Wikisumber:Hak cipta: Béda antarané révisi

Saka Wikisumber
Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 1: Larik 1:
Tujuwan Wikisource yaiku mujudake pustaka sing bisa dibagekake kanthi mardika. Apa sing dianggep mardhika ana ing [[freedomdefined:|Pangertosan Kabudayan Mardhika]]. Anane angger-angger hak cipta modheren kudu mbutuhake kebijakan sing bisa nglindhungi awake dhewe saka tuntutan ukum.
Tujuwan Wikisource yaiku mujudake pustaka sing bisa dibagekake kanthi mardika. Apa sing dianggep mardika ana ing [[freedomdefined:|Pangertosan Kabudayan Mardhika]]. Anane angger-angger hak cipta modheren kudu mbutuhake kebijakan sing bisa nglindhungi awake dhewe saka tuntutan ukum.


== Apa sing dianggep karya mardika? ==
== Apa sing dianggep karya mardika? ==

Révisi kala 25 Juni 2021 14.32

Tujuwan Wikisource yaiku mujudake pustaka sing bisa dibagekake kanthi mardika. Apa sing dianggep mardika ana ing Pangertosan Kabudayan Mardhika. Anane angger-angger hak cipta modheren kudu mbutuhake kebijakan sing bisa nglindhungi awake dhewe saka tuntutan ukum.

Apa sing dianggep karya mardika?

Karya mardika yaiku karya sing wis diuculna nang dhomain publik, utawa diijinke karo sing duwe karya yaiku bebas diowah-owah, disalin tanpa winates, lan didol, lan sing duwe/nggawe ora kabotan.

Sarat-sarat saka sing duwe/nggawe sing diijinke ana ing kene yakuwi:

  • atribusi yaiku kudu disebut sapa sing gawe karya asline.
  • copyleft, yaiku salinan lan owah-owahaning gawe kudu padha perijinane karo asline.

Panganggonan adil

Panganggonan adil (fair use) yaiku karya sing oleh digunakake tanpa ijin, bebas saka royalti, lan liya-liyane. Ora kabeh negara ana aturan kaya Amerika Serikat, utawa Inggris sing nganggo konsep sik meh padha, fair dealing. Panganggonan adil normale ora oleh nang Wikisource, nanging Wikisource basa Jawa ngijinake panganggone ngunggah lokal ing Wikisource basa Jawa kanthi syarat:

  • karya kuwi umure wis 95 taun sawise diumumke nang publik (kanthi angger-angger hak cipta Amerika Serikat). Karya kuwi wis bebas nang Amerika Serikat, utawa karya kuwi wis dhomain publik 70 taun sawise patining pangripta/panulise ing Indonesia, gumantung kapan dhomain publik dhisikan.
  • menawa karya kuwi durung bebas ing Indonesia lan Amerika Serikat, ora oleh diunggah.
  • berkas sing diunggah kudu diwenehi pangeling-eling kanggo sing maca lan ngundhuh berkase, sanadyan berkas iki wis dhomain publik, berkas iki ora bisa diwaca kanthi bebas sebab tanggal patining pangripta utawi panulis iki durung bisa diverifikasi. Tambahna cithakan {{Ora bisa diunggah ing Commons}}.

Hak lan kuwajiban panganggo

Kabeh-kabehe karya Wikisource kudu dhomain publik utawa nganggo lisensi mardika. Label lisensi bebas lan apa sing kudu ana ing kaca berkas lan seratan dadi tanggung jawabe panganggo. Cithakan lisensi sing sah kudu ana ing kaca berkase.

Terjemahan

Biyasane terjemahan dianggep "diturunke" saka sumber. Menawa berkase dhomain publik utawa bebas, panganggo Wikisource kudu premati apa syarat-syarat gawe turunane wis dikebaki (delok Pitulung:Tag hak cipta). Panganggo sing ora bisa mbuktekake kanthi terus-terusan bisa diblokir, lan kontribusine bisa dibusak.

Karya asli lan terjemahane

Karya asli sing digawe ing Wikisource bisa diijinke nang kene kanthi lisensi CC BY-SA, kajaba lisensine beda. Sing duwe bakal nduweni hak ciptane lan bisa nyalin utawa ngganti lisensine kapan wae sing duwe bisa. Karya iki bakal diwenehi lisensi CC BY-SA salawase.

Kaca dhiskusi lan panganggo uga diwenehi lisensi CC BY-SA.

Gawe pranala teka karya sing ana hak ciptane

Ora masalah, sing penting sampeyan bisa mbuktekake karyane ora nglangger aturan hak cipta. Menawa ora bisa mbuktekake situs kuwi nglangger hak cipta, aja langsung digawe pranalane.

Palanggeran hak cipta

Menawa sampean nemokake tulisan sing sampeyan yakin nglangger hak cipta, sampeyan bisa ngajokke mbusak tulisan ing Wikisource:Dhiskusi hak cipta. Menawa sampeyan duweni hak ciptane, sampeyan bisa ngontak agen sing ditunjuk Yayasan Wikimedia, tulung kacane dibusak. Sampeyan kudu menehi bukti menawa sampeyan duwe klaim sah. Tuladhane, pranala URL utawa rujukan sumbere.

Pangguna sing terus-terusan nglangger hak cipta kanthi ngopas (copy-paste) teks sawise diwenehi pangeling-eling bisa diblokir.