Menyang kontèn

Nyinau Basa lan Sastra Jawa

Saka Wikisumber
[ Cover ]


NYINAU BASA
LAN
SASTRA JAWA


Jilid V

KANGGO SEKOLAH DHASAR
KLAS V

Kaimpun dening :

Dra. A. SITI KOLIMAH Sd. lkk.

1974

Penerbit "MURIA" Yogyakarta

[ Title ]


NYINAU BASA
Lan
SASTRA JAWA


Jilid V

KANGGO SEKOLAH DHASAR
KLAS V

Kaimpun dening :
Dra. A. SITI KOLIMAH Sd. lkk.

1974

Penerbit "MURIA" Yogyakarta

[ 3 ]

-3-

TANGGAP SABDA

Tumraping tiyang Jawi, tansah hambudidaya lestantuning basa lan sastra Jawi, menika sampun samesthinipun.

Sampun malih tiyang Jawi piyambak, saweg priyantun manca nagari kemawon kathah ingkang sami ngudi nyinau basa lan sastra Jawi, malah ugi nyinau kabudayan Jawi.

Supados basa lan sastra Jawi saged tetep lestantun ngrembaka wonten ing madyaning pasrawungan kanthi saé, mila satrepipun bilih nyinau basa lan sastra Jawi menika katindakaken wonten ing sekolah-sekolah.

Mila Dinas P dan K Nyayogyakarta Hadiningrat, kanthi jumedhul lan sumebaring buku "Nyinau Basa lan Sastra Jawa" anggitanipun sadhèrèk Dra. A. Siti Kolimah lkk wonten ing sekolah-sekolah dhasar, ndhèrèk bingah. Mila buku menika miturut pamanggih kula mungguh sanget tumraping putra-putra murid Sekolah Dhasar. Langkung-langkung manawi para mitra Guru wasis ngginakaken, buku menika isi piwulang ingkang saé tumraping lare-lare.

Mugi-mugi buku menika saged mbiyantu putra-putra murid Sekolah Dhasar ing Ngayogyakarta Hadiningrat anggènipun nyinau basa lan sastra Jawi kanthi sasaé-saénipun.

Ngayogyakarta, 15 Nopember 1974

KEPALA DINAS P dan K

DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

ttd.

(Drs. Sinto Ariwibowo)

[ 4 ]
PRAWACANA

Angggèn kula ngrakit serat piwulang basa Jawi menika ing pangangkah kénginga kanggé imbet-imber saha gladhen piwulang basa ing Sekolah Dhasar, tuwin kenginga kangge mbantu sampurnaning serat piwulang basa ingkang sampun katamtokaken déning pamerentah.

Serat menika kula sukani tetenger "NYINAU BASA lan SASTRA JAWA" salaras kalian isinipun. Serat menika ngemot piwulang dhasar bab : kawruh basa, paramasastra, nyerat, maos, kasusastran tuwin ngarang. Déné manawi kagalih kirang, para guru ingkang kawogan kula suwun anjangkepi saprelunipun.

Kula ngajeng-ajeng panyaruwé saha iguh pratikel saking para ahli tuwin sadhérék ingkang kawogan, amrih saening serat menika. Saderengipun kula ngaturaken genging panuwun.

Wasana, mugi-mugi serat menika wonten ginanipun tuwin murakabi tumrap pambudidaya ajenging penggulawenthah.


Ngayogyakarta, 1 Rejeb 1906


Panyusun

[ 5 ]
1. Radèn Mas Riyanta

 Kira-kira sapuluh taun kepungkur RM. Riyanta magang calon juru tulis ing kantor Karésidhènan.

 RM. Riyanta dudu putrané wong lumrah, wong tuwané priyayi luhur tur kajèn kèringan.

 RM. Riyanta bocah ontang-anting. Dadi wis lumrah manawa dadi bocah ugungan.

 Wong tuwané asma RM. Harjadipraja. Kajaba priyayi luhur, uga sugih ndrebala. Mas picis raja brana ora kepétung cacahé.

 RM. Riyanta gagah sembada, bagus tur santosa. Sandhangané mompyor. Eman, amarga wiwit cilik kogung ing bandha, banjur dadi awatak angkuh, ambeg kumaluhur. Emoh srawung lan pepadha. Lagi pangkat calon juru tulis waé ambegé kaya priyayi luhur, rumangsangsané kaya Gupernur.

 RM. Harjadipraja anggoné magangaké putrané pamrihé mung kanggo panglipur. Sokur bagé bésuk dadi priyayi luhur temenan. Dadi bisa mikul dhuwur, mendhem jero.

 Kocapa ora antara suwé RM. Harjadipraja tilar donya. Déné jalarané gerah sedhih, amarga ngrasakaké kalakuané putrané. Putrané, yaiku RM. Riyanta kagala-gala, kagadhang-gadhang dadi priyayi luhur, apangkat dhuwur, jebul wasana dadi bocah mrusal. [ 6 ]Anggoné magang juru tulis metu, gawéné reroyalan. Royal jajan, royal nyandhang lan ngabotohan. Bandhané wong tuwané entèk gusis tanpa sisa.

Durung suwé iki RM. Riyanta katon mubeng-mubeng kutha nyangking kothak cilik, sadhéla-sadhéla tawa: Rokok ............ rokoké ............! Sinten tumbas rokok .............!

RM. Riyanta dadi tukang ider rokok. Wong sing weruh duwé rasa welas lan ngelus dhadhané.

A. PITAKONAN.

  1. Kapan RM. Riyanta magang calon juru tulis?
  2. RM. Riyanta tunggalé pira?
  3. Sapa asmané wong tuwané?
  4. Wong tuwané sugih banget.
    Apa nyata?
  5. RM. Riyanta pawakané kuru, rupané ala.
    Apa bener mangkono?
  6. RM. Riyanta wiwit cilik kogung.
    Kepriyé kadadéané?
  7. Apa pamrihé RM. Riyanta dimagangaké calon juru tulis?
  8. Ora suwé wong tuwané tilar donya.
    Apa sababé?
  9. Bareng wong tuwané ora ana RM. Riyanta kepriyé anggoné magang?
  10. Wasana RM. Riyanta apa dadi priyayi?
    Apa pagawéané?

B. NGOWAHI TEMBUNG.

Tembung-tembung ing sajroning kurung owahana. Wenèhana ater-ater ka-!

Wiwit cilik RM. Riyanta (ugung) bandha.
E, adhimu aja olèh ngemut klungsu mundhak (ulu)!
Prauné (ili) tekan sungapaning kali.
Yèn adus ing kali aja nengah-nengah mundhak (intir)!
Yèn wayah awan lintang-lintang ora (ton) saka bumi.
RM. Riyanta ora (arep nyambut gawé.
Dhuwitku (ari) Rp. 1.000,—.
Ora nyata manawa bumi iki (sangga) ing ula naga.
Wit munggur iku sigar (samber) bledhèg.
Pitikku ilang (colong) maling. [ 7 ]C. PARIBASAN.

Miliha tembung kang mathuk kanggo ngganepi paribasan ing ngisor iki!

Mikul dhuwur mendhem...........
Gliyak-gliyak waton ...........
Timun wungkuk jaga ............
Kebo kabotan ..................
Ancik-ancik pucuking...........
Belo mèlu .....................
Asu arebut ....................
Kemladhéan ngajak .............
Ula marani ....................
Ngitik-itik kirik .............

imbuh
seton
gebug
jero
gudhigen
sempal
sungu
balung
eri
kecandhak

D. NGGANEPI UKARA.
RM. Harjadipraja priyayi kang kajèn ....................
Bocah-bocah padha mlayu salang .....................
Yèn lebar panèn pariné pak tani tumpuk .............
Aja seneng umuk, luwih becik sing andhap ...........
Jagoku mentas tarung, sirahé babak..................
RM. Riyanta iku gagah ..............................
Bocah iku umuk, tur ora ngreti tata ................
Anggoné nata kayu nungsang .........................
Cindhil-cindhil iku anggoné turu tumpang............
Anggoné nata sing tumata. aja campur ...............

E. KAWRUH BASA.

Terangna!
Bocah ontang-anting Bocah uger-uger lawang
Bocah kendhana-kendhini Bocah pandhawa
Bocah dhampit Bocah gondhang kasih
Bocah kembar Bocah bungkus
Bocah kembang sepasang Bocah tiba sampir

F. NULIS JAWA.

Tulisen nganggo aksara Jawa!
temenan Harjadipraja
pikulan Sasrasuganda
sadéan Madyautama

[ 8 ]

dagangan
bebedan

Maswapati
Dwijasiswaya

G. KAWRUH BASA.
 Terangna karepé!
Bocah ugungan=..........
Bocah aleman=..........
Jadah goréngan=..........
Jarik bathikan=..........
Kebo alasan=..........
Lawé wedelan=..........
Barang colongan=..........
Jaran momotan=..........
Pitik ingon=..........
Klambi tukon=..........

H. DHIKTE/NYEMAK.
juru tulis; priyayi; ugungan; asma; ndrebala; raja brana; sembada; santosa; kogung; angkuh; ambek kumaluhur; srawung; panglipur; sokur; tilar donya; bebudèn; kagala-gala; kagadhang-gadhang; jebul; mrusal; royal; ngabotohan.
I. KAWRUH BASA.
 Terangna gawéané!

juru tulis
juru gedhong
juru silem
juru warta
juru mupu béa
juru gambar

juru kunci
juru dang
juru tani
juru basa
juru misaya iwak



2. Peksi Jathayu mengsah Rawana


Kacariyos Rama, Sinta lan Lesmana dumugi ing wana Dhandhaka, lajeng sami mbubak wana kanggé dedalem.

Dumadakan Kadhatengan raseksa maatus-atus cacahipun. Pararaseksa sami nggodha, ngganggu damel. Wasana dados perang[ 9 ]

Para raseksa sirna kataman panahipun Rama ingkang nama Guwawijaya.

Wonten raseksa nama Sarpakenaka. Sareng sumerep Lesmana manahipun gumun. Déné wonten satria bagusipun uleng-ulengan.

Lesmana kasaut badhé kabekta dhateng Ngalengka. Lesmana trengginas, Sarpakenaka gentos kasaut, kauntir irungipun.

Sarpakenaka lingsem, lajeng wangsul dhateng Ngalengka. Niyatipun badhé males wirang.

Sarpakenaka adul-adul, tembungipun : "Kakang Rawana, aku dipaéka satria. Saiki dedunung ing alas Dhandhaka. Satria iku duwé sadulur wadon, ayu rupané. Alise nanggal sapisan, bangkèkané nwaon kemit. Sajagad ora ana sing madhani ayune".

Sakala Rawana cengkélak, mangkat dhateng wana Dhandaka. Wil Marica ingkang ndhèrèkaken lampahipun.

Dumugi ing wana sumerep Dewi Sinta kajagi déning Rama tuwin Lesmana.

Wil Marica kadhawuhan malih kidang emas. Kidang emas mlajar wira-wiri sacelakipun Dèwi Sinta. Dèwi Sinta sareng sumerep katarik manahipun. Rama kasuwun nyepengaken kidang menika. [ 10 ]Rama ngoyak-oyak kidang emas. Kidang emas mlajeng ngantos tebih. Rama séwot, kidang kapanah, kénging. Kidang njerit sora.

Dèwi Sinta mireng, kakinten swantenipun Rama. Lesmana kadhawuhan tetulung. Lesmana lajeng késah.

Sapengkeripun Lesmana, Rawana nyelaki Dèwi Sinta, méndha-méndha pandhita sepuh thikluk-thikluk. Dèwi Sinta kaglembuk, wasana kénging kacepeng, lajeng kabekta mabur. Dèwi Sinta nangis karanta-ranta.

Peksi Jathayu mireng tangisipun Dèwi Sinta lajeng mabur, badhé tetulung. Dèwi Sinta karebat, nanging kénging karebat déning Rawana malih. Dados perang ramé.

Wasana peksi Jathayu kapedhang swiwinipun, sengklèh. Peksi Jathayu dhawah, nglempuruk ing bumi.

Sareng Rama lan Lesmana dhateng, peksi Jathayu cariyos bilih Dèwi Sinta kacolong déning Rawana. Rama lan Lesmana lajeng bidhal, badhé nglurugi nagari Ngalengka.

A. PITAKONAN.

  1. Rama, Sinta lan Lesmana teka ing ngendi?
  2. Ana ing alas kono diganggu buta.
Pira cacahé?
  1. Para buta sirna.
Apa sebabé?
  1. Ana buta wadon teka.
Sapa jenengé. Asalé saka ngendi?
  1. Généa buta wadon iku gumun marang Lesmana?
  2. Sarpakenaka banjur adul-adul marang sapa?
Sapa sing ndhèrèkaké?
  1. Rawana mangkat menyang alas Dhandaka.
  1. Dèwi Sinta kepéncut warnané kidang emas iku.
Sajatiné kidang emas iku malihané sapa?
  1. Dèwi Sinta dicolong pandhita tuwa thikluk-thikluk.
Malihané sapa pandhita tuwa iku?
  1. Sapa sing tetulung? Kasil apa ora? Apa sababé?

B. TEMBUNG TUNGGAL TEGES

 Tembung-tembung kang dicap miring gantinen tembung liya kang padha tegesé!

Rama diganggu déning para raseksa.
Para raseksa dipanah, sirna.
Sarpakenaka lingsem.

[ 11 ]Wonten putri sulistya ing warni.

Dèwi Sinta sumerep kidang kencana,
Dèwi Sinta kadhustha déning Rawana.
Jathayu menika awujud kukila.
Jathayu bandayuda mengsah Rawana.
Peksi Jathayu dhawah nglempuruk ing bantala.
Dèwi Sinta sanget sungkawa.

C. NGOWAHI TEMBUNG.
 Tembung-tembung ing sajroning kurung owahana. Wènèhana ater-ater ka- lan panambang -an!
Rama lan Lesmana (dhateng) raseksa.
Dèwi Sinta (apus) déning pandhita tuwa.
Maling iku (unang) sing duwé omah.
Murid-murid (dhawuh) nggambar kucing.
Tuti (paring) arta Rp. 100,—,
Aku ora (iling) kancamu.
gil ontor maburé (tutup) mendhung.
Pakarangané (pager) wit lamtara,
Sawahé (rabuk) léthong kebo.
Giman (duka) guruné.

D. KAWRUH BASA.
 Isènana ukara panyandra ing ngisor iki!
Alisé nanggal...............
Bangkèkané nawon...............
Drijiné mucuk...............
Rambuté ngembang...............
Mripaté...............
Lambéné nggula...............
Kémpolé ngembang...............
Irungé ngudhup...............
Untuné miji...............
Guluné...............
Pipiné nduren...............
Bathuké nyéla...............
Idepé tumengéng...............
Rambuté...............
Athi-athi ngudhup...............
Sinomé micis...............
Wangé nyangkal...............
[ 12 ]

Guluné ngelung ...........
Pocongé manjang ..........
Pundhaké nraju ...........

E. MILIH TEMBUNG.

Sang Prabu duka ...... patihipun.
...... ing wana, lajeng mbabadi gegrumbulan.
Rama sampun ..... ing wana Dhandhaka.
Nagari Ngalengka ..... mengsah.
Rama ..... prajurit saking Guwakiskendha.

sadhatengipun
dhateng
dhumateng
kadhatengan
ndhatengaken

Apa tegesé .... nguyahi sagara?
Dhèwèké ..... njaluk dhuwit.
Yèn arep mèlu ..... bapak dhisik!
Yèn arep kokepèk, ..... marang sing duwé!
..... ing sajroning kurung iki terangna tegesé!

tembung
tembungen
nembung
tetembungan
nembunga


F. DHIKTE/NYEMAK.

dumugi; dugi; mbubak wana; dedalem; dalem; maatus-atus; ngganggu damel; Guwawijaya; uleng-ulengan; trengginas; lingsem; wirang; adul-adul; dipaéka; satria; dedunung; sakala; cengkélak; wira-wiri; kepéncut; katarik; sewot; sora; tetulung; méndha-méndha; sepuh thikluk-thikluk; kaglembuk; karanta-ranta; sèngklèh; nglempuruk.


G. PEPINDAN.
  Bagusé kaya ............
  Ayuné kaya .............
  Antengé kaya ...........
  Centhilé kaya ..........
  Padhangé kaya...........
  Raméné kaya ............
  Banteré kaya ...........
  Deresé kaya ............
  Panasé kaya ............
  Kesité kaya ............
[ 13 ]H. CRITA.

Wacan ing dhuwur critakna nganggo basa ngoko!

I. NGRACIK UKARA.

Gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

dhateng
dumugi
rawuh

dalem
dedalem
nandalem

wangsul
mantuk
kondur




3. Harya Wrekodara golèk Tirtamarta

Kacarita bareng olèh dhawuhé Dhang Hyang Drona supaya ngupadi Tirtamarta, amrih unggul ing yuda, Harya Wrekodara banjur nyuwun pamit. Harya Wrekodara énggal bali menyang nagara Ngamarta sumedya pamit marang sadulur-saduluré.

Sang Prabu Yudhisthira lagi lenggah, kaadhep para rayi, Arjuna, Nakula lan Sadéwa.

Harya Wrekodara matur, menawa arep mangkat menyang gunung Candramuka, prelu golèk Tirtamarta. Para kadang nggodhè, nanging Harya Wrekodara ora mèlu.

Harya Wrekodara énggal budhal, tumuju marang gunung Candramuka, Lakuné gegancangan, prasasat lakuné angin, [ 14 ]Satekané ing gunung Candramuka, nuli nggoleki papané Tirtamarta.

Dumadakan kepethuk danawa kembar, aran Rukmuka lan Rukmakala. Harya Wrekodara arep dimangsa déning danawa loro. Wasana dadi perang.

Rukmuka lan Rukmakala sirna, marga diudhèt-udhèt nganggo kudu panca kenaka. Danawa loro malih dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu, mabur ing angkasa.

Harya Wrekodara nuli ngosak-asik gegrumbulan ing gunung Candramuka. Solahé kaya wong mendem. Gumuk-gumuk didhungkari, grumbul-grumbul dibabadi, guwa-guwa dileboni, nanging ora nemu banyu suci kang aran Tirtamarta.

Bathara Bayu ngandika saka ing angkasa : ”Hé anakku. Sajatiné ing kéné ora ana banyu suci kang aran Tirtamarta. Kowé mung diapusi déning Dhang Hyang Drona lan para Korawa. Wis énggal balia waé!”

Harya Wrekodara sanalika éling, banjur bali menyang nagara.

A. PITAKONAN.

  1. Harya Wrekodara arep golèk Tirtamarta.
    Sapa sing dhawuh?
  2. Harya Wrekodara nuli pamit marang sapa?
  3. Sang Prabu Yudhisthira lagi kaadhep sapa?
  4. Saduluré apa padha sarujuk?
  5. Harya Wrekodara nuli mangkat menyang endi?
  6. Ana ing kono ketemu sapa?
  7. Harya Wrekodara apa olèh Tirtamarta?
  8. Buta loro iku malih sapa?
  9. Sajatiné Harya Wrekodara iku diapusi sapa?
    Sapa sing kandha?
  10. Bareng ora olèh kasil Harya Wrekodara menyang endi?

B. NGOWAHI TEMBUNG.

Tembung-tembung kang kakurung owahana. Wènèhana seselan -in-. Yèn prelu uga wènèhana panambang -an!

Banyu suci kang aran Tirtamarta ora (temu) ing gunung Candramuka.

Harya Wrekodara perang (krubut) ing buta loro.
Grumbul-grumbul (babad), bosah-basèh. [ 15 ]
Banyu suci iku (aran) Tirtamarta.
Harya Wrekodara (apus) déning Dhang Hyang Drona.
Banyu iki (ombé) déning para déwa.
Buta loro (idak) déning Harya Wrekodara.
Buta loro (candhak) sikilé loro pisan.
Buta loro (banting) ing watu.
Harya Wrekodara (ganjar) slamet.

C. TEMBUNG TUNGGAL TEGES
 Tembung-tembung kang kaecap mirip salinana tembung liya !
Harya Wrekodara sumedya golèk Tirtamarta.
Harya Wrekodara pamit marang kadang-kadangé.
Harya Wrekodara ngupados tirta suci.
Harya Wrekodara kepéngin unggul ing yuda.
Tirtamarta iku mapan ing wukir Candramuka.
Harya Wrekodara nuli ngupadi papané Tirtamarta.
Harya Wrekodara pancakara mungsuh buta loro iku.
Danawa 'kapupuh mustakané.
Harya Wrekodara dikira wis lampus ing gunung Candramuka.

D. KAWRUH BASA
Harya Wrekodara uga peparab ......
Harya Wrekodara klebu kulawarga .......
Kabèh saduluré ana .........
Sing tuwa dhéwé jenengé .......
Sing pandhadha jenengé ........
Sing wuragil jenengé ........
Arjuna uga peparab ........
Harya Wrekodara nalika dadi jagal jenengé .......
Kukuné Harya Wrekodara diarani ......

E. TEMBUNG KRAMA-NGOKO.
  Tembung "enggal" ngokoné "rikat" utawa "anyar". Tembung-tembung ing ngisor iki golèkana ngokoné!

kajeng = .......; ........
awis = .......; ........
badhé = .......; ........
nedha = .......; ........
labet = .......; ........

[ 16 ]

tindak
mundhut
kèndel
supé
tanglet

= ..............................: .....................
= ..............................: .....................
= ..............................: .....................
= ..............................: .....................
= ..............................: .....................

F. TEMBUNG KAWI.

Tembung "yuda" padha karo tembung " perang". Tembung sisih kiwa gathukna karo tembung sisih tengen kang cocog tegesé!

1. tirta
2. kusuma
3. wisma
4. priya
5. jalma
6. kukila
7. bayu
8. candra
9. diwangkara
10. dahana

~ lanang
~ uwong
~ geni
~ banyu
~ manuk
~ rembulan
~ kembang
~ srengéngé
~ angin
~ omah

G. KAWRUH BASA.

Tembung "panca" tegesé "lima".

éka
dwi
tri
catur
panca
sad
sapta
hastha
nawa
dasa

= .........................
= .........................
= .........................
= .........................
= .........................
= .........................
= .........................
= .........................
= .........................
= .........................

sata
sasra
saleksa
sakethi
sayuta

= .........................
= .........................
= .........................
= .........................
= .........................

H. NGRACIK UKARA.

Gawéa ukara nganggo tembung :

dibabadi
ditegori
ditutuhi
dikethoki
dirembangi

nyuwun
mundhut
njaluk
nedha
nedhi

[ 17 ]

4. Harya Wrekodara golék Tirtamarta

Harya Wrekodara njujug ing Kraton Ngastina. Sang Prabu Suyundana lagi lenggah, sinéba ing para santana. Patih Sengkuni lan Dhang Hyang Drona uga sowan.

Harya Wrekodara teka, dumrojog tanpa larapan. Para Korawa cingak, awit kakira Harya Wrekodara wis sirna ing gunung Candramuka.

Dhang Hyang Drona gita-gita methukaké, ngrangkul Harya Wrekodara. Harya Wrekodara nesu, jaja bang mawinga-winga. Nétra andik angatirah, kumedut padoning lathi.

Dhang Hyang Drona calathu ngarih-arih : "Hé, kulup bocah dhégus. Kowé aja agé-agé nesu. Dakkandani rungokna, ya. Mangretia, déwa awèh wisik marang aku. Jaré banyu suci saiki wis ngalih mapan ing telenging sagara. Wis énggal golèkana!

Harya Wrekodara cengkélak, mangkat menyang telenging sagara.

Lakuné mampir ing nagara Ngamarta, pamit marang kadang-kadangé. Kabeneran Prabu Kresna lagi rawuh ing kono. Harya Wrekodara kapenggak, nanging ora gelem. Kadang-kadangé nggondhèli, nuli kakipataké, kontal. Harya Wrekodara mangkat dhéwékan. Lakuné kaya angin. [ 18 ]Ora suwé teka ing gisiking sagara. Harya Wrekodara nuli nggebyur ing sagara.
Dumadakan ana ula naga, kumambang ing banyuning sagara. Ula naga ngalang-alangi lakuné Harya Wrekodara, wasana dadi perang.
Harya Wrekodara kagubel naga. Ula naga kaudhèt-udhet nganggo kuku pancanaka, wekasan sirna malih dadi déwa kredhil, aran Déwaruci.
Harya Wrekodara dituntun lumebu ing telenging sagara. Harya Wrekodara diwènèhi banyu suci kang aran Tirtamarta.
Harya Wrekodara bungahé ora kinira-kira, nuli bali menyang nagara.
Satekané ing Ngamarta gita - gita kapethukaké kadang-kadangé. Kabèh padha bungah-bungah, déné saduluré isih rahaya slamet.
Para kadang lan kawula sanagara padha pista andrawin, mahargya tekané Harya Wrekodara.

A. PITAKONAN.

  1. Saulihé saka gunung Candramuka Harya Wrekodara njujug ngendi?
  2. Sapa kang lagi ngadhep ratuné?
  3. Kapriyé tekané Harya Wrekodara?
  4. Para Korowa padha cingak.
    Apa sababé?
  5. Dhang Hyang Drona kepriyé?
  6. Harya Wrekodara katoné kepriyé?
  7. Dhang Hyang Drona calathu ngarih-arih.
    Apa sababé mangkono?
  8. Harya Wrekodara apa ngandel marang pituturé Dhang Hyang Drona?
  9. Harya Wrekodara pamitan marang sapa?
    Sapa kang lagi rawuh ing kono?
  10. Harya Wrekodara apa sida mangkat?
    Olèh gawé apa ora? Sapa sing mènèhi?

B. NGOWAHI TEMBUNG.
Tembung-tembung kang dikurung owahana. Wènèhana seselan -um-. Yèn prelu wènèhana panambang -an!
Harya Wrekodara teka, (drojog) tanpa larapan. [ 19 ]Mripaté abang, lambéné (geter).
Harya Wrekodara ora (kenthus), pancèn teguh karepé.
Kowé aja (bagus), dumèh pinter lan bagus!
Dawegané lagi (keruk).
Krambilé lagi (bobor).
Udané ora pati deres, mung (klambi).
Kuthuké wis (kebet).
swarané (jlegur).
Panasé (selèt), kaya mecah-mecahna gundhul.

C. MULIH TEMBUNG.
 Pilihen tembung kang mathuk!

Nalika menyang Semarang aku...........Siwa.
Siwa...... ing setasiun lan putra-putrané
Réwangé uga mèlu ........ aku.
Ana ing Semarang aku ......... kancaku.
Tujuné aku -olèh ......., upama ora aku mesthi bingung.
Bukuku iki kena kanggo ...... piwulang basa Jawa.
Ana wong picak loro, anggoné mlaku padha.........
Tuti .......... adhiné, awit dalané lunyu.
Adhimu ......... supaya aja keplèsèt!
Yèn mlaku dhèwèké kudu ....., awit sikilé isih lara.

methuk
methukaké
pethukan
kepethuk
dipethuk
nuntun
dituntun
tuntunan
tuntun-tuntunan
tuntunen

D. NGRAMPUNGAKE UKARA.
Harya Wrekodara kapenggak, nanging ...............
Dhèwèké wis dakkandhani, nanging ...............
Bapakné wis nuturi, nanging ...............
Gurune wis, dhawuh, nanging...............
Lampuné wis dakgedhèkaké, nanging ...............
Tandurane wis dirabuki, nanging...............
Pitikku sing lara uga wis daktambani, nanging ...............
Ban pitmu wis daktèmbèl, nanging ...............
Gumuré wis ditawu, nanging ...............
Radhioné wis diganti batu, nanging ...............
[ 20 ]E. KAWRUH BASA.

Ganepana!

telengingg .............................
dhasaring ...............................
pucuking ................................
madyaning ............................
gisiking ..................................
lambunging ...........................

tuntunging .............................
tepining ..................................
agraning ................................
tengahing ..............................
kikising ...................................
èrèng-èrènging .....................

F. NGARANG/CRITA.

Kowé apa wis tau ngreti critané kulawarga Pandhawa? Critaa bab Pandhawa. Critakna bab Wrekodara utawa Janaka!

G. UKARA PAKON.

Ukara pakon uga kasebut ukara hagnya. Gawéa ukara hagnya nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

methuka
pethukna
pethukana
pethuken

mangkata
angkatna
ankatana
angkaten

mangana
pakakna
panganana
panganen

H. KAWRUH BASA.

    Tembung "kresna" tegesé "ireng".

pita =......................
pingul =......................
séta =......................
langking =......................

rekta =......................
wilis =......................
jenar =......................
dadu =......................

kaga kresna
wanara séta
jalak pita
wreksa langking
ancala pingul
laler wilis
kunir pita
wé rekta

=................................ =......................
=................................ =......................
=................................ =......................
=................................ =......................
=................................ =......................
=................................ =......................
=................................ =......................
=................................ =......................

I. DHIKTE/NULIS JAWA.

methukaké
ngenggalaké

pethukan
énggalan

[ 21 ]

mamitaké
nggebyuraké
ngalangaké

pamitan
gebyuran
alangan

J. TEMBUNG CAMBORAN.
dhégus = gedhé bagus

dubang = ........................
wédang = ........................
kongel = ........................
yungis = ........................

dhélik = ........................
wangen = ........................
kakkong = ........................
bangcuk = ........................

K. NEGESI TEMBUNG.
Tembung-tembung kang kaecap miring salinana tembung liya kang padha tegesé!

Wentisira angembang pudhak
Rawisira nglaler méncok.
Réma memak ireng alus.
Gumbala ketel apanjang.
Kapundhi sanginggiling mustaka.
Kumedut padoning lathi.
Nétra andik angatirah.
Jaja bang mawinga-winga.



5. Pujangga nakal

Ana boah jenengé Dirham. Bocah iku pinter, nanging nakal. Saben wong kandha, Dirham bocah nakal. Dhèwèké pinter dhéwé ing klasé. Saben ana garapan mesthi rampung dhisik dhéwé. Sawisé rampung banjur nggodha kancané Guruné seneng marang dhèwèké, nanging kadhang kala- duka-duka margakanakalané.

Dirham duwé sadulur loro. Jenengé Bisma lan Darsana. Bisma iku kang pambarep, Dirham kang wuragil. Bapakné dadi mandhor tani. Embokné dodol reratengan.

Yèn bengi sabakdané mangan bocah telu padha sinau bebarengan. Bisma lan Darsana sregep anggoné sinau. Dirham ora betah sinau. Lagi sapuluh menit wis krasa kesel, nuli lèrèn' ngajak omong kakangné. Kakangné jèngkèl, Dirham disrengeni, dikeplak sisahé [ 22 ]

Anuju sawiji dina Bisma lan Darsana sinau ing kamaré. Lawangé dikancing saka jero, amrih Dirham ora ngganggu anggoné sinau.

Dirham ora seneng sinau dhéwé. Banjur thothok-thothok, arep mèlu sinau lan janji ora arep ngganggu kakangné.

Bisma ngengakaké lawang. Dirham mlebu ora nggawa apa-apa. Bisma mrengut, dikira Dirham mung arep ngrusuhi anggoné sinau.

Dirhamn lungguh karo nyawang lambéné kakangné. Bisma ngreti manawa adhiné ora nggawa apa-apa, banjur diwènèhi potlot lan dluwang sasuwèk, amrih ora ngrusuhi anggoné sinau.

Dirham nampani dluwang lan potlot. Suwé ora nulis-nulis. Bisma mangkel, nuli celathu sentak : ”Dirham, ajara ngarang. Suk kowé rak dadi pujangga. Karangen bab bocah nakal!”

Dirham wiwit ngarang. Uniné mangkéné :

   Bocah nakal.

Ana bocah telu. Jenengé Bisma, Darsana lan Dirham. Dirham iku nakal, Darsana kakangné bocah nakal. Bisma duwé adhi bocah nakal. Nèk agono bocah telu nakal kabèh.

Iki karangané bocah nakal. [ 23 ]Bareng wis rampung karangan iku diwènèhaké Bisma. Bisma maca karo gumuyu. Pangunandikané : ”Dhasar bocah nakal!”

A. NYURASA WACAN.

Wacanen ukara-ukara ing ngisor iki. Bener apa luput yèn koksurasa karo isiné wacan ing dhuwur. Yèn luput benerna!

  1. Dirham duwé sadulur loro.
  2. Dirham iku tuwa dhéwé.
  3. Saduluré sing tuwa dhéwé aran Darsana.
  4. Dirham iku pinter, nanging nakal.
  5. Dirham iku ora betah sinau.
  6. Dirham ora tau nggodha saduluré.
  7. Dirham kadhang kala dithothok Bisma,
  8. Anuju sawiji dina Dirham dikon ngarang déning Darsana.
  9. Dirham ngarang bab bocah sregep.
  10. Bisma maca karangané Dirham, banjur mlecu.

B. NGRAMPUNGAKE UKARA.

Dirham pinter, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Pak Mulyana sugih, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Si Begog kumenthus, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Buku wacan iki larang, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kembang iku èdi, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Omah iku gedhé, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Sumur iku jero, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Dara iku kuthuk, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kucing iku galak, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Dalan iku amba, nanging
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

C. MILIH TEMBUNG.

mlebu; klebu; dileboni; klebon; dilebokaké

Adhiku durung . . . . . sekolah Taman Kanak-Kanak.
Harini wis . . . . . Sekolah Dhasar.
Montoré . . . . . ing kandhangé!
Omahku . . . . . maling ing wayah awan.
Kupingku . . . . . banyu.

nggawa; nggawakaké; gawan; gawané; digawa.

Bukumu . . . . . adhiku. [ 24 ]

Jaran iku kabotan .......................
................ unggahna ing grobag!
Tuti .................... wédang adhiné.
Mau aku weruh wong ................. jala.

D. NGGANEPI UKARA.

Bisma ngengakaké ..........
Bisma ngengakaké lawang.

Greji nyurupaké ....................................
Pangon ngandhangaké .......................
Guru nerangaké ...................................
Bulus ndhelikaké ..................................
Wasit ngunèkaké .................................
Wong ngemis ngulungaké...................
Pandhu nuduhaké ................................
Sudagar nyinggahaké ..........................
Kenèk Bis ngunggahaké ......................
Tuti mbalèkaké.

E. KAWRUUH BASA

Pujangga yaiku .......................................
Pandhé yaiku ..........................................
Kuli yaiku .................................................
Maling yaiku ............................................
Niyaga yàiku ............................................
Grema yaiku ............................................
Gemblak yaiku ........................................
Jlagra yaiku .............................................
Greji yaiku ................................................
Gamel yaiku .............................................

F. NGARANG/CRITA.

  1. Bocah nakal.
  2. Bocah sregep sinau.
  3. Ayo sregep sinau!
  4. Adhiku nyenengaké.
  5. Sinau karo kancaku.

[ 25 ]G. KAWRUH BASA.

Dirham..........sirahé,

Dirham dithothok sirahé.

Dirham dikeplak sirahé.

Harni .......... bokongé.
Tati .......... pipiné.
Badhu .......... jangguté.
Hirman .......... guluné.
Tarna .......... dhadhané.
Surti .......... sikilé.
Darma .......... tangané.
Martaya .......... mripaté.
Saraya .......... wetengé.
Kartala .......... kupingé.
H. NULIS JAWA.
 Wulangan nomer G kasebut ing dhuwur isènana lan tu| lisen nganggo aksara Jawa!


6. Ngingu iwak

 Saiki akèh wong ngingu iwak, Dudu iwak ing akwarium, nanging iwak kang gedhé kasilé. Iwak ing akwarium mung kanggo pasrèn, ora ana pituwasé. Pituwasé mung kanggo seneng-seneng. Lumrahé dipiara déning sadulur ing kutha kang omahé gedhong magrong-magrong.
 Ing padésan akèh wong kang miara iwak kanggo ngundhakaké pangasilan. Kang lumrah dipiara yaiku iwak gramèh lan mujahir. Iwak gramèh iku gedhé, nanging suwé pangupakarané, Lan manèh angèl tangkar-tumangkaré. Déné iwak mujahir cilik, nanging gelis tangkar-tumangkaré.

 Kowé apa ngreti carané ngupakara iwak mujahir? [ 26 ]

Iwak mujahir bisa urip ing sadhéngah papan. Bisa urip ing banyu tawa utawa banyu asin. Ora milih papan sing hawané adhem utawa panas. Ora milih tanah pagunungan utawa tanah pasisir.

Yèn arep ngingu iwak mujahir gawéa blumbang kang jeroné kurang luwih 60 cm. Jaganen banyu tansah ganti, supaya tansah seger.

Iwak mujahir iku panganané ora anèh. Yèn ana pakanana ampas krambil, bungkil kacang utawa dhedhak lembut. Kadhang kala wènèhana rajangan godhong katès, tales lan sapanunggalané.

Mujahir wadon bisa ngendhog 1.000 iji nganti 2.000 iji. Coba upama ngingu mujahir 500 iji sajroné sataun kira-jira dadi pira?

Iwak mujahir iku akèh pangané, dremba banget. Mula ora prayoga kacampur karo iwak liya.

Iwak mujahir uga dadi réwang tumrap manungsa, awit kadhang kala mangani uged-uged anak lemut. Kajaba iku uga doyan mangan lumut kang sok kanggo ngendhog lemut.

Dadi cetha, ngingu iwak iku gedhé pédahé, kena kanggo panggaotan. Sinambi seneng-seneng olèh pangasilan.


A.PITAKONAN.

  1. Akwarium iku apa?
  2. Apa gunané ngingu iwak ing akwarium?
  3. Iwak apa kang sok kanggo nambah pangasilan?
  4. Iwak gramèh apa gampang tangkar-tumangkaré?
  5. Iwak mujahir bisa urip ing endi waé?
  6. Iwak mujahir lumrahé dipiara ing endi?
  7. Iwak mujahir iku apa pangané? [ 27 ]
  8. Iwak mujahir waden bisa ngendhog pira?
  9. Iwak mujahir ora prayoga dipiara campur karo iwak liya. Apa sababé?
  10. Ngingu iwak iku gedhé paédahé? Apa sababé?

B.NGOWAHI TEMBUNG.
 Tembung-tembung kang dikurung owahana. Wènèhana ater-ater pa- lan panambang -an!
Iwak mujahir uga diingu ing tanah (gunung).
Hastuti ngreti marang (gawé).
Aku ngingu iwak kanggo nambah (kasil).
Wedhusé dicancang ing (pring).
Luwak-luwak padha saba ing (kopi),
Pitik-pitik golèk pangan ing (uwuh).
Yèn dolanan aja ana ing (awu).
Murid-murid sinau ing (wulang).
Tuti siram-siram ing (taman).
Bapak lagi ngasah lading (cukur).

C. KAWRUH BASA.
 Gatèkna tembung-tembung kang dicap miring. Bener apa luput? Yèn luput benerna!
Tembung ngingu asalé saka tembung ingu.
Tembung pasrèn asalé saka tembung asri.
Tembung padésan asalé saka tembung désan.
Tembung ngupakara asalé saka tembung pakana.
Tembung jeroné asalé saka tembung roné.
Tembung pakanana asalé saka tembung pakan.
Tembung pakanana asalé saka tembung jangan.
Tembung sataun asalé saka tembung taun.
Tembung ngendhog asalé saka tembung dhog.
Tembung sinambi asalé saka tembung nambi.

D. KOSOK BALEN.
Saiki akèh wong ngingu iwak, ...... arang-arang wong ngingu iwak.
Iwak gramèh iku kuthuk, iwak kutuk ...............
Iwak mujahir ndhemenaké, iwak cucut ...............
Iwak gramèh angèl tumangkaré, iwak mujair..........
Iwak mujahir ora anèh pakané, ...............waé

Iwak mujahir dremba, iwak wader.........pangané.
[ 28 ]

Iwak mujahir bisa urip ing tanah pagunungan, uga ing tanah ........................
Yèn ngingu gramèh kudu sabar. ora kena .................. ngarep-arep kasilé.
Yen ngingu iwak mujahir énggal mundhaké, ora ................... kaya iwak gramèh.
Beciké iwak mujahir iku pakanana dhedhak lembut, aja dhedhak ........................

E DHIKTE.

ngingu iwak
mbrongsong jambu
nyebar wiji
nyangkok sawo
ngumbah popok

ngandhang sapi
negor gedhang
ngundha layangan
ngerèk kutut
mikul dhawet

F. CRITA/NGARANG.

Kowé apa wis tau ngingu iwak? Apa wis tau ndeleng papan kanggo ngingu iwak? Coba critakna! Iwak apa sing diingu ing papan kono? Apa pakané? Kepriyé pangupakarané? Lan sapanunggalané!

G. NGRACIK UKARA.

Gawéa ukara srana migunakaké tembung-tembung ing ngisor iki!

1.ingu ~ iwak ~ blumbang
2.jala ~ iwak ~ kali
3. iwak ~ urip ~ sagara
4. ingu ~ iwak ~ lemut
5. iwak ~ endhog ~ akèh
6. iwak ~ dol ~ pasar
7. apa ~ piranti ~ iwak
8. priyé ~ cekel ~ iwak
9. iwak ~ ingu ~ sawah
10. ingu ~ iwak ~ kasil

Tuldha : Aku ngingu iwak ing blumbang.
    Bapak njala iwak ing kali.

H. NULIS JAWA.

Omah gedhong magrong-magrong. [ 29 ]Iwak kutuk mati kethuthuk.
Kenaa iwaké, aja nganti butheg banyuné.
Iwak kecemplung ing wuwu.

I. NGRAMPUNGAKE UKARA.

Pak tani tansah ngupakara
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Juru rawat gawéné ngupakara
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Juru taman gawéné ngupakara
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Bapak lan ibu mesthi ngupakara
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Srati iku gawéné ngupakara
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Pakathik iku uga ngupakara
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Bocah sekolah wajib ngupakara
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 




7. Ngemut legining gula

Aku tau krungu paribasan uniné : Ngemut legining gula. Hara apa angger uwong ngreti tegesé?

Iku prakara lumrah. Bocah sing lagi ngemut gula mesthi ngrasakaké énak. Embok manawa dikon nglepèh emoh.

Saupama ana wong duwé pangkat luhur, bayaré akèh, kiraku wong iku ora gelem nyèlèhaké pangkaté. Luwih-luwih yèn pangkat iku arep diwènèhaké wong liya, éman-éman. [ 30 ]Ngendi waé ora ana wong gelem nampik prakara énak lan kepénak. Rak iya ta? Jenang gula, manawa kowé urip kepénak aja lali marang sanak, kanca lan tangga!

Saben wong tau krungu paribasan iku. Nanging kowé apa wis tau ngerti caranéé wong gawé gula? Kowé apa wis tau ngreti carané wong ndérés?

Kang lumrah didérés yaiku wit arén utawa wit krambil. Kembang krambil kang isih wungkul kasigaran mancungé. Yèn wis lerem sedina banjur diuruti kembangé. Sawisé iku katalénan kenceng. Soréné pucuking gagang kembang kang wis kempel kapagas. Piranti kanggo magas jenengé jompong.

Tilas pagasan iku mrentul banyuné, suwé-suwé tumètès. Tètèsan banyu iku ditadhahi bumbung, jenengé legén utawa badhèèg. Rasané legi. Saben ésuk lan soré bumbung iku diganti.

Kowé eling ta parikan : Klonthung-klonthung, wong ndèrès buntuté bumbung?

Legèn iku digodhog, suwé-suwé kenthel. Supayané dadi gula kudu kapancing nganggo gula kang wis atos. Yèn ora, dadi gula jemèk utawa glali.

Déné yèn ndérés wit arèn carané padha, nanging bumbungé dawa, anggoné mènèk nganggo andha. Wit arèn iku legèné luwih deres lan luwih akeh.

Legèn uga kena digawé cukak, kanggo bumbu olah-olah.

Wasana, jenang gula mas, aja lali. Kepriyé wong gawé gula? Apa tegesé paribasan : Ngemut legining gula?

A. PITAKONAN.

  1. Gula iku rasané kepriyé?
  2. Apa gelem bocah nglepèh gula kang lagi diemut?
  3. Apa ana wong nampik prakara énak lan kepénak?
  4. Apa kang lumrah didèrès uwong?
  5. Jompong iku apa?
  6. Pendhak apa wong ndèrès ngganti bumbungé?
  7. Généa bumbung kang kanggo ndèrès wit arèn luwih dawa?
  8. Glali iku apa?
  9. Legèn kena digawé apa?
  10. Kajaba gula krambil lan gula arèn apa ana gula jinis liya? [ 31 ]B. NGOWAHI TEMBUNG

  Tembung kang dikurung owahana supaya laras karo ukarané!
Gula iku (rasa) legi.
Sirahku (rasa) ngelu lan abot.
Ora ana wong gelem (tampik) prakara énak lan kepénak.
Bocah iku ora (tampik), apa-apa doyan angger énak.
Aku durung tau (rungu) paribasan iku.
Wong tuwa kaé wis suda (rungu).
awisé dipègès legèné (tètès).
(Tètès) iku ditadhahi bumbung.
Legèn iku (godhog), suwé-suwé kenthel.
apa doyan (godhog) tales?

C.PARIBASAN.
 Ukara iki rampungnya supaya dadi paribasan!
Ngemut legining ..........
Ana gula ana ..........
Ana dina ana ..........
Ana bapang ..........
Rubuh-rubuh ..........
Amburu uceng kélangan ..........
Angon ulat ngumbar ..........
Kededhèn empyak kurang ..........
Kakèhan gludhung kurang ..........

D. UKARA UMPAMA.
 Ukara kang ngemu surasa upama diarani ukara upama utwa sambawa. Ukara ing ngisor iki rampungna supaya dadi ukara sambawa!
Upama aku duwé pangkat luhur..........
Upama gajah iku duwé elar..........
Upama éyang sida tindak mréné..........
Upama ibu sida mundhut pitik..........
Upama pitikku wis ngendhog..........
Mungguh kowé sing kuwasa..........
Mungguh adhimu wis bisa maca..........
Mungguh endhogé banyakku wis netes..........
[ 32 ]Mungguh aku sugih dhuwit ..............................
Mungguh dina iki Ora udan .............................
E. KAWRUH BASA.
 Tembung-tambung kang dicap miring ing ukara-ukara ngisor iki waspadakna. Gantinen tembung liya kang cocog karo ukarané!
Kowé apa wis uninga wong ndèrès?
Gula iku rasané manis.
Anggoné mènèk teka ing luhur.
Puspita krambil jenengé manggar.
Legèn iku dudu warih.
Yèn wayah ratri ora ana wong ndèrès.
Kepriyé carané wong karya gula?
Yèn bengi bumbung iku ora prelu direksa.
Cukak iku rasané amla.
Saben ari wong tani olah gula.
F. NGARANG.
 Ngaranga Tan miliha irah-irahan ing ngisor iki!

  1. Tiyang ndésa.
  2. Ginanipun gendhis.
  3. Damel sekar gendhis.
  4. Caranipun damel gendhis,
  5. Wit klapa.

G. TEMBANG.
 Dhandhanggula.

Memanisé para mudha sami,
jalu èstri samya marsudia,
amrih becik pakartiné,
aja seneng kumalungkung,
ngluhuraken badan pribadi.
Mangkono tan prayoga,
tartamtu sinendhu,
déning sanak lan mitra,
wekasané sira wirang ing sesami,
dinukan ibu rama.

Mudha = .........
jalu = .........

pribadi = .........
prayoga = .........

[ 33 ]

samya
marsudi
amrih
pakarti
badan

= ......................
= ......................
= ......................
= ......................
= ......................

sinendhu
mitra
wirang
sesami
dinukan

= ......................
= ......................
= ......................
= ......................
= ......................

H. NULIS JAWA.

Tembang Dhandhanggula piwulang nomer G tulisen nganggo aksara Jawa!

I. WANGSALAN.

Jenang gula, kowé aja lali!
Putra kethèk, aja munyak-munyuk mréné!
Ngembang tebu, glegas-gleges.
Jenang séla, apuranta yen wonten lepat kawula!
Putra bèbèk, wira-wiri ngalor ngidul.
Rokok cendhak, neges-neges omonging liyan.
Gentha dara, sawangané rada bingun.
Janur gunung, kadingaren mara mréné.

jenang gula
putra kethèk
kembang tebu
jenang séla
putra bèbèk
rokok cendhak
gentha dara
janur gunung

= ............................................
= ............................................
= ............................................
= ............................................
= ............................................
= ............................................
= ............................................
= ............................................

J. TEMBUNG LINGGA.

Tembung "tumetès asané saka tembun "tètès".

Tembung tumètès asalé saka tembung

gumandhul
gumagus
dumugi
binuwang
linebur
linuwih

= ......................
= ......................
= ......................
= ......................
= ......................
= ......................

gelebyar
kelepyur
selebar
kerelip
keretèp
kerethap

= ......................
= ......................
= ......................
= ......................
= ......................
= ......................

[ 34 ]K. CRITA.

Kowé apa wis tau nonton pabrik gula. Yèn uwis tau coba critaa marang kancamu!




8. Gotong royong

Aku ngreti uripé semut-semut. Kéwan iku cilik menthik, nanging rukuné ora kinira-kira.

Aku tau namataké semut kang lagi padha ngusung pangan. Ana bathang walang nyekangkang, gedhéné sadriji. Wiwitané ana semut ireng siji mara. Sajaké semut iku ngambu-ambu, nuli klépat ajak-ajak kancané. Ora suwé semut atusan cacahé teka. Bathang walang digotong bebarengan, digawa mlebu ngelèng.

Anuju sawiji dina aku nonton semut ngangrang warnané kuning semu abang. Semut iku munggah mudhun ing pucuking godhong. Ora suwé teka manèh lima, nenem, sepuluh, malah kepara luwih. Semut iku padha mlipir urut lingiring godhong, banjur mudhun. Lingir iku kapulet ing ilu kang wujudé kaya benang lembut. Semut-semut iku bareng teka ing lingir godhong liyané padha nggathuk-nggathukaké lingir padha lingir lan kapulet nganggo ilu iku mau. Kira-kira rong jam suwéné dadi omah ngangrang kang cukup kanggo ndhelik sèwu ngangrang cacahé.

Hara apa ora nggumunaké. Kéwan waé rukuné kaya mangkono.

Aku banjur kèlingan rerukunané wong ing padésan. Adat tatacarané uga nggumunaké. [ 35 ]Manawa ana wong arep ngedegaké omah, sanak sadulur, tangga teparo, kadang kawanuhan padha awèh pambiyantu. Rong dina sadurungé padha teka awèh pasumbang. Ana sing nyumbang beras, ana sing nyumbang bakal jangan, ana sing nyumbang bumbon.

Teka dina tempuking gawé wong-wong lanang padha teka nggawa gegaman. Ana sing nggawa arit, ana sing nggawa pethel, wadung, graji lan sapanunggalané. Nuli nyambut gawé bebarengan.

Wong-wong wadon padha teka ngréwangi olah-olah.

Omah siji ing sajroné loro utawa telung dina wis dadi, kena kanggo manggon.

Urip gotong royong mangkono iku dadi padātan becik ing padésan. Ora mung ngedegaké omah waé, nanging uga manawa ana wong garap sawah, duwé gawé mantu lan liya-liyané.

Wong-wong ing padésan iku katoné seneng, tentrem karta raharja, sayuk rukun, saiyeg saékapraya.

A. NYURASA WACAN.

 Bener apa luput ukara-ukara ing ngisor iki yèn koksurasa karo isiné wacan ing dhuwur? Yèn luput benerna!

  1. Semut iku rukun karo bangsané.
  2. Yèn nyambut gawé abot dilakoni dhéwé.
  3. Semut ngangrang iku warnané ijo.
  4. Semut ngangrang iku omahé kagawé saka godhong.
  5. Semut ngangrang iku gawé omah dhéwé-dhéwé.
  6. Wong padésan seneng nyambut gawé gotong royong.
  7. Yèn ana wong ngedegaké omah tangga-tanggané ora ana sing réwang-réwang.
  8. Kajaba mbantu nyambut gawé tangga-tanggané padha aweh pasumbang.
  9. Gotong royong iku cara urip rerukunan sing becik.
  10. Wong-wong padésan seneng lan tentrem.

B. NGGANEPI UKARA.

Wong-wong padésan padha seneng gotong
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Aja kakéhan solah
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Radèn Gathotkaca satria gagah
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Mbeneri wulan purnama, langité padhang
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Bocah sekolah kudu ngreti tata
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

[ 36 ]

Ing kutha gedhé akeh barang èdi .................................
Sato .................... padha golèk pangan.
Bocah-bocah padha mlayu salang ...............................
Yen tumandang gawé aja kebat ...................................

C. TEGESING TEMBUNG.

Tembung-tembung kang dicap miring teranyna tegesé!

Rukuné ora kinira-kira.
Sajaké semut iku kéwan sing rukun.
Warnané kuning sulak abang.
Wiwitané ana semut ireng siji teka.
Semut-semut padha ngupaya pangan.
Wong-wong padésan padha makarya.
Wong-wong padha golèk sandhang boga.
Wong sadésa sayuk rukun, saéka kapti.
Ora ana kéwan rukuné kadi semut.

D. NGOWAHI TEMBUNG.

Tembung-tembung ing sajroning kurung owahana supaya laras karo ukarané!

Semut-semut bebarengan (usung) pangané.
Pangan iku (usung) menyang elèngé.
Aku tau (tonton) semut ngangrang.
Ing pasar malem akeh (tonton).
Semut-semut (dhelik) ing susuhé.
Bocah-bocah padha dolanan (dhelik)
Tangga teparo padha aweh (sumbang).
Ibu (sumbang) wong duwé gawé mantu.
Wong-wong padha teka, ana sing (gawa) arit.
Jaran iku mèyèk- mèyek kabotan (gawa).

E. NGRAMPUNGAKE UKARA.

Semut-semut dhampyak-dhampyak arep ........................
Murid-murid bebarengan mlayu arep ...............................
Wong-wong padésan menyang sawah arep ....................
Tuti lan Ani ana pawon lagi ................................................
Darta lan bapakné ana pandhapa lagi ...............................
Kusir andhong iku sajaké lagi ............................................
Harda lan Parta klomat-klamet mentas .............................
Bèbèkku kwak- kwek, sajaké mentas ................................

[ 37 ]Pitik iku cethethag-cethetheg, sajaké mentas .........

Kebo iku gupak endhut, sajaké mentas ............
F. NGARANG/CRITA.
Critakna utawa karangen bab :

  1. Uripé semut-semut.
  2. Gotong royong.
  3. Ngedegagé omah.
  4. Dandan-dandan omah.
  5. Resik-resik désa.
  6. Ramé-ramé mbendung kali.

G. DHIKTE/NULIS JAWA.

kinira-kira
pinara-para
pinajang-pajang
rinengga-rengga
sinuba-suba

ngambu-ambu
ngolan-olan
ngambra-ambra
ngasih-asih
ngira-ira

H. KOSOK BALEN.
Semut-semut padha lunga .............
Semut ngangrang munggah ............ ing gegodhongan.
Semut ngangrang iku kurang ............ sèwu cacahé.
lara.......... dirasakaké bebarengan.
Barang iku larang ............ tukunen kabèh!
Anggoné ngliwet segané mentah ...............
Kayu iku ora cetha bongkot ............ é.
Aku ora bisa ngira-ira adoh ............ é.
Sudagar iku lagi ngétung tuna ............ né.
Yèn nyabrang dalan gedhé kudu nolèh kiwa..........

I. MILIH TEMBUNG.

nanging; awit; nalika; manawa; sanajan.

...........olèh pangan semut iku ajak-ajak kancané
Semut iku kéwan cilik, ............ rukun karo bangsané.
...........kéwan, semut iku gelem nyambut gawé bebarengan.
...........isih cilik semut iku warnané putih.

Semut-semut iku urip bebarengan, ......... ora bisa urip dhéwé. [ 38 ]

banjur; lan; karo; saka; kalihan.

Pak Wangsa nyambut gawé bebarengan.........tangga teparoné.
Sunari ............ Sutarti sinau ing Kamar tengah.
Sawisé padha sinau ............ mapan turu.
Bapak ............ ibu tindak dhateng peken.
Sembah............sungkem kula katur ing panjenengan.
J. TEMBANG.
 Pangkur.

Sekar pangkur kang winarna,
caritané si semut kang taberi,
wiwit énjang ngantos dalu,
ramé-ramé ngupaboga,
ora ngétung sayah kesel ngelak ngelu,
mangkono sadina-dina,
sregep sengkut nambut kardi,

winarna = kacarita
taberi = sregep
ngupaboga = golék pangan
nambut kardi = nyambut gawé
K. TEMBNUG LINGGA.
 Tembung-tembung ing ngisor iki golèkana asalè!

wiwitané = ..........
kancané = ..........
cacahé = ..........
warnané = ..........
wujudé = ..........

bebarengan = ..........
gegodhongan = ..........
rerembugan = ..........
rerukunan = ..........
geguyon = ..........


9. Ora narima ing pandum

 Dongèngé simbah
 Dhèk jaman kuna, aku durung ana, ana wong telu padha paseduluran. [ 39 ]Sing siji pakaryané dadi undhagi. Mulané katelah Karta Undhagi. Sijiné pakaryané dadi jlagra. Mulané katelah Karta Jlagra. Sijiné manèh dadi greji, Mulané katelah Karta Greji.

Anuju sawiji dina wong telu padha rerasan. Tembungé Karta Undhagi : “Aku iki salawasé urip karo kayu. Suwé-suwé jelèh uripku”.

Karta Jlagra sumambung : “Aku mengkono uga, Salawasé urip mung karo watu. Suwé-suwé bosen uripku".

Karta Greji mangsuli : “Aku ora béda karo kowé. Saben dina uripku karo gombal, Uripku nganti nggombal, durung tau urip mulya".

Karta Undhagi celathu manèh, tembungé : “Sarèhné awaké dhéwé iki kabawah ing ratu, ayo saiki bebarengan sowan nyuwun kamurahan. Kepriyé supayané awaké dhéwé bisa urip mulya".

Karta Jlagra lan Karta Greji sarujuk. Wong telu nuli mangkat menyang praja, arep sowan Sang Prabu.

Bareng teka ing kraton, kepareng marak ngarsaning Sang Prabu.

Sang Prabu ndangu : “Apa prelumu kowé padha sowan mréné?”

Karta Undhagi matur : “Abdi dalem kawula sowan nyuwun marginipun mulya”.

 “Urip mulya kepriyé?”

“Abdi dalem kawula kepéngin gesang kados sudagar, sugih emas picis raja brana”.
“Kowé wong telu, apa bener mangkono karepmu?”
“Nuwun, inggih makaten”, sauré bebarengan.
“Enya, iki dhuwit. Anggonen pawitan dedagangan. Yèn genep sataun padha sowana mréné, aturna kawusanané!”

Wong telu padha nampani dhuwit emas. Cacahé nglimang atus ringgit.

Sawisé iku nuli bali. Wong telu mbudidaya ngundhakaké dhuwit emas iku. Wong telu béda-béda pangalamané, béda-béda nasibé.

Bareng wis genep sataun padha bebarengan sowan Sang Prabu.

 Sang Prebu ngandika : "Kepriyé kawusanané dhuwitmu?”
 Karta Undhagi matur : “Abdi dalem boten pikantuk bebathèn.
Arta gangsal atus ringgit telas kula anggé nedha. Samenika kula trimah dados undhagi kémawon".

[ 40 ]

Karta Jlagra sumambung : "Abdi dalem boten saged ngginakaken arta peparing panjenengan dalem. Arta gangsal atus ringgit telas kula anggé ngabotohan, awit kula boten saged among dagang. Samenika kula trimah jlagra kémawon".

Karta Greji matur : "Abdi dalem kawula mekaten ugi. Abdi dalem ajrih ngginakaken arta peparing panjenengan dalem. Samangké arta taksih wetah, amargi namung kula pendhem. Sumangga katur kondur ing panjenengan dalem. Abdi dalem trimah dados greji kémawon".

Sang Prabu ngandika : "Wis kowé padha narimaa ing pandum. Saiki padha balia lan sregepa nyambut gawé kaya semesthiné!'

Wong telu padha mundur, bali nyambut gawé kaya wingi nguni.


A. PITAKONAN.

  1. Wacan iku nyaritakaké lelakoné wong telu.
Sapa jenengé? Apa pagawéané?
  1. Sapa sing rerasan dhisik dhéwé?
  2. "Salawasku urip mung karo watu".
Sapa sing rerasan mangkono?
  1. Sapa sing uripé nggombal?

[ 41 ]

Nyuwun marang sapa?
  1. Wong telu padha arep nyuwun kamurahan.
  2. Wong telu apa kepareng marak Sang Prabu?
  3. Sang Prabu paring apa? Pira akèhé?
  4. Bareng wis sataun wong telu iku apa padha urip mulya?
  5. Sapa sing dhuwité entèk? Kanggo apa?
  6. Sapa sing dhuwité wutuh?

B. NGOWAHI TEMBUNG.
Tembung-tembung kang dikurung ing ukara ngisor iki owahana supaya mathuk karo ukarané!
Anuju sawiji dina wong telu padha (rasa).
Aku ora (rasa) manggon ing kutha.
Madu iku (rasa) legi.
Bocah telu padha (rasa) kancané.
Sirahku (rasa) ngelu.
Wong telu (atur) bebarengan.
Layang iki (atur) marang gurumu!
Serat (atur) ingkang rama.
Bocah iku ora ngreti (atur).
Eyangmu (atur) tindak mréné!

C. TEMBUNG KRAMA.
Tembung-tembung kang dicap miring tulisen, banjur terangna ngokoné!
Karta Greji trima dados greji.
Hastuti saweg dandos badhé dhateng peken.
Tiyang menika ngupados tedha.
Sinten ingkang lados?
Samangké arta kula taksih wetah.
Kula badhé panjenengan segah menapa?
Dhusun ngriki radi resah, kathah pandung.
Griya menika taksih kekah.
Sang Prabu ndangu tiyang tiga.
Anggènipun késah ngantos dangu.

D. KOSOK BALEN.

urip mulya X urip ........
angka genep X angka ........
lemah cengkar X lemah ........

[ 42 ]

bocah sabar
jaman kuna
barang cuwèr
sega akas
dalan rata
budi luhur
kéwan ingon

X bocah ..........................
X jaman ..........................
X barang .........................
X sega .............................
X dalan ............................
X budi ..............................
X kéwan ..........................

E. TEMBUNG KAWI.

Tembung sisih kiwa golèkana jodhoné ing sísih tengen!

karya
néndra
lumaksana
mijil
narpati
wardaya
siswa
dwija
yayah
réna

~ mlaku
~ ratu
~ gawé
~ bapa
~ turu
~ ibu
~ ati
~ murid
~ guru
~ metu

F. DHIKTE/ NYEMAK.

paseduluran; pakaryané: katelah: rerasan; salawasé;
sumambung: nggombal; sarèhné; bebarengan: kamurahan
supayané: sarujuk; kepéngin: dedagangan: kawusanané;
pawitan: mbudidaya: pikantuk; bebathèn; ngabotohan;
kémawon; samangké; sumangga; katur; narima.

G. KAWRUH BASA.

Kowé apa wis tau krungu tembung :
raja; lurah: demang: ulu-ulu; kebayan; kamituwa;
carik: patih: bupati; nayaka; wadana; panèwu?

H. NULIS JAWA.

gelem
lemu
pulen
ulet
salep

reja
arep
merem
bureng
cureg

prelu
kretu
sreban
sreban
dremba
tresna

kriya
priya
ngriku
bribil
srinthil

[ 43 ]I. TEMBANG.

SINOM.
Para anom ngawruhana,
samubarang tindak sisip,
dora cidra singkirana,
amrih rahayuning dhiri.
Lan manèh lamun angling,
aja agé-agé muwus,
pikiren mrih raharja,
rinasaa jroning ati,
duga-duga ywa karya sriking sasama.
sisip = luput nuwus = celathu; kandha
dora = ala raharja = becik
cidra = goroh ywa = aja
amrih = supaya serik = lara ati
rahayu = slamet; becik sasama = pepadha
lamun = yèn angling = celathu; guneman




10. Esuk dhele sore tempe

Paribasan iku nyemoni wong kang méncla-ménclé gunemé Esuk saguh, soréné njabel kasaguhané. Gunem saiki béda karo gunem mengko. Watak mangkono iku ora becik.

Saiki sing dak rembug dudu bab paribasan iku, nanging bab dhelé. Kowé wis ngreti ta wujudé dhelé utawa kedhelé? Sangretiku kedhelé iku ana warna loro. Dhelé ireng lan dhelé putih.

Yèn kepengin nandur kedhelé gampang. Sing lumrah mung disebar ing sawah kang pariné mentas dienèni.
Déné carané mangkéné : Sawisé pari dienèni, damèné dierit utawa dirubuhaké. Urut pinggir lan tengah digawé paliran, Paliran yaiku kalènan cilik kanggo ngesat banyu, awit wit kedhelé ora seneng kembong banyu. Yèn kembong banyu gampang layu.

Sawisé banyuné asat lagi disebari wiji kedhelé. Yèn wis sawatara dina kedhelé iku thukul. Sadurungé tuwuh lan agodhong loro utawa telung lembar becik ditunggu, awit kadhang kala diteba manuk.

Sawisé katon ijo royo-royo rabukana. Rabuké awu utawa mendhil wedhus. [ 44 ]Kedhelé uga lumrah ditandur ing tegalan. Carané béda karo yèn katandur ing sawah. Sadurungé kudu gawé clowokan dhisik. Piranti kanggo gawé clowokan jenengé panja. Wujudé mèmper tumbak kayu.

Clowokan iku diisi wiji kedhelé loro utawa telung elas. Supaya ora dicucuki manuk utawa pitik becik diurug lemah sathithik.

Sawisé iku kari nunggu wetuné. Mung waé yèn suketé lemu prayoga didhangir lan dirabuk. Gampang ta, carané wong nandur kedhelé iku?

Kedhelé iku gedhé pédahé. Kena digawé témpé, tahu, kécap, taoco. Pèyèk kedhelé uga énak. Kanggo sambel geplang jaré iya énak. Malah saiki ana pabrik sing gawé powan tiron nganggo kedhelé uga.

Ayo padha nandur kedhelé kanggo wuwuh-wuwuh tambah butuh. Nanging aja ngugemi paribasan : Esuk dhelé, soré témpé!


A. PITAKONAN.

  1. Paribasan iku uniné kepriyé? Nyemoni sapa?
  2. Watak mangkono iku apa becik?
  3. Kedhelé iku ana warna pira?
  4. Lumrahé ditandur ing endi? -
  5. Paliran iku apa? Apa gunané?
  6. Supaya lemu tanduran kedhelé kudu karabuk.
Apa bener? Apa rabuké?
  1. Wiji kedhelé uga sok ditandur ing endi?
  2. Apa mungsuhé tanduran kedhelé iku?
  3. Kedhelé iku kena kanggo gawé apa?
  4. Nandur kedhelé kena kanggo tambah butuh.
Apa sebabé?


B. NGOWAHI TEMBUNG.

 Tembung-tembung kang dikurung ing ukara iki owahana salaras karo ukarané!

Paribasan iku (semu) wong kang méncla-ménclé.
Bareng dijak jajan kancané (semu) isin.
Kepriyé carane wong (tandur) kedhelé?
Uler iku uga ngrusakaké (tandur) kedhelé.
Wiji kedhelé (sebar) ing sawah kang tanpa banyu.
Ama kedhelé (sebar) mrana-mrana.
Kedhelé kena (gawé) témpé lan tahu.

[ 45 ]Nyingkirana (gawé) ala!

Kedhelé uga (anggo) gawé powan tiron.
(Anggo) klambi bathik lan kathok bathik.

C. BASA KRAMA.

Piwulang nomer Bing dhuwur garapen lan salinana basa krama!

D. DHIKTE.

méncla-ménclé
pringas-pringis
cléwa-cléwo
klomat-klamet
klelar-kleler
kresag-kreseg

wira-wiri
konthal-kanthil
mobat-mabit
thingak-thinguk
ijlag-ijlig
ceblang-ceblung

E. NGRACIK UKARA.

Gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing piwulangnomer D kasebut dhuwaur!

Tuladha : Gunemé méncla-ménclé.
Bareng dijiwit pringas-pringis.

B. PARIBASAN.

Rampungna supaya dadi paribasan!

Esuk dhelé, soré.........................
Rawé-rawé rantas, malang- malang.........
Kulak warta, adol........................
Katépang ngrangsang......................
Nguthik-uthik, macan.....................
Ngubak-ubak banyu........................
Kemladhéan ngajak........................
Suduk gunting tatu.......................
Endhas gundhul...........................
Cébol nggayuh............................

gunung; sempal; témpé; loro; lintang; PINNGOn putung; bening; dikepeti; dhelé.

G. NULIS JAWA.

Piwulang nomer F kasebut dhuwur sawisé diisi tulisen [ 46 ]II. NGGANEPI UKARA.

Pak Karta njabel...................
Yamadipati jaré gawéné njabut......
Radèn Gathutkaca mothol............
Sudarna mentas mothèl..............
Bareng mambu telèk banjur mithes...
Pak Harja lagi mbedholi............
Bareng ak pangan aku ngulu.........
Harsini atep methik................
Karsana mentas munthes.............
Maling iku gawéné mbedhog .........

I. KAWRUH BASA.

powan liron
kéwan buron
pitik ingon
anak pupon
panèn gadhon

bayar sasèn
duwé impèn
banyu kalèn
bocah kerèn
wong lalèn

Tembung-tembung sing dicap-miring golèkana asalé!

J. NGARANG.

 Ngaranga bab :

  1. Carané gawé témpé.
  2. Carané gawé tahu.
  3. Carané nandur jagung.
  4. Carané nandur pari.
  5. Carané nandur kacang.

K. NGRAMPUNGAKE UKARA.

Clowokan isi wiji kedhelé iku urugana lemah supaya............
Urut pinggir wènèhana kalèn supaya ...........................
Suket sakiwa tengené tanduran bubutana supaya.................
Uleré patènana supaya ........................................
Supaya lemu tanduran kudu ....................................
Supaya ora bosok kedhelé iku kudu.............................
Supaya ora layu banyu ing sawah kudu..........................
Supaya énak kedhelé iku kudu .................................
Supaya dadi témpé kedhelé iku kudu ...........................
[ 47 ]L. CRITA.

Wacan ing dhuwur wacanen sapisan manèh. Yèn wis rampung banjur critakna marang kanca-kancamu lan migunakna basa krama!




11. Rukun agawé santosa,
Crah agawé bubrah

Saabad kepungkur, Ki Yasadipura, pujangga ing Surakarta crita mangkéné :

Ana alas gung liwang-liwung, wit-witané gedhé-gedhé. Prasasat dina lan wengi padha waé, awit padha petengé déning rerungkudané.

Kacarita ing alas kono akèh macané. Macan-macan seneng lan tentrem uripé, awit ora ana sing ngganggu gawé. Ora tau ana grema nyasak mrono, awit wedi.

Kosok baliné alas uga seneng, awit ora ana manungsa sing wani ngrusak tetandurané.

Anuju sawiji dina alas rerasan, ngunandika mangkéné : "Saupama ora ana aku, kabèh sato kéwan ing kéné mesthi mati. Grema mesthi teka mbedhili macan. Wong-wong padésan padha teka [ 48 ]numbaki cèlèng lan menjangan. Ewa semono durung tau kéwan-kéwan iku awèh panarima marang aku. Malah padha pating glero pating glembor, swarané mbrebegi kuping".

Ratuning macan krungu, nuli celathu : "Anèh kandhamu iku alas, ngabangaké kupingku. Embok aja kegedhèn rumangsa. Saupama ora ana aku lan bangsaku, kiraku alas iki wis rusak biyèn-biyèn. Wong-wong padésan mesthi mréné mbabadi alas iki kanggo padhukuhan. Kayu-kayuné diobong kabeh, wasana sirna".

Alas mangsuli sentak : "Hé, macan. Degsura kandhamu. Kaya-kaya ora ana gunané aku memitran karo bangsamu. Ayuh, lungaa saka alas kéné. Bangsamu jaken kabèh!"

Ratuning macan serik atiné. Bareng teka ing krajané nuli ajak-ajak sakabèhing macan lunga saka alas kono. Kéwan-kéwan liyané uga mèlu, ngumbara ing padésan. Alas dadi sepi mamring.

Wong-wong padésan padha rame-rame mbedhili macan, numbak cèlèng lan buron liyané. Macan lan cèlèng mati dadi iwak dhèndhèng.

Saiki wong-wong padésan padha seneng-seneng mbabadi alas. Kayu-kayu ditegori kanggo kayu obong diedol menyang kutha. Suwé-suwé alas dadi gundhul. Sing tuwuh kari suket lan gegrum cilil-cilik.

Mangkono, critané Ki Pujangga.

A. NYURASA WACAN.

 Wacan ing dhuwur surasan, yèn uwis ukara-ukara ing ngisor iki bener apa luput surasané. Yèn luput benerna!

  1. Wacan iku karangané pujangga kang asma Ki Yasadipura.
  2. Pujangga kasebut asal saka Surabaya.
  3. Wacan iku isi critané alas lan singa.
  4. Alas kang kacrita iku gedhé banget.
  5. Wiwitané macan seneng urip ana ing alas kono.
  6. Wiwitané alas sengit marang macan.
  7. Ora suwé alas lan macan cecongkrahan.
  8. Alas rumangsa ngayomi macan.
  9. Macan lara atiné, nanging ora gelem lunga saka alas kono.
  10. Wasananing carita, alasé rusak, macan-macan isih padha urip.

B. NGOWAHI TEMBUNG.

 Tembung-tembung kang dikurung ing ngisor iki owahana. Wènèhana ater-ater ka- utawa ke- lan panambang-en! [ 49 ]

Si alas (gedhé) rumangsa.
Anggoné ndhudhuk luwangan (jero).
Gambaranmu (apik).
Wènterané (abang).
Taliné (dawa).
Anggoné ngukur dalan (kidul).
Anggoné nggodhog téla (mateng).
Anggoné nganji mori (kaku).
Anggoné nggulani jangan (legi).
Anggonku mangan sega wareg).

C. NGRAMPUNGAKE UKARA.

Pujangga ngarang ................................
Sarinah ngroncé ...................................
Bu Suma ngracik ..................................
Pak Darma njilid ....................................
Pak Sura ngragum ................................
Pak Karta ngirat ....................................
Pak Sasra ngebyok ...............................
Hartana ngikal .......................................
Yu Minah mulung ..................................
Parmana mbrongsong ..........................

D. KAWRUH BASA.

Ukara-ukara ing ngisor iki surasanen. Bener apa luput. Yèn luput benerna lan terangna luputé!

Grema iku gawéné mbabadi alas.
Pujangga iku gawéné kirim layang.
Jlagra iku tukang gawé dandang, wajan lan kendhil
Mranggi iku tukang gawé bala pecah.
Greji iku bakul kathok lan klambi.
Gemblak iku tukang cukur.
Srati iku tukang ngrumat jaran.
Gamel iku tukang ngrumat gajah.
Pakathik iku wong kang gàwéné nimba.
Nujum iku wong kang gawéné nambani wong lara édan.

E. DHIKTE/NULIS JAWA.

rerungkudan
memitran

bebandan
kekudangan

[ 50 ]

rerasan
gegrumbulan
kekembangan

thethukulan
kekancan
tetembungan

F. MILIH TEMBUNG.
Pilihen tembung kang cocog karo ukarané!
Grema (mbedhili; mbedhil). kéwan-kéwan galak.
Pak tani (nanduri; nandur) wiji pari.
Ula (mara; marani) gitik.
Wong-wong padésan (mbabad; mbabadi) tetanduran ing alas.
Swarané (mbrebegi; mbrebeg) kuping.
Alas (mangsuli; mangsulaké) sentak.
Wong-wong (negori; negoraké) kayu-kayu.
Murid-murid (ngrungoni; ngrungokaké) wulangan.
Celathuné (ngabangi; ngabangaké) kuping.
Cengkiré (nibani; nibakaké) gendhèng.

G. TEMBUNG TUNGGAL TEGES.
Tembung-tembung kang dicap miring gantinen tembung liya kang padha tegesé!
Rina lan wengi padha waé petengé.
Alas lan macan padha memitran.
Macan-macan iku ora duwé ratu.
Pujangga pinter nganggit' crita.
Ing kéné ora ana sato alasan.
Kandhané si alas aèng.
Kéwan-kéwan padha ngumbara ing padésan.
Wong-wong padésan padha mburu kéwan iku.
Macan lan cèlèng padha palastra.

H. TEMBUNG KAWI.
 Tembung-tembung ing ngisor iki araning kéwan. Gantimen tembung jeneng kéwan kang lumrah keprungu!

turangga =............... wanara =...............
maésa =............... kuda =...............
èsthi =............... mina =...............
andaka =............... sarpa =...............
kukila =............... kaga =...............

[ 51 ]

12. Kasarasan langkung pangaos katimbang emas

Sesorahé Mantri Kasarasan :

Sadhèrèk-sadhèrèk, kasarasan menika ageng aosipun. Sanajan sugih bandha bandhu, manawi badan boten saras, gesangipun susah. Wonten tiyang cariyos, sakit menika sekaring pejah.

Mila tiyang kedah resikan supados boten katrajang sesakit. Supados boten gampil katrajang sesakit tiyang kedah jagi-jagi. Sapisan, tiyang kedah njagi bab tedha. Tedha ingkang badhé kadhahar kedah resik tur saé. Tetedhan mambet utawi wayu túwin wowohan enèm gampil nuwuhaken sesakit.

Kaping kalih, tiyang kedah njagi griya. Griya kedah resik tur padhang. Griya ingkang peteng, sawangipun pating granceng, uwuhipun ngundhung-undhung temtu dados susuhing sesakit. Tiyang ingkang manggèn ing ngriku temtu tansah boten saras, sesakiten. Laré ingkang manggèn tansah nandhang watuk, pileg. Mila griya kedah mawi jendhela, supados angsal sunaring surya, hawa saged gilir gumantos, tansah resik.

Kaping tiga, tiyang kedah njagi latar tuwin pakarangan. Latar kedah tansah resik, sampun ngantos nandheg uwuh. Uwuh bosok [ 52 ]dados susuhing wiji sesakit. Menawi laler méncok ing ngriku wiji sesakit katut ing suku laler. Mangka laler menika seneng méncok ing tetedhan. Kados pundi upami tetedhan menika lajeng mlebet weteng?

Pakarangan ugi kedah resik, sampun ngantos wonten toya mambeg, mindhak kanggé nigan lemut malaria.
Kaping sakawan, tiyang sampun ngantos bebucal saenggèn-enggèn. Kakus kedah katutup rapet, supados boten kasaba laler, tur ambetipun boten ngambra-ambra.

Tiyang sesakiten boten badhé saged nyambut damel. Saupami tiyang sugih dangu-dangu badhé telas bandhanipun, katedha tuwin kanggé nyekapi betah sanèsipun.

Para sadherèk, mugi anggatosna kasarasan panjenengan. Kasarasan langkung pangaos katimbang emas.

A. PITAKON.

  1. Wacan iku isi sesorahé sapa?
  2. Kasarasan karo bandha aji endi?
  3. Supaya ora ketrajang lelara awaké dhéwé kudu kepriyé?
  4. Apa prelu awaké dhéwé njaga pangan?
  5. Apa preluné omah kudu tansah resik?
  6. Omah kang peteng ora becik. Apa sababé?
  7. Omah kudu duwé jendhéla.
    Apa gunané jendhéla iku?
  8. Généa awaké dhéwé ora kena nandheg uwuh?
  9. Banyu ora kena mambeg ing pakarangàn.
    Apa sababé mangkono?
  10. Kakus kudu katutup rapet.
    Apa pamrihé?

B. NGOWAHI TEMBUING.

Tembung "sakit" dadi "sasakit" utawa "sesakit". Tembung iku dirangkep wandané kang mgarep. Coba tembung-tembung ing ngisor iki uga owahana kaya tuladha kasebut!

Kathah tiyang sami (sabin)
Tiyang-tiyang ing dhusun ngriku seneng (dana).
Pak Wangsa (griya) ing pinggir lèpèn.
Pak Lurah (dalem) ing dhusun Gadhingreja.
Sami tresnaa dhateng (sami)!

[ 53 ]Bima uga (parab) Hany Wrekodara.

Yèn mangsa badhidhing wong-wong padha (geni).
Manuk branjangan (kejer) ing awang-awang.
Wis awan kok isih (kemul).
Embah Darma dadi (tuwa) ing désa kéné.

C. KAWRUH BASA.
 Tembung-tembung kang kaecap miring terangna tegesé!
Kasarasan menika ageng aosipun.
Prajurit-prajurit sami mandhi waos.
Laré menika kraos sakit.
Adhik kula sampun saged maos serat kabar.
Babon menika gumatos dhateng dhak-anakipun.
Sardiman saweg dandos badhé dhateng peken.
Napa samang empun tumbas mrios?
Kula naté mireng cariyos uthak-uthak ugel.
Bapak mentas gerah waos.

D. TEMBUNG LINGGA.
 Tembung "kadhahar" linggané "dhahar"
 Tembung-Tembung ing ngisor iki golèkana linggané!

gesangipun linggané ..........
resakipun linggané ..........
njagi linggané ..........
mambet linggané ..........
tetedhan linggané ..........

méncok linggané ..........
kanggé linggané ..........
kabucal linggané ..........
kabucal linggané ..........
kasarasan linggané ..........

E. DHIKTE/NYEMAK.
pangaos: sesorah; bandha-bandha; saras; gampil; mambet; wayu; sawangipun; granceng; ngundhung-ngundhung; sunaring surya; gilir gumantis; nandheg; mambeg; bebucal; ngambra-ambra; anggatosna.

F. NGARANG/CRITA.

  1. Resikan.
  2. Resik-Resik omah.
  3. Adhiku ara.
  4. Tilik wong lara.
  5. Eyang kula gerah. [ 54 ]G. NGRACIK UKARA.
Gawéa ukara nganggo tembung :
ngundhung-undhung ngumbruk-umbruk
kimplah-kimplah ngaluk-aluk
munthuk-munthuk nyamut-nyamut
membleg-membleg ngambra-ambra

H. KAWRUH BASA.

Sekar menika ngokonipun
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Sekar gendhis namaning
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Sekar kedhaton sesebatan kanggé
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Sekar Wijayakusuma namaning
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kembang waru menika namaning
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kembang telon inggih menika
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kembang api menika namaning
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kembang pilang namaning
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kembang pathèk inggih menika
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kembang asem menika namaning
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

NULIS JAWA.

 Tulisen nganggo aksara Jawa. Endi sing kena ditulis nganggo aksara murda? Bathara Kresna.
Prabu Baladéwa.
Kangjeng Sultan Agung.
Pangéran Adipati Anom.




13. Ngréwangi apa ngrusuhi?

Ciit .........., ciit ......... Dèn Baggusé nunggang pit. Macak mlithit, kopat-kapit.

Hara, para maos, tak kira priksa, sapa sing diparabi Dèn

Bagusé? [ 55 ]

Angger wong ngreti. angger omah dadi dalemé Dèn Bagusé iku.

Priyayiné mono katoné ndemenakaké. Lembah manah, merak ati. Mung mbeleré sing sok gawé mangkel lan gemes.

Luwih-luwih yèn ndeleng wandané.

Irungé mbangir, brengosé crapang, nganti kaya brengosé Harya Wéjaséna satria ing Jodhipati. Kuduné angger wong tresna lan kepéncut marang dhèwèkė. Nanging malah kosok balèn. Sapa sing weruh énggal nyekel gebug, kepéngin menthung sirahé.

Saupama bebudèné becik kena kanggo kanca tunggu omah. Nanging kocapa, apa waé sing kelalèn anggoné nyimpen mesthi dadi rejekiné. Krambil dikrikiti, sega diinyak-inyak. Luwih-luwih yèn ana dhèndhèng lali ora dientas, gèwel, gèwel, dimangsa ora tawa-tawa, entèk tanpa sisa.

Hara, sapa satemené iku? Ora liya Dèn Bagus Tikus, sing awatak kumenthus, ora pecus, ora urus

Delengen lagaké yèn ana ing omahmu. Rumangsané rak kaya sing duwé omah. Wira-wiri, mrana-mréné kepénak waé. Baris ngulon, baris mangétan kaya prajurit njaga prajané. Yèn wis sayah banjur mlebu lumbung mangan pari. Kadhang kala banjur mbukak lemari mangan sega utawa roti. Sapa sing ora gething marang dhèwèké?

Katoné ngréwangi, nyatané ngrusuhi. Rak iya ta?

A. PITAKONAN.

  1. Sapa sing diparabi Dèn Bagusé?
  2. Tikus iku katoné kepriyé?
  3. Apa angger wong seneng marang tikus?
  4. Tikus mbeler.
    Apa buktiné?
  5. Angger wong sing weruh kepéngin menthung.
    Apa sababé?

[ 56 ]

  1. Tikus iku gawéné ngrikiti apa?
  2. Yen ana dhendheng lali anggoné ngentas kepriyé?
  3. Kepriyé lagaké si tikus iku?
  4. Tikus iku seneng mlebu lumbung.
    Apa preluné?
  5. Tikus dadi réwang apa mungsuh tumrap manungsa?

B. NGOWAHI TEMBUING.
Tembung-tembung sing dicap miring owahana salaras karo ukarané!

Sapa sing parab Dèn Bagusé?
Harya Wéjaséna uga parab Wrekodara.
Sariman iku parab si Kuncung.
Tikus iku ton ndemenakaké.
Ing pasar malem akeh ton.
Aku durung tau ton ana gedhang awoh gori.
Deleng lagaké tikus kaé!
Sirahku mumet, deleng buyer.
Tontonan iku ora pantes deleng ing wong akeh.
Anggoné deleng nganti mantheleng.

C. KOSOK BALEN

irungé mbangir
ora tresna
bocah temen
bocah ngebrèh
bocah demenakaké
bocah andhap asor
bocah ambek siya
bocáh kemproh
bocah cingèng

X irungé ......................
X ora ...........................
X bocah ......................
X bocah ......................
X bocah ......................
X bocah ......................
X bocah ......................
X bocah ......................
X bocah ......................

D. NULIS JAWA.

ngréwangi
ngrusuhi
ngrusakaké
ngregedi
ngrasakaké

mbeler
mbangi
mbagusi
nggebugi
ngguyokaké

[ 57 ]E. NGISI UKARA.

Titik-titik ing ukara iki isènana tembung kang mathuk karo ukarané!

Tikus lan bajing iku gawéné ............. krambil.
Aku weruh ula lagi ............. precil.
Delengen kaé, ana cecak ............. lemut.
Yèn bengi akèh kalong ............. pelem.
Asu iku gawéné ............. legèn.
Asu iku pinter ............. laler.
Manuk glathik iku pinter ............. gabah.
Dhek wingi ana baya ............. pitik kèli.
Mau ana manuk cangak ............. iwak.
Macan iku gawéné ............. cempe.

F. KAWRUH BASA.

Sesebutan "Radèn Bagus" sok dicekak "RB". Terangna cekakan ing ngisor iki!
Rr; RA; RM; Rng; RMNg; RNg; RT; RP; KRT; BRA; BRM; KGPAA.

G. KAWRIH BASA.

Ganepana!

.................... mbangir
.................... njedhir
.................... crapang
.................... sempug
.................... tépos
.................... blalak-blalak
.................... mingir-mingir
.................... dhileng
.................... pécé

.................... ndungis
.................... céko
.................... kithing
.................... pithet
.................... nonong
.................... bekèl
.................... bodong
.................... kempot
.................... manyul

H. NGRACIK UKARA.

Gawéa ukara nganggo tembung :

luwih-luwih
seneng-seneng
rengeng-rengeng
kipa-kipa
dheleg-dheleg

gedheg-gedheg
liyer-liyer
lenger-lenger
merem-merem
kethip-kethip

[ 58 ]I. NGARANG.

Ngaranga bab : tikus, bajing, trewèlu utawa marmut!
a. Iku kalebu bangsanė apa?
b. Iku kéwan kang migunani apa ora!
c. Lan sapanunggalané.




14. Mula bukané kucing mungsuhan karo tikus

Dongèngé simbah.

Dhek jaman biyèn, ana wong désa duwé ingon-ingon jaran, asu lan kucing.

Yèn dina Paing wong désa iku dodolan pametuning kebon menyang pasar, Pametuning kebon iku, kaya ta : krambil, gori, kluwih lan sukun.

Anggoné. nggawa dimot ing dhokar. Dhokar iku digèrèd déning wong désa iku dhéwé.

Anuju sawiji dina wong désa iku arep menyang pasar. Dumadakan sikilé midak beling, dadi ora bisa nggèrèd dhokaré.

Wong désa marani jaran, celathuné : "Hé, jaran. Kowé iku gawému mung turu, mangan lan ngombé. Aku tulungana, gèrèdna dhokar iki menyang pasar!" [ 59 ] Jaran mangsuli : "Bandara, kula boten purun. Ratu kula ngawisi bangsa kula nyambut damel awrat".

 "Apa bener kandhamu?"

 "Leres. Manawi boten pitados kula gadhah serat saking ratu kula".

 "Endi layangé?"

 "Wingi dipun sambut segawon".

 Wong désa marani asu, banjur takon :"Asu, apa bener kowé nyilih layangé jaran?"

 "Inggih leres, nanging samenika dipun bekta kucing".

 Wong désa marani kucing, banjur takon : "Kucing, apa bener kowé nggawa layangé asu?"

 Inggih leres. Kula simpen wonten nginggil lemantun.

 "Endi, jupuken!"

 Kucing munggah lemari, weruh ana tikus lagi nyacah layang. Tikus digetak, mlayu njranthal.

 "Kucing njupuk layang sing wis ajur mumur, banjur dicaosaké bendarané.
"Bendara, menika, seratipun".

 Wong désa muring-muring, awit layangé rowak-rawèk. Nuli celathu marang jaran : "Jaran, layang saka ratumu wis ora kena diwaca, awit dicacah déning tikus. Wiwit dina iki kowé kudu nyambut gawé lan kudu gelem nggèrèd dhokar lan sapanunggalané!"

 Jaran gething marang asu, awit asu dikira sing luput. Asu gething marang kucing, awit kucing dikira sing luput. Kucing gething marang tikus. Angger tikus katon sanalika dioyak, yèn kecandhak dicácah-cacah, dimangsa dagingé.


A. PITAKONAN.

  1. Wacan iku isi dongengé sapa?
  2. Dongèng bab apa?
  3. Wong désa iku ngingu apa?
  4. Wong désa iku duwé pametu apa?
  5. Anuju sawiji dina wong désa iku arep menyang endi?
    Arep adol apa?
  6. Généa wong désa iku ora bisa nggèrèd dhokaré?
    Banjur njaluk tulung sapa?
  7. Jaran ora gelem nggèrèd dhokar.
    Apa santolané?
  8. Jaran iku duwé layang.
    Saka sapa layang iku?

[ 60 ]

  1. Layang iku disimpen ing dhuwur lemari.
    Sapa sing nyimpen?
  2. Layang iku rusak.
    Apa sababé?

B. KRAMA NGOKO.

 Tembung-tembung sing dicap miring golèkana tembung ngokoné!

Ratu kula ngawisi bangsa kula nyambut damel awrat,
Griya kula ing Kawisnangka.
Siwa mentas tumbas pakawisan.
Kula mentas saking kitha Semawis.
Reginipun udakawis Rp. 500,—.
Kula ngawis Rp. 400,—.
Gelang menika pangawis Rp. 2.000,—.
Seratanipun boten katawis.
Tebihipun watawis kalih pal.
Rawisipun kandel tur ketel.

C. PARIBASAN.

Ukara-ukara ing ngisor iki rampungna supaya dadi paribasan!

Désa mawa cara, nagara mawa
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Dhandhang diunèkaké
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Diwènèhi ati ngrogoh
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kriwikan dadi
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kekudhung walulang
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Kandhang langit kemul
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Gupak pulut ora mangan
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Golèk uceng kélangan
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Ora ana kukus tanpa
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Nabok nyilih
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 


D. KOSOK BALEN.

Jaran iku kéwan ingon, dudu kéwan
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Tetanèn iku gawéan baku, dudu gawéan
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
Anggoné mangan diuja, ora tau
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Kowé mesthi mblénjani janji, ora tau . . . . . . . . . janjimu. [ 61 ]

Yèn tumandang gawé sing ngati-ati, aja ...............................
Sing jagong temantèn lungguhé léséhan ora ........................
Sapuné selèhna ing papan sing adhakan, aja papan sing ...
Sumini bocah gapyak, adhiné .................................................
Dhuwité kabeh tumanja ora ana sing ....................................
Aja seneng ngrusuhi wong nyambut gawé, luwih becik ......

E. NGOWAHI TEMBUNG.

Tembung-tembung kang dicap miring owahana salaras karo ukarané!

Wong iku kudu-dhemen tulung marang sapadha-padha.
Bocah sing klelep iku tujuné tulung.
Dhokter iku awèh tulung marang wong kang nändhang lara,
Jaré tulung, malah menthung.
Aku tulung, gèrèdna dhokar iki!
Kepriyé takon marang jaran?
Tikus lan kucing ora bisa takon.
Aku ora ngreti, takon sing ngguyang jaran
Sing ngguyang jaran takon, nanging ora wangsulan.
Sawisé kepethuk nuli padha takon.

F. NULIS JAWA.

Jaran képang
Jaran dhawuk
Tikus wirog

Kucing kembang asem
Kucing debog bosok
Jaran kembang durèn

G. NGGANEPI UKARA.

Kepriyé mula ............... kucing mungsuhan karo tikus?
Wis suwé wong'iku anggoné nandhang lara ........................
Pak Tani nyambut gáwé kaya adat .......................................
Tindak .............. é orà nyenengaké wong akèh ....................
Anggoné tiba nganti nungsang .............................................
Anggoné madhahi beras aja campur ...................................
Wong sadésa padha sayuk ..................................................
Désa kené tentrem, ora ana colong .....................................
Brandhal-brandhal padha njarah ............. ing kutha gedhé.
Yèn mangan becik nganggo duga .......................................

H. NGRACIK UKARA.

Gawéa ukara nganggo tembung :
rowak-rawèk         solan-salin

[ 62 ]

bopak-bèpèk       konthal-kanthil
mongan-mèngen     nolah-nolèh
loran-lerèn        klélat-klèlèt
konyal-kanyil       kompal-kampul.

I. UKARA PAKON.

Pilihen tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara pakon ing ngisor iki!

Aku (jupuken; jupukna) layang sing ana ing lemari!
Adhimu (gawénen; gawekna) layangan!
Layang iki (wacanen; wacakna) sing soral
Kakangmu (undangen; undangna)!
Kucingé (cekelen, cekelna) siji!
Jarané (pakakna; pakanana) suket!
Gawané (momotna; momoten)ing dhokar!
Kendhiné (isèkna; isènana) banyu tawa!
Bukuné (gambarna; gambarana) kucing
Adhimu (kandhakna: kandhanana) ibumu!

J. NGARANG/CRITA

Ngaranga utawa critaa bab gunané jaran!
a. Jaran iku kéwan sing kepriyé?
b. Apa gunané?
c. Jaran-iku apa waé jenengé?
d. Kepriyé pangrumaté?
e. Lan sapanunggalané.



15. LAYANG

Layang kanthi pandonga slamet marang putuku Abimanyu, siswa Purwawiyata ing Paguron Sokalima.

Wiyosé, kulup. Aku wis nampa kintaka saka jeneng sira, nyaritakaké manawa jeneng sira munggah kelas paguronira. Wus wasis olah kridhaning perang, trampil olah gegaman lan putus sawarna ning ngèlmu panah. Aku mèlu bungah, déné jeneng sira dadi bocah kang tumemen pasinaoné.

Welingku, kulup. Sawise jeneng sira dadi bocah wasis, pepak sawarnaning kawruh, aja banjur kumalungkung. Luwih becik [ 63 ]andhap asor. Aja ngedir-edirké kapinteranmu. Sapa sing gumedhé pratandhané iku wong cilik. Sapa sing kuminter, pratandhané iku wong bodho. Sapa sing kumingsun iku pratandhané wong cupet ing budi.

Kulup. bocah bagus. Sawisé tamat paguronira, aja banjur mandheg samono. Kawruh iku ora ana entèké. Banjurna anggonmu ngudi kawruh. Golèka guru kang luwih luhur. Ngupayaa pamulangan kang luwih jembar. Jeneng sira isih mudha, durung wayahé nyekel praja.

Kulup Abimanyu. Ora kendhat puji dongaku. Muga-muga anggonmu sinau pinaringan gangsar, énggal mundhak-mundhak kapinteranmu, wuwuh-wuwuh kawruhmu.

Sumurupa kulup. Wong ngudi kawruh iku abot lakuné. Kudu kanthi temen, tegen, mugen lan rigen. Apa maneh titi, tata lan tlatèn, karo déné tetep lan mantep.

Wasana, muga-muga kabeh kaparingana widada, kecekel apa kang kasedya.

Ngukiratawu, 14 Rejeb 1906.

Embahmu   

Ajar Pandhudéwanata 

A. PITAKONAN.

  1. Layang iku saka sapa marang sapa?
  2. Dhek kapan anggoné nulis?
  3. Abimanyu iku prenah apané?
  4. Abimanyu maguru ing endif
  5. Abimąnyu wis pinter apa?
  6. Watak kumalungkung iku apa becik?
  7. Watak andhap asor iku apa becik?
  8. Ajar iku ngendi pratapané?
  9. Wong ngudi kawruh kudu kepriyé?
  10. Kapriyé pamujiné Ki Ajar marang putuné?

B. NGOWAHI TEMBUNG

Tembung-tembung kang dicap miring owahana salaras karo ukarané!

Aku wis tanpa layangmu nalika tanggal patbelas kepungkur.
Dhuwit iki tampa marang adhimu!
Yen tampa barang kudu nganggo tangan tengen.
Sapa sing gedhé iku pratandhané wong cilik

[ 64 ]

Gedhé empyak kurang cagak.
Yèn dadi gedhé aja umuk!
Surup kulup, wong sinau iku kudu sregep!
Jaré sok ana wong surup sétan, aku ora ngandel
Sapa sing pinter iku pratandhané bocah bodho.
Yen golèk pinter kudu sregep.

C. TEMBUNG TUNGGAL TEGES.

Tembung-tembung sing dicap miring gantinen tembung liya kang padha tegesé!

Aku wis nampa kintaka saka kowé.
Abimanyu wus wasis olah perang.
Jeneng sira dadi bocah sing pinter.
Para murid golèk kawruh ing pawiyatan.
Mumpung mudha golèka kawruk utama!
Muga-muga kabèh kaparingan widada.
Angger temen-temen, apa kang disedya mesthi kelakon.
Aku arep sekolah ing pamulangan luhur.
Aja kendhat anggonmu sinau!
Sumurupa kulup, wong sinau iku ora gampang.

D. TEMBANG.

GAMBUH

  1. Wajibé murid iku,
    titi tlatèn anggoné sinau,
    ora wegah ora mamang ora wedi,
    samubarang kang kalaku,
    kudu bener lawan maton.
  2. Manawa golèk ngelmu,
    waspadakna aja nganti. klèru,
    ngelmu iku ana ala ana becik,
    miliha ngèlmu kang nyata,
    aja gampang gugon tuhon.

E. NUILIS JAWA.

Tembang ing dhuwur tulisen nganggo aksara Jawa!

F. MILIH TEMBUNG.

Pilihen tembung sing kokanggep bener kanggo ngganepi ukara ngisor iki! [ 65 ]

Jarit iki yèn dakenggo bebedan rada (cupet; cekak; cendhak).
Layang kabar iki ngemot crita (cüpet; cekak; cendhak).
Yen wis (cupet; cendhak; cekak) ududé buwangen!
Garisé kurang (bener; lenceng: lempeng).
Mlakua ngalor {bener; lenceng: lempeng), aja ménggak-ménggok!
Anggoné nyipat sing (bener: lenceng; lempeng)!
Mas Sutama iku priyayi (dhuwur; luhur; unggul).
Anggoné mènèk teka ing tataran kang (dhuwur; luhur; unggul) dhéwé.
Kapinterané luwih (dhuwur; luhur: unggul) katimbang kancane.

G. NGARANG.

Gawéa layang marang kancamu kang isiné kowé aweh kabar manawa anggonmu sekolah munggah klas nem!

H. NGRAMPUNGAKE UKARA.

Anggoné sekolah nganti ...............................
Anggoné nyambut gawé nganti ...................
Anggoné mangan nganti ..............................
Anggoné ngentèni nganti .............................
Anggoné mbengok nganti ............................
Jogané saponana nganti ..............................
Pitiké pakanana nganti ................................!
Tandurané siramana nganti ........................!
Kulahé tawunen nganti ...............................!
Berasé sosohen nganti ...............................!

I. CRITA.

Kowé apa wis tau maca layang kabar basa Jawa?
Yèn wis critaa marang kancamu.
Apa jenengé layang kabar iku? Apa waé sing kamot ing kono?
Lan sapanunggalané.

[ 66 ]

16. TETULUNG

Soré-soré Sutarti mlebu ing omah karo nggéndhong bocak lanang cilik. kira-kira. sangang taun umuré. Bocah iku jenengé Tompi, dlamakané gubras getih.

Sawisé bocah iku dilungguhaké ing ambėn, Sutarti nuli njupuk wédang anget lan pethèn wadhah tamba warna-warna.

Sutarti ora ngucap apa-apa, mung bikut ngupakara bocah iku Dhisiké wisuh tangan, banjur njupuk kapas kanggo ngresiki sikit sing ketaton. Getihé durung tuntas, isih mili dléwéran.

Tandangé Sutarti cak-cek kaya juru rawat. Sikilé bocah iku nuli dikesut nganggo banyu anget, déné dlamakané sing nandhang tatu diresiki nganggo banyu sing aran burwater. Tatuné dipèjèt-pèjèt supaya tuntas getihé lan maneh yèn ana reregedé supaya katut metu.

Si Tompi pringas-pringis ngampet larané.
Bareng wis resik temenan, tatuné nuli diusar-usari tamba warnané abang semu ireng, jenengé péru balsem. Tompi krasa lara. Katoné mimblak-mimblik arep, nangis.

Tatu iku nuli ditutup kapas resik lan diblebet mori lemes. Tompi dikon ngadeg lan nyoba mlaku. Lakuné kecincigan. Tompi ditakoni apa sababé tatu iku. Tompi crita, manawa mlayu-mlayu ngoyak layangan pedhot, dlamakané midak beling pecahan gendul.

Tompi nuli diteraké mulih marang omahé. Bareng teka ing omahé, wong tuwané Tompi senengé ora karuhan lan awèh panarima. Sutarti dialem, déné becik temen bebudèné. gelem tetulung marang, bocah kang. nemu kacilakan.

A. PITAKONAN.

  1. Sutarti nggéndhong sapa?
  2. Kira-kira bocah iku pira umuré?
  3. Bocah iku kena apa?
  4. Apa sing gubras getih?

[ 67 ]

  1. Sutarti njupuk wédang anget.
    Kanggo apa wédang iku?
  2. Tatuné diresiki nganggo apa?
  3. Sawisé resik nuli ditambani apa?
  4. Tatu iku kudu resik.
    Apa sababé?
  5. Tompi mimblak-mimblik.
    Apa sababé?
  6. Kepriyé wong tuwané Tompi sawisé anaké ditulungi déning Sutarti?

B. NGRAMPUNGAKE UKARA.

Sutarti njupuk kapas kanggo ...........................................
Dirham njupuk kapur kanggo ..........................................
Tini njupuk èmbèr kanggo ...............................................
Minah njupuk klenthing kanggo .......................................
Pak Karta njupuk slepèn kanggo .....................................
Dulah njupuk kreneng kanggo .........................................
Harna njupuk kisa kanggo ...............................................
Yu Dinah njupuk impes kanggo .......................................
Embok Karta njupuk jantra kanggo .................................
Harsana njupuk wedhung kanggo ..................................

C. NGOWAHI TEMBUNG.

Tembung-tembung kang dikurung owahana salaras karo ukarané!

Tatuné (resik) nganggo wédang anget.
Yèn ora (resik) gampang kena lelara gudhig.
Wong Sakampung padha (resik) ing pakarangané dhéwe-dhéwé.
(Tandang) Sutarti kaya juru rawat.
Yèn (tandang) gawé aja grusa-grusu!

[ 68 ]Gawéané durung (tandang) kabèh.

Sutarti seneng (tulung) marang pepadha.
Dhokter awèh (tulung) marang we lara.
Upaa kuthuk iku ora (tulung) mesthi klelep ing blumbang.
Awaké dhéwé kudu gelem (tulung) marang sapa waé.

D. MILIH TEMBUNG.
 Pilihen tembung sing mathuk karo ukarané!
Tangané sing tatu nuli (dibuntel; diblebet) mori lemes.
Kacangé (dibuntel; diblebed) dluwang koran.
Yu Minah (nggéndhong; mbopong) ténggok isi gori.
Yu Nisah (nggéndhong; mbopong) bayi karo tetembangan.
Gendéra iku (rupané; warnané) abang putih.
Bocah iku (rupané; warnané) bagus.
Angger-angger asu iku (nyaplok; ngemplok) laler.
Basuki lagi (nyaplok; ngemplok) sega sapulukan.
Pak Munir (nginceng; ngijen) manuk kang mencok ing pang asem.
Maling iku (nginceng; ngijen) saka jendhéla.

E. PARAMASASTRA.
 Tembung "krasa" mauné awujud tembung "krasa".
Tembung "mlebu" mauné awujud tembung "mlebu".
Terangna :

klepyur =................
klelep =................
blebeg =................
bleber =................
krelip =................
kretèp =................

prupul =................
prentul =................
krepes =................
kreseg =................
mlayu =................
mlaku =................

[ 69 ]F. NGRAMPUNGAKE UKARA.

Titik-titik ing ukara ngisor iki isènana tembung rangkep kang cocog karo ukarané!

Tatuné .......... supaya tuntas getihé. (pèjèt)
Tatuné dipèjèt-pèjèt supaya tuntas getihé.

Bocah iku.......... sangang taun umuré. (kira)
Kombang iku mabur.......... golèk kembang. (ider)
Anggoné nunggang pit isih .......... (égol).
Tatuné sing abuh.......... salep. (usar)
Tompi.......... nguyak layangan pedhot. (layu)
Badhu.......... karut dalan. (gélèng)
Wong ngemis iku.......... njaluk pangan. (asih).
Anggoné kathokan .......... katon wudelé, (èntèng)
Guruné gumun karo.......... dhadha (tebah)
Anggoné mlaku ............ mamburi. (tolèh)

G. NULIS JAWA.

Pringgas-pringis
Kriyap-kriyip
Krubyak-krubyuk
Klelar-kleler
Kluyar-kluyur

mangan klepon
jaran klelep
manuk swari
mangan kwèni
jajan kwaci

H. NGRACUT UKARA.

Sutarti nggéndhong Tompi

[ 70 ]

Sutarti       =  jejer
nggéndhong =  wasésa
Tompi       =  lésan

Garapen kaya tuladha ing dhuwur!

Guru mulang murid.
Hardi maca kolan.
Kirdi nulis layang.
Tuti ngrajang brambang.
Tinah nguleg sambel.
Giman negor wit munggur.
Hastuti ndondomi klambi.
Murwani methiki kembang.
Darmaya nglambeni adhiné.
Siswanta nggebugi asuné.

I. NGARANG.

Gawéa karangan nganggo irah-irahan :

  1. Nambani bocah lara.
  2. Tilik bocah lara.
  3. Nulungi bocah kasangsaran.
  4. Aku kepéngin dadi juru rawat.
  5. Nemu bilai

J. PITUTUR.

  1. Heh anakku. surasanen pituturku,
    jroning atinira,
    talitinen kanthi becik,
    mbokmanawa piguna tumraping sira.
  2. Gunem iku, bisa luput bisa klèru,
    sanadyan pintera,
    kadhang kala bisa sisip,
    wis kodraté manungsa ora sampurna.

[ 71 ]

  1. Mula iku, éling-éling pra siswaku,
    aja padha ndléya,
    sing nastiti ngati-ati,
    barang karya ywa kasesa kang prayoga.
  2. Aja lumuh, angudi sakèhing kawruh.
    tumrap uripira,
    ala apa wong marsudi,
    ora ana wong nacad pakarya tama.
  3. Sing mituhu, mring piwulang kang satuhu,
    aja agé nacad,
    yèn durung weruh lan yakin,
    lelimbangen mbokmanawa awèh begja.
  4. E anakku, élinga tutur rahayu,
    yogya tampanana,
    candhinen sajroning galih.
    mangka sangu urip anèng ngalam donya.

Ki Ajar Panular.

[ 72 ]

EJAAN BASA JAWA

a = aku, apa

b = bisa, ibu

c = cara, kacang

d = dudu, dadi

dh = dhuwit, adhi

e = emas, wulet

e (é,è) = résé, pèthèk

g = gaga, sega

h = saha, Daha

i = iki, rai

j = jaya, maju

k = kula, iku

l = lima, lola

m = mara, sami

n = nata, nini

ng = sang, wungu

ny = nyata, banyu

o = ora, elo

p = pipa, pupu

r =rasa, rupa

s = sapi, susu

t = topi, tatu

th = bathi, puthu

u = ula, wulu

w = siwa, awu

y = ayu, bayi

f, q, v, x, z miturut kaperluan.