Menyang kontèn

Sandhal Goreng

Saka Wikisumber
Sandhal Goreng

[ 45 ]Sandhal Goreng

Stella Swastika Putri

TG

“Ya Allah...Boim! Mripatmu kok seleh ning endi? Yen mla- ku mbok ati-ati, ora nyampari sing ana ning sangarepe wae!” swarane simboke Boim gawe kaget wong omah.

“Apa, ta Mbok? Apa- apa kok salah.”

“Hayo pancen salah, Le. Koweapa oraweruh yen Simbokmu kesel. Ana beras ning baskom kok ya disampar? Wis ora kepingin weruh Simbokmu urip, pa?” simboke semaur nganti dadane sek ngadhepi solahe anake iku. Atine kelara-lara.

“Duh Gusti, Simbok iki apalane nesu-nesu wae. Iki salah, kuwi salah. Aku ya ora sengaja, Mbok.”

“Yasalah, salah banget! Yen jenenge bocah yen weruh wong tuwanelagi repot, ora kudu diakon mesthi gelem ngrewangi. Na- nging aku duwe anak lanang siji kok ya kebangetan ora gelem ngre- wangi, malah tansah gawe repote wong tuwa. Kowe kuwi yen wis nyekel rubik, mesthi lali gawean, lak iya, ta!”

“Yaakunjaluk pangapura, saiki aku arep diakon apa?” wang- sule Boim dialus-aluske kanggo ngeyem-yemi simboke sing lagi nesu.

“Kana menyang omahe Mbak War, njupuk pesenan ingkung goreng kanggo pengajian sewu dinane Simbah Kakung.”

Simboke banjur ngulungake dhuwit telung atus ewu karo anake kang prawakane dhuwur lencir kaya cagak telepon iku.

Karo ngempet rasa mangkel, Boim kepeksa nuruti kekarepa- ne simboke. Jenenge bocah lanang yen diakon ngurusi babagan

mw A5 [ 46 ]

panganan kang wis dadi gaweyane wong wadon, ya mesthi isin. Ananging simboke wiwit mau rewel terus, kaya bayi kang kurang diombeni susu. Mula anggone Boim mlaku menyang tujuwane direwangi karo nyengklak ducatine. Yen Mbokne ora akon njupuk pesenan, mesti dheweke bisa latihan dolanan rubik. Apa maneh sesuk bakal ana lomba rubik ing sekolahe. Dheweke wis kepingin banget nyandhang jejuluk juwara rubik ing SMA-ne.

Ora krasa dheweke kang isih ngrasa anyel iku wis tekan ing panggonane kang dituju. Tangane kang cilik iku wis nyangking kiwa-tengen tumpukan kerdus panganan pesenane simboke. Ba- tinewis lega anyelewis suda. Saiki mung kari bali ning omahe banjur latiyan rubik maneh. Pikire Boim, sejatine kabeh gaweyan iku yen ditandangi nganggo cangkem kang mingkem ya gampang. Sanalika dheweke mesem, ngguyoni polahe mau nalika padu karo simboke.

“Wah, sip iki. Ingkung wis dicangking, Simbok mesthi se- neng. Kurang apa maneh, ya?” batine karo pikerane dhewe kang sedhilit maneh bakal kebak rumus rubik iku.

“Oh, iya. Tuku pulsa kanggo ngenet mengko bengi.”

Boim nyawang kanthonge kang digemboli hp Blackberry du- weke.

“Mas tuku pulsa limang ewu IM3 reguler, ya,” ujare karongu- lungake dhuwit limang ewunan siji lan salembar ewon. Bubar kuwi banjur lungguh nyelehake gawane ing plataran kios.

“Sampun, Mas,” kandhane tukang jaga counter pulsa semaur saka sajeroning kios. Sakal Boim lunga.

Ibarate jambu, gaweyane Boim kanggo dina iki wis mengkel utawa kemampo. Wis gari dienteni sedhilit maneh wis bisa di- gopek. Atine kang dhongkol mau ya wis mari. Anggone mlaku saiki ya wis entheng, ora ana ganjelan. Ananging rasa bungahe iku ganti dadi rasa bingung. Dheweke lagi sadhar yen kerdus ing- kunge ilang sepuluh. Dheweke girap-girap, kaget sakonyong-ko- nyong kaya disamber bledhek. Boim saya bingung nalika anggone dheweke nututi kerduse ing counter tetep ora ketemu kasile. Sa- jake kerduse wis dijupuk wong edan kang lewat mau.

46 = [ 47 ]

Kaya disamber bledheg, atine sing wis bugah mau duma- dakan dadi ciyut lan mringkil dadi cilik. Dheweke wis ora bisa mikir maneh kepriye carane kanggo ngadhepi simboke sing galak kuwi. Buntetlansuntrut pikire. Boim wis wegah mulih ning omahe, ananging dheweke isih kudu ngeterake kerdus-kerdus kang isih dicangking dheweke. Lakune saiki kaya wong kang arep disunat, loyo.

Tekan omah dheweke weruh simboke kang lagi nggelar klasa ing ruang tamu. Dheweke gojag-gajeg arep matur karo simboke apa ora. Nanging atine tetep mantep omong apa anane. Kanthi ati-ati dheweke kandha karo simboke.

“Mbok,” celathune Boim

“Hmm..!”

“Mbok..!” Boim nyelukake maneh.

“Apa? Kepriye ingkunge?” simboke takon rada nyentak.

“Mbokingkunge ilang sepuluh,” wangsule Boim karo ndhing- kluk

“Apa kandhamu? Ilang? Bocah ora becus!”

“Anu, mau dijupuk wong edan ning counter.”

“Kebangetan kowe! Simbok ora trima. Pokokeijole kudu ana mengko mbengi,” saure simboke karo praupane sing muntab ora bisa kabendung maneh.

Cilaka temenan iki. Lagi arep ngomong sanyatane, malah salah lan diseneni. Boim banjur mlebu kamare, nyoba muter utek golek ide supaya bisa entuk ijol ingkunge.

Bejane, Boim wis nemu cara kang diyakini dheweke bisa kanggo ngijoli ingkunge simboke. Dheweke banjur gage golek kunci motor, ngithik menyang Pasar Cebongan.

“Bu, wonten kerdus ukuran nembelas?” pitakone Boim karo wong wadon lemu kang ana ing njero kios.

“Wonten, Mas. Butuh pinten?”

“Sedasa, Bu.”

“Gangsal ewu.”

“Njih, maturnuwun.”

mn AT e [ 48 ]

Boim namapani kerdus karo ngulungake dhuwit.

Saiki kerdus wis dicekel. Dheweke kudu cepet-cepet mulih saperlu nyiyapake sega karo lalapane. Mula Boim ngebut anggone numpak motor.

“Greng..greng..greeng, ,ceklek..ceklek,” swarane Boim mateni motor.

Boim pancen bocah nekat. Saka bingunge piker, dheweke nekat ngiris ingkung-ingkung kang isih wutuh, banjur diseleh ing kerduse kang dituku mau.

Cacahe meh genep, kurang ingkung kanggo sakerdus. Me- nawa dheweke arep ngiris ingkung maneh ora bakal cukup, amar- gaingkunge saiki wis cilik ora bakal bisa yen diirisi maneh. Ora suda akal, Boim ngisi kerduse nganggo sandhale adhine kang wujude kaya bebek, nanging yen disawang satleraman kaya ing- kung goreng. Pikire, kerdus kang wis diisi sandhal mau arep di- singgahake wae amarga dheweke yakin yen sing bakal teka ing pengajian mengko mbengi ora bakal tekan telung puluh wong. Mula sadurunge disimpen, kerduse ditulisi “S” kang karepe isi sandhal. Wengine, para tamu wis padha teka. Kaya bedhekane Boim sing teka mung sanga likur wong. Pikire kerdus “S” kang dising- gahake aman. Boim wis seneng. Kabeh rencanane bisa mlaku kanthi sampurna. Ananging, ujug-ujug wae kaya ana angin kang mbalik. Ora dinyana-nyana, jebul teka tamu siji maneh. Tamune dudu tamu biyasa. Sesepuh desane kang jenenge Sumingkir. Tamu kuwi sengaja teka amarga mau awan diundang karo sim- boke Boim., Mula simboke Boim marani Boim lan takon kerduse kang turah siji mau.

7




im, kerduse sing siji mau ning endi?” Simboke takon karo nggandheng tangane Boim. “Modaraku,” sakal jantunge dheg-dhegan tambah kenceng, tangane lan raine kemringet, awake gembrobyos teles kringet. “E..e....@.. an. 14.eah ning ndhuwur lemari. Nanging aja dijupuk, Mbok.”

me 48 [ 49 ]

“Ha, ngapa?

“Anu, pokoke aja dijupuk. Mbah Sumingkir ora usah disu- guhingkunge,” semaure karo nyekeli tangane simboke kenceng.

“Ya ora bisa, ngawur! Minggir dak jupuke dhewe,” wang- sulane simboke karo ngipatake tangane Boim.

“Aja, Mboooo0000000000k!” anggone Boim nututi simboke rada keteteran. Simboke wis kebacut njupuk kerduse ing dhuwur lemari.

Lagi arep methukake nyegatsimboke maneh, malah wis ka- dhisikan kerdhuse disaut simboke. Kerdus “S” kuwi kebanjuer diwenehake mbah Sumingkir.

“Niki, Mbah dhaharanipun. Mangga dirahapi,” anggone sim- boke Boim nyumanggakae katon sumeh lan mranani.

“Inggih maturnuwun. Wah repot-repot,” wangsulane Mbah Sumingkir karo rada isin, nanging sajane ketok seneng amarga karemenane dhahar ingkung.

“Mboten, kok, mangga didhahar rumiyin,” simboke Boim nawani maneh.

“Alhamdulill............ Masya Allaaaaaaaaaaaaah!” Mbah Sumingkir njenggirat.

“Wonte napa, Mbah?” takone simboke Boim.

“Ingkunge, ingkunge.....ingkunge dadi sandhal. Iki deleng- en!”

“Masya Allah!” Simboke Boim kaget karo nyekel dadane.

“Boiii ijim!” begoke simboke Boim muntab.

“Ngapunteeeeeeeeeeeeeeeeen, Mbooo000000000k,” swara- ne Boim karo mlayu sinambi nyengklakake sarunge metu saka omahe mlayu nggenjrit.



mw A9