Menyang kontèn

Najaka Lelana

Saka Wikisumber
[ Samak ]

NAJAKA LELANA


KARANGANIPUN


Mr. SUSANTO TIRTIPRODJO


SARI PERS
DJAKARTA
[ 3 ]

NAJAKA LELANA


KARANGANIPUN
Mr. SUSANTO TIRTOPRODJO


SARI PERS
DJAKARTA
[ 5 ]
KATA PENGANTAR KAMI

Kemenangan perdjuangan nasional kita, – sungguhpun pada saat kalimat-kalimat ini ditulis, belum sempurna –, adalah suatu peristiwa jang penting dalam sedjarah dunia.

Hal ini sering tidak diinsjafi benar-benar oleh kita sendiri! Mungkin karena pikiran kita sehari-hari kebanjakan terlibat dalam desak-sesaknja keadaan dalam negeri! …

Tetapi: pada suatu ketika kita wadjib menulis sedjarah perdjuangan kita, untuk menuturkan kepada anak-turun kita nanti. Djuga untuk mengisi djiwa baru dalam ilmu sedjarah disekolahan² kita.

Karena kewadjiban ini, maka tiap bahan, jang wudjud tjerita, jang wudjud laporan, jang wudjud tjatatan, hendaknja kita kumpulkan dengan teliti.

Kami memberi sumbangsih: Najaka Lelana, karangan Pak Santo.

Dengan dua maksud: untuk sedjarah nasional. Dan untuk sedjarah kesusasteraan.

Waktu minta idin kepada Pak Santo, djawabnja: „Sebetulnja ini tjuma saja maksudkan buat peringatan anak-anak saja …”

Sederhana, dan sederhana pula buku ini dikeluarkan.

Dan Pak Santo dengan sederhana mengichlaskan hasil pendjualan buku ini kepada Akademi Nasional di Djakarta.

Sebagai seorang ahli politik kaliber besar Mr. Susanto Tirtoprodjo bisa turun naik, tetapi Pak Santo sebagai pudjangga akan langgeng …

PAK SASTRO


Nopember 1949. [ 6 ]Menurut perintah J.M. Menteri P.P. & K. tanggal 16 Desember 1950, buku ini dipakai untuk Sekolah Rakjat, Sekolah Guru A dan B, S.M.A. bag. A, Sekolah Guru Taman Kanak-kanak. [ 7 ]==== KINANTI ====

  1. dereng ing tyas angengidung
    apa kang wus sun alami
    wiwit wadyabala Landa
    chianat tjidra ing djandji
    njerang tan mawi wawarta
    Indonesia Republik

  2. jèku ḍawah dinten Minggu
    kaping sangalas njarengi
    Ḍésèmber ingkang wulannja
    warsa nut tahun Maséhi
    sèwu sangang atus miwah
    kawan dasa wolu nenggih

  3. duk samana kang ginempur
    déning motor-mabur Wlandi
    lapanganing kapal-terbang
    Maguwo trus dèn ebroki
    ladjeng sru njerang Ngajogya
    ibukotaning Nagari

  4. duk mjarsa kang wus atempur
    énggal anggènnja baḍami
    Pak Santo lan Pak Kasimo
    jèku kakalihnja Mentri
    kang nudju wonten ing Sala
    samja tuwi kulawargi

  5. kang dadi golonging rembug
    wangsul mring Jogja dèn aglis
    perlu netepi kwadjiban
    wit pra Mentri rapat pasţi
    djam wolu éndjang gja biḍal
    numpak auto kalih sami

  6. wau ta ingkang winuwus
    dupi praptèng Krapjak dési
    kidul kilèn Kartasura
    dwi kapal-terbang kaèksi
    anjerang sarwa sru hébat
    swaranja anggegirisi

[ 8 ]
  1. auto kalih samya antjur
    pating tjomplong kena mimis
    tudjuné kang sami numpak
    begdja taksih den ajomi
    ing Gusti kang Murbèng Alam
    wiludjeng samya basuki

  2. nuli numpak kréta wangsul
    ing Kartasura pinanggih
    Najaka Ḍokter Sukiman
    jèku Mentri Ḍalam Negri
    ingkang ugi gadah sedya
    nudju Ngajogja nagari

  3. Mentri tiga sami rudjuk
    wangsul Surakarta nagri
    wit tan luput ing babaja
    jènna trus ngladjengken kapti
    marga kapal terbang Landa
    ganas kedjem anḍanḍangi

DANDANGGULA

  1. éndjangira winursita nenggih
    dinten Senèn Ḍésèmber wulannja
    kaping dwi dasa tanggalé
    ing Balékotta kumpul
    Walikota Résḍèn, tri Mantri
    lan Pak Gatot Subroto
    Militèr Gupernur
    Ḍjendral Major Pak Soehardjo
    Pak Soeroso déné kang dadi penulis
    Sumardi aranira|

  2. ingkang sampun dèn putusken sami
    supaja ta Pemerintah Pusat
    linadjengken sajogjané
    minangka dasaripun
    putusan Kabinet katiti
    Ḍésèmber ping nembelas
    nalika amutus
    wit Présiḍèn baḍé tindak

[ 9 ]

    mring India, wakil Présḍèn krana sakit
    gya baḍé istirahat

  1. duk samana ingkang dipun srahi
    pimpinané Pemerintah pusat
    minangka dadi wakilé
    jèku Najaku telu
    Perhubungan lan Ḍalam Negri
    katrinja Kehakiman
    supaja sarudjuk
    rèhning kalih saking tiga
    Mentri kempal wonten ing Sala nagari
    kuwaos amranata

  2. Kementrian sadaja binagi
    antarané Najaka tetiga
    tan lali peprintjènané
    wusana dalunipun
    wus pradjandji arapat malih
    nanging dupi djam lima
    nungka warta drudjug
    bilih mungsuh sampun prapta
    sangang kilo saking Surakarta nagri
    antawis Kartasura

  3. sanalika ladjeng biḍal sami
    datan saged ngwontenaken rapat
    awit saking kesusuné
    duk samana wus nusul
    Mentri Supeno lagja prapti
    angempal Mentri papat
    nudju Tawangmangu
    Pak Peno tuwin Pak Santo
    Pak Mashadi Pak Saleh Susilowati
    samya nunggil ponḍokan

  4. Pak Mashadi kang sinebut nenggih
    jèku ngasta pimpinan Ḍjawatan
    Pembangunan bagiané
    lamun Pak Saléh iku
    Perhubungan lan Ḍalam Negri
    déné asma wanita

[ 10 ]

    ing ngarsa winuwus
    Anggota Badan Pekerdja
    ingkang uga mbjantu Pak Peno wus lami
    Soesilowati kenja

  1. wisma ingkang samya dèn inepi
    jèku villa Brandaris namanja
    kang pepak ubarampéné
    nunggil wisma sadarum
    Pak Sukiman Pak Mardi tuwin
    Pak Kasimo Soeroso
    Pak Soehardjo kumpul
    Meester Kasman lan Prawoto
    lan Zainal Arifin katrinja sami
    warga Badan Pekerdja

  2. gya dèn putus Mentri Dalam Negri
    pinasrahan piḍato radio
    supaja glis dèn umumké
    bilih Pemrintah sampun
    binagi pat Najaka sami
    tjuwa tan kalaksanan
    kang sinedya wurung
    kesusul tampi pawarta
    wadyabala Walandi sampun mèh prapti
    gya biḍal gagantjangan

  3. duk samana dinten Rebo kaping
    kalihlikur sih nunggil wulannja
    tabuh tiga antarané
    wit sanget gugupipun
    datan saged kentjan baḍami
    ḍateng pundi purugnja
    nilar Tawangmangu
    wusanané nganti peṭal
    dados kalih rombongan kang nuli sami
    umidjil sesowangan

MIDJIL

  1. nalikanja nèng villa Branḍaris
    ngalad-alad katon
    bumiangus ing Solo tandané

[ 11 ]

    ladjeng ènget maring kulawargi
    kang dèn tinggal sami ing batos sru trenjuh

  1. duh ḍiadjeng Ibuné nakmami
    lagi dadi lakon
    ingsun kudu pisah lan slirané
    anetepi kwadjibaning Mentri
    sumingkir mung amrih tan tinukup mungsuh

  2. èku bukti gunging sedya mami
    nggajuh karahajon Mon
    tumrap Bangsa sarta Nagarané
    amrih tetep anaa kang mimpin
    mardika binudi unggul djuritipun

  3. kang sun télad Bagawan Tjiptaning
    Mintaraga lakon
    dyan Ardjuna anggentur tapané
    lelana ing Indrakila wukir
    amangun tetéki sumungkem Hjang Agung

  4. kang sun pikir tumrenjuh ing ati
    anakku kang anom
    si wuragil Atmodjo arané
    kulinané taksih dèn keloni
    ugungan kepati nggulet rama ibu

  5. mung sira djeng jwa pegat memudji
    njenjuwun Hjang Manon
    dèn bisaa momong putra kabèh
    sun tewakup Allah kang supadi
    teguh datan gigrig nanggulangi kéwuh

  6. nrusken tjrita rerombongan mami
    gupuh numpak montor
    sopiripun ja Mahrup arané
    ngétan praptèng ḍukuh Gandasuli
    wit rintangan margi kanḍeg datan terus

  7. sigra kampir ing wisma kang alit
    lowung antuk ponḍok
    kanggo turu ngiras ngleremaké

[ 12 ]

    badan lesu ruweting pamikir
    datan wonten nasi kenṭang daharipun

  1. tuwan rumah pakarjanirèki
    kepalaning grombol
    djaman Ḍjepang Azatyo arané
    wus mangerti ingkang sami ngungsi
    pemimpin pribadi gupuh dénja tulung

  2. éndjingipun nuli biḍal sami
    nudju redi Mongkrong
    jèku punṭuk kang sanget inggilé
    muḍun djurang ngajat minggah ardi
    turut lelunguring pèrèng wukir Lawu

  3. tengah margi kang sami lumaris
    dumadak kapregok
    laré kalih kesasar lakuné
    aran Mardjo akalijan Kusni
    menggabung tinari sagah sami tumut

  4. wantji sonten mèh djam gangsal prapti
    peḍukuhan Djeblok
    sami kèndel wus sanget sajahé
    pra penḍuḍuk katon sami adjrih
    wit djaman PKI kampjak sinom kisruh

SINOM

  1. Ḍjuḍjug grija kamituwa
    tetéla sampun anḍelik
    amargi kita kinira
    kadi PKI rumijin
    andjarah rajah sami
    ing sakadjeng-kadjengipun
    djagung beras dèn rampas
    dalah ajam tuwin kambing
    radjakaja sampun mèh telas sadaja

  2. sareng sampun tinerangna
    kanṭi djelas saha tliti
    anuli saweg pratjaja

[ 13 ]

    lamun ingkang rawuh ngungsi
    jekti pangageng Nagri
    ing Ngajogja sangkanipun
    kang nedya alelana
    manteb alabuh Nagari
    wadjib tinulung amrih samya rahardja

  1. ḍukuh Ḍjeblok iku njata
    hawané kaliwat atis
    dunungé nèng pagunungan
    ḍuwuré banget amentjit
    mula gja api-api
    mrih nulak aḍem andjekut
    néndra akasur merang
    akèh pindjalé anggigit
    dyan mengkono tilem pules marga sajah

  2. éndjangipun nrusken lampah
    dugi ḍusun Genilangit
    sinugata kanṭi bingah
    déning bapak Lurah dési
    Pak Onder Pontjol ugi
    ḍateng merlokaken meṭuk
    wantji sonten gja biḍal
    ing Onderan Pontjol kampir
    mung sakeḍap nuli pangkat nudju Parang

  3. dalu-dalu meksa mlampah
    supados énggala dugi
    kiṭa kaonderan Parang
    obor blarak datan kari
    mrih énggal tebih margi
    Sarangan Tjemarasèwu
    peteng deḍet limengan
    menḍung riwut udan grimis
    tengah dalu saweg praptèng kang sinedya

  4. nuli njaré ing Onderan
    Pak Onder sanget gumati
    njegah kopi lan ḍaharan
    nadyan bengi tengah wengi
    Pak Magetan Bupati

[ 14 ]

    Radèn Kodrat Samadikun
    gja den kintuni serat
    supaja ḍateng manggihi
    wangsulanja tjuwa datan saged prapta

  1. dalunipun pinḍah grija
    wisma alit nanging asri
    ingkang andarbéni wisma
    ja Kondèktur kréta api
    éman tan saged lami
    wit klinteran montor mabur
    nedya trus mring Lémbéjan
    kono uga mbebajani
    mulanira prajogi tetep nèng Parang

  2. nadyan tetep tlatah Parang
    prajogi kang radi tebih
    saking kiṭa kaonderan
    Pak Onder tur pamrajogi
    manggèn in Ngunut dèsi
    saking Parang wolung kilo
    bakda mahrip gja biḍal
    Bapak Onder datan kari
    dugi Ngunut sampun dalu djam sadasa

  3. tjakap miwah bersemangat
    lurah désa Ngunut jekti
    mangerti obahing djaman
    tindaké tan ngutjiwani
    Bok Lurah uga trampil
    manjugata para tamu
    Pak Lurah tur prajoga
    pinḍah grija langkung sepi
    wit klurahan lumrahé dadi djudjugan

  4. éndjangipun nuli pindah
    ḍateng Ḍlisem ḍukuh alit
    taksih wengkon Ngunut kradjan
    saking klurahan tan tebih
    ing kono wus pinanggih
    kalawan Pademan majur

[ 15 ]

    kang wus atinggal glanggang
    Tawangmangu dèn ontjati
    datan nglawan sumingkir ng ingkucken

PANGKUR

  1. kotjapa kang tjinarita
    nudju satungal dinten bakda magrip
    ḍawah tanggal sangalikur
    Ḍésèmber nunggil wulan
    umrodjog prapti krenggosan napasipun
    Agèn Polisi Negara
    mentas mladjeng sipat kuping

  2. mladjeng menṭit saking Parang
    prelu ngaturken glis pawarta penting
    ḍusun Parang sonten wau
    wus kaḍatengan mengsah
    anumpak truk datan terang tjatjahipun
    pramila prajogi énggal
    biḍal saking ḍusun ngriki

  3. sigra sami tata-tata
    Pak Anu lumadjeng angrumijini
    wusana nganti kabentus
    mripat ketatap séla
    saka banget rikaté anggèné mlaju
    tas sanḍal ḍawah tinilar
    tjineluk datan mangsuli

  4. lampu sénter tlérap-tlérap
    selot suwé selot parek njelaki
    awit wus tan ṭbisa mlaju
    mupus badé anjerah
    hamdulillah ingkang prapta dalu-dalu
    djebulé major Pademan
    nedya meuk para Mentri

  5. déné auto kang binekta
    Bupati Panaraga kang njambuti
    assistèn Wedana Sampung
    Soemarto aranira

[ 16 ]

    tumut metuk wah hébat semangatipu
    numpak auto nuli biḍal
    nadyan bengi tengah wengi

  1. sareng tjelak Sampung tlatah
    autonipun kapeksa njabrang kali
    amargi djembatanipun
    wus antjur dipun risak
    minggahipun kapeksa tinarik lembu
    sakeḍap kampir Onderan
    sinegah ḍahar lan kopi

  2. bangun éndjing nuli prapta
    wisma pangungsènipun Pak Bupati
    Gandawardaja ranipun
    ing kiṭa Panaraga
    mung sakeḍap datan dangu leremipun
    wit ngèngeti kapal terbang
    lamun sijang mbebajani

  3. numpak auto nrusken lampah
    turut margi mulat ngawasken nginggil
    manawa na motor mabur
    sukur slamet lampahnja
    tabah pitu prapta kawedanan Pulung
    ing ngriku tetéla kaṭah
    para pegawai kang ngungsi

  4. Panitra Sarip Hutomo
    lan Ketuwaning Pangadilan Nagri
    Pak Rochjani asmanipun
    Djaksa aran Soenarjo
    sanget kaṭah lamun sadaja sinebut
    katon sami sanget bingah
    pinanggih sami basuki

  5. ugi mrangguli pra siswa
    Hasan Basri Samodro katah malih
    sami sagah ambijantu
    samukawis pakarjan
    datan wegah mring pundia dipun utus

[ 17 ]

    sanès dinten pindah Serak.
    ḍusun lèrèng redi Wilis

  1. dupi wonten dusun Serak
    prapta utusaning Mentri Agami
    Pak Soléman asmanipun
    prelu asung pawarta sbsi
    bilih Najaka Agama kjai Masjkur
    saged ontjat saking Jogja
    ing Gontor lerem angungsi

  2. tan sagah dateng priangga
    margi sajah tur mbekta putra alit
    awit sanget répotipun
    mugi dipun makluma
    éndjangipun Pak Soleman nuli wangsul
    Pak Saléh pamitan késah
    megat mring Mentri Agami

MEGATRUH

  1. dupi lèrèn ing Serak gja prapta gupuh
    dumrodjog karan Pamudji
    Wakil Résidèn Madiun
    pinanggih Najaka kalih
    senengira dudu padon

  2. gènja lerem ing Serak sakawan dalu
    nuli samja pindah malih
    mring ḍusun sakidulipun
    ḍusun Wajang tentrem sepi
    ing klurahan gènja manggon

  3. lurah Wajang katonipun sampun sepuh
    nanging gjatipun kepati
    jektinipun tilas guru
    pramila sanget taliti
    tjikat tur remen gegujon

  4. datan dangu prapta Pak Ardiwinangun
    jèku ingkang mangarsani
    karésiḍènan Madiun

[ 18 ]

    wit kangen Pasunḍan Nagri
    sungkawaning galih katon

  1. tanggal gangsal Djanwari Pak Santo turun
    Panaraga perlu tuwi
    Patih Rider wus pènsiun
    anunut Bapak Bupati
    gènja tindak nitih montor

  2. Panaraga éndjangipun wus ginempur
    déning kapal terbang Wlandi
    swarané sanget gumuruh
    serangan ngébat-ébati
    sukur tan na kang kataton

  3. bakda luhur Pak Bupati prapta meṭuk
    ing margi Pak Santo kampir
    amanggihi Kjai Masjkur
    risang Najaka Agami
    pinanggih ing ḍusun Gontor

  4. Mentri kalih rena ing panggalihipun
    pinanggih sami basuki
    sami trenjuh manahipun
    kèngetan mring kulawargi
    kraos nalangsa karongron

  5. dupi Mentri Agami tinaros tumut
    kempal lan Mentri kekalih
    tan prajogi djawabipun
    wit jèn mengsah saged manggih
    tetiga tinangkep klakon

  6. dupi katon Pak Santo wus saged wangsul
    ing Wajang kanṭi basuki
    kang tinilar ngutjap sukur
    déné djroning srangan jekti
    mundur ngajoman Hjang Manon

DURMA

  1. wus nalika masih lerem ḍusun Serak
    Pak Peno amiwiti
    angatur usaha

[ 19 ]

    lapangan penerangan
    kanți rapi lan teliti
    dé Pak Ananta fug
    kang dèn serahi mimpin

  1. Pak Ananta asalnja saking Makasar
    peparab Bugis Andi
    agagah prakosa
    ketel rawis djénggotnja
    dyan Werkodara ngèmperi
    lebda ing sastra
    sandiwara mumpuni

  2. dèn bijantu déning mawarna tenaga
    samya gjat njambut kardi
    kanṭi sukarila
    sengkut pakarjanira
    anjiarken kalawarti
    Berita-Negara
    rupi madjallah resmi

  3. datan dangu nuli sami pindah grija
    ing panggonan kang sepi
    masih wengkon Wajang
    kang andarbèni wisma
    Bapak manḍor irrigasi
    datan kinira
    nuli pawarta prapti

  4. sung uninga wus rawuh ing Banjutuwa
    saking Wajang tan tebih
    Sang Panglima Besar
    Sénapatèng ngajuda
    Pak Soedirman awewangi
    lagja lelana
    teguh labuh Negari

  5. nadyan gerah tan wegah atilar wisma
    tinanḍu dèn lampahi
    kekalih Najaka
    samekta sami tindak

[ 20 ]
    manggihi sang Senapati

    panggihanira

    gapjuk nrenjuhken galih
  1. sang Panglima alon pangandikanira
    apa kang dèn alami
    nalikaning Jogja
    Ibukota sinerang
    Kabinet wus amutusi
    dateng Sumatra
    Pemrintah Pusat ngalih

  2. Meester Sjafruddin sinerahan pimpinan
    wit tan na kang andugi
    nasibé Najaka
    kang tan wonten ing Jogja
    nuli sami dèn rudjuki
    kirim pawarta
    dateng Perdana Mentri

  3. para najaka kang tan tinangkep Walanda
    supaja dèn akeni
    Pemrintah Darurat
    dadi bagijanira
    ngasta pimpinan Nagari
    nuli pamitan
    biḍal wangsul dwi Mentri

  4. sidji dina wus prapta utusanira
    www Najaka Dalam Negri
    asuka pawarta
    manawa Pak Soekiman
    dalah Pak Kasimo sami
    lerem nèng désa
    ing Ngrambé wengkon Ngawi

  5. utusané ugi ambekta pawarta
    kawrat ing koran Walandi
    jèn kadwi Najaka
    Pak Santo Pak Kasimo
    kang sinerang saking nginggil

[ 21 ]

    wus sami tiwas
    warta dora mutjungi

POTJUNG

  1. kang winuwus Pulung katinggal ginempur
    sru saking gegana
    sing darat sinerang ugi
    wusanané Pulung wus rinebut mengsah

  2. milanipun nedya sigra pindah dukuh
    masih wengkon Wajang
    aranira ḍukuh Putih
    sami manggèn grijanipun kamituwa

  3. Allah hijung njai kamituwa njebut
    ndremimil sesambat
    sanget welas miwah asih
    para tamu dipun pidjeti sadaja

  4. dalu wau dupi sih néndra sadarum
    gremeng-gremeng prapta
    dwi djanma sinapa lari
    wus tetéla jekti mata-mata mengsah

  5. nora wurung mesti wus konangan mungsuh
    mila sigra pindah
    mring wisma kang langkung mentjit
    wismanipun mandor-hutan Singakarsa

  6. nembé rawuh kapireng swara gumuruh
    ungeling sendjata
    béndrong lir mertjon mbrondongi
    ḍusun Wajang tetéla katekan mengsah

  7. katon mlaju mantèn djaler mentas dahup
    lan pangiringira
    sami mladjeng girap giris
    gèk keprijé mantèn wadon kang tinilar

  8. mandor Singakarsa dreng panjuwunipun
    supados lerema
    njaré sawatawis ratri
    tan kinabul meksa sami sigra bidal

[ 22 ]
  1. njengka njengkut sanget deder marginipun
    sasat mung ambrangkang
    Pak Hadi dawah keplanting
    lan Pak Santo tinuntun lir djanma wuta

  2. tengah dalu lagya prapta kang tinudju
    Tjlaket dekahira
    Pak Karsa wismanirèki
    nadyan dalu kumedah njugata ḍahar

  3. mung sadalu gènja njaré wisma ngriku
    éndjang nunten biḍal
    pindah dukuh Temurunsih
    Bok Ngadinem ranḍa ingkang gaḍah grija

  4. datan njengguh ing ḍukuh ngriku kapeṭuk
    Soemantri arannja
    S.T.C. Madiun ḍihin
    duk PKI tan lepat wus kinundjara

  5. datan dangu biḍal malih nudju Nguntjup
    nasak wanawasa
    mèh prapta wau pinanggih on
    Pak Bupati miwah para kawanira

  6. asung weruh tan prajogi manggèn Nguntjup
    wit pendudukira
    tetéla wus tan ngakeni
    kwaosipun pra pangageng Pamong-Pradja

  7. sigra wangsul ngemu sungkawaning kalbu
    lumampah sadina
    ngantjik surup lagya prapti
    ing Sedaju nuli saré marga sajah

  8. datan weruh Pak Bupati kang djinudjug
    petal misah marga
    manggèn dukuh Watumaling
    ngasmarani ing kono tinangkep mengsah

[ 23 ]ASMARANDANA
  1. ing Sedaju mung saratri
    éndjangnja prapta krenggosan
    pemuda kang mertakaké
    jèn ing lungur sampun tjelak
    katon pradjurit Landa
    kaṭah wus sami tumurun
    nudju Sedaju purugnja

  2. sigra biḍal glis lumaris
    dwi Najaka miwah kawan
    gegantjangan palajuné
    anelasak wanawasa
    tan mawi ngundjuk dahar
    lumampah sadina muput
    mrih tan tinangkep ing mengsah

  3. bakda mahrib praptèng Djladri
    persil kopi miwah kina
    pak Soerdji ran pemimpiné
    katon sanget sukèng drija
    wit wus tepang Pak Santo
    nalikané nèng Madiun
    ngasta pusaraning pradja

  4. ing Djladri ugi pinanggih
    Pak Jasin kang wus kaloka
    mimpin Mobil Brigadené
    Pak Peno nuli angrantjang
    wisma madyaning wana
    nanging datan kongsi rampung
    wit Djladri baḍé sinerang

  5. njaré Djladri mung rong ratri
    nuli biḍal gegantjangan
    nudju Sawahan lampahé
    sadinten deg lampahira
    langkung wana greng lebat
    kanan kéring ketèk lutung
    pating djlerit swaranira

[ 24 ]
  1. wus mèh serap lagja prapti
    dusun ing bawah Sawahan
    arané kang désa Baréng
    pra lelana sanget sajah
    lesu raosing badan
    sadinten tan kambon sekul
    namung durèn kang dèn ḍahar

  2. dalunja prapta manggihi
    Pak Parmin ingkang peparab
    K.O.D.M. djabatané
    angaturi pamrajoga
    supaja pindah sigra
    wit dusun Baréng puniku
    datan luput ing bebaja

  3. mila mruput bangun éndjing
    biḍal malih pra lelana
    Pak Parmin andèrèkaké
    renḍet rekaos lampahnja
    miwah tinungka djawah
    sinareng prahara lésus
    lir Bațara Baju kurda

  4. lampahnja anjabrang kali
    kang pinudju bandjir banḍang
    kaliwat santer iliné
    Pak Parmin lan dwi kantjanja
    andjegur munggwing toja
    ganḍèngan tumantjeb kukuh
    anglanting kang sami njabrang

  5. nuli praptèng ḍekah alit
    Salamdjuḍeg aranira
    atis andjekut hawané
    manggèn kempal Pak Iskandar
    ingkang apangkat létnan
    pembantu K.D.M. Ngandjuk
    kanṭi mimpin perlengkapan

[ 25 ]KINANTI
  1. Salamdjuḍeg kang winuwus
    pranjata kesrakat miskin
    saja-saja duk samana
    njarengi mangsa patjeklik
    penduduk ingkang dèn teḍa
    namung gegoḍongan mligi

  2. pra lelana ḍaharipun
    beras ingkang dèn tjampuri
    keḍelé sareng bineṭak
    kinemah anggraul njlilit
    awit saking tan kulina
    kawitan paḍaran sakit

    |<poem>minangka lawuhanipun
    nora towong saben hari
    wastanira bebanjolan
    kelan djangan bamburuntjing
    prandéné sumjah mirasa
    énak seger tan boseni

  3. swidji dina katon rawuh
    Bapak Gupernur Moerdjani
    kekalih panḍèrèkira
    Pak Soedjono Pak Sanoesi
    pinanggih sami rahardja
    suka sukur ing panggalih

  4. Bapak Militèr Gupernur
    Pak Soengkono kang wewangi
    dupi tampi palapuran
    wismaning Najaka kalih
    nuli atur pamrajoga
    pindah ponḍok langkung delik

  5. wusnja lerem saptèng dalu
    ing Salamdjuḍeg kang dési
    nuli pindah lijan dekah
    Sumberwuluh raniréki

[ 26 ]

    dukuh wengkon désa Klodan
    Pak Marsam kang dèn inebi

  1. Pak Marsam tanemanipun
    wonten durèn kalih uwit
    ngrempojok bijet wohira
    istiméwa kandel manis
    saking katah gènnja ḍahar
    nganti mendem durèn sami

  2. swidji dina prapta Tjak Dul
    Dul Arnawa nama jekti
    Wakil Gubnur Djawa-Wétan
    penaséhat lan ngampingi
    Gubnur Militèr Pak Kono
    penerangan kang dèn pimpin

  3. tunggal dinten kentjan sampun
    sasarengan Pak Moerdjani
    amanggihi Pak Sungkono
    ing Gendjèng Markasnja delik
    pineţuk jeep tindakira
    mila sakeḍap wus prapti

  4. gja rinembug mateng muput
    ruwet rentenging Nagari
    rinunḍing sami mupakat
    sigra dèn atur pra Mentri
    wedaling Promès Nagara
    wragading prang dèn tjekapi

  5. praptèng wisma gja dèn atur
    déning Najaka kakalih
    kapisan perbelandjaan
    ping kalih Promès Nagari
    hakim lan djaksa darurat
    kinemot aturan katri

  6. ugi Pak Bupati Ngandjuk
    Gondowardojo manggihi
    pra Najaka kang lelana

[ 27 ]

    rena pinanggih basuki
    dasar trampil momong rakjat
    Pak Bupati tansah kliling

  1. swéné lerem Sumberwuluh
    dèn bijantu tur gumati
    Kamituwa Tengger ḍekah
    prigel gijat tur pratitis
    betahé para lalana
    tjinekapan sarwa tliti

  2. rèhning sampun radi dangu
    tan kirang sadasa hari
    manggèn wismaning Pak Marsam
    sandi mengsah njumerepi
    mila nedya pinḍah grija
    ḍukuh Dodol sepi manis.

DANDANGGULA

  1. dupi lerem ing Dodol sahari
    nuli prapta Pak Meester Soenarjo
    namung pjambakan lakuné
    Panitra lenggahipun
    saking Kanajakan Agami
    tlusupan nasak désa
    madosi Pak Masjkur
    wus dangu dénja ngupaja
    Mentrinira tansah tan saged pinanggih
    mila kalangkung sisah

  2. ugi katon prapta aniliki
    Meester Kasman ja Singodimedjo
    tjanțas ringas witjarané
    piḍato remenipun
    ingutus Mentri Dalam Negri
    keliling angumbara
    aparing sesuluh
    ngantos dugi ing Ngajogja
    jekti gijat datan dangu nulja pamit
    nudju Bodjanegara

[ 28 ]
  1. kaping kalih kang prapta manggihi
    sami kagèt wit datan kinira
    Bung Tomo lawan kantjané
    badannja katon susut
    panggah grojok sengak nging manis
    tebih gènnja lalana
    wit inguber mungsuh
    nalika pradjurit Landa
    wiwit njerang Ibukotaning Nagari
    nudju wonten Magelang

  2. njaré Dodol angsal kalih ratri
    nuli prapta duta sung pawarta
    kang banget anggugupaké
    bilih pradjurit mungsuh
    wus anjerang Parang tan tebih
    saking Parang lampahnja
    Dodol kang tinudju
    pramila énggal samekta
    gegantjangan sumingkir mandjing wanadri
    katah barang tinilar

  3. marginipun tuhu sanget rumpil
    wit wus dangu tan kinambah djalma
    margi wana aran slip C
    mèh surup lagja rawuh
    trukan winastan Magersari
    siti bikakan énggal
    wengkon Salam dusun
    nuli lerem wismanira
    kantja tani ingkang èstri sanget trampil
    Karsa-Sinem namanja

  4. wusnja njaré djangkep tigang ratri
    nuli sami biḍal pinḍah wisma
    sanget delik panggonané
    Mekuta raning dusun
    klebet siti ing Magersari
    manggèn pondok prasadja
    welit atep gubug
    ingkang andarbèni grija

[ 29 ]

    tani sepuh ajem tentrem nadyan miskin
    Sumatirta arannja

  1. pel-umpelan anèng gubug alit
    Sumatirta wuwuh kaḍajohan
    sadasa ganep tjatjahé
    dwi Najaka lan Bu Sus
    Pak Hadi Mahrup Mardjo Kusni
    siswa tiga Samodra
    Singgih tuwin Heru
    pakarjan dinum tinata
    Mardjo dapur Kusni pasar Mahrup njutji
    pra siswa lampah duta

  2. duk samana mangsané patjeklik
    Sumatirta tani sanget mlarat
    sangsara panguripané
    tineḍa sabanipun
    djagung ora beras tan manggih
    mila pisang bineṭak
    mung ron lawuhipun
    suprandéné datan sambat
    anarima tinampa papantjèn Gusti
    ingkang Murbèng Buwana

  3. pra Najaka rena ing panggalih
    saged tamat pinirsa prijangga
    kahnan désa sajektiné
    Pak Tani gesangipun
    tuhu awrat papa amentjit
    pramila ingkang ngasta
    Pemerintah Agung
    langkung malih Pamong Pradja
    wadjib ngudi muljaning nasib Pak Tani
    ngangkat dradjating Bangsa

  4. wusnja lerem ngantos sawlas ari
    nuli biḍal nerusaken lampah
    anudju Pațuk désané
    wusana praptèng Patuk
    nampi warta saking pangungsi

[ 30 ]

    bilih satjelakira
    wus sami kinumpul
    pra tawanan bangsa Tyonghwa
    wit tan luput bebaja mila anuli
    mundur Ganter gantjangan

DURMA

  1. praptèng Ganter manggèn grija kamituwa
    kang tjeṭilé kepati
    pinétung sadaja
    apa suguhanira
    dalah ambèn kang sinilih
    mawa paséwan
    lagi rila njambuti

  2. kalih dalu njaré wisma kamituwa
    nuli gja pinḍah sami
    milih sanès grija
    Krama-Dul karanira
    grijané sanget andelik
    datan kinira
    bebaja ageng prapti

  3. dinten Kemis Pon ping patlikur tanggalnja
    wulané Pébruari
    gagat bangun éndjang
    Pak Peno lan Samodra
    siram mring kutjur tan tebih
    pantji kulina
    jèn siram mruput éndjing

  4. sanget kagèt mireng ungeling sandjata
    kinira kantja sami
    djebul bala mengsah
    tjatjahira sawidak
    njerbu Ganter saking redi
    anratas wana
    medal margi kang sepi

  5. sami ngintip katon saking djroning wisma
    Pak Soepeno lumaris
    giniring Walanda

[ 31 ]

    gagah tegak lampahnja
    datan mawi nolah nolih
    déné Samodro
    wus tan pinanggih malih

  1. datan dangu kapireng saking tebihan
    sungsun swaraning beḍil
    sawusnja tetéla
    bilih mengsah wus késah
    Kusni dinuta ningali
    wangsul tur warta
    Pak Peno wus ngemasi

  2. tan pratjaja Mahrup lan Mardja dinuta
    sami njataken ugi
    matur jekti njata
    Pak Peno wus pralaja
    sinandjata piling kiri
    sadajanira
    pitu kang dèn pedjahi

  3. duk samana Pak Peno gem-agemira
    sarwa tjemeng sadyéki
    rawisira pandjang
    djénggot bréwok rungkudan
    datan tjinukur wus lami
    mengsah angira
    warok ingkang dèn panggih

  4. sami trenjuh kang tinilar midjil waspa
    kontjatan mitra jekti
    Pak Peno tan blaka
    jèn lenggahnja Najaka
    margi lamun dèn blakani
    kéwran sadaja
    tinangkep mengsah sami

  5. duk samana Pak Soepeno nekad kurban
    pahlawan luhur jekti
    kusumaning Bangsa
    rila ngetohken djiwa

[ 32 ]

    mrih kawanira basuki
    arum asmanja
    langgeng tjinaṭet pasţi

  1. Pak Kebajan prapta atur pamrajoga
    sigra biḍal lumaris
    wit pangantjam mengsah
    sawusnja njerang Liman
    badé wangsul Ganter malih
    mila dén énggal
    midjil masuk wanadri

MIDJIL

  1. pra lelana lumebèng wanadri
    kantja papat kalong
    ingkang kalih wus tjinritakaké
    kalih malih Heru tuwin Singgih
    sami ingutus mring Kandangan tan wangsul

  2. nanging wuwuh pemuḍa satunggil
    jekti kapinudjon
    taksih siswa Sanjoto arané
    Pak Ananta swau dèn tumuti
    rombongan binledig peṭal tan wruh dunung

  3. praptèng wana surja wus mèh lingsir
    nuli pados panggon
    anggaloso mung goḍong pajoné
    tan alingan anginé sumribit
    mangkono rasaning djatiné lalaku

  4. saben ari pindah papan sami
    supaja tan katon
    ḍaharira mung sarem lawuhé
    ngrasa begdja manggih tèwèl sidji
    munjuké marani untung wus djinupuk

  5. djroning wana dilalah pinanggih
    swidji Opsir Anom
    Pak Prawirakusuma arané

[ 33 ]

    kang ngupaja kekuwatan gaib
    asuka pepéling mrih manggih rahaju

  1. wusnja njaré wana kalih ratri
    nunten énggal kongkon
    Mardja Kusni mring Ganter lakuné
    ambalèni sabarang kang kèri
    biḍal sigra bali matur telas sampun

  2. Pak Prawira nuli sung pawarti
    Landi baḍé nggropjok
    wana iki lan kanan keringé
    prajoginé gja biḍal dèn aglis
    pra lalana sami ngontjati dèn gupuh

  3. wantji sonten dugi pinggir kali
    sami turu nḍéprok
    wit tan wonten pondokan tjelaké
    djawah pisan teles pating tjrindil
    Sanjoto winasis banjol anglelipur

  4. éndjangipun nèng margi pinanggih
    lare aran Sentot
    kadi djalma alasan rupané
    tangan kanan putung kena mimis
    kawelasen sami linilan anggabung

  5. sontenipun prapténg lungur inggil
    katisan derodog
    djurang djero ing kanan kiriné
    Argapasar araningkang ardi
    tjaket puntjak Wilis Limas kotjapipun

  6. ngantjik wengi ing tebih kaéksi
    dilah pating krelop
    lampu léktris ting klepjur soroté
    Karangredja lan kita Kediri
    sinawang sing redi sanget élokipun

  7. lampahira rekaos kepati
    aang ngelak ngorong
    sadina muput tan kambon ngombé

[ 34 ]

    nganti glagah klakon dèn kemahi
    kemloka lan wuni kang kinarja nginum

  1. nanging sokur pra lelana jekti
    ingajom Hjang Manon
    datan kraos giris panggalihé
    sima sawer tjèlèng tan mrangguli
    mangka wus kawarti kaṭah simanipun

  2. djroning wana djangkep pitung ratri
    pra lelana mijos
    dugi ḍukuh Guwamanuk ranné
    tumut kradjan Karangnangka dési
    nuli sami kampir Lurah wismanipun

  3. Bapak Lurah atur pamrajogi
    pra lelana manggon
    Magersari kang ḍelik papané
    nuli bidal lerem Magersari
    grijané Muradi tan mingkur tur sukur

PANGKUR

  1. "Muradi sakulawarga
    gesangipun sanget sangsara miskin
    luwung mentas panèn djagung
    sekul djagung tineḍa
    pra lalana ugi djagung ḍaharipun
    lawuhira mung ron-ronan
    dalah djlombrèt tan tinampik

  2. wusnja lerem telung dina
    nuli biḍal tinilar Pak Muradi
    anglangkungi Sumberagung
    praptèng désa ran Djuga
    kang dèn djudjug wismanira Lurahipun
    Lurah Djuga aran Kusna
    terpeladjar wasis jekti

  3. papanira kalurahan
    pinggir margi Kediri mring Basuki
    margi ageng maksih wutuh

[ 35 ]

    tan katon na rintangan
    montor grobag pasti taksih saged langkung
    milanira énggal bidal
    njipeng ngriku mung saratri

  1. éndjangipun nrusken lampah
    lingsir kulon pra lalana wus prapti
    Pamongan araning dusun
    ngriku pinanggih kawan
    Sutomo Djauhar Arifin asmanipun
    pemimpining penerangan
    ing Djawi-Wétan propinsi

  2. Pak Tomo lan kantjanira
    klebet ugi Pak Sardjono sarimbit
    manggèn Pamongan wus dangu
    saged nrusken pakarjan
    nanging éman kekirangan alatipun
    mila dèn paringi arta
    mrih saged ngladjengken kardi

  3. sokur begdja kemajangan
    ing Pamongan saged kapregok malih
    Ananta rombonganipun
    duk ing Ganter sinerang
    djeranțalan Ananta ngunggahi gunung
    inggih langkung Argapasar
    mèh kesasar kliru margi

  4. Ananta rombonganira
    tjatjah gangsal kapétang lan pemimpin
    kapisan Arib ranipun
    nadyan kakkong badannja
    tan kinira sanget rikat pladjengipun
    kalih aran Sugijono
    telu Prapto kapat Didi

  5. dupi lerem ing Pamongan
    ugi prapta merlokaken manggihi
    Pak Suwondo ingkang kasub
    Résḍèn Kediri ika

[ 36 ]

    dipun iring kakalih panḍèrèkipun
    Sekretaris Pak Muntoro
    lan hartaka karan Husni

  1. pinanggih sami rahardja
    sami suka lan rena ing panggalih
    wit ènget nalikanipun
    Pak Santo Résdèn lenggah
    nèng Madiun Pak Suwondo wakilipun
    kala djinundjung Najaka
    Pak Wondo pinḍah Keḍiri

  2. kalih dinten ing Pamongan
    nampi warta bilih pradjurit Landi
    miturut rantjanganipun
    sadasa Maret njerang
    mring Pamongan miwah kanan kéringipun
    mila sami énggal biḍal
    wit Pamongan mbebajani

  3. kang tinudju Sumberpanḍan
    wit ing kono nedya arsa mirsani
    pemantjar radionipun
    nadyan sengkut lampahnja
    surja lingsir saweg ngantjik persil Ngantup
    nuli njaré grijanira
    Kamituwa dukuh Bringin

  4. kaping sanga wulan tiga
    nuli prapta ing Sumberpanḍan persil
    pemantjar radionipun
    piniara tur wetah
    djasanira Kabarsjah lan kantjanipun
    siang ratri njambut karja
    bebaja tan dèn praduli

  5. djam wolu soré Pak Santo
    meḍar sabda lumantar radio nuli
    wosing pangandikanipun
    sidji sikap Pemréntah
    kaping kalih ngumumaké sédanipun

[ 37 ]

    sang Najaka Pak Soepeno
    kang gugur labuh Nagari

  1. éndjangipun wis kinira
    kapireng tengara amratanḍani
    praptaning kang montor mabur
    mila gja gegantjangan
    langkung Senḍang lan Segawé lampahipun
    praptèng ḍusun Wanaredja
    ing kono njaré saratri

  2. nunten sami nrusken lampah
    langkung punṭuk Budjel namaning ardi
    gegantjangan gja tumurun
    mring Tlasih raning ḍekah
    lan Trenggalèk mung pat kilo tebihipun
    nuli pineṭuk ing ḍokar
    dumugi kanṭi basuki

  3. ing Trenggalèk pra lalana
    lerem wismanira Bu Sus kang bibi
    garwané Wedana Pensiun
    Pak Suwardi kang asma
    sanget suka pinanggih pénakanipun
    Pak Santo ugi wus tepang
    duk anom Lanrèh Keḍiri

SINOM

  1. Trenggalèk kang winursita
    wus dèn bumiangus jekti
    kabupatèn lan kundjaran
    sadaja bangunan Nagri
    sampun ginempur gusis
    namung kantun tilasipun
    dalah remukan bata
    telas dipun angkut abis

  2. milanipun kita katon padang djingglong
    ing Trenggalèk pra lalana
    sami merlokken manggihi
    K.D.M. Tulus arannja

[ 38 ]

    kang lenggahnja dèrèng lami
    wit K.D.M. kang dihin
    tetéla atindak rusuh
    pramila dèn singkirna
    pasukan Trip kang nglutjuti
    wusnja bèrès sinrahken wangsul tentara

  1. wonten manggihi Pak Santo
    Pak Wedana ran Mukadi
    tuwin punggawa kundjaran
    aran Sumo lan Muljadi
    ingkang minangka bukti
    setya lawan tresnanipun
    asung bakal rasukan
    tan sapira nanging adji
    sanget rena panggalihé Sang Najaka

  2. swidji dina nuli prapta
    Mudajat Bupati Ngawi
    perlu ngaturi pawarta
    lamun pak Gubnur Murdjani
    Pak Djono Pak Sanusi
    Dul Arnawa aljas Tjak Dul
    sami tinukup mengsah
    ping patlikur Pébruari
    tunggal dinten nalika Ganter sinerang

  3. rèhning Gubnur Djawi-Wétan
    lan wakilnja lowong sami
    saged ugi tan kapirsan
    mring Najaka Dalam Negri
    mangka prelu dèn aglis
    dipun angkat gentosipun
    mila Pak Santo ngangkat
    Resḍèn Madiun rumijin
    Samadikun dados Gubnur Djawi-Wétan

  4. Bupati Ngawi Mudajat
    matur mopo wangsul Ngawi
    wit gumeter jèn kèngetan
    apa kang wus dèn alami

[ 39 ]

    duk ing djaman P.K.I.
    sakalangkung nlangsanipun
    Pak Santo tan kawratan
    uger Pak Resḍèn ngrudjuki
    Pak Mudajat bjantu Gubnur Djawi-Wétan

  1. ing Trenggalek pra lalana
    sinugata luwih-luwih
    Pak Suwardi miwah garwa
    sanget gènira gumati
    dadakan motong kambing
    saté gulé empuk mumut
    pramila sanget tjuwa
    tan dangu kapeksa pamit
    wit ing kiṭa pasṭi kaṭah sandi mengsah

  2. ping triwelas wulan tiga
    Trenggalèk tinilar ngalih.
    Pak Dana distrik Karangan
    ingkang aranira Lantip
    tangkas miwah pratitis
    sumengka merlokké meṭuk
    gja sami nitih ḍokar
    mila énggal praptèng Blimbing
    njaré wismanira Pak Martadimedja

  3. gangsal dalu leremira
    wonten ing ḍekahan Blimbing
    nuli biḍal ḍateng Ḍangka
    inganter Pak Dana Lantip
    djudjug wismaning tjarik
    ing kono katon tinunggu
    Pak Dana Panggul Kusno
    Pak Onder Ḍangka tan kari
    sanget suka pinanggih sami rahardja

  4. Pak Wedana Panggul Kusno
    tjukup tumindaking kardi
    wisma kagem pra lalana
    wus dèn atur sanget rapi
    ing Ḍangka pitung ratri

[ 40 ]

    nuli nrusken lampahipun
    pinutus purugira
    ḍusun Siki klangkung sepi
    sami njaré wismanira Bapak Lurah

  1. telung dina leremira
    manggèn padukuhan Siki
    nuli sami nrusken lampah
    mring Sawahan raning dési
    nglangkungi kali bandjir
    anjabrang sarwi tinanḍu
    praptèng dusun Sawahan
    sampun dangu nggènnja nganti
    Pak Onder Panggul lan Pak Wedana Kusno

  2. mung saratri nèng Sawahan
    éndjangira biḍal malih
    maring ḍusun Karangtengah
    lampahira minggah ardi
    kang andeder tur rumpil
    inganter Pak Dono Panggul
    turut margi tembangan
    nglipur kang sami lumaris
    nḍanḍanggula énak empuk gawé bingar

ḌANḌANGGULA

  1. Karangtengah ḍusun munggwing redi
    lurahira Sarbini arannja
    wasis amimpin rakjaté
    duk anom dadi guru
    mila tjukat tur sarwa trampil
    ngatur butuhing désa
    lan botrépotipun
    nadyan bengkoké tan tampa
    saged madeg saking ichtiar pribadi
    duwé Sekolah Rakjat

  2. pra lalana merlokan martuwi
    Pak Wedana miwah kulawarga
    ing kiṭa Panggul lenggahé

[ 41 ]

    ngiras mirsani laut
    kang alunnja ageng ngadjrihi
    Samodra kalokèng rat
    nggih Sagara Kidul
    Bu Wedana anjugata
    nékawarna guḍeg Ngjugdja datan kari
    pra tamu sukèng drija

  1. nalikanéng Karangtengah dési
    prapta sowan Bupati Patjitan
    Bapak Soebekti asmané
    klajan panḍèrèkipun
    Pak Wedana Lorog sisilih
    Sosrohadiséwojo
    saèstuné mungguh
    Pak Bupati Pak Wedana
    kekalihnja lir Bapak Rakjat sajekti
    djatining Pamong Pradja

  2. sédjé dina wonten anekani
    prawiranom Lubis aranira
    létnan kolonėl pangkaté
    mring Sang Najaka matur
    Déwan Keamanan wus nampi
    usul Wakil Canada
    ingkang pokokipun
    Republik Pemrintahira
    kedah wangsul ngrembag sjarating Konprènsi
    lan gentjatan sendjata

  3. dupi ḍawah malem Djumwah Legi
    kleres dinten wetoné Pak Santo
    Lurah ngurmati karepé
    tjinegah meksa puguh
    Sang Najaka meksa nglilani
    reringgitan watjutjal
    ḍalang wus misuwur
    Redisana karanira
    ngemu rasa sabet mitjara pratitis
    Déwarutji lakonnja

[ 42 ]
  1. tanggal sanga duk ing wulan April
    pra lalana nilar Karangtengah
    maring Ketanggung purugé
    Lurahé nudju kaul
    tambah putu lahir basuki
    nedya ngluwari udjar
    ngwontenaken djanggrung
    Sang Najaka saged pirsa
    tatatjara désa pra pemuda tani
    anajub parisuka

  2. ing Ketanggung lerem saptèng ratri
    pra lalana ngladjengaken lampah
    Ngadiradja tudjuané
    kita pilenggahipun
    Pak Wedana Lorog kang distrik
    lerem ing kawedanan
    njaré mung sadalu
    pra lalana sukéng drija
    sinugata Bu Dana wasis tur trampil
    nadyan sanga putranja

  3. éndjangipun nrusken lampah sami
    mring Tandjunglor lèrèn wismèng Lurah
    Atmawijata karané
    Lurah Tandjunglor iku
    watak kèndel djatmika wasis
    solah bawa ndjanaka
    klètjem semunipun
    Pak Ananta lan kantjanja
    sami manggèn ing klurahan Wanasari
    sing Tandjung datan tebah

  4. sanès dinten pra lalana sami
    tindak tuwi Pak Dokter Soekidjan
    ing Wanadadi lenggahé
    katah panḍèrèk njuwun
    pinariksa tuwin sinuntik
    sanadyan kang badannja
    gemuk lema genḍut
    Pak ḍokter lubèr budinja

[ 43 ]

    mrih tan tjuwa ingkang sami njuwun suntik
    tinurutan sadaja

  1. ing Tandjunglor njaré gangsal ratri
    pra lalana nuli sami biḍal
    mring ḍukuh Pakis purugé
    taksih winengku Tandjung
    Djagabaja kèn dèn pondoki
    sanget nḍelik grijanja
    munggwing lèrèng gunung
    Bapak K.D.M. Patjitan
    dumarodjog prapta sowan amanggihi
    Harsana ingkang karan

  2. genti kotjap ran Slamet Sukardi
    pemuḍa nḍèrèk wit Karangtengah
    lantip trengginas solahé
    punika pan ingutus
    mring Panaraga amanggihi
    Bupati Bapak Tjakra

  3. kang sampun tinukup
    sandi wus pikantuk karja
    saged wangsul mbekta barang rupi-rupi
    kintunané Pak Tjakra

  4. anèng Pakis katamuwan malih
    Komanḍaning perang Pertempuran
    Pak Ranu kaptèn pangkaté
    aturipun Pak Ranu
    ing Patjitan mengsah wus tipis
    gérilja trus lumampah
    mengsah sring pinukul
    duk punika nunten gerah
    Sang Najaka kanḍeg ing ḍekahan Pakis
    ngleremaken salira

  5. wonten Pakis kalih dasa ratri
    sandi mengsah pasṭi wus uninga
    mila pindah prajoginé
    dusun Boḍag tinudju
    kalurahan kang dèn inepi
    Lurah Kartasentana

[ 44 ]

    glendam-glendem lutju
    mitjara tur wasis njrékal
    remen sastra apal tjrita lebdéng tamsil
    Wulangrèh Wéḍatama

  1. dupi tanggal kalih dasa Mèi
    anjarengi hari Kebangsaan
    sami mahargja sedyané
    mring Sidamulja ḍusun
    ngiras tuwi Bapak Bupati
    lelangen ringgit tjutjal
    keṭoprak tan kantun
    duk kaping tri nem wulannja
    wiludjengan amèngeti satus ari
    sédanipun Pak Peno

  2. tanggal lima djroning sasi Djuni
    pra lalana sami pinḍah grija
    mring Nagasari désané
    wondéné Lurahipun
    Padmawidjaja asesilih
    kèh pangalamanira
    mbanjol remenipun
    nadyan kalih bengkokira
    ambeg darma kaṭah ingkang dèn tulungi
    lir kraton lit wismanja

  3. duk nalika malem Djumwah Legi
    wulan Djuni malem ping pitulas
    Lurah mahargja karepé
    Pak Santo wetonipun
    dinten Kamardikan njarengi
    lelangen ringgit tijang
    minangka pisungsung
    malemé tanggal sangalas
    ngwontenaken malem perpisahan resmi
    ngantos mèh midjil surja

  4. ḍistrik Lorog tlatah aman jekti
    mèh tan kenḍat ungeling pradangga
    ngangkang dumeling swarané

[ 45 ]

    ing Ngadiradja kumpul
    kaṭah siswa kang sami ngungsi
    madeg S.M. darurat
    tjatur gurunipun
    saja redja wusnja pindah
    Pak Bupati lan Patih Achmad Soepardi
    njelaki Ngadiradja

  1. kalih minggu njaré Nagasari
    pra lalana nunten sami biḍal
    mring Kasihan lumarisé
    kampir wisma Pak Ranu
    ing Tulakan markasirèki
    sinegah ḍahar sijang
    kikil lawuhipun ...
    djam lima praptèng Kasihan
    wisma guru ingkang sami dèn inepi
    Pak Djumaah arannja

  2. sontenipun prapta sowan srimbit
    Pak Wedana distrik Tegalamba
    Pak Buwono peparabé
    guru Djumaah iku
    amem kèndel asemu isin
    kosokwangsul istrinja
    tjanțas tangkepipun
    Pak Wedana Tegalamba
    sanget nlangsa margi duk djaman PKI
    barang telas rinampas

  3. ing Kasihan njaré kalih ratri
    nuli biḍal anerusken lampah
    dusun Kemuning arahé
    Pak Dana datan kantun
    Tegalamba wus dèn liwati
    tabuh lima wus prapta
    dusun kang tinudju
    ing ngriku katon tinengga
    Bapak Tjamat Tegalamba asarimbit
    Soehirna aranira

[ 46 ]
  1. lurah dongkol ingkang dèn inepi
    mung sadalu nuli sami biḍal
    mring dusun Mudjing purugé
    Pak Santo tindakipun
    nitih turangga radi kesit
    mèh kaglunḍung ing djurang
    nging maksih rahaju
    wus mèh surup lagi prapta
    dusun Mudjing saking Nawangan tan tebih
    ngasmara wismèng lurah

ASMARANDANA

  1. Bapak Lurah dusun Mudjing
    Sumodihardjo arannja
    tjakup memimpin rakjaté
    tilas guru maksih muḍa
    ambeg darma utama
    kinasihan rakjatipun
    kang wasis anambut karja

  2. pinețuk Pak Lurah Pakis
    ingkang ambekta turangga
    mring Pak Santo titihané
    dinèrèk kawan tetiga
    Pak Hadi Pak Ananta
    Bu Sus djangkep tiganipun
    nedya tuwi sang Panglima

  3. pinanggih sang Senapati
    kang lerem ing dusun Saba
    sanget anḍelik papané
    sang Panglima sliranira
    katon atambah kera
    prandéné semangatipun
    panggah angantar tan suda

  4. dalunipun njaré sami
    lurah Pakis wismanira
    sanget andjekut hawané
    Pak Lurah Darmawidada


[ 47 ]

    ngetjuprus omongira
    ananging kutjiwanipun
    umuk angalem prijangga

  1. dupi tanggal tiga Djuli
    Lurah Mudjing jun mahargja
    Pak Santo lan pandèrèké
    anjegah ringgit peṭilan
    ngantos gangsal rambahan
    Sang Najaka paring ḍawuh
    mrih rila labuh Nagara

  2. tanggal tjatur wulan Djuli
    pra lalana sami biḍal
    mring ḍukuh Saba lampahé
    kampir tuwi Sang Panglima
    kang wus nampi pawarta
    Pemerintah wangsulipun
    wulan Djuli ping sadasa

  3. Pak Dirman sung pamrajogi
    manawi tindak Ngajogja
    amrih rahaju lampahé
    kedah énggal sinabrangan
    telatah Surakarta
    jèn wus ngantjik ing Matarum
    kénging lerem sawatara

  4. gangsal Djuli biḍal sami
    tindakira gegantjangan
    mring ḍusun Geneng purugé
    kinanṭènan dwi pengawal
    Matradji lan Dalidja
    djam satunggal prapta sampun
    njaré wismané Bu Opas

  5. éndjangira trus lumaris
    anglangkungi Banjakprada
    sanget rekaos marginé
    lingsir surja praptèng Sétra
    kèndel ḍahar sakeḍap

[ 48 ]

    mèh djam wolu dalu rawuh
    ḍusun aran Bangunamba

  1. rantjanganira sakawit
    badé nudju Gémbol désa
    perlu njabrang dalan geḍé
    dumadakan tampi warta
    prapta patroli Landa
    gya ngowahan lampahipun
    anglangkungi ḍusun Bata

  2. ing manah sanget kuwatir
    bokbilih kapregok Landa
    kang matroli dalan gedé
    milanipun pra lalana
    lumaris tan njuwara
    hamdulilah achiripun
    rahaju nir sambékala

  3. sang Najaka sukéng galih
    kaḍer désa Bangunamba
    ingalembana sikepé
    tindakipun pra lalana
    ingatur rapi tata
    inganter pamuḍa dusun
    ingkang asikep sandjata

  4. sadalu ḍeg trus lumaris
    anglankungi Wurjantara
    wus sami ṭéjol sukuné
    suprandéné trus lumampah
    bjar éndjing lagya prapta
    Tikèn raning ḍusunipun
    mutjung ngleremken salira

PUTJUNG

  1. tanggal wolu wulan Djuli trus lumaku
    Tikèn wus tinilar
    nudju mring Onderan Semin
    sukèng drija mèh ngantjik tlatah Ngajogja

[ 49 ]
  1. ngutjap sukur mak plong rinaosing kalbu
    dupi pra lalana
    wates Sala dèn langkungi
    mandjing tlatah kang wus tinilar Walanda

  2. wantji beḍug praptèng Karangsari ḍusun
    kampir kalurahan
    Pak Tjamat nudju konprènsi
    Sang Najaka sinuwun ameḍar sabda

  3. wus djam telu praptèng Semin dusunipun
    nuli pra lalana
    lerem ing klurahan sami
    sanget lega saged ngasokken salira

  4. éndjangipun siswa kalih gja ingutus
    ngarsaning Sri Sultan
    ngaturken nawala resmi
    kang wosipun njuwun pineṭuk tumpakan

  5. let rong dalu duta kalih wangsul sampun
    ngaturken pawarta
    Sri Sultan sukéng panggalih
    dupi mjarsa Pak Santo wus énggal prapta

  6. karsanipun Pak Santo baḍé pineṭuk
    Sri Sultan prijangga
    saking Pijungan kang dési
    pra lalana duk mijarsa klangkung bingah

  7. éndjangipun sami nrusken lampahipun
    mruput bangun éndjang
    gja biḍal anilar Semin
    surup mandjing Sambipitu raning désa

  8. sukunipun Bu Sus katon sami mlenṭung
    rèhning wus tetéla
    datan saged djalan kaki
    milanipun klakon tinanḍu lampahnja

[ 50 ]
  1. sanésipun maksih kijat mlampah terus
    malah langkung rikat
    turut margi nembang njanji
    lir tentara ingkang madjeng ing paprangan

  2. tengah dalu praptèng Pijungan kang ḍusun
    sami sinugata
    sanget rowa anglangkungi
    nadyan sajah tan rinaos margi bingah

  3. éndjangipun nudju Rebo dintenipun
    tanggal ping triwelas
    wulanira maksih Djuli
    tabuh wolu Sri Sultan praptèng Pijungan

  4. Kang Sinuhun mobil jeep titihanipun
    meṭuk Sang Najaka
    angasta setir pribadi
    sami suka pinanggih sami rahardja

  5. ingkang tumut nitih jeep sareng Sinuhun
    Bu Sus lan Pak Santo
    Pak Nanta tuwin Pak Hadi
    sanèsipun sami anumpak mobil-prah

  6. datan dangu wus prapta kanṭi rahaju
    ing kiṭa Ngajogja
    trus sowan ngarsanirèki
    Kang Minulja Bapak Presiḍen Soekarno

  7. ladjengipun sami nudju dalemipun
    Paduka Minulja
    Bung Hatta Perḍana Mentri
    kalihipun sami sanget sukèng drija

  8. tamat sampun Pak Santo tjaritanipun
    kang sanget prasadja
    wit tan sanès kang kaèsṭi
    mung minangka pepènget mring garwa putra.

[ 52 ]
PERTJETAKAN DHARMA
DJAKARTA