Ngungak Isining Serat Astabrata

Sampun kaping kalih punika Tjabang Bagian Bahasa ing Ngajogjakarta ngedalaken buku isi gijaran-gijaran Radio, ing pangangkah murih sagedipun saja wradin, ugi wonten ing kalanganipun para saḏèrèk ingkang boten kagungan radio.
Wedalan ingkang rumijin kala wulan Nopember 1955, mawi basa Indonesia; déné samangké mawi basa Djawi,awit wonten ing raos langkung sreg, langkung maṯis. Punapa malih gijaran-gijaran punika ngrembag bab:
""Serat Astabrata"", ingkang sampun kauningan ing ngakaṯah menggah lebet-tjeṯéking suraosipun; pantes dados teturutan, tepa-palupining gesang bebrajan.
Mugi-mugi wedaling buku punika katampia déning para pamardi-pamarsudi basa, para siswa punapadéné para ahli raos kedjawèn.
N u w u n !
Ngajogjakarta, Desember 1958
Pemimpin
Tjabang Bagian Bahasa Jogjakarta,
R. S. PRAWIRAATMADIJA.
No.176/XII/58
SIARAN SEKSI BAHASA DJAWA TJABANG BAGIAN BAHASA
DJAWATAN KEBUDAJAAN KEMENTERIAN P.P. & K.
= NGUNGAK ISINING SERAT ASTABRATA =
Sarampunging pangudaraos kula bab serat Nitisruti keparenga kula ngaturaken anḏaran sawetawis bab serat Asṯabrata, djalaran ugi kawrat wonten ing Nitisruti. Bokmanawi para seḏèrèk sampun kaṯah ingkang sami nguningani, bilih isining Asṯabrata punika lugunipun dados péranganing serat Rama, inggih punika ingkang mratélakaken piwulangipun Sang Prabu Ramawidjaja ḏateng Radèn Wibisana, sareng sampun kadjumenengaken nata wonten ing Ngalengka nggentosi ingkang raka Prabu Dasamuka.
Kados boten prelu kaaturaken kanṯi rowa wonten ing ngriki kados pundi larah-larahipun, déné Arja Wibisana punika, ing ngatasipun satrija Ngalengka, tur rajining nata, teka ngantos mbalik suwita ratuning mengsah, saha mbijantu ngawonaken nagarinipun pijambak. Kauningana, Radèn Wibisana makaten satunggaling sinatrija ingkang nglenggahi kasatrijanipun. Wataking satrija punika nggonḏèli kaleresan. Sarèhning Radèn Wibisana mirsa bilih dununging kalepatan punika wontening Prabu Dasamuka, saha Sang Prabu boten kersa nḏahar ingatur jekti, mila Risang Sinatrija ladjeng mbalik ngréntjangi mengsah, djalaran pun mengsah punika leres. Éwasamanten para mijarsa, sareng ingkang raka Prabu Dasamuka katjunḏuk ing warastra dibja, djemparing Guwawidjaja dumugi ing séda, Arja Wibisana ndjerit lumadjeng ngrungkebi kunarpaning raka saha muwun memlas asih. Bab punika boten nggumunaken, djalaran saḏèrèk punika, bebasan: Téga larané ora téga patiné. [ 2 ] Prabu Ramawidjaja nguningani kawontenan ingkang makaten punika sanget trenjuh ing galih, tindak murugi Radèn Wibisana saha paring pangandika kaṯah-kaṯah, amrih ledjaring sungkawanipun Arja Wibisana. Inggih suraosing pangandika wau ingkang ing pawing kingipun ladjeng dados serat Asṯabrata.
asṯa = wolu; brata = lampah.
Pramila serat punika kawastanan Asṯabrata, djalaran manut isining serat wau saben ratu punika kadunungan déwa wewolu, ingkang lampah-lampaḥipun prajogi tinulad ing nata.
Sarèhning piwulang Asṯabrata punika dados péranganing serat Rama, mangka serat Rama punika anggitan Jajasipura I, punapa piwulang wau sanès karanganipun Sang Pudjangga Jajadipura pijambak ?
Sanès, djalaran Asṯabrata wau sampun kawrat wonten ing serat Rāmāyana Djawi Kina. Namung kémawon, inggih kados déné serat sanès-sanèsipun, ingkang mbal-tumimbal ka-nggit, kadosta: Serat Ardjunawiwaha, Déwarutji tuwin sanès-sanèsipun, tamtu ladjeng wonten suda wewahipun, makaten ugi serat Asṯabrata. Manawi ingkang Djawi Kina katanḏing kalijan ingkang Djawi Tengahan ingkang kawrat ing Nitisruti, bédanipun sampun katingal, langkung malih manawi kadjèdjèraken kalijan ingkang djarwa mawi sekar ageng utawi sekar matjapat, anggitan Jasadipura I. Kaṯah reritjikan-reritjikan ingkang kawewahaken, ingkang ing basa Djawi kina boten wonten, nanging ingkang ndjalari saja gesanging tjarijos, upaminipun: bab anggènipun Radèn Wibisana kaḍawuhan mantjaka ingkang raka, anggènipun Risang Sinatrija wungu nolih nḏeku ing ngarsanipun Sang Prabu Rama lan sapiturutipun.
Kados makaten kadadosanipun serat Asṯabrata. Dados manawi makaten wewahan-wewahan wau aḏapur pemanggihipun pun djuru nganggit pijambak, ingkang "ngénggalaken" (nganjaraken) punapa nḏapuk malih serat - serat ingkang sampun wonten. Amrih tjeṯanipun, sumangga sami [ 3 ]nanding pérangan-péranganing Asṯabrata ingkang Djawi Kina kalijan sanèsipun, ingkang baku-baku kèmawon.
Djawi Kina.
Nihan bratani sang hyangindrā lapĕn
Sirānghudanakĕn tumrĕpting jagat.
Sirāta tuladĕnta Indra-brata
Sudāna ya hudanta mangghyābi rāt.
Mangkéné bratané Sang Hyang Indra,
kang pantes tiniru
Pandjenengané maringi udan lan ngajemi djagat
Nulada bratané Hyang Indra iku
Iku peparing kang betjik, udanmu uga angelebana djagat.
Brataning Hjang Indra purwèng kawi
Sira ngudanaken kramaning rat
Amartèng djagat djagané
Sotya dana sumawur
Tan ana tan minartèng budi.
Tegesipun:
- Kang dadi wiwitaning tjarita bratané Hyang Endra
- Pandjenengané tansah mratakaké tataning djagat kang betjik.
- Tansah ngreksa marang karta rahardjaning djagat.
- Tansah dedana sotya marang sapaa waé
- Ora ana wong kang ora diénaki atiné.
Sekar Matjapat.
Lampahé Baṯara Endra
Ngudanaken wewangi ing sabumi
Dana sumebar sumawur
Maratani sadjagat
Kawaratan gung álit sawadyanipun
Pan nora amilih djanma
Lakunging Endra sajekti
Iku jaji lakokena
Sawadyané kabèh kawrat ing bumi.
Tegesipun:
kados sampun boten prelu kapratélakaken, djalaran sampun djarwa:
Tjobi kapirsanana. Tjeṯa sanget anggènipun saja mingsed saja mingsed. Ingkang mawi basa Djawi Kina isinipun tjekak. Peparingipun Hjang Endra awarni djawah, ingkang adamel tentreming bawana. Bab punika sageda katulad ing Radèn Wibisana, supados ugi ndjawahaken punapa kémawon ingkang saged damel tentreming nagarinipun, namung makaten isinipun. Nanging sareng kewrat ing Nitisruti, pakarjanipun Baṯara Endra sampun kauḏal dados: ndjawahaken tatanan ingkang prajogi wonten ing bumi ngreksa karta-rahardjaning bawana, dedana kasaénan ḏateng sintena kémawon saha tansah damel sakétjaning manahipun sadaja tijang.
≠ ngriki
Dumuginipun serat Rama Djarwa sekar Matjapat isining pérangan kapisan punika éwahipun saja kaṯah. Ing ≠ kapratélakaken, bilih Sang Hjang Endra punika tansah ndjawahaken wewangi wonten ing saindenging djagat, tansah paring dedana kasebar-sebaraken mradini sabuwana boten pilih djanma, tijang ageng utawi alit, sadaja sami kaparingan, malah ngantos dumugi para wadya bala pisan.
I. Djawi Kina.
Jama brata ḏumanḏa kar māhāla
Sirekana malung maling ya pĕrjah
Umilwa kita maḷwa ngoḷah salah
Asing ngumawarāng sarāt prih pati.
- Pakarjané Hjang Jama iku ngukum kang atindak ala
Pandjenengané ana ing kana ( = djaman kalanggengan) ngrangkèt maling-maling kang wus paḏa mati Mangkana uga sira ija midanaa wong kang laku salah Sing sapa dadi sanḏunganing djagat,
sirnakna.- Gumanti Jama brata
Ḏumenḏèng krama dur
Djana gelahing bawana
Jadyan manggéh ing braja si tan apilih
Maling malu ja pedjah
Umalwa-malwa ika nulahi
Solah asah umaweri sarat
Paran geng tanggja tenggeké
Saisja inalebur
Brasṯa tumpes tapis kabasmi.
- Saiki ganti pakarjané Sang Hjang Jama
Pandjenengané iku pakarjané ngukum
Durdjana reregeding bawana
Anggoné paring psukuman ora pilih-pilih,
sanadyan isih akrap
Sarèhning durdjana, jèn wis mati, ana ing
kana uga karangkèt.
Tansah ngudi sirnaning lijan kang pada
atindak dudu, agawé rerusuh,
Pada katigasan gulunipun lan kelebur
nganti sirna tumpes tapis babar pisan.
---
...........
Déné Jama lampahipun
Milara kranma ala
Wong durdjana ing pradja kabèh linebur
Nora nganggo kadang warga
Jén durdjana dèn patèni
Barang kang laku dursila
Ingupaja kabèh dèn osak-asik
Sanggoné ing ngungsi tinut.
Katjanḏak pinatènan
Reregeding pradja pinrih biratipun
Mangkono Baṯara Jama
Nggoning rumeksa pribadi.
Maling memalaning pradja
Pinrih ilang dursila ngreregedi
Angundangi wadyanipun
Tan kena ulah ala
Ingkang sanḑing panggawé ala tinunḏung
Kang ala wus pinatènan
Sadjinisé tumpes tapis.
Kang djinis panggawé ala
Lah anggonen Baṯara Jama jekti.
....................
Tegesipun sampun djarwa.
Ingkang kawrat ing serat Djawi Kina manawi katanḏing kalijan ingkang kasebut ing serat Nitisruti,éwahipun mèh boten wonten, nanging bilih kadjèdjèraken kalijan ingkang kapratélakaken ing serat Rama djarwa, wewahipun kaṯah sanget. Kjai Pudjangga Jasadipura I anggènipun ndjarwakaken pakarjanipun Baṭara Jama dipun kanténi katrangan-katrangan ingkang rowa, ingkang ndjalari saja gamblanging isinipun ingkang karembag.
Wasana kaparenga kula punggel samanten rumijin. [ 7 ]
Keparenga kula ngladjengaken nlusur mingseding isining serat Asṯabrata. Pakarjaning Hjang Surja kapratélakaken makaten:
Bhaṯara Rawi manghisep wwai lanā
Nda tan kara çanaih-çanaih dènira
Samangkana kitatalap pangguhěn
Tata gěrlisa yeka Surya brata.
Djarwanipun: Baṯara Surja iku tansah mengisep banju
Tumindaké alon-alon ora katara
Mangkono uga manawa kowé ndjupuk barang
Kang kokudi katemuné
Ija adja kesusu grusa-grusu.
(Djawi Tengahan).
Kaping tri jata surja
Brata kataruntun
Umisep tirta sadrasa
Tan karasa rasané sarèh ja déning
Tan angga gja sagatya.
Jèn angulih-ulih.kalahaning
Ripu ring pangiwa tan katengran
Surja brata pangisepé.
..............
Tegesipun: Kaping telu Sang Hyang Surja
- Pakarjané mangisep warih sarosa
Datan karasa katon anggoné sarèh
Ora kesusu babar pisan.
Jèn memulih atiné kang kalah
Jaiku mungsuh kang wus teluk, ora katara
Ija mangkono iku pakarjané Hjang Surja.
............................
Surja Kaping tiganipun
Lakuné paramarta
Ngudanaken sabarang rèh arum-arum
Amandjingaken rerasan
Asrep ingkang dèn tetepi.
Tan galak nutut sakarsa
Tan karasa wadya pinrih ing betjik
Tan ana rerengunipun
Sumusup amrih kena
Ingkang pinrih rinasan rerasan alus
Pangisepé reresepan
Kasesep kena kang pinrih,
Tan agé seliring karsa
Nadyan mungsuh tyasé kena pinulih
Tan katenger pan rinasuk
Pangisepé sarasa.
.........................
Ing ngriki tjeṯa sanget mingseding isinipun. Ḏapukan ingkang mawi basa Djawi, dados ingkang asli,namung mratélakaken bilih pakarjanipun Hjang Surja punika mangisep toja, wondéné anggènipun tumindak ing damel alon-alon, boten kesesa. Dumuginipun ḏapukan ing basa Djawi Tengahan sampun kawewahan katrangan: Jèn memulih atiné mungsuh kang wus kalah kanṯi patrap kang alus, ora katara. Sareng dumugi ing ḑapukan ing basa Djawi Énggal, inggih punika ing serat Rama djarwa, pakarjanipun Baṯara Surja ingkang tjeṯa ingkang waḏag, inggih punika anggènipun mangisep warih, boten kagepok babar pisan. Kjai Jasddipura I menḏet paṯining isi, ladjeng kaorèhaken satjekapipun. Kapratélakaken, bilih Hjang Surja punika ambek paramarta, tansah mradinaken samukawis ingkang njenengaken, saha tansah damel asreping manah temah tansah dados reraosaning ngakaṯah. Mila sadaja wadya boten wonten ingkang mbangkang. Sami mbangun miturut ing sakarsa, boten wonten ingkang kadunungan raos sak serik. [ 9 ]Tindakipun Hjang Surja ingkang makaten punika ndjalari sadaja ingkang kinarsakaken saged kaleksanan. Saladjengipun sadaja padamelan katindakaken kanṯi sabar sarèh, boten kasesa.
Pakarjanipun Baṯara Surja ingkang makaten punika ndjalari sanadyan mengsah pisan inggih énggal saged pulih malih manahipun. Saking alusing tumindakipun ngantos boten sami kraos, bilih sami kapikat manahipun.
Çaçi-brata umarsukang rat kabeh
Ulahta mrědu komala yan katon
Guyunta mamanis ya tulyāmrěta
Asing mituha panḏitātswāgatan
Tegesipun: Pakarjané Hjang Tjandra gawé bungahing
djagat kabèh
Polahmu sing alus ngresepaké manawa katon
Gujumu sing manis kaja banju panguripan
Wong tuwa lan panḏita paḏa adjènana.
( Serat Nitisruti ).
Sasi brata marta menuhi
Pasuking sukaningrat
Jjru lat saha guju
Mardu Komala marwata.
Konang-unang anangi nala suwardi
Wardya angdé susatya.
Tegesipun: Pakarjané Sang Hjang Tjandra tansah ngèsṯi
Tindak kang lembah lan sabar
Gawé bungahing wong sadjagat
Panduking paningal sarta jèn gumudjeng
Manis alus, abanget ngresepaké
Anggoné nenangi ati kang linuwih,wus konḏang
Panggalihé ndjalari susetyaning wong.
(Serat Rama Jasadipuran)
.........................
Kang kaping pat Baṯara Tjandra ing laku
Arupa sarananira
Amenuhi ing sabumi
Mrih étja isining pradja
Ing pangrdèhé wewangi lan memanis
Sawuwus amanis arum.
Saulat parikrama
Ngguju-ngguju èsemé winor ing tanduk
Satindak dalan rekasa
Mung maréntahken memanis
Ambek santa sabuwana
Trus ing manah marta-marta menuhi
Sangsaja sru arum-arum
Asih sagung panḏita.
........................
Ugi pérangan punika katingal sanget mingsed-mingsedipun. Wonten ing ḏapukan Djawi Kina namung katjarijosaken bab anggènipun Hjang Tjandra tansah damel bingahing djagat, tindak-tandukipun alus ngresepaken, gudjengipun manis damel gesanging manah punapa déné tansah ngaosi para sepuh saha para panḏita.
Wonten ing Djawi Tengahan wewah: tansah ngèsṯi tindak kang sabar, penggalihé ndjalari susetyaning wong.
Sareng wonten ing ḏapukan Djawi Énggal kapratélakaken, pilih Hjang Tjandre punika ugi sugih pangapunten. Saladjengipun bab ngaosi ḏateng para sepuh saha pahḏita, boten kasebutaken, nanging ladjeng wonten ukara:
Asih sagung panḏita. Punika saged kasuraos:
Ndjalari para panḏita sami asih.
Samanten rumijin, bèndjing baḏé kaladjengaken.
III.
Sapunika sumangga sami nanḏing pakarjanipun Sang Hjang Baju, ingkang kawrat ing serat Djawi Kina, Djawi Tengahan saha Djawi Énggal.
Angin ta kita yat panginte ulah
Kumawruhana buddhining rāt kabeh
Sucāra ya panon ta tātan katon
Ya dibya guna suksma Bāyu-brata.
Tegesipun: Angin ta kowé jèn kowé ngintip sakabèhing
- panggawé
Kawruhana wewatekaning djagat kabèh
Kanṯi patrap suprajogané, panonmu adja nganti katon
Pantjèn pinundjul kagunaning Hjang Bayu
bab atindak remit.
Serat Nitisruti)
Kaping lima kamuksan gunadi
Bayu-brata jan manginté kriḏa -
Ning rat tan ana wangené
Mjang ngawruhanèng sabu =
Dining dadi panduming ati
Puwara anom taman
Tinon ing naja truh
Trahnèng kalengkaja lila
Isṯa dwistaning rat taman kena mosik
Sosiking kang ngaksama.
Tegesipun kirang langkung makaten:
Kaping lima kagunané atindak remit
Hjang Baju jén ngintip sakabèhing panggawé
- Ora ana wewatesané (tuhu ngleluwihi)
lan angawruhi kabèh wewatekaning dumadi
Temahan bisa ndeleng, nanging bisa kadeleng
ing mripat
Jèn peparing inten radja brana kanṯi lega
lilaning panggalih.
Nadyan ana kriḏaning djagat, kang tumudju
ing sarirané, pandjenengané ora kéguh babar pisan
Kosokbaliné tansah paring aksamae.
(Serat Rama Jasadipuran).
..................
Kaping lima lamphaé Baṯara Baju
Anginté pakarjaning rat
Budining rat dèn— kawruhi
Tanpa Wangen tanpa tengran
Nggèning amrih mèt budining dumadi
Kena kabudajanipun
Ing rèh datan kawruhan
Bisa amèt budining wadya sawegung
Dursila mulja kawruhan
Sasolahing wadya kéksi
Sinambi angupaboga
Mjang busana anggung mangun kamuktèn
Tan ana antaranipun
Mrih kasukaning bala
Amemaès saparajoganing wadu
Sartanggung tyasé sinuksma
Gunaning Juwana pinrih.
- Ing tyas datan kena molah
Sapolahé kabèh wus dèn kawruhi
Dibjandana-dana tinut
Lampah susila ardja
Wus kakenan djagat kautamanipun
Mengkono Baju lampahnja
Ija èngetan sajekti.
Ugi pérangan punika katingal sanget mingsudipune Dumuginipun Djawi Tengahan dèrèng sapintena éwahipun, namung wewah: bab paring inten radjabrana kanṯi lega lilaning panggalih. Nanging sareng dados Djawi Énggal, patrap anggènipun Sang Pudjangga Jasadipura ngorèhaken rowa sanget tur mawi kawewahan: sinambi angupaboga mjang busana, anggung mangun kamuktèn. Tan ana antaranipun mrih kasukaning bala. Amemaès saprajoganing wadu.
Mamnuktya ngupabhoga sambin nginak
Tamanpa něpěngeng pangan mwang nginum
Mananḍanga mabhusanā mahyasa
Nahan ta Ḏanada-bratānung tirun.
Tegesipun: Mangana sakabèhing pepanganan sambinen
- ngénak-énak
Mangana lan gombéa sakatogmu (tanpa wates)
Jaiku bratané Hjang Ḏanada, kang wadjib
kotiru.
( Djawi Tengahan ).
Kaping nem mamuktya sarasaning
Hardjaning pradja sarwa ngénaka
Datan anggop pangragané
Pan djatiné anggjuh
Kajaktian kadi pralagi
- Jjan katungkul ing djagat
Sirna temahipun
Pan tanda Kuwéra-brata
Tjirining djenengan djenek amiranti
Asamar sakwèndrija.
Tegesipun kirang langkung makaten:
- Kaping nem nganakna bodjana amrih karta
rahardjaning pradja utawa manèh tansah
ngénakana atining kawula
Adja peḏot-peḏot anggonmu ngrengkuh kaja
déné kulit dagingmu ḏéwé
Tindak kang mangkono iku sadjatiné wis
kena ingaran nggajuh
Kajektèn kaja déné para wong kang paḏa
tapa
Nanging adja nganti katungkul ngrasakaké
kanikmataning djagat
Amarga manawa mangkono mesṯi sirna wekasané
Ija mangkono iku wudjudé bratané Hjang Kuwéra
Tjeṯa banget, manawa pandjenengané iku tansah Anggung ngraosaké sakabèhing isiné atining wong, kang samar-samar.
Kaping nem Sang Hjang Kuwéra
Anggung mukti boga sarja ngénaki
Tan anggepok raganipun
Namakaken sarana
Kang wus kinon anukti pasṯining laku
Amung pratjaja kéwala
Dènira tan amrih silib.
Gunging pradja pinartjaja
Dananja sru kajektèn dèn ugemi
Nora ngalem nora nutuh
Samoha sinasama
Rèhning sun srah kabèh kawirjan wus sinung
Tan wruh ing upaja sira
Tuhuning pribadi pinrih.
Langkung-langkung péreangan punika mingsedipun dédé-dédé. Wonten ing ḍapukan Djawi Kina namung katerangaken,bilih bratanipun Hjang Kuwéra punika tansah mangun budjana, ngétja-étja. tanpa wates, punapa déné tansah mangagem busana ingkang saé-saé.
Sareng wonten ing ḏapukan Djawi Tengahan, kaontjèkan sawatawis. Anggénipun Hjang Kuwéra tansah mangun budjana punika kagem ngredjakaken nagari. Ladjeng kawewahan saèning pangrengkuhipun ḏateng rakjat, ngantos kinulit-daging. Nanging inggih sampun ngantos katungkul ḏateng donja. Tindak makaten punika lugunipun sampun ateges: nggajuh ḏateng kajektén.
Ing wasana dumugining ḏapukan Djawi Énggal oréhanipun tebih sanget kalijan ingkang kawrat ing serat Nitisruti. Ing ngriki kapratélakaken bilih anggènipun Hjang Kuwéra ngétjani manahing rakjat punika sarana tansah pitados ḏateng tindak-tandukipun, bilih boten baḏé nindakaken pakarti dur. Anggènipun dedana tanpa kendat. Mila rakjat sami sungkem saha tansah ngugemi pangandikanipun. Pangrengkuhipun ḏateng tijang-tijang, sadaja kaeanggep sami, boten kabédak-bédakaken. Sadaja sami kaparingan kaluhuran, mila sami boten ngrekaos gesangipun saha sami temen lan djudjur.
Kados makaten mingsed-mingseding isinipun pérangan punika, malah lugunipun tumrap pakarjanipun Baṯara Kuwéra serat Rama djarwa kénging katjarijosaken wawasanipun rowa pijambak.
Wasana seamanten rumijin.
[ 16 ]
IV.
Kaparenga kula sapunika nanḏing pérangan ingkang kaping pitu, inggih punika pakarjanipun Baṯara Baruna.
mungel makaten:
Bhaṯara Barunā nggěgö sañjata
Mahāwisa gěḏe ya nāga pāçāngapus
Sirata tuladenta pāça-brata
Kitomapusanang watěk durjjana.
- Sang Hjang Baruna ngasta dedamel
Kang mawa wisa nggegirisi jaiku nagapasa
kang nenalèni.
Pasabrata iku tuladen
Sakabèhing durdjana paḏa talikungen.
(Djawi Tengahan).
Sakasapta Baruna ginupit
Umagem ing astra pasabrata
Apusing rat saklésané
Panggeh tan kéngang kéguh
Dènnja nggusṯi sawatek wegig
Wagugen nala lila.
Ing rat sapinupul
Nir guna bawana ja tan
Angèsṯi hardjaning rat guna mekasi
Wekasan Asṯabrata.
Tegesipun: Kaping pitu Sang Hjang Baruna
- Pandjenengané ngasta gegaman pasabrata
Kang kaagem nalikung reregeding djagad
Panggalihé santosa ora kéguhan
Manawa ngandikan karo para wong pinter
Ora kéwran ing panggalih (lugunipun:
Kéwraning panggalih kalilakaké marang wong
lija)
Anggung ngumpulaké kagunananing djanma
Sirna kagunaning manungsa kang ora ngèsṯi
karahardjaning djagad.
Ing samengko guna kang wekasan tumrap
Asṯabrata.
kados ing nganḏap punika:
Kasaptanira Baruna
Anggung ngagem sandjata lampahnèki
Bisa basukining laku
Amusṯi ing wardaja
Guna-guna kagunan kabèh ginelung
Angapus saisining rat
Putus wiwéka kaèksi
Angapus sagung durdjana
Seḏih kingkin dursila sila djuti
Saisining rat kawengku
Kèsṯi kang ala hardja
Tempuhing sarana datan kégah-kéguh
Kukuh kautamanira
Tuladen Baruna jekti.
Manawi ḏapukan Padjang (Nitisruti) katanḏing kalijan ḏapukan Surakarta (Rama djarwa), tumrap pérangan kaping pitu punika, sanadjan boten kaṯah, inggih katingal bédanipun. Sapisan urut-urutaning uḏaran boten sami kaping kalihipun: santosaning panggalih wonten ing Nitisruti, wonten ing Rama djarwa dados santosaning kautaman. Saladjengipun: serat Rama boten ngewrat: sirnaning kagunan kang ora angèsti hardjaning rat. Wondéné sanès-sanèsipun kénging kawastanan sami. [ 18 ] Sumangga sapunika mramanakaken pérangan ingkang kantun pijambak, inggih punika: pakarjanipun Sang Hjang Brama.
ungelipun makaten:
- Lanānggěsěngi çatru Bahnibrata
Galak ta ri musuhta yekāpuya
Asing sainasönta çirnnāpasah
Yatekana sinangguh Hagnibrata.
Tegesipun: Pakarjané Hjang Hagni iku tansah mbrasṯa
- satru
Anggonmu galak marang mungsuhmu iku dikaja geni
Apa kang Ssira tradjeng sirna gempang
Jaiku kang ingaran bratané Hjang Hagni.
Prakaṯa panduking brata Bahni Lananggesengi satru kang lawan Galaktang singha pamané Tanna menḏanja murub Marab-marab mangrurah wéri Tan tungkul ing sakarja Geng Bahni sinekung Amulat bjatning bawana Rumaksèng rat ginorawati ginusṯi Jjruleh manggih masesran.
Tegesipun: Samengko bab bratané Hjang Bahni
- Pandjenengané iku anggung nggesengi
satru kang lumawan
Kaja déné singa galak
Ora ana menḏané tansah murub
Makantar-kantar mangrusak mungsuh
Mangka ija ora ngemungaké iku pakarjané
- Pandjenengané ija banget anggoné
Tansah mulat marang boboting wong sadjagat Anggoné rumeksa pinardi kanṯi kerasing pambudi
Tumindaking pakarjané bakuh kaja déné bundering ali-ali (kang ora ana wekasané).Serat Rama djarwa suraosipun makaten:
- Bratané Batara Brama
Ngupaboga sawadyané gung alit
Kabèh galak maring mungsuh.
Bisa basaning wadya
Sirna parangmuka kaparag kapusus
Tirunen Baṯara Brama
Garwané Ni Rarasati.
Pérangan kaping wolu punika saja tjeṯa sanget éwah saha wewahipun. Pangriptaning serat Nitisruti, sanadyan anggènipun ngolah katingalipun rowa mawi gegambaran singa punapa, nanging wewahing isi lugunipun boten patos kaṯah. Inggih punika anggènipun mratélakaken, bilih Hjang Brama punika tansah migatosaken ḏateng awrat ènṯènging tijang sadjagat saha tansah rumeksa kanṯi kerasing pambudi.
Kauningana, sareng kaḏapuk wonten ing serat Rama djarwa, sanadyan wudjudipun ringkes, ngewrat wewahan-wewahan , ingkang isinipun sawetawis tebih kalijan bakunipun.
Inggih punika:
- anggènipun Sang Hjang Brama ngupaboga sesarengan kalijan wadyanipun ageng alit;
- anggènipun ngretos ḏateng basaning wadya saha
- anggènipun mawi kapratélakaken bilih garwanipun Hjang Brama punika asma Dewi Rarasati. [ 20 ] Dumugi samanten panjuraos kula ing bab mingsed — mingsedipun serat Asṭabrata, wiwit aslinipun ing basa Djawi Kina saha mbal-tuminbalipun dumugi ḍapukan basa Djawi Tengahan saha dapukan basa Djawi Enggal.
Ing ngadjeng sampun kaaturaken, bilih mingsed-mingsedipun isinipun serat ingkang kaanggit wongsal- wangsul punika, kawontenan ingkang limrah. Karsanipun ingkang sami nḍapuk malih punika saé, inggih punika ngorèhaken utawi ndjlèntrèhaken bab-bab ingkang prelu katjeṭakaken, amrih sagedipun dipun mangretosi ḍateng para ingkang sami maos.
Isining serat Asṭabrata punika kala rumijin ugi kagolong asring kanggé reraosaning para sepuh. Mila boten nggumunaken bilih péranganing serat Rama punika ing tembé wonten ingkang miṭat saha kaḍapuk dados serat pijambak, dipun kanténi wawasan-wawasan satjekapipun, ladjeng dados serat piwulang ingkang kénging kanggé lelimbangan, inggih punika serat Astabrata Wineḍar utawi serat Asṭalokapala wedalan pengetjapan Mardimulja ing Ngajogjakarta kala taun 1938, anggitanipun sdr. SUMODIRDJA (?). Ing djaman rumijin sampun wonten serat ingkang ugi nama serat Astabrata, ingkang katjarijosaken, bilih ingkang nganggit nama DJUGULMUḌA. Nanging punapa punika Sang Patih Djugulmuda, warangkanipun Prabu Sri Mahapunggung ing nagari Purwatjarita utawi Meḍangkamulan, nalika djaman Mataram Indu, punapa Djugulmuḍa punika namung nama sesinglon, kila boten saged matur. Saladjengipun punapa isinipun serat punika ugi sami kalijan Astabrata ing serat Rama, kula inggih boten saged ngaturaken. Ingkang dumugi sapriki taksih sok kapranggulan punika serat angger Djugulmuda ingkang njarijosaken kawitjaksananipun Patih Djugulmuḍa ing nagari Purwatjarita, anggeénipun ngadili prakawis warni-warni. Katjarijos, serat punika anggitan nalika djaman Demak. Malah manut gotèk serat wau anggitanipun Kandjeng Sultan Demak. [ 21 ] Wangsul ḍateng isining serat Asṭabrata.
Piwulangipun Prabu Ramawidjaja dateng Arja Wibisana punika pitedahing ratu ḍumateng naréndra ingkang badé djumeneng nata, mila pepinḍan déwa wewolu punika lugunipun kagolong piwulang bab ngasta pusaraning pradja.
Awit saking punika tumrapipun djaman sapunika serat Asṭabrata punika ugi taksih maédahi. Para ingkang sami marsudi kawruh kapradjan kados—kados boten wonten awonipun manawi njumerepi ugi isining serat Djugulmuḍa, Nitisruti (Asṭabrata), Nitipradja lan sasaminipun, djalaran ladjeng saged mengertos, kadospundi wawasan2-ipun para ahli pradja ing djaman rumijin, sokur bagé taksih wonten (panginten kula wonten) ingkang saged dipun trapaken ing djaman sapunika. Saboten-botenipun kula sadaja inggih ladjeng saged njumerepi, bilih nagari Indonesia punika wiwit djaman kina anggènipun mranata pradja sampun mawi anggereangger saha tatanan-tatanan ingkang tjumeṭa tuwin gumaṭok.
Wusana kaparenga dumugi samanten rumijin.
V.
Sasampuning nguningani éwah-mingseding isinipun Asṭabrata, sumangga sami sesarengan njuraos, punapa tumrap ing djaman sapunika taksih wonten pigunanipun.
Kados déné ingkang sampun kauningan, Astabrata punika piwulangipun Prabu Rama ḍateng Arja Wibisana, nalika kadjumenengaken nata nggentosi ingkang raka Sang Jakséndra ing Ngalengka, Prabu Dasamuka. Wontenipun Arja Wibisana kaḍawuhan nggentosi punika amargi kadjawi pantjèn waris Ngalengka, ugi djalaran saking agenging lelabetanipun ḍateng Sang Ragusuta. Punapa ta sababipun, déné Sang Prabu Ramawidjaja ngantos paring piwulang kaṭah-kaṭah dateng sang Wibisana? Warni-warni sababipun:
1) Sarèhning Sang Prabu Rama ingkang ndjumenengalken ratu, pandjenenganipun rumaos kewadjiban paring sesuluh ḍateng nata rèh-rèhan, ingkang saweg kémawon kadjumenengaken.
2) Sang Wibisana punika kénging kawastanan taksih timur, mila prelu dipun paringi sangu satjekapipun.
3) Sang Prabu Rama tansah kèngetan, bilih saplokipun Prabu Dasamuka djemenéng, nagari Ngalengka boten ngraosaken ketentreman babar-pisan. Rakjat maèwu-èwu, ingkang dados kurbaning angkara murkanipun ratu ingkang tansah andon perang.
Awit saking punika Sang Wibisana prelu dipun paringi piwulang warni-warni ingkang ndjalari kartarahardjaning nagari punapa déné ingkang mahanani sujud sungkem saha sutresnaning rakjat ḍateng ratu pepunḍènipun. [ 23 ]Keparenga kula miwiti nḍuḍah isining serat Asṭabrata saha menḏeti ingkang sakinten taksih migunani tumrap djaman sapunika.
Angka satunggal pakarjanipun Hjang Éndra. Sinten ta Baṭara Éndra punika? Wonten ing paḍalangan kapratélakaken, bilih pandjenenganipun punika putranipun Sang Hjang Manikmaja, inggih Sang Hjang Guru. Wonten ing kadéwatan Hjang Endra kaparingan bebahan rumeksa karang kawidadarén. Wondéné namaning kajanganipun sanadyan sawatawis kaṭah, nanging sadaja kagandéngaken kalijan asmanipun: Éndraloka, Kaéndran, Sndrabawana lsp. Saladjengipun wonten ing lampahan Ardjunawiwaha, Sugriwa Subali tuwin sanés-sanésipun, ingkang mangarsani parepataning para déwa punika Hjang Éndra, mila ladjeng asring kaanggep ratuning déwa, sanadyan Sang Hjang Guru sampun wontene. Mila kadjawi asma Baṭara Éndra, ugi ladjéng kagungan asma Hjang Surapati ingkang ateges: ratuning déwa, tjunduk kalijan asmanipun baku Éndra, ingkang ateges ratu.
Manawi wonten ing djagading mythologie ing tanah Indu, Sang Hjang Éndra punika ing sakawit kaanggep dados tetungguling para déwa ing awang-awang, déwaradja ingkang tansah merangi panguwaosing pepeteng, kanti migunakaken djemparing badjra, mila ladjeng dados lambanging kaprawiran. Sadaja pakarjanipun maédahi sanget tumrap manungsa, mila dados sesembahanipun para djanma, nglangkungi déwa-déwa sanésipune Sanadyan wonten ing mythologie ingkang kantun-kantun Hjang Éndra punika kaanggep sangandaping Hjang Brahma, Wisnu saha Siwah, éwasamanten taksih lestantun dados tetungguling para déwa.
Pakarjanipun Sang Hjang Éndra kapratélakaken makaten:
Mangkéné bratané Hjang Éndra kang pantes tiniru.
Pandjenengané maringi udan lan ngajomi djagat.
Nulada bratané Hjang Éndra iku.
Iku peparing kang betjik, udanmu uga angelebana
djagat.
- ) damel segering tetaneman punapa déné ndjalari saéning tuwuhipun.
- ) ingkang kaḍawahan djawah punika sadaja tetaneman,supados boten mawi pilih-pilih. Tetuwuhan ingkang agenge punapa ingkang alit, sadaja kawaradinan tojaning djawah.
- ) manawi mentas djawah, kawontenaning kodrat linimputan ing swasana ajem.
- ) ndjalari agunging lèpèn-lèpèn, matemah sadaja kéwan toja sami seneng manahipun.
Pantjèn katah ginanipun djawah punika, mila boten kaléntu, déné pakarjanipun Hjang Éndra kadadosaken tetuladan tumrap ingkang sami ngasta pusaraning pradja, amrih wiludjenging nagari.
Pangrengkuhing Hjang Éndra dateng djagat punika sageda katulad déning para nata (tumrap Indonesia: Pamaréntah), ing bab anggènipun dados tetungguling nagari . Djagat seisinipun sadaja ingkang sami kadjawahan punika Minangka gegambaraning nagari dalasan rakjatipun. Anggénipun Hjang Éndra paring djawah punika dadosa tepapalupi tumrap para nata anggénipun kewadjiban rumeksa ḍateng nagari saha rakjat ingkang kawengku: mbudidaja , supados rakjat sami ngraosaken gesang sakétja, tegesipun boten kekirangan sanḍang-teḍa, saged neda tuwuk, njanḍang wetah, sukur bagé saged nglangkungi saking makaten. Gesang sakétja ugi ateges: tentrem boten kariḍu ing pantjabaja, boten kadunungan raos was-sumelang boten karidu ing suker sakit. Manawi ratu utawi pamaréntah saged damel kawontenan ingkang kados makaten, sadaja pakarjan ing salebetipun pradja baḍé saged tumindak kanṭi saé, djalaran sadaja narapradja saged mungkul ing damel. [ 25 ]Saladjengipun, Pamaréntah anggènipun tumindak ing karja kedah nglenggahi djedjeging adil, boten kénging ambau kapiné. Pangrengkuhipun ḍateng rakjat, boten kénging kabédak-bédakaken. Sinten kémawon ingkang mbetahaken pitulungan ingkang awudjud punapa kémawon inggih dipun pinangkani. Tjara paḍalanganipun: paring sandang wong kawudan, angsung pangan wong kaluwén, awèh banju wong kasatan, paring teken wong kalunjon, angsung kuḍung wong kepanasan, awèh pajung wong kodanan, karja sukaning prihatin, amalujakaken wong asakit inggih kados déné djawah ingkang damel seger suburing tetaneman.
Dumugi samanten bokmanawi sampun tjekap anggèn kula sami métani isining pakarjanipun Sang Hjang Éndra. Dados manawi karingkes paprintjéning oréhan wau makaten:
Pamaréntah kadunungan kuwadjiban:
- ) mbudidaja, supados nagari sampun ngantos kekirangan sanḍang-teḍa.
- ) mbudidaja, supados nagari kalis ing suker-sakit.
- ) mbudidaja sirnaning tindak dudu, ingkang njuda utawi ngitjali tentreming tijang gegrija, tjolong = djupuk tuwin sanès-sanèsipun.
- ) mbudidaja amrih nagari tinebihna saking bentjana alam kados déné bena lan sapiturutipun.
- ) mbudidaja, supados nagari tinebihna saking bebaja perang lan sasaminipune
Makaten saladjengipun.
Kadjawi saking punika ing saben kalamangsa pamaréntah kewadjiban nggegandjar ḍateng sintena kémawon, ingkang pantes tampi gandjaran saha paring pitulungan ḍateng ingkang sami mbetahaken pitulungan boten kanṭi mbéda-mbédakaken satunggal lan satunggalipun. [ 26 ]Kados makaten awrating kewadjibanipun Pamaréntah. Mangka punika saweg kapirid saking pakarjanipun Sang Hjang Éndra. Éwadéné sampun samanten reritjikanipun. Mangka lugunipun saben pérangan wau taksih kénging kaoréhaken malih, namung kémawon bab punika keparenga kula sumangakaken ḍateng para paraméng pradja, ingkang sami kawogan.
Manawi kamanah saéstunipun ingkang kawastanan pamaréntah punika boten ngemungaken ingkang ngemuḍéni nagari, nanging sadaja kémawon ingkang njepeng kemudi wonten ing satunggaling wewengkon, punika ugi kénging kasebut pamaréntah. Wonten papréntahan provincie, papréntehan kabupatén ketjamatan saha kalurahan. Saladjengipun kantor-kantor, pabrik-pabrik, pamulangan-2 lan sapiturutipun punika ugi kénging kawastanan nagari. Wondéné nagari ingkang alit pijambak punika brajat.
Ing sarèhning sadaja wéwengkon wau kalebet golonganing nagari, mila sadaja ingkang sami njepeng kemuḍining wewengkon punika kénging kawastanan pamaréntah. Sesepuh kantor, sesepuh pabrik, kepala pamuiangan lan sesaminipun sami mangagengi wewengkonipun pijambak pijambak, déné wonten ing salebeting brajat bapa kalijan bijung. Rèhning sadaja punika wau. kénging winastan pamaréntah mila inggih sami kewadjiban nindakaken bab-bab ingkang kasebut ing nginggil wau, inggih punika ingkang wosipuns: mbudidaja amrih ajem tentremipun gesangipun para gegelitaning nagarinipun inggih punika wewengkonipun pijambak-pijambak.
Pantjèn boten gampil njepeng kendalining papréntahan punika. Sampun malih ngasta kemuḍining papréntahan pradja-agung, sanadjan namung dados pangagenging brajat kémawon inggih sampun nggegirisi awratipun, boten kénging ginagampil. [ 27 ]Panjepenging kemuḏi prelu kinanṯénan kawruh satjekapipun, supados anggènipun tumindak ing damel boten tiḏa-tiḏa. Wondéné djangkeping lampah prelu dipun kanṯèni panembah ing Hjang Wiḏi, ingkang paring bebahan ingkang awrat wau saha ingkang ugi karsa paring kakijatan lair-batos kanggé nindakaken kewadjiban wau.
Kaparenga kula djugag samanten rumijin.
VI.
Sumangga sapunika sami ngontjèki pérangan ingkang kaping kalih, inggih punike pakarjanipun Sang Hjang Jama. Wonten ing tjarijos ringgit Sang Hjang Jama punika asmanipun djangkep Baṭara Jamadipati, ingkang rama asma Sang Hjang Ismaja, inggih Sang Hjang Semar.
Wondéné bebehanipun ndjabuti njawanipun tijang -tijang ingkang sampun wantjinipun tilar donja. Pundi ingkang nalika gesangipun wonten ing martjapada nasar, njawanipun katjemplungaken ing naraka. Mila Baṭara Jamadipati purmika kawastanan déwaning pedjah saha ingkang nguwaosi naraka, Kajanganipun pijambak nama Argadumilah.
Wonten ing mythologie Indu katjarijosaken, bilih Hjang Jama punika dados déwadjaksa saha ingkang wenang nḍawahi paukuman pedjah. Kajanganipun wonten ing ḍasaring bumi, nama Jamapura. Manawi wonten tijang pedjah, djiwanipun ladjeng ḍateng Jamapura punika prelu dipun titipriksa piawonipun saha katjatet namanipun. Sasampunipun makaten ladjeng wonten déwa tjarik ingkang maosaken péngetan bab lalampahanipun sukma wau nalika taksih wonten ing donja. Pun sukma ladjeng kaparingan karampungan ingkang adil.
Wonten ing serat Mahabarata kapratélakaken, bilih Sang Hjang Jama punika pangagemanipun abrit malérah, mblerengi. Ngagem makuṭa murub. Paningalipun mrengangah ngadjrih-adjrihi. Astanipun njepeng djiret ingkang kaagem ngolongi njawa ingkang kadjabut saking ing badan. Tangsul punika agengipun sadjempol. Tarkadang Hjang Jama mider-mider nitih maésa kalijan ngasta djiret saha gembel. Ing tembé wonten ing mythologie Indu ingkang kantun-kantun, Hjang Jama punika kaanggep déwa ingkang nggegirisi, ingkang misakit sukmanipun tijang sasampunipun pedjah. [ 29 ]Manawi makaten tumularipun mythologie Indu ḍateng tanah Djawi punika tumrap Batara Jama éwahipun boten sapintena. Wosipun: Hjang Jama punika déwaning pedjah. Sapunika wangsul ḍateng Astabrata. Kados déné ingkang sampun kapratélakaken ing ngadjeng pangandikanipun Prabu Rama dateng Sang Wibisana makaten:
"Pakarjané Hjang Jama iku ngukum kang atindak alae
Pandjenengané ana ing kane, ngrangkét maling-maling
kang wus paḍa mati.
Mangkono uga sira ija midanaa wong kang laku salah.
Sing sapa dadi sandunganing djagat sirnakna".
Dados wosipun pakarjanipin Hjang Jama punika manawi karingkes: midana tindak ingkang dudu, boten kanṭi pilih-pilih tijangipun. Radèn Wibisana, sarèhning baḍé djumeneng nata, mengku nagari, ngerèh sadaja rakjat Ngalengka, kaḍawuhan nulad pakarjanipun Sang Hjang Jama. Ratu kawadjiban ndjagi katentremaning pradja mila inggih kadjibah merangi sadaja pakarti dur. Tjotong djupuk salingkuh saha kadursilan sanès-sanèsipun sanadyan kadospundi kémawon wudjudipun kedah kabrasṭa, djalaran manawi boten kasirnakaken, tartamtu badé mekar ngrembaka, matemah ndjalari resahing nagari. Saladjengipun pambrasṭaning pandamel awon punika kedah nglenggahi djedjeging adil, boten kénging botesih, boten kénging emban tjinḍé emban siladan. Kjai dalang anggénipun nembungaken makaten:
"lampahing pangadilan anindakaken wesiasat, liré boten ambau kapiné, jén sampun leresing kapidana boten mawi wigih, sanadyan putra santana warga, ladjeng katrap ing pamisésa",
Punapa ta ingkang kawastanan adil. punika? Bab punika boten saged kaaturaken mawi satembung:
- ) adil saged ateges, bilih traping tatanan salebeting wewengkon boten kabéda-bédakaken tumrap sadaja gegelitaning wewengkon wau, punapa ingkang wudjud gandjaran punapa ingkang awudjud paukuman. [ 30 ]
- )adil ateges, bilih rumentahing gandjaran utawi ḍumawahing paukuman punika kanṭi ngèngeti kawontanipun ingkang badé nampèni. Wonten ing salebeting brajat kedah ngéngeti, tataraning umuripun laré,ingkang badé kapatrapan ukuman. Laré umur 5 taun boten saged kapatrapan ukuman ingkang sami kalijan laré ingkang sampun umur 10 taun.
- )adil ateges, bilih awrat ènṭènging paukuman punika sampun ngèngeti swasana, nalika tumindaking kalepatan. Wonten ing salebeting brajat umpaminipun: Punapa anggénipun laré nerak tatananing tijang sepuh utawi brajat punika margi saking boten utawi déréng mangretos punapa pantjén katemaha, Punapa anggénipun nglirwakaken pakéning tijang sepuh punika margi saking badanipun saweg sajah utawi sakit, punapa margi saking kasupén, punapa margi pantjén kadjarag.
Makaten saladjengipun. Ukuran kaadilan punika kula kinten prelu lan pantjèn sampun kapigunakaken ḍateng para pangastaning papréntahan ing wewengkon-wewengkon sanés, punapa déné ingkang langkung inggil tataranipun , ngantos dumuginipun papréntahan pradja agung.
Gampil ingutjapaken, angdl linampahan. Limrahipun tijang, pangrengkuhipun ḍateng kulit daging pijambak utawi minggahipun dateng golonganipun pijambak tamtu boten saged sami kalijan tijang sanés. Tarkadang tindak makaten pumika ḍasaripun ngéngeti wawratipun tijang ingkang badé kapatrapan pamisésa, Manawi wawratipun boten sapintena, gampil sanget anggénipun suka karampungan. Nanging manawi tijang ingkang kawogan punika awrat sanggén-sanggénipun saha kamanah baḍé saged damel gendra tuwin sanés-sanésipun, asring sanget ḍawahing pamisésa boten timbang kalijan agenging kalepatan ingkang katindakaken. [ 31 ]Sanadyan kados makaten punika pantjèn sampun dados sipating manungsa ingkang salimrah, nanging tjeṯa sanget, bilih tindak makaten punika nalisir saking djedjeging adil, mila kedah kaangkeh sampun ngantos makaten.
Ing ngadjeng sampun kapratélakaken, bilih sadaja wewengkon, wiwit ingkang alit ngantos ingkang ageng pijambak, inggih punika wiwit ing salebeting brajat ngantos dumugi ing salebeting nagari punika wonten pamaréntahipun , ingkang ngemuḏèni. Awit saking punika pakarjanipun Hjang Jama punike inggih dadosa tetuladan tumrap papréntahan punika wau sadaja. Kedah sami nindakaken kaadilan saleresipun. Boten prajogi ing salebeting brajat wonteh tindak pilih sih, ngawrataken ingkang satunggal, ngènṯèngaken satunggalipun. Kedah kaanggep sami awratipun utawi sami ènṯèngipun, kanṯi ngèngéti sipat-sipating adil kados ingkang sampun kaaturaken ing ngadjeng.
Minggahipun ḏateng papréntahan-papréntahan sanèsipun ingkang langkung wijar tebanipun, ngantos dumuginipun papréntahaning pradja agung, tumindaking kaadilan prelu kawigatosaken saèstu. Mila pamilihipun para ingkang sami badé tinanggenah njepeng kenḏalining papréntahan kedah katindakaken kanti pangatos-atos, boten kénging grusa-grusu, boten kénging ngétang putra santana mitra, nanging kedah mawi ḏasar-dasar ingkang prajogi, umpaminipun: temen lan tumemen, setya, njekapi kasagedanipun, saged kendo kentjeng, makaten saladjengipun.
Nagari Indonesia punika nagari ingkang aḏeḏasar ḏémokrasi, mila sadaja ingkang sami lenggah wonten ing papréntahan punika sadaja pepilihanipun rakjat. Nanging punapa rakjat anggénipun milih para tjalon punika sampun kanti pangretosan-pangretosan kados ingkang kasebut ing ngadjeng wau? Dèrèng. Awit saking punika angka satunggal golongan-golongan ingkang ngadjengaken sawung-sawung punika ingkang prelu awas tuwin waspada. Minggahipun malih dumuginipun milih para ingkang sami badé lenggah wonten [ 32 ]ing pusering papréntahan, sampun ngantos kapenḏetaken anggeripun tijang kémawon. Nanging sadéréngipun kedah kawawas rumijin awrat énténgipun, manawi sampun kalimbang-limbang saha pinanggih'prajodi, saweg kaadjengna dados sawung. Kewontenan-kawontenan kados ingkang sampun kapratélakaken ing ngadjeng punika tumraping para ingkang sami ngasta pusaraning pradja prelu sanget, djalaran tumrap Indonesia upaminipun, nasibing djiwa 80 juta kénging kawastanan gumantung saking tandang grajanipun pamaréntah. Manawi para ingkang sami lenggah ing papréntahan sami kadunungan kawontenan temen lan tumemen saha njekapi kasagedanipun, tartamtu saged ngasta djedjeging adil tur saged damel tata tentrem punapa déné karta rahardjaning pradja. Nanging kosokwangsulipun manawi boten makaten, nagari padé risak, temah tétés kalijan pangandikanipun swargi Kjai Ranggawarsita wonten ing serat Sabdatama:
Gambuh.
Tatanané tumruntun
Panuntuning tyas angkara antuk
Kaladésa wenganing karsa kaéksi
Linut kalimput angawut
Mawut sanggjaning dumados.
Ing antara sapangu
Pangungaking kaanan wus mirut
Morat-marit panguripaning sesami
Sirna katentremanipun
Kaparenga kule punggel samanten rumijin.
[ 33 ]
VII.
Tulada ingkang angka tiga ingkang kaparingaken ing Prabu Rama ḏumateng Radén Wibisana, punika akarjanipun Sang Hjang Surja, déwaning srengéngé. Wonten ing paḏalangan katjarijosaken bilih Sang Hjang Surja punika putranipun Sang Hjang Ismaja, inggih Sang Hjang Semar Kajanganipun nama Ekatjakra. Wonten ing mythologie Indu, ingkang dados sumbering padalangan, Sang Hjang surja pantjén inggih katjarijosaken dados aéwaning srengéngé. Punapa ta padamelanipun srengéngé punika? Manawi kawawas aḏeḏasar kawruh (wetenschappelijk) srengéngé punika padamelanipun warni-warni, kadosta:
- maḏangi djagat.
- nularaken pepadangipun ḏateng rembulan tuwin sanés-sanésipun, ingkang ugi ladjeng dados pepaḏang pijambak.
- sorotipun damel gesang suburipun tetaneman.
- njerot tojaning samodra, lepén tuwin sanés-sanésipun, ingkang ladjeng dados mendung saha ing wekasanipun ḏawah awudjud djawah.
Makaten saladjengipun.
Kados makaten warni-warnining padamelanipun srengé-ngé. Namung kémawon wonten ing Astabrata ingkang kapratélakaken namung saprakawis. Pangandikanipun Sang Prabu Ramawidjaja:
„Batara Surja iku tansah mangisep banjue Tumindaké alon alon ora katarae Mangkono uga manawa kowé ndjupuk barang kang koudi ketemuné. Ija adja kesusu grusa-grusu.”
Dados ingkang kaelengaken namung bab anggénipun srengéngé mangisep toja kanṯi alon-alon saha boten ngatawisi. Ewasamanten bab punika sampun isi piwulang ingkang maédahi, inggih punika tumindak ing damel kanti tamban, saréh, boten kasesa, langkung-langkung wmanawi madosi barang, ingkang kaudi pinanggihipun. [ 34 ] Wonten barang, ingkang manawi katlisut minggahipun itjal, boten dados punapay inggih punika barang ingkang sapélé-sapélé. Nanging ugi wonten barang ingkang manawi boten wonten, kaupadosan ngantos sakapanggihiptun, pundi-pundi kaubres, sadaja simpenan katitipriksa, amargi ingkang kaupadosan punika barang ingkang prelu, barang ingkang wigatos. Mila anggénipun ngupadosi kanṭi talatos, kanṭi sabar, boten kapenggih sapunika, inggih béndjing-éndjing, boten béndjing-énajing inggih sakapanggihipun.
"Ndjupuk barang kang kaudi katemuné", Ungel-ungelan punika saged ngewrat prakawis warni-warni. Boten ngemungaken bab madosi barang ingkang katlisut kémawon, nanging ugi bab sanés-sanésipun, kadosta: nggajuh kasagedan , ngontjéki satunggaling prakawis, ngudari reruwed, langkung-langkung reruweding pradja, madosi durdjana, lan sapiturutipun. Sadaja punika wau prakawis ingkang angél saha langkung déning wigatos, boten kénging ginagampil. Tumindaking pangudi kedah kinanṭénan pangatoseatos saha tlatos. Kalintu sakedik kémawon terkadang saged andrawasi.
Sardjana Nitisruti, Pangéran Sudjanapura ing Karanggajam, anggénipun ngontjéki pakarjanipun Hjang Surja, kagaṭukaken kalijan pangrengkuhipun nata ḑateng para tetelukanipune Ratu ingkang witjaksana tansah ambudidaja kanṭi patrap ingkang alus, supados manahipun para tetelukan sageda pulih, boten kadunungan raos sengit ḑateng ingkang nelukaken. Ontjék-ontjékan ingkang makaten punika kados-kados inggih leres. Kanti patrap ingkang alus saha pangatos-atos ingkang ageng mbudidaja sageda ngepék manahing mengsah ingkang sampun kabanḑang. Sing kena iwaké, adja mbuṭekaké banjuné. Punika pantjén pangudi ingkang utami. Sanadyan mengsah, malah pantjénipun kedah kaaturaken, margi saking mengsah, sami karukti prajogis Salebetipun-dados tawanan sanḑang teḑanipun sampun ngantos kekirangan, tur karengkuh kados kulit daging pijambak. [ 35 ]Pangandikanipun Prabu Rama dateng ingkang raji Radén Barata makaten:
Singa-singa jén’wadyanta sakit
Tulungen dana lawan tetamba
Dén prapta ing sawarasé
Jén sira nemu mungsuh,
Kasor ajwa sira paténi
Kundjaranen kéwala
Sawataranipun
Agé nuli luwarana
Rasuken dén saéngga kinulit daging
Walang ati ilangana.Wehen bawa dén pratjajéng patin
Kumandela Hjang Djagatpratingkah
Sedyaju ora-orané
Nemua tan rahaju
Lamun bumi maksih dén tjiki
Langit misih ngauban
Sésining tumuvuh
Jén tyasira nora was-was,
Marang mungsuh kang kasor ginawé betjik,
Winales ing djawata.
Kjai Jasadipura I anggénipun ngontjéki langkung rowa. Kadjawi memulih manahing mengsah, pandjenenganipun ugi mratélakaken kawontenanipun Hjang Surja sanésipun. Pangandikanipun: Hjang Surja iku atindak paramarta. Punapa ta tegesipun paramarta? Remen ngapunten kalepatanipun ngasanes, ambek welasan, parigandikeanipun asrep saha ngasrepi, alus bebudénipun, boten karsa nindakaken piawon ḑateng tijang Sanés. Saladjengipun Kjai Jasadipura nerangaken, bilih Hjang Surja punika tansah ngudanaken sabarang sebevang réh arul-arum, amandjingaken rerasanyang resepi kang dén tetepi. Punika sadaja adapur lubéring panggalih paramarta. Mradinaken punapa-punapa ingkang [ 36 ]saged adamel senengipun tijang kaṯah. Ḏatengipun srengéngé ing wantji éndjing njirnakaken pepetenging dalu. Djagat saisinipun sadaja sami kapaḏangan. Sadaja machluk ingkang gesang sami seneng-seneng ngraosaken kanikmataning rainten. Tetuwuhan sami ṯukul sae, margi saking kénging soroting srengéngé wau. Kéwan-kéwan sami sumebar pados teda, Djagating manungsa ugi ébahe Tijang-tijang sami saged rumagang nindakaken padamelanipun pijambak-pijambak. Mila boten kalintu, manawi kapratélakaken, bilih Sang Hjang Surja punika tansah ngudanaken sabarang réh arum-arum. Pakarjanipun ingkang makaten wau tansah dados reraosan ingkang saé punapa déné adamel senengipun para-ingkang sami kalubéran ing sih. Margi saking punika:sadaja kémawon ladjeng sami sujud sungkem dateng pandjenenganipun. Wontenipun namung "sumanggéng karsa, sandika anglampahi" kanti patrap ingkang alus saha boten ngatawisi sami katuntun dateng ing margining kasaénan. Boten kemba-kemba Sang Hjang Surja anggénipun tansah ngudi amrih kasembadaning karsa, saged Mangaju-ajuning bumi. Kados makaten ontjék-ontjékan Jasadipuran I. Kados-kados inggih boten nalisir saking bakunipun.
Wangsul dateng bakuning Astabrata ingkang gegajutan kalijan pakarjanipun Sang Hjang Surja. Wonten tembung ingkang taksih prelu kaontjékan, ingkang nggambar panggalihanipun Sang Hjang Surja ugi, inggih punika tembung "lana" ingkang ing ngadjeng kadjarwakaken "tansah" Tembung "lana" punika lugunipun ateges: boten peḏot-peḏot boten éwah gingsir, tetep, langgeng.
Bhaṯara Rawi manghisep wwai lana =
Bhaṯara Surja mangisep toja "lana".
Tembung "lana" jang ngriki mratélakaken kanṯi tjeta bab anggénipun Sang Hjang Surja boten méngéng ing damel. Pandjenenganipun kagungan bebahan "mangisep toja" Saréhning punika sampun dados sesanggénipun, inggih dipunlampahi boten kanti méngéng. [ 37 ]Setya ing damel punika pantjèn prelu sanget. Boten teka margi saking sangsal pramestian tumrap rekaosipun, tamtu kémawon punika inggih, nanging djalaran saking ngéngeti, bilih padamelan ingkang katindakaken punika prelu, dados poten kénging kalirwakaken. Kados déné pakarjaning Hjang Surja, inggih punika "mangisep toja", punika langkung déning wigatos. Uwabing toja ingkang sami minggah nggajuh ngawijat punika sami manunggil dados satunggal dados menḍung iangkang ladjeng dawah dados djawah, ingkang sanget maédahi tumrap gesanging machluk sadaja. Amila manawi srengéngé ngantos ngeḍagaken kawadjibanipun, badé kados pundi kawontenanipun djagat punika. Saéstu badé ngalami karisakan ingkang nggegirisi, matemah sirna babar pisan.
Makaten ugi warni-warnining bebahan ingkang pinanggih wonten ing gesang bebrajan, punapa ingkang ageng punapa ingkang alit, ingkang wigatos punapa ingkang sapélé, punika wadjib katindakaken saprajoginipun, djalaran lugunipun, sanadyan sesanggén ingkang sapélé pisan, manawi dipun rampungaken ing salebeting wekdal ingkang sampun katamtokaken, inggih baḍé damel saéning sadaja kawontenan. Langkung-langkung kawadjiban ingkang wigatos, upaminipun ingkang gegajutan kalijan lampahing kapradjan, manawi ngantos katindakaken sasakétjanipun, minggahipen kalirwakeken, punika boten namung baḍé damel renḍeting kawontenan kémawon, nanging saged ugi ladjeng nimbulaken lelampahan ingkang andrawasi. Awit saking punika para sutresna pradja sampun ngantos ngeḍagaken kawedjibanipun, supados roḍaning papréntahan saged mubeng sae, ndjalari tata tentrem saha karta-rahardjaning nagari.
Kosok-wangsulipun manawi tumindaking samudajanipun sarwa rendet seret, margi saking wéjanipun ingkang nindakaken, punika baḍé damel boten tentremipun kawontenan. Mila ingkang prajodi punika manawi nulad pakarjanipun Sang Hjang Surja, ingkang tansah tumemen ing damel, matemah kawontenaning alam inggih ladjeng "lana": Mangsa katiga renḍeng tansah gilir gumantos boten wonten pedotipun. [ 38 ]Bapa tani saged tumindak ing damel ing wekdal-wekdal ingkang adjeg. Para djuru pados ulam saged netepaken wantji-wantjinipun anggénipun baḏé ngebjokaken djalanipun. Makaten saladjengipun.
Wasana namung samanten atur kula.
[ 39 ]
VIII.
Sapunika gentos pakarjanipun Sang Hjang Tjandra. Wonten ing tanah Indu déwaning rembulan punika limrahipun kasebut Sang Hjang Soma. Manawi wonten ing djagat kadjawén, kalih-kalihipun kanggé sadaja. Sang Hjang Soma inggih Sang Hjang Tijandra. Saladjengipun nama Soma punika ugi dados namaning dinten, inggih punika dinten Senén. Wontenipun makaten, bokmanawi ing kina-kinanipun dinten wau ingkang ageng, lumados kagem kaluhuranipun Sang Hjang Soma, kados déné dinten Dité utawi Aditya (Akad), ugi kagem kaluhuranipun Sang Hjang Aditya utawi Sang Hjang Surja. Namung kémawon kadospundi larah~larahipun, déréng wonten katrangan ingkang gumaṭok.
Sapunika rembulanipun, kados pundi kawontenanipun. Wonten ing serat-serat rembulan punika asring kanggé pepindan utawi tetanḍingan tumrap éndahing warni, umpaminipun: Tjahjanipun Risang Sinatrya pinda wulan purnama, nitis rembulan, ngesorken rembulan, njuremaken soroting sitangsu. Makaten saladjengipun.
Wonten ing gesang padintenan, manawi pinudju wulan purnana, asring sanget wonten laré alit kabopong kaadjak medal, katedahaken rembulan ladjeng kateḍakaken pagusing rembulan. Tembungipun kanti kealagokaken makaten:
- Bulan, bulan gedé
Ndjaluk bagus sitik waé,
Serrrrrrr, plok, plok, plok, plok.
Baṭuking laré ladjeng dipun plok-plok,
Dados sampun tjeta, bilih rembulan punika pantjén kaanggep berang ingkang nglangkungi éndahipun. Mila ngantos nama kémawon inggih wonten ingkang mawi tembung wulan, kadosta: [ 40 ]Nawangwulan, Damarwulan lan sasaminipun.
Saladjengipun kula kinten boten wonten tijang ingkang boten remen ḏateng wantji paḏang rembulane manawi pinudju makaten punika ing margi-margi kaṯah tijang ingkang sami mlampah-mlampah, ing pakampungan-pakampungan katah laré-laré ingkang sami dolanan wonten ing palataran, langkung-langkung kala djaman rumijin.
Sapunika wangsul dateng piwulangipun Prabu Rama dateng Radén Wibisana. Pangandikanipun Sang Nata naka makaten:
- Pakarjané Hjang Tjandra gawé bungahing
djagat kabèh,
Tindakmu sing alus, ngresepaké manawa
katon.
Gujumu sing manis kaja banju panguripan
Wong tuwa lan panḏita paḏa adjénana.
Manut suraosipun pangandika Prabu Rama namung mundut kawontenaning rembulan saprakawis inggih punika bab anggènipun damel asrining kawontenan, djer manawi pinudju paḏang rembulan djagat ingkang gumelar punika ladjeng katingal sumilak éndah, anengsemaken. Awit saking punika rembulan punika saweg katingal anḏaḏari kémawon, sampun ngresepaken manah. Damel sumringahing kawontenan, tur sorotipun alus boten bentér ngegét kados sunaring surja. Dawuhipun Sang Prabu Rama, supados Radén Wibisana mulad kawontenanipun rembulan ingkang kados makaten punika: Tindakan sing alus, ngresepaké manawa katon.
Tijang ingkang tindak-tandukipun alus “punika sasolahipun sarwa alus: pirembaganipun alus, basanipun alus, tata-kramanipun alus, ngretos ḏateng subasita, Tijang ingkang kados makaten punika boten baḏé damel serik utawi minggahipun damel sakitipun manahipun ngasanés. Nanging kosokwangsulipun saweg katingal kémawon sampun ngresepaken ingkang sami umijat. [ 41 ]Pirembagan ingkang alus: punika pirembagan: bab-bab ingkang boten tjengkah kalijan kasusilan. Ingkang kaginem namung (prakawis-prakawis ingkang pantes kapirengaken nunupa déné ingkang maedahi. Tur migunakaken basa ingkang alus ugi, tegesipun basa, ingkang susila, boten wonten tembungipun ingkang kasar. Dados isi lan basanipun sae. Manawi makaten tjunḏuk kalijan ingkang ing tembe pangandikakaken ing K. G. Mangkunagara IV.
- Wardining kang wasita djinarwi
Wruh ing kukum ilu watekira
Adoh marang kanisṯané
Pamitjara puniku.
Weh resepé ingkang mijarsi
Tatakrama punika
Ngedohken panjendu
Kagunan iku kinarja
Ngupaboga déné kalakuan betjik.
Wéh rahajuning raga.
Saladjengipun Sang Prabu Rama ugi ngandika:
"Gujumu Sing manis kaja banju panguripan" Radén Wibisana kadawuhan ngatingalaken polatan ingkang sumd3h, djalaran ulat suméh punika nggesansaken utawi ngijataken pangadjeng-adjeng. Tijang sakit ingkang kapriksa ing dékter, manawi dokter wau katingal. mésem-mesem ndemenakakeny. tijang wau ladjeng teteg manahipun, matemah kapitadosanipun dateng pun dokter saja ageng. Mangka punila satunggaling bab ingkang prelu tumrap tijang sakit, ingkang asring saged ndjalari énggaling sarasipun.
Ulat manis punika pantjén ageng dajanipuns ugi wonten ing gesang bebrajan. Swasananing pasrawungan, upaminipun, saged njedihaken utawi njenengaken, margi saking ulatipun ingkang sami djedjagongan. [ 42 ]Mila tijang ingkang sampun inggil tataraning djiwanipun punika mèh boten naté ngatingalaken ulat suntrut, djalaran mangrétos, bilih ulat suntrut punika baḏé damel petenging pasrawungan. Sanadyan lugunipun wonten bab ingkang damel sisahing manah, inggih saged nutupi saprajoginipun.
Katjarijos, satrija panengahing Panḏawa Radén Ardjuna manawi pinudju duka katingal suméh pasurjanipun. Kalajan mésem Risang Sinatrija ladjeng mutjang. Renguning panggalih namung katawis wonten ing weḏaring pangandika ingkang ngewrat deduka.
Ulat suméh punika wonten kalangan pundi kémawon damel paḏanging swasana. Mangka padanging swasana punika adamel paḏanging manah. Paḏanging manah ndjalari paḏanging pikiran. Mile sardjana Johannes Komensky (Comenius), sardjana panggulawenṯah ing nagari Moravia suka pepénget ḏateng para ingkang sami makarja wonten ing kalangan panggulawenṯah, makaten:
- "Djuru panggulawentah iku prajogané nulada pakarjaning surja, kang tansah angsung panas lan padang, kerep awéh udan lan angin, nanging arang nganakaké gluḏug apadéné bleḏég".
Piwelingipun sardjana Jean Paul makaten:
- "Ṯeṯukulan iku bisané tuwuh betjik, jén tansah oleh paḏanging srengéngé".
Pamanggihipun sardjana-sardjana wau sampun tjunḏuk kalijan pangandikanipun Prabu Rama Widjaja. Wonten ing kalangan panggulawenṯah ingkang dados sesurja utawi rembulan, ingkang damel paḏanging kawontenan punika:
Sang Djuru-panggulawentah, Wonten ing pamulangan, umpaminipun, manewi guru lumebet ing klas sampun katingal suntrut, langkung-langkung manawi polatan katingal nepsu, swasana ing klas sanalika ladjeng dados peteng. Para siswa sami kadunungan raos adjrih. Saréhning adjrih ladjeng boten saged mikir kanṯi saé, matemah wulangan boten saged tumandja babar pisan. [ 43 ]Manawi wonten guru ingkang lumebet ḏateng pamulangan mbekta sangu nepsu saking grija punika ingkang mesakaken para muridipun, djalaran ladjeng dados kurban. Makaten ugi manawi wonten satunggaling kepala kantor sapiturutipun ḏateng kantor mbekta manah nepsu, punika ingkang mesakaken para andahanipun, tur wahananipun saged damel pitunanipun pijambak, dipun geting ing anḏahanipun sadaja, malah tumrap djaman sapunika sisip - sembiripun dipun ugi sagedipun sumingkir. Tembungipun sapunika "dipun daulat".
Tijang sepuh ugi kénging kaupamékaken sumbering pepadang tumrep brajat. Manawi wonten bapa ingkang ḏateng saking kekésahan, lumebet ing grija kanti polatan njureng, sanalika punika ugi swasana ing salebeting brajat inggih ladjeng dadakan dados peteng, gegelitaning brajat sanés-sanésipun gampil dados kurban ugi. Wonten laré ingkang radi ramé sakedik kémawon dipun getak, mila sawatawis wekdal katentremaning brajat itjal.
Kadosmakaten dajaning ulat ingkang peteng. Awit saking punika pangandikanipun Sang Prapu Ramas Pakarjané Hjang Tjandra gawé bungahing djagat kebéh. Tindalkmu sing alus, ngresepaké manawa katon. Gujumu sing manis kaja banju panguripan.
Panutuping pangandikanipun Sang Prabu Rama makaten: "Wong tuwa lan pandita pada adjénana". Pangandike punika ganḏéngipun kalijan kawontenanipun Sang Hjang Tjandra sawatawis tebih, nanging inggih saged dipun gandéngaken , upaminipun: bab pangrengkuh ingkang saé punika supados ugi katumrapna dateng para sepuh kslijan para pandita , sampun namung manawi R. Wibisana sesrawungan kalijan sesamining ratu kémawon. Tijang ingkang makaten punika pantjén inggih wonten. Manawi kalijan anginggilanipun angatingalaken suméh, sanadyan ing salebetins manah bokmanawi wonten raos sengit. Nanging margi saking ngrumaosi dados réh-réhan inggih meksa-meksa badanipun ngatingalaken polatan manis. [ 44 ]Kosokwangsulipun ḏateng sor-soranipun. Sanadyan boten wonten punapa-punapa, inggih ngatingalaken anggènipun nebih, boten kénging dipun tjelaki, tjarijosipun,mangké minḏak karèmèhaken, minḏak suda kahurmatanipun.
Mila piwulangipun Sang Nata Ramawidjaja, supados Radèn Wibisana ugi ngaosi tijang-tijang sanès, ingkang sanès ratu, langkung-langkung para sepuh saha para panḏita.
Wasana kaparenga kula punggel dumugi samanten rumijin.
[ 45 ]
IX.
Dėrėng rampung anggén kula ngraosaken pangandikanipun Prabu Rama ingkang gegajutan kalijan pakarjanipun Sang Hjang Tjandra.
"Wong tuwa lan pandita paḏa adjėnana". Sanadjan Arja Wibisana ing mangkenipun badé djumeneng nata dados tetungguling nagari agung ing Ngalengka, éwadéné sampun ngantos njapėlėkaken ḏateng sesamining gesange Langkung langkung para tijang sepuh saha para pandita kadawuhan ngaosi satjekapipun.
Ingkang dipun kersakaken Prabu Rama "para sepuh" punika sinten, ta ? Punapa uger tijang ingkang umuripun sampun kaṯah? Temtunipun sanés. Mirid anggénipun kaajédjéran kalijan tembung "pandita" punika, tampinipun inggih ingkang tegesipun sairib kalijan pandita. Wonten, ing djagat kadjawén, langkung-langkung djaman rumijin, asring kapireng rembag: Tjobea ta, larané anaknu kuwi golékna wong-tuwa. Aku wis tau oleh pituduhé wong tuwa. Makaten saladjengipun. Kula kinten ingkang dipunkarsakaken Prabu Rama punika, inggih tijang sepuh ingkang kados makaten. Dados sanés tijang sepuh ingkang ateges namung sepuh umuripun, nanging tijang ingkang kadjawi sampun katah umuripun, inggih sampun katah seserepanipun, ngretos ḏateng tudjuning gesang, susila ing sabarang karja, inggih punika:
- Djanma kang wus waspadéng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis.
Kados ingkang kawrat ing serat Wédatama. Tijang sepuh ingkang kados makaten punika wadjib dipunaosi, wadjib angsal pakurmatan satjekapipun. Béda kalijan ingkang namung sepuh uwmuripun, nanging boten nglenggahi sepuhipun. Tijang makaten punika terkaḏang malah ngisin-isini. [ 46 ]Wulanging Wédatama makaten:
- Djinedjer neng Wedatama
Murih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Jén tan mikani rasa
Jekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsaning pakumpulan
Gonjak-ganjuk nglelingsemi.
Tijang Sepuh ingkang kados makaten punika namanipun boten nglenggahi sepuhipun, boten pantes lenggah wonten ing pasamuwan djalaran tiwas damel Jlingsemipun ingkang sami djedjagongane
Tijang sepuh ingkang pantjén sampun nglenggahi sepuhipun punika, tumrap para ingkang sami ngasta panguwaos prelu katjelakaken, djalaran saged kadadosaken paran pitakénan ing bab warni-warni, ingkang gegajutan kalijan lampahing kapradjan.
Saladjengipun para pandita. Tembung Sangsekrita "panḏita" punika ateges ingkang kadunungan awitjaksanan, ingkang sampun sinau, ingkang kadunungan kapinteran. Punika pantjén njata, amargi sinten ingkang nering gesangipun ngangkah ḏateng dradjat kapanḏitan, kedah njenjantrik rumijin dateng pratapan. Wonten ing ngriku pangkatipun saged minggah-minggah, dados manguju, djanggan, putut, wasi, adjar wasana ladjeng saged madeg, dados panḏita pijambak. Dados inggih kados déné para sardjana ing djaman sapunika. Anggénipun saged nggajuh tataran sardjana punika sinangkan dados murid rumijin wonten ing pamulangan ngandap, ladjeng minggah-minggah ngantos dumugi ing pamulangan luhur, wekasan dados sardjana.
Manut tjarijos utawi katrangan-katrangan ingkang pinanggih wonten ing serat-serat, para panḏita punika kadjawi paring pitedah bab margining karahajon, inggih mulang bab guna kasantikan. [ 47 ]Wonten ing serat Rama képratélakaken, bilih Radèn Rama sasadérék sami dados siswanipun Bagawan Wasista, panditaning karaton Ajodya, makaten ugi wonten/serat Mahabarata inggih katjarijosaken, bilih Kurawa Pandawa sami puruita ḏateng Resi Bisma saha Bagawan Drona. ing
Awit saking punika ratu prajogi njelakaken para panḏita ingkang linangkung, supados salebetipun ngasta pusaraning pradja wonten ingkang kapunḏutan pamanggih saha pamrajogi ing bab warni-warni, temah ndjalari saja saéning tumindakipun papréntahan. Mila Sang Prabu Ramawidjaja inggih boten kesupén paring dawuh dateng Prabu Wibisana, Supados ngaosana para tijang sepuh saha para panḏita.
Ugi djaman sapunika para ingkang sami ngasta kemuḏining pradja, pradja ageng punapa pradja alit boten wonten awonipun, malah kados-kados prajogi sanget, manawi njelakaken para tijang sepuh ingkang kénging kadadosaken paran pitakenan, amrih saéning lampahipun papréntahan.
Saja lebet malih isinipun dawuhipun Prabu Rama "wong tuwa lan pandita pada adjénana" punika manawi kajundukaken kalijan suraosing pantjadarma ingkang kawrat ing serat Wulangréh:
- Ana uga étung-etungané kaki
Lelima sinembah
Dunungé sawidji-widji
Sembah lelima punika.
Ingkang dingin rama ibu kaping kelih
Marang maratuwa
Lanang wadon kaping katri
Ja marang sadulur tuwa,
Kaping paté maring ing guru sajekti
Sembah kaping lima
Marang ing guStiniréki
Parintjiné kawruhana.
[ 48 ]Pantjadarma punika lugunipun kènging karingkes dados
kalih:
- - Rama ibu, marasepuh djaler éstri, saḏèrék sepuh saha gusti ingkang ateges ingkang dipun abdèni - punika kénging kagerba dados: "tijang sepuh",
- - "Guru".
Mila inggih ladjeng boten tjengkah kalijan angandikanipun Sang Prabu Ramawidjaja.
Ing ngadjeng sampun kapratélakaken, bilih sadaja ingkang njepeng kemuḏi wonten ing satunggaling wewengkon, punika kénging kasebut pamaréntah. Wondéné wewengkon ingkang alit pijambak punika: brajat, mangka ingkang dados tetungguling brajat punika bapa bijung, déné manawi sampun boten wonten, inggih sadérék sepuh. Tetungguling brajat punika tansah ngudi kawiludjenganing brajat, boten wonten sesepuhing brajat ingkang ‘ngangkah’ sangsaraning brajatipun. Minggahipun ḏateng wewengkon-wewengkon sanésipun ingkang langkung wijar tebanipun, ngantos dumugi wewengkon ingkang ageng pijambak, inggih punika nagari. Boten wonten pamaréntah ingkang mbudidaja, amrih sangsaraning nagari ingkang dipun paréntah. Sadaja pranatan‘saha tatanan ingkang kawontenaken punika, tumudju ḏateng karta rahardjaning pradja. Mila kosokwangsulipun sadaja gegelitaning nagari, nagari ageng punapa nagari alit wadjib ngaosi dateng tetungguling nagarinipun, ingkang dados tijang sepuhipun.
Dados manawi para warganing brajat boten sami sujud dateng pamaréntahipun, tegesipun boten sami purun nglenggahi tatanan-tatanan ingkang wonten, brajat wau tartamtu baḏé ngalami karisakan. Nagari ingkang rakjatipun sami nggega kadjengipun pijambak-pijambak baḏé lebur tanpa kukuban.
Tamtu kémawon tumrap papréntahan nagari, kita saged ngadjengaken pitakénan: [ 49 ]Punapa pamaréntah punika, boten saged atindak kalintu ? Saged kémawon, djalaran ingkang lenggah wonten ing papréntahan punika inggih namung manungsa limrah ingkang sarwa winates kaworitenanipun saha saged. kalènta-kalèntu tindakipun. Nanging kita sadaja pitados, bilih lugunipun karsaning pamaréntah punika saé. Déné djebulipun wohipun boten ngetrepi ingkang kaadjeng-adjengipunika sampun ngantos nukulaken raos rengu, minggahipun ladjeng sarosa duka-duka ḏateng para ingkang ngasta kemudining pradja, Kula sadaja wadjib ngéngeti, bilih wonten kalanipun teori kalijan prakték boten tjotjog. Saladjengipun kita ingkang dados gegelitaning pradja kawadjiban ugi nedahaken keléntuning panindakipun pamaréntah. Namung kémawon inggih kedah medal margi ingkang prajogi, ngetrepi tatanan-tatanan ingkang wonten, sampun ngantos migunakaken patrap ingkang damel sisahing pradja.
Kosokwangsulipun, saréhning tanggel-djawab dateng abang-biruning nagari punika sanés baén-baén,mila wangsul dateng pangandikanipun Sang Prabu Ramawidjaja,prelu sanget para ingkang sami ngasta pusaraning pradja njelakaken para sepuh saha para pandita, tumrap djaman sapunika para saged ingkang sami-kadunungan kawitjaksanan, ingkang dados patarosan tumrap prakawis warni-warni,supados sampun ngantos kaléntu ingkang ‘katindakakeh. Namung kémawon émanipun déné sok wonten tijang ingkang kapasrahan. panguwaos wonten ing satunggaling wewengkon (djawatan tuwin Sasaminipun) ingkang atindak: sapa sira sapa ingsun, nggega karsaning prijangga, boten mraduli dateng pamanggih saha pamrajoginipun "para sepuh lan pata pandita", matemah tindakipun numbuk-bentus boten kanten-kantenan. Manawi wonten panuntun ingkang: kados makaten punika prajoginipun inggih énggal-énggal dipun santunana, supados sampun ngantos kaladjeng-ladjeng anggénipun damel risaking kawontenan.
Wasane keparenga kula punggel dumugi samanten rumijin.
[ 50 ]
NGUNGAK ISINING SERAT ASTABRATA
[besut]Sapunika gentos ngraosaken pakarjanipun Sang Hjang Baju, déwaning angin. Sinten ta Sang Hjang Baju punika? Wonten ing mythologie Inḍu Batara Baju punika kaanggep dados déwaning angin ḍaratan. Katjarijosaken, Sang Hjang Baju punika manawi teḍakan, mijos ing gegana, nitih rata murub, tinarik ing kuḍa dragem utawi napas, ingkang tjatjahipun tarkadang ngantos séwu. Wonten ing serat Indu Mahabharata kapratélakaken, bilih Sang Hjang Baju punika ingkeng mutrakaken Radén Harja Bima. Manawi wonten ing padalangan namung katjarijosaken bilih Radén Harja Wrekudara punika pinundut putra dateng Sang Hjang Bajue Bab punika kadospundi larah-larahipun, kados-kados poten prelu kaoréhaken ing ngriki.
Saladjengipun wonten ing mythologie Indu ugi katerangaken, bilih pakarjanipun Hjang Baju punika ndjagi resiking angine Nanging tarkadang --bokmanawi manawi pinudju duka-- hawa utawi angin punika ladjeng kaisénan widji sesakit warni-warni, ingkang sami nempuh sadaja machluk gesang.
Wangsul dateng serat Astabrata. Wonten ing ngriki pakarjanipun Sang Hjang Baju béda sanget kalijan ingkang kawrat ing mythologie Indu wau. Pangandikanipun Prabu Rama dateng Radén Wibisana makaten:
- Angin ta kowé jén kowé ngintip sakabéhing panggawé kawruhana wewatekaning djagat kabéh
- Kanti patrap saprajogané, panonmu adja nganti katon pantjen pinundjul kagunaning Hjang Baju bab atindak remit.
mel, ingkang agal utawi ingkang alus. Punika tamtunipun kapirid saking kawontenanipun hawa utawi angin. Hawa punika saking lembatipun saged mandjing ing pundi-pundi, sanadjan papan ingkang tjiut-tjiut ugi saged kalebetan. Mila déwaning angin inggih saged nguningani sabarang pratingkah. Dalasan pratingkah ingkang remit-remit pisan ugi kapirsan, djalaran ing pundi kémawon tamtu wonten anginipun. Mangka manawi angin wonten punika ateges Sang Hjang Baju inggih wonten. Lumebetipun ing satunggal-satunggaling panggénan boten ngatawisi. Tanpa sabawa, udjug-udjug sampun wonten.
Pakarjanipun Hjang Baju ingkang kados makaten punika, ingkang wadjib katulad ḍateng Harja Wibisana."Sira dén kadi angin anggénira manginté kriḍaning manungsa, ajwa ngatarani".
Tetungguling pradja prelu nguningani gesanging rakjat, sampun ngantos namung marem miḍangetaken palapuran-palapuraning para ingkang tinanggenah nindakaken deḍawuhanipun kémawon. Prelu ugi kanjatakaken pijambak, kanṭi patrap ingkang boten ngatawisi.
Patrap makaten punika ageng sanget paédahipun:
- Pangageng saged nguningani pijambak kados pundi wahananing sadaja pambudidajanipun, ingkang tumudju dateng kartaerahardjaning nagari.
- Saged nguningani kakirangan-kakiranganing pambudidaja wau.
- Saged nguningani swaraning rakjat ing bab anggénipun pangageng wau ngasta tuntunan.
- Saged nguningani sisah-bingahipun rakjat.
- Saged nguningani panggesanganipun rakjat.
Makaten saladjengipun. Wonten sebab ingkang ing ngriki taksih prelu kaaturaken, inggih punika:
djalaran para punggawa wau ladjeng kapeksa tumemen ing damel. Wonten ing serat Witaradya, anggitan Ranggawarsitan, pinanggih piwulangipun Prabu Kusumawitjitra ḍumateng Prabu Gandakusuma saha Prabu Djajasuséna, ingkang makaten ungelipun:
Lelabuhan patang warna
Sowang-sowang patrapira
Ingkang sawidji anata
Pranata pangréhing pradja
Lakuné judanagara
Pangkating nagara krama
Tinata andina-dina
Kapinḍo aniti wadya
Kang kapasrahan rumeksa
Mjan kabubuhaning karja
Titinen ing tyas kéwala
Sabarang tur kang prajoga
Ajwa ngétang sapangarsa
Dadi tembung nglangi méga
Bisa andjaring maruta.
Kaping telu apariksa
Marang saisining pradja
Jén ana kang asungkawa
Pinisuka sawatara
Angusadani wong lara
Anjiptani wong kang ina
Angardjakken ing apapa
Muljakaken wong kang nista.
Kalésaning djagat traja
Kang dadya weweri samya
Pinidana ing wisésa
Sarupané duratmaka
Ingkang kaloka durdjana
Dursila mjang durlaksana
Kados makaten kuwadjibanipun tetungguling pradja.
Nanging amrih saéning tumindakipun padamelan, pangageng prelu ngawontenaken panitipriksa, supados sageda nguningani, punapa sadaja ḍeḍawuhan ingkang sampun kaparingaken, sampun katindakaken sadaja.
Panitipriksa punika preluning prelu. Lampahing padamelan, manawi boten katitipriksa gampil nglentaripun , djalaran manungsa punika limrahipun pados saketjanipun pijambak. Wonten ungel-ungelan kina ingkang suraosipun. Roh iku tjumaḍang, nanging daging iku ringkih. Manawi kadjengipun makaten manungsa punika boten baḍé nindakaken piawon, nanging margi saking kapéntjuting daging, manungsa gampil njimpang kekadjenganipun ingkang saé. Makaten ugi tumrap padamelan. Saréhning sampun dados kawadjibanipun, kadjengipun inggih badé nindakaken bebahan-bebahan, ingkang dados sesanggénipun, nanging salebetipun nglampahi ajahan punika kaṭah sanget rubéda ingkang ngreribedi, ingkang ndjalari boten saéning tumindakipun padamelan, reribed-reribed saha rentjana-rentjana, ingkang djumeḍul saking manah tuwin saking djawi ingkang tumempuh ḍateng djiwaning manungsa. Ingkang tumimbul saking nglebet upéminipun: raos pados sakétjanipun pijambak, keséd, murka, lan sapiturutipun. Wondéné daja prabawa saking djawi kadosta: barang-barang ingkang éndah, kalimrahan mawarni-warni, pakempalan-pakempalan lan sasaminipun. Tjetanipun makaten: Margi saking anggénipun pados sakétjanipun pijambak utawi margi saking keséd, tumindaking padamelan boten saged rantjag. Awit saking murka saha boten narimah ing pandum tijang ladjeng saged nindakaken pandamel dudu warni-warni njalingkohaken arta ingkang dados tetanggelanipun wonten ing kantor, nilar kantor prelu baḍé pados wewahing pamedal, nilar padamelan prelu bade ... ngumbar ubaling hawanapsu. Nilar kawadjiban amargi baḍé nḍatengi parepatan, baḍé djagong, baḍé nglajad, baḍé dados saksi ing satunggaling prakawis, makaten saladjengipun, taksih kaṭah sanget tunggilipun. [ 54 ]Mila panitipriksa punika kadjawi ateges nakjinaken tumindaking padamelan inggih nampéni panjuwunan-panjuwunanipun ingkang njanggi damel, ingkang baḍé ndjalari saja, saéning tumindakipun padamelan. Mila panitipriksa ladjeng kénging kategesaken pirembagan bab padamelan. Déné ingkang pirembagan para narapradja ingkang sami njambut damel sasarengan, ngudi ḏateng karta-rahardjaning nagari.
Wasana namung dumugi samanten panjuraos kula bab pakarjanipun Sang Hjang Baju.
XI.
Gentos sapunika pakarjanipyun Sang Hjang Kuwéra. Wonten ing serat De Javaansche Geestenwereld, karanganipun tuwan H.A. van HIEN djilid I, wonten ing bab " De Brahmaansche Godenleer " katja 67, kapratélakaken, bilih Batara Kuwéra punika ugi asma Sang Hjeng Purusha wahana saha dados déwanipun desaring bumi, punapa déné déwaning kasugihan. Mila sariranipun lema Sanget, palenggahanipun bantalan ingkang rinengga-rengga éndah . Titihanipun turangga petak, tarkadang nitih rata ingkang saged lumampah pijambak, nama Pushpaka. Manawi boten wonten ing bausastra Sangsekrita katerangaken, bilih Sang Hjang Kuwéra utawi Kubera punika kadjawi dados déwaning dasaripun bumi ugi dados pangagenging sakatahipun titah ingkang awon saha rohing pepeteng punapaddné kapratélakaken ugi, bilih sampéjanipun tiga, wadjanipun namung wolu. Saréhning katrangan puniia sumberipun saking tanah Indu, tamtunipun inggih gandéng kelijan ingkang kepratélakaken wonten ing "De Brahmaansche Godenleer" kasebat nginggil. Namung kémawon ingkang kapetik dateng Sang Pudjangga ingkang ngauggit serat Ramejana muhung pérangan ingkang sad, ingkang pantes tinulad.Pangandikanipun Sang Prabu Ramawidjaja dateng irjea Wibisana makaten:
Mangana sakabéhing pepanganan, sambinen ngénak-énak
Mangana lan gombéa sakatogmu
Manganggoa sandangan lan pepaésa
Jaiku bratané Hjang Danada, kang wadjib kotiru.
Ing nginggil eampun kapratélakaken, bilih Sang Hjang Kuwéra punika déwaning kasugihan. Mile piwulangipun inggih ketjundukaken kealijan kawontenan wau. [ 57 ]Mangké bilih Radén Wibisana sampun kalampahan ngrenggani karaton Ngalengka, kadawuhan ngétja-étja, dahar punapa kémawon sakatogipun punapa déné kadewuhan mangagem ingkang sarwa éndah lan pepaés.
Punapa ta isining piwulang punika? Manawi kawawas satléraman, katingal anéh sanget, déné ḏeḏawuhan taka kados makaten? Ratu teka namung kadawuhan ngétja-étja makaten? Kauningana, wontenipun ratu, margi wonten rakjatipun . Ratu ingkang tanpa rakjat punika, boten wonten. Kosok-wangsulipun rakjat ingkang boten wonten ingkang nata ingih bibrah: boten kanten-kantenan. Mila ratu tuwin rakjat punika kedah manunggil dados satunggal. Saleh satunggaling piwulang ingkang kewrat ing serat Nitisastra nggambar gegajutanipun ratu kalijan rakjat kadosdéné sima kalijan wana. Ungeling piwulang wau makaten: Sima punika rumeksa ing wana, ingkang wana ngroksa sima. Sareng sima kalijan wana boten rukun, tansah tetukaran, sima késah anebihe ing wekasan wana risak binabadan déning tetijang, kakadjenganipun sirna gampang, déné sima-wau umpe tan wonten ing djedjurang ladjeng binudjeng ing tijang dusun.
Kados makaten panggambaripun serat Nitisastra. Mila ratu tuwin rakjat kedah tansah sajuk ijeg manunggal budi,sami nindakaken kewadjibanipun pijambak kanti tumemen. Ratu netepana bebahanipun anggénipun djumeneng ratu, rakjat inggih nglampahana sesanggénipun anggénipun dados rakjat, punapadéné kados gegambaran wau kalih-kelihipun kedah sami reksa-rumeksa, gotong-rojong sesarengan ndjagi karta rahardjaning nagari.
Malah kula kinten boten kaladuk, manawi sesambetanipun ratu kalijan rakjat (tumrap Indonesia: pamaréntah kalijan rakjat) punika kagambar kados déné tijang sesemahan. Ratu punika sang kakung, déné rakjat ingkang minangka tetimbanganipun. Tjobi ta, kagaliha, rakjat punika rak dados tetimbanganing pamaréntah, sanés gedibalipun, inglang dados pirantos ingkang namung kanggé' ngudja dateng ubaling hawanapsunipun sang kakung. Tetimbangan makaten boten ateges, manawi sang kakung badé atindak dudu, sang garwa ladjeng nimbangi angrodjongie [ 58 ]Punika boten makaten. Atindak dudu punika manawi kagambar: Tradjangipun ndjomplang, miring. Dados manawi sang garwa ngrodjongi, ateges ndjomplangipun tradju baḏé saja sanget. Mila tetimbangan punika ateges: manawi tradjunipun baḏé ndj omplang utawi sampun ndjomplang , ladjeng kaangkaha supados énggal saged timbang malih. Inggih kados makaten punika kawadjibaning garwa. Mila garwa punika limrah kawastanan rowang kang sembada. Makaten ugi rakjat inggih sageda kados déné rowang kang sembada tumrap pamaréntah. Kosok wangsulipun sang kakung sampun ngantos sawenang-wenang dateng sang garwa. Pamaréntah wadjib rumeksa dateng rakjat, supados gesangipun saged sakétja boten kekirangan.
Wonten ing piwulang ingkang kagatukaken kalijan Batara Kuwéra punika, ingkang dipun lengaken dateng Prabu Ramawidjaja bab anggénipun Sang Arja Wibisana manawi sampun djumeneng nata kadawuhan budjana andrawina. Ing ngadjeng sampun kapratélakaken, bilih Sang Hjang Kuwéra punika déwaning kasugihan. Makaten ugi ratu inggih kawadjiban ngatingalaken anggénipun sugih, kerep ngawontenaken bingah-bingah sesarengan kalijan rakjat, nglubéraken kasugihanipun dateng rakjat, damel senenging rakjat. Wosipun ratu kalijan rakjat punika kedah manunggil, dados dwitunggal, ingkang boten saged kapisah. Awrat énténg kasanggi sesarengan, legi pait karaosaken sesarengan.
Saladjengipun manawi kamanah langkung lebet malih, piwulang bab nulad pakarjanipun Sang Hjang Kuwéra punika isi pepéling ingkang langkung déning wigatos. Tijang njanggi damel punika, ageng alita, ratu punapa rakjat, manawi katindakaken kanti tumevien, awrat sa- nget djalaran mbetahaken kekijatan lair patos boten sakedik, Mila kedah wonten lelingsénipun, seneng - seneng dateng kebon kéwan sagarwa putra, dahar étja, darmawisata lan sapiturutipun, tembungipun sapunike: tijang njanggi damél punika mbetahaken hiburan. [ 59 ]Mila ḏawuhipun Batara Kuwéra: Mangana ‘lan ngombéa saketogmu. Manganggoa sandangan lan pepaésan,
Njambut damel kanṯi tumemen punika, djalaran punika netepi kawadjiban. Lepat sanget manawi wonten satunggaling narapradja ingkang purun nampéni pramastianipun, nanging anggenipun tumindak ing damel sasakétjanipun. Namung kémawon manawi tijang tansah kapleter ing padamelan, mangka boten wonten lelingsénipun, punike kalintu sanget djalaran djiwa makaten inggih mbetahaken ngaso, boten béda kalijan raga. Manawi sampun ngaso, djiwa saged ngladjengaken padamelanipun malih kanti kekijatan énggal. Kosokwangsulipun manawi terus-terusan manteng, dangu-dangu djiwa saja suda kekijatanipun, matemah wohing padamelanipun inggih saja suda, inggih suda katahipun inggih suda saénipun. Mila seneng-seneng punika prelu. Awit saking punika ing kalanganing brajat asring wonten tindak ingkang katingalipun lutju tur sapélé, nanging lugunipun saé sanget, inggih punika akaling garwa ingkang rumeksa ing kakung. Nguningani sang kakung anggénipun tansah binudjeng binereg ing pandamelan punika sang garwa ing wantji sonten udjug-udjug adjak-adjak "Pak, aku terna lunga sedéla waé!" Sang kakung, sanadyan saweg mindeng padamelan, margi saking tresna ing garwa,ladjeng dandos saha ladjeng ngeteraken garwa. Mbetjak sesarengan. Sang garwa tansah ngadjak pirembagan bab ingkang damel pirenaning panggalih. Bétjak kéndel ing sangadjenging toko-toko. Kekalihipun runtang-runtung, rénténg-rénténg sesarengan mirsani dedasaran ingkang bai éndah, ingkang pinadangan ing dilah listrik nant jawarni. Bleng,ladjeng sami lumebet ing toko memundut ingkang prelu-prelu. Boten kasupén ugi mundutaken dolanan putranipun ingkang alit.Sarampunging memundut ladjeng kondur.
Lelingsén punika pantjén prelus Seneng-seneng makaten wonten paédahipun. Mila pangandikanipun Batara Kuwéra:
"Mangana lan ngonbéa sakatogmu. Manganggoa lan pepaésa."
Kaparenga bab punika kula ladjengaken. Tijang njambut damel punika boten namung mbetahaken lelingsén noneng-coneng kémawon, nanging kedah kadunungan reos seneng. [ 60 ]Arbeidsvreugde kedah wonten. Wondéné ingkang ndjalari ṯukuling raos seneng njambut damel, utawi njambut damel kanṯi seneng, punika warni-warni. Angka satunggal kawontenaning padamelan tjotjog kalijan manahipun ingkang nindakaken. Kaping kalih tumraping para narapradja, wonten bab-bab ingkang ndadosaken saja senengipun anggènipun sami tumindak ing damel, inggih punika: panginggilan tansah nggalih. Saladjengipun margi saking nguningani saèning pandamelanipun, boten kata lompèn ladjeng mbudidaja minggahing pangkatipun narapradja wau. Minḏaking pamedal ing wekdal-wekdal ingkang sampun katamtokaken boten nato kasèp. Tarkadang wonten gandjaran-gandjaran ingkang kaparingaken, ingkang boten kanjana-njana. Makaten sapiturutipun. Matemah margi saking makaten, tumindaking padamelan kinanṯènan raos seneng, djalaran wonten arbeidsvreugde.
Wasana kaparenga kapunggel dumugi samanten rumijin.
XII.
Déwa tjandakipun, ingkang pantes tinulad pakarjanipun inggih punika Sang Hjang Baruna, déwaning toja.Wonten ing agami Brahma kapratélakaken bilih titihanipun Batara Baruna wau mangkara utawi makara, inggih punika kéwan ingkang wudjudipun nggegerisi. Sukunipun ngadjeng saha endasipun mémper sangsam, badan saha buntutipun ménper ulam.
Manawi wonten ing padalangan kotjapipun namung dados déwaning toja, mila djemparing ingkang ngedalaken toja, kawastanan barunastra. Mirid serat Paramajoga anggitan Ranggwarsitan, Sang Hjang Baruna punile putranipun Sang Hjang Gangga, namung kémawon katrangan sanésipun boten wonten. Pantjén lugunipun wonten ing kalangan kadjawén Sang Hjang Baruna punika kalebet déwa ingkang méh boten naté kotjap. Sanadjan wonten ing padalangan inggih awis-awis katjarijosaken. Wonten ing lampahan Ardjunasasra (kawrat ugi wonten ing serat Ardjunasasra Sindusastran), déwaning warih punika ingkang nggesangaken Déwi Tjitrawati saha putri domas ingkang sami suduk slira, djalaran pokal damelipun danawa balanipun Prabu Dasamuka. Tjarijos sanésipun kula déréng naté mireng. Bvadéné wonten ing serat Ramayana pérangan Astabrata kaéwokaken déwa ingkang pantes tinulad.
Pangandikanipun Sang Prabu Rama makaten:
Sang Hjang Baruna ngasta dedamel
kang mawa wisa nggegirisi jaiku nagapasa
kang nénaléni.
Pasabrata iku tuladen
Sakabéhing durdjana pada talikungen.
naga = sawer ageng wonten ing tanah Indu, limrahipun kanggé namakaken sawer ing salebeting dedongsngan, mawi sirah tijang.
Sawer-sawer wau sami ngenggéni kita Bhogarati, ingkang dunungipun wonten ing wewengkon ingkang ngadjrih-adjrihi sanget.
paca = djiret, kolongan, tangsul.
Wonten ing lelampahan ringgit ingkang katjarijosaken ngagem dedamel nagapasa punika Radén Indradjit , narendraputra ing Ngalengka, putranipun Prabu Dasamuka. Nalika Risang Ramandajapati ngamuk ngobrakeabrik nagari Ngalengka, Radén Indradjit anggénipun njepeng Radén Anoman migunakaken sandjata nagapasa. Ramandajapati kénging puleting nagapasa ladjeng api-api tanpa daja,djalaran sanadyan nagapasa punika dedamel ingkang linangkung, Sang Guruputra tamtu boten kéwran anggénipun baaé uwal, nanging Sang Kapiwara kapéngin ngongasaken kadébjanipun wonten ing ngarsanipun Prabu Rawana, mila réwa-réwa kapikut. Namung kémawon sareng sampun kalampahan kabajang dateng karaton saha badé kaukum pedjah sarana kabesmi, nagapasa kakirigaken saged wudar. Ramandajapati lumumpat, mentjolot dateng pajoning kraton ladjeng mbesmi gedong-gedong ingkang kalangkungan nalika wangsul dateng ing ngarsaning natia sesembahanipun inggih punikea Sang Prabu Ramawidjaja. Kadaton Ngalengka apinda samodra dahana. [ 63 ]Manut tjarijosipun Kjai-Ḏalang, pusaka punika boten wonten ingkang rangkep, dados namung njatunggal. Manawi makaten, nagapasa dedamelipun Radèn Arja Indradjid punika inggih kagunganipun Sang Hjang Baruna wau, ingkang sawatawis wekdal kagaḏuhaken ḏateng putra Ngalengka. Katjarijosaken, bilih para linangkung punika sami ginaduhan pusaka déning déwa. Déné manawi sampun séda, pusaka wau wangsul ḏateng kadéwatan. Tulaḏa ingkang tjeṯa inggih punika sandjata tjakra. Kala djaman Lokapala, sandjata wau kagaduhaken ḏateng Prabu Daniswara inggih Prabu Danapati. Nalika alam Maèspati gumaḏuh ḏateng Radèn Sumantri inggih Patih Suwanda. Sareng djamanipun Prabu Rama sandjata tjakra lumèngsèr ḏateng Radèn Laksmana.Wasana sareng djaman Panḏawa ladjeng dados pusaka ing Dwarawati.
Wangsul dateng sandjata nagapasa. Kala Wau sampun kaaturaken, bilih kapikutipun Sang Kapiwara Anoman punika kapulet ing nagapasa. Wonten ing serat Rama Jasadipuran kapratélakaken makaten:
Radjaputra Indradjit menṯang langkanja
Sandjata kang linuwih,
kang anggempur déwa
Duk aprang néng Sawarga
Endra katiban kapilis
Mangkja kinarja
Sandjata ring Maruti
Kena pupunira terus kang sandjata
Tumantjep tan tinarik
Djemparing tumanggah
kinèndèlaken kéwala
Sigra Indradjit nusuli
Sandjata naga
Anggubed ing Maruti
Ula satal gengira pandjangé muwah
Mbebed badaniréksi
Anggapit sadaja
Ngringkus lan baunira
Anoman aniba ririh
Ana pamrihnja
Mila tan krura malih
Arep amrih pareka sapotjapana
Lawan Sang Wilnarpati .......
.............................
Makaten ingkang kapratélakaken wonten ing serat Rama. Wonten ing ngriki sandjata nagapasa awudjud Sawer ingkang satal pandjang ban agengipun, ingkang ladjeng nggubed sariranipun Radén Anoman. Dados sadjalkipun manawi kalepasaken, sandjata wau ladjeng malih dados sawer naga saèstu ingkang ageng sanget.
Ing serat Lokapala utawi Ardjunasasra Sindusastran, ing pérangan ingkang njarijosaken perangipun wadyabala kaéndran kalijan Guwakiskenḑa, wadyabalanipun Prabu Maésasura, wonten ingkang mungel makaten:
Golongan alelumbungan
Kang sawenèh déwa metokken sekti
Ngembat ganḑéwa kumrusuk
Wetuné sandjatanja
Ngajuh wijat ngajati ngasut sumijut
Saweneh déwa tijasa
Nggedeg ganḑéwanja midjil
Nenggih kang budjanggapasa
Mangang krura saking ganḑéwa nggili
Liweran ulur aselur
Sarpa mara kumerap
Kang sawenèh metokken kadibjanipun
Déwa kang munggéng dipangga
Nggeḑeg gandéwaniréki.
Kados sampun tjekap anggèn kula sami njandra kawontenanipun sandjata nagapasa. Sapunika wangsul ḏateng pakarjanipun Sang Hjang Baruna. Pandjenenganipun tansah ngasta dedamel nagapasa ingkang mawa wisa kagem nalikung ingkang kedah tinalikung. Manawi makaten ingkang katindakaken Batara Baruna punika gatuk kalijan pakarjanipun Sang Hjang Jama, ingkang midana‘sadaja ingkang atindak lepat. Dados urut-urutipun: Sang Hjang Baruna ingkang njepeng dedosan, Baṯara Jama ingkang midanae wonten ing gesang bebrajan djaman sapunika tindak kalih warni punika pantjén inggih pilah. Ingkang kawadjiban njepeng pandung punika pulisi. Ingkang nḏawuhi pidana punika pangadilan. Kalih-kalihipun kedah saged njambutdamel sesarengan.
Manawi pakarjanipun Baṯara Baruna katanḏing kalijan bebahanipun Sang Hjang Jama, Sanadyan bédanipun sampun tjeṯa, wonten sesanggén ingkang sami inggih punika kedah atindak adil, boten kanṯi mawas sinten ingkang bade dipun tjepeng punika wau. Bab punika sagedipun tumindak, manawi dipun kanṯèni raos tegel. Tegelan punika prelu kagem para ingkang sami kabebahan nalikung dedosan saha ingkang sami ngasta pangadilan. [ 66 ]Prakawis punika saged karowakaken, djalaran njepeng dedosan makaten saged ateges: njumerepi saha nedahaken kalepatan, déné nindakaken pangadilan kènging kategesaken ngetrapaken paukumanipun. Manawi makaten bab punika boten namung dados kawadjibanipun pamaréntah agung kémawon, nanging inggih dados bebahanipun para ingkang sami ngasta panguwaos wonten ing wewengkon-wewengkon ingkang langkung alit, awit kadosdéné ingkang sampun kaaturaken ing ngadjeng ingkang kawastanan pamaréntah makaten boten namung ingkang ngemuḏèni pradja kémawon, nanging sadaja kémawon ingkang njepeng kemudi wonten ing satunggaling wewengkon, punika inggih kenging kawastanan pamaréntah, kadosta: ingkang mangagengi djawatan-djawatan utawi kantor-kantor, jajasan-jajasan lan sapiturutipun, malah ngantos dumuginipun brajat inggih wonten papréntahanipun.
Wonten ing salebeting brajat panguwaos njepeng Saha ngadili dumuginipun ngukum pisan, punika wonten ing tanganing tijang sepuh. Manawi wonten gegelitaning brajat ingkang atindak boten leres, tijang sepuh kedah tegel njaruwé minggahipun midana ingkang lepat wau, amargi manawi tindak lepat kaetogaken, tamtu baḏé saja mekar tur saged tumular ḏateng gegelitan sanès-sanèsipun. Mila uger wonten lampah ingkang boten leres, kedah énggal-énggal dipun leresaken. Punika kanggé ndjagi kawiludjenganing wewengkon lan lugunipun inggih kanggé ndjagi kawilujunganipun sadaja gegolitan, supados sampun ngantos atindak dudue Malah lugunipun inggih kanggé ndjagi ugi kawiludjenganipun ingkang kapatrapan paukuman ing saladjengipun. Djalaran gegelitaning brajat ingkang wongsal-wangsul kelepatan, paukumanipun inggih saja awrat. Dados énggal-énggal tumindak mbrasṯa piawon punika ateges pamardi saha pengéman. Wonten ing salebeting brajat sadaja-sadajanipun wau aḏeḏasar katresnan. [ 67 ]Makaten tumindakipun wonten ing salebeting wewengkon ingkang alit, nagari ingkang alit, inggih punika brajat, lan inggih makaten kedahipun wonten ing wewengkon-wewengkon sanèsipun, ngantos dumuginipun pradja agung pisan. Namung kémawon tumindakipun tamtunipun béda, lan inggih pantjèn béda. Wonten ing salebeting brajat tijang sepuh wenang lan wadjib murba misésa anak, mila patrap agal alus saged kaetjakaken pijambak. Nanging wonten ing wewengkon-wewengkon sanès boten saged makaten, djalaran sadaja tijang sami-sami punggawanipun, dados ateges sami njambutdamel sesarengan, bédanipun namung dumunung wonten ing unḏa-usuking kalenggahan. Mila sadaja-sadajanipun kedah katindakaken kanti ngatos-atos, awit manawi boten makaten, saged ugi bab punika ladjeng ndjalari rengganging pasrawungan, matemah tumindaking padamelan badé boten saged rantjag. Punika ateges nagari ladjeng kapitunan. Mangka manawi nagari kepitunan punika inggih ateges kula sadaja ingkang kapitunan. Nanging Sang Hjang Baruna tetep prelu tansah ngasta sandjata nagapasa ingkang mawa wisa mandi, kagem nalikung ingkang kedah katalikung.
Kapareng samanten rumijin.
= NGUNGAK ISINING SERAT ASTABRATA =
XIII.
(PUNUTUP)
Sapunika kantun satunggal ingkang prelu kaontjèkan ugi, inggih punika pakarjanipun Batara Agni utawi Bahni, ingkang wonten ing serat Rama Jasadipuran kasebut Batara Brama. Hjang Agni ladjeng kaanggep sami kalijan Batara Brama punika tumrapipun pangripta boten mangretosaken. Manawi asma Brama punika sangking asma Brahma, punika anèh sanget djalaran Sang Hjang Brahma punika sanès déwaning latu, nanging déwa agung ingkang kaanggep déning tijang Indu ingkang nitahaken sadaja kawontenan punika. Ing basa Djawi pantjèn wonten tembung grama utawi brama, kalebet basa enggèn-enggènan ingkang ateges latu. Awit saking punika bokmanawi kémawon, sarèhning Batara Agni punika déwaning latu, mangka grama utawi brama punika ugi ateges latu, Batara Agni ladjeng kadadosaken Batara Grama utawi Batara Brama. Nitik anggènipun Kjai Jasadipura I sampun mastani Sang Hjang Brama tamtunipun sadèrèngipun punika Sang Hjang Agni sampun limrah kawastanan makaten.
Manut kapitadosanipun tijang Indu ingkang agaminipun Brahma, Sang Hjang Agni punika pangagengipun para déwaning latu. Wonten ing tanah Indu Batara Agni wau kapeta lenggah ing bantalan sekar tundjung saha ménda djaler ingkang linapakan. Kajanganipun nama Agniloka , déné garwanipun asma Dèwi Swaha, déwa dèwining latu ing pawon.
Wonten ing padalangan asma Hjang Agni punika mèh boten naté kanggé, djalaran sampun kasantunan Sang Hjang Brama, putranipun Sang Hjang Guru. Wonten ing tjarijos ringgit Sang Hjang Brama asring kotjap. Bramaastra,djemparing ingkeng ngedalaken latu, punika djemparingipun Radèn Ardjuna. [ 69 ]Nanging wonten ing serat Adiparwa Djawi kina Bramāstra punika inggih kawastanan Agniastra.
Wangsul ḍateng bakuning rembag. Punapa ta pakajanipun Sang Hjang Agni? Wonten ing serat Ramayana kepratélakeken makaten: Pakarjané Hjang Agni (Agni,Bahni) iku tansah mbrasta satru. Anggonmu galak marang mungsuhmu iku dikaja geni. Apa kang sira tradjang sirna gempang. Jaiku kang ingaran bratané Hjang Hagni.
Latu punika dajanipun utawi paédahipun ageng sanget:
1. Wonten ing salebeting balé grija kanggé rerateng, madangi ing wantji dalu lan sapiturutipun.
2. Wonten ing panḍéan kanggé ngempukaken tosan sesaninipune
3. Wonten ing pangluluhan kanggé mbesot utawi ngresiki emas, selaka tuwin sanès-sanèsipun.
4. Kanggé mbesmi kurban.
5. Kanggé mbesmi dupe.
6. Ing djaman kina ugi kanggé ngukum pedjah dedosan.
7. Kanggé niti-pariksa lepat leresing dakwa,
Makaten saladjengipun.
Bab-bab ing nginggil wau mratélakaken bab pigunanipun latue Nanging kosokwangsulipun atu punike inggih wonten mangsakalanipun mutawatosi minggahipun mbebajani tumrapipun djagad. Asring kémawon wonten wana ingkang kabesmi ngantds méh telas, margi saling atu sapelik. Pinten kémawon grija ingkang sirna gempang margi saking pangamuking latu, ingkang saladjengipun ndjalari pedjahipun tijang ingkang sami wonten ing salebeting grija-grija wau.
Dados sampun tjeta sanget, bilih latu makaten kaṭah sanget paédahipun saha ageng sanget daja kakijatanipun. [ 70 ]Nanging Sang Prabu Rama namung munḍut gelenging dajanipun latu inggih punika anggènipun mbebesmi punapa kémawon ingkang tinempuh. Sang Hjang Brama ingkeng nguwaosi latu, ngagem Sandjata punika kagem njirnakeken mengsah. Pangandikanipun Sang Prabu Rama ḍateng Prabu-Wibisana : Sira iku kadunungan déwa wewolu, Indra, Jama, Surja , Tjandra, Anila, Kuwéra, Baruna lan Agni. :
- Wewolu sarinanira
Jekti nora kena sira ngontjati
Salah sidji saking wolu
Tjatjad karatonira
Jén tinggala salah sidji saking wolu
Kang ḍihin Batara Indra
Baṭara Surja ping kalih.
Makaten saladjengipun. Dados déwa wewoluw punikea boten kénging katilar satunggal-tungeala, adjelaran manawi ngantos tjewéd satunggal kémawon baḍé ndjealari tjatjading pradja. Boten tjekap manawi. tetunguling nagari namung nulad pakarjanipun déwa pepitu ingkang kawitan.
Pakartining Sang Hjang Agni kedah katiru uci, Sandjata latu perlu dipun agema kagem mbrasṭa sakatahing satru , ingkang sumedya (baḍé) ngrisak katentremaning, pradja. Tumrap pradja agung ingkang dados satru punila wonten warni kalih inggih punika mengsah saking djawi, saking nagari sanès ingkang. badé ngendih saha ndjadjah, kaping kalih mengsah ingkang pinanggih wonten ing salebeting pradja, inggih punika sadaja kémawon ingkang damel rengkaning nagar, tjrahing golongan satunggal lan satunggalipun, pambaléla, raos memengsahan, tjolong-djupuk lan sapiturutipun. Punika sadaja dados satruning Pamaréntah, mila kedah kasirnakaken.
Manawi kamanah saéstu lugunipun tumrap djaman pambangunan punika wonten bab-bab ingkang kénging kaanggep mengsah ugi, inggih punika kabudajan2 ngamantja ingkang [ 71 ]lumebet dateng Indonesia ingkang sampun tetéla sanget tjengkah kalijan kasusilan Indonesia. Punapa ingkang awudjud sandang panganggé, punapa ingkang arupi tindak-tanduk, punapa ingkang awarni-tetingalan kadosdéné bioskup, dansah lan sapiturutipun. Punika wau sadaja kedah dipun kawékani. Boten kok ateges kula sadaja nampik dateng kabudajaan mantja ingkang lumebet dateng Indonesia, nangifig kula sadaja kedah njaring. Pundi ingkang pantjén prajogi katampénan, inggih kalebetan, déné ingkang tjeta boten saged daup kalijan raos wétanan prajogi katampik.
Kados makaten prajoginipun tumindaking Pamaréntah ing pradja agung. Tumraping wewengkon ingkang alit,inggih punika brajat, ing panginten, prajoginipun inggih makaten. Malah bokmanawi saged langkung kijat, manawi katanding kalijan papréntahan pradja, djalaran tijang sepuh punika tanggel-djawabipun dateng anak nglangkungi - - - - tetanggelanipun waprenton han pradja dateng war- ganing rakjat ingkang kaparéntah. Wondéné sababipun Pamaréntah makaten, angka satunggal nindakaken pranatan-pranatan ingkang kadapuk adedasar pamanggih-pamanggih umum, ingkang sampun kasarudjukaken déning D.P.R. sasaminipun. Béda kalijan brajat. Sanadyan ing satengahing masrakat wonten bab—bab ingkang kaanggep boten wonten balung-erinipun déning umum, minggahipun déning Pamaréntah brajat inggih punika tijang sepuh wenang nampik. Wontenipun makaten djalaran, upaminipun, kamanah tjengkah kalijan tatanan agami ingkang kaanggé déning brajat ingkang kawogan, boten notjogi raos kasusilaling brajat wau tuwin sanés-sanésipun. Bab punika tuladanipun katah sanget. Wonten lampahan gambar sorot utawi bioskop, ingkang sampun dipun kanténi katrangan: untuk segala umur. Tijang sepuh ingkang waskita boten énggal pitados nanging ladjeng mrelokaken ningali rumijin. Wasana sareng sampun kalampahan, djebul anak-anakipun boten angsal ningali. [ 72 ]Malih: Satunggaling anak éstri mantuk saking pamulangan tjarijos ngetupjuk bab kantja-kantjanipun ingkang sami mentas dansah wonten ing balé umum. WNaning imdos pundi tangganipun tijang sepuhs: Kowé ora kena dansah babar pisan. Malah: Wonten laré ném-néman ingkang marambah - rambah dolan ing wantji dalu. Laré wau ladjeng kaundang ing bapakipun tuwin dipun tjarijosi: Kowé ora kena dolan bengi manéh. Makaten saladjengipun. Wondéné mengsah ingkang tumimbul wonten ing salebeting brajat punika upaminipun: keséd ing damel, kemproh, budi ketaa,namung manah dateng badanipun pijambak, trotjoh utawi retien memisuh, remen tjremedan utawi remen ngedalaken tetembungan ingkang saru, remen tjrah lan sapiturutipun. Ugi mengsah-Mengsah punikea kedah kabrasta, .awit manawi boten kasirnalaken, badé 'saja ngrebat matemah badé ndjalari kisruhing kawontenanipun brajat. Mila para tijang sepuh inggih kedah tansah mandi samdjata-latu supados sawantji-wantji sageda kaanggé njirnakaken satru ingkang badé damel karisakan.
Dumugi samanten wawasan kula bab pakarjanipun Sang Hjang Agni. Saladjengipun (inggih) kaparenga kula djugag dumugi samanten kémawon pangudaraos kula bab sabda Astabrata, ingkang kapangandikaken ing Sang Prabu Rama dateng Prabu Wibisana. Namung kémawon amrih djangkepipun ing ngriki kados-kados taksih prelu kaaturaken ugi, bilih sabda Astabrata punika ugi kewrat wonten ing tjarijos padalangan lampahan Makutarama (mirsanana: serat Pakem Makutarama, anggitanipun Ki Siswoharsojo, katja 121, 122, 123 saha 124). Wonten ing ngriku karengaken déning Bagawan Késawasidi dateng Radén Ardjuna bilih As- tabrata punike wonten warni kalih, inggih punilas
- I. Wulang Astabrata ingkang ginelung wonten ing wahju Makutarama.
Pangandikanipun Sang Bagawan makaten:
ing pangudi.
Makuta iku kaprabon ageming naréndra kang dumunung ing mastaka.
Surasané: agem-ageman kang anggung pinundi.
Rama iku djedjuluké naréndra ing Pantjawatidenta. Dadi tembung: Wahju Makutarama iku, sadjatiné: saka éntaring agemé Sri Batara Rama kang anggung pinundi dék nalika djumeneng nata. Saka anggoné tansah mundi ngélmu mau, djemenenge nata Sri Batara Rama, kongsi dadya pralampita, pinéngetan para djawata. Mangkono mau ora marga saka gedéning karatoné miwah djembaring djadjahan....... Sababé mangkeno,amarga: pengembating pradja miwah momongé kawula dasih, tansah ngésti pambekan wolung prakara kang dénarani Astabrata...... Déné terangé mangkéné:
- Ambeking kisma...... (ladjeng kadjléntréhaken)
- " dahana.....
- " samirana....
- " tirta ....
- " akasa ....
- " tjandra ....
- " raditya....
- " kartika.......
- Astabrata, piwulangipun Prabu Rama dateng ingkang raji Radén Barata, ingkang kadawuhan makili djemeneng
nata wonten ing nagari Ngajodya. Pangandikanipun Bagawan Késawasidi makaten:
"Kadjaba saka iku, ana manéh "asta-brata" wulangé Sri Batara Rama marang raji Sang Barata nalika kawisudu djemeng nata mengkoni puraja Ngajodyapala. Déné asta-brata mau, Sri Ramawidjaja nélad pambekané djawata wolu jaiku:
- Baṯara Kuwéru, Baṯara Brahma, Baṯara Baju,
Baṯara Surja miwah Baṯara Rudra.
Déné surasané asṯa-brata rong warna mau,
sajekti tan prabéda. Kang béda amung pilenggahing asma........"
Sarèhning sabda Asṯabrata kekalih punika boten pinanggih wonten ing serat Ramayana Djawi Kina, dados namung awudjud anggitan wewahan ing djaman sapunika, amila pangripta boten baḏé ngaturaken wawasan pab punika.
Wasana namung dumugi samanten pangudaraos kula bab sabda Asṯabrata. Namung sumangga.