Wikisumber:Hak cipta: Béda antarané révisi

Saka Wikisumber
Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 3: Larik 3:
Definisi:
Definisi:
* Hak cipta sing dirembug ing kaca iki ya iku hak cipta karya sing bisa diunggah ing Wikisumber basa Jawa, kaya ta buku-buku basa Jawa.
* Hak cipta sing dirembug ing kaca iki ya iku hak cipta karya sing bisa diunggah ing Wikisumber basa Jawa, kaya ta buku-buku basa Jawa.
* Paugeran sing dituhoni ya iku ''Undang-Undang Hak Cipta 2014'' ing Indonésia amarga akèh-akehé buku basa Jawa iku dibabar ing Indonésia utawa, sadurung Indonésia mardika, ing Indiya-Néderlan. Barkas saka nagara liya kudu mèlu paugeran saka nagarané.
* Paugeran sing digugu ya iku ''Undang-Undang Hak Cipta 2014'' ing Indonésia amarga akèh-akehé buku basa Jawa iku dibabar ing Indonésia utawa, sadurung Indonésia mardika, ing Indiya-Néderlan. Barkas saka nagara liya kudu mèlu paugeran saka nagarané.
* Karya utawa barkas, ya iku buku (nganggo format PDF, DjVU, lsp.), gambar, swara/audio (nganggo format mp3), vidéo, lsp.
* Karya utawa barkas, ya iku buku (nganggo format PDF, DjVU, lsp.), gambar, swara/audio (nganggo format mp3), vidéo, lsp.
** Karya sing bisa diunggah ing Wikisumber iki ya iku karya-karya sing gegayutan karo basa Jawa.
** Karya sing bisa diunggah ing Wikisumber iki ya iku karya-karya sing gegayutan karo basa Jawa.

Révisi kala 28 Juni 2021 14.41

Ancasing Wikisumber iku mujudaké kapustakan sing bisa didum-dum kanthi mardika. Apa sing diarani mardika mono kapacak ing Seserepan bab Kabudayan Mardika. Anané paugeran hak cipta sing modhèren mbutuhaké kawicaksanan sing bisa ngayomi awaké dhéwé saka tuntutan ukum.

Definisi:

  • Hak cipta sing dirembug ing kaca iki ya iku hak cipta karya sing bisa diunggah ing Wikisumber basa Jawa, kaya ta buku-buku basa Jawa.
  • Paugeran sing digugu ya iku Undang-Undang Hak Cipta 2014 ing Indonésia amarga akèh-akehé buku basa Jawa iku dibabar ing Indonésia utawa, sadurung Indonésia mardika, ing Indiya-Néderlan. Barkas saka nagara liya kudu mèlu paugeran saka nagarané.
  • Karya utawa barkas, ya iku buku (nganggo format PDF, DjVU, lsp.), gambar, swara/audio (nganggo format mp3), vidéo, lsp.
    • Karya sing bisa diunggah ing Wikisumber iki ya iku karya-karya sing gegayutan karo basa Jawa.

Karya mardika

Karya mardika yaiku karya sing wis diuculna nang dhomain publik, utawa diijinke karo sing duwe karya yaiku bebas diowah-owah, disalin tanpa winates, lan didol, lan sing duwe/nggawe ora kabotan.

Karya-karya basa Jawa sing panganggite séda sakdurunge 50 taun sing lalu (misalé taun iki 2021, artiné séda sakdurungé 1961), kuwi dianggep karya mardika.

Karya basa Jawa sing uwis mardika kudu diunggah menyang Commons, supaya ing lokal ora kakehan berkas, lan bisa dienggo ing samubarang proyek.

Karya ora mardika

Karya basa Jawa sing durung isa dipastekné mardika apa ora miturut sédané panganggité, utawa diterbitke pamarentah Indonesia, bisa diunggah menyang lokal mriki.

Sing isa ngunggah berkas ing wiki iki mung admin. Menawa sampéyan nduwé berkas sing ora mardika sing arep diunggah, mangga ngontak para admin: Wikisource:Pangurus.

Pranala