Menyang kontèn

Ngèlmoe boemi tanah Djawa kanggo pamoelangan tjilik ing pangkat 4

Saka Wikisumber
[ 1 ]Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/1 [ 3 ]Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/3 [ 4 ]
PANGETJAPAN J. B.​​​ WOLTERS.
[ 5 ]
BEBOEKA.

Anggèn koela ngarang serat ngèlmoe boemi poenika warni-warni ingkang koela angkah, moerih paédahipoen ngoengkoeli serat ngèlmoe boemi ingkang sampoen- sampoen.

Sepisan nama-nama, koela damel namoeng sakedik.

Kaping kalih: sageda moerid-moerid mantjep kawroehipoen dateng ḍapoer oetawi wangoening gambar ing kar oetawi atlas.

Kaping tiga: koela oedi moerih tanah Djawi, wontenipoen ing angen-angen, tansah dadosa satoenggal wetah, boten pating tjroewil dados paresiḍènan pinten- pinten.

Kaping sekawan: koela oedi moerih laré-laré poeroena mrasoedi pijambak.

Kaping gangsal: koela oedi, moerih ngèlmoe boemi sageda ganḍèng kalijan bab tetanèn.

Poenapa preloenipoen, kok nama-nama koela damel namoeng sakedik.

Mekaten: Bab nama-nama poenika, sanadjan wontenipoen ing pamoelangan anggènipoen ngapalaken dipoenpempenga kados poenapa, jèn sampoen medal saking pamoelangan, sakeḍap kémawon sampoen mèh kesoepèn sedaja. Mekaten poenika sampoen mratah. [ 6 ]Dados kangèlanipoen prasasat itjal moespra kémawon. Éwa déné katah-katahing tijang, wonten ingkang witjanten mekaten: Jèn akèh sing diapalaké koewi, senadjan salong ilang, korèd-korèdané rak ja isih ana klaproet-klaproet." Pantjèn kasinggihan. Namoeng, koewatos koela, ingkang kantoen poenika gèk namoeng ingkang anggrah-anggrah kémawon; ingkang preloe- preloe laroet sedaja.

Pramila poenika koela damelaken serat, ingkang isinipoen namoeng ingkang preloe-preloe sanget kémawon; pangangkah koela, sampoen ngantos katah-katah ingkang itjal, toer ingkang kantoen poenika meksa wos-wos sedaja, boten wonten ingkang anggrah-anggrah. Adatipoen, jèn sakeḍik apal-apalanipoen, èngetipoen saged mantjeb sajektos.

Wondéné moerih laré-laré saged damang dateng dapoering gambar, lampah-lampahing woelangan ing serat poenika, ingkang koela anggé srana. Kedjawi poenika wonten pitakènipoen, ingkang prasasat meksa dateng laré, soepados sami ngoekoeri tebih tjelaking panggènan, oetawi njoemerepi dateng enering margi toewin lèpèn sarta sapanoenggilanipoen; poenapa malih bab papan prenahing panggènan, jèn dipoenwastani saking panggènan sanèsipoen.

Pramila laré-laré ladjeng kepeksa saged oetawi ngertos dateng tjaraning maos atlas oetawi kar.

Pemanggih koela, manawi anggenipoen moelang sakaresidènan-sakaresidènan, angèl sanget sagedipoen mantjeb sajektos, sabab, manawi mekaten poenika, tanah Djawi ladjeng aḍapoer petil-petil; laré-laré ladjeng pangling, kados tjarijosipoen djingklong ing [ 7 ]kang madosi gadjah boten saged kepanggih; margi, soemerep soekoening gadjah dipoen kinten saka; soemerep koepingipoen, dipoenkinten lajar; dados boten saged soemerep dateng glegering gadjah. Wondéné bab pérang-péranganipoen tanah Djawi, inggih koela tjarijosaken; namoeng boten dados 16 paresiḍènan; pamérang koela namoeng mitoeroet kawontenanipoen pasitèn. Sarta malih jèn mitoeroet lampahing woelangan ing serat poenika, laré-laré anggènipoen ngangen-angen tanah Djawi, tansah dados satoenggal kémawon. Sanadjan pamoelangipoen dipoenpetjak-petjak, angen-angen waoe meksa boten saged éwah. Poenapa malih pitakèn-pitakèn ingkang kanggé mangsoeli (mbalèni) woelangan, inggih nggosokaken dateng toewoehing angen-angen ingkang mekaten waoe.

Sapoenika bab anggèn koela ngoedi, moerih laré-laré sami poeroena mresoedi kawroeh pijambak, badé koela djlèntrèhaken.

Ing ngadjeng koela sampoen tjarijos, jèn bab kepeksanipoen ngoekoeri tebih tjelaking panggènan poenika, preloenipoen moerih sagedipoen damang. Kedjawi poenika inggih moerih soepados laré poeroena mresoedi pijambak. Nanging taksih wonten malih rékanipoen, soepados laré-laré koelina mresoedi. Woelangan ngèlmoe boemi ingkang sampoen-sampoen poenika, sajektosipoen, goeroe kekațahen angènipoen ngesokaken woelangan; kekațahen anggènipoen noentoeni; laré-laré prasasat namoeng kantoen nirokaken kémawon. Dados angen-angenipoen prasasat keladjeng loempoeh; kedah neḍa génḍong kémawon. Pramila ing serat poenika, saben woelangan, ing nganḍapipoen [ 8 ]koela soekani pitakènan kalih golongan. Ingkang sagolongan, wangsoelanipoen kénging dipoensinaoe saking serat. Ingkang sagolongan kanggé nggegoelang oetawi nggoegah angen-angen. Paédahipoen pitakèn kalih golongan waoe taksih wonten malih; mangké badé koela pratélakaken.

Wondéné pitakèn ingkang roemijin poenika waoe. laré-laré sagedipoen mangsoeli namoeng saking taberinipoen anggenipoen sinaoe kémawon. Pramila inggih kénging kawastanan kanggé nantjebaken kawroeh.

Pitakèn golongan ingkang kaping kalih, kedjawi kanggé ngoelinakaken bab oekoer-oekoeran, inggih kanggé nggoegah angen-angen. Menawi sampoen soemerep salah satoenggaling kawroeh, sageda mandjang-mandjangaken nalaripoen; sageda nggondang-nggandèng, moerih gesang nalaripoen. Laré-laré poenika adatipoen, menawi dipoenwoelang poenapa-poenapa jèn kénginga mekaten, sageda namoeng kantoen nirokaken kémawon; wegah jèn kapoerih memikir pijambak. La kadjeng koela, sampoen ngantos nenoeman ingkang mekaten poenika. Sanadjan boten kantoen nirokaken, inggih sageda sarana memanah pijambak, mawi waton poenapa-poenapa ingkang sampoen dipoensoemerepi.

Dados pitakèn golongan ingkang angka kalih poenika, wangsoelinipoen boten preloe kaapalaken. Bibar kanggé, kénging kémawon ladjeng boten dipoenènget- ènget.

Anggèn koela njilah pitakèn kalih golongon waoe, pangangkah koela moerih sampoen ngantos katah- katah woelangan ingkang namoeng katirokaken kémawon dateng moerid-moerid. Saleresipoen, ingkang [ 9 ]sampoen-sampoen poenika, kekațahen woelangan ingkang namoeng dipoenapalaken noeroet oengeling serat kémawon. Tanḍanipoen, menawi laré-laré namoeng kapoerih sageda ngertos dateng isining woelangan kémawon, ladjeng sok boten saged njilah-njilah, poendi ingkang wos, poendi ingkang boten patos preloe. Ingkang poenika, pitakèn golongan ingkang angka kalih waoe, kadjeng koela, kanggé maḍangaken èngetanipoen laré dateng silahing prakawis ingkang preloe kalijan ingkang boten patos preloe poenika waoe.

Ing ngadjeng koela sampoen pratéla, jèn ing serat poenika, bab ngèlmoe boemi, koela angkah sagedipoen gandeng kalijan bab tetanèn. Toemrapipoen tanah Djawi, prakawis poenika kados sampoen boten preloe koela pratélakaken djalaranipoen. Déné patraping pangganḍèng koela, inggih badé saged tjeta pijambak saking isining serat poenika.

Serat poenika pantjèn koela oedi moerih ringkesipoen sarta namoeng isi ingkang preloe-preloe kémawon. Pengraos koela, serat ingkang kanggé sinaoe poenika, jèn nijatipoen katjepengaken dateng laré, kedah tjekak aos. Pengadjeng-adjeng koela, para goeroe anggènipoen moelangaken, sageda ingkang njenengaken. Woelangan ing ngriki poenika sageda namoeng dados ringkesaning woelanganipoen goeroe. Dados piwoelang waoe kedah karembag roemijin ingkang tjeța sanget kalijan moerid-moerid. [ 10 ]1. Wangoené lan watesé tanah Djawa.

Tanah Djawa ikoe aran poelo, sabab kinoebeng ing segara. Sanding tanah Djawa ija ana poelo manèh rada tjilik, djenengé poelo Madoera. Tanah Djawa ikoe ing sisih koelon amba; wétané sing amba ikoe bandjar tjijoet; rada mengétan setitik amba manèh, sarta bandjoer tjijoet manèh. Dadi sing amba ana rong enggon, sing tjijoet ija rong enggon; panggonané selang-seling.

Ing sisih kidoel tanah Djawa ikoe, watesé segara Indi; ing sisih elor segara Djawa. Segara Djawa ikoe


sing sanding pesisir ora djero. Nanging jèn segara Indi, sanding pesisir wis djero.

Watesé tanah Djawa ing sisih koelon: soepitan Soenda. Jèn saka tanah Djawa mengoelon, mlangkah soepitan maoe, tekan Soematra. Soematra ikoe ija poelo, toer gedé.

Sawétané poelo Djawa bener: soepitan Bali; bandjoer poelo Bali.

A. Pitakon bab apal-apalan. 1. Saeloré tanah Djawa, segarané aran segara endi? 2. Ing [ 11 ]sisih kidoel, watesé tanah Djawa segara endi? 3. Poelo Madoera ikoe ana ing segara endi? 4. Iki isènana: Tanah Djawa ikoe ing sisih wétan . . . . (amba apa tjijoet); rada ngoelon bandjoer . . . .; déné sing koelon déwé. . . . 5. Généja tanah Djawa ikoe kok aran poelo? 6. Sawétané poelo Djawa ana poelo endi? 7. La sakoeloné tanah Djawa, poelo endi?

B. Pitakon kanggo nggoegah angen-angen.

1. Jen wong arep leloengan, metoe saka tanah Djawa koedoe noenggang apa? 2. Tjoba oekoeren, tanah Djawa ikoe pira dawané? 3. Ambané sing amba déwé pira? 4. Sing tjijoet déwé pira? 5. Jèn ana wong mlakoe ndjoedjoer tanah Djawa, saka pesisir koelon tekan pesisir wétan, bisa tekan pirang djam, jèn lakoené saedjam 5 KM., toer dalané kentjeng baé. 6. La jèn mesin maboer, pirang djam soewéné, jèn sa edjam-edjamé olèh 100 KM.? 7. Tanah Djawa ikoe saka wétan mengoelon, karo saka kidoel mengalor adoh endi, jèn dalané pada kentjengé. 8. Soepitan Bali ikoe ambané pirang KM.?


2. Negara lan kali-kali sing geḍé-geḍé.

Ing tanah Djawa ikoe ana negarané pirang-pirang. Betawi ikoe akèh wongé; ikoe diarani negara. Kedjaba Betawi isih ana negara sing gedé-gedé, kajata: Soerabaja, Semarang, Bandoeng, Ngajogjakarta lan Soerakarta oetawa Solo.

Negara sing tjilik-tjilik, embèn boeri bakal takseboetaké. [ 12 ]Karo manèh tanah Djawa ikoe ija akèh kaliné. Toeké ana ing pagoenoengan, mili menjang segara. Kali sing gedé ana nem: Kali Brantas, Kali Solo, Tji Manoek, Tji Taroem, Tji Tandoej, Kali Srajoe.

A. 1. Kowé omahmoe ngendi? 2. Negara ngendi manèhé ing tanah Djawa sing wis koweroehi djenengé? 3. Ngaranana negara teloe sing ngongkang segara. 4. Ngaranana sing adoh karo segara. 5. Tjoba ngaranana kali nenem ing tanah Djawa, sing gedé-gedé. 6. Kali-kali maoe iliné menjang endi?

B. 1. Solo ikoe tjedak kali endi? 2. Kali sing mili menjang Soerabaja, kali endi? 3. Bandoeng ikoe tjeḍak karo kali endi? 4. Ngajogja ikoe sa....é Semarang. 5. Betawi ikoe sa....é Bandoeng. 6. Solo ikoe sa....é Ngajogja. 7. Poelo sing tjeḍak Sarabaja ikoe poelo endi? 8. Jèn wong saka Betawi arep menjang Soerabaja bisa noenggang . . . .; ikoe metoe ing daratan. Metoe ing . . . . ija bisa; ikoe noenggang 9. Kali Solo sarta kali Brantas ikoe woetah ing segara endi? 10. Kali jèn sok bandjir kaé, jèn mangsa apa?


3.Goenoeng-goenoeng.

Ing tanah Djawa iki akèh goenoengé.

Goenoeng-goenoeng ikoe sing akèh, ing sikilé, koebengé amba banget. Moenggahé menjang poetjak majad banget. Moelané jèn wong moenggah ing goenoeng saka ing sikil, bisané tekan ing poetjak sok nganti pirang-pirang dina. [ 13 ] [ 14 ]Goenoeng ikoe jèn doewoer banget, ing poetjak ija adem banget. Banjoené ing kono jèn bengi sok ndjendel dadi ès. Ing tanah Djawa kéné ana goenoeng sawatara sing doewoer banget mengkono. Ing pèrèngé ademé adem kepénak, betjik dianggo petirahan. Jèn wong lara manggon ing kono, adaté énggal mari. Wong sing awaké ringkih, kerep lara, ija betjik tirah menjang tanah pegoenoengan.

Ing pegoenoengan ikoe tetoekoelané gèsèh karo ing tanah ngaré. Ing pegoenoengan akèh kekembangan, nanging krambil ora ana.

Goenoeng ing tanah Djawa sing doewoer-doewoer: Semèroe, Ardjoena, Soembing, Slamet.

A. 1. Mara ngaranana djenengé goenoeng sing doewoer-doewoer ing tanah Djawa. 2. Goenoeng ikoe ana printjèné teloe; mara aranana djenengé. 3. Goenoeng ikoe sing koebengé tjijoet ing ngendi? 4. Goenoeng ikoe ing doewoer keprijé? 5. Banjoe ikoe jèn adem banget, dadiné keprijé? 6. Ing tanah pegoenoengan sing doewoer-doewoer, toekoelané sing ora ana apa? 7. Ing tanah Djawa ikoe goenoengé akèh apa sețițik? 8. Jèn moenggah goenoeng ikoe, généja kok nganti soewé bisané tekan ing poetjak?

B. 1. Saeloré goenoeng Ardjoena ana negara endi? 2. Goenoeng Soembing ikoe ana ing sakoeloné negara endi? 3. Jèn kowé ana ing pèrènging goenoeng, tjeḍak karo poetjaké, jèn arep toeroe, apa sing koprelokaké? 4. Kali Brantas ikoe toeké ana ing goenoeng endi?

5. Sing katon saka ing negaramoe goenoeng endi? [ 15 ]
4. Paresidènan.

Tanah Djawa ikoe kena disilah dadi 16 pérangan. Sa pérang-pérangané aran paresidènan. Djenengé paresidènan-paresidènan maoe kaseboet ing gambar. Sinaoenen!

Banten, Betawi, Prijangan, Tjirebon, ikoe kabèh kaleboe Djawa-Koelon.

Pekalongan, Semarang, Rembang, Banjoemas, Keḍoe, Ngajogjakarta, Soerakarta, Madioen, Kediri, ikoe Djawa-Tengah.

Soerabaja, Pasoeroean, Besoeki, ikoe Djawa-Wétan.

Madoera ikoe ija paresiḍènan.

Sing manggeḍèni sidji-sidjining paresidènan maoe prijaji Walanda, pangkaté residèn. Dalemé ana ing koeta kradjan.

Ing koeta Ngajogjakarta sarta ing Solo ija ana residèné. Kedjaba ikoe ija ana ratoené Djawa. Ing Ngajogja ratoené: Kangdjeng Soeltan sarta Kangdjeng Pangéran Pakoe-Alam.

Ing Solo: Kangdjeng Soesoehoenan sarta Kangdjeng Pangéran Mangkoe-Negara.

Paresidènan Ngajogja karo Solo ikoe jèn digemblengaké dadi sidji, diarani tanah kraton Jodja-Solo.


A. 1. Paresidènan endi sing kleboe golongan Djawa-Wétan; endi sing kleboe Djawa-Tengah; endi sing kleboe Djawa-Koelon? 2. Ratoe Djawa sing kerep ngendikan karo Kangdjeng Toewan Residèn Solo ikoe sapa? 3. Ratoe Djawa sing dedalem ana ing Ngajogja ikoe sapa? [ 16 ]B. 1. Akoe wis taoe weroeh gambaré para residèn ing tanah Djawa lan Madoera amor karo para ratoe Djawa. Mara, tjatjahé ana wong pira? 2. Kali Brantas ikoe iliné nradjang paresidènan ngendi? 3. Paresidenan sing gedé déwé ikoe paresiḍènan endi? 4. Paresidènan endi sing katjakan segara Djawa? 5. La sing katjakan segara Indi? 6. Sing ana ing sakidoelé paresidènan Pekalongan ikoe paresidènan endi? 7. Sing ana ing saloré paresidènan Madioen lan Kediri ikoe paresiḍènan endi? Saoepama kowé ana ing satengah-tengahé paresidènan Besoeki; jèn kowé mengalor bener andjog ingendi? Jen mengidoel tekan ngendi? La jèn miber mengoelon, andjog ngendi? La jèn mengétan? 9. Goenoeng-goenoeng sing wis kosinaoe ikoe seboetna, doenoengé ana ing paresi- dènan ngendi? 10. Dalan sepoer sing saka Soerabaja menjang Bandoeng ikoe ngliwati paresidènan endi?


5. Tanah ngaré kang akèh sawahé.

Sanding pesisir lor, tanah Djawa ikoe, saka koelon pisan, tekan ing Tjirabon, lemahé enḍèk; ingkono mèh sawah tok-tok waé.

Tjoba golèkana ing kar, sing kaseboet ing ngisor iki:

Negara oetawa panggonan sing ramé pitoe: Meester Cornélis, Buitenzorg oetawa Bogor, Sérang, Poerwakarta, Tjikampèk, Tjirebon.

(Betawi wis kaseboet ing ngarep.)

Goenoeng papat: Goenoeng Karang, Gedé, Tangkoeban Praoe, Tjermé. [ 17 ]Kali tjilik sidji: Tji Liwoeng. Ana kali gedé loro ing tanah ngaré kang kaseboet ing doewoer maoe. Djenengé keprijé?

A. 1. Njeboetna djenengé negara sing ramé: pitoe, kang ana ing tanah pasawahan (tanah ngaré) maoe. 2. Sing gedé déwé endi? 3. Sing ngongkang segara, endi? 4. Kali Tji Liwoeng ikoe woetahé ana ing segara endi? 5. Djenengé goenoeng-goenoeng sing wis koweroehi seboetna saka wétan mengoelon sing oeroet: goenoeng Tj..., T.. P...., G...., K.....

B. 1. Negara sing sanding kali Tji Liwoeng, endi? 2. Pira dawané tanah pasawahan kang kaseboet ing doewoer? 3. Jèn dilakoni motor saka koelon mengétan, bisané tekan pirang djam, jèn lakoené motor 30 KM. sadjam? 4. Negara endi sing wongé ora ana 20000 (ndelenga atlas)? 5. Kali Tji Taroem ikoe lakoené ngliwati ing paresidènan ngendi? 6. Jèn kowé ana ing Sérang, goenoeng sing katon goenoeng endi? Saka ing Tjirebon? saka ing Bogor?

6. Pari.

Pari ikoe penandoeré ana ing sawah oetawa ing pagagan. Sing akèh, ana ing sawah. Tandoeran pari ikoe dojan banjoe banget. Moelané wong tani banget pangoediné, moerih sawahé adja nganti koerang banjoe.

Jèn laboeh, pari wiwit disebar ana ing pinihan. Ora lawas bandjoer toekoel, pipid baé. Jèn doewoeré [ 18 ]wis rong tjengkang oetawa rong kilan diḍaoet; bandjoer ditandoer ana ing sawah. Penandoeré arang-arang.

Jèn wis patang sasi, wohé wis toewa. Banjoené diesat. Sawah bandjoer koedoe ditoenggoe, adja nganti pariné entèk dipangani ama: manoek sapanoenggalané.

Sing ngenèni wong wadon. Woelèné dipețeti nganggo

Anggarap sawah.

ani-ani. Jèn oewis, pariné di-epé disik, bandjoer dioenggahaké menjang loemboeng. Jèn ana preloené, ditoetoe. Enggoné noetoe ana ing lesoeng. Wiwitané dadi gabah. Ana sing dadi beras setitik. Bandjoer dibebak ana ing loempang. Gabahé dadi beras kabèh. Bandjoer disosoh, karebèn ilang katoelé. Jèn wis resik, bandjoer diliwet oetawa diedang. [ 19 ]Sawah ikoe, jèn lebar panèn, bandjoer ditandoeri palawidja, kajata: djagoeng, téla kaspé, katjang tjina, tembako, widjèn, kedelé, kentang djawa, tales sapanoenggalané.

Ana sawah, jèn lebar panèn, ditandoeri pari manèh. Sawahé diarani sawah gaḍoe; pariné, pari gadoe.

Jèn mangsa ketiga, ora ana banjoe, sawah maoe diberakaké baé.


A. 1. Pari ikoe wiwit njebar, nganti dadiné beras, kena diliwet, nganggo dikapakaké? Tjritakna sing oeroet. Wiwitané disebar ana ing...., bandjoer di.... ana ing sawah; jèn wis oemoer 4 sasi, pari wis toewa, di.... ing wong. nganggo.... Jèn wis garing di.... ana ing lesoeng, bandjoer dib.... lan dis.... ana ing loempang. Jèn wis resik, dil.... ana ing kendil oetawa di.... ana ing.... 2. Sawah ikoe garingé jèn mangsa apa? 3. Panjebaré pari ikoe jèn mangsa apa? 4. Panèné, adaté sasi apa? 5. Palawidja ikoe penandoeré jèn mangsa apa? 6. Ngaranana djenengé palawidja sawetara. 7. Pari gadoe ikoe pari sing keprijé?

B. 1. Jèn nandoer pari ana ing sawah, kok arang, ora rapet kaja nalikané ana ing pinihan ikoe, preloené apa, ta? 2. Pemloekoené sawah lan penggaroené ikoe ing mangsa apa adaté? 3. Soepaja pari adja nganti dientèkaké glatik, keprijé rékané wong tani? 4. Wiwité ndjaga sasi apa? 5. Jèn mangsa apa sawah wis ora

ana pariné? [ 20 ]
7. Segara Djawa.

Akèh praoe dagang gedé-gedé lan praoené wong amèk iwak sing ngambah segara Djawa. Praoe kapal sing geḍé-gedé ora bisa minggir menjang pesisir, sabab segara sing sanding pesisir tjetèk. Dadi manḍeg ana

Palaboehan Tandjoeng-Prioek.

ing plaboehan ing djaba, rada adoh saka pinggir, watara loro teloeng pal saka ing gisik. Praoe amèk iwak bisa nganti tekan ing pinggir, mleboe menjang plaboehan ing djero, sing ana ing pesisir. Negara sing ngongkang segara, akèh sing ana plaboehané ségogan tjilik. Ing Tandjoeng-Prioek lan ing Soera [ 21 ]baja, digawèkaké plaboehan ségogan bagoes, kena dileboni praoe kapal sing gedé-gedé banget.

Banjoe segara ikoe ora mesti agoeng baé. Jèn angok, arané soeroet oetawa sob. Jèn erob, banjoené agoeng. Jèn mbeneri sob, ing pinggir banjoené asat; dadi dasaring segara katon anglétak. Ikoe aran gisik. Ing kono akèh tjangkoké karang, djingking lan batang kéwan roepa-roepa; apa manèh rereged lijané.

Ing pesisir sok ana lentérané doewoer. Lentéra ikoe dianggo panengeran marang wong kang pada lelajaran, bisa weroeh papan prenahé praoené.

A. 1. Praoe kapal sing gedé-geḍé ikoe jèn ana ing negara ngendi bisa mèpèd ing daratan. 2. Jèn ana ing Tjirebon oetawa ing Indramajoe, sing bisa mèpèd moeng praoe sing keprijé? 3. Ing gisik ikoe akèh apané? 4. Lentéra laoet ikoe toemrapé wong lelajaran kanggo apa? 5. Praoe kapal sing gedé-gedé, jèn ana ing Tjirebon ora bisa mleboe menjang plaboehan ing...., bisané moeng ana ing . . . baé. 6. Segara diseboetaké rob ikoe, jèn keprijé?

B. 1. Praoe kapal sing gedé-gedé, jèn ana ing plaboehan ing djaba, keprijé jèn arep ngoedoenaké momotané; lan keprijé jèn arep ngoenggahaké momotané? 2. Généja gisik ikoe kok ora kena diambah ing wong? 3. Gisik ikoe ana ing saantarané apa? 4. Jèn wong ana ing gisiké koeța Tjirebon, jèn madep mengalor weroeh

..; jèn madep mengidoel, weroeh .... [ 22 ]
8. Negara gedé.

Tanah pesawahan sing kaseboet ing ngarep ikoe, negarané sing gedé déwé negara Betawi. Ing kono wongé sekeți loewih. Sing akèh wong boemi; Tjinané ija akèh. Kedjaba ikoe wongé Landa, lan wong koelit



poetih lijané ija akèh. Prijajiné Landa sing geḍé-gedé pirang-pirang; prijajiné sing tjilik-tjilik atoesan. Ing kono ana dalemé Kangdjeng Toewan Besar Goepernoer- Djéndral. Ananging Kangdjeng Toewan Besar arang- arang manggèn ana ing kono. Kedjaba ikoe ing Betawi akèh gedong-gedong sing betjik-betjik, kantor sing [ 23 ]gedé-gedé, toko Landa sing éndah-éndah; akèh hotèl sarta gedong bioskoop; ana omahé kemiḍi, moesioem, tangsi-tangsi, roemah sakit, grédja-grédja lan lija-lijané.

Omah sing apik-apik ikoe maoe sing akèh ana ing Weltevreden, rada adoh saka ing pesisir. Kampoengé sing geḍé-gedé, kajata: Noordwijk (wong Betawi ngarani Norbèk), Rijswijk, Molenvliet. Ing koeta lawas hawané panas sarta ora kepénak, marakaké lara panggonané tjeḍak pesisir. Ing kono akèh kantoré gedé-gedé.

Ratané, wong liwat seloer baé. Tetoenggangan slira-sliri akèh banget. Motor, kréta, dokar, sepéda, ora ana kenḍaté. Ing kono ija ana trèm élèktris oetawa lèstrik sarta trèm sing dilakokaké nganggo koekoes.

A. 1. Ing Betawi ikoe ana toenggangan roepa-roepa; mara aranana. 2. Njeboetna djenengé kampoeng saweroehmoe. 3. Ing Betawi ana gedong-gedong lan omah-omah apa? 4. Sing akèh kantoré kawak ing ngendi; ing Weltevréden, apa ing Betawi lawas? 5. La negarané apik endi?

B. 1. Oepama kowé manggon ana ing Betawi, seneng endi ana ing Betawi lawas karo ana ing Weltevreden? 2. Généja Kangdjeng Toewan Goepernoer- Djéndral kok ora remen manggèn ana ing Betawi? 3. Généja toko-toko Landa kok akèh ing Betawi karo ing Tjirebon? 4. Jèn leloengan saka ing omahmoe menjang Betawi ikoe pirang dina? 5. Wong koelit poetih ikoe ora mesti jèn Landa; ana wong . . . ., wong . . . ., wong . . . .,6. Ing Betawi généja kok [ 24 ]akèh temen sekolahané? Apa ta preloené. 7. Jèn mlakoe ana ing Betawi, arep noegel dalan, koedoe sing awas! Jèn ora awas-awas, sok tjilaka. Apa sababé?

9. Mbalèni woelangan.

A. 1. Saka Betawi menjang Tjirebon jèn noenggang sepoer, keprijé lakoené? 2. Jèn ora noenggang sepoer, noenggang apa? Darat apa ija bisa? Keprijé? 3. Pangeniné pari ikoe ing mangsa apa, oetawa ing sasi apa? 4. Negara sing ngongkang Tji Liwoeng, negara endi? 5. Kali ing tanah Djawa, lijané Tji Liwoeng, endi? 6. Kali-kali maoe woetah ing segara endi? 7. Kali ikoe ing doewoer karo ing ngisor santer endi? 8. Jèn mangsa apa kali-kali pada tjilik? 9. Endi goenoeng-goenoeng ing tanah Djawa sing wis koweroehi djenengé? 10. Goenoeng ikoe ing poetjak karo ing sikil, panas endi, adem endi? 11. Ing goenoeng sing doewoer-doewoer ora ana wit apa? 12. Sing kleboe tanah Djawa-Koelon ikoe paresiḍènan endi? La sing kleboe tanah Djawa-Tengah endi? Sing kleboe tanah Djawah-Wétan endi? 13. Panggonan sing ramé, sing tjeḍak negara Betawi, endi? 14. La sing tjeḍak karo kali Tji Taroem ija aranana kabèh. 15. Aranana watesé tanah Djawa. 16. Sanding tanah. Djawa ana poeloné teloe; ikoe poelo endi? 17. Tanah Djawa ikoe kena dipérang dadi patang pérangan. Keprijé pemérangé? 18. Ing paresidènan Betawi karo ing Tjirebon ikoe akèh tandoeran apa? [ 25 ]B. 1. Kali Tji Taroem sarta kali Tji Manoek ikoe toeké ana ing paresiḍènan endi? 2. (Isènana: toek oetawa moewara.) Iliné kali ikoe ora ana sing saka .... menjang...; angger kali iliné ja saka.... menjang... 3. Koebengé goenoeng ikoe sing amba ing agendi? 4. Paresidenan ing tanah Djawa-Koelon ikoe sing gedé déwé endi? 5. La ing tanah Djawa-Tengah, sing tjilik déwé endi? 6. Tanah Djawa-Koelon, Djawa-Tengah, Djawa-Wétan, teloe ikoe endi sing gedé déwé? 7. Isènana: Bogor ikoe sa....é Betawi; Tjirebon ikoe sa....é Semarang. Sérang ikoe sa....é Mr. Cornélis. 8. Goenoeng Karang ikoe ana ing paresidenan endi? La Tjermé? 9. Ana ing ngendi panggonané goenoeng Gedé, Tangkoeban Praoe, Slamet, Semèroe, Ardjoena, Soembing? 10. Negara sing ana saeloré goenoeng Ardjoena ikoe negara endi? 11. Aranana tapel watęsé paresiḍènan Tjirebon! 12. Wongé ing paresidènan Betawi karo ing koeta Betawi ikoe akèh endi? 13. Goenoeng Tjermé ikoe ana ing koeta Tjirebon apa ana ing paresidènan Tjirebon? 14. Saka Betawi menjang Tjirebon, karo saka Tandjoeng-Prioek menjang pesisir kidoel, adoh endi? 15. Jèn kowé ana ing gisik, jèn mbeneri apa sikilmoe ketjeloeb ing banjoe; jèn erob, apa jèn esob?

10. Tanah pagoenoengan.

Ing sakidoelé tanah ngaré maoe ana tanah pagoenoengan; akèh goenoeng-goenoengé. Pagoenoengan maoe wiwit saka ing Banten mengétan, tekan ing goenoeng [ 26 ]Tjermé. Tanah pagoenoengan maoe dadi timbangané tanah ngaré kang kaseboet ing doewoer; doenoengé ana ing sisih kidoel.

Tjoba ing ngisor iki sinaoenen, nganggo ndelenga kar.

Negara lan panggonan nenem: Bandoeng, Soekaboemi, Tjiandjoer, Garoet, Tasikmalaja, Tjimahi. Ikoe maoe kabèh hawané adem kepénak.

Goenoeng loro: Malabar lan Goentoer.

(Kaliné sing gedé loro, kowé wis pada weroeh djenengé. Apa djenengé? Karo manèh kowé wis weroeh: goenoeng Karang, Gedé, Tangkoeban Praoe.)

Ing paresidenan Banten sisih kidoel sarta ing Prijangan sisih kidoel wongé moeng setitik. Ing alas-alas sarta ing alang-alangan, kono isih ana bantèngé; matjan lan warak ija ana.

Tanah Prijangan ikoe kang ana ing saantarané goenoeng-goenoeng pada mengger; senadjan rata, ija ora aran tanah ngaré. Sing amba déwé: tanah Bandoeng. Kedjaba ikoe: tanah Tjiandjoer, Soekaboemi, Garoet. Sanadjan doedoe tanah ngaré, éwa déné kebak sawah. Sawah maoe salebaré panèn, digawé tegal; oetawa diilèni banjoe, dianggo ngingoe iwak. Jèn digawé tegal, ditandoeri palawidja. Déné iwak, sing diingoe ana ing sawah maoe, sing akèh iwak wader bang oetawa iwak mas.

Ing tanah Prijangan, negarané sing gedé déwé ing Bandoeng. Wongé ing kono tansah moenḍak-moendak baé kèhé. mBok menawa lawasing lawas gedéné bisa ngoengkoeli Betawi.

A. 1. Negara Betawi karo Bandoeng ikoe gedé [ 27 ]endi? 2. Ngaranana negara lima engkas ing Prijangan. 3. Palemahan sing moeng sețițik wongé ing ngendi? 4. Ing tanah Prijangan sing mengger ikoe akèh tandoerané apa? 5. Lijané ing kono, ing tanah Djawa, ing ngendi sing akèh tandoerané pari? 6. Ngaranana goenoeng 4 ing Prijangan. La ing Banten goenoeng endi sing koweroehi? La ing Tjirebon? 7. Ngaranana kali loro ing Prijangan. 8. Tjiritakna lakoené wong noenggang sepoer saka ing Betawi menjang Bandoeng, metoe ing Tjikampèk; baliné metoe ing Bogor. 9. Saiki saka Soekaboemi menjang Tjirebon. 10. Tanah Djawa-Koelon ikoe sing sisih lor, karo sing sisih kidoel, gèsèhé keprijé? 11. Jèn lebar panèn, iwak sing diingoe ana ing sawah ikoe iwak apa? 12. Tjoba ngaranana djenengé palawidja. 13. Njeboetna negara oetawa paggonan sawetara sing hawané adem.

B. 1. Goenoeng saeloré Soekaboemi, djenengé goenoeng apa? 2. Goenoeng Malabar ikoe ana ing sa....é Bandoeng. 3. Goenoeng sing katon saka ing Garoet goenoeng 4. Bandoeng ikoe ana ing sa... goenoeng 5. Soekaboemi ikoe ana ing sa....é Betawi. 6. Tjirebon ikoe sa.... é Bandoeng. 7. Sérang ikoe sa....é Tasikmalaja. 8. Généja wong-wong kok seneng manggon ana ing Bandoeng karo ana ing Betawi? 9. Tanah Djawa-Koelon ikoe sing sisih elor

karo sing sisih kidoel amba endi? [ 28 ]
11. Tandoeran tèh lan kina.

Pèrèngé goenoeng Tangkoeban Praoe, Goentoer, Malabar sarta goenoeng lija-lijané, akèh alasé sing dibabadi, bandjoer digawé kebon tèh oetawa kebon kina. Wit tèh sarta wit kina ikoe, jèn ana ing tanah ngaré ora bisa apik.

Teh.

Wit tèh ikoe doewoer-doewoeré moeng sadada oetawa sagoeloe. Ing tanah Prijangan wongé akèh sing pada nandoer tèh; godong tèh ikoe diedol menjang pabrik tèh. Sing doewé pabrik maoe Landa oetawa Tjina. Godong tèh ikoe, ana ing pabrik, diolah nganggo piranti roepa-roepa. Jèn wis dadi bandjoer diedol me [ 29 ]njang negara sing adoh-adoh. Sing diedol ana ing tanah Indija kéné moeng setitik.

Wit kina ikoe bisa nganti 15 mèter doewoeré. Sing diepèk babakané oetawa koelité, digawé kenini roepa tablet. Penggawéné ana ing pabrik ing Bandoeng. Jen ing tanah Djawa, pabrik kenini ija moeng sidji ikoe.

Kenini ikoe diedol menjang endi-endi ing saloemahing boemi iki kabèh. Preloené, jèn dianggo tamba lara malaria, moestadjab banget.

A. 1. Tandoeran tèh ikoe, sing diepèk paédahé sing temenan apané. La kina, apané? 2. Ing tanah Djawa ana pabrik kenini pira? Endi enggoné? 3. Pabrik tèh ikoe sapa sing doewé? 4. Kedjaba pabrik sapa manèh sing nandoer tèh. 5. Tèh lan kenini ikoe jèn wis metoe saka ing pabrik, menjang endi parané?

B. 1. Tandoeran tèh karo kina ikoe maédahi endi? 2. Teh karo kina ikoe sing kanggo ana ing tanah Djawa moeng sețițik; sing akèh diedol medjang tanah sabrang. La beras keprijé? 3. Tèh sarta kina ikoe akèh sing digawa menjang negara ing pesisir. Ikoe negara endi? 4. Kowé apa wis taoe ngoental tablèt kenini? 5. Apa ta preloené kațik nganggo dibesta

goela barang? [ 30 ]
12. Leloengan.

Ing tanah Djawa ikoe lakoené sepoer saben dina ora lèrèn-lèrèn, pating sliri baé. Ikoe pada amot oewong sing pada leloengan. Trèm ija mengkono oega, nanging lakoené ora pati rikat. Sepoer senèl ikoe

Dalan sepoer.

sadjam bisa olèh 75 KM. (watara 50 pal); terkadang loewih. Jèn trèm moeng 20 KM. Ana sepoer sing saka. ing Bandoeng menjang Soerabaja bisa tekan sedina. Sepoer sing mengkono ikoe ana krétané enggon adol sega lan inoeman; djenengé kréta restoerasi.

Penggawéné dalan sepoer ana ing tanah pagoe [ 31 ]noengan, kajata ing Prijangan, ikoe angèl bangèt. Jen nradjang watoe gedé-gedé, watoe maoe dipetjah, bandjoer disingkiraké. Jèn nradjang djoerang oetawa kali sing djero, digawèkaké kreteg sing sentosa banget. Jèn ana panggonan sing pekéwoeh bangèt, ora kena ditradjang, dalané digawé ménggak-ménggok. Moelané sepoer ikoe, jèn ana ing tanah pegoenoengan, lakoené

Trowongan.

ora bisa rikat kaja jèn ana ing tanah ngaré. Terkadang-kadang dalan sepoer ikoe ora mlipir toeroet goenoeng; goenoengé ditrowong oetawa diboetoel wani baé. Dadi dalan sepoer ndloesoep ana ing sadjroning goenoeng. Dloesoepan ikoe djenengé trowongan (tunnel). Trowongan ikoe ana sing dohé nganti mèh sapal. Ing trowongan ikoe peteng banget.

Penggawéné dalan sepoer ing tanah pagoenoengan [ 32 ]ikoe akèh banget wragadé. Moelané jèn negara oetawa panggonan sing tjilik-tjilik baé, ora diwetoni sepoer; moeng trima motor gedé baé; djenengé otobis (autobus). Motor mengkono ikoe ora bisa mot oewong akèh kaja sepoer.

Sepoer sarta trèm ikoe prasasat njèloeng doewité wong-wong sing pada leloengan; bisa olèh akèh. Apa manèh olèhé ngemot barang, olèh-olehané ngoengkoeli ikoe maoe. Sepoer sing amot barang-barang ikoe ora ngemot oewong.

A. 1. Jèn gawé dalan sepoer ana ing tanah pagoenoengan, kok angèl ikoe, apa sing marakaké? 2. Apa, barang sing diemot ing sepoer saka ing tanah Prijangan? 3. Saka Soerabaja menjang Bandoeng ikoe, jèn njepoer, pirang djam? 4. Sepoer ikoe olèhé doewit saka wong sing pada leloengan, karo saka enggoné amot barang, akèh endi? 5. Terangna sing aran kréta restoerasi. 6. La sepoer barang ikoe apa? 7. Otobis (autobus) ikoe kanggoné ana ing ngendi?

B. 1. Saka Bandoeng tekan ing Tasikmalaja ikoe, kira-kira pada dohé karo saka Betawi menjang Tjikampèk. Ewadéné jèn noenggang sepoer, soewé saka Bandoeng menjang Tasikmalaja. Ikoe apa sababé? 2. Sepoer jèn ngarepaké mleboe menjang trowongan, tjenḍélané bandjoer pada diinebi. Ikoe apa preloené? 3. Ana sepoer mleboe ing trowongan. Ana ing trowongan soewéné 1 menoet. Lakoené sepoer maoe sadjam olèh 30 KM. Dadi pira dawané trowongan maoe? 4. Dalan sepoer sing saka Betawi menjang

Tjirebon, généja kok ora ana trowongané? [ 33 ]
13. Goenoeng kang metoe geniné.

Goenoeng sing metoe geniné ikoe sok ngetokaké lahar oetawa welahar oetawa pladoe; roepané lahar kaja endoet, nanging loewih déning panas. Pantjèn lahar ikoe lemah oetawa weḍi oetawa watoe sing

Goenoeng kang metoe geniné.

loeloeh, marga saka panassé, bandjoer ndlèdèk. Terkaḍang lahar ikoe koemepjoer amawoer-mawoer, lemboet banget kaja déné awoe. Goenoeng sing metoe geniné ikoe kerep metoe koekoesé nglandeng, kaja keloeking pawon. Jèn goenoeng kang mengkono ikoe ndjeblos, geniné [ 34 ]njemboer-njemboer, laharé bandjoer ndlèdèk akèh banget. Apa-apa sing ketradjang roesak ora dadi koekoepan. Oewong sarta kéwan ija sok akèh sing nemoe tiwas.

Ing tanah Djawa kéné pantjèné akèh goenoeng sing metoe geniné, nanging saiki wis akèh sing sirep. Sing isih metoe geniné ija ana, kajata: goenoeng Semèroe lan goenoeng Tangkoeban Praoe.

Goenoeng sing metoe geniné ikoe, ing doewoer, ana lompongané ndjlegodah. Djenengé kawah. Kawah ikoe djeroné, sing loemrah rong atoes, teloeng atoes méter. Tjlangapé ing doewoer koebengé nganti sok lakon djam-djaman. Kawah ikoe sok didjoepoeki walirangé. Jen goenoeng maoe ora mbeneri metoe geniné, ḍasaring kawah ija kena diambah ing wong.

Pèrènging goenoeng kang metoe geniné ikoe prasasat awoe tok-tok baé. Awoe maoe jèn wis lawas, marakaké loh menjang lemah. Kang ikoe, moelané pèrènging goenoeng kang mengkono ikoe, pada-pada palemahan ing tanah Djawa, eloh déwé.

A. 1. Genahna, apa sing aran goenoeng sing metoe geniné? 2. Kawah ikoe apa? 3. Awoe sing maboel-maboel metoe saka ing goenoeng kang metoe geniné ikoe, satemené apa? 4. Jèn ana goenoeng ndjeblos, kerep marakaké bilai gedé. Apa sing marakaké bilai maoe? 5. Pandjeblosing goenoeng ikoe ija ana apiké sawatara. Apa apiké? 6. Goenoeng kang metoe geniné ikoe ana sing isih .. ana sing wis.... 7. Kawah ikoe sok didjoepoeki apané? 8. Njeboetna goenoeng loro sing isih metoe geniné. 9. Goenoeng sing maoené [ 35 ]metoe geniné, nanging saiki wis . . . ., kawahé kena diambah, ora ana moetawatiré.

B. 1. Généja jèn manggon oetawa omah-omah ana ing pèrènging goenoeng sing metoe geniné ikoe kok akèh moetawatiré? 2. Généja kok meksa ana wong sing manggon ana ing pèrèng maoe? 3. Ing tanah pegoenoengan ikoe sawahé sok ana watoené geḍé-gedé pating djenggeleg. Ikoe saka ngendi pinangkané?

14. Palemahan sing akèh tandoerané teboe.

Tanah Djawa ing sawétané Tjirebon ikoe rada tjijoet. Saiki sing arep dakremboeg disik, tanahé sing sisih lor. Tanah maoe enḍèk. Doenoengé ana ing saantarané Tjirebon karo Semarang. Ing tanah kono akèh tandoerané teboe. Tandoerané pari lan palawidja ija akèh.

Iki éling-élingen:

Djenengé negara teloe: Tegal, Pekalongan, Semarang. Goenoeng teloe: goenoeng Slamet, Praoe, Oengaran.

A. 1. Pametoené tanah-tanah ing saantarané Semarang karo Tjirebon ikoe sing akèh déwé apa? 2. Kedjaba ikoe apa manèh pametoené? 3. Endi manèh ing tanah Djawa sing akèh pametoené pari? 4. Saantarané Semarang karo Tjirebon ikoe ana koeta endi? 5. La goenoengé, goenoeng endi? 6. Tanah sing akèh tandoerané teboe ikoe maoe, watesé sing elor apa?

7. Negara Tegal ikoe ana ing paresiḍènan ngendi? [ 36 ]
Tandoeran teboe.

8. Keprijé jèn wong arep leloengan saka Betawi menjang Semarang? 9. Aranana djenengé goenoeng [ 37 ]goenoeng sing ana saantarané goenoeng Oengaran karo goenoeng Karang. 10. Tanah ngaré ing sakoeloné Tjirebon ikoe, pametoené sing akèh apa?

B. 1. Praoe kapal sing saka Tjirebon, Tegal, Pekalongan, Semarang ikoe pada amot apa? 2. Saka Tjirebon menjang Semarang ikoe pira dohé? 3. Karo saka Betawi menjang Tjirebon adoh endi? 4. Ana botjah leloengan noenggang sepoer saka Tegal menjang Pekalongan. Jèn ngoengak ing tjenḍéla sing tengen, bisa weroeh goenoeng saka kadohan; djenengé goenoeng Jèn ngoengak tjenḍéla sisihé, bokmenawa sok bisa weroeh.... 5. Tanah sing akèh tandoerané teboe ikoe, jèn toemrapé tanah ngaré sing oeroet tanah Djawa sing sisih.... kabèh, doeroeng sepiraa kèhé.


15. Tandoeran teboe.

Teboe ikoe penandoeré ora disebar kaja pari. Sing ditandoer oewité, diketoki wetara neloeng eros, ana matané oetawa sotjané sawetara. Olèhé wiwit nandoer, jèn mangsa ketiga. Penandoeré ana ing sawah. Sawah maoe doewèké wong tjilik, diséwa marang toewan pabrik. Sidji-sidjiné pabrik, tandoerané teboe nganti 1000 baoe loewih.

Teboe ikoe jèn oemoeré kira-kira setaoen, wis toewa, kena dirembang. Poetjoekané lan godongé dioelapi. Teboené ora dikatoeti lemah oetawa ojod; dibongkoki sèket-sèket koerang loewih; bandjoer diemot lori oetawa tjikar, digawa menjang pabrik. Pengoesoengé teboe [ 38 ]maoe moeng jèn awan baé, nanging dikèhi banget, soepaja adja nganti koerang digiling rina wengi. Wongé sing njamboet gawé ana ing pabrik ikoe ana sing moeng jèn bengi baé, sarta ana sing moeng jèn rina waé. Dadi rina wengi pabrik ikoe ora lèrèn-lèrèn. Teloe patang sasi baé wis rampoeng kabèh penggilingé teboe-teboe maoe.

Teboe ikoe ana ing pabrik, banjoené prasasat diepoeh. Doedoehé digawé goela. Pirantiné ing pabrik ikoe akèh banget. Wongé sing njamboet gawé ija akèh.

Goelané bandjoer diemot sepoer oetawa trèm, digawa menjang Semarang, Pekalongan, Tegal, Tjirebon. Ana ing kono dioenggahaké menjang praoe, digawa menjang negara sing adoh-adoh. Sing kanggo ana ing tanah Indija kéné ora sepiraa kèhé.

Sing manggeḍèni pabrik goela ikoe Landa. Ana bebaoené Landa sawetara, kang noenggoni wong-wong sing pada njamboet gawé sarta sing ndjaga lakoening piranti-piranti ing pabrik. Kabèh pada manggon ana ing koekoebané pabrik. Sanding pabrik maoe ana pekampoengan sawatara; sing manggon ing kono wong Djawa, sing pantjèn pada njamboet gawé ana ing sadjroning pabrik kono.

A. 1. Bebaoe Landa ing pabrik ikoe penggawéjané apa? 2. Loerahé, sapa? 3. Pabrik ikoe, olèhé njamboet gawé rina wengi, jèn mbeneri apa? 4. Teboe ikoe, olèhé tandja, jèn mangsa apa? 5. Tandoeran teboe. ikoe kenané dirembang, jèn wis oemoer pirang sasi? 6. Pabrik ikoe jèn giling mangsa apa? 7. Teboe ikoe sing digawa menjang pabrik apané: apa poetjoekané, [ 39 ]apa wité, apa ojodé? 8. Pengoesoengé goela menjang pesisir ikoe diemot apa? 9. Goela maoe apa ija bandjoer ana ing tanah pesisir kono baé?

B. 1. Pari ikoe apané sing mèh ora ana adjiné babar pisan? La jèn teboe apané? 2. Poetjoekané teboe sing roepané idjo kaé, sarta godongé, sapa sing dojan mangan? 3. Jèn lori dianggo momot barang, apa bisa mlakoe déwé; bisané mlakoe keprijé? 4. La tjikar, apa sing nggèrèd? 5. Wong Djawa ikoe, jèn olah-olah oetawa ngombé wédang sapanoenggalané, goelané, sing loemrah goela apa?

16. Tanah Djawa sing tjijoet ing sisih kidoel.

Sakidoelé tanah sing akèh tandoerané teboe ikoe maoe, tanahé tanah pagoenoengan; déné sakidoelé tanah pagoenoengan ikoe, tanah ngaré manèh.

Iki sinaoenen, ndelenga gambaré ing kar:

Negara sepoeloeh: Ngajagjakarta, Magelang, Sala- tiga, Wanasaba, Banjoemas, Tjilatjap, Keboemèn, Poerworedja, Kroja, Poerwakerta.

Kali loro: Tji Tandoej, Serajoe.

Goenoeng sawetara: (Slamet, Praoe, Soembing, Oengaran), Sindara, Merbaboe, Merapi. Ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe maoe ana tanahé sing mengger, kinoebeng ing goenoeng sawetara kèhé. Mara aranana djenengé. Tanah maoe arané tanah Kedoe. Ing kono palemahané loh banget, akèh awoené [ 40 ]saka ing goenoeng. Ing Magelang lan ing Wanasaba hawané aḍem kepénak. Ing tanah Kedoe ikoe akèh tandoerané tembako.

Ing Kedoe sisih kidoel, oeroet pesisir, wongé akèh sing doewé kebon krambil amba-amba. Krambilé digawé koprah oetawa lenga. Ing Ngajogja, sing akèh tandoerané tembako, ing tanah-tanah sing ana awoené saka ing goenoeng Merapi.

A. 1. Paresidènan sing ana ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe, paresidènan endi? 2. Negara iki ana ing paresidènan ngendi: Ngajogja, Magelang, Banjoemas, Tjilatjap, Tegal, Pekalongan? 3. Keprijé lakoené wong leloengan saka ing Ngajogja menjang Betawi metoe Tjirebon? 4. Baliné metoe ing Bogor. 5. Tanah Djawa sing tjijoet, sing sisih elor ikoe, apa pamatoené? 6. Apa pametoené tanah Kedoe? 7. Tanah-tanah sakiwa tengené kali Serajoe, apa pametoené? 8. Goenoeng- goenoeng sing wis koweroehi djenengé, seboetna sing oeroet, saka koelon mengétan; mengkéné: goenoeng K...., G...., T.. P...., M..., G...., Tj...., Sl...., D...., S....; S...., M...., M..... 9. Tanah Djawa sing tjijoet ikoe printjinen dadi teloe. 10. Aranana djenengé kali-kali sing wis kosinaoe. 11. Negara sing ana ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe, endi sing hawané aḍem kepénak? 12. La ing Prijangan, endi? 13. Keprijé hawané: Betawi, Tegal, Tjirebon, Semarang, Pekalongan? 14. Aranana tanah mengger sing wis koweroehi djenengé. 15. Tanah mengger Prijangan ikoe, apa pametoené? 16. Sing akèh tandoerané teboe ing tanah ngendi? 17. La sing akèh keboné krambil [ 41 ]ing ngendi? 18. Krambil ikoe digawé apa? 19. Endi sing akèh tandoerané tembako?

B. 1. Saka Tjilatjap menjang Tegal ikoe pira dohé? 2. Ing tanah Djawa-Koelon saka pesisir lor menjang pesisir kidoel, sing adoh déwé, pira dohé? 3. Negara sing sanding moewarané kali Serajoe, apa djenengé ? 4. Trèm sing sanding kali Serajoe ikoe, sing diemot apa, sing akèh? 5. Koeta Ngajogja ikoe saapané Semarang? 6. Tegal ikoe saapané Tjilatjap? 7. Anjar iki ana wong teloe ana ing Kroja pada goeneman. Arep pada leloengan noenggang sepoer; nanging déwé-déwé parané. Sing sidji menjang. ..; sidjiné menjang....; sidjiné manèh menjang. 8. Jèn wong noenggang sepoer saka Ngajogja menjang Tjilatjap, olèhé moedoen ana ing ngendi? 9. Keprijé lakoené wong noenggang sepoer saka Sérang menjang Semarang? 10. Kali Tji Tandoej ikoe ana ing tapel watesé paresidènan. karo... 11. Poelo sing sanding Tjilatjap, djenengé poelo endi?

17. Tembako.

Jèn mangsa ketiga, ing tanah Kedoe sarta Ngajogjakarta akèh tandoeran tembako. Jèn ing tanah Kedoe, wong Djawa olèhé nandoer tembako ana ing palemahané déwé. Jèn goḍongé wis amba-amba sarta wis toewa, bandjoer dioendoehi, digawa moelih. Ana ing omah dioepakara déwé. Jèn wis watara 6 minggoe roepané tembako wis abang semoe ireng, bandjoer diedol marang para soedagar Tjina. [ 42 ]Tembako Kedoe ikoe soemebar satanah Djawa; sing akèh dianggo oedoed (oetawa digawé rokok).

Jèn ing pabrik ing Magelang, Semarang, Salatiga lan lija-lijané, ana sing digawé sroetoe, ana sing digawé sigarèt.

Koloniaal Instituut.

Tandoeran tembako.

Ing paresiḍènan Ngajogja akèh kaboedidajan oetawa presil sing nandoer tembako. Goḍongé tembako digaringaké ana ing sadjroning los geḍé-gedé. Jèn wis garing, bandjoer diwaḍahi ing karoeng goni nganggo diplèpèd moerih ringkesé. Olèhé mengkonokaké ikoe ana ing goedang. Mèh kabèh dikirimaké menjang [ 43 ]Semarang; noeli diemot praoe, digawa menjang tanah Éropa.

Oedoed ikoe ora betjik menjang awak.


A. 1. Tandoeran tembako ikoe sing kanggo temenan apané? 2. Tembako ikoe wité gedé apa tjilik? 3. Godongé dienggo apa? 4. Ngendi sing ana pabriké sroetoe? 5. Ing paresidènan Ngajogja akèh los apa? 6. Tembako Kedoe ikoe parané menjang endi? 7. Tembako Ngajogja menjang endi?

B. 1. Tandoeran sing wis takremboeng: pari, teboe, tèh, kina, tembako. Ikoe sing aran pangan moeng rong roepa; lan.... Déné sing rong roepa moeng kanggo énak-énakan waé; jaikoe: lan.... Sing saroepa kanggo tamba; djenengé .... 2. Tandoeran limang roepa ikoe endi sing wité bisa gedé temenan? 3. Endi sing bisané oerip apik moeng jèn ana ing tanah pegoenoengan waé? 4. Ana tanah-tanah oetawa negara sing wongé ora kena adol sroetoe oetawa sigarèt menjang botjah-botjah. Ikoe apa sababé? 5. Généja tembako ikoe kok kleboe aran palawidja?

18. Bab mbatik.

Jèn wong moebeng-moebeng ana sadjroning koeţa Ngajogjakarta, kerep weroeh wong wadon pada mbatik; ana sing ana ing latar, ana sing ana ing èmpèr oetawa ing sadjroning omah. Pantjèn djarit weton Ngajodja misoewoer banget. Weton Pekalongan ija mengkono. [ 44 ]Déné sing dibațik ikoe mori. Olèhé nekakaké saka ing tanah sabrang adoh banget, nganti pirang-pirang éwoe peți kèhé.

Sing dianggo mbatik ikoe tjanțing lan malam. Malamé diedjèr disik nganggo geni. Jèn wis lèlèh kimpleng-kimpleng kaja banjoe, ditjiḍoek nganggo

Wong mbatik.

tjanting, ditjorèkaké ing mori. Jèn wis rampoeng olèhén gèngrèng, neroesi sarta némbok, bandjoer diwedel. Endi-endi sing ora ketoetoepan ing malam, bandjoer dadi ireng. Moerih gampangé, batik wedelan ikoe bandjoer dikebjok, ditjeloebaké ing wédang kang oemob molak-malik. Bandjoer dadi djarit kelengan. Tipaking wedelan bandjoer ditémbok; djenengé dibironi. Noeli [ 45 ]disoga. Tjorèk tipaking malam sing disik, bandjoer katon abang roepané. Noeli dilorod, dadi djarit.

Sing dienggo medel ikoe nila; sing digawé nila ikoe godong tom. Tandoeran tom ikoe doewoeré wetara moeng pada karo tembako oetawa tèh baé. Kembangé tjilik-tjilik; roepané abang oetawa abang semoe woengoe. Saiki ing kéné didjogi nila akèh saka ing tanah sabrang. Soga lan tegeran lan lija-lijané ija mengkono, nganti pirang-pirang praoe kèhé.

Déné malam ikoe akèh sing bakalé endeg-endeging lenga patralijoen kang isih dimasak. Malam maoe aran malam gas. Jèn malam sing apik, sing digawé tala tawon. Djenengé malam tawon oetawa malam Koetei oetawa malam Timoer.

A. 1. Jen wong arep mbatik, koedoe ana m.... é, tj..., m.... sarta geni. 2. Geniné ikoe dienggo apa? 3. Tjanțingé dienggo apa? 4. Malam ikoe sing digawé apa? 5. Mori ikoe pinangkané saka ngendi? 6. Wedelan ikoe sing digawé apa? 7. Soga, tegeran, sapanoenggalané ikoe sing akèh saka ngendi? 8. Bațikan ikoe sing kena ing wedelan oetawa soga sing endi oetawa sing keprijé? 9. Ing ngendi sing akèh wongé mbatik? 10. Batikan ikoe jèn wis rampoeng olèhé medel oetawa njoga, généja kok dikebjok

ing wédang oemob, oetawa dilorod? [ 46 ]
19. Mbalèni woelangan.

A. 1. Ing tanah Indija kéné pabrik kenini ana pira? 2. Panggonané ana ngendi? 3. Sing akèh tandoeran kina ikoe ngendi? 4. Apa manèh sing ditandoer ana ing tanah pegoenoengan? 5. Ing tanah mengger ing Prijangan, tandoeran apa sing akèh? 6. Ing ngendi manèh, ing tanah Djawa sing akèh sawahé? 7. Ing saantarané Tjirebon karo Semarang akèh pabriké apa? 8. Ing Kedoe sarta ing Ngajodja, akèh wong gawé apa? 9. Apa tandoerané sing akèh ing tanah ing sakiwa tengené kali Serajoe? 10. Ing pèrèngé goenoeng kang metoe geniné ikoe, généja lemahé kok eloh? 11. Kawah ikoe sok didjoepoeki apané? 12. Ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe, tanahé sing doewoer, ing ngendi sing eloh? 13. Ngendi sing akèh tandoerané tembako? 14. Tandoeran tembako ikoe sing diepèk ....é; pari sing diepèk....é; teboe....é; kina.... é; tèh....é; tom....é. 15. Kowé wis weroeh djenengé kali 5; sing teloe moearané ana ing segara Djawa; djenengé....; sing loro ing segara Indi; djenengé. .... 16. Mara seboetna arané goenoeng-goenoeng ing tanah Djawa-Koelon; sarta ing tanah Djawa kang tjijoet. 17. Akèh djenengé negara sarta panggonan sing wis koweroehi. Ing paresidènan Banten: S....; ing paresidènan Betawi B..., M.... C... B...., Tj...., P....; ing paresidènan Prijangan: B.... Tj...., S...., Tj... G., T....; ing paresiḍènan Pekalongan: P.... karo T....; ing paresidènan Banjoemas: B...... K..., T., B....; ing Kedoe: M...., W..., K.... P....; ing paresidènan Ngajodja: Ng....; ing pare [ 47 ]sidènan Semarang: S.... karo S.... 18. Negara-negara maoe endi sing hawané aḍem kepénak? 19. Djenengé negara loro sing gedé ing pesisir lor: 20. Negara endi sing tjedak karo pesisiré segara Indi? 21. Ing tanah Prijangan, negarané sing gedé déwé endi? 22. Negara loro endi sing gedé ing tanah Djawa, sing doeroeng takremboeg (Kaseboet ing woelangan angka 2)? 23. Keprijé lakoené wong leloengan saka Tjiandjoer menjang Sérang; saka Bandoeng menjang Tegal; saka Ngajodja menjang Tjirebon; saka Poerwakarta menjang Ngajodja? 24. Lentéra laoet ikoe apa preloené? 25. Negara. endi sing plaboehané ing djero (tjeḍak gisik) gedé? 26. Negara endi sing plaboehané tjilik? 27. Negara endi sing dienggoni prijaji Landa sing gedé-gedé banget ing tanah Indija? 28. Kawah ikoe apa? 29. Awoe sing metoe saka ing goenoeng ikoe, apa satemené?

B. 1. Jen wong leloengan saka Semarang ikoe bisa rong roepa lakoené; sepisan metoe ing noenggang...; ping pindo metoe ing.... noenggang. noenggang.... 2. Jèn wong noenggang sepoer saka Tjirebon menjang Bandoeng, terkadang sok salin kréta ana ing ngendi? 3. Jèn wong noenggang sepoer saka Ngajodja arep menjang Tjirebon, bisa metoe ing oetawa ing 4. Goenoeng sing ana ing sakidoelé koeta Soerabaja ikoe goenoeng endi? 5. La sing ana sakidoelé Bandoeng, Sérang, Tegal, Semarang? 6. Endi, paresidènan sing gedé déwé; endi sing tjilik déwé? 7. Kali Solo ikoe ngliwati paresiḍènan

endi? 8. Paresidènan endi sing wis taktjritakaké? [ 48 ]
20. Tanah sing akèh wité djati sarta akèh lengané patralijoen.

Sawétané garis kentjeng sing saka Semarang menjang Ngajodja, poelo Djawa ikoe tanahé mengétan amba manèh. Sing arep taktjritakaké disik sing sisih elor. Ing kono ikoe prasasat keḍatoné oetawa kedoengé wit djati lan lenga patralijoen. Sing elor, tapel watesé: segara Djawa; sing kidoel, goenoeng Kendeng. Goenoeng Kendeng ikoe goenoeng bebandjengan saka Merbaboe tekan Soerabaja.

Ing ngisor iki sinaoenen karo ndelenga gambaré:

Negara lan panggonan woloe: Demak, Koedoes, Djepara, Rembang, Tjepoe, Goenḍih, Toeban, Gresik.

Goenoeng sidji: goenoeng Moerija.

Kali Solo lan Brantas, kowé bijèn wis weroeh.

Negara Demak, Toeban, Djepara, Gresik, ikoe gedé dèk bijèn karo saiki.

Ing saeloré goenoeng Kendeng ikoe ana alasé djati gedé banget; sing akèh ana ing paresiḍènan Rembang. Sanding Tjepoe ana soemberé lenga patralijoen. Enggoné ngetokaké lenga maoe nganggo diḍoedoek djero banget.

Ing tanah pedjatèn maoe ora pati akèh wongé.

A. 1. Ing paresiḍènan Rembang ikoe akèh wité apa? 2. Ing sadjroning lemah kono akèh lengané apa? 3. Tanah pedjatèn lan lenga maoe watesé sing kidoel apa? 4. Negarané sing ana ing pesisir Sem..., Dj..., R., T..., Soer... 5. Sing adoh karo pesisir: D., K., G...., Tj.... [ 49 ]B. 1. Ing tanah pedjatèn lan lenga maoe ing tembing koelon, negarané sing gedé déwé endi? La ing tembing wétan, endi? 2. Goenoeng Moerija ikoe ana ing saloré bener koeta. . . . 3. Saka Semarang tekan Soerabaja ikoe pira dohé? 4. Mesin miber sing sadjam-djamé olèh 150 KM., saka Semarang menjang Soerabaja bisa tekan pirang djam. 5. Kali Solo lan kali Brantas ikoe woetahé ing segara ana ing paresidènan endi? 6. Sakoeloné goenoeng Moerija ikoe ana panggonan tjilik; ngendi ikoe? 7. Trèm sing saka Semarang menjang Tjepoe metoe Rembang ikoe ngliwati endi? 8. Saka Semarang menjang Tjepoe ikoe ana dalané sédjé sing bisa gelis tekan; dalané ngliwati G.... 9. Negara ing paresiḍènan Rembang, sing sanding kali Solo, ikoe negara endi? 10. Goenoeng Soembing ikoe ana ing sa....é goenoeng Moerija.

21. Kali-kali.

Akèh panggonan sing lemahé metoe banjoené; apa manèh ing tanah pegoenoengan. Sing mengkono ikoe djenengé soember. Soember ikoe senadjan ora ana oedan nganti pirang-pirang sasi, akèh sing ora asat; isih metoe baé banjoené. Banjoe maoe mili menjang lebak; wiwitané dadi kali tjilik banget. Jèn wis tempoer karo kali-kali tjilik lijané, bandjoer dadi kali temenan. Apa manèh banjoe oedan, ija marakaké gedéné kali.

Jèn mangsa ketiga, kali-kali pada tjilik. Jèn rendeng banjoené malah mbloedag, marakaké bandjir. [ 50 ]Apa manèh jèn lemah ing sakiwa tengené kali maoe endèk, kajata tanah sing sanding Koedoes. Jèn ana bandjir, akèh wong sing kapitoenan. Akèh barang- barang sing kèli; wit-witan, bekakas omah, akèh sing laroet. Malah omah ija sok ana sing dadal. Radja-

Kali Soerabaja.

kaja lan kéwan ingon-ingon lijané akèh sing mati kelem. Malah oewong ija sok ana sing kèli. Sawah lan pategalan pada koeroegan endoet lan watoe; dadi tandoeran pada mati.

Kangdjeng Goepermèn wis jasa soesoekan sawatara; preloe kanggo njoeḍèt kali, soepaja adja bandjir banget[ 51 ]banget. Karo manèh ana kali sawatara sing digawèkaké tanggoel oetawa tangkis. Saka pinggiring kali dohé watara ana 10 mèter; dadi ora ana ing pinggir kali bener. Tanggoel maoe preloené dianggo ngalangalangi loebèring kali menjang pedésan.

Sawah lan kebon teboe apa déné tegal tembako ikoe pada ndjaloek banjoe akèh. Banjoe maoe olèhé ngilèkaké, saka ing kali. Rékané enggoné ngilèkaké bakal dakkanḍakaké ing boeri.

Kedjaba ikoe, kali ikoe dianggo oembah-oembah lan dianggo adoes. Malah wong Djawa lan wong Tjina akèh sing ngombé banjoe kali. Pantjèné mono ora apik wong ngombé banjoe kali ikoe; apa manèh jèn mbeneri ana ambah-ambahan lelara sing gampang noelaré.

A. 1. Kali ikoe maédahi banget, sabab banjoené diilèkaké menjang . . . .; karo manèh sok dianggo .. lan di .... Nanging terkadang-kadang sok mbilaèni, sabab sok .. pedésan. 2. Kali bandjir ikoe gawé kapitoenan sing keprijé? 3. Moerih kali adja nganti bandjir, dikapakaké? 4. Sing aran soember oetawa toek ikoe apa? 5. Kali ikoe sing akèh, kenané dianggo adoes kepénak, jèn mbeneri mangsa apa? 6. Banjoe ikoe iliné wis mesți saka ing . . . . menjang.... 7. Kali endi sing kowé wis weroeh djenengé? 8. Banjoe kali sing ora digodog ikoe généja kok ora betjik jèn diombé?

B. 1. Jèn ana kalèn iliné saka elor mengidoel, dasaring kalèn doewoer endi? 2. Kali ikoe jèn isih tjedak karo toeké, karo jèn wis mèh woetah ing segara, [ 52 ]amba endi? 3. Kali Brantas ikoe wiwitané mili me...., bandjoer me...., ...., noeli me....; wasana me.... 4. Kali ikoe sing akèh saka ing g.... menjang s.... 5. Banjoe sing moedoen saka ing goenoeng ikoe iliné keprijé? 6. Kali Serajoe ikoe jèn isih ana ing Wanasaba, karo jèn wis tekan ing Banjoemas, iliné alon endi? 7. Jèn ana blabag ditjemploengaké ana ing kali Solo sanding koeta Solo, kèliné mengalor apa. mengidoel? 8. Jèn wong adoes ana ing kali, généja kok tjangkemé apik jèn diingkemaké sing rapet? Apa ta preloené?

22. Wit djati.

Wit djati ikoe roepané ora apik, nanging maédahi banget. Jèn wis toewa temenan doewoeré bisa ngoeng- koeli wit krambil. Gedéné ija ngoengkoeli. Akèh sing nganti oemoer 100 taoen; terkadang loewih. Jèn ketiga, godongé pada gogrog nganti brindil. Jèn rendeng metoe manèh goḍongé, idjo-idjo.

Ing ngarep kowé wis takkandani jèn ing paresidènan Rembang akèh wité djati. Mengkono oega ing paresidènan Madijoen ing sisih lor, ija akèh alasé djati gedé-gedé. Ikoe kagoengané Kangdjèng Goepermèn, doedoe doewèké sapa-sapa. Ing sadjroning alas ikoe oetawa ing sandingé, ana omahé prijaji Landa; pangkaté, jèn tjara Landa, aran houtvester lan opziener alas (sinder alas oetawa sinder djati). Ikoe kang mranata panegoré wit djati sing wis toewa-toewa; bandjoer akon nandoeri manèh sing isih tjilik-tjilik. [ 53 ]Kangdjeng Goepermèn ḍawoeh ndjaga, soepaja adja akèh-akèh kajoe sing ditjolongi oewong. Kajoe djati ikoe larang banget, sabab apik banget jèn dianggo baloengan omah, digawé bekakas omah, tjikar, praoe lan sapanoenggalané. Atosé ora sepiraa, nanging rajap ora dojan.

Koloniaal Instituut

Wit djati.

A. 1. Kajoe djati ikoe dianggo apa? 2. Kangdjeng Goepermèn ngetokaké doewit kanggo ndjaga alas djati, kajata kanggo mbajar. . . . lan....; ananging ija oleh bați, sabab . . . 3. Wit djati jèn wis toewa, ..é lan....é ngoengkoeli wit krambil. 4. Wit djati [ 54 ]ikoe brinḍilé jèn mangsa apa? 5. Sing akèh alasé djati ing paresiḍènan endi? 6. Houtvester lan opziener (sinder) alas ikoe apa gawéné? 7. Bekakas kajoe djati ikoe ora didojani ing (kéwan) apa? 8. Jèn toemrapé marang oewong: tèh, kina, tembako, pari, teboe, tom, djati, ikoe apané sing maédahi?

23. Lenga patralijoen.

Lenga patralijoen ikoe panggonané ana ing sadjroning lemah, ing Tjepoe, sanding Semarang, lan tjeḍak ing Soerabaja. Golèk-golèkané ora gampang; karo

Pangeboeran lenga patralijoen. Kampong Minjak.
[ 55 ]manèh olèhé ngoenggahaké saka sadjroning lemah ija

angèl banget; sabab panggonané loemrahé djero banget.

Lenga sing lagi diwetokaké saka sadjroning lemah, doeroeng kena dianggo. Koedoe diresiki disik ana ing pabrik. Ing Tjepoe akèh pabriké gedé-gedé. Lenga patralijoen ikoe ana ing kono diolah; ana sing dadi benzine, oetawa gasoline; ana sing dadi lenga patralijoen loemrah, ana sing dadi gemoek kanggo nglengani piranti-piranti ing pabrik; ana sing digawé lilin, ana sing dadi malam gas kanggo mbatik; sarta isih ana manèh.

A. 1. Lenga patralijoen sing isih reged ikoe jèn diolah, bisa dadi apa? Aranana saweroehmoe? Apa kanggoné sawidji-widjiné ikoe? 2. Sing akèh pabriké patralijoen sing geḍé-gedé ing ngendi? 3. Généja olèhé ngedegaké pabrik kok ana ing kono? 4. Généja lenga patralijoen sing ana sadjroning lemah ikoe kok angèl golèk-golèkané?

24. Dedagangan oetawa gramèn.

Sing aran soedagar ikoe wong sing gawéné gramèn. Wong gramèn ikoe tetoekoe barang sing pantjèn arep diedol manèh. Jèn bisaa mana, ja énggala pajoe, toer ndjaloek bati sing akèh. Wong gegramèn oetawa dol tinoekoe ikoe ana ing pasar oetawa ing toko-toko. Jèn mengkono ikoe arané moeng gramèn tjilik-tjilikan. Sing nglakokaké: wong Djawa, Tjina, wong Arab, wong Keling, wong Djepang. Djoeragan sing gedé[ 56 ]gedé pada nekakaké barang-barang akèh saka ing tanah sabrang, bandjoer dikirimaké menjang endi-endi ing sadjagad iki. Jèn negara, akèh djoeragané gedé-gedé, diarani negara pedagangan. Negara sing mengkono ikoe, jèn ing tanah Indija, sing gedé déwé: Soerabaja. Ing kono akèh djoeragané sing geḍé-gedé; kantoré sing dianggo nglakokaké dagang maoe ija gedé-gedé toer akèh. Djoeragan sing gedé ikoe, sing akèh, wong Éropa.

Negara pedagangan lijané: Betawi lan Semarang.

Mestiné kowé wis weroeh dagangan roepa-roepa, sing dikirimaké ing para djoeragan menjang tanah sabrang; kajata: tèh, tembako, goela, lenga patralijoen, bènzine, lenga gemoek. Kedjaba ikoe: koprah, lenga krambil, karèt, kopi, glepoeng kaspé, katjang tjina lan lija-lijané.

Déné sing ditekakaké saka tanah sabrang: mori roepa-roepa, léna, bolah, piranti roepa-roepa, motor, sepéda, rèk, dloewang, djam roepa-roepa, sroetoe, saboen, lan lija-lijané manèh, isih akèh. (Tjoba ngaranana lijané manèh saweroehmoe.)

A. 1. Soerabaja, Semarang, Betawi, ikoe généja kok aran negara pedagangan? 2. Ing tanah Djawa negara pedagangan sing gedé déwé endi? 3. Dagangan tanah Djawa sing dikirimaké menjang tanah sabrang, apa? 4. Kina sarta tèh ikoe saka ing P....; goela. saka tanah-tanah oeroet. . . . sarta saka ing sakiwa tengené kali S....; apa manèh saka paresidenan Ng.... tembako saka K.... lan Ng....; lenga patralijoen, benzine, lenga gemoek saka pabrik ing .... [ 57 ]5. Ngaranana barang-barang sing ditekakaké saka ing tanah sabrang. 6. Djoeragan sing gedé-gedé ikoe sing akèh wong....déné soedagar sing tjilik-tjilik wong . . . .

B. 1. Mori sing saka tanah sabrang ikoe anané ing kéné dianggo apa? 2. Dloewang ikoe dianggo apa? 3. Sapa sing preloe nganggo piranti sing geḍé-gedé saka tanah sabrang? 4. Kowé apa weroeh: rèk ikoe kang akèh saka ngendi? 5. Sroetoe sing saka tanah sabrang ikoe maoe-maoené wis taoe weroeh ing tanah Indija kéné; nalika samana isih dadi . . . . ; dikirimaké menjang.... ing negara Landa; ana ing kana digawé...., bandjoer.....

25. Tanah teloe sing mèh kembar.

Tanah Djawa sing amba ikoe, ing sisih kidoel awoedjoed lemah ngaré teloeng enggon; dapoeré lan ambané mèh pada.

Sawidji-widjining palemahan maoe diapit-apit ing goenoeng loro. Tanah Solo ikoe diapit-apit ing goenoeng Merapi lan goenoeng Lawoe. Tanah Madijoen ana ing saantarané goenoeng Lawoe lan goenoeng Wilis. Déné tanah Kediri diapit-apit ing goenoeng Wilis lan goenoeng Keloet.

Tanah teloe maoe, sidji-sidjiné ing tengah-tengahé ana negarané gedé.

Tanah maoe teloe pisan pada katradjang ing kali sing mili mengalor.

Tanah teloe maoe pada eloh kabèh.

Pametoené pada: pari, goela, tembako. [ 58 ]Teloe pisan lemahé enḍèk. Sawétané goenoeng Keloet ana tanahé mengger, aran tanah Malang. Ikoe ija eloh sarta akèh wongé. Pametoené: tembako lan kopi.

Ing saantarané Malang karo Kediri ana negara, arané Blitar. Ing saantarané Madijoen karo Soerabaja: Djombang lan Madjakerta.

A. 1. Arané negara sing kosinaoe saiki wis woewoeh enem. Tjoba aranana woewoehé ikoe. 2. Goenoeng woewoeh teloe: L.... W...., K.... 3. Tanah endèk teloe ikoe maoe sidji-sidjiné diapit-apit ing goenoeng endi? 4. Solo ikoe sanḍing kali endi? La Madijoen, Kediri, sanding kali endi? 5. Apa pametoené tanah teloe maoe? 6. Tanah Malang ikoe pametoené apa? 7. Keprijé lakoené wong leloengan saka ing Bandoeng menjang Soerabaja?

B. 1. Dalan sepoer ing tanah Djawa sing batjoetan ikoe menjang Soerabaja, ngliwati Ngajodja lan Solo. Koeta Madijoen apa ija kaliwatan ing dalan sepoer ikoe maoe? La Kediri keprijé? 2. Malang ikoe ana ing sa....é Soerabaja. 3. Kali Solo ikoe pada-pada kali ing tanah Djawa dawa déwé; dawané 540 KM. Saoepama ana wong mlakoe saka ing toeké menjang moewarané, bisané tekan pirang dina, jèn lakoené sedina oleh 45 KM.? Tanah enḍèk teloe maoe ing sisih elor karo ing kidoel, doewoer endi? 5. Blitar ikoe ana ing paresiḍènan ngendi? La Malang? 6. Paresidenan Sarakarta ikoe watesé ana segarané apa ora? 7. Tjoba golèkana ing gambar, paresidènan

endi sing ora tepoeng wates karo segara. [ 59 ]
26. Ngoenggahaké banjoe menjang pesawahan.

Tandoeran pari, teboe, tembako, djagoeng lan sapanoenggalané ikoe ndjaloek banjoe akèh. Terkadang banjoe oedan waé ija wis njoekoepi. Ananging jèn mangsa ketiga, sok nganti pirang-pirang sasi ora ana oedan, moelané palemahané koedoe diilèni banjoe. Digawèkaké soesoekan saka ing kali menjang pesawahan. Banjoené bandjoer diilèkaké menjang sawah. Banjoe kali, jèn ora diréka, ora gelem moenggah déwé manjang soesoekan maoe. Koedoe digawèkaké bendoengan barang. Saoepama kaliné mili mengidoel! Jèn wis digawèkaké bendoengan, banjoené bandjoer moenggah ana ing saeloré bendoengan. Moerih banjoené gelem mili menjang soesoekan, bendoengané koedoe doewoer. Adja kalah doewoer karo ḍasaring soesoekan; malah koedoe ngoengkoeli. Wong tani adaté ija sok gawé bendoengan déwé nanging gawéané ora pati sentosa. Moelané Kangdjeng Goepermèn dawoeh nggawèkaké bendoengan pirang-pirang sing rosa-rosa. Sing digawé: bata oetawa watoe dilépa bagoes.

Sawah sing olèh banjoe saka ing waḍoek ija pirang-pirang. Jèn bengi waḍoek maoe dikebaki; jèn awan banjoené diilèkaké menjang sawah, metoe ing soesoekan.

A. 1. Jèn arep ngoenggahaké banjoe kali menjang pesawahan ikoe koedoe ndoedoek apa? 2. La ing kali koedoe diwènèhi apa? 3. Bendoengan jasané Kangdjeng Goepermèn ikoe, sing digawé apa? 4. Tandoeran sing [ 60 ]preloe diontjori banjoe ikoe tandoeran apa? 5. Ngaranana tandoeran sing ora preloe diontjori banjoe saka ing kali. 6. Wadoek ikoe olèhé ngisèni jèn wajah apa? 7. Kanggoné banjoe jèn wajah apa?

27. Kopi.

Pèrènging goenoeng ikoe sing akèh kebak alas. Salong dibabadi, digawé kebon kopi.

Tandoeran kopi ikoe bisané betjik moeng jèn ana ing tanah pegoenoengan. Wiwitané diḍeder disik widjiné. Jèn wis rada gedé ditoetoehi, diarah adja nganti bisa ḍoewoer-doewoer; adja nganti loewih saka sadedeg sapengawé. Jèn wis oemoer 5 taoen wiwit awoh. Kembangé poetih mblanggreng, amboené sedep. Wohé jèn wis mateng-mateng, roepané abang toewa iteng-iteng. Nanging moeng koelité waé sing roepané mengkono. Déné isiné ing djero (sok loro sok sidji) roepané mèmper katjang tjina, nanging atos. Sarèhné tandoeran kopi ikoe ora wani panas banget-banget, moelané ing sela-selané wit kopi ditandoeri wit daḍap. Preloené dianggo ijoeb-ijoeb sawetara.

Kopi ikoe jèn mangsa marèng (ngarepaké ketiga) dioendoehi. Sing ngoenḍoehi adaté wong wadon. Diwaḍahi ing rindjing oetawa senik, bandjoer digawa menjang pabrik. Jèn wis garing, sing akèh diedol menjang tanah sabrang. Jèn arep digawé wédang boeboek, digorèng disik sarta diḍeplok lemboet.

A. 1. Kopi ikoe pengoendoehé jèn mangsa apa? [ 61 ]2. Kembangé keprijé roepané? 3. Wohé keprijé roepané ing djaba? 4. Kopi ikoe jèn doeroeng digoreng roepané keprijé? La jèn wis digorèng keprijé? 5. Wit dadap sing ana ing kebon kopi ikoe apa preloené? 6. Wit kopi ikoe doewoer-doewoeré sepira? 7. Tandoeran

Pakopèn.

kopi ikoe bisané apik ana ing tanah sing keprijé? 8. Tandoeran lijané, sing ija mengkono, tandoeran apa? 9. Kopi ikoe saka ing pabrik parané menjang endi?

B. 1. Kopi sing saka tanah Malang ikoe dikirimaké menjang negara pedagangan ing ngendi disiké? [ 62 ]2. Sanding Magelang ija ana tandoeran kopi. Koewi menjang endi parané? 3. La kopi ing tanah Prijangan, menjang endi? 4. Ngoendoeh kopi ikoe abot apa ora?


28. Mbalèni woelangan.

A. 1. Negara sing ngongkang ing segara Djawa, oetawa ora adoh saka segara: Soer.... Gr...., T...., R..., Dj..., Sem... Sem...., P...., T..., Tj..., Bet.... 2. Ana negara oetawa panggonan 9 sing hawané adem; kowé wis weroeh djenengé: B..., S... Tj..., G..., T..., Ma..., Ma...., Sa...., Wa.... 3. Ing tanah Djawa ana negara 6 sing gedé-gedé. Endi? 4. Negara pedagangan sing gedé déwé endi? 5. Woeloe wetoené tanah Djawa apa sing dikirimaké menjang tanah sabrang? La sing ditekakaké saka tanah sabrang (mréné), apa? 6. Sing akèh wongé gawé djarit ikoe ing ngendi? 7. Malam sing dianggo mbatik ikoe pinangkané saka ngendi? 8. Lenga patralijoen ikoe kena digawé apa manèh? 9. Pabrik lenga patralijoen ikoe ngendi panggonané? 10. Sanding kono akèh alasé apa? 11. Paresidènan endi manèh sing akèh alasé djati? 12. Apa manèh pametoené paresiḍènan ikoe? 13. Koeţa Madijoen ikoe ana ing tanah ngaré apa ana ing pegoenoengan? 14. Endi tanah ngaré lijané sing mèmper tanah Madijoen? 15. Negara ing Djawa-Wétan, endi sing ana ing tanah pegoenoengan. 16. Tanah maoe pametoené apa? 17. Tandoeran sing bisané oerip apik moeng ana ing tanah pegoenoengan waé, tandoeran apa? 18. Teboe ikoe jèn ana ing [ 63 ]tanah ngaré, apa apik oeripé? 19. Ngaranana tanah-tanah sing akèh tandoerané teboe. 20. Tandoeran teboe ikoe dojan banjoe banget. Mara pratélakna, keprijé olèhé ngontjori banjoe tegal teboe ikoe. (Ben- doengan, wangan.) 21. Tandoeran apa manèh sing ija dojan banjoe banget? 22. Endi sing akèh tandoerané tembako? 23. Soesoekan ikoe apa paédahé? 24. Soepaja pedésan adja nganti kebandjiran, keprijé manèh rékané? 25. Ana kali 5 sing moewarané ana ing segara Djawa; kowé wis weroeh djenengé. Mara seboetna. Sing woetah ing segara Indija loro; djenengé : 26. Tjoba saiki seboetna djenengé goenoeng- goenoeng sing wis kosinaoe; wiwitana saka wétan. Ing tanah Djawa sing amba, goenoengé: K..., W.... L..., M..., M....; ing tembing lor ana goenoeng Moe.... Ing tanah Djawa sing tjijoet goenoengé: Soe..., Si...., D...., Sl... Ing tanah Djawa-Koelon: Tj... Goe..., M...., T..., P... G..... Ka... 27. Jen wong leloengan saka Soerabaja menjang Sérang, metoe Tjepoe lan Tegal, keprijé lakoené? 28. Baliné metoe Bandoeng lan Madijoen; tjritakna. .....

29. Tanah Djawa sing tembing wétan.

Iki golèkana ing gambar; bandjoer apalna:

Negara pitoe: Pasoeroean, Prabalingga, Djember, Bondawasa, Banjoewangi, Sitoebonda, Loemadjang.

Goenoeng sawetara: Semèroe, Ardjoena, Tengger, Jang, Idjèn. [ 64 ]Goenoeng Semèroe ikoe pada-pada goenoeng ing tanah Djawa, doewoer déwé.

Tanah Djawa-Wétan ikoe, sing ngaré, akèh tandoerané pari lan teboe, kaja déné ing tanah ngaré lija-lijané. Ing tanah Djawa-Wétan kono, kedjaba ikoe, ija akèh tandoerané djagoeng. Pemetoené salong diedol menjang Madoera. Wong Madoera ing Djawa-Wétan lan ing poelo Madoera dojanané djagoeng, prasasat dadi segané.

Sanding Djember lan Bondawasa akèh tandoeran tembako; pada didoli menjang Éropa.

Ing pèrènging goenoeng, akèh tandoerané kopi lan karèt, doewèké kaboedidajan oetawa presil.

A. 1. Negara-negara ing tanah Djawa-Wétan sing ngongkang segara, endi? 2. La sing adoh segara endi? 3. Apa, pametoené tanah Djawa-Wétan sing saka woeloe wetoening palemahan? 4. Tanah pegoenoengan endi manèh sing akèh tandoerané kopi? 5. Wong endi sing dojanané djagoeng? 6. Pametoené tanah Djawa-Wétan sing didol menjang tanah Éropa, apa? 7. Goenoeng endi sing ana ing tanah Djawa-Wétan. 8. Ing tanah Djawa, goenoeng endi sing doewoer déwé? 9. Goenoeng sing ana ing wétan déwé, goenoeng endi? 10. Goenoeng ing tanah Djawa, sing tjeḍak déwé karo pesisir koelon, goenoeng endi?

B. 1. Pametoené tanah Djawa-Wétan ikoe digawa menjang negara pedagangan endi ḍisik? 2. Ing pèrènging goenoeng Semèroe lan Jang akèh tandoerané tembako, kaja ing tanah Djawa tengah ing pèrènging goenoeng. 3. Saka Prabalingga menjang pesi [ 65 ]siré segara kidoel ikoe dohé sepira? 4. Banjoewangi ikoe ana ing sa.....é Malang. 5. Prabalingga ikoe ana ing sa....é Soerabaja. 6. Beras karo djagoeng moerah endi?


30. Amèk iwak.

Ing pesisiré segara Djawa ikoe akèh désa sing wongé pada nggaota amèk iwak. Pirantiné amèk iwak maoe djala, djaring oetawa pajang, ora sepiraa gedéné. Jen pirantiné moeng djala oetawa djaring baé, olèhé amèk iwak moeng ana ing pinggir; jèn pajang rada menengah, nganggo noenggang praoe tjilik-tjilik. Oleh-olehané iwak salong diedol menjang negara-negara sing adoh karo segara.

Iwak anjaran ikoe énggal boetoek. Moelané sing akèh dioejahi, bandjoer diepé oetawa digarang; ana manèh sing dipindang.

Ing tanah pesisir ija akèh wong gawé trasi, petis lan kroepoek oerang.

Toekang amèk iwak ikoe sing akèh pada mlarat- mlarat.

A. 1. Toekang amèk iwak ikoe apa mesti pada doewé praoe? 2. La jèn ora doewé praoe, olèhé amèk iwak ana ing ngendi? 3. Soepaja iwaké adja boetoek, dikapakaké? 4. Ing Bandoeng ija ana wong adol iwak anjaran. Koewi iwak saka ngendi? 5. Trasi, petis, kroepoek oerang, ikoe olèhé gawé ana ngendi?


[ 66 ]
31. Karèt.

Ing tanah Djawa, kajata ing tanah Djawa-Wétan, ing Banten, ing Prijangan, akèh kaboedidajan oetawa presil pada nandoer karèt. Jèn arep diepèk karèté,


Wit karèt. [ 67 ]wité dibelèki koelité; bandjoer metoe tloetoehé poetih. Tloetoeh maoe ditadahi nganggo tjangkiran. Soewé-soewé bandjoer kentel. Ana ing pabrik diolah; digawé karèt roepa-roepa.

Karèt sing didol menjang tanah sabrang ikoe, sing akèh, ditjitaki blébékan. Baliné saka tanah sabrang wis roepa blengker roda motor, blengker sepéda, karèt sing dianggo ngoelapi toelisan potelot, kanggo tlapakan sepatoe lan lija-lijané. Ing Bandoeng ija ana pabrik sing gawé barang karèt roepa-roepa.

A. 1. Karèt ikoe pinangkané saka ngendi? 2. Jèu lagi metoe saka ing oewit, roepané keprijé? 3. Lawas-lawas keprijé roepané? 4. Karèt sing diedol menjang tanah sabrang ikoe keprijé roepané (dapoeré)? 5. Karèt ing tanah Djawa ikoe apa diedol menjang tanah sabrang kabèh? 6. Karèt sing isih bakal ikoe kena digawé apa? 7. Ing tanah Djawa kéné sing ana pabriké kanggo gawé bekakas karèt, ing ngendi?

B. 1. Généja karèt ikoe saiki kok akèh temen kanggoné, ngoengkoeli dèk bijèn-bijèn? 2. Pametoené tanah Djawa kéné sing diparakaké menjang negara Landa, ana manèh sing baliné mréné salin roepa. Ikoe apa? 3. Pametoené karèt tanah Djawa-Wétan ikoe disiké digawa menjang negara pedagangan endi ? 4. Karèt pametoené tanah Prijangan, sing akèh menjang endi parané?


[ 68 ]
32. Madoera.
(Enggon sapi lan oejah.).

Poelo Madoera ikoe lemahé ora eloh. Wetoené beras, pari lan djagoeng ora sedeng dipangan wong ing kono, moelané didjogi saka tanah Djawa.

Sapiné poelo Madoera betjik-betjik toer akèh. Pada didoli menjang tanah Djawa kéné, dibelèhi.

Ana pesisiré sing dienggo gawé oejah. Sing digawé, banjoe segara.

Wong Madoera ikoe goenemé sédjé karo wong Djawa. Pantjèn ana basané déwé. Wong Madoera akèh sing manggon ana ing paresidènan Soerabaja, Pasoeroean, Besoeki.

Negara ing poelo Madoera, sing rada gedé: Bang- kalan, Pamekasan, Soemenep.

A. 1. Negarané ing Madoera ikoe sing wis kosinaoe endi? 2. Palemahané eloh apa tjengkar? 3. Kedjogan apa saka ing tanah Djawa? 4. Apané sing diedol mrana-mrana? 5. Goenemé wong Madoera ikoe tjara apa? 6. Ngendi sing akèh wongé goeneman tjara Madoera, kedjaba ing Madoera?

B. 1. Poelo Madoera ikoe karo tanah Djawa-Wétan kelet-eletan apa? 2. Pira dawané poelo Madoera? 3. Ikoe jèn dilakoni motor pirang djam, jèn sadjam olèh 40 KM.? 4. Negara pedagangan sing tjeḍak karo Madoera, endi? 5. Ing Madoera kira-kira apa ija ana toekang amèk iwak?


[ 69 ]
33. Oejah.

Jèn banjoe segara diwaḍahi ing piring, bandjoer dipépé, soewé-soewé asat, marga ngoewab. Ing piring maoe bandjoer katon ana oejahé tipis.

Ing Madoera, akèh banjoe segara sing dipépé mengkono ikoe. Nanging ora diwaḍahi piring; wadahé bloembangan tjetèk-tjetèk, nanging amba. Panggonané sanding pesisir. Olèhé ngedjogi, banjoené diilèkaké metoe ing kalènan. Jèn segarané mbeneri rob, kalèn maoe kilènan banjoe. Jèn bloembangané wis kebak, dalané banjoe dipepeti. Dadi jèn segarané soeroet, banjoené ora bali menjang segara. Jèn rendeng ora gawé oejah.

Wong-wong Madoera sing pada gawé oejah ikoe, oejahé koedoe diedol menjang Kangdjeng Goepermèn kabèh. Ing Madoera ana pabriké oejah loro, kagoeng- ané Kangdjeng Goepermèn. Ana ing pabrik kono, oejah tamper olèhé toekoe ikoe maoe, ditjitaki kaja bata. Oejah bata maoe bandjoer diedol menjang satalatahé kapoeloan Indija kéné kabèh. Jèn wong arep toekoe oejah, bisa toekoe menjang goeḍang Goepermèn. Sabata regané 8 sèn, boboté sekati.

Pantjèné mono oeroet pesisir ikoe, wong-wong ja bisa gawé oejah, nanging ora kena. Sing kena moeng ing Madoera baé.

A. 1. Ngendi sing adol oejah bata? 2. Sabata pira boboté? 3. La regané pira? 4. Oejah bata ikoe saka ngendi? 5. Sing digawé apa? 6. Wong Madoera [ 70 ]ikoe jèn gawé oejah mangsa apa? 7. Ing Pekalongan oepamané, généja kok ora ana wong gawé oejah?

B. 1. Jèn ngirimaké oejah saka Madoera menjang satalatahé tanah Indija iki diemot apa? 2. Ing pasar ija ana wong adol oejah. Généja regané kok ora moerah kaja ing goeḍang? 3. Sing ngoewasani goedang oejah ikoe prijaji Goepermèn apa bangsa partikelir? 4. Tjoba tjritakna, keprijé lakoené oejah ikoe saka ing wiwit-wiwitané, nganti tekané ing omahmoe. 5. Généja, gawé oejah ikoe kok ora ing mangsa rendeng? 6. Jèn ngarepaké segara soeroet, généja dalané banjoe sing menjang bloembangan, kok dipepeti?


34. Wongé ing tanah Djawa.

Wong sing manggon ing tanah Djawa ikoe sing akèh wong boemi. Ing tanah Djawa-Koelon, wongé bangsa Soenda; ing sawétané kali Tji Tandoej bangsa Djawa; ing Madoera lan ing Djawa-Wétan bangsa Madoera. Kedjaba ikoe ana Tjina, wong Éropa, Arab, Keling, Djepang. Wong Mlajoe saka tanah Soematra ija ana.

Bangsa-bangsa maoe temboengé déwé-déwé. Wong Soenda tjara Soenda. Wong Djawa tjara Djawa. Wong Madoera tjara Madoera. Jèn ana wong loro sédjé bangsa arep goeneman, goenemé tjara Mlajoe. Wong sabrang jèn goeneman karo wong boemi, adaté ija tjara Mlajoe. Wong désa ikoe akèh sing ora bisa tjara Mlajoe. Saiki akèh wong Djawa lan Tjina sing bisa tjara Landa. [ 71 ]Tjandi Baraboedoer.

Tjandi Baraboedoer.
[ 72 ]Wong boemi mèh kabèh agamané Islam. Bijèn

agamané noeroet wong Hindoe. Ikoe ketitik saka tjandi-tjandi sepirang-pirang. Saiki moeng kari tilas baé. Tjandi sing betjik déwé: Tjandi Baraboedoer. Panggonané tjeḍak Moențilan, sanding kali Praga. Kedjaba ikoe: Tjandi Prambanan, Tj. Sèwoe; karo-karoné ana ing Prambanan sanding kali Opak. Ana manèh Tj. Bima ing poetjaking goenoeng Dijèng. Tj. Penataran, saloré Blitar.

Wong boemi ikoe, sing akèh: tani; sarta ana sing dadi toekang, dadi bakoel oetawa soedagar tjilik-tjilik, dadi prijaji, dadi batoer oetawa djongos. Tjina ikoe sing akèh dadi toekang oetawa soedagar. Wong Arab, wong Keling, wong Djepang pada dadi soedagar. Landa, sing akèh dadi prijaji; sing njamboet gawé ana ing kaboedidajan ija kaleboe akèh.

A. 1. Wong Djawa ing tanah Djawa-Wétan ikoe, jèn goeneman tjara apa? La wong Djawa-Tengah? Wong Djawa-Koelon? 2. Watesé tanah sing wongé goenemé tjara Djawa karo sing tjara Soenda kali apa? 3. Kedjaba ikoe wong boemi, sing akèh, bisa tjara apa? 4. Wong Éropa, jèn goeneman karo wong Keling tjara apa? 5. Wong sing manggon ing tanah. Djawa ikoe, sing akèh, bangsa apa? 6. Tjoba kanḍakna, wong sing manggon ing Tanah Djawa ikoe sidji-sidjiné bangsa, pangoepadjiwané apa? 7. Wongé boemi ing tanah Djawa ikoe saiki agamané apa? 8. Tjandi sing apik-apik ikoe paggonané ngendi?

B. 1. Tjoba kanḍakna, wongé ing sidji-sidjiné paresidènan, goenemé tjara apa. 2. Wong Eropa sing [ 73 ]njamboet gawé ana ing kaboedidajan tèh ing tanah Prijangan ikoe, apiké koedoe bisa tjara apa? 3. Bebaoe Landa sing njamboet gawé ana ing pabrik goela ing Pekalongan ikoe, jèn goeneman karo koeli, tjara apa? 4. Wong Éropa sing ana ing tanah Indija kéné iki, mèh kabèh bisa tjara apa? 5. Pamoelangan sing ana woelangané tjara Landa ikoe pamoelangan apa? 6. Apa tengeré, jèn bijèn akèh wong Hindoe sing manggon ing tanah Djawa?


35. Mbalèni woelangan.

1. Keprijé lakoené wong leloengan saka Ngajodja menjang Betawi metoe Tjirebon? Baliné metoe ing Bandoeng, bandjoer menjang Soerabaja metoe Madijoen. Baliné menjang Ngajodja metoe ing Rembang sarta Semarang? 2. Wong wadon Ngajodja akèh sing pada gawé apa? 3. Wong ing negara endi manèh sing mengkono? 4. Ing paresidenan Ngajodja akèh pabrik g..... Endi manèh sing mengkono? 5. Kedjaba ikoe ing Ngajodja akèh tandoeran apa? 6. Endi manèh sing mengkono? 7. Kedjaba teboe lan tembako, ing tanah Djawa akèh tandoerané. . . . . 8. Woeloe wetoening lemah, akèh sing diedol menjang tanah sabrang. Ikoe ana sing baliné salin roepa. Apa mara? 9. Apa manèh sing diedol menjang tanah sabrang? 10. Apa sing ditekakaké saka tanah sabrang? 11. Ana negara teloe sing akèh djoeragané gedé-gedé. Endi mara? 12. Njeboetna arané negara 3 engkas sing geḍé-gedé. 13. Njeboetna arané negara oetawa pang [ 74 ]gonan sing hawané aḍem kepénak. 14. Seboetna arané negara sing sanding pesisir lor. 15. Sing ana ing pesisir kidoel negara endi? 16. Jèn ana ing pesisir ikoe adem apa panas? 17. Ing ngendi sing banjoené sok ndjenḍel marga ademé? 18. Tjoba goenoeng sing wis kosinaoe aranana kabèh, wiwit saka koelon mengétan. 19. Apa sing marakaké, déné goenoeng sing metoe geniné ikoe, kok sok gawé pitoena akèh banget? 20. Ananging ija ndadèkaké elohé tanah-tanah. Apané sing marakaké? 21. Ana tandoeran teloeng roepa sing bisané oerip apik, jèn ditandoer ana ing tanah pegoenoengan. Apa djenengé? 22. La sing bisané oerip apik, jèn ditandoer ana ing tanah ngaré, apa? 23. Ing paresiḍènan Rembang akèh alasé apa? 24. Alas-alas maoe sapa sing doewé? 25. Sing ngedol kajoené Kangdjeng Goepermèn. Apa manèh sing diedol Kangdjeng Goepermèn? 26. Pinangkané saka ngendi? 27. Madoera ikoe apané manèh sing diedol mrana-mrana? 28. Généja Madoera ikoe kok kedjogan beras saka kana-kana? 29. Ngaranana djenengé negara-negara ing Madoera. 30. Aranana djenengé kali-kali ing tanah Djawa, sing wis koapalaké. 31. Kali ikoe sok agawé pitoena. Ikoe jèn mbeneri keprijé? 32. Tandoeran apa sing ora bisa oerip, jèn ora oleh banjoe kali? 33. Keprijé olèhé ngilèkaké menjang sawah oetawa pategalan? 34. Généja banjoe kali ikoe jèn ora digodog, kok marakaké ora. apik jèn diombé. 35. Tanah Djawa ikoe kena diprintji dadi patang pérangan. Keprijé olèhé mrintji-mrintji? 36. Tjoba aranana djenengé negara-negara lan paggonan sing ana ing sawidji-widjining pérangan maoe.