Parembugan Indhèks:Babad Dipa Nagara, D Or. 13.pdf
Tambah rembugPraèn
Tanggepan paling anyar: 2 taun kepungkur déning Labdajiwa ing rembugan Aksara
Aksara
[besut]Ing naskah iki ana aksara-aksara sing bentuké ora lumrah yèn dibandhingné karo naskah-naskah sing vèrsi cithak. Contoné:
- Aksara "sa" (ꦱ), kadhangkala mèh padha karo "pa" (ꦥ), sok-sok bolongané ora kètok.
- Aksara "ma" (ꦩ), iki sing anèh, ana bolongané, mèh padha karo "sa" (ꦱ).
- Aksara "ja" (ꦗ), bentuké radak béda.
- Aksara "ta" (ꦠ), ing tengah-tengah aksara ana pedhotané, mèh padha karo "ba" (ꦧ).
- Aksara "nga" (ꦔ), ora ana pedhotané, bédané ana ing let sikilé.
- Aksara "ba" (ꦧ), ora ana pedhotané, mèh padha karo "ka" (ꦏ), bédané ana ing let sikilé.
- Kajaba iku, akèh pasangan sing bentuké ora lumrah.
CC: @Bennylin. — Labdajiwa (rembugan) 14 Januari 2023 02.51 (UTC)