Menyang kontèn

Kucing Setiwelan

Saka Wikisumber

Aksara Jawa: ꦢꦺꦴꦔꦺꦁ꧇ꦏꦸꦕꦶꦁꦱꦼꦠꦶꦮꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀

Ana juru giling duwe anak lanang têlu, ing sawijining dina anak kemau diundangi kabeh bebarêngan mênyang kamare. Juru giling banjar calathu: Anak-anakku, mularune paḍa dak kalumpukake, aku arêp duwe kaṇḍa pêrlu marang kowe kabeh. Apa kowe paḍa gêlêm anggatekake.

Para anak-anak kemangsul gi bebarêngan: Inggih, bapak.

Lah saiki paḍa rungokna: iki lo, aku pasrah layang, kang wis dak ělak julima, poma wêkasku, luyang iki aja pisan-pisan kobukak, yen aku durung mati. Kira aku saḍelakas aku ditêkakuke ing jangji, jalaran wis pikul sarta ringkih. Tanganku wis buyutên ḍêngkulku wis gathik sikilku wis ora kuwat anggawa awakku.

Ing layang iki wis dak tamtokake, apa sing bakal dadi pandumanmu siji-sijine ing sapungkurku. Dadi yen layang iki kowaca, kowe banjur paḍa wêruh, sapa sing oleh warisan gilingan sing oleh kuldi, utawa sing oleh kucing. Saiki paḍa pracanjiya têmên-têmên marang aku, ora bakal wani ambukak layang iki sadurunge aku mati.

Bocah têlu mangsuli: Inggih bapak. Banjur paḍa ambaleni panggaweyane karo asêmu susah.

Kang pambarêp dipandumi gilingan, kang panggulu oleh kuldi, sing wuragil oleh kucing.

Ora antara lawas bapakne mati. Barêng layang dibukak anak têlu pisan lagi bae sumurup kang dadi pipintaning bapa. Kang pambarêp dipandumi gilingan kang panggulu oleh kuldi, sing wuragil oleh kucing.

Kang pambarêp wis narima bae, malah bungah bangêt calathune: Gilingan iku wis luwih dening nyukupi dak anggo garan golek pangan. Dene anak kang panggulu iya wis marêm. Pangucape: Kuldi iku wis nyukupi dak anggo lantaran golek pangan.

Balik si Osman anak kang wuragil ora pisan sênêng. Pangêsahe: Oleh kucing mangkene iki arêp dianggo apa. Kakangku karo pisan ora kewuhan. Sing siji oleh gilingan gandum sijine oleh kuldi. Lah barêng aku mung oleh kucing. Gek kapriye olehku arêp golek pangan.

Ngkono wuragil banjur krungu swara bêning cumêngkling, iya iku calathune kucing si mulus: Bandara, sampun kuwatos. Sampun kakintên kula botên sagêd pados têḍanaipun tiyang

Wuragil gamun bangêt krangu têmbange mulus mangkono mau. Kucing mbanjurake calathune: Manawi bandara purun nyukani kaṇthong sarta purun numbasakên sêtiwêl sarakit kaliyan tuḍung bulu-bulu, ingriku bandara baḍe sumêrêp piyambak lalabêtan kula.

Pamikire wuragil nganjaluk kaṇthong, sêtiwêl tuḍung nganggo bulu-bulu, arêp dianggo apa bae karo si mulus.

Wuragil juḍêg ngrasakake, nanging barêng sumurapa mandênge si mulus kanelakake têmênêmtêning ujare, banjur pitaya ing ati. Ciptane bêcike kudu dak turuti apa sapanjaluke.

Antara saḍela si wuragil calathu: Mulus ayo ta wis paḍa gliyak-galiyak mênyang toko.

"Iki lo, wuragil dêlêngên rak srêg bangêt."

Wuragil karo kucinge anjurug ěnggoning tukang sêpatu ḍisik. Calathune wuragil: Pak ngriki napa ontên sêtiwel cilik. Kucing kula butuh sêtiwêl ning kudu sing apik srêg.

Tukang sêpatu mangsuli sumeh: Ya ora kleru, wuragil kowe golek mrene. Enggone celathu mangkono iku karo milihake sêtiwêl banjur dicobakake. wasana angguyu-guyu sêmu umuk. Ujare ta: Iki lo, wuragil dêlêngên rak srêg bangêt.

Wuragil wis conaṇdhong, apa rêganing sêtiwêl dibayari.

Ana ing liya toko si wuragil tuku kaṇdhang lan tuḍung nganggo bulu-bulu. Dadi sapanjaluke mulus wis dituruti kabeh.

Wuragil wis lêga atine, mung kari kêpengin wêruh, si mulus banjur arêp apa bae.

Ananging mulus dhewe wis ora kewuhan. Nganggo sêtiwêl nganggo tuḍung bulu-bulu, nulu mêtu.

Ara, arêp mênyang ngêndi. bjêbul arêp golek truwelu. kaṇthonge dianggo pasangan diisenni wortêl kanggo jontrot awithiku karêmaning truwelu. cangkêmanning kaṇthong diěngakake amba, nanging wis dikolori kênur dawa, dudutan kanggo ningsêti, yen ana truwe lumlabu. mulus banjur mathêngkrus nunggonni saka kadohan karo nyêkêli dudutan.

Nyata. Ora antara suwe kucing kang sêtiwêlan mau wis oleh truwelu. Apa banjur dimangsa. Ora. Mung dicêkêl kaaturake Sang Prabu.

Nalika samana Sang Prabu lagi lênggah anggêḍangkrang ana ing ḍampar. Para punggawa akeh kang paḍa sowan ananging mulus ora praduli marang para luhur mau, jalaran têkane mung arêp sowan Sang Prabu piyambak.

Mulus bukak tuḍung. Satêkane ing ngarṣa nalêm kurmat tumungkul banjur matur: Nuwun-nuwun sewu-sewu lêpat yawun pangapuntên dalêm. kêparênga kawula ngaturakên pisungsung sapelea warṇa truwelu punika.

Wah, Sang Prabu rêna bangêt panggalihe. Pangandikane: Dak trima bangêt kowe, kucing. ěnya dak prêsenis adinar.

Sapira bungahe si mulus tampa ḍuwit saukon mas. kurmat tumungkul banjur enggal-enggal cali, manehake dinar mau marang bandarane, wuragil wis mêṣthi bae sênêng bangêt.

Antara dina si mulus mênyang pasawa_an ana ing kono bisa oleh pêlung sawatara, dipasangi nganggo kaṇdhange

Antara dina si mulus mênyang pasawa_an ana ing kono bisa oleh pêlung sawatara, dipasangi nganggo kaṇdhange. Oleh-olehane gaganjangan diaturake Sang Prabu maneh.

Sang Prabu iya suka bangêt ora beda karo ḍek diaturi truwelu. Sabên manuk siji dibayari sadinar. Oleh-olehane ḍuwit si mulus uga banjur dipasrahake marang wuragil maneh.

Wuragil wis mangêrti, yen kucinge pancen sugih akal. pamikire sarehne wis duwe kucing kaya mangkono, wis ora pêrlu aku sumêlang anggonku golek pangan.

Pamikire wuragil iku pancen bênêr bangêt. mara gatekna bae têrusa kang bakal kêlakon iki,

Mangke manawi Sang Prabu langkung, enggal ambyura

Ing sawijining dina kucing kang sêtiwelan mau krungu warta, yen Sang Prabu karṣa tindak papara karo putrane putri, si kusing enggal nêmonni bandarane sarta calathu: Bandara, mangga sami ḍatêng sagaran kaliyan kala. Mangke manawi Sang Prabu langkung, enggal ambyura, manawi panjênêngan anggê garêmbag kula, mêṣthi dados tiyang sugih singgih.

Wuragil era ngêrti sing dadi karêpe mulus ewa dene iya manut bae, barêng gajah titihana Sang Prabu wis katona wuragil têrus cucul saṇdhangan , byar, anjêgur ing sagaran.

Ing nalika iku uga si mulus bêngok bêngok tulung, tulu, dipati Osman kêlêlêp. Tulung, tulung, bandara kula pêjah kêlêm.

"Tulung , tulung. dipati Osman kêlêlêp."

Para abdi lan wêl lan sarati paḍa krungu pambêngoke mulus mau, dalasan Sang Prabu piyambak lan Sang Putri iya muḍangêt. Sang Prabu enggal dhawuh ngêṇdhêg titihane gajah, tumênga sêmu kaget saka ing jêmpan. Swarane kang anjaluk tulung wela-wela: Tulung , tulung. dipati Osman kêlêlêp.

Pangandikane Sang Prabu: ělo, lah têka kucing sêtiwêl lan sing ngaturake truwelu lan pêlung kae. Ngandika mangkono iku karo têḍak saka ing gajah.

Ḍawuhe Sang Prabu: Ayo, enggal dipati Osman tulungana, muṇdhak sêlak kêlêm.

Mulus uga milu tulung, anggujêngi klambine abdi kang ana ing buri ḍewe.

Abdi papat kang aṇdherekake banjur jejer cêkêl cêkêlan tangan. Mulas uga milu tulung, anggujêngi klambine abdi kang ana ing buri ḍewe.

Abdi kang ana ing ngarêp dhewe nyaṇdhak tangane wuragil , nuli ditarik babarêngan.

Barêng wuragil wis mêntas thingak-thinguk anggoleki saṇdhangane ora ana. Batine wuragil: ělo, saṇdhanganku ana ing ngêndi.

Si mulus uga ethok-ethok ora wêruh, mangka sajatine diḍêlikake ḍewe ana ing glagahan. Sambate: O, mêsake têminan daraku, dalah pangagêmane bae saiti ilang.

Sang Prabu tuwuh panggalihe durung suwe kucing iku bisa gawe rênaning panggalihku, ngaturi truwelu lan pêlung., bok aku dak gêntigawe bungah marang ḍeweke sarta bandarane. Ing nalika Sang Prabu utusan abdi mênyang kaḍaton muṇdhut pangagêman arêp kaparingake marang wuragil.

Abdi kang kautus gaganjangan lakune, ora antara suwe bali anggawa saṇdangan brêgas sapangadêg.

Wuragil enggal dandan. ing sarampunge banjur sowan nyakêthing ngarṣane Sang Prabu lan Sang Putri, kurmat tumungkul sarta matur nuwun ing paringe pitulungan lan panganggo.

Pangandikane Sang Prabu: iya dak tarima panuwunmu, dipati Osman.

Sang Putri pirṣa marang wuragil nganggo saṇdhangan brêgas ama dongeng kucing sêtiwêlan

Sang Putri pirṣa marang wuragil nganggo saṇdhangan brêgas ama dongeng kucing sêtiwêlan, ntêsi, nuli nari apa gêlêm aṇdherekake papara.

Kaya apa bungahe si wuragil. Barêng Sang Prabu lan Sang Putri malêbêth ing jêmpan. wuragil iya aṇdherekake malêbu.

Si mulus ngalirik bandarane karo ngêjepi aweh sasmita: Lah, makatên punika sampun kêlêrêsan nanging dereng sampurṇa.

si mulus wis aṇdhisiki lumaku sipat kuping

Gajah wiwit lumaku, nanging si mulus wis aṇdhisiki lumaku sipat kuping, nêmoni wong têlu kang lagi anggarap palêmahan. Calathune kucing: Mêngko Sang Prabu bakal wiyos ing kene. Yen andangu, tanah iki duweke sapa, paḍa mangsulan. yen tanahe dipati Osman.

Wong têlu paḍa mangsuli: Iya, bêcik.

"Yen didangu, pasawa_an iki duweke sapa, mangsulana yen duweke dipati Osman."

Mulus nêrusake lakune, kêtêmu wong tani têlu lan bocah siji lagi bikut ngêneni gandum ing sawah. Mulus calathu: Mêngko Sang Prabu arêp têḍak mrene. Yen didangu, pasawa_an iki duweke sapa, mangsulana yen duweke dipati Osman.

Wong tani mangsuli: Prayoga.

Barêng Sang Prabu rawuh, andangu marang wong têlu kang lagi paḍa nyambut gawe, sapa kang duwe tanah ing kono. sarawuhe ing ěnggone wong kang lagi ngêneni gandum Sang Prabu uga andangu, sapa kang duwe pasawahan. Wong kang paḍa nyambut gawe lan ngêneni matur, yen duweke dipati Osman. Panggalihe Sang Prabu: We, lah, yen mangkono adipati Osman iku sugih bangêt.

Nalika iku mulus wis bablas mênyang omah gêḍe kaya kaḍaton. Dene kang manggon ing kono juru tênung, gawene anjaili uwong. Pêrlune mung arêp anggêḍekake waḍuke ḍewe.

Mulan nebuh lonjeng ing sacêḍaki ngregol nuli takon marang batur kang mêngani kori, apa oleh kêtêmu karo juru tênung.

Ing kono juru tênung lagi ambênêri mangan. Mulus kurmat aṇdhingkluk.

Kucing dilêbokake. Ing kono juru tênung lagi ambênêri mangan. Mulus kurmat aṇdhingkluk. Juru tênung jêbul muring, maṇthêlêngi marang si mulus. Upamakê wêtuwa calathune: Têka kowe wani-wani ngregoni ěnggonku mangan.

Mulus ethok-ethok ora ngêrti dinêpsoni, calathune ngasih-asih: ḍuh, kyai juru tênung, sampun dados panggalih, dene kula ngriribêdi. Kêrêp kemawon kula mirêng pawartos bilih panjênêngan sagêd malih sawarṇining kewan. Sarehne kêlêrêsan kula nglangkungi dalêm panjênêngan eman sangêt yen ta kula botên mampir nyatakakên. Bok cobi, kula maturi malih singa barong. Kula têka kêpengin sangêt baḍe sumêrêp.

Jutu tênung mongkog bangêt kêna pangonggronge si kucing, thukul pikirane arêp mamerake kabisane, ing sanalika jlêg dadi singa.

Mulus kaget sarta wêdi bangêt jalaran singa barong ngamah-amah agêro-gêro anggigilani

Mulus kaget sarta wêdi bangêt jalaran singa barong ngamah-amah agêro-gêro anggigilani, banjur ngrêrêpa, supaya juru tênung bali dadi manungsa maneh. Juru tênung nuruti, pulih dadi uwong.

Wusana kucing duwe uni: Punapa kintênipun botên kangelan manawi panjênêngan baḍe malih tikus.

Ing sanalika juru tênung dadi tikus nanging banjur ditubruk si mulusas, dimangsa bebas.

Atine juru tênung kaya diunggar. Têmbunge: Mungguhing aku ora ana barang kang kangelan. Ing sanalika juru tênung dadi tikus nanging banjur ditubruk si mulusas, dimangsa bebas.

Graitarune mulus lah, mangkono. juru têngnung iya wis rampung.

Lêt saḍela gajah titihane Sang Prabu lan Sa Putri wis katon saka kadohan.

Mulus ngên ken natê kaning gajah ing ngarêp regoli nggêdhong suyasa, banjur matur marang Sang Prabu: Gusti, punika dalêm jipun apiti Uwas man. Kêngparênga kawula gadhah panuwun ing ngarṣa dalêm , wontêna karṣalêm lan Sang Putri lêrêb ing sawatawis sata ḍa_ar ing ngriki kaliyan bandara kawula.

Sang Prabu mangsuli pangandika: Iya, prayoga. Tanjur têḍak saka ing titihan , kaḍerekake Sang Putri lan si wuragil.

Pangandikane Sa Pubu: We, lah, têngka apik kêngmêngn suyasa iki, wis prasasat kadhaton.

Pangunandikane Sang Prabu: Mangkono iku pancan bênêr. Gêngdhong mau ḍasar bagus têmênan.

Sang Prabu lan Sang Putri tindak malêbu kairing ngakesi uragil , dene mulus ana ing ngarêp dadi pangirid , juruga ing kamar bojana.

Barêng Sang Prabu pirṣa rampadan kang wis camawis ing meja, kêng wiyos gumune 6, dene têngka kabeh sarwa adi. dipating dadman, mara ayo paḍa dangom bebabarêngan amuji kaslamêtan bu, awit satêmêna kuruma sakêng potangan panarima dening panyunyubamu.

Wurigil nyuṇdhak gêlas banjur ngajêg , nanging wucanune kewuhan. ature marang Sang Prabu: Kawuningana, Sang Prabu , mênggah sajatosipun kawula punika sanes ajipati, lan suyasa punika inggih sanes rawahak kawula.

Sang Prabu kaget. Pandangune: ělo, kapriruye, daji apa kowe niyat ngapusi.

Mulus nyêla matur: Kawula nyuwun duka dalêm, gusti. Ingkang nandukakên apus punika sanes bandara kawula, nanging ka_ula piyambak. Namung kemawon botên pisan-pitan tawula anggadhahi sêngdya awon.

Sang Prabu andadu: Yen mangkorano, mungguhing satêngmêne apa kang dadi kaniyatkaning atimu.

Mulus nuli nyaritakake, yen bandarane iku anak juru giling, ora oleh tinggalan barang-barang kêjabane kucing. beda karo kakangne loro, kang siji tampa warisan gilingan, sijine kuldi, saka wêlase kucing marang bandarane, nganti dirawangi ngapussi Sang Prabu lan Sang Putri.

Sang Prabu tumungkul , anjang kêrut , larapane, marga anaki digalih. ananging ora suwe andangak lan padhi pasuryane. Sang Putri dicaṇdhak astane, sarta Sang Prabu nulang andika marang wuragil: Wruhanamu, dipati, aku wis sumurap , yen salaramu wong utama, lan aku mangêrti, yen anaku trêsna maring kang salira. Kang iku nini puhtri dakaringmakakedatananiyajowomu.

Saking bungaheng dasman, saantara suwene nganti ora bisa ngucap , mung tumungkul prataṇdhaning panuwun, samono uga si mulus.

Sêwurus sapadhang atirune, ng dasman bisa mitu têmbunge kanggong lairke panuwuna marang Sang Prabu bu mungguh ing kadarmano.

Ora akkara lawas si lêsman siidakawa up pakelan Sang Putra. Ing sabanjure runtut ěnggone jojoḍowan , sêmpulur tinunggu ing kabib jan ana ing suyasa kang kaya kadhaton mau.

Si mulus kucing kang sêtya, las taringawula ing bandara sakarone.