30. Tutugêna lakunira kaki mangetanna gupoh. ywa rinasa kawi yan maune. ing saiki upama ron aking. aneng jalaniddhi. nut ombaking laut.
31. Radyan mangênjali turira ris. dhuh risang kinaot. andikanta dumadya lêjare. antêping tyas kumandel ing Widdhi pangestu sång yogi. ingkang amba suwun.
32. Mangkya mumpung maksih wanci enjing. lilanana ingong. ngiêksanani pukulun têdahe. rara sira pamita sang yogi. lan pamita maring. pra endhang sadarum.
33. Sang dyah matur lilanana kaki. (ng)gonuiun rumojong. milu marang si kakang lakune. ora luwih pangestumu kaki. salamêta nuli. têmu kang rinuruh.
34. Iya kulup lawan sira nini. mung pangestuningong. rinaksaa ing Hyang sakarone. kasambadan ing karsanireki. Buras ingsun paring. pangestu rahayu.
35. Buras nêmbah matur sru kapundhi. sabda sang kinaot. radyan miwah ari sampun lengser. maha wiku nganthi nganan nge- ring. winantu sasanti. (n)jawi dhadhah rawuh.
36. Kalihira pinêngkul kinêmpit. lajêng sakarongron. para endhang gumarubyuk (n) dherek. sarwi atur pupudya basuki. tuhune
gung brangti. marang sang abagus. [ 249 ]1. Lepas lampahira kalih. Buras tansah aneng wuntat. sang dyah yen sayah ginendhong. sumêngka anggraning arga. tumurun maring jurang. analasak wana agung. tan ana baya kaetang.
2. Kendel dennira lumaris. lingsir kilen wancinira. nèng wetan arga prênahe. ayom lenggah pasukêtan. ing ngare sri kawuryan. sengseming tyas sang retnayu. miyat ingkang padhukuhan
3. Papanthan ijo rêspati. kêlêtan ing lorah-lorah. we wêning tumlorong anjog. ing talaga pindha blumbang. ulamnya tambra abang angambang lir suhun-suhun. marang kang kulineng. arga
4 Pêcuk cangak pêlung rintip ana têpining talaga nvengongong jir (m)bagekake rang-urangan calorotan. liwêran mrih katingal. krêdyating tyas angiiiipur. dadiya sukaning driya.
5 Urang watang ngambang pinggir. sinambêr ing rang-urangan. pelung myat saiulup age. antuk délég gya ngumbara. (m)barêngi rang-urangan. prapta luhurnya sang ayu. dêlêg lawan urang watang.
6 Dhinawahakên ngarsaning sang dvah lagya ngundhuh sekar kagvat myar délég tibane. gandheng Jawan urang watang ngandika gage Buras iki ana iwak runtuh gandheng lawan urang watang
7 Kalihe cinêpêng aglis. barêng tiba saka tawang kakang aku iki oleh dêlêg gêdhene sapucang. kalawan urang watang sagandhik kapara langkung tiba ana ngarsaningwang
8 Upamane ana panti. pasthi banjur takngu kolah rahadyan lon andikane yen sira doyan binakar. Buras ge ngupayaa. woh kamai lan uyah piêtuk. kinarya (m) bumboni ulam.
9. Buras mentar wangsulneki. (m)bêkta woh kamal myang uyah. sang dyah angandika alon. gêrusên ana ing sela. banyune sawatara. goleka ron blêkêtupuk. kinarya angêpes ulam. [ 250 ]10. Dêlêg urang wus denpessi. Buras nulya ngagar dadya. wangwa gya denurubake. pes-pesan pinendhêm wangwa wus matêng gya ingêntas. ingaturkên sang rêtnayu. binuka neng ngarseng raka.
11. Kakang ron bletupuk iki. bingen kandhane si biyang. kalamun kinarya ngêpes. sawamane ulam toya rasane tan prabeda. kalawan kang dipes iku. Buras coba rasakena
12. Ngathêkul dennira bukti. dalah kang gosong pinangan. sang dyah angandika alon. piye Buras apa nyata. rasane kaya iwak. Buras nyumak-nyamuk manthuk. Rancangkapti langkung suka
13. Kalihe wus samya bukti. urang myang dêlêg tan têlas. linorot Ki Buras age. meh suruping diwangkara. lajêng ing lampahira prapteng pagagan wus surup. têbih lawan padhêkahan.
14. Paran karsanira yayi apa sipêng padhêkahan rehne iki wus kawêngen. payo kakang padha munggah. ing lincak têngah sawah. mêngko bêngi lamun turu. ana ing kono kewala.
15. Besuk byar bae lumaris. katiga wus samya minggah. nuju purnama wulanne. sumeblak angijak-ilak. kathah kang katingalan. liwêran wraha susunu sang rêtna tanya mring raka
16. Kakang tikus gunung Kawi. gêdhe dhuwur nganggo tracak. iba ambane êronge. yayi iku aran wraha, nulya na katingalan. simagembong ayun ngrundhuk. marang gênjiking waraha.
17. Titiga kang kantun têbih sang dyah umatur ing raka. kucing apa dene gedhe. kêmbang asêm bledhak-bledhak. Buras cêkêlên enggal. aku kapengin yun ngingu. Ki Buras kenděl kewala.
18. Punang sima wus tan keksi. Buras nyebut kamdulilah. bêndara niku namane. sima asring (m)badhog tiyang. kula sareng uninga. bokong ngoplok kringet kumyus. wel-welan tan sagêd (ng)glawat.
19. Rancangkapti ngandika ris. kene tan nêdya sikara. kono ya samono maneh. mula Buras dipitaya kang teteg driyanira. was tiwas ingkang tinêmu. Buras matur kasinggihan. [ 251 ]20. Tengah ratri sang dyah guling. Buras ngantuk rerenggotan. radyan kantun wungu ijen. munajat maring Pangeran. rahayune kang rama. miwah raka kang anglangut. utawi panuwunnira.
21. Rahayune sarireki. Jan kadangira wanudya. lampah ywa na sangsayane. kadugena ing sakêrsa. ing têmbe kapanggiha. kalawan kang dipun ruruh. ing wanci wus bêdhug tiga.
22. Ramya swarane kang paksi. kang munya enjing-enjingan. cing-cinggoling thilang pênthet. cocak keket myang sikatan. srigunting rang-urangan kacer jalakuren pênyu baranjangan munya tawang.
23. Sang dyah wungu dennya guling. kakang iki wayah apa paksi wus ramya swarane. myang swaranira wong (ng) gentang. umyung agagendhingan iki vayi wanci bangun. kakang payo maring sêndhang.
24 Buras iku apa guling. (n)jêgrêg nanging sasênggoran. (n)dêrejes kêbês pangkone. iah Buras sira tangia iki wus bangun enjang garagappan sarwi matur. bêndara kula tan nendra.
25 Kalihe sru guiêngneki. iya kowe nora nendra mung ngantuk saplasan bae sang rêtna miwah rahadyan mandhap saking pagrongan. Ki Buras tansah neng pungkur prapteng sendhang nulya siram.
26 Rêpêt-rêpêt saput siti. kalihe lajêng umentar datan winarna lampahe. wanci Asar prapteng Klakah. suku arga Lamongan. katon arjaning kang dhukuh. aglar ingkang rajakaya
27 Miwah ingkang nambutkardi. aneng têgal myang pagagan rahadyan kendel lampahe lawan arinya sang retna neng jêroning têgalan. cingak sakehing wong dhusun kang samya anambutkarya.
28 Miyat ingkang nêmbe prapti. Ki Buras kinen tatanya ranning dhukuh panggedhene kang tinanya lon turira ing ngriki dhu sun Klakah dene ta pangagêngipun. nama Ki Umbul Sadyana. [ 252 ]29. Sintên ingkang (n)dika iring. wangune dede wong rucah. saking pundi pinangkane. dhatêng ing pundi sinêdya. Ki Buras. saurira. ingkang kula dhereki niku. asli saking Surapringga.
30. Badhe dhatêng Banyuwangi. ananging anggung kasasar. labet dereng wruh margine. mangke karsane bendara. reh lampah katanggêlan. pados sipêngan sadalu. enjang (n)dumugekken lampah.
31. Ki mêgawe duk miyarsi. seleh dennya nambutkarya. ngenthar bêbeja lurahe. sawusnya katur sadaya. Kyai Umbul Sadyana ngandika kenthol den-gupuh. turana banjur kewala
32. Prapta têgal turira ris. angger paduka ngaturan lajêng tumameng wismane wus kerid ing lampahira Kyai Umbul Sadyana mapag neng jawining dhusun kalihe wus ingancaran
33. Lajêng tumameng ing panti. linenggahkên bale watang. Ki Umbul tan arsa jejer. radyan angling mring ki wisma kaki wa wontên ngandhap satêmahe kula rikuh pravogi minggah kewala
34. Ki Buyut minggah turnya ris angger kula nilakrama sinambating sakalihe miwah ing pundi pinangka sartane kang narsan dene rawuh Klakah dhusun Argasonya keh bêbaya
35. Kaki kula saking Grêsik Javengsari apaparab dene ari kuja wadon. Rara Rancangkapti nama rencang niki pun Buras mila kadya mêndêm pucung ngupadosi kadang wrêddha
1. Datan mawi cariyosan kesahipun Jayengrêsmi nama kalunta prapta ing ngriki. tan kapanggih wartos kewala tan angsal.
2. Ariulun sru trêsna mring kadangipun. datan kena pisah. wasana tinilar anis. datan kêna pinênggak dennya ngupaya.
3. Kyai Umbul duk myarsa asru gêgêtun. aris aturira angger den santoseng galih. rakapara ing mangke taksih raharja [ 253 ]4. Karsaning Hyang ing mangke dereng panuju. sang dyah angandika. kaki dadi maksih urip. kakang Jayengrêsmi kang ingsun upaya.
5. Sukur-sukur jangji tan tumêkéng lampus salawasaneya. kaki besuk rak kapanggih. Umbul matur inggih makatên estunya.
6. Ulun atur sugata sawontênnipun. pan namung lumayan. minangka jampi kalantih. radyan (n)dhêku kalihnya wus samya nadhah.
7. Wusnya rampung linorodkên Buras sampun. kacung (n) dika nadhah. sampun mawi isan-isin. lêbaring kang nêdha wanci surup surya.
8 Wus ginantyan tranggana abyor kadulu mangsanya katiga. sumilak ing ngawiyati. jumalegur swaranya arga Lamongan.
9 Radyan (n)dangu punapi ingkang karungu. Ki Umbul Sadyana umatur pucaking ardi wontên kawah anvêmburakên dahana.
10 Langkung sae tiningalan saking dhanu ing wingking punika saking dhusan b tên tebih. Tirtamava cêtha layanganing arga
11 Sang dyah rara matur kakang aku milu Ki Umbul Sadyana. miwah tamunira kalih wus umentar prapia repining talaga
12 Dhanu agung Tinamaya iro kalangkung angalangui wiyar pungkasan têpi kang sisih. kawistara têka lambunging prawata
13 (n)Dêdêr mancut lir kukusan adêgipun wayanganing arga. ngalela neng tlaga keksi. nyêmburakên dahana saking ing kawah
14 Wêdaling pyu tinon lir puspita arum sumêmbur tan kêndhat sumêbar ing ngawiyati tumurunnya lir pendah jawah dahana
15 Rêneng kalbu radyan miwah sang rêtnavu. tan ngêmungkên ingkang katingal ing ngawiyati. asri tinon layangan kang neng talaga.
16 Dadya jumbuh ngandhap nginggil sêkar latu. katémben kalihnya umiyat wêdaling api. tanpa kêmba karya agcaryaning driya.
17. Neng têpining talaga sadalu muput. sadaya tan nendra. (n)dung [ 254 ]kap wanci pajar gidib, radyan amit maring Ki Umbul Sadyana.
18. Aksamanta kaki marang jênêngingsun. rehing wus raina kula lajêng saking ngriki. (n)dumugekkên ing lampah ngupaya kadang.
19. Ki Sadyana matur angger yen panuju wangsula mring wisma pun nini wus nyadhiyani. sasarapan sakawontênanning arga
20. Inggih kaki sangêt ing panrimahulun pasihanta mring wangnanging (m)bujêng mumpung enjing. Kyai Umbul (n)dhêku umatur sumangga.
21. Ulun matur pamudya rahyuning laku vwa na kara-kara. inggih kaki sami-sami. ingkang kantun manggiha suka raharja
22. Sampun linggar saking ing Lamongan gunung lajêng lampahira. ruruntungan lawan ari. katri Buras neng wuntat datan ate bah.
23. Lampahipun neng ngênu datan winuwus prapta padhukuhan Kandhangan sukuning wukir. ing Semeru talatah nagri Luma Jang
24. Kendel ana sangandhaping manaira gung ing têpming en dhang. sang dyah cawuk cawuk wanh sarwi anon wadêr bang kang gung liwêran
25 Tan karasa rapuning sariranipun kasêngsêm mvar mina bavak molahakên dhiri. esthanira manêmbrama mring sang rêma
26. Tan pantara dangu pangagênging dhukuh ing Kandhangan prapta. kakasih Seh Amongbudi lajêng sasalaman kalawan rahadyan
27. Sawusipun jawab asta Ki Seh matur. kula nilakrama. sang adi sintên kakasih. lawan saking pundi kawijilan nira.
28. Ngandika rum rahadyan mangsuli wuwus kula Jayengsekar saking nagari Garêsik. ingkang wontên têpining sêndhang punika.
29. Kadang-ulun Rancangkapti namanipun. kalunta ngupaya kadang sepuh ingkang anis. Raden Jayengrêsmi tumêkeng samangkya [ 255 ]30. Dereng pangguh warta kewala tan antuk. paman sinten nama. angger kang sarju mastani. Amongbudi pinisepuhing Kandhangan.
31. Karannipun Seh Kandhangan ing Sêmeru. kalamun sembada. putrakula myang kang rayi. kaparênga kampir dhumateng wismamba.
32. Anglêrêpna sarira ingkang arapuh. têmbe yen wus tingkas. sumangga ingkang kinapti. turnya radyan ulun andhérék-sakarsa.
33. Amung rarenipun dereng kula tantun rara paran karsa. pamintane Amongbudi. iya kakang prayoga kampir ing desa.
34. Amongbudi kalangkung sukaning kalbu. radyan sakaliyan. wus kerit mring dhukuhneki. prapteng wisma ngalempakken kulawarga
35 Rabinipun kinen asasaji gupuh ganten wedang kahwa gula siwalan rum manis. dhadhaharan sêkul myang ulam-ulaman.
1 Kawarnaa dennira sasaii wus samêkta gya lumadveng ngarsa tinata katharek-tharek Seh Amongbudi matur. dhuh nak angger bilih marêngi pun bapa tur sugata ing sawontênnipun. saestu kirang mirasa reh parêden samukawis sarwa langip amung karana Allah.
2. Inggih paman nadyan nêmbe prapti. raosing tyas wus lêlanan lama. feka tan na pakewede. Amongbudi gumuyu pan kakênan sabda sang pêkik. rahadyan sakaliyan. anadhah pikantuk. riwussira cinarikan. linorodkên mring Ki Buras wus abukti. tutuk dennira nadhah.
3 Amongbudi ngancarani malih. lah punika pamangsêg dhaha ran. wedang kahwa êsês ganten Jayengsari andhêku. kono yayi sasamben linggih. wus samya dhadhaharan sakaparengipun rahadyan aris tatanya. arga pundi kang mawa kukus kaeksi. Seh Among aturira. [ 256 ]4. Ing Semeru pucaking kang ardi. mawi kawah dalu lawan siyang. (n)dalêdêg mêdal kukuse, mung asring-asring nyêmbur. ngêdalakên latu ananging. tan karya kasangsaran. nahan wanci surup. baskara ginantyan wulan. wanci Mahrib tinêmbang kênthonganneki. pra santri kathah prapta.
5. Samyangambil kang toya astuti. marang masjid amaca salawar. adan kendel sadayane. bakda adan gya laju. sunat Mahrib dwi rêkangati. anulya kinamadan. ngangkat Mahrib pêrlu. Seh Among kang dadya imam. radyan makmun sira Niken Ran cangkapti. neng pawestren makmuman
6. Lan sakehe para santri estri. têkeng waktu Ngisa wussing bakda sampêt puji myang dongane. sang dyah anulya wangsul nunggil lawan rakanireki eca alêlênggahan neng srambining tajug. Rancangkapti (n) dangu Buras.kathik mau tan milu salat sireki. Buras matur manembah
7 Wussing wulu gya kabêlêt ngising. wussing cewok wulu atop batal. sêmanging tyas carivose. atop sudaranipun lawan sarip ning medal nginggil saking pamanah kula wonten empêri pun. saben wadhuk kula sêbah. botên ngêntut mung giegekên wanti-wanti. si sebah têka mayar
8. Mongbudi mesêm ngandika aris bagus Buras. glegek datan dadya. ambatallakên wulune rahadyan ngandika rum Buras sira matura kyai. êndi kang dadya ganggam tanggap majêng matur. dhuh Kyai Seh saestunya. ingkang dadya wênang mokale wuleki. lawan ingkang sêmbahyang.
9. Ulun dereng uninga sayêkti. amung ilu-ilu ing ngakathah. kula nyuwun sajatose. Amongbudi lingnya rum. iya kacung luwih utami. rasanan bab agama. wênang mokalipun. tinimbang lan nyatur liyan. kagêm cagak lalenggahan sawatawis. batalle wulu lima.
10. Ingkang dhingin mêtu marga kalih. nguyuh ngentut ngising sasaminya. pindho turu nganti suwe. tan têtêp lungguhipun. ping tri ayan mendêm lan baring. ping catur gêpok janma. kang len mukrimipun. rinaben kena ken wênang. kaping lima [ 257 ](ng)gėpok dakar jubur parji, sunating wulu lima.
11. Dhingin masuh tangannya kakalih. pindho kêmu ping tri ngumbah kama. kaping catur angingsêp we. dene ping limanipun. ngusap sirah myang githokneki. pêrlune wulu apan. nênêm prakareku. ingkang dhingin iku niyat. kapindhone masuh rai kang waradin. ping têlu masuh asta.
12. Tuwin sikut kanan ingkang dhingin. kaping cafur masuh bunêmbunan. kalima masuh sukune. karo wit saka dhengkul. ing kang têngen uga kang dhingin. anulya ingkang kiwa. tartib nênêmipun. rut-urut kang wus kawêdhar. ywa tumpang so bataling salat winari. pan sawêlas prakara.
13. Ingkang dhingin batal wuluneki. dwi katiban najis kaping tiga. apan kebuka murate. kaping catur anginum kaping lima mangan angêmil. kaping nêmme caturan. kaping pitunipun ngamal ingkang kathah-kathah. nuli-nuli kaping wolunipun nênggih. apan gumuyu suka
14 Kaping sanga mungkur keblat nenggih. ping sadasa rukun winuwuhan. lir rukun mindho pamine. kaping sawêlassipun. ngengêtakên rukukireki. lir rukuk sadurungnya. ihtidal puniku. mungguh êsahing sêmbahyang. pan wowolu amintir ingkang rumiyin dwi wruh pêrluning salat
15 Katri bisa (m) bedakkên parluning. kaping catur wruh anjinging wêkdal. lima nutupi urate. madhêp keblat nêmminipun. kaping pitu awake suci. ping wolu suci uga. sasandhangannipun. panggonan lawan driyanya. de pêrluning salat wolulas winilis. kang dhingin iku niyat.
16 Ping dwi Takbiratul-ekram katri. ngadeg catur amaca Patekah. apan rukuk ping limane. tumaninah nêmmipun. kaping pitu ihtidal nênggih. ping wolu tumaninah. ihtidal wussipun. sujud ingkang kaping sanga. ping sadasa tumaninah jro sujudi, ingkang kaping sawêlas.
17. Lungguh antarane sujud kalih. kaping rolas Jungguh tahyat awal. ping triwlas tumaninahe. antaraning dwi sujud. ping patblas lungguh tahyat akhir. ping patblas lungguh tahyat [ 258 ]akhir. ping limalas salawat. ing Jêng Gusti Rasul. ana ing Jungguhe tahyat. ingkang akhir kaping nêmbêlasse tartip. urut-urut artinya.
18. Ping pitulas pan mualat nênggih. jangkêp ping wolulas aweh salam. lah iku wênang mokale. sêmbahyang lawan wulu. Buras matur sangêt kapundhi. ananging dereng apal mengko den mut-emut. kalawan mapan tilêman. wanci lingsir ratri sang dyah nulya guling. neng wingkinge kang raka
19. Buras ngadhag-adhag andrêmimil. ngapalakên prêluning sêm- bahyang. tan tutug anulya ngorok. sesênggoran ngalindur. galegekên nora (m) batali, sanake ngaping tiga. Jan sikaki antut. kêclap-keclap sasênggoran. radyan mesêm Ki Among umatur aris. prayogi sasarêyan.
20. Inggih paman mangke sawatawis. paman kewala aso ing wisma. Amongbudi wusnya lengser. rahadyan apitêkur. têka wanci ing pajar gidib. sang dyah wungu tatanya kakang isih lungguh. wangune datan anendra. lagi bae rara (ng)goningsun ngalilir. kakang gugahên Buras.
21. Wusnya tangi mring balumbang sami. asusuci ngambil toya kadas. Ki Wisma marêk ngarsane. suwawi angger waktu. samya Subuh Ki Seh ngimami. wus bakda pupuiiyan lawan donga Subuh. paragade kang pandonga ngandika lon radyan mring Seh Amongbudi. paman ulun aliman.
22. (n) Dumugekkên lampah mupung enjing, mugi sampun kirang pangaksama. mring kawula sadayane. Seh Among aturipun. ulun dherekakên basuki. lawan atur lêmêngan. ulam miwah sêkul. sambêl windu kacangcina. kagêm sangu bilih rinta kalantih. reh tambuh kang sinêdya.
23. Wedang kahwa salodhong miranti. radyan matur sangêt panrimengwang. paman Among papasihe. pinaringakên sampun. mring Ki Buras wus denpranteni. ri wusira samêkta. sasalaman gupuh. rahadyan anulya linggar. lawan ari Buras neng wingking anyangking. lodhong cacah sakawan. [ 259 ]24. Ngling wuh têmên gonku (ng)gawa iki. yen manggunga dak cangking kewala. pasthine bauku theyol. sang dyah nyêlaki gupuh. Jah gendhongen bae ya uwis. bêntingmu uculana. lodhong papat sampun. ginendhong marang ki Buras. sakaliyan lêpas dennira lumaris. saking Bangil mangetan.
25. Sakalangkung rêkaseng lumaris. tan cinatur laminya neng marga. uwus angambah sukune. ing Argapura gunung. ngalér ngetan sumêngkeng ardi. kathah kang sato wana. samya tutut-tutut. manjangan kidang andaka. aneng marga sêmu wêlas aningali, marang kang andon lampah.
26. Mêrak ngigêl kadya têdah margi. satawana lumampah neng ngarsa. bayak kalawan kuthuke sang dyah karenan (n) dulu. dadya supe lungkrahing dhiri. kasêngsêm dennya mulat. asrining kang taru, myang kathahing satowana. miwah paksi sung swara kalanya ratri. lereh neng padhusunan
27 Dupi prapta lambunging kang ardi saking mandrawa asri kawuryan Jengsari lon andikane. rara lamun panuju kampir dhukuh ingkang kaeksi. anglerépkên sarira. lawan yen kapranggul kakangmas manawa ana. tan anane ngupaya patakon maring janma kang wus utama
28 Kakang iya kalangkung prayogi. kawarnaa wiku Argapura. Seh Wahadad paparabe. tan samar ing pandulu. Jamun ana putra Jan putri. ayun sumêngkeng arga. cinipta wis rawuh. aneng ngarsane sang tapa. dhuh bageya Jayengsari Rancangkapti. ana ing ngarsaningwang.
29. Jayengsari Niken Rancangkapti. kagyat ing tyas dene sang pandhita. wus uning mring sarirane. mangênjali umatur. kang timbalan sang maha yogi. langkung kalingga murda. Seh Wahdat lingnya rum. aywa eraming wardaya. satuhune ingsun apan andarbėni. kabeh kuwasaning Hyang
30. Paranbaya karsanira kaki. dene lawan arinta wanudya. teka kasasar marene. apa kang sira ruruh. radyan nêmbah turira aris. sestu tan kasamaran. maring badanulun. sang tapa mesêm Jingira. têka bênêr aturira marang mami. lamun tan [ 260 ]mangkonoa.
31. Nora parlu mahas ing asêpi. sira kulup lawan sira rara. padha rêrêpa ing kene. lamun wus wêktunipun. alinggara saka ing ngriki. sarehning tanpa rowang, nggoningsun susuguh. manut klêthêking driyanta. parmaning Hyang manawa banjur nganani, nyatane kamurahan.
32. Radyan lawan ari sru kapengin. bukti sêkul pulên panggang pudhak. jangan mênir pêcêl dhère. dhèndheng manjangan gêpuk lalap sladri cambah kêmangi. dhaharan carabikang. koci mendut timus. Buras (ng) gagas sêkul gaga. blênyik putih pêcêl iso myang semanggi. dhendheng pêndhul maesa.
33. Sang awiku angandika kaki. lan arinta maranga ing wisma. dhahara apa anane. Buras mengo (n) drêkukul.ngunandika ya talah kyai. têgêl-têgêle tawa. dene sêpi samun. tan ana banene janma (n)dadak tawa sing dipangan apa angin. Seh Wahdat mesêm lingnya.
34. Buras age maranga ing panti. tilikana lamun wus samêkta matura (n) daramu raden, ki Buras nêmbah mundur.dupi miêbêt sajroning panti. sêkul ulam dhaharan. gumêlar pinatut. wadhahe myang dennya nata. tambah ngungun dene (ng)gonira kapengin. abukti sêkul gaga.
35. Saklêthêking nala amêpêki. sru gêgêtun dennya mengo ugiwa. sakala langkung ajrihe. cangkelak nulya wangsul. makidhupuh matur sang pêkik bêndara kang timbalan sang adi pukulun. paduka kinen adhahar. wontên panti punika sampun miranti. kawula ingkang nata
36. Kulup rara dhahara kêriyin. Buras bae kang angladennana. katiganya sampun lengser. prapteng wisma sru ngungun. mangunahe janma linuwih. Ki Buras latah-latah. kula sangêt ngungun. wontênipun sekul gaga. blênyik dhendheng pêcêl iso myang sêmanggi,punika gagas kula.
37. Langkung nikmat munpangating bukti. linorodkên mring Buras sadaya. ceplês tan ana turahane. marem sadayanipun. samya wangsul marêg sang yogi. nahan salaminira. neng Argapureku. [ 261 ]mung raos nikmat munpangat. mênênging tyas madhep engêt ing Hyang Widdhi. dadya brangta ing Suksma.
1. Jayengsari Rancangkapti. tan mantra lamun dhatêngan. wus kadya putrane dhewe. Seh Wahdat ngandika mring dyah. eh rara putraningwang. denweruh maring Hyang Agung. iku wajibing kawula.
2. Wruhana Dating Hyang Widdhi. Sipate miwah Asmanya, apa dene Apêngale, ananing Hyang iku Esa. tan ana kang akarya. tan warna rupa dinulu. Jan Esa Apngaling Suksma.
3. Nganakakên bumi langit. sabda Kun sampun gumêlar. saisining jagad kabeh.ni rara matur ing rama. ing pundi (ng)gen uninga. kang manah dereng dumunung pae ananing kawula
4 Amba sampun ngudaneni. mênggah Dat Sipating Allah. Asma lawan Apêngale ing pundi margane wikan suka sang maha tapa. myarsa ature kang sunu. aris wijilling wacana.
3. Iya wajibing ngaurip ven wis wayahe diwasa ngawruhana ing Hyang Manon waibe lawan kang mokal miwah jaise pisan. iya sipat rong puluh, margane sira waspada
6. Sipat wujud ingkang dhingin. têgêse wujuda iya. pasthi kala mun anane. ya kaananing Pangeran. iku sipat Napsiyah, mung sawiji aran Wujud. kapindhone sipat Kidam.
7. Maknane Kidamma dhingin. tan ana(n)dhingini maneh.dhingin Jan kawitan ora. sadurunge dumadya. bumi langit awang-uwung. Loh Kalam pan durung ana.
8. Atanapi Ngaras-kursi. Allah Tangala wus ana. iku Kidam kang jatine. aranne sipat Salbiyah. wilangane lilima. Baka langgeng têgêsipun. ananing Hyang tanpa wêkas.
9. Sasirnaning bumi langit. kaanane Hyang tan owah. ya Salbiyah ping têlune. iya sipat Mukalapah, lil kawadis têgêsnya. ananing Hyang Maha Luhur. prabeda lawan kang anyar. [ 262 ]10. Anane anyar kinardi. saking ora dadi ana. kalamun rinusak kabeh. padha mulih marang ora. sarupane kang anyar. sejene lawan Hyang Agung. anane tanpa wêkasan.
11. Wal kiyamu binapsihi, têgêse anane Allah. jumênêng Anane dhewe. tanpa padha kang anyar. ana lawan kinarya. Salbiyah ping limanipun. aran sipat Wahdaniyat.
12. Maknane Wahdaniyati. Dating Allah iku Esa. Sipat miwah Apêngale. ing Pangeran iku Esa. têgêse Dating Esa. pan ora sungsun Hyang Agung. dening Esa-ning Apêngal.
13. (n)Dadekkên bumi langit. lawan saisine pisan. karyane ora kapindho. mokal lamun kapindhoa. anane tanpa arah." tan ênggon ngisor myang (n)dhuwur. nora kacakra ing driya.
14. Wus ganêp lilima uni. kang aran sipat Salbiyah. kanêm lawan Napsiyahe. ana maning sipating Hyang. sipat Mangani rannya. wiwilangane pitu. ingkang dhingin sipat Kodrat.
15. Iya Kodrating Hyang Widdhi têgêse Kodrat kuwasa. nganakaken ing orane. angorakaken kang ana dene sipat Iradat. têgêse karsa Hyang Agung. anganakakên kang anyar.
16. Sakehing titah pinasthi. gedhe cilik ciyut amba. saking Iradating Manon, ana maning sipating Hyang. ngelmu wastaning sipat. ngawikani makna ngelmu. wêruh datan kasamaran
17. Pira-pira aling-aling. tan samar osiking titah. Allah ngawikani kabeh. lawan malih sipat Kayat, maknane iku gêsang. iya urip- ing Hyang Agung. urip tan kalawan nyawa.
18. Sarupane kang dumadi. uripe sarta lan nyawa. padha kêna pati kabeh. Allah tan kêna ing pêjah. dene ta sipat Samak. amiyarsa têgêsipun. pamiyarsaning Pangeran.
19. Tan samar myarsa ing dhiri. tan awarana miyarsa. sipat Basar ing maknane. Allah ningali sa-alam. ora kalawan netra. tan samar saisinipun. iku Basaring Pangeran.
20. Yaiku sipat-Mangani, ganêpe pipitu alam. sipat Kalam ing têgêse. Allah Tangala ngandika. datan sarana lathi. ganêpe sipat rongpuluh. sipat Maknawiyah rannya. [ 263 ]21. Padha lan sipat Mangani, pipitu têtêp-têtepan. sipat Kadiran dhingine. Muridan katri Ngalimun. kacatur sipat Kayat, Samingan ping gangsalipun, kanêm kang sipat Basiran.
22. Mutakaliman (njangkepi. jangkepira kalihdasa. amung sipat Kayat kuwe. tan ana kang tinaklukan. tanapi dadi sabab. sarupane sipat iku. kasaratan sipat Kayat.
23. Kayun têgêse kang urip. iku sipat Maknawiyah, dadi rongpuluh gênêpe. sipat ingkang padha kocap. kabeh wujuding Allah. iya kang sipat rong puluh. nini sira kawruhana.
24. Lawan kawruhana maning. liding sipat kalihdasa. liding Ku la lawanane. wajibe kalawan mokal. dening ananing Allah. Maha Suci wastanipun. ing Ajal lawan ing Abad.
25 Liding sipat kalihdesi. yaiku mokaling Allah. ngadamuhdat iku rêke. kabêkta na ngadam mokal. padha lawan kang anyar. tandhane Allah kang Agung. iya gêlare kang jagad.
26. Liding kang sipat Mangani. têtela ing Maknawiyah. den awas tasbeh tanjihe. sakehe sipat kang kocap. tan êsah tekadira taklid. jênênge puniku. pangawruhireng Pangeran.
27 Têgêse kang basa taklid. atitiron ujaring lyan. nora micoreng dheweke anunular ing pawarta. tekade ora êsah. taklid pasis jênêngipun. rusak ingkang panarima.
28 Den nastiti sira nini. aja ngambah Kadariyah. tanapi Jabariyahe dadalan ngroro pan samar. angapit kalihira. mring dadalan Suni iku. wajib padha singkirana.
29 Wong Kadariyah yen angling. ananingsun iki Tuwan. dinadekkên ing Hyang Manon. miwah panguwasaningwang. sasolah bawaningwang. tanpa darbe pangwaseku. anging Pangeran kang molah.
30 Lamun angucap wong Suni. ananingsun iki Tuwan. andadekkên marang ingong. miwah pangawasaningwang. tanapi kuwatingwang. pinarêngakên puniku. kalawan karsaning Allah [ 264 ]31. Rama dados ingkang manjing. dhumateng sipat Napsiyah. namung satunggal wujude. kang manjing sipat Salbiyah. punika ingkang gangsal. pan sipat Kidam puniku. kalihipun sipat Baka.
32. Katri Mukalawatu lil.-kawadis ka-catur wal.-kiyamu bi napsiyane. Wahdaniyat jangkep gangsal. ingkang umanjing sipat. Mangani apan pipitu. Kodrat lawan Iradat.
33. Tri Ngelmu catur Kayati. Samak Basar lawan Kalam. punapi makatên rêke. kang manjing ing Maknawiyah. ugi sami kasapta. sipat Kadiran dwinipun. Muridan katri Ngaliman.
34. Sipat Kayun catumeki. gangsalnya sipat Samingan. sipat Basiran nênême. Mutakaliman saptanya. sang wiku suka rena. wasana ngandika arum. iya uwus bênêr rara.
35 Sawise win jang ngelmi. ing rama sang ayu kesah. ameng-amêng pakaryane. ingugung dinama-dama. atmajestri sajuga. mangkana rêtnaning ayu. ngandika malih ing rama.
36. Marek Niken Rancangkapti. ing rama sarwi wotsêkar. têka baut Jêlewane alenggah ngarsaning rama. maharsi Argapura. pangandikanira arum. gusti putrane pun bapa.
37 Sira lunga marang êndi. têlung dina lunga têka. kalawan sira maninge. saben dina oleh kêmbang. argulo sumarsana. lawan sekar tunjung tutur. jêlamprang naga puspital
38 Sang dyah nêmbah matur aris. kula kekaring mring wana. pupunthuk guwa tlagane. sukaning tyas myat kusuma. ganda arum angambar. wontên ingkang taksih kudhup. ngajengakên (m)babar ganda.
39 Cinarita sang apêkik. siang dalu tansah ngarsa dhahar nendra ngantya supe. sang wiku rêsêping nala. wus tumplêg ngelmunira. mêpêg birai sang bagus. maring Pangeran Kang Nyata.
40. Jengsari myang Rancangkapti. makidhupuh ngarseng rama. katon mawelu netyane. lir sasangka karainan. sang wiku duk umawas. sêmune kang makidhupuh. arum wijiling wacana. [ 265 ]41. Babo sutaningsun kalih ing wanci enjing mangkata. marang arga Rawun ranne. wusse sawatara dina. ana ing Rawun arga. banjura mring Banyuarum. têmbe katêmu nangkoda.
42. Saka Pakalongan nagri. kalamun sira binêkta. têka anuruta bae. yen wus têka Pakalongan. ajalnya ki nangkoda. sabarang tilarannipun. banjur sira sidhêkahna.
43. Mring pêkir miskin nak yatin. ngengehêna sawatara. kangge sangu sacukupe. maranga Parahu arga. (n)jujuga arga Bisma. kono ana krajan agung. arane ing Sokayasa.
44 Kyagêng Sokayasa kaki. wus sinebut Waliyollah. sidik terus paningale. jujuluk Seh Akhadiyat. darbe atmaja juga. jalu warnanya abagus. blancer kadya Narayana.
45. Ki Mas Cebolang kakasih. samengko lagi lalana. calon linuhung yêktine. lagya anglakoni rucah. lamun wus tinarbuka. pinaring engêt Hyang Agung. Cêbolang mulih priyangga.
46. Sira suwitaa kaki. kalawan rinta si rara. gugunên pangandikane waktu iku wus andungkap. kapanggih lan kakangta. yen sira wus adudunung neng Wanataka panggihnya.
47 Kulup iki uwus wanci. sakarone umangkata sundongakkên sira angger. salamêt ing sangkan paran. manggiha suka-wirya sakaliyan matur nuwun. nêmbah lengser saking ngarsa.
1. Sanalika lir mas tumimbul ing warih. lêpas lampahira. tan ana sangsayeng margi. nir lapa arip myang sayah
2. Tyasnya karo kandel kumandel ing Widdhi. was uwas tan ana. tan lyan pasrah ing Hyang Widdhi. solahe raga lir sarah
3. Aneng laut anut ombaking jaladri. dadya tan rumangsa. lamun kwasanya pribadi. kabeh kuwasaning Allah
4. Myang winantu ing saba risang linewih. gancanging kang lampah. wus prapta ing Rawun wukir. kendêl tepining talaga. [ 266 ]5. Kacaryan (m)bêk anon wêninging kang warih. samodra Supitan. ing Bali cêtha kaeksi. jong layar akêthap-kethap.
6. Krajan dhusun padhukuhan lawan sabin. têgal pakêbonnan. pasêtren têpining kali. tinon saking têpi tlaga.
7 Apapanthan corah-corah katon gasik. myang turunning toya. sudhetan saking têlagi. lir sarpa sotya lumarap
8 Prapteng ngare dadya lepen gung medahi. sabin patêgalan. tan ana kurangan warih. mila sakehe tanêman.
9. Subur-subur ron ijo wênês dumêling. sêkar samya mêkar. wowohan wohe ngêmohi. maweh sêngsêm tiningalan
10 Sapucaking arga Rawun pan kaeksi. ingkang padhêkahan kinubêng ing taru asri. capaka pêthak candhana.
11. Marga mubêng kadya sarpa mulêt ing wit. satêpining marga. kanan kering dentanêmi. sasêkaran warna-warna
12 Sajawining sasêkaran kalen alit. binatur ing sela cêmêng pêthak miwah abrit. amalipir anut marga.
13 Awurahan paksi salindhitan ori. bethet atat kembang rang-urangan mancawami. drêkuku déruk sépahan
14 Menco jalak penyu uren klawu putih. prêkutut neng êpang an duduk layu dumêling. manyura ngigel kirab lar.
15 Rancangkapti matur raka sang apêkik. kakang kang kawuryan pucaking prawata iki. wangune kaya dhukuhan.
16. Baya iki margane munggah mring nginggil. kang (ng)gubêt ing arga tengah arata tur gasik. kinamadha sasekaran.
17 Kalen alit binatur sela wama tri. tirtanira maya. payo kakang diunggahi. mênek ana kang dhadhêkah.
18. Sakalihe wus manjat anggraning wukir. Buras aneng wuntat. rêngêng-rêngêng sukeng ati. katandha lêjaring driya.
19. Dupi prapta ing pucak kendêl jawining. pagêr sêsêkaran. argulo bang jêne putih. ijo dadu kapuranta.
20. Sinalisir katang putih sekar wilis. sajawining dhadhah. pina- gêran sela langking. gapuranira maju pat. [ 267 ]21. Palataran winêdhi malela langking. tinêpi ubengnya. sela lintang sakemiri. gêng rampak tinata wrata.
22. Balekambang aneng tengah wangun candhi. marginya maju pat. terus ing gapuraneki. narênthêng marga sukêtan.
23. Wot panjalin ingênam limarkatangi. pinggirnya lajuran. pucuk tumancep ing siti. ron samya trubus ngrêmbaka.
24. Kang ingambah manceret tan ana sêmi. amung kering kanan. saasta kang samya sêmi. inggil sadhadha watara
25. Umbul ingkang ngideri saengga candhi. ingingonan mina. gurameh myang tambra abrit. bayak kadya langên taya.
26. Kawamaa kang dhêdhepok têngah beji. wanita wus randha mancênning rêsik gumrining. cahya anuksmeng sasangka
27. Rara Sukci wahdat datan mawi krami. oliya wanita. kyattingngrat dyah Tan Timbangsih. duk uning ana dhatêngan
28 Miyos saking yasakambang ngore weni. sinjang lêlêmêsan. sumêkan gadhung malathi. rimong sutra dhasar jênar.
29 Ngawe-awe pangandikanira manis. babo putraningwang. ywa kadangon aneng (n)jawi. banjura mlêbu kewala
30 Kang sinung ling kagyar gya lumêbêt aglis. praptaning ngayunan. ngraup pada ganti-ganti. riwussira ngraup pada
31. Rancangkapti kinanthi sang maha yogi. raden aneng wuntat. kalawan Ki Buras santri. wus umanjing padhepokan
32. Nistha wolu sakawan gêdhongireki. jrambah ginêlaran. prangwadani catur warni. satengahing kang jarambah.
33. Palenggahan sela candhani ingukir. lung-lungan sekaran. ngandhap angrong pindha kursi. bundêr pinara sakawan
34 Angajêngkèn gapura kang maring (n)jawi. singgêtan sakawan. ingukir angukêl pakis. sendhenan lêgok lus gilap
35 Trus ing nginggil dadya langitan cinawi. ron myang sasekaran
neng anjang-anjang angrêmit. ing pucak dhandhang kirab lar. [ 268 ]1. Jroning panti catur gêdhongneki. kang ler wetan sela bang kinarya. sarwa abang rêrênggane. ler kilen sela pingul. sarwi pêthak rarêngganeki. kidul kilen kang sela. jênar dhasaripun. rarênggannya sarwa jênar. kidul wetan sela itêm kang kinardi. rarênggan sarwa krêsna.
2. Gêdhong catur candhelanya tunggil. satengahing wiwara maju pat. pan samya ngalih lawange. mring jarambah kang ngayun. sajuganya samya nêngkêři. ingukir rêrêmitan. sêsêkaran êlung. pipi lawang kering kanan. dhapur naga mulêt wit angrangsang pêksi. ingkang andon woh-wohan.
3 Datan uwus rarêngganing tulis. wawarnane ingkang padhêpokan wiku Sukci asramane. radyan myang arinipun. tiga Buras tan ana angling. sru eram ing wardaya. gedheg-gedheg (n)iêtung. Rara Sukci wus alenggah. majeng ngetan neng têngah iarambah asri. katiga munggweng irambah.
4 Tan Timbangsih manis wiyosing ling. kulup rara ingsun nilakrama kasih para sakarone. Jan ngendi pinangkamu. prapta kene apa kinapti. asamun sêpi sepa. tur wêrit kalangkung. ing marga akeh babaya. tur apringga kang kaambah parangcuri sapa kang tuduh sira
5. Radyan matur saha mangênjali. dhuh pukulun kakasihing Suksma. amba matur sayektine. Jayengsari ran-ulun. ari estri pun Rancangkapti. rencang nama pun Buras. saking Surengkewuh. praja ing Giri kadhatyan. angulati kadang sepuh ingkang anis. Jayengrêsmi paparab.
6. Pan kalunta prapteng Argapuri. kapanggih Seh Wahadad punika. kang sung tedah mring dasihe. sabdane sang linuhung. têka gampil prapteng ngong ngriki. wiku rara ngandika. Seh Wahdad puniku. satuhune kadangingwang. yakul-mukmin ing pangawruh wus anunggil. Rara Sukci Seh Wahdad.
7. Kulup rara panganggep densami. di kaya duk aneng Argapura. dupi miyarsa rahaden. mahyakkên sru panuwun. kang tim [ 269 ]balan sang maha estri. mangkana cinarita. sabên arinipun. ing tyas manggung suka rêna. sajuga ri wikwestri pinarak munggwing. têpining yasakambang.
8. Angsung boga grameh tambra abrit. Jayengsari lawan Rancangkaptya. makidhupuh neng ngarsane. wikurara lingnya rum. kulup rara dakcaritani. margane raganingwang. mahas ing asamun, tan atoleh kadang-warga, sakawite ingsun amaca kinteki. ran Kadis Markus Baslam.
9. (ng) Gonku maca nganti woli-wali. ingsun rasa-rasa surasanya. dadya anandhang wirage. yayah kusumaning rum. wus diwasa barateng krami. pungkasing panggraita. tan lyan ing asamun. rahadyan umatur nêmbah. kadiparan cariyosipun kang Kadis. têka karya wigêna.
10. Rancangkapti matur mangênjali. bok inggiha kaparêng ing driya. amêdharkên cariyose. sadaya kang kasebut. wontên Kadis sang wiku putri. mesêm sarya ngandika. rara panjalukmu. caritane Markum Baslam. dak wiwiti saka bubukaning tulis. iki piyarsakêna.
11. Hadha bayanul bihainati. ya ayu halladina amana, wan sikhan waman bae. kayat luamanhu, wabil umaratu khayati. waman supiya tukha. waina kayatu. wawimutmaina tukha. sapinati khamil saratu albahri. kharijul pilbansukha.
12. Nênggih wontên carita winarni. lapal saking Kadis Markum Baslam. lêlêpiyan supayane. dadya pangemut-emut. wruhing tandha têpa palupi. nêpsu kang ginupita. Luamah rippipun. urippe nêpsu Amarah. lan urippe nêpsu Supiyah puniki. lan nêpsu Mutmainah
13. Raja Mutmainah kang winarni. ajujuluk sang Prabu Dyatmika Suksma Mulya paparabe. pan kandhane ing wahyu. nagarane Lali-muslimin. tan abala sajuga. sêktine kalangkung. kawasa misesa ing rat. nora ana ingkang padha anglawani. sajagad mati atab.
14. Amung cipta bae balaneki. sakêdhap baja tanpa wilangan. Sang Mutmainah kwasane. lamun tan darbe kayun. nora duwe [ 270 ]bala sawiji. angijaban idayat. mangkana cinatur. gantya ingkang kawuwussa. ana ratu têtêlu prakosa luwih. samya arda prakosa
15. Bisikannira sri narapati. ajujuluk Mahraja Luamah. Raja Amarah arine. dene wuragilipun. sang Raja Supiyah pawèstri. prawira mandraguna. lêmbut karya luput. samya bala tan petungan sadhukut saking tri sagrêmêtting bumi. sawêdhining sagara
16. Sang raja katri miyos tinangkil. mêdal sadaya bala durbala. ting prêngangah ngame-ame. angame mamah-mumuh. Kyana Patih Mangkubilai. Tumenggung Kamandaka. myang Arya Pangridhu. Panji Wirajail seba. Rangga Wirakemat Rangga Waningisin. lan Rangga Tisnacidra.
17 Angabei Surawirang nangkil. Angabei Kiyanat aseba lan Ngabei Plenya-plenye. Ngabei Têbêl-ngepluk. lan Ngabei Rucibêsiwit. Ki Dêmang Doyanmangan. Dêmang Siptaturu. Jan Kyai Dêmang Antukan. Jan Ki Dêmang Trocoh Dêmang Srêgêp-ngisin. Ki Lurah Dhososugal
18 Lurah Ras-arasên-ngebluk nangkil. Jan Lurah Tan-graita aseba. Jan Kyai Lurah Kalalen. sadaya aneng ngayun. pêpak andher samya anangkil. ngandika Sri Narendra. Raja Luamahu. mring ari Raia Amarah miwah marang jêjênggul para bupati. kêpriye karêpira
19 Ing pratingkah dera mangunjurit. angrusak mring Raja Mutmainah. binerat pinrih simane. aja na kang kadulu nora nana dadya nyampahi. ing kaprawiraningwang. kang rayi umatur. yen sêmbada karsa nata. linurugan lajênga ginepuk wani. kajênge tumpês pisan
20. Sampun rêmbag sadaya kang pikir. sampun rêmbag Sang Raja Luamah. yen wus mangkono rêmbuge. nuli linakon gupuh. aja kongsi klayatan budi. adhi Raja Amarah. iya sabalamu. miwah arinira pisan. ya si adhi Raja Supiyah ywa kari. angkatna balanira. [ 271 ]21. Nulya sang Raja Amarah angling, mring patihira Angkaramurka. kinen budhal sabalane. mijil sing nagrinipun. astanane ana ing ati. ati puat (ng)gonira. ing sajatinipun. puat punika lilimpa. pangwasane panasten sabarangkardi. budine Sang Amarah.
22. Ni Raja Supiyah angundhangi, mring patihe ni bok Jajawatan. lan ni Tumenggung Nyalereng. nyi Arya Guyu-guyu. Jawan nyai Kinincangalis. nyai Rangga Esêman. nyai Adusemu. kalawan nyai Parikan. nyai (n)Dhepel nyai Weweh-wangi-wangi. nyai Grêgêtên-nekat.
23. Mijil saking ing manah maknawi. iku pupusuh sajatinira. ana dene pangwasane. penginan barang kayun. ayun ngayang sruning kapengin. nulya Raja Luamah. angundhangi gupuh. mring Patih Mengkucilaka. sabalane tumênggung arya ngabei. kumêrap bala kuswa.
24. Nênggih medal saking ati siri. siri punika sajatinira. ing jajantung sayaktine. dene pangwasanipun. marang karep karêp abukti. sabarang kang pinangan. sruning parikudu. Jalenan sabarangkarya. rupanira Luamahi sang cahyeki. dene népsu Amarah
25 Cahyanira abang anglangkungi. dene nepsu Supiyah cahyanya. nênggih akuning rupane. nêpsu katri punika. angrêgêdi cipta kang êning. menggah êning punika. nêpsu kang rahayu. iya nêpsu Mutmainah. astanane aneng ati sanubari. iku ati sampurna
26. Cahyanira putih anêlahi. pangwasanira sabar narima. tuma-ninah rereh sareh. tawêkal iman ayu. punika kang arsa jinodhi. mring sang Prabu Luamah. myang sawadyanipun. gumuruh ngebėki jagad, mara têlu ing marga lampahe baris. ri sang Raja Luamah.
27. Medal saking ing tutuk anggili. penuh gumrah asru swaranira. Raja Amarah gurunge. ing talingan ambrubul. ting sarêbêt sêsêg kang baris.(m) barabas sasrêmpêngan. jampèng tanpa ngrungu. dene ni Raja Supiyah. mêdal saking ing netra anduduk andik. andadak kêdakira [ 272 ]28. Gya prapta ing ati sanubari. sigra kinêpung binaya mangap. binathithit sampêt kabeh. kang dadi agul-agul. para patih katiga estri. prakosa mandraguna. ampuh ing prang pupuh. tate angrusak agama. apan bisa angrêmêf pênggawe becik. mudharaken ing tapa.
29 Angialekken panggawean bêcik. mulane akeh wong kêneng ala. têka ing tingkahe dhewe. sababe dene nêpsu. dadi jalaranning bilai. rosaning kang Luamah. Jan Amarah nêpsu. Supiyah digdayanira. saben dina mumurung panggawe becik. aja na kaslamêtan.
30. Wus tinata (ng)gonne rêbut titih. sang Raja Mutmainah atampa. ningali mungsuh praptane. anggoragodha punggung. nulya nyipta bala gung prapti. pra bupati punggawa andher ngarsanipun. pinacak satundha-tundha. kyana Patih Sabar-maklum aneng ngarsi. Tumenggung Tumaninah.
31. Arya Prasaja Arya Berbudi Ngabei Mantêp-têmêningkarsa Ngabei Liladanane. Rangga Eklas neng ngayun. Rangga Tawêkal myang Dêmang Sidik. lan Dêmang Musawarat. lan Dêmang Tapakur. pêpak sadaya neng ngarsa. ngandika Sang Raja Mutmainah singgih. mring wadyabalanira.
32. Eh ta priye karêpira iki. ana mungsuh datanpa wilangan. angrusak ing manah saleh. Ki Patih Sabar-makium. matur inggih lamun suwawi. saajangane ajang. prayogi pinagut. ing pupuh linawan ing prang. angandika sang Prabu iya den bêcik. aprang lawan wong kopar.
33. Nulya mangkat barissira ririh. saking ati sanubari ika. mêdal ing grana lurunge. aputih cahyanipun. sampun prapta cundhuk kang baris. samya ayun-ayunan. sampun ing prang pupuh. mumungsuhan tatandhingan. kang bupati sami bupati ajurit. prang bala sami bala.
34. Mangku-blai lan Rahayu-budi. Angkaramurka lan Tumaninah. Siptaturu lan Betah-mlek rame pupuh pinupuh. Doyan mangan lan Bêtah-ngêlih. pun Jail lan Prasaja. pan peluk-pinêluk. Ki Srei mungsuhan Sabar. ki Jubriakibir lan ki Sareh [ 273 ]jurit. rame abandayuda.
35. Gênti titih-tinitih ing jurit. udrêg-udrêgan sadina-dina. tan ana kasor karone. Raja Luamah (n)dulu, mring balane dennya ajurit. juritte tanpa wêkas. tanana sor unggul, sigra sang Raja Luamah. angundhangi bala babantuning jurit. wadya prajurit buta.
36. Pirang-pirang buta tanpa wilis. panggêdhene pun Drêmbadursila. pun Gugur-tingkah sawêneh. myang pun Bêrung-brêgudung. pun Dêksura pun Tobatngêlih. pun Bingung anêmpuh byat. pun Gêragas-nguthuh. pun Kalana Gas-êgasan. pun Bêsono lan pun Dhêngglêng-oraeling. pun Ngluka ngawut wuta.
37. Sigra kinen tumandang ing jurit. Raja Luamah parentahira. binyukan keh wong sijine. krubutên loro têlu. krubutên pat dimen glis mati. kabeh nuli sirnaa. aja na kang munggut. si binatang Kaslamêtan. nora patut gawene angrusak kibir. amumurung ciaka.
38 Wus den aglis pêpêssen ing jurit. sigra tumandang nêpsu rêksasa ambêg sru krura tandange. ngrubut nêm pitu wolu. mêmêt sampêt pêpêt ngebêki. bangkak angangkak-angkak. kang jagad macucu. ciyut kacakot ing buta. dadya pêcat bala kasucian tapis, apes tumpês sadaya.
39 Bala ing kasucian binukti. minangka dadya panganning buta. sêgêr sumyah lêga tyase. atuwuk manggut-manggut. nora.nana bala kaeksi. mung kantun ratunira. kang maksih ngunguwung. risang Raja Mutmainah. duk tumingal tumpêsse balanireki. asabil kamalira.
1. Wontên kaoling ngulama. muktamat para musanip. wêwinih nêpsu punika. ya ingaranan budi. budi ingkang dumadi. martabat akatdiyattu, neng gaibul uwiyah. Jatakyun ing nukat gaib. budi iku minangka warananing Hyang. [ 274 ]2. Karana iku wus nyata. Wujutolah Datolahi. ing roro-roroning tunggal, manungsa kalawan budi. budi kalamolahi. manungsa angga arasul. singa ingkang ngarannan. ya manungsa iya budi. nora pae kawasa miseseng titah.
3. Rêbut (n)jêro rêbut (n)jaba. manungsa kalawan budi. lir êmas lawan têmbaga. campur kinothok ing kowi. sima jênênge kalih. dadya suwasa rannipun. karana iku padhá. manungsa kalawan budi. budi iku wujude napsu sakawan.
4. Napsu sakawan punika wujuding manungsa yekti. paesan pamawassira. manungsa marang ing budi. yen luput anglimputi. budi ing Juamah iku. wus tan kêna tinambak. ambêk durbala ngêbêki. puguh nora arempit dursila dadya.
5. Yen tajem pamawassira. kêna utamaning budi. budi anglimputti marang. ing mutmainahireki. nênggih parêk ing Widdhi. awidada manggih ayu. ayu badan tan kena. iya alaming Hyang Widdhi. samonoa ing ngelmu durung pasaja.
6. Milane tansah rinêngga. murih moncera kang warti. ing iman kang wus istijab. ing gunêm piningit-pingit. kurmat paedah taklim. ing ngelmu supayanipun. lepas ing panggraita. undhaking budi kang dadi. tansah mukawahdat takabul mumulang.
7. Ing kaol walahualam, mangsuli carita malih. risang Raja Mutmainah. sasirnane balaneki. pratignya pasanggiri. yen manungsa kudu ayu. muga kinuwatêna. nadhahi mungsuh salangit. yen manungsa kudu ginawe cilaka.
8. Tan wandea kalah aprang. tan kawawa nêmbadani. kang pinasthi kudu swarga. manungsa tajêm ing budi. kang angsal rahmat jati. pasthi kuwawa amungsuh. tan etang lara pėjah. wong mati mumpung ngaurip. nora kena wus pinasthi duk samana.
9. Gusti gawe untung ala. tinimbang lan untung bêcik. kang pundi pamilihira. ewasamana wus pasthi. ingkang menang ing jurit. lan kang asor ing prang pupuh. iku kagunganning Hyang. ganjaraning manungseki. darma bae mangsa bodhoa manungsa. [ 275 ]10. Ya ta wau tinarima, dongane maring Hyang Widdhi. kuwata sira ayuda. aja sira wedi mati. rosaa sira jurit. têtêp sira dadi ratu. ratuning Raja Imam. kuwat sajatining jurit. Raja Mutmainah aglis magut yuda.
11. Angrasuk busana mulya. rasukan Utameng-ngelmi, dhêsthare Sarak-sarengat. paningsêt Enenging puji. dhuwung Sêmpana-sidik. awaos Takbir-ikramu. anyamping Pracayengrat. lancingan Tapakur kapti. atarumpah Andoning-cerêmin-paesan.
12. Anitih turangga napas. anpas tan-napas nupusse. camêthine Tingal tunggal. kuda ran pun Eling-eling. kêndhali Iman-tokid. rukun Islam apussipun. larappipun Makripat, kakapa Kakekatjati. ambênipun tetep Pikukuhing iman.
13. Sang Sri Raja Mutmainah. angamuk lawan camêthi. asusumbar adipaka. mangsut cêngêng tan kuwatir. amungsuh pirang kêthi. winatangi tan na mundur. binyukan pirang yuta. tan na toleh lara pati. pirang bara ing têmbe nêmu kamulyan.
14. Patitis panggitikira. ing camêthinira pasthi. balane Raja Luamah. mati sirna cinamêthi. Patih Mangkubilai. Ujubriya-kibir lampus. Sumungah lan Kiyanat. Sungkan Doyan-jail mati. mundur sila pun Bêrung - (m)brêgundung pêjah.
15. Sadaya syuh sirna gêmpang. tan ana kari sawiji. anglela Raja Luamah. sasirnane balaneki. ngling marang ari kalih. Jah kapriye digdayamu. matur Raja Amarah. Raja Supiyah tanapi. yen suwawi ing prang kinarubut tiga.
16. Wus rêmbug ponang bicara. dandan siyaga ing jurit. arasukan Kamandaka. dhêstharira Karam-najis. paningsêt Ora-eling. anyamping Maido-kukum. lancingan Sia-sia. atarumpah Tanpangelmi. waos Dorawêca dhuwunge Jarumman.
17. Sarwi anitih turangga. kuda ulês gêsêng-ati. arannipun Paracidra. kêndhali Emoh-ing-bêcik. apus Paksalumuwih. apus gulu ngabul-abul, apus buntute Mursal. akêkapa Tinggalbêkti. sanggawêdhi Drêngki-ambêg-salah-tampa. [ 276 ]18. Camêthine Doyan-ujar. larap Kumingsun sumugih. tindakira salewengan. susumbar lali ing Widdhi. mara sarwi nudingi. sarta ngêbuk wêtêngipun. ngucap ingsun kuwasa. wignya anggawe bilai. ingsun uga wong (m) balasar gawe ala.
19 Pan sampun ayun-ayunan. aprang pan sami narpati. rame dennya bandayuda. ing yuda kinrubut katri. ing ngarsa kanan kering. Mutmainah pinrih bingung. nging raja katiganya. nora ulap ing prang kinarubut tiga.
20. Sang Sri Raja Mutmainah. tinumbakan wanti-wanti. ginoco cinamêthenan. nora kena densêlani. sarta tinitir titir. Raja Mutmainah ambruk. Jawan turangganira. klesedan tan bisa tangi. nanging taksih tuwajuh ing tékadira
21. Sinosog-sosog tan pêgat. sarwi alok-alok mati. saiki babarmu pisan lah mangsa bisaa urip, mara budia aglis. raja Mutmainah muwus eh mara tutugêna sagendhingmu aywa kari ingsun ora awêdi lara lan pêjah.
22 Sang Mutmainah sakala, pratignya sajroning galih. tinêdha pratandhanira. yen manungsa kudu bêcik. muga kuwatna jurit. bisaa amalês ukum. ambirat ing Luamah. Amarah Supiyah dening. nulya antuk kramat sigra ingayatan.
23 Patitis pamukulira. sang Luamah cinamêthi. lêrês pipilinganira tumemplêg tiba anjungkir, Sang Amarah nulungi. cinamêthi pasunipun. anjungkel tibeng kisma. Raja Supiyah nulungi. cinamêthi mukanya nulya aniba..
24. Sinosog aneng pratala. klesedan Sang Raja katri. kalêmpêr sadangunira. nora bisa muna-muni. dangu nulya ngalilir. Raja Mutmainah muwus, eh paran karepira. apa sira (n)jaluk mati. yen (n)jaluka mati sun pateni sira.
25. Sang raja katri turira. sakarsa paduka dadi. ginêsangan pinêjahan. yen kenginga nêdha urip. mesêm Sang Raja Sukci. eman têmên piyangkuhmu. dene nora sêmbada. saemu anjaluk urip, sigra cinamêthi malih sirahira.
26. Raja Luamah Amarah. Supiyah samya ngêmasi. jisimme agilang-gilang. wadya sagotra sri katri. sasampunnira nuli. sang [ 277 ]Raja Mutmainahu. arsa ambêdhah kutha. andhudhah kadhaton katri. puranira tinon kalangkung santosa.
27. Kuthane Raja Luamah. pagêr capurinya wêsi, kuthane. Raja Amarah. capurinya têmbaga brit. kuthane Supiyahi. capurinira parunggu. sang Raja Mutmainah. manjing gapuraning puri. neng langênning rakite ing purasmara.
1. Kocapa kang aneng puri. para garwa para putra anangis umyung swarane. para estri ing jro pura. nangis kalara-lara. langkung sêdhih manahipun. tan wande dadi boyongan.
2. Para estri sadaya (n)jrit. kakalih para punika. sampun dadya sakadhaton. aneng pura Atipuat, kuthane sang Amarah. binoyongan dadi satu. lir ulam munggweng rampadan.
3. Kakalih putra yu luwih. putrane raja Luamah. raja Amarah nuline. kalangkung ayu utama. cahya pindha sasangka. pan nênggih ing namanipun. sang rêtna yu Salasiyah
4. Kang anem Dewi Rifangi. sasedane ramanira. kalangkung su sah manahe. karuna amêtêg jaja. sasambat amlasarsa. adhuh rama milu lampus. sapa kang sunsêmbah-sembah
5. Tan antara nulya prapti. wau raja Mutmainah. Jumêbêt ing jro kadhaton. ningali parestri samya. karuna aneng pura. swarane tangis gumuruh. asasambat rajanira.
6. Apapanggih putri kalih. karone samya karuna. Raja Sukci ngandikane. mênênga (ng)gonmu karuna. eman balut kang netra. manawi êrêg swaramu. lan lungsête cahyanira.
7. Lah tujunên tingalmami. aywa gung adrês udrasa. babo mênênga karone. kang pindha sasangka maya. sang rêtna yu kalihnya. amêdhar tingal andulu. yen ana satriyatama.
8. Bagus kang cahya nêlahi. paguting liring kumêsar. kasoran sirna karone. karunanira rinantan. rêntêng micareng nala. nalikane baya iku. ingkang mateni (n)jêng rama. [ 278 ]9. Dewi Rifangi jinawil. mring sang rêtna Salasiyah. ayo mundur dudu padon. nadyan ingsun dadi tawan. mangsa kena ginampang. sang rêtnayu aris mundur. lir wulan pumama linggar.
10. Cumêngkling atawan tangis, amung kang sinambat-sambat. ramanira kang wus layon. nulya Raja Mutmainah. andulu mring sang rêtna tinutuuri lampahipun. minanis-manis ing sabda.
11 Kendêla ratuning puji. dhuh kusumaning nugraha. angêmot ing rahmat kabeh. tulungen wardayanira. yen wus karsaning Suksma. ginanjar rengu lan ayu. paran (ng)gonira sumanggah.
12. Mulane sun tohi pati. ambeyani musthikeng dyah. yen luput sok-soka layon. baya wus karsaning Suksma. kusuma lawan ingwang. campuring rahmat lan wahyu. patêmon aneng idayat
13. Kèndėl tangise sang dewi. wasana alon ngandika. sarwi amapan lungguhe. heh sang Raja Mutmainah. sampun (ng)gagampang tingkah. sanadyan ing raganingsun. dadya tawan boboyongan.
14 Nanging wus sunpupus pasthi. wit wontên panjaluk kula. dhatêng andika sang katong. yen nanggupi karepingwang. gêlêm kinarya garwa. nadyan ginaweya mangwuh. amacethi boboyongan
15. Yen ora ingsun tan apti. angling Raja Mutmainah. mundhut apa mirahingong. yêkti suntêkani sira. sabarang karêpira. sang rêtnayu lon umatur. dene panêdha kawula
16. Uripêna rama mami. uripa katiga pisan. rama ingkang sami layon. kawula ngalap pratandha. yen sayekti kuwasa. nguripakên kang wus lampus. nyata wus badan nugraha.
17. Sang Raja Mutmainahi. miyarsa pundhutaning dyah. sang nata emêng driyane. wêkasan alon ngandika. kapriye mirahingwang. wus lakune prajurit gung. mati nglabuhi nagara.
18. Pan wus karsaning Hyang Widdhi. kapindhone yen uripa. ramanira kang wus layon. angrêbda ngrusak agama. adrêmba murka hawa. sang dyah karone ris muwus. ya durung bisa masesa. [ 279 ]19. Kaping kalihipun ugi. yen rama kula palastra. rusak kabeh jagad kiye. paduka duraka ing Hyang. yen tan denuripêna. kalih kawula tan ayun. tinawan kinarya garwa.
20. Raja Mutmainah angling, ewamangkono mas mirah. iya tan kawasa ingong. yen ana sihing Pangeran. darma dadi jalaran. yen kalilan ing Hyang Agung. sunuripne ramanira.
21. Payo pinaranan aglis. padha sira sêksenana. ing ramanira uripe. nulya pinaranan panggya. bangkene sri katiga. tinangisan ing dyah ayu. nulya Raja Mutmainah.
22. Ananêdha ing Hyang Widdhi. muga-muga ginampangna. kang mati uripa maneh. tinarima kajatira. sang Raja Mutmainah. anyipta angin lan kukus. anginipun Kayatollah.
23. Kukus kukussing rijêki. tinêkan saciptanira. ing kukus sega srêbêtte. lagya granane sumringah. lan angête watara. nulya krêntêg kêpyur-kêpyur. nulya ngarêjêt apolah.
24 Kang mati wus urip malih. ya sang Raja Aluamah. Amarah. Supiyah dene. wus samya tata alênggah. neng ngarsane sang nata. sang Mutmainah lon muwus. mring raja katiga pisan.
25. Heh Aluamah sireki. Amarah lawan Supiyah. saiki wus urip maneh. apa sira maksih murtat. apa ta iya nutta. Raja Luamah umatur. kawula datan lênggana.
26. Sumangga karsaning gusti. kinarsakna sakit pêjah. badan kawula sumaos. tan darbe karsa sajuga. sang Raja Mutmainah. ngandika yen sira uwus. amung srah sakarêpingwang.
27. Anutta sakarsamami. sunkunjara bae sira. aneng nagaramu dhewe. sun uluri pangannira, nora sunwehi luwar. sunkungkung salaminipun. sunbalênggu gulunira.
28. Nulya tinrappakên aglis. sang Luamah kinunjara. Amarah Supiyah dene sigra putri kalih pisan. binoyong bayaring prang binêkta mring nagrinipun. abungah marwatasuta.
29. Kaol satengahing Kadis. amal kang patang prakara. dhingin wong kang bêtah mêlek. kapindho kang bêtah tapa. acêgah mangan murka. amal kaping tiganipun. ingkang bêtah sabar lila. [ 280 ]30. Apan sing sakawan nênggih. kang bêtah muruk ngelmika. ting- kah terus ing ngelmune. yeku manungsa ngalamat. kang bisa amasesa. ngungguwung ngunjara nêpsu. yêktyantuk geng-gênging rahmat.
31 Samono bae kang warti. tan cinatur panggihira. jalu lan estri têmune. saru dhapuring carita. lawan lagu prênesan. amumudhar tyas tawakul. kang bisa amengku iman.
32. Rara tamat caritaning. kanang Kadis Markum Baslam. Rancangkapti lon ature. nyuwun pangestu paduka. saged angiam pahana. kadi (n)jêng ibu pukulun. tan nambut silaning krama.
33. Ewuh aya wong alaki. tangeh dhatêng Mutmainah. sang wiku lon ngandikane. sira nini tan kalilan. lamun kayaa ingwang ing tembe sira anambut, silaning krama utama.
34. Mungguh ganjaraning Widdhi. mring kang nambut palakrama. ingkang nêtêpi patrape. laku-lakuning wanudya ingkang winengku priya. sayektine tikêl pitu. tinimbang lan kang tan krama.
35. Prive kono Jayengsari. mungguh ing pamikirra. apa ta iya mangkono. Rahadyan matur manembah. lêrês kang pangandika dwijestri mawas sang bagus ngandika jroning wardaya
36 Wong iki dhasare sukci. lantip pasanging graita. pasaja têtêg asareh. cacaloning aoliya. jatmikane katara, marang ing kadu nyan tambuh. anduduk maring makripat.
1. Wasana ngling niken wiku sira kulup. lan arinta Rancangkapti. banjurêna ing lakumu. mring plabuhan Banyuwangi. nêtepana ingkang pakon.
2. Nora pisan-pisan lamun ingsun nundhung. dadya anjrak aneng ngriki. bangêt suka-rêneng kalbu. satuhune ingsun asih. marang sira sakaroron. [ 281 ]3. Nanging bakal munggêl lalakonmu kulup. kebanjur datan kêpanggih. lawan ingkang sira ruruh. mula lakunira kalih. sunsusuwun ing Hyang Manon.
4. Salamêta kalampahana sedyamu. rinêksaa ing Hyang Widdhi. sakaliyan nêmbah matur. dhawuh timbalan sang. yogi. saklangkung panuwuningong.
5. Kalilana ing samangkya ulun mundur. lajêng dhatêng Toyawangi. tan lyan pangestu pukulun. pandhita rara nganthuki. kalih nguswa suku gupoh.
6. Sakaliyan mastakanya denlus-êlus. poma aywa na kuwatir. rina wengi ingsun jangkung. wus lengser ari kinanthi. Ki Buras umajêng gupoh.
7. Kalilana kadibale gadhah atur. nyuwun pangestu basuki. kalawan anyuwun sangu, ingkang botên kenging ênting. ingkang cumbu wangsul kanthong.
8. Wiku rara gumujeng ngandikanipun. aneh panjalukmu iki. pamikirku têka ewuh. kang sangu tan kêna ênting. nuwun cebleke kemawon.
9. Sanes ngelmu inggih sangu arta lugu. sang wiku lajêng maringi. iki tampanana gupuh. mung rong gobog datan luwih. Buras (n)jêkutrut malerok.
10. Saya suka sang wiku ngandikanipun. mungguh gobog loro iki. kok (ng)go jajan sasayahmu, kanthongamu mêsthi isih. gobog loro nora kalong.
11. Gurawalan neng asta nulya rinêbut. Buras mundur tanpa pamit. mung gumrêmêng sêlak kantun. prapta wingkinge sang putri. noleh angandika alon.
12. Buras dene nganti suwe nora nusul, inggih kantun sawatawis. yêktosipun mila dangu. kula nyunyuwun sang yogi. sangu pinaring rong gobog.
13. Mangke bilih sampun dumugi ing warung. paduka kula pameri. mangunahe gobog luhung. sapunika boten kenging. mindhak ngabar tanpa dados [ 282 ]14. Iya Buras mengko tutura maringsun, wau ta lampahireki. saking ing arga tumurun. Jayengsari Rancangkapti. laminya tan winiraos.
15. Sampun prapta talatahe Toyaarum. ngambah wana agung wêrit, aneng pasisiring laut. supitanning pulo Bali. Ki Buras kalangkung ngorong.
16. Angupaya toya tawa wus pikantuk. sumbêr agung langkung wêning. cakêt sela agung-agung. tumpukan saking ing wukir. Buras tuwuk ngombe ngokop.
17. Tandya wangsul umatur bandaranipun. wontên toya tawa wêning. mêdal sêlaning kang watu. tumpukan saking ing wukir. sangandhaping gurda ayom.
18. Payo kakang aku sumuk arep adus. Jajêng lampahira prapti. sêndhang gya siram sang ayu. wusnya siram ngaring-aring. neng ngandhapping gurda ayom.
19. Ana janma tumurun saking parau. ngupaya mina jaladri. maring sêndhang nyangking buyung. sawussira ngambil warih. kagyat anon sang wiranom.
20. R. Pandaya alon wau aturipun. dhuh sang katêmbe kaeksi. mugi sampun dangu-dangu. rereh wontên sêndhang ngriki. pangampiran tiyang awon.
21. Bajagiaut aru-biru karyanipun. rahadyan ngandika manis. bangêt panarimangingsun. kisanak asung pêpeling. rahayune kang lalakon.
22. Buras gugup pandirangan asru matur. sumangga amentar aglis. laju linggar kalihipun. sang dyah lumampah ing ngarsi. anon tapaking kang gogor.
23. Kakang iki tapak apa dene agung, dhapure lir tapak kucing. yayi tapak macan iku. êndi macane tan keksi. yayi wus um- pêtan adoh.
24. Lampahira lajêng prapteng Toyaarum. karênan miyat arjaning. karajan myang dhusun dhukuh, sumber sêndhang umbul alit. tan petungan wenya nyarong. [ 283 ]25. Laren alit binatur ing sela pingul. angrembaka taru rêsmi. ayom samya subur-subur. saking saene kang siti. kawuryan têntrêm sakeh wong.
26. Arjaning kang praja kalanireng dalu. tan ana kang tutup kori. aglar rajakayanipun. nora nana denkandhangi: tan ana wong sêdya nyolong.
27. Banyuwangi pinuju pasarannipun. Jagya tumawon kang wanci. kumandhangira kumruwuk. sakaliyan nulya manjing. raryan sorring kamal ayom.
28. Buras tanggap ngrampêt dennira tutuku. gobog kalih wira-wiri. binêkteng ngarsa sang ayu. ngirid tyang wade wi lêgi. kalawan jagung ginodhog.
29. Ngrogoh kanthong gobog kakalih jinupuk. pinirsakkên mring sang putri. nulya tinumbaskên gupuh. wi lêgi saêndhas maling. nulya malih ngrogoh kanthong.
30. Maksih wutuh kalih tinumbasken jagung. sinukanan rolas iji Buras latah namplek pupu. ngêlungkên rong gobog malih. tampa jagung pat-blas ontong.
31. Meh saasta panjange jajanggêlipun. sêmbada bêntêt kang isi. sakêmlaka gênging jagung. kumupat gurih tur manis. alus tipis kang kalobot.
32. Sang dyah (n)dangu Ras apa isih gobogmu. rinogoh kanthongan maksih. arta gobog kalih wutuh. têmên dhawuhe dyah rêsi. gobog datan kena kalong.
33. Saking pêkên lampahira laju ngidul, wanci rarya samya (ng)giring. praptanya ing Nglicin dhusun. ing pucaking arga ljen. sênênging tyas sakaroron.
34. Myat laut ing karajan dhusun lan dhukuh. myang laut supittan Bali. baita kang samya labuh. pulo lan ardi ing Bali. lawan Laut Kidul katon.
35. Ardi Banyuwangi katingal sadarum. weh sênêng kang nêmbe uning. cêtha kang samya kadulu. Hyang Rawi tumameng wukir. wulan purnama gumantos. [ 284 ]36. Anyunari isining jagad sawegung. enggar tyasira kakalih. dadya tan sipêng ing dhusun. saratri tan ana guling, wanci sata samya pêtok
37. Pangkat saking Nglicin andarung mangidul. eca kang samya lumaris. marga kayoman ing taru rapêt padhanging Hyang Rawi. tan ana ingkang tumlorong.
38. Kalen wening mili angapit dêlanggung. sinalisir sela langking. nahên lampahira rawuh. ing candhi Selacêndhani. gagandhengan asri tinon.
1. Radyan myang ari sang ayu. kendêl sorring nagasari. Buras ngaturakên boga. wus samya dhahar sakêdhik. sêngsêm mulat candhi pêthak. ingukir kinêmbang rêmit.
2. Sang dyah matur mring sang bagus. kakang iku apa candhi. dene wamane kok pêthak. kang di-(ng)go watu cêndhani. iya candhi iki rara. nanging lagi tumon iki.
3. Ana candhi watu pingul. wangun bagus angrêrêmit. sapa baya kang atilas. patute yasan narpati. kendêl dennya raraosan. ana janma sepuh prapti.
4. Pêthak mêmplak ingkang rambut. têkeng githok akalimis. brêngos gathuk imba pêthak. brewok agung tepung putih. sarira anggalês krêsna cawetan mawi kulambi
5. Sarigak amundhuk-mundhuk. kadya sata amemeti. nyakêti kang samya lenggah. makidhupuh prapteng ngarsi. amung silanira tumpang. umatur marang sang pêkik.
6. Kula nama Menakluhung. kang minangka jurukunci. ing candhi pethak punika. rawuh paduka ing ngriki. atur basuki pambagya. sinten sinambating kang sih.
7. Kaki atanya maringsun. akakasih Jayengsari. niki aringong wanudya, aran Niken Rancangkapti. Buras nambung kula Buras. kang abdi bandara kalih. [ 285 ]8. Ki Menak-malih umatur. punapi arsa nênêpi. punapa mung ayun pirsa. radyan amangsuli angling: ulun amung yun uninga. kacaryan myat candhi putih.
9. Umatur Ki Menakluhung. cariyossipun ing nguni. jaman kraton Majalengka. ingriki klêbêt cepuri. kadhaton ing Balambangan. ingkang jumênêng Narpati.
10. Menakjingga sang aprabu. inggih Prabu Urubisma. ingkang (n)darbeni wasiyat. wêsi kuning dhapur bindhi. ampuhe kagila-gila. singa katiban babar ji.
11. Nir daya kang teguh timbul. katiban ing wêsi kuning. dene candhi sela pêthak. punika panêpenneki. sang aprabu Urubisma. wasta candhi Macanputih.
12 Suwawi yen badhe ayun. uninga amba kang ngirid. katiga wus samya linggar. saking soring nagasari. angubêngi candhi pêthak. tapis dennira ningali.
13 Agcaryambêg sang abagus. myat papan jêmbar waradin. myang lohing kang palêmahan. Menak matur duk rumiyin. arjaning praja babasan loh jinawi pasir wukir.
14 Gêmah ripah panjang punjung. nagri ngungkurrakên wukir. ngajengaken palabuhan. kanan bandar kering sabin. toya wê. ning langkung kathah. tan karya sangsayeng nagri.
15. Katêlah samangkenipun. wontên babasan sring-asring. Jumintu para nangkoda. samya kampir dhatêng ngriki. mondhok padhekahaningwang. malah ing samangke taksih.
16. Kang wonten ing wisma ulun. mandhap saking nagri Bali. nangkoda ing Pangangsalan. nama Kiyai Hartati. wawi yen pareng ing karsa. sarju kampir wisma mami.
17. Karaseng tyas sang abagus. dhawuhing sang maha yekti. Seh Wadat ing Argapura. parmaning Hyang baya iki. kang angukup raganingwang. wasana ngandika aris.
18. Kaki kalangkung panuju. Ki Menak sukanya ngenting. umatur suwawi linggar. sadayanya sampun kerit. dupi wus prapta ing wisma. Ki Menak bebeja maring. [ 286 ]19. Ki Hartati nangkoda gung, yayi kula (m) bêkta tami. jalu Jayengsari nama. lawan arinya pawestri. Niken Rancangkapti aran: kalangkung kawêlasasih.
20. Lah punika ingkang lungguh. aneng sajawining panti. Ki Hartati duk umiyat. marang raja putra-putri. wênês sênênning kang cahya. tangeh bebeling ngacêplik.
21. Martrênyuh tyas arawat luh. asêrêt wijiling angling. angger di kapareng ngarsa. lungguha cakêt lan mami. sakaliyan wus alênggah. cakêt lawan Ki Hartati.
22. Gya umatur mring sang bagus. pamintengong ingkang mugi. aywa dadi ing tyassira. (ng)gonmanira nora krami. awit ing pangrêngkuh-ingwang. wus kadya suta pribadi.
23. Ingsun boya darbe sunu. ing jroning tyas sun prihatin. mangka wus anyingkir mangsa, nyai wus tan (ng) garapsari. paran marganira bisa. samya andarbeya siwi.
24 Kamurahanning Hyang Agung. mau bêngi ingsun ngipi. antuk dhara lan jagowan. banjur ingsun gawa mulih. maring nagri Pakalongan. lêstari pangingumami
25 Narik ing kamulyan agung. babasane ngrêjêkeni. satanginingsun anendra. datan bisa guling maning katongton ing iro supêna paran wahananireki
26. Ing sapraptanira kulup. yêkti wahananing ngipi. punapinggih makatênna. ki raka kadi punapi. wahananing kang supêna Menakluhung lingira ris.
27. Yayi supêna puniku. wahananira kepanggih. engêt-ulun kawan pangkat. ingkang sapisan kapanggih. nênggih saking pipiridan ping kalih kepanggih saking
28. Tuturutan katrinipun. apan ta kêpanggih saking. ing wawangsulan punika. kaping sakawan kapanggih. nênggih saking pasêmonan. dene ta ingkang kêpanggih.
29. Saking piridan puniku. kadi ta supêna uning. ing urubing kang dahana. wahananipun aruntik. Jatu dadya pipiridan. ing duka sasamineki. [ 287 ]30. Wahananing supêneku. pan ingkang kêpanggih saking. tuturutan upaminya. tiyang asupêna ngising. pinanggih ing wahananya. dadya kelangan sayekti.
31. Karana ing pisahipun. susukêr punika dadi. tuturutannipun ical. wahananing supêneki. panggih saking wawangsulan. kadi ta supêna manggih.
32. Sungkawa wahananipun. amanggih suka sayêkti. karana sungkawa ing tyas. wangsulannya sukeng ngati. wahanane kang supêna. dadya pasemon puniki.
33 Ngipi rêbah wismanipun. pinanggih wahananeki. dadya kapêjahan somah. sasaminira puniki. menggah ipen ingkang dadya. pasêmone supênaning.
34 Tyang walaka têgêssipun. janma kang tan nandhang sakit. miwah tan ngêmu sungkawa supêna kang wahananing. pinanggih dadya wangsulan. tyang sayah supênaneki.
35 Ipen kang wahananipun. dadya tuturutan yêkti. supênaning janma roga. ipen kang wahananeki. apan dadya pipiridan. supènaning tyang prihatin.
36. Yayi supênanireku. wahana sungkaweng galih. dennira tan asusuta, asru miminta ing Widdhi. dumadya supênanira. angsal dhere sawung adi.
37. Ing wasananipun antuk. atmaja jalu lan estri. Ki Hartati duk miyarsa. suka amarwata siwi. manis wijilling wacana. kulup lan arinireki.
38. Yêkti ingsun ambil sunu. ing dunya praptaning ngakir. tak gawa mring Pakalongan, yen ingsun tumêkeng lalis. samuwaning rajabrana. sira karo kang (n)darbeni.
39. Sinaksenna ing Hyang Agung. lawan (n)Jêng Nabi sinêlir. sakarone sutaningwang, aywa padha ana krami, katon rumakêt mring bapa. mangkana dhuh Jayengsari.
40. Lejaring tyas suka sukur. atumnya nyênyês mrakati. dhuh rama wong tuwaningwang. ulun lan putranta yayi. atur prasetya prasaja. ing lair têrussing ngati. [ 288 ]41. Nganggep sudarma satulus. ing dunya praptaning ngakir. sakarsanta aywa wangwang. pangrehira marang mami. aywa kang tumêkeng lara, tan tambuh prapta ing pati.
1. Ki Hartati gya gupuh. ngrangkul gapyuk marang kalihipun. sarwi angling sing ora-ora kawijil. dhuh babo jantung-atiku. pasiyane Hyang sayektos.
2. Tan wus lamun kawuwus. kang sih-sinihan kalawan sunu. radyan matur mring Menakluhung kiyai. uwa bab supêna wau. paran pardikane rêko.
3. Ingkang kawasiteku. kalih ingkang kacakrabaweku. kaping tiga anênggih kadaradasih. kadarsana kaping catur. (ng)guguk wangsulannira lon.
4 Ipen papat prakareku. nora kêna pinardika iku. kaya dene ipen kang kawasiteki. tegese apan katayuh. iku ipenne kang uwong.
5. Antuk wangsit satuhu. upamane janma nuju tunggu. uwong Jara sing tunggu turu angipi. iku tambanana anu. linaksanan waras yêktos
6. Pan wangsiting Hyang tuhu. ipen kang kacakrabawa iku. kacipta ing wicara duk durung guling. kang rarasan barêng turu. supênanira pan cocok.
7. Lawan rarasanipun. nalikane mêlek durung turu. ipene kang kadaradasih pinardi. têrus lan wahananipun. pama ngipi wruh sotya byor.
8. Bareng tangine turu, uga wêruh ing sotya byor mau. ipen ingkang kadarsana têgêsneki. katulat upaminipun. sadurunge turu wêroh.
9. Taksaka langkung agung. barêng turu angipi wong iku. wruh taksaka agung sasaminireki. ipen pat prakara iku. tan kêna winarden yêktos. [ 289 ]10. Krana wahananipun. ana tingkah ana dadya jumbuh. cuthel kaki bab ipen kang dak kawruhi. suka ing sadayanipun. Buras matur sumalonong.
11. Lir dongeng Andhelumut. mawi maring pêkên tuku kacu. cu kacuthêl mak kalakêp tan na maning. bok malih jênge tan ngantuk. kula karêm ngarsa omong.
12. Mesem Ki Menakluhung. kacung Buras dhasar mêncul tutuk. wong wis êntek apa kang winêdhar malih. lah iki wus wancinipun. prayoga sami lêlêson.
13. Ambanjêng munggeng salu. Ki Hartati cakêt Jan kang sunu. datan guling lawan Radyan Jayengsari. Ki Hartati tatanya rum. kulup jarwaa savêktos.
14. Kang ayoga sireku. myang sêdyanta ywa kumbi nakingsun. radyan matur purwa madya wasaneki. ginêlarakên sadarum. sarta waspanya drês miyos.
15. Hartati duk angrungu. prasajane Radyan Jayengsantun. saya mantêp dennira angaku siwi. mangkana wus wanci bangun. sakaliyan waktu Suboh.
16. Ki Menakluhung sampun. asasaji pasugatanipun. dhadharan jang-enjangan wedang kopi. samapta lumadyeng ngayun. winantu ing sabda alon.
17. Yayi sawontênnipun. nyumanggakkên sakaparengipun. Ki Hartati myang atmajanya kakalih. rêsêp bukti samya kêmbul. wus dumugi Buras nglorot.
18. Ki Hartati lingnya rum. dhuh kiraka ulun sangêt nuwun. marganing kang antuk kanugrahan Widdhi. kadugen osiking kalbu. ingkang anjalari rawoh.
19. Saking kiraka tuhu. pan rumaos tan sagêd rinipun. amamalês kang timbang raossing ngati. Ki Menak umanggut-manggut, tuhune mung darmi ingong
20. Panuju wêkdallipun. kêparênge ing Hyang Maha Luhung. dak badhene si adhi kêsusu mulih. wus wayahe wong kêmaruk. Hartati latah lingnya lon. [ 290 ]21. Kiraka yêktosipun. (ng)gih makatên bêbêg kedah mantuk. têka mangke amung panti kang kaeksi. daya-daya prapteng sudhung. kendêl dagang muhung momong.
22. Iba ta sukanipun. rayi (n)dika wus aliman ulun. kalilana mancal jong enjing puniki. (ng)gih yayi antuk rahayu, wit mancal praptaning laboh.
23. Kakalih sutaningsun. ulun asung pamuja rahayu, wus samapta bidhal saking Ragajampi. Menakluhung atut pungkur. ing palabuhan wus anjog.
24. Ki Hartati pan asung. titilaran mring Ki Menakluhung. baranarta sinjang lêlêmês mawami. kathahe tan kêneng ngetung. wusnya andum karahayon.
25. Layar binabar mamprung. antuk angin lampahe kang prau. marmaning Hyang kadi larapping jêmparing. tan winarna laminipun. ana ing laut wus rawoh.
26. Pakalongan wus rawuh. saking baita tandya tumurun. atmaja dwi kinanthi anganan-ngering. pra lêskar (ng)garubyug pungkur. myang ngerid barang ginotong.
27. Cingak kang samya (n) dulu. de katemben ki sudagar rawuh. nganthi rarya kakalih sami linêwih. kang jalu bagus jatmika. kang estri ayu mancorong
28. Tanya mring lêskaripun. winangsulan iku ingkang sunu. nyi sudagar swaminya ing Banyuwangi. mangkya ngajal milanipun. kalihe samya binoyong.
29. Apan ta wus angumum. kang miyarsa pracaya ing kalbu. dupi prapta ing wisma Nyai Hartati. gurawalan dennya methuk. tundhuk radyan sakarongron.
30. Mangraup suku gapyuk. angabêkti turrira mlasayun. aywa kaduk ing tyas abela panampi. ulun putranta satuhu. Jayengsari araningong.
31. Lah iki ariningsun. Rancangkapti sayayah saibu. mijil saking garwa kang neng Banyuwangi. mangkya ibu uwus surud. milane ulun binoyong. [ 291 ]32. Nyi Hartati tan muwus. lingak-linguk nanging uwus runtuh. trêsna asih wêlas mring atmaja kalih. Kiyai Hartati (ng)guguk. wusana ngandika alon.
33. Wis nyai jakên mlebu. marang panti kakalih anakmu. seje dina bae kowe dak wartani. lalakone atmajamu. sawusira aso gupoh.
34. Nindakkên gramennipun. kadya saban Nyi Hartati sampun. jinatenan anane kakalih siwi. uwus ingandhar sadarum. nyai sudagar cumêplong.
35. Tan seos kadya kakung. dennya ngrêngkuh mring kakalih sunu. alêstantun tan ana winalangati. nyai kyai saya sepuh. myang karenan dennira mong.
36. Babasannya satuhu. sugih singgih dennya dagang mantun. sakeh potang tan ana ingkang tinagih. suprandene malah wuwuh. rijêkine ingkang rawoh.
37. Mêmpêng ngibadahipun. datan towong myang kakalih sunu. tan kêna sah kadya wade dennya ngêmpit. lininging jinuju wu- ruk. mrih mungkur pakarti awon.
1. Ki Hartati mêdhar sabda. dhuh sutengsun sêdhêng sira ngawruhi. witting kabungahan iku. kang dadi pangesthinya. ing manungsa pitung prakara kehipun. ingkang sapisan kasuran. wardi kawantêran nênggih.
2. Amrihira kineringan. wignya saking kasakten iku kaki. dene ta kalakonipun. saka acêgah mangan. de dadine saka santosaning kalbu. kang dadi sambekalanya. lamun anjajadha tuwin.
3. Anganiaya sasama. kapindhone kagunan têgêsneki. kapintêran pamrihipun. kinedhêpan sasama. wiwittira saka puruita kulup. dene kalakone saka. têlaten miwah tabêri. [ 292 ]4. Kang dadi sambekalanya. yen sukanan [43] budi kabegjan kang kaping tēlu. têgêse kasugihan. pamrihipun kinalulutan puniku. wittira saking (ng)gaota. dene kalakone saking.
5. Sabar tanapi narima. dumadine saka gêmi nastiti. angati-ati puniku. kang dadi sambekala. Jamun ler-weh lawan angumpêt puniku. kang kaping pate kabrayan, apan warden têgêsneki.
6. Sugih putra lawan wayah. pamrih kopen kinamulenan nênggih. saking ing sih wiwittipun, kalakone pan saka. mêpêt sabda mênggah kadadeyanipun. saking mantra myang sarana. nanging sambekalaneki.
7. Para sêngitan sumlangan. kaping lima kasinggihan winardi. kaluhuran pamrihipun. kaajen kinurmatan. witting saka tateki nastapa iku, kalakone saka puja. kalawan ing pangabêkti.
8. Dadi saka anorraga. ingkang dadya sambekalaneki. manawa loba ing kalbu. Jawan angkaramurka. kaping nênêm kayuswan pan têgêsipun apanjang ing yuswanira kinandêlan pamrihneki.
9. Witte saka sadubudya. kalakone saka ing wahdat kaki. dadya saka sêtyatuhu. kang dadi sambekala. lamun dora kalawan cidra puniku. kang kaping sapta pungkasan. kawidagdan têgêsneki.
10. Kayuwanan pamrihira. kinopaman wittipun saking sukci. klakon saking cegah nginum. mungguh kadadeyannya. saka paramarta lawan utameku. kang dadi sambekalanya. manawa alaku nisthip.
11. Kalawan asugih duka. uwus tamat ingkang pitung prakara. wau ta Dyan Jayengsantun. karenan ing wardaya. alon matur rama wawarahmu wau, paran bisane katêkan. Ki Hartati malih angling. [ 293 ]12. Kulup dadine kang cipta. kabeh iku manawa den-têmêni. ananing sêdya puniku. manawa ingantêpan. katêkane ing karsanira puniku. lamun têmên linampahan. ana babasannireki.
13. Dadi ing saciptanira. apa barang ing sasêdyanireki. kalakon sakarsanipun nanging ingkang mangkana. tumrap marang manungsa waskitha putus. ing sasandining dwi-astha. manawa manungsa maksih.
14 Walaka satuhunira. weruhipun kalamun dentêdahi. bisane lamun winuruk. de dadine manawa. ditandangi wau ta Dyan Jayengsantun. wus tampi ing pasang cipta. kang winêdhar Ki Hartati.
15. Condhong suka rênaning tyas. amung ngungkih matur marang sudarmi. rama ing sauwusipun. dak lakoni sadaya. kaya paran (ng)goningong ngêtrapkên iku. Ki Hartati angandika. kulup tan kêna samangkin
16. Durung pinarêng ing mangsa. radyan minggu asru (ng) gagas ing galih katungka ing Mahrib waktu. wus samya asembahyang. sabakdaning Ngisa nulya dhahar kêmbul. nutug dennira bujana sadaya samva wawanting
17 Asta rêsik sinarbui Hartan tatanya mring kang siwi. rara apa wus sumurup. aranne driji lima. myang karêpe ing sawiji-wijinipun. ibu aku durung wikan. sang dyah gya rinangkul aglis
18. Ingarasan wantya-wantya astanira kang kanan dencépêngi. lah engêta sira masku. mulane ginawanan. driji lima punika ta arannipun. ing sawiji-wijinira. jêjêmpol ingkang rumiyin.
19. Panuduh kaping kalihnya. kaping tiga panunggul rannireki. manis ingkang kaping catur. jêjênthik kaping gangsal. kawruhana mungguh sêmune Hyang Agung. wong wadon wus ginawanan dalil panganggoning estri.
20. Iku wajib kinawruhan. kareppe sawiji-wiji dariji mula binêktan sireku. jêjêmpol marang ing Hyang. den kaya pol ing tyas yen angarseng kakung. têgêse pol den agampang. sabarang karsaning laki. [ 294 ]21. Mula ginawanan sira. ing panuduh aja akumawani. anikêl tuduhing kakung. sapakon lakonana, pramilane ginawanan kang panunggul. kakungmu unggul-unggulna. miwah kalamun paparing.
22. Nadyan thithik nora mandra [44]. unggulena guna kayaning laki. marmane sira puniku. jari manis ginawan. den-amanis ulat atanapi tembung. yen ana karsaning priya. dhoso (m)basêngut ywa nganti
23. Ing netya dipun sumringah. nadyan lagi rêngu jro tyasireki, yen ana ngarsaning kakung: buwangên ywa katara. marmanira ginawan jêjênthik iku. dipun athak aithikan. yen ana karsaning Jaki.
24. Karêpe athak ithikan. dentarampil marang sabarang kardi. kalamun ngladosi kakung. den-ririh lan den-kêbat. aywa kêbat drêg-drêgan grobyagan iku. kêbat narutua nistha. pan rada ngoso ing batin.
25. Lamun kok engêti rara. ingsun tanggung wus masthi sira manggih. mulya dunya akiripun. lan aja manah nyimpang. den-tumêmên dibandhunga patang puluh, aja gumingsir tyassira. den-trus lair têkeng batin.
26. Rancangkapti duk miyarsa. sampun tampi cinancang pulungati. matur marang renanipun. dhuh ibu pangestunta. muga-muga pinarêngna ing Hyang Agung. bisa nglakoni kang dadya karêpe dariji gati.
27. Luwaran dennya dhaharan. tan antara nulya amapan guling. wau ta Dyan Jayengsantun. kalawan risang rêtna. katri Buras wus lami dennya dudunung. aneng nagri Pakalongan. lumintu Kyai Hartati.
28. Sung wuwulang mring rahadyan. Nyi Hartati sung wulang Rancangkapti. samya ngêtog kawruhipun. kang nampeni kacêkap. kawarnaa Nyi Hartati gêrah sêpuh. pinarêng lan takdirira. tumêkanira ing jangji. [ 295 ]29. Sang dyah alara karuna. Jayonnira kang ibu denrungkêbi. mlasasih sasambat ibu. sapa kang momong ingwang. dene durung laki têka ibu lampus. sumaput datan panon-rat. Rancangkapti lir ngêmasi.
30. Gumrah tangis jroning wisma. Ki Hartati amondhong ingkang siwi. mewek-mewek marêbês luh. dhuh jantung atiningwang. lah emuta babo nyawa ywa kabanjur. papas pupussên tyassira. engêta yen wus tinakdir.
31 Malah sukura ing Suksma. susuwunên kamulyaning kajatin. kang langgeng salaminipun. anakku Jayengsekar. aku pasrah mungguh layonne ibumu. wis kono mangsa bodhowa. pêtakên mring dhusun Sranggi.
32. Sang dyah rara wus binêkta. maring wisma pungkur ing tamansari. gya wungu saking ing kantu. anungkêmi kang rama. Ki Hartati tansah (m)barêbêl kang êluh. pêgat-pêgat angandika.wis wungua sira nini
33 Rancangkapti wus alenggah rama sira vwa bali marang panti. eh bocah wadon den gupuh. maringa patamanan. ngundhuhana kêmbang gambir mlathi mênur. capaka argulo mawar salong menyanga ing panti.
34 Patang gêndul lênga mawar. lawan lênga setambul telung kopi jêbadan rong cupu agung. we mawar myang her jamjam. ngênêm ênceh ratus têlung lodhong agung. kayu garu têlung rêmbat kabeh wetokena aglis.
35. Aturêna kakangemas. lan rimongku kang saka ing Ngarabi. kêmbang êmas putih biru. kang têka wingi ika. kaagêmna luruh bandhosane ibu. banjur tinumpangan sêkar. roroncen anam- man kanthil.
36. Uga aturna kakangmas. sampun mundur pra dasih kang tinuding sang rêtna angrujit santun. kang nglayat tan petungan. jêjêl uyêl amber tumeka ing lurung. kang layon wus binrêsihan samêkta rêrêngganneki.
37. Jayengsari gya utusan. lah ta Buras matura mring Kiyai. sarehne iki wus rampung. wus samêkta sadaya. kang inganti [ 296 ]pra sêpuh wus padha rawuh. nyuwun lilah banjur mangkat. Ki Buras umentar aglis.
38. Panggih matur reh dinuta. ki sudagar tan angling mung nganthuki. wus matur marang sang luhung, nuwun sampun kalilan. wus umangkat kang dhikiran swara arum. umyung lir manèngker wiyat. samarga wuwuh kang ngiring.
39. Sampun prapta pasareyan. Jayengsari ingkang mêtak pribadi paragad pamêtakipun. kang ngiring wus bubaran. sowang-sowang mantuk maring wismanipun. raden mantuk wus kapanggya. kalawan rama myang ari.
40. Rancangkapti Jayengsêkar. myang pra santri jalu kalawan estri. datan kirang saking satus. ratri pantara siyang, samya darus Kur'an tan na kêndhatipun. prapteng patangpuluh dina. nulya amung sabên ratri.
41. Estri pitu jalu sapta. Rancangkapti wus (n)darus katam kaping. pitu dene Jayengsantun. wus katam ping sadasa. sampun lêjar kang samya kataman giyuh. Ki Hartati awidada. dennira mong siwi kalih.
42. Tulus amukti wibawa. datan kendhat sêdhèkah dana mintir maring sasameng tumuwuh. rupa baranaarta. pinapantés ing sapangkat-pangkatipun. janma nagri Pakalongan. warata kadanan sami.
43. Babasan tan na kliwatan. suprandene dunyane Ki Hartati, nora kalong malah wuwuh. karya eramming kathah. ana ngira yen saka karamatipun. putra dwi estri lan priya. kang cahya apindha sasi.
44. Mintir samya lêng-ulêngan. para tamu myang janma aminta sih. apa ing sakarsanipun. sayêkti sinukanan. saking nagri liyan apan wus misuwur. Ki Hartati ambêg dêrma. asih marang ing sasami.
45. Anuju ari sajuga. Ki Hartati salira angalêntrih. animbali mring kang sunu. dhuh karo atmajengwang. bokmanawa wus cakêt lan maotingsun. anon sadhengah wus kêmba. rarasati nikmat
êning. [ 297 ]1. Pengetungku Jumngah ngarêp iki. purnama mancorong. pan kabênêr ing sewu dinane. ibunira bokne Rancangkapti. radyan awotsari. paran etangipun.
2. Ki Hartati angandika aris. saking ri duk layon. kaetang nêm pasaran limane, sasinira kaundur kakalih. dene tanggalneki. lilima kaundur.
3. Duk gêblage iku amarengi. ari Akat Epon. tanggal kaping rong puluh Surane. taun Alip Akat etung siji. Sênen etung kalih. Slasa etung telu.
4. Rêbo papat Kêmis limaneki. Jumungah nêm pantog. de pasaran Pon siji etunge. Wage loro Kaliwone katri. Lêgi papat nênggih. Paing limanipun.
5. Ping rong puluh awit mundur siji. ping sangalas roro. ping wolulas têtêlu undure. ping pitulas papat undumeki. jangkêpira kaping nêmbias lima mundur.
6. Sasi Sura awit mundur siji. Bêsar jangkêp loro. dadi ana Jumungah Painge. tanggal kaping limalas marêngi. Dulkangidah sasi. Jimawal kang taun.
7. Nyuruhana mitra ngundang santri, jalu lawan wadon. ywa kuciwa sugatane niken. maragatta kêbo sapi kambing. ayam wiwah biri. bebek banyak kalkun
8. Wedang soklat êteh lawan kopi. dhaharan sing gamoh. kang mirasa kang kapara akeh. barêkatan prantenana kaki. myang salawat picis. ywa kuciweng sêmu.
9. Tur sandika mundur suta kalih. mituhu sapakon. prapteng ari wus samêkta kabeh. bakda Ngisa Kiyai Hartati. pinarak pan- dhapi. manggihi pra tamu.
10. Kang mapakkên miwah ngancarani. mrênahkên kang ênggon. Jayengsari tan ana kendêlle. jroning wisma Niken Rancangkapti. sanggyaning tatami. pinamahkên sampun. [ 298 ]11. Santri kaji nangkoda priyayi. apan datan awor. Ki Hartati midêr sung pambage. myang salaman dupi wus waradin. Ra- den Jayengsari. mahyakkên ing parlu.
12. Têmbung cêtha angrêsêpkên ati. anorraga alon. miminta sih marang sadayane. tamu miwah santri kang miyarsi. resep sukeng ngati, sugata lumintu.
13. Nulya tapuk sagung para santri. sapêrlune ngaos. kang tan ngaos arame gogotek. ing jro panti pan mangkono ugi. Niken Rancangkapti. tan na kendêllipun.
14. Dennya (m)bujakrami mring tatami. rahab ing susugoh. lan kakungan ing jawi tan pae. wussing katam kendêl sawatawis. tapuk sahman dhikir. swaranya gumuruh.
15. Ngiêbêt (n)jawi sarampunging dhikir. ambêngan lumados. dinonganan arèmpêk amine. pragad donga gya bukti dumugi. brêkatan rinakit. piring cangkir kriyuk.
16. Ketel mangkok kuwung kêda basi. grêglek gelas bokor. kendhi suru lading myang cukite. dhulang tenong cêthing srêbet putih. bakaken si lilin. giaran batu ajus.
17. Pakinangannya tunggal miranti. salawat neng kanthong nyangang reyal pitu tumurune. gangsal niga maratah nyaringgit miwah sadayaning. kang neng ngarsanipun
18 Binêktakkên sanggyaning tatami, waradin sakeh wong suka rêna ing tyassira kabeh. amaratah brêkate wong siji. ngalih bêktan sami. ana (ng)gotong têlu.
19. Para tamu wus aminta pamit. Hartati lingnya lon. babo ingkang rawuh sadayane. sakalangkung ing panuwun mami. suka rêneng ngati. tan kenging winuwus.
20. Sampun kirang aksamanta sami. maring raganingong. barekatan apan prayogine. kaantukna rumiyin mring panti. kaparênga nganti. sakêdhap turulun.
21. Samya (n)dhêku sanggyaning pra tami. brêkatan wus bodhol. Ki Hartati pamit mring tamune. yun manggihi para tamu estri. dupi prapteng panti. angsung salam gupuh. [ 299 ]22. Tatanya ring rara Rancangkapti. para tamu wadon. apa uwus mranti brekatanne. iya rama wus ginawa mulih. apa saananing. kang lumadyeng ngayun.
23. Dalah wadhah dak purih (ng)gawani. lawan (n)jawi jumboh. Ki Hartati latah sru sukane. kacondhongan sabarang karseki. putra wruh ing wangsit. wasana lingnya rum..
24. Pra rubiyah kang rawuh ing ngriki. sru panuwunningong. mugi sampun kirang aksamane. ngantossana saking sawatawis. wontên pêrlu kêdhik. pra rubiyah (n)dhêku.
25. Ki Hartati ngambil toyastuti. gya lumêbeng gêdhong. salat kajat dangu antarane. nulya ana cahya anêlahi. sakeh damar lilin. sirna sorottipun.
26 Samya kagyat sakeh ingkang janmi. Rancangkapti gupoh. manjing gêdhong nêlahi sunarre. marêpêki kang rama pinanggih. wus tumêkeng jangji. puput yuswanipun.
27 Mujur ngalor munggweng kanthil sukci. Rancangkapti (m)bêngok. ngadhuh-adhuh nrungkeppi layonne. kawarnaa kang ana ing (n)iawi. sagunging parestri. bilujungan gugup
28 Jayengsari kagyat mentar aglis. prapta jroning gedhong. wus têtela kang rama sedane. gya sinambut Niken Rancangkapti. pangandika ririh babo ariningsun
29. Den narima sukur ing Hyang Widdhi. takdir kang dhumawoh. lah engêta garissing papasthen. tanpa perlu manggung kok tangissi. balik den-miranti. tikêllên lan sibu.
30. Lêjar ing tyas Rancangkapti mijil. neng jarambah lunggoh. tur uninga marang tatamune. myang parentah maring para dasih. sampêtting pakarti. sadaya kacukup.
31. Jayengsari mêdal tur udani. yen kang rama layon. samya (n)jêtung (m)barêbêi waspane. para estri gumrumung anangis. Radyan Jayengsari. aparentah gupuh.
32. Amiranti pangkat benjing-enjing. panguburre layon. tan winarna ingkang nambutgawe. para tamu guyup angrencangi. Jayon binarêsih. rinukti pinatut. [ 300 ]33. Ingkang dadya pangagênging nagri. Pakalongan rawoh. Jayengsari nêmbah lon aturre. pangkattipun layon benjing-enjing. ulun lawan ari. tumutur mring kubur.
34. Nanging lajêng tan wangsul mring nagri, ulun yun dhêdhepok. kang tan têbah lawan astanane. rama ibu wontên dhusun Sranggi. sakawontênanning. kang kantun sadarum.
35. Dalah papan pemahan myang panti. trussing Jair batos. ulun sumangga ing sakarsane. ingkang ngasta pangawasa nagri. sakarsanta dadi. aywa walangkalbu.
36 Dhuh sanggyaning kang rawuh ing ngriki. mênggah aturingong. sami ngidennana sadayane. saur paksi tamu jalu estri. mangkana wus wanci. sêdheng angkattipun.
37. Wus rinakit kang samya umiring. angrênggani layon. kehing janma myang uparênggane tikêl pitu kalawan duk nyai. sakalir wus mranti. ingangkatkên gupuh.
38 Kehing janma ramene kang dhikir. kadya samodra rob. kataman ing prahara gora reh. gumalêdhêg kang kari anggili. kaponthal nututi. lajêng samya mikul
39 Tan winarna lampahireng margi. ing astana rawoh sinarekkên cakêt lan nyaine paragadding panguburrireki. kang samya umiring sadaya wus mantuk
40. Kantun para batih kang umiring. marang sakarongron Jayengsari alon ngandikane. eh sakehe abdine kiyai. tan na dakaranni. mantuka rumuhun.
41. Ngopennana saananing panti. dene raganingong. patang. puluh ari aneng kene. mulyakakên ingkang wus suwargi. poma den nastiti. sagung para wadu.
42. Wussing tampi dhawuhnya sang pêkik. kêbut jalu wadon samya mantuk marang ing wismane. kawamaa kang kari
prihatin. Radyan Jayengsari. neng ngandhapping pocung. [ 301 ]1. Dhuh riningsun payo tumuli lumaku. ngupaya kang dadya. wêcane sang maha yogi. ngêndi baya prênahe ing Sokayasa.
2. Yen talendho ing laku mênèk kajujul. mring batih kang padha. trêsna sih ayun umiring. ing sapurug satêmah ngribêddi lampah.
3. Iya kakang aku (n)dherek sakarsamu. Ki Buras turrira. upaminipun ngentosi. kula badhe tilêm saking saêléran.
4. Rancangkapti angandika sakarêpmu. ananging dak tinggal. sira kantunna pribadi. yen wus tangi banjur age anusulla.
5 Buras matur uwis kojur botên estu. rahadyan wus linggar. saking ing astana Sranggi. ngidul ngetan sumêngka anggraning arga
6 Tumurun ing jurang pereng siluk-siluk. surupping baskara. kendêl dennira lumaris. sipeng aneng dhusun tuwin padhêkahan.
7. Enjing bangun linajêngkên lampahipun. lêpasing lumampah. tan ana sangsayeng margi. ya ta wau para batih Pakalongan.
8. Samya nusul marang ing Saranggi dhusun. rahadyan tan ana. atanya mring kanca siti. winangsullan sadangune neng astana.
9. Mangkya suwung wikana ing puruggipun. pra dasih sungkawa bilulungan ngupadosi. alêstantun tan ana ingkang pinanggya
10. Sigêg ingkang pra dasih kang wayang-wuyung. wau lampahira. Jayengsari Rancangkapti. wus angancik sukuning Parau arga.
11. Amalipir ngambah tepining tlaga (n)dhut. warak kang. kapapag. (ng)gêndring marang êmbêl bêlik. saya (n) dêdêr ing lampah langkung rêkasa.
12. Ebun ingkang neng godhong pating parentul. gumêbyar lir sotya. hawa asrêp anglangkungi. kang mahawan sadaya nrêthêk wel-wellan [ 302 ]13. Buras nyebut bilah thik adhêm kalangkung. sabarang kaidak. rasane, lir ngidak api. kira-kira iki lagi bêdhug awan.
14. Iba mêngko lamun wanci bangun esuk. kiraku tikel pat. ah kranjingan adhêm iki. sakirane apa ana wong kang krasan.
15. Manggon aneng kene raratune (n)jêkut. suprandene (n)dara. sakaliyan tan katawis. ngeca-eca dennira sami tumindak.
16. Radyan nolih ywa kok praduli bae wus. adhêm manggon dhawak. Ki Buras wel-welan angling. botên niyat pun adhêm kula ajaka.
17. Tanpa têmbung gapyuk ngrangkul malbeng usus. tinundhung tan kesah. malah kekah anggendholi. têpung pisan si adhêm kok banjur tresna
18. Gya tumurun rahadyan ing lampahipun. anon padhêkahan. aneng lambunge kang wukir. angandika payo yayi pinaranan.
19 Kang garêmbêl ngarêp iki kaya dhukuh. ngupaya patanyan. lampahipun sampun prapti. patêgalan nuju pangagênging dhêkah
20. Ngundhuh-undhuh Kenthol Gunawan jujuluk. kagyat duk umiyat. janma tri saking ing ardi. lampahipun ngênêr maring pategilan
21. Ki Gunawan amapagkên sampun tundhuk. aris atatanya. kamipurun nilakrami. nami sedya miwah kawijilannira.
22. Jayengsari amangsuli ngandika rum. kula Jayengsekar. sadherekulun pawestri. Rancangkapti saking nagri Pakalongan.
23. Sêdyaulun maring Sokayasa dhusun. Gunawan tatanya. sintên ta ingkang sisiwi. kang ayoga ulun Ki Hartati nama
24. Kenthol (ng)guguk Ki Hartati mitraningsun. wus lami tan panggya. punapi taksih basuki. nuwun mangke sakaliyan sampun lina.
25. Kala sugeng wantos-wantos wêlingipun. ing sapungkuringwang. sira lan arinireki. pruitaa sang pinundhi Sokayasa.
26. Milanipun sarampungireng pangubur. tan wangsul ming [ 303 ]wisma. lajêng mentar prapteng ngriki. Ki Gunawan angling kula botên nyana.
27. Lamun sampun prapteng jangji kalihipun. anak dennarima. ngestokkên tuduh sudarmi. bokmanawi ing tembe manggih kamulyan
28 Lamun sarju prayogi kampir wismengsun. nêntrêmkên sarira. reh mentas lalampah têbih. têmbe ulun umiring mring Sokayasa
29 Sakaliyan tyassira langkung panuju. wus kerit mring wisma Gunawan nulya ngundangi. para batih kinen samêkta sêsêgah
30. Wusnya rampung linadossakên mring ngayun. dhuh anak sumangga. kinarya jampi kalantih. sawontênne 'sugatanipun tyang ngarga.
31 Tanpa rabi pramilanya langkung kidhung. eh bocah gêdhekna totormu ywa kongsi mati. sakaliyan wus wawanting nulya dhahar
32. Wus dumugi linorodkên Buras gupuh. Rancangkapti lingnya kakang iki desa ngendi. lawan ingkang aran totor iku apa.
33 Ana jroning wisma suda asrêpipun. sapa namanira ingkang darbe wisma iki. dene ngaku mitrane kang wus suwarga
34. Ki Gunawan gumujêng alon lingipun. anak nama kula Kenthol Gunawan duk maksih. rêmên dagang lan rama (n) dika tan pisah
35. Baya sampun tinakdir dera Hyang Agung. ulun tansah tuna. rama (n)dika manggung bathi. kaku ing tyas dhêdhêkah Diyeng punika.
36. Sêpi samun suprandene manahulun. têntrêm sukawirya. angungkuli kala sugih. sangandhapping panti punika guwanan.
37. Rintên dalu totor Jatu datan lampus. mila neng jro wisma. datan akaraos atis. Buras matur lêrês-lêrês kang timbalan
38. Tanpa (n.)jêkut ning mêngko nek mêtu nguyuh. awak rasakêna. mêsthi tis-tis tiba katis. wedang tuwa anom datan krasa
panas. [ 304 ]1 Ki Gunawan aturrira. ing benjang enjang prayogi. lêledhang supadi enggar. ing tyas kataman prihatin. umiyat candhi-candhi Diyeng kathah warninipun. talaga Pakarêman. babahan Aswatameki. sumur gumling myang kawah Candradimuka.
2. Rancangkapti duk miyarsa. kakang sesuk milu mami. ing dalu datan winama. nahan wus wanci byar enjing. Hyang Surya andhadhari. sadaya apan_wus ngrasuk. busana gya sarapan. pinantês dhaharan enjing wedang êteh alalap gendhis kalapa
3. Wus dugi dhahar sarapan. wawi anak mupung enjing. gya linggar saking ing wisma. Gunawan lumakyeng ngarsi. sacakêtting kang margi. miyat candhi cacah têlu. neng ereng-ereng arga. angongkang ing jurang trêbis. kang satunggal aran candhi Duryudana
4 Kalih candhi Dhanyang Druna katiga candhi Sangkuni ing lampah wus mancat minggah. prapteng nginggil siti wradin. umiyat candhi-candhi. candhi Arjuna jinujug. ing têngah wontên sela kumalasa lus pasagi. tengah sela krowok isi toya marta
5 Langkung asrêpe kang toya. majêng mangilen kang candhi. ing ngarsane candhi Sêmar. kidulling Arjuna candhi. Sumbadra langkung adi. ing ngarsa mawa leng agung. Jayengsari turrira puniki êleng punapi. Ki gunawan alon wijiling wacana
6. (ng)Ger punika winastanan. babahan sang Dumasiwi. inggih Bambang Aswatama. ngaler ngilen trusanneki. tumindak ngidul myat ing. candhi Puntadewa Prabu. kakalih candhi ngarsa kembar warni alit-alit. winastanan candhi Nangkula Sadewa.
7. Kidul candhi Puntadewa. winastan candhi Srikandhi. lajeng dennira tumindak. ngidul ngilen sawatawis. umiyat candhi asri. aran candhi Bimasunu. ya candhi Gathutkaca. samya ngilèn ajêngneki. ngidul malih miyat candhi Wrêkudara.
8. Inggil tur agêng priyangga. arêspati langkung wingit. pribadya majêng mangetan. salêsih dennya ningali. tumindak ngidul [ 305 ]malih. myat. Tlagawama rannipun. we lir kuwung wangkawa. pêthak abrit biru kuning. lirap-lirap kalangkung asri kawuryan.
9. Maweh sengseming wardaya. anglilipur ing prihatin. ri wusnya myat Tagawarna. miyat talaga Tus nami. toya kalangkung wêning. katandha dhasaring ranu. gya miyat tlaga Kidang. umobing we maweh giris. nulya wangsul ngaler ngilen lampahira.
10. Umiyat ing candhi Kresna. sêmu wingit anglangkungi. rêspati kang wawangunan. kêmput tapis denubêngi. nulya tumindak malih. mangilen myat trusannipun. babahan Aswatama. kang anjog ngarsaning candhi. sang dyah adi Sumbadra kasebut ngarsa.
11. Kawuri candhi babahan. nulya mangetan lumaris. miyat ing tuk Bimalukar. toya manthur langkung wêning. Buras gupuh marani kapengin raup myang nginum. tangan kalihnya nadhah. dupi kasêntor ing warih. asru (n)jola ngacêcêng tangan kalihnya
12. Rancangkapti dahat suka. tatanya Buras thik mringis. (n)jingkiak banjur awel-welian. narêthêg umatur ririh. nuwun raose sami. nyas kadya nadhahi latu. we asrepe kalintang. jimpe tanganulun kalih. nora majat adhême tuk Bimalukar.
13 Wangsul mangilen lampahnya. kathah reca alit-alit. pinarik pinantha-pantha. wiwitan ingkang kaeksi. tan liyan lir wit kopi. amung awis uwohipun. rahadyan minta wikan. Ki Gunawan turrira ris. lah punika kang nama purwakucila.
14. Wohipun kenging kinarya. panulaking wisa mandi. sarpa lamun kaungkulan tanpa karkat angalêntrih. kalabang kalajengking. ulêr ing sasaminipun. Buras gupuh angundhuhi. kanthong kalih kêbak woh purwakucila.
15 Maring arga ambêg wasta. Pakareman langkung wingit. tengah sela kumalasa. kathah babalunging paksi. radyan tatanya maring. Ki Gunawan ris umatur. punika balung kaga. sadhengah paksi ngungkuli. Pakareman tamtu pêjah lajêng dhawah
16. Ana ing sela punika. wus tamat nulya ningali. ing kawah Candradimuka. Juwêng satengahing ngardi. isi we sulak kuning. [ 306 ]umob lirang gandanipun. tan na kuwasa nyelak. mawa kukus sawatawis. toya mili nanging kawah datan lukak.
17. Datan dangu dennya miyat. lajêng tumurun wus prapti. ing ngereng-ereng sitinya. den ambah amêmbêk-mêmbêk [45]. ga thuk lawan têlagi. akathah maliwissipun. antingan apêpanthan. ana gisiking têlagi. Buras angling apa ta kae antingan.
18. Ki Gunawan angandika. iya ika êndhog mliwis. nanging ewuh panjupuknya. awit siti tan kuwawi. kalamun denênciki. ambles êmbuh gadhugipun. Ki Buras miris maras. tumindak aminggring-minggring. lampahira wus tan ngambah siti mendat.
19. Miyat sumur Jalatundha. ubênge pinalangan pring. ngaluwêng dhapur kukusan. (n)jawi palang gasik wradin. kathah patilassanning. sekar konyoh miwah kutug. rahadyan minta wikan. Ki Gunawan turrireki. sabên malêm Anggara Kasih punika.
20. Kathah janma kang tirakat. wonten ingkang minta sugih. wontên minta kadrajatan. wontên minta denkasihi. myang minta darbe siwi. wontên minta têguh timbul sontên angobong dupa. manawi wus têngah ratri. angglundhungkên timba bumbung binandhulan.
21. Sela bundêr agêng madya. supadi enggal lampahing timba prapta (ng)gyanning toya. yen katrimah sêdyaneki. pangraos sawek kalih. dhêpa sampun angsal ranu. gya inginum saêkal. kenging (m)bêkta lamun kinarya sarana.
22. Manawi datan katrimah. dalomokipun pawarti. tali ngantos sewu dhêpa. tinarik tan antuk warih. Ki Buras anyêlaki. nginguk lêbête kang sumur. singunên giris ing tyas. badannya sakojur mrinding. undurrira alon-alon ulat biyas.
23. Caket lawan Jalatundha. wontên toya ingkang mili. saking sapucaking arga. nanging lampahe kang warih. (n)dadak anyimpang têbah datan lumêbêt ing sumur. mangkana dennya miyat. ing Diyeng saurutneki. tan rêkasa ing tyas datan mawi kêmba. [ 307 ]24. Ki Gunawan aturrira. wus têlas kang dentingali. prayogi wangsul mring wisma. bilih kadalon neng ngriki. saestu tan kuwawi. mindhak-mindhak asrêppipun. radyan matur sumangga. tumurun wus prapteng panti. pasugata tinata tharik samêkta.
25. Wawi anak lajêng dhahar. rayi paduka kalantih. sahari datan anadhah. sang dyah angandika aris. kasêngsêm umiyat ing. candhi miwah sanessipun. maweh rênaning driya. dumadi tan ngrasa ngêlih. Ki Gunawan ngandika Alkamdulillah.
26. Wus wawanting toya panas. pakantuk dennira bukti. cinarik. sinungkên Buras. tanpa taha dennya bukti. kasrêtên minta warih. sinungan wedang kumêbul. gya inginum nir rasa. panas asrêp kadi warih. mung gugusi lambe lidhah kraos lidhas.
27. Radyan matur mring Gunawan. candhi Duryudana tuwin. candhi Druna candhi Suman. candhi Puntadewa aji. candhi Arjuna candhi. Nangkula Sadewanipun. kalawan candhi Bima tuwin candhi Dwarawati. ngajengipun wontên sela kumalasa
28 Pasagi sinangga ompak. kubengira pinarigi. bulet ingukir lunglungan. têngahing sela waradin. sinêrat sastra rêmit. kadiparan ungêlipun. mesêm Kyai Gunawan. atur wangsulan mrakati sastra Buddha ingkang tumrap wontên sela.
29 Punika apan pengêtan. pambêkannya kang cinandhi. ngungsêd Radyan Jayengsêkar. mugi kaparêng ing galih. amêdhar suraossing. sadaya ingkang kasebut. aneng sela sasanga. nanging tinêmbungna Jawi. inggih anak punika langkung prayoga.
30. Winarna pambêkannira. sira Prabu Kurupati. puguh sebarang kinarsan. mituhokken ing panggalih. adrêng pikir ginêlis. ayo jangjine tumanduk. rikat nanging guguppan. ing atur tan tinaliti. mungkur marang carita mawa surasa.
31. Ranning ondhe miwah adat. lelabuhan ala bêcik, tan arsa nguningannana. nurut karsane pribadi. rêmên akarya wiwit. gagrak anyar kang sinarju. lumintu paring dana. ambungahakên wong cilik. nanging ingkang ambyuk angubungi karsa. [ 308 ]32. Yen ta mungguh kang mangkana. kaugung kapati-pati. wus datan asubasita. ilang tataning narpati. katon tyas nanging jirih. watak molor nora mulur. yen mênêng lir gupala. ngumpêt karsa tan ngrapêti. gojag-gajêg uga iya uga ora.
33 Manawa na tume wanodya. ingkang dadya suprih pamrih. anjalari sukawirya. myang (n) drêbalane mas picis. iku rena kapati. pangarabe nora uwus. yen durung tibeng karsa. sarwa nora pisan ering. ing sujanma mangun teki tapabrata.
34. Malah punika ingaran. wong papa sudra anisthip. awit tan ngubungi karsa. kabungahanning ngaurip. anggeppe ing panggalih marang Hyang Suksma linubung. sayêkti nora liya. mungguh Bathara linuwih. tanpa rupa muhung jatine priyangga.
35 Krana kawaseng kaanan. tanpa cegah tanpa sirik. milih sakehing gumêlar. ingkang purbamisesani. têtêp karsaning Widdhi. sida dumadi tan lêbur. tamat pambêkannira sang aprabu Kurupati gantya Arya Sangkuni patih Ngastina
36 Watêkannipun kinandha. pradulen ngaruh -aruhi. nora kêna wong kumlebat. thik-ithik dipun waoni. gawe sêriking ati. sikon saronne lumintu. tingkah solahing liyan. mung tansah dipun owahi. nora nana sawiji kang kabênêran.
37. Pasthi tumiba ing lêpat. yen nana ngarsa Sangkuni. sanadyan uwis benera. gumrêmêng maoni ririh. saradan tudang-tuding. anyungir ulate rêngu. yen lekas paguneman. nora liya-liya malih. pan wus kêna pinasthekkên lamun nacad.
38. Ngrasani alaning janma. denandhar awit jêjênthik. suku minggah kongsi prapta. pucuk rambut tanpa uwis. dadi rênaning galih. yen nyatur tindak kang dudu. kinarya cagak lenggah. ngira-ira mring sasami. mung alane bae ingkang pinêthikan.
39 Nora pisan angetokna. bêciking liyan pinurih. sirna kadhang tinutupan. pamrih arahing panggalih. dimen aja ngungkuli. ya marang sariranipun. yen ana wong kakandhan. nora ngalêm mring Kya Patih. miwah nora carita alaning janma. [ 309 ]40. Pasthi ambanjur pinapas..aja ambanjur cariwis. tur yen tinunjêl ing rêmbag. anjêlomprongakên amrih. dudune ing sasami. Jamun lēkas gawe dhawuh. mlaksana amisesa. ngawang ngawur tan dumugi. ing wasana tan tumibéng karaharjan.
41. Kang pasthi dadya panggrêsah. pêgêl sayah anglakoni. prapteng (n)don dadi tutuhan. prandene bisa ngingêrri. ing catur anyêlaki. iku mau kurang anu. lamun ta mangkeneya. iya tumiba ing dadi. Jah ta ora padha ngati-ati ing tyas.
42. Pan mangkono Arya Suman. yen tinutuh ing prakawis. malah malês nutuh (n)dadra. ngêncêngi bênêr pribadi. suthik yen denaranni. ¡uput parentahe, ngawur. banjur angisis jatha. ana kamituwa dadi. iku goroh yen aku nora bênêrra
43. Saking luputmu priyangga. malengos kang sinung angling. wus watake kyana patya. ing rêmbag (ng) garendhel wuri.garêgêding panggalih. sadina-dina pan namung. amrih ara-uruwa. gegera ingsun angutil. gêrahuyang yen ana arjaning jaman.
44 Jalukane awewehan. kumêt tur rada nylêkuthis. dene anggêppe ing driya. marang Hyang Suksma Linuwih Gustine têtep Gusti kula ya kawula tuhu. marma kudu akarya. anyuprih bêciking dhiri. supayane dadi tumiba ing mulya.
45 Kudu mangangkah tan kêndhat. angendhak gunaning janmi. ngala-ala mring manungsa aja ana kang ngungkuli. supadya dadya keksi. badanne dhewe linuhung. ngalela aneng jagad. pangrasa bêcik pribadi. dadi sida katarima Hyang Wisesa
46. Sangêt condhong Sri Narendra. Jakapitana ing patih Sangkuni klakuanira. rêsêp ing tyas narapati. myang ingkang para ari. kurawa sadayanipun. tan ana kang sulaya. gilig golong kang panggalih. abiyantu ing karsa jêng sri pamasa
47. Rumojong sêdya swuh brastha. gung kinarya sêkar lathi. anurut parentahira. kang paman Arya Sangkuni. sabarang pamrayogi. tan nana ingkang winangsul. saatur-aturrira. tamtu bisa nuju kapti. marma tansah caket neng ngarsa narendra.
48. Kinarya mantriwisesa. kaprêcaya nguwasani kabeh bot-repotting praja. mêncarkên karseng narpati. sukêr walêdding na [ 310 ]gri. kasrah bang bang alum-alum. kang rawe-rawe rantas. malang-malang denputungi. idu gêni ering kabeh wong sapraja.
49 Wus tamat watêkannira. Kya Patih Arya.Sangkuni. kang myarsa sadaya suka. radyan aturrira aris. saestu anyeplêssi. lan wujud wayanganipun. paran pambêkannira. Dhanghyang Druna maharêsi. Ki Gunawan anglajêngakên carita.
50. Pupundhen nagri Ngastina. dadya pangumbahan pikir. kang minangka tuwanggana.-ning praja tinuwi-tuwi. sapa sinambatting sih. risang Baratmadyasunu. ya Bambang Kumbayana. satriya ing Ngatasangin. angajawa apaparab Dhanghyang Druna
51. Adhêdhepok Sokalima. jroning wawengkon nagari. Ngastina gung sinunggata. tuhu pandhita linuwih. cipta anggêpe maring. Hyang Widdhi batharanipun. sinêru mêngku puja. pinrih wor agal lan rêmit. ywa kasêlan ing pangragasuksmanira
52. Lamun nora mangkonoa. mungguh kawula puniki. yêkti nora darbe daya (ng) gonne bisa mobahmosik malah kaworan saking. Hyang Purbawisesanipun. loro-loroning tunggal. têtep tinêtêpan sami. dadya amung kawula darma lumakya
53. Wêwatêkannira marang. sasaminireng dumadi. sisinglon sabarang karya. nora kêna yen dinugi. saking pêncaring angling. labêt loro-loro têlu. tan ngemungkên sajuga. kaarah nyampar pakolih. ing pirêmbag mubêt kêsit nora panggah.
54. Pakolehe kang supaya. aywa katlindhês ingkang ngling. ingkang tumiba ing ala amung kang tumibeng bêcik. katonna rêmbug saking. iya ing sariranipun. marma cinalang-calang. pakewuhe kang ginati. salingkuhe wiweka dinekek ngarsa
55. Palesėddan ing wicara. pangarep ngenaki ati. nanging sadalêmming cipta. mandêng caloroding kapti. yen wus wruh denjurungi. pinet saprayoganipun. awignya kamandaka [46]. ing sabda tan ngatawisi. awit saking kinêmbong basa mardawa. [ 311 ]56. Ngegungkên pangela-êla. ginunturan ing mamanis. abang lambe marakdriya. wisa martane ngênani. kadhang warta wisa ning. anggutuk lor kena kidul. marma sang Dhanghyang Druna. mêngkono watêking ati. ing uwite saking kasluruning lampah.
57 Dahat adrênging wardaya. duk maksih neng Ngatasangin. tan arsa gumantyeng rama. amung sangêt mangun-teki. kapati mati-raga. nora sare dhahar nginum. mênêng manungku puja. manuh manawa manonni. kalêksanan antuk wangsiting jawata.
58. Yen sanyata mamrih sira. mring kamulyaning jagad tri. wudharên tapabratanta. lumakuwa angajawi. ing kono ana janmi. kakasihing jawata gung. turasing Sang Hyang Brahma. nanging karsaning Dewa di. ing samengko pan maksih kinarya samar
59 Durung katon kawistara. maksih dipun waranani. dening Hyang Jati wasesa. srana andhapasor sami. mamrih raharjeng budi. tapabratane sinamun asore ngêmu rasa Pandhu Dewanatasiwi. Narapati nagara gung ing Ngastina.
60 Wus dadi pratignyanira. sinung papancene pasthi. dening Hyang Jagad Pratingkah singa-singa wong kang asih miluta anvêdhaki. bisa momong marang iku. sayêkti katanma barang pamudyane dadı. wus mangkono iya ora kêna cidra
61 Marma Bambang Kumbayana. enggal dennira lumaris. ngulati mring tanah Jawa. mituhu ucapping wangsit. samana sampun prapti nanging kaloloh ing laku. labuh labêting arda. tumpang. so sabarang kardi. ngungun ing tyas wau Risang Rêsi Druna
62. Awit dudu kang sinêdya mungguh Ngastina nagari. rehning wus bangsa pandhita. dadya sêdya tan gumingsir. mantêp têtêp nglakoni laku ingkang wus kabanjur. kacemplung neng Ngastina. momong Prabu Kurupati. mung ing batin miluta Nata Pandhawa
63 Lan mungguh Sri Duryudana. dahat dennira mumundhi. marang risang Dhanghyang Druna. angangge guru marsandi. ing rembag gung tinari. pra samya kelu kalulun. wong sapraja [ 312 ]Ngastina mangastawa ngaji-aji. amiminta aji jaya kawijayan
64. Sang Nata sadina-dina. meh nora sah lan sang rêsi. lawan sira Arya Suman. iya sang Patih Sangkuni. ingkang minangka tali. ngêncêngi sagung rinêmbug. wani toh lara pêjah. mantêp ora angoncati marma nurut nata mring sarkaranira.
1 Sampun titi pambêkannya Rêsi. Sokalima mangkya ulun mêdhar. kang sinung sih Jawatane. sira sang Pandhusunu. Sri Iswara Cintakapuri. miwah sakadangira. kalima winuwus. kala kuwanira samya Prabu Darmakusuma Yudhisthira ji iya sang Dwijakangka
2 Iya Darmawangsa sri bupati. Puntadewa Guna Talikrama Cintakapura prajane. Ngamarta ya winuwus ing Batanakawarsa dening panenggaking Pandhawa. risang Bayusunu iya Arya Bratasena Wrêkudara ya Kusumavuda tuwin sang Bima geng birawa
3 Paparab satriya Jodhipati. nunggil munggweng saironing na gara. de kang dadi panêngahe. satriya surasadu. Madukara ingkang ngrênggani. paparab Dananjaya. ya sang Pandhusunu Palguna Arjuna Parta. Endraputra Janaka Raden Jahnawi Prêmadi ya Pamadya.
4 Lawan bibisik Prabu Karithi. nanging muhung ana ing suwarga. ing Tejamaya siniweng dening pra surawadu yeku nama Prabu Karithi malih sang Pandhuputra. dwi warujunipun. dhêdhepok ing Tanjungtirta. sakaliyan sapa dasaneng wawangi. Nangkula lan Sadewa
5. Jangkep gangsal ing mangkya winami. pambêkannya Sri Darmakusuma. rumangsa kawula kiye. ing tyas marmanya kudu. karya bêcik marang sasami. pangangkah aywa kêndhat. asarananipun. nepungakên kabêcikan. marang liyan kang widadaa basuki. Jan norring jiwa raga. [ 313 ]6. Kang supadya sidaning dumadi. mindêng-mindêng ngudang katarima. sumuci mring batharane. jumitaning sumungku. nungku tama mamati kapti. sakarsanireng liyan. katampen rahayu. sanityasa tyas susanta. sêtyaning ngling sedya mrih rênaning ati. tan tilar parikrama.
7. Sakarsane tan arsa sak sêrik. -ira marang sakehing tumitah. wahyane pamuwus sareh. sareh sarekaning hyun. sêmu mê nêng tan marduleni. sasolah bawaning lyan. pan namung jinurung. kang katampik nora nana. mung kalêbut watak angaruh-aruhi. amot mêngku ing driya.
8. Yen ngandika tansah angiribi. nora pisan yen nyulayanana. marang sasama-samane. sarenganing tumuwuh. panyiptane ing Suksma jati. kang murwa ing bawana. bisaa sawujud. ilanga jênêng kawula. panganggêpe wus mati sajroning urip. kamulyaning kaanan
9. Ing (n)jaba jro jinumbuhkên sukci. kadya palwa kamot ing samodra. tan sêsak dening sarahe.mis bacin ganda arum rêgêd rêsik agal lan alit. kalêbu tan tinulak. sumungku ring ayu ing pangrasa sukmanira pan linanggêngaken kalawan pamuji wus tanpa pilih papan
10. Mandêng Maha Sukcining Hyang Widdhi. kang winanuh ra man têpêtloka. sumingkir marang karamen. tan karya sukeng kalbu ing kaanan sawiji-wiji. ing jagad Janaloka cinipta tan wujud. wus mulih aranning kuna. sampun tamat pambêkan Sri Pandhusiwi. mangkya gantya winarna
11 Pambêkannya risang Bayusiwi. sira Radyan Arya Wrekudara sang Bratasena parabe. kaku ananging kukuh. nora tau akarya wiwit mucuki ing prakara adoh saking iku. ing samangsa wus katatap. ing panggalih panggah nora wigah-wigih tan ana cinêgahan
12. Nora nganggo tedheng aling-aling apa barang sakarsa balakan. tan nganggo bêcik-bêcike. lamban bae ing catur lomas-lamis iku tan sudi nya dhadha êndi dhadha. ywa kakehan rêmbug. singa bêcik binêcikan. singa ala iya pasthi [ 314 ]dialani, amuk rêbuten ing prang.
13. Kêncêng lempêng nora minggrang-minggring. nir wikara nir baya nir pringga têteg sabarang karsane. tan nganggo singgan-singgun. ala bêcik becik tumuli. ewuh pakewuh tanpa bênêre linajur ngukuhi kecaping kata. etang wuwus yen wus wêdhar denrungkêpi. tan nana kineringan.
14 Wus tan ngetung lara lawan pati. tan suminggah sêdva linaksanan ngantepi basane bae tan kendhak dening ridhu nadyan para jawata sami. tan kena malangana. ing sakarsanipun, anggêpe mring Hyang Wisesa. nora selak lamun kinarya gagênti. ilang was-wasing driya.
15. Sajatine bathara linuwih. nora arah ênggon warna rupa kalimputan ing anane. purbawisesanipun. pribadi sang sidaning dadi. wus wiratameng cipta pupuntoning kawruh kawula wus tan rumangsa. Arya Sena tan benceng-ceweng maligi wênang adarbe karsa.
16 Srana mantêp têtêp tan gumingsir. bêtah ngangkah yen durung kalakyan apa kang kinarsakake nora marêm ing kalbu lamun durung prapta sajati. jati-jatining karsa. sinêru sinangkut [47]. wus tamat pambêkannira. Arya Sena wong agung ing Jodhipati mangkya ingkang winarna.
17. Pambêkannya Rahadyan Pamadi. Arya Dananjaya sang Arjuna. anênggih Radyan Pamade. sang Batharendrasunu apaparab Prabu Karithi. kekêmbange bawana Madukara mêngku. sang Parta iya Janaka amanjaya jayane sang jayeng jurit. prawira widigdaya.
18. Amumpuni ing guna kasêktin. datan kewran gelarring ngayuda. têtêg tatag sabarang reh. sareh sasmita putus. tatas buntas yitneng wigati. wiweka sureng laga. lêga lir tumambuh. tapa tapaking warastra. munggweng granning kang arga antikswa[48] lungit, ing rat tuhu minulya. [ 315 ]19. Mila dadi kondhang ing sabumi. sira Rahadyan Andananjaya saking budi paradhahe. sring ngetog ing sakayun. ing sujanma jalu lan estri. sakarsa linanggatan. tan ana winangsul. nadyan surendra bawana. pra jawata tuwin kang para apsari. inguja sakarsanya.
20. Karya rêsêp mring rowange linggih. rêspatine ngunguwung kawangwang. bisa basa basukine. mardawa ing pangungrum. kaduk-manis ambajong liring. kumêclap nuju prana. kang kêna kumêpyur. dhasar sembada ing warna. wus kaonang-onang ing jana yen sigit. sêdheng dêdêg pidêksa.
21. Bang-bang awak ing sarira lêntrih. rurus raras wingit lir ngongotan. anteng mintir graitane. tan pati kaduk (ng)guyu. mung esême den incrat-incrit. sumeh ing pasamuwan. ing sêmu sinamun. jroning naya mawa cahya. ing wasana[49] lir wimba ning sitarêsmi. parigêl paribawa.
22. Ing kabuddhan tuhu andheweki. babaguse wayuh wong sanambang. mêksa katon unggul dhewe. manawa ing panggunggung binanjuma kamot ing tulis. langkung pangêla-êla kirang papannipun. mangkana sang Endraputra. bisa manjing ajur-ajer agal rêmit. tan kewran ing kaanan
23 Dhasar bêtah tapabrata lêsning. Mintaraga tama ening coba kalis godha rêncanane. panganggêpireng kayun. kang kawasa amisesani sayekti tan kasêlan. ing olah kang dudu. dadalan kang murbeng titah. kamulane limput-linimputan ing sih satunggal nora tunggal.
24. Nora tunggal ananging ngêmori. yekti lamun iya uga iya iya iku dudu kiye. agampang nanging ewuh. pasthi dunung tan andunungi. kêncêng terkadhang mêmbat. sumendhe sumangguh. agagah nora agahan. sagah dereng kinantên pasthi ananging. yen selak boten pisan.
25. Anut mangsa kalaning dumadi. nyata lempoh angidêri jagad. [ 316 ]iya kana iya kene amung babasanipun. ya bojomu ya bojo mami. dene ta garwaningwang. têtêp garwaningsun wus titi ingkang pambêkan satriya nung ing Madukara ngrênggani. mangkya ganiya winarna
26 Watêkannya risang Pandhusiwi kang sumêndhi myang wura. gilira ing warna tan na sanese. myang solah bawanipun. sang Nangkula Sadewa sami. tan pae ing paeka sakaliyan jumbuh. marang Hyang Purbawisesa. mung sumarah datan andarbeni kapti mênêng tan mengku karsa
27 Nora nana kang den paran ati. nora suka lan nora sungkawa iya apa satibane. karsane Maha Luhur. sakarêntêg nora sak sérik. wus ngiwullakên cipta. rêsik tan sumênut. sagalugut nora nana, kang kinarsan apa sêdya paring becik wus nora pisan-pisan
28 Apa dadi ala kang kinapti. ala maneh kalamun arêppa. kang bêcik nora rinanggeh. dadya mung gumalundhung angalindhung maring Hyang Widdhi. tan darbe tatampikan. tan darbe panuwun. tan darbe dayaupaya amung lila sukur pasrah ing dewa di,awit Hyang Wicaksana.
29 Mring sasama samaning ngaurip. tan mlaku-mlakuwa kinedhêpan. sawêruh-wêruhe dhewe. ala bêcik tan muwus. iya nora tan angrasani. kang mangkene mangkana. tan nacad lan (ng)gunggung. urippe mung babarengan. sande siyos baya pinanggih pribadi,tan ana paran-paran.
30. Sakaliyan sungkêmira. sami. saparentahing raka sakarya. sadaya sakarsa dherek, ajurra kumur-kumur. yen pakonne dipun jurungi. tan pisan sumingkira. sumungkêm samya nut, titi tamat pambekannya. satriya di Nangkula Sadewa lêwih. gantya kang winursita.
31 Sastra ingkang tumrap sela munggwing. sangarêpe candhi Kresna apan. sasambêtan suraose. ingkang sampun kasebut. pambekannya sang Pandhusiwi. myang Krêsna cariyosnya. punika nak bagus. kalimanireng Pandhawa. wus ubaya lan sakadangira sami. aywa sah sing sasana. [ 317 ]32. Asor-unggul malarat lan sugih. mati-urip lan lara-kapenak. salah siji labuh kabeh. sabiyantu ing kayun. tan sulaya sabayapati. yeka kang patêmbaya. ing upaminipun. antigan sapatarangan. pêcah siji kabeh milu ambelani. swuh brastha suka lila.
33. Sanadyan wus mangkono kinapti. sang Pandhawa prandene tan tilar. arembag saprayogine. kang raka sang inastu. narendra di ing Dwarawati. sri nata Danardana. Padmanaba Prabu paparab Bathara Kresna. Wisnumurti ya Kesawa Arimurti. narpati Narayana.
34 Amung kadang naksanak saking stri. lan Pandhawa nanging wus ubaya. gêmah rusak bela bae. kalima sunu sarju. dadi nême sang Wisnumurti. marma sêdya mangkana. Sri Kresna puniku. kalawan Raden Janaka. sakaliyan sami katitisan de ning. kyatingrat Sang Hyang Suman.
35 Wus pinaro karsaning Hyang Luwih. panitise Hyang Wisnu Bathara angagal kaalusane. pisah roroning dhapur. saupama lir sosotya di. lawan êmbanannira. samodra lan alun kadya surya lan sorotnya puspita bra ngambar gandanira sumrik. lir jiwa aneng raga.
36 Lumah kurêpping suruh upami yen dinulu beda seje warna. ginigit padha rasane mangkono pisahipun nata Kresna lawan Jahnawi. Jugune nora beda. sami titis Wisnu wus ngalela ngejawantah. tuhu tunggal pinangka padha sawiji sudibyeng jagadraya
37 Bisa nuksma kang ganal myang alit. krêtarta saolah kridhaningrat kang minangka prajuritte. kontanning jawata gung. kinen munah laku durniti. angkara ngangsa arda. adrêng pakarti dur ing reh rurusuh rinusak. Sang Hyang Wisnu ingkang andarbeni kardi. anggêmpur kala murka
38 Nora pae sajroning wus nitis. têtêp tumurun mring ngarcapada lêstari ing pakaryane. marma sang antuk wahyu katitisan sang. Wisnumurti. ing watak kalakuwan. myang pambêkan jumbuh aji kaote samantra. sang Arjuna angumbar karsa ngratanı. yen Krêsna rada cegah [ 318 ]30 Amung ngudi dadining pambudi, kawaspadan lepasing graita. wicaksana sasanane. siddhi paningalipun. ing weweka pangati-ati. limpad ing pasang cipta. wruh ing iya dudu. ing nistha madya utama. tuman têmên ta sujananing naya di. mring sêmu nora samar
40 Sakarêntêg iya nora pangling. marang sande siyosing prakara. kinarang neng graitane. bisa manis ing tembung. wruh ing têmbung kang kandel tipis, miwah kang dawa cêndhak. mandhêk lawan laju, anuhoni asthabrata, nora wangwang ing sabda tatas patitis. putus ing pasang cipta.
41. Yen ngandika karya sukeng ngati. lawan nora mathêntheng miyagah. kadya pangangguran bae. manis winoran cucut. tumarêcêp sabda tarincing. angandhar tan nglêmpara. wossing tan kalimput. limpating budi kumêpyar. lamun nyandhak karya kêkênthêl lan pikir. pan nora amisesa.
42 Dhemês ngêtrap lamis nanging dhamis tan katara lamun ngumpêt karsa. rapêt ing pasambunganne. bisa nigas anyambung, ambabangun ayêmming ati. awit carita krama karêm olah sêmu. ênggon wangsulle mikêna. kêdhap-kêdhap kocaking netra lan alis. tan kawistarasmara.
1. Titi sorah pambêkanning. sang aprabu Danardana. rahadyan turira alon. saklangkung panuwun kula. de kaparêng amêdhar. sadaya ingkang kasebut. sastra Buddha tumrap sela.
2. Mênggah têtêmbunganneki. punapinggih sampun jarwa. Ki Gunawan lon dêlinge. anak têmbung Sangsêkrita. tur-ulun jarwanira. Jengsari ngandikeng kalbu. wong iki baya pujangga.
3. Wusana umatur malih. suraosse kang pambêkan. kadiparan kalejêmme. Korawa lawan Pandhawa. dadya cacah sasanga. Gunawan mesêm lingnya rum. inggih makatên anakmas. [ 319 ]4. Mila pamrih lumastari. kinarya nanangi driya. mêndhêt criyosse ngaluweh. tinali-tali minangka. tutuladaning gêsang. talitining pra luluhur. punika kang kinawruhan.
5. Pugut pêncaring dumadi. tindak ingkang ingarannan, nistha madya utamane. ginambar pambêkan sanga. tuladaning dumadya. runtut kuna-kunanipun. kêni tinêdhak samangkya.
6. Êninging tyas kang winarni. punang laguning mardawa. supadi kawistarane. têpaning kang wit darsana. saking pamanggihingwang. kilap lêrês lêpattipun. kawula sumangga karsa.
7. Sampunning sorah winarni. ambêg miwah kalakuan. sasanga kang jinalentreh. sang aprabu Duryudana. kalih Sangkuni Patya. Rêsi Druna tiganipun. golonganning sri Ngastina.
8. De ta ing Cintakapuri. dhingin Prabu Darmaputra. sang Bratasena karone. tiga Arya Dananjaya. sakawan Sang Nangkula. kalima Sadewanipun. kanêmme Sri Nata Krésna.
9 Ing Pandhawa nêm winijil. Ngastina kapetang tiga. rong golong kinêmpalake. dadya jangkêp petang sanga. ing mangke pan sinuda. Nangkula Sadewa wau tunggil wus atunggal wama
10 Solah myang tanaga sami. marma pangetangan sanga namung wolu sajatose. lan malih makatên uga. Jahnawi lan Sri Kresna. tinon ing paningal jumbuh. rahsane kadi sajuga
11. Kalamun makatên kadi. kêpanggih sapta petangnya. samangke pinandêng maneh. anggêpnya Sangkuni ika. lawan Sang Dwijakangka. gargêtting driya sumênut. awitte tunggil pinangka
12 Ananging upami warih. Sangkuni toya ing rawa. buthêk nandhêk tur naiyeng. kasarahan anggrah-anggrah. mambêg kewala datan. wontên ilen-ilennipun. jro embêg endhut bladhèran
13 Tangeh lamun denênggonni. ulam loh toya karasan. dêstun niku trunalele. matil mandi mawa wisa. malih nadyan wontênna. sawêr toya ting pancungul. anak-anak gumarayah. [ 320 ]14. Ngamarta upama warih mudal tuknya marawayan. jroning maya-marya nyarong myang tinon rawi sinungan. ilen-ilenning toya. mili mratani lumintu. dhatêng têgal pasabinan.
15. Têlêngnya datan ngendhatti. mumbul pamudalling toya rêsik sakêdhik rêgêde. denênggoni ing wadêr bang gurameh sêpat tambra samya yêm mamangsa lumut ganggêng wangunnya karasan.
16. Darmaputra lan Sangkuni, mung makatên prabedanya. netya samya nêtêpake kawula inggih kawula. gusti têtep gustinya. witnya samya sami banyu. buthêk lawan bêning maya
17 Niku dumunung pangeksi. lamun totogge paningal. toya maya rêna tyase. yen buthêg pêpêt neng netra. nanging ta sami toya Arya Sena tunggil dhapur. lan Duryudana mangkana.
18 Pinet gambare upami. yen Jatua latu sanglat. datan kantênan sakinge. teplêg dhawahe tan prênah urubnya mulad mubal karya gugupping tyas bingung. yen tan murub murêng bêtah.
19 Sena upaminya agni. niku pami gêni mulad. tan mobat mabit urube. menter ujwalanya mubyar. antêng sorote padhang. angêsuk dhatêng alindhuk. datan nyamut-nyamut sêmang
20 Dumunung wontên pamyarsi. mirêng swaranya dahana. yen sanglat yêkti guguppe. tumambirang ing driyarda yen anteng latu mulat. tan wontên sangsayanipun. ing panampi malah cêtha.
21 Sanglat mulad sami api. sanadyan sami dahana. nanging sanes tumanduke. Sena lawan Duryudana. sumlênêk pangrêngkuh tyas. maligi sami sumujud. tan wontên nami kawula.
22. Kumbayana lan Prêmadi. tunggil pangincênging cipta. ananging sanes dhawahe. sang kadi upami kisma. sang Druna siti lincat. (n)jêmbrung kacukulan rumput. lingi garinting wadêran.
23. Jêblog yen katiban warih. mlênyek (n)jawi ing (n)jro padhas. yen kaidak plera-plere. lunyu mring sukêtan kêkah. ambulak ngêmplak-emplak. kitri karang witte taun. ngarêtêg amung dêlêg pang. [ 321 ]24. Samangsa tan ana warih. têgesse mangsa kartika. banjur ngaloloh lêmahe. pêcah pisah sami nêla. lêbêt tur wiyar panjang. singa-singa kang kacêmplung. gya minangsa sato galak.
25. Sira Dyan Arya Jahnawi. yen ta upamia kisma. siti ladhu radin ngompol. kaworan pasir malela. mawur lir sabên rinya. dendhangir pacul lan garu. manawi katiban jawah.
26 Dhahas malah rêsik gasik. yen lami tan kambah tirta. dhasarripun sampun ngompol. upami tinanêmana. samukawis ngrêmbaka. lastantun wijinya thukul. sami lawan babonnira.
27. Sêmpulur enggal andadi. kang namung pedah dêlêg pang. enggal walagang uwitte. nanêm kang pancen ron-ronan. kêtêi iêma ngrêmbayak. yen wiji sêkar kinayun. kusuma lajêng angrebda.
28 Bilih wiji tuwuh pinrih genjah uwohnya andadya. tulus matêng-matêng wohe. makatên sanessing karya. Arjuna Dhanghyang Druna. apan sami dhasarripun. lincat ladhu inggih kisma
29. Punika dumunung munggwing. aneng kêdalling wacana. den raosi sawontênne. awon sae kasumbaga. datan sah winacana. makatên upaminipun. Druna lawan Dananjaya
30. Ing tyas tan kenging pinasthi. bilih sitinipun wrata. utawi sadaya legok. kadhang lêgok kadhang rata. rata kadhang lêgokan. nanging inggih sitinipun ingkang kisma sami kisma
31. Ingkang latu sami api. ingkang toya sami toya. amung sanes wahanane, wontên ta makatên uga Nangkula myang Sadewa. pinet iku paminipun. kadya (ng)gyanning samirana.
32. Ngirid ganda bangêr bacin. miwah ganda arum ngambar. asêdhêp minging wangine. sumrik dumunung ing grana ananging bacin ngambar. sanes saking angin iku. Jawan sanes saking grana.
33. Sakalihe amung darmi. sayêkti wonten ing ganda. kilap sintên ingkang gawe. sangkanne botên uninga. lan botên kauningan. nging kêdah uning puniku. wittipun saking punapa. [ 322 ]34. Mangsa tilarra saking wit. yen banger mantuk bangeran. yen arum mantuk arumme. kang ganda yêkti mangkana. mung darma angin krana ajal lan kamulanipun ingkang denantuki ika.
35. Makatên ingkang upami. Nangkula lawan Sadewa. ya ta winangsulan maneh. ing wau wus ngetang sapta. saking winorring sabda. uwitnya tunggil sawujud. dadya kantun etang gangsal.
36. Gangsalipun Wisnumurti. sang aprabu Danardana. nalikanya aprang rame. Bratayuda mung Sri Kresna. kang dadya pandaming ngrat. uning obah osikkipun ing mêngsah kalawan rowang.
37. Kanthi engêting panggalih. sakêdhap netra Sri Krêsna. botên pisan yen kasupen. ubayanya ing Pandhawa. miwah ubayanira. mêngsah tiga warninipun. Sangkuni myang Dhanghyang Druna.
38. Panunggul Sri Kurupati. babala sewu nagara. para ratu gedhe. gêdhe. nata Kresna datan kewran. maring kartisampeka. wignya pasang byuha agung. wadinya adamêl gêlar
39. Langkung sagêd mikênani. ugi botên sinalira mung pratikėl pikantuke. ingkang tumandang ngayuda. nênggih risang Pandhawa. majêng mundumya samya nut. saparentah nata Krêsna.
40. Marmanta pinundhi-pundhi. sakadang nata Pandhawa. winastu linuhurake. aywa kongsi kaoncatan. têtêppa sinuwita. anuduh ing marga ayu. dadya pandam pangauban.
41. Matur Niken Rancangkapti. kula nyuwun sêsêrêpan. Wara Sumbadra kalihe. Wara Srikandhi punika. punapa sampun krama. paran cariyossing dangu. cinandhi cakêt Arjuna
42. Sang Gunawan wacana ris. mênok sang Wara Sumbadra. lan Srikandhi ku garwane. Wong Agung ing Madukara. risang Andananjaya. lilima garwa kasebut. ana ing layang Wiwaha. [ 323 ]43. Kabehe ayır linuwih. katri putrining narendra. kalih atmaja wikune. pantes dumadya tuladha. estri kanggep ing priya. winursita candranipun. dyah lima endahing warna.
44. Sumbadra sepuh pribadi. atmaja Sri Basudewa. ing Mandura karatone. warna ngrêsepakên ing tyas. sumeh lindri kang netra. apasaja driya tangguh. sêmune kurang-budaya.
45 Awijang dêdêg rêspati. kuning labêt mung kêpama. wênês mandhês kulittanne. tan pati ngadi busana. mangu kadung yen mlampah. dyatmika arang amuwus. tan rêgu manis sêmunya.
46. Rinh tanduke yen angling. Jumuh sêndhuning wicara. amot mêngku aksamane. tuhune pribadya ingkang. pinrih susêtyeng priya. datan lênggana sakayun. mring maru kadi sudara.
47. Rumêsêp tan swaleng kapti. sanadyan kurang budaya. legawa nrus ing batinne winongwong ing widadarya. labêt kadang Hyang Suman. marma sang Dananjayeku. sêmu ering pamengkunya
48. Para maru-maruneki. anggêpe samya nyuwita. miwah kang raka kalihe. Prabu Kresna Baladewa. kalangkung tresnanira. marang dyah Sumbadra iku. kadang estri mung sajuga.
49 Apisah panggonanneki. milane tansah anduta. wau sang nata kalihe kikintun arta busana. kalawan tanya warta. karaharjane sang ayu. dene garwa kang panenggak.
50. Dyah Manuara wawangi. saking pratapan wijilnya. Tirta awama putrane. sang Begawan Manikara. sang dyah punjul ing warna. lirpendah gambar pinatut. netra (n)jait anteng raras.
51. Pamulu manis mrakati. lamun paes wimbuh endah. sanadyan ngusutta bae. kaya madu pinasthika lurus babau wijang. maya-maya tinon mancur. angunguwung mawa teja.
52. Kuning wênês semu wilis. kadi Hyang Pudhak-sinurat. mêncorong katon wamane. tanpa apipindhanira. Hyang Andakara ingkang katawêng ing ima rêmu. rumamyang amaradipta. [ 324 ]53. Nyunarri kang sitaresmi. kuciwane mung samantra. dene lugas gêgêlunge. prandene mungguh sêmbada. sarwa ramping sadaya. sranduning sariranipun. ing pambayun kurang madya.
54. Lir tawon gung ingkang lagi. gumana lambung salata. mikatonni sasolahe. apindha sêkar kintaka. lathi dhamis anggula. sathêmlik rêkta sumunu. kadi kang manggis karengat
55. Kengis ing wiraganeki. mijitimun punang waja. arêntêt rampak pucuke. sêmu abrit tur kumilat. awor lawan wicara. aweh kèsarring pandulu. sarwa lus sasolahira.
56. Esêm iriban tan kengis. keksi sinamun ngandika. têmbung rumakêt manisse. tanduk angangayuh driya. bisa nuju ing karsa. ning priya myang marunipun. dennya nanggapi pinangkat.
57 Susila anor ing dhiri sepi dhiri piyangkuhnya. engêt trahing pandhitane bêtah nglapa wungu lênggah. karêm mangulah puja tamat ing caritanipun. garwa Parta kang panênggak
58. Panengah Dewi Ulupi. atmajanireng pandhita. Bagawan Kan wa wastane. dhepok wukir Yasarata. endah respati warna. liringe anunjung biru sumorot kadi kartika
59. Dhemês sedhêt mêrakati kadya pratima rinêngga saréntég (m)bambang awake. maweh brangta kang tumingal. liringe pin dha wulan. tan pêgat maesmu (ng)guyu. kengis kang waja gumêbyar
60 Antênge wêkasan keksi. sumeh ing pamulunira. pantês yen amathêt lambe. ngiras mintonakên waja wangun tetesing toya. kataman baskara nrawung. Iwir trênggana mrih sasana
61. Jaja wêlar wêweg isi. gêmuh ingkang payudara. parigel patrap solahe. kewês kêdalling wicara tinut liringing netra. tandang tanduke rumêngkuh. mring priya myang marunira
62. Bisa cawis angladeni. kang dadi karêmming priya. myang maru cethi sêdene. marma wong sa-Madukara. ajrih asih sadaya. suyut tur mawa kayungyun. lawan garwa kang panêngah. [ 325 ]63 Gantya garwa kang sumêndhi. Gandawati musthikengrat. atmajanira sang katong. Arjunayana narendra. ing Sriwêdari praja. warnanya tuhu pinuniul. wênês ngropek apidêksa.
64. Sariranira ngalêntrih. amardapa tiningallan jênar wingit pasêmonne. antêng dyatmika wiweka. ruruh yen angandika. titi kurang gujêngipun rema mêmak ngandrawila
65. Wilis sêdhêng ngrêspateni. ngarompyoh sisinommira. jangga jumung pranajane. wêlas wimbuh maya-maya. Iwir wêngkêrring nyu dênta. pinêtri kalangkung-langkung. (ng)gandhewa gadhing kang asta.
66 Awijang baunireki. wiraga nangi asmara. kalamun lumampah alon lêmês lambung mêmbat madya. kadya tunjung lumenggang ing warih kadilir banyu. maweh ganda rum angambar.
67 Wasis salwir karyeng estri. raratus kokonyoh jêbat. widhadari paguronne. winulangkên marunira. mrih dadi kanthi tama. dennira suwiteng kakung gantya garwanya pamekas
68 Nama sang Wara Srikandhi. saking nagari Cêmpala.-reja puniku putrane. Sri Maha Prabu Drupada ing warna tuhu pelak. jênar pasariranipun. Iwir kancana sinepuhan.
69 Wadana anuksmeng sasi. Jiringe manis agalak. budiman kang samya anon. sedhêt dêdêge rêspatya. gandhang tanduke sabda. gandês luwese maweh kung. tulus raharjaning driya.
70 Kalamun slanggappan angling. datan mawi tiningallan. sinandi ngliling drijine. amung lawan kakungira. kalamun angandika. patitis saulonipun. cumondhong mapankên nitya.
71. Kênyaming lathi yen angling. gumêbyar kengis kang waja. Jwir thathit barung tumempoh. cuma prananireng driya. kajarak mamanisnya. marmanira sang abagus. kalamun arsa aniwa.
72. Yen sang rêtna kang ngladossi. sang Parta wande sumewa. Jawan sukane sang sinom. maos sagung srat lukita. lalagon gêng kang sêkar. wisatikandhêh swara rum. nglik ngumandhang gêtas rênyah. [ 326 ]73. Kenyut sanggya kang miyarsi. yen wus nulya winursitan. rahseng lukita salwire. saya karya yam-yamming tyas. miwah sang lwir kusuma. lêbda busana mamatut. tumrape marang sarira.
74. Nyamlênge tan mindho kardi. dadya tuladan para dyah. utawi marang marune. rinasuk sinalondhohan. tan keguh rinêngonan, tan alamis gapyak-gapyuk. dadya nora bisa duka.
75 Lejar lumunturing kang sih. puwara mong mangla-êla. mring Srikandhi sang lir sinom. tuwin risang Dananjaya. dennya sih (n)tuk babahan. nanging sang rêtnaning ayu. tangeh yen agênging driya
76. Awit wus waskitheng wangsit. dennira malês sihira. maratuwa gung bêktine. gumanti mring Kunthi sang dyah. pinunjung sabên dina. tinurut sakarsanipun yeku caritaning kuna.
77 Estri kang kanggep ing krami. nalika ing jaman purwa. wus kawilang utamane. marma yoga piniridda. pakoleh pinarsudya. pinangkat sakadampun. ywa kongsi tanpa tuladha
78 Buwang caraning dumadi. (m)bokmanawa tibeng papa. ina pribadi luputte. jumrunuh keh samya nêtah. kaduwung wusananya rara giluttên satuhu crita kang wus ingsun wedhar
79 Rancangkapti mangênjali. datan langkung pangestunta mugi angsalla sawabe garwa risang Dananjaya gangsal salah satunggal manthuk-manthuk sang linuhung. dakideni sira nyawa
80 Mangkana dyan Jayengsari. dupi miyarsa carita. ginilut sasuraose. prasêtyeng tyas boya nêdya. krama yen datan angsal. wanita kang kadi wau. pinilaur tanpa krama
81 Buras malongo miyarsi. wasana ngling dhuh saiba sang Dananjaya (m)bêdhodhog. bojone lima utama. sing ngene-ngono ana. pangiraku wus amunthu. nora niyat lunga-lunga
82. Ki Gunawan mesêm angling. Buras risang Dananjaya. arang ana ing prajane. ngalênjêt mring pagunungan. ngrampassi para endhang. paminggir tan kêna ngetung. miwah garwa [ 327 ]widdhadarya.
83. Saisining sawarga di. kabeh garwane Arjuna. iku mau bêbasanne. bojone janma sajagad. iku garwa Arjuna. garwane Arjuna iku. tulus garwane pribadya.
84. Buras muwus tobil-tobil. ngudubilah nora talah. apa kabênêran biyen. (ng)gonne ngiris kala sunat. gêr ginuyu ngakathah. Ki Gunawan (ng)guguk muwus. jaman iku tanpa sunat.
85. Anak bagus Jayengsari. mung samantên gadugingwang. ing wanci sampun sêdhênge. aso wawi sasareyan. rahadyan lon turrira. bilih kaparênging kalbu. ulun lan putranta rara.
86 Ayun sumêrêp yêktining. dhatêng sumur Jalatundha. enjinge lajêng kemawon. mangkat saking Jalatundha. dhumateng Sokayasa. Ki Gunawan lon lingipun. iku labêtte taruna.
87 Nir marlupa sayah arip. pringgabaya tan rinasa. mung nêrrang [50] tyas katon mêlok. pami kula mambêngana. ing karsa kirang rêna mila ulun mung jumurung. (n)dherek punapikarsanta
88. Ki Gunawan wus miranti. timba pring myang obor blarak. samêkta anulya bodhoi. (m)bêkta obor sowang-sowang. wus prapteng Jalatundha. sakaliyan nulya gupuh. anyemplungakên kang timba.
89. Tali tan mawi nguluri. sumur katon kimplah-kimplah. prasasat mung nyidhuk bae. bumbung kalih kebak toya. ingaturṛakên marang. Ki Gunawan dahat ngungun. anak kalangkung katrimah.
90. Suwawi deninum sami. adat dhatêng asrêp tahan. Jan kadugen sakajate. nulya inginum saksana. sabumbung sowang-sowang. meh têlas Ki Buras matur, kula nun nyuwun loroddan.
91. Kajengipun mantun atis. bumbung dwi sinungkên Buras. tinampen lajêng ginogok. sarwi asru wuwusira. e biyang nora
dora. têka angêt jasatingsun. kanthi padhanging wardaya. [ 328 ]1. Wanci akir lingsir dalu. nuringrat katon nêlahi. sirep ingkang nur buwana. meh raina sêmu abrit. mega malang (ng)gantheng pêthak ramya swaraning kang pêksi.
2. Radyan mangênjali matur. aywa kirang pangaksami. ulun lajeng kalilana. umangkat saking ing ngriki. datan langkung pangestunta, raharjanireng lumaris.
3. Dumuginipun ing purug. ywa kirang juga punapi. mesêm Kiyai Gunawan. saestune ulun ngirid. supadi ing lampah gancang. myang kang matur ing sang yogi.
4. Têmbe yen anak wus katur. kula ngantos sawatawis. yen anak wus tentrem ing tyas. (ng)genulun wangsul mariki. Jayengsari duk miyarsa. sukeng tyas umatur aris.
5. Sukur bage sewu nuwun. paduka sih kawlasasih adan umangkat saksana. bagaspati wus (n)dhadhari. enggar kang samya lumampah. tan ana sangsayeng margi
6. Tan cinatur laminipun. dennira samya lumaris saking ing Diyeng wus prapta. tlatah Sokayasa nênggih. kendêl têpi pategalan. Buras kinen tanya maring
7. Kang lagya andhangir jagung, wakne kula nilakrami kang sinambat myang pilênggah. tuwin ranning dhusun niki. myang sintên pangangêngira. ki dhangir kagyat mangsuli.
8. Panten taken namaulun. Ragatruna lênggah mami. kabayan ing Sokayasa. anênggih kangjeng kiyai. sinambat Seh Akhadiyat. ingadhêp pinundhi-pundhi.
9. Panten punapi ingutus. utawi damêl pribadi. wau Ragatruna mulat. mring Gunawan datan pangling. gya lumajêng prapteng ngarsa manêmbah turrira aris.
10. Ulun tan nyana saglugut. yen paduka ingkang prapti. kanthi (m) bêkta kalih putra. punapi yun (m)bekta maring. rakanta Seh Akhadiyat. Ki Gunawan anganthuki. [ 329 ]11. Eh Ragatruna den gupuh. maturra raka kang Kyai, tuwin kang (m)bok Siti Wuryan. ulun arsa caos bêkti. lan anggawa dwi atmaja Ragatruna mesat aglis.
12. Nahên ta ingkang winuwus. Seh Akhadiyat myang padmi. Jagya lenggah neng paningrat. nglilipur garwa kang lagi. kataman duhkitaning tyas. murcane siwi sang pêkik.
13. Ki Mas Cêbolang jujuluk. wus sinêbar sakeh dasih. angluru tan antuk warta mila saya gung prihatin. Maha Wiku ngandikanya. mring garwa myang para dasih
14 Reh wus tita tan kepangguh. têmbe manawa wus eling (m)baleni panggawe yogya. birai maring utami. (m)buwang pakarti angkara. murka rucah ing ngaurip.
15 Kalamun nyata nakingsun. savêkti mulih pribadi. tur wus tampi kang piwulang nging pandhita kang wus sidik sampurna trang ngelmunira ingkang tumêkeng kajatin
16 Tan luwih padha nyunyuwun rahayune kang lunga nis. eh ta Wuryan di narima sira pasraha Hyang Widdhi. saka palaling Hyang Sukma sadurunge iêbeng mulih
17. Sira pinaringan liru. kang dadya rêm-rêming ati. weh suka rê naning driya. kadi yogamu pribadi. utawa trah witaradya Siti Wuryan duk miyarsi.
18. Katon lejar ing wulangun. kawuryan ujwala wêning. kasaru Ki Ragatruna mangarsa umatur aris. amba ngaturi uninga. arinira Diyeng tuwin.
19. Kakalih atmajanipun. ayun sumiweng sang yogi. eh Truna yayi Gunawan iku nora darbe siwi wis ta banjur aturana. ywa kasuwen aneng jawi.
20. Ragatruna nêmbah mundur. tamu katri sampun kerit. tundhuk nulya rarangkulan. bagya-binagyakkên sami. sang wiku aris ngandika. padha bêcik sira yayi.
21. Têkamu ing ngarsaningsun. wawangune awigati. lawan bocah iku sapa: kang jalu wamane pêkik. kang wadon ayu prakatya. katemben ingsun udani. [ 330 ]22. Ki Gunawan mesêm matur. dhawuh paduka kapundhi. mênggah pisowan kawula. rehing lami tan sumiwi. dumadya wulangun dahat. dhatêng paduka sarimbit.
23 Dene kaping kalihipun. nyowannakên rare kalih. anakipun ki nangkoda. Pakalongan Ki Hartati. jalu estri ing samangkya. wus sami tumêkeng jangji.
24 Wus katur sadayanipun. miwiti têkeng mêkassi. Seh Akhadiyat ngandika. yayi ingkang nora (n)dugi. apa condhong lan kiranta. Ki Gunawan tumnya ririh.
25 Lêrês kiraka kang dhawuh. ulun pan makaten ugi, ananging badhe tatanya. jatosse yen (n)juwarehi. mila ulun mung sumangga. kulup ngabêktia aglis
26. Kalawan arinireku. maring (n)Jêng Kyai sarimbit. tanggap radyan lan ri sang dyah. manêmbah lampahnya ririh. parigei solah wiraga. dhemês iuwês mêrakati.
27 Ri wusnya mangraup suku. rahadyan tan kenging têbih lan sang Luhung Akhadiyat. sira Niken Rancangkapti. duk ngabêkti Siti Wuryan tansah dennira ngarassi
28 Sarwi angandika arum nini wa sandeveng kapti ramanta kang wus suwarga aku mitrane sayekti kalawan yayi Gunawan. miwah ramanta kivai
29. Katrinya saeka kayun. tan ana winalangati. wir kadang saya. yah rena. nêmbah Niken Rancangkapti. sang wiku gantya ngandika eh ta kulup Jayengsari.
30. Sakarone Jan arimu. di sukur narimeng ati. mêsthine ya nora timbang. ing nagara lan ing ngardi. muwah-muwuh aneng praja. aneng wukir gung kalantih.
31. Kalawan sira baturmu. radyan nêmbah matur aris. saestu ulun têmaha. mituhu tuduh sudarmi. rencang ulun mung satunggal. pun Buras namanireki
32. Maha wiku manthuk-manthuk. Siti Wuryan matur aris. sadya dhahar wus samêkta. prayogi dhahar rumiyin. mêsakakên kulup rara. reh mêntas lalampah tebih. [ 331 ]33. Bilih sampun dhahar kêmbul. dimenne angaso sami. wus jêngkar saking paningrat. lenggah dhahar emper wingking. nutug dennira bujana. wus linoroddakên mring dasih.
34. Maha wiku ngandika rum. yayi asoa rumiyin. mring panti tamu lor langgar. wus lengser Gunawan Kyai. Siti Wuryan mundur lawan. Rancangkapti mring jinêmrik.
35. Rara asoa wong ayu. payo turon ingsun dhidhis. kalihe samya sareyan. rara caritakna mami. wit angkatmu saka ngomah. saprene wus pirang ari.
36. Rancangkapti lon umatur. bilih awit kesah mami. ri tanggal wulan kalepyan. jalaran wus langkung lami. bilih saking Pakalongan sawêg pêndhak ari mangkin.
37 Lah rara awit lumaku, mangkana dyah Rancangkapti. kalimput sintrening lampah piniluta ing mamanis. apan wus katur sadaya Siti Wuryan sukeng galih.
38 Kendel ing cariyosipun têkeng candhi Macanputih. lajêng kapati anendra. Siti Wuryan marêk aglis. ing raka maksih alenggah lawan Raden Jayengsari.
39 Kagyat ingkang garwa rawuh. umarêk matur bibisik. purwa tumêkeng wasana. cariyosnya Rancangkapti. maha wiku latah- latah. nora luput kira mami.
40. Eh kulup sun tanya tuhu. kang prasaja aja kumbi. nitik saking udakara dora sakehing pawarti. sira ngaku nak sudagar rinta Niken Rancangkapti.
41 Mring ibumu wus umatur. palêtheking kira mami. Jayengsari duk miyarsa. tumungkul waspa drês mijil. sakawit têkeng we kassan. wus katur tan ana cicir.
42 Sang wiku angrangkul gapyuk. langkung martrênyuhing galih. mangkana pangandikanya. aja sumêlang ing ati. dipracaya ing Pangeran. ingsun kang akarya rêmit.
43. Anyamun namar anutup. sakeh wadi kang piningit. sira lawan ari para. padha ingsun akên siwi. enggar tyassira rahadyan. dalunya datan winarni. [ 332 ]44. Wau ta ing enjangipun. Kyai Gunawan maharsi. pêpak kang lênggah paningrat. Seh Akhadiyat bibisik. sakeh wadi mring Gunawan. samya sukanireng galih.
45. Nimbali dasih sawegung. agêng alit jalu estri. sawusse sowan sadaya. Seh Akhadiyat ngundhangi, eh sakehe bocahingwang. piyarsakna tutur mami.
46 Ing samengko karsaningsun. Jayengsari Rancangkapti. dak pundhut putra minangka. gêgêntine kang lunga nis. padha sira seksenana. sadaya asaur pêksi.
47. Wus ngumum mring liyan dhusun. nahan Ki Gunawan Kyai. dennya aneng Sokayasa. sukuning Bisêma wukir. wus tri ari gya pamitan. linilan umantuk aglis.
48 Siti Wuryan myang sang wiku. karenan among ing siwi lêstari têkeng diwasa. tan kurang juga punapi. wus supe mring kang lêlana. kalimput ing siwi kalih.
49 Mintir ing pamulangipun. saya terang ing panggalih. kadyang ganing kang kusuma. Jayengsari Rancangkapti. wus kudhup kantun angantya. babarring kusuma adi
50. Tan na wusse ven kawuwus. kang sih-sinihan lan siwi sigeg gantya kang winarna. sareng ing lampahireki carita kinarya gantya megatruh ingkang winarni.
Serat Centhini ingkang nama aslinipun Sêrat Suluk Tambangraras punika kagubah utawi kasêrat awit saking ada-ada utawi prakarsanipun KGPA Anom Amêngkunagara III ing Surakarta. Rêringkêsaning larah-larahipun dumadosing Serat Cênthini wau dalah para pangarangipun. kawrat ing Prawacana ngajêng.
KGPA Anom wau putradalem Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV (pangarangipun Serat Wulangreh. Wulang Putri tuwin Wulang Putra, ingkang kasebut Sunan Bagus. jumênêng 1788-1820 M). saking prameswari Raden Ajêng Handaya asli Madura. putrinipun Panembahan Cakraningrat V ing Pamekasan, Madura. Miyosipun ing dintên Slasa Kliwon. 5 Rabingulakir. Dal. 1711 (15 Pebruari 1785) Asma timuripun Raden Mas Gusti Sugandi. kajumênêngakên Pangeran Adipati nalika dintên Senen Lêgi. 24 Besar. Je. 1718 (13 Agustus 1792). ndungkap yuswa 8 taun. Ing sasurudipun rama nata. KGP Adipati anggêntosi jumênêng Sinuhun PB V nalika dintên Slasa Kliwon. 3 Sura. Ehe. 1748 (10 Oktober 1820). IS PB V ingkang ugi sinêbut Sunan Sugih wau ngasta pusaraning praja namung meh 3 taun dumugi ing surudipun nalika dintên Jumuwah Kliwon. 29 Besar. Je. 1750 (5 September 1823). dumugi yuswa 39 taun 8 wulan lan 23 dintên. Putra putrinipun wontên 45. nanging ingkang sugeng ngantos dewasa namung 19. Sasurudipun kagêntosan putra RMG Sapardan. jumênêng Sinuhun PB VI kasebut Sinuhun Banguntapa ingkang kakendhangakên dhatêng Ambon dening Gupêrmen Walandi.
Wiwit timur mila RMG Sugandi. inggih KGPA Anom Amêngkunagara III ginala-gala dening rama nata. kasinaokakên sawarnining kawruh agal alus dhumateng para ahlinipun. Pramila wiwit mudha sampun kawistara kalangkunganipun. Sawatawis yasan utawi karyanipun kados ing ngandhap punika:
1. Dhuwung (curiga) 2 iji ingkang kalêbêt sae. Ingkang satunggal kaparingan nama dening Sinuhun PB IV. Kyai Kaget, jalaran rama nata wau kêjot pirsa kawêgiganipun putradalêm. Satunggalipun nama Kyai Brajaguna, mêndhê: namaning êmpu ingkang anggarap Dhuwung sanesipun sakalangkung agêng lan panjang (kl. 60 cm). wilahanipun kl. 8 cm.. wiyaring ganjanipun kl. 13 cm. dhapur Wa rungsari, luk 13. Dhuwung wau samangke sumimpèn ing Museum Radyapustaka. Sriwedari. Surakarta. [ 334 ]Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/355 [ 335 ]Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/356 [ 336 ]Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/357 [ 337 ]Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/358 [ 338 ]Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/359 [ 339 ]Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/360 [ 340 ]Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/361
- ↑ Taun Jawi 1742
- ↑ Seratanipun aksara Jawi/sanga prabu, léresipun miturut Paramasastra kedah kaserat/sang aprabu Kadjawi punika tembung/sanga/atêgês wilangan. Tembung sabangsanipun ing ngriki kaserat Latin:/sang aprabu/./sang abagus Iss.
- ↑ *) Prayoginipun/anyembah.
- ↑ *) Prayoginipun/mirib/= mèmper.
- ↑ *) Prayoginipun/piyarsakna/
- ↑ *) Prayoginipun/prabaweku/.
- ↑ *) Prayaginipun/sambel windu/sambel wayu.
- ↑ *) Prayoginipun/gigal/ - dhawah
- ↑ *) Prayoginipun/kebeting suwiwi/.
- ↑ Prayoginipun/jeroan/kadosdene ing pada 19 lan 20
- ↑ *) Prayoginipun/prasetya/.
- ↑ * Prayoginipun/pripun
- ↑ *)Menggir. saking/mengger/ - katingal ageng inggil kados redi Kadadosaken/menggir/supada wanda pungkasanipun/i/kangge nêtêpi guru lagunipun tembang Asmaradana
- ↑ *) Prayoginipun/ngantos/
- ↑ *) Kukuwasan bokmanawi sami kaliyan/kumawasa
- ↑ *) Prayoginipun/amung/
- ↑ *)Prayoginipun/Suběld/ - Subuh.
- ↑ **) Taun Jawi: 1429.
- ↑ ***) Taun Jawi: 1441.
- ↑ *) Prayoginipun/dening/
- ↑ **) Prayoginipun/dwiwlas/
- ↑ *) Prayoginipun/Subėkti/ = Subuh
- ↑ *) Prayoginipun/Subėkti/ = Subuh
- ↑ **) Prayoginipun/apti/- arèp. karep.
- ↑ Ugi kasebut/Prabu Setmata.
- ↑ Prayoginipun/Mahribi
- ↑ Prayoginipun/khukum = kaukum
- ↑ Prayoginipun/khukum = kaukum
- ↑ Prayoginipun/khukum = kaukum
- ↑ *) Prayoginipun/den ngalah/
- ↑ **) Prayoganipun/amarentah/.
- ↑ *) Prayoginipun/astanane
- ↑ *) Prayoginipun/masang
- ↑ *) Prayoginipun/ambèngle/ - kadosdene bêngle
- ↑ *) Prayoginipun/mring/.
- ↑ *) Langkung: sa-wanda Prayoginipun/ajsan/
- ↑ *) Langkung: sa-wanda Prayoginipun/ajsan/
- ↑ *) Prayoginipun/dhusun/
- ↑ *) Prayoginipun/lena/ - pejah.
- ↑ Mantra kasbul lan salajengipun ing basa Jawi Kina.
- ↑ Prayoginipun/bangêlé/ - bênglé.
- ↑ Bokmanawi prayogi/pangawasa/.
- ↑ *) Prayoginipun/sungkanan/= wegahan miwah rusuh ing
- ↑ *) Prayoginipun mantra = mantra-mantra = sapiroa.
- ↑ *) Miturut pathokaning Macapat. gurulagu ing gatra punika dhawah wulu = /i/. rēka punika dhawah: pêpêt = /ê/.
- ↑ *) Prayoginipun/ngamandaka/
- ↑ *) Prayoginipun/sinêngkut/
- ↑ **) Prayoginipun/sutiksna/ - landhép sanget.
- ↑ * Prayoginipun wacana - ngandika
- ↑ *). Prayoginipun/neming/ = ênêring.