Menyang kontèn

Kitab Primbon Betaljemur Adammakna

Saka Wikisumber
[ Samak ]
KITAB PRIMBON

BETALJEMUR ADAMMAKNA


NGEWRAT ILMU - ILMU JAWI 337 BAB, TITILARANIPUN LULUHUR
KITA JAWI ING JAMAN KINA, WAJIB KITA PEPETRI KAJAWI KITA
NGAOSI, DHASAR PANCEN NYATA BILIH ILMU - ILMU INGKANG
KASEBUT ING PRIMBON PUNIKA DADOS KABETAHANING
NGAGESANG ING SADINTEN-DINTEN


CAP-CAPAN KAPING 63
TAHUN 2018


Babon asli kagungan dalem
KANGJENG PANGERAN HARYA TJAKRANINGRAT
Kaimpun dening :
R. SOEMODIDJOJO
Saha kawedalaken dening :
buyut dalem Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat
Ny. SITI WOERJAN SOEMADIYAH NOERADYO
Penerbit “SOEMODIDJOJO MAHADEWA”
ing Praja Dalem Ngayogyakarta Hadiningrat.

lan saking pambiyatunipun CV. Buana Raya
[ 2 ]
Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat
[ 3 ]
KITAB PRIMBON
BETALJEMUR ADAMMAKNA


Ngewrat rupi-rupi ilmu ingkang taksih ginaib Tuturutan saking kalempakaning Primbon rupi-rupi titilaran jaman kina. Babon asii kagunganipun Kangjeng Pangéran Harya Tjakraningrat ing Ngayogyakarta Hadiningrat.


Aksaraning Panyithak Kawuryan Enggal
Kawedalaken déning Penerbit
SOEMODIDJOJO MAHADEWA
ing Praja dalem Ngayogyakarta Hadiningrat
Wewenangipun ingkang ngedalaken kaayoman angger - engger
20 Januari 1965
Yuswo 77 tahun
Sedo, tgl. 9 September 1965
Gambar sarta tandha tanganipun Raden Soemodidjojo
[ 4 ]
MAHA SANDHI WARA DARMA

Babaring piwulang Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwono ing Ngayugyakarta Hadiningrat, Kawedharaken lumantaring Dhawuh Timbalan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Ingkang Jumeneng kaping V, ingkano awit suking kawaskithan Dalem, lajeng kawrat ing Kitab Adammakna dening Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat. Inggih Kitab Adammakna punika ingkang minangka baboning sadaya primbon. Primbon punapa kemawon sami pepethikan saking Kitab Adammakna punika :

I. KITAB PRIMBON BETALJEMUR ADAMMAKNA
II. KITAB PRIMBON LUKMANAKIM ADAMMAKNA
III. KITAB PRIMBON ATASSADHUR ADAMMAKNA
IV. KITAB PRIMBON BEKTIJAMMAL ADAMMAKNA
V. KITAB PRIMBON SHAHDHATSAHTHIR ADAMMAKNA
VI. KITAB PRIMBON QOMARRULSYAMSI ADAMMAKNA
VII. KITAB PRIMBON NAKLASSANJIR ADAMMAKNA
VIII. KITAB PRIMBON QURAYSIN ADAMMAKNA
IX. KITAB PRIMBON AJIMANTRAWARA, YOGABRATA, YOGAMANTRA
X. KITAB PRIMBON KUNCI BETALJEMUR

lan sapiturutipun.

Minangka pambabaring sadaya piwulang Dalem ingkang dinapur ing pralampita, wedharan Dalem Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat salebeting Kitab Adammakna Ingkang kawursita salebeting primbon-primbon wau, wiwit tumapak ing tahun 1990, inggih ing wiwitaning tahun Alip Windu Sancaya punika sadaya primbon badhe kababar malih, amrih migunani sarta ambrekahana ing ngakathah. Sadaya wau rinumpaka sarta kawuryan dening canggah Dalem KPH Tjakraningrat, pun Ir. Wibatsu Harianto Soembogo (RW Radya Seembogo) atas saking palilahipun ingkang kagungan warls buku - buku Tjakraningratan inggih panjenenganipun : Ibu Siti Woerjan Soemadijah Noeradyo.

Gambar sarta tandhatanganipun
Ibu Siti Woerjan Soemadijah Noeradyo
Minangka tandha palilah, pambabaring buku - buku serie Adammakna punika.
[ 5 ]
TILARAN PANGANDIKANIPUN SWARGI
Bapak SOEMODIDJOJO

ingkang kaserat piyambak sadèrèngipun gerah, kados ing ngandhap punika.
Sarèhning tindakipun manungsa sampun boten cocok kaliyan dhawuhipun Gusti Allah, Ingkang kapacak wonten ing sadaya kitab ingkang ungelipun makaten :
,,Tresnaa maring sapadha padhaning tumitah dikaya tresnané marang awaké dhéwé ". Lah sumangga anggenipun sami ngraosaken. Amila saking punika, jaman ingkang badhé kalampahan, sarèhning manungsa tindakipun sampun boten gadhah perikamanungsan, badhé wonten pambersihan ingkang langkung ageng tinimbang ingkang sampun.



Bapak SOEMODIDJONJO
seda tanggal 9 September 1965

[ 6 ]
BUBUKA

Nuwun, Kitab Primbon Betaljemur, Ingkang kawedalaken déning Penerbit Soemodijoyo Mahadewa, citakan kapisan ing wulan September 1939, punika Primbon, Hitllaranipun luluhur kita ing Jaman kina, lah sinten pangarangipun, sampun boten kesumurupan. Nanging kacihna bilih Sang Pengarang wau sarjana sujana ingkang linangkung, Ingkang pantes kita aosi lan kaluhuraken Ing salamal-laminipun.
Baboning Kitab Primbon Betaljemur ingkang kula wedąlaken punika, titilaranipun suwargi panjenengan Dalem eyang Kangjeng Radèn Hadipati Danurejo, Papatih Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwono ingkang kaping VI, Ing Nagari dalem Ngayogyakarta Hadiningrat.
Kangjeng Raden Hadipati Danuredjo, sareng yuswa sampun kepara sepuh, saking keparenging karsa Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwania Ingkang kaping VII, amerengaken penuwunanipun lereh sarta ngonduraken kalenggahanipun.
Saking dhawuh timbalan Dalem Ingkang sinuwun, Pepatih Dalem Ingkang sampun lereh wau, kawisuda Pangeran Sentana, sarta paring Dalem nama Pangeran Cakraningrat.
Pramila kawisuda Pangeran, awit sadangunipun angayahi warangka Dalem, kathah lalabetanipun, tuwin setya ing Ratu gustinipun. Kajawi punika Pangeran Cakraningrat wau kaleres wayah Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana, Ingkang Jumeneng kaping IV.
Pangéran Cakraningrat pinaringan yuswa panjang inggih Pangeran Cakraningrat punika ingkang kagungan babonipun Kitab Primbon Betaljemur punika, tuwin Kitab Primbon Adammakna Sastragendhing, Yuswawidada kawruh umur panjang lan sanes-sanesipun.
Murih sampun ngantos kalebet ing babasan wastra lungset ing sampiran, Ingkang ateges Sinjang anyar boten naté kaàngge, lungsedipun namung kasampiraken kemawon. Menggah pikajenganing suraos sanajan gadhaha kawruh ingkang mumpuni, yen kawruhipun wau. Inggih boten wonten pigunanipun tumrap sarira pribadi lumeberipun dhateng ingakathah.
Kajawi punika babasan wau, ugi kangge pangupamèning wanita Ingkang éndhahing warni, ingkang angegungaken ayunipun, sedyaning manah angsala Jodho jajaka Ingkang bagus rupinipun, pindha Raden Panji Hasmarabangun. Dipun lamar utawi dipun pitakèkaken jajaka saking pundi-pundi, sarehning derèng angetrepi kaliyan Idham-Idhamaning manah, sagedipun angsal Jodho ingkang salmbang kaliyan ayunipun, pilalah mopo, asengadi bilih taksih remen laniban angemong sarira.
Ananging lah kados pundi kawusananipun, amargi wiwit kita mepak birai awujud parawan utawi jajaka, kosok wangsul balejed kaliyan kawontenan kita nalika saweg medal utawi lahir saking guwagarbaning biyung dumugi diwasaning wiji, ingkang limrahipun, yèn Jaler kawastanan Jajaka, yèn wanita winastanan parawan.
Wondéné ingkang langkung wigatos, menggahing ajatukrama, punika ingkang nunggil tuju, bilih priya wanita lan punika lalawananing ajatukrama, perlu anurunaken wiji manungsa murih subur babranahan. Boten beda kaliyan paman tani panyebaranipun wiji wonten ing pawinihan.
Amila makaten amargi menggeh tumraping Jojodohan ingkang kawastanan bagus tuwin ayu, punika amastani ayuning manah kakalihipun pisan.
Yèn makaten tetep nama Jatukrama, ateges manunggaling raos jaler lan èstri punika sami. Babasanipun kadi déné godhong suruh lumah kurepé séje rupane, yèn ginigit padha rasané.
Wusana nyumanggakaken.

Pangripta



[ 7 ]
KITAB PRIMBON
BETALJEMUR ADAMMAKNA
No. 1 Lungguhé dina lan Pasaran
Dina lan Pasaran
Rupané
Panggonané
Kutané
Banyuné
Kayuné
Manuké
Aksarané
Kang mengkoni
Akad
Senèn
Selasa
Rebo
Kemis
Jumuah
Sabtu
Klawu
Kuning
Biru
Dadu
Abang
Ireng
Putih
Lor wétan
Lor kulon
Kidul kulon
Kulon
Kidul wétan
Lor
Kidul
Abang
Mas
Slaka
Wesi
Tembaga
Waja
Rejasa
Segara
Wédang
Biru amis
Udan
Galuga
mangsi
Leri
Wringin
Kunir
Tangan
Nagasari
Secang
Areng
Widara
Tuhu
Kuniran
Bubut
Ulung
Kutut
Bethét
Wangan
Kitab 10
Kitab 4
Kitab 20
Kitab 10
Kitab 30
Alip
Kitab 51
Adam
Brahim
Isa
Musa
Idris
Muhammad
Sis
Kliwon
Legi
Pahing
Pon
Wagé
Klawu
Putih
Abang
Kuning
Ireng
Tengah
Wétan
Kidul
Kulon
Lor
Majupat
Slaka
Tembaga
Mas
Wesi
Madu
Santen
Getih
Sarkara
Nila
Gurda
Putih
Inggas
Kemuning
Tlasih
Gogik
Kuntul
Engkuk
Podhang
Gagak
ꦠꦸꦮ
ꦲ​ꦤ​ꦕ​ꦫ​ꦏ
​ꦢ​ꦠ​ꦱ​ꦮ​ꦭ
​ꦥ​ꦝ​ꦗ​ꦪ​ꦚ
​ꦩ​ꦒ​ꦧ​ꦛ​ꦔ
Guru
Narada
Brama
Kamajaya
Wisnu
[ 8 ]
No. Neptu dina pasaran, sasi lan tahun
Ahad neptu 5 Kliwon neptu 8
Senèn " 4 Legi " 5
Selasa " 3 Pahing " 9
Rebo " 7 Pon " 7
Kemis " 8 Wagé " 4
Jumuah " 6
Setu " 9
Sura Neptu 7 Rejeb Neptu 2
Sapar " 2 Ruwah " 4
Rabingulawal " 3 Pasa " 5
Rabingulakir " 5 Sawal " 7
Jumadilawal " 6 Dulkaidah " 1
Jumadilakir " 1 Besar " 3
Alip neptu 1 Dal neptu 4
Ehé " 5 " 2
Jimawal " 3 Wawu " 6
" 7 Jimakir " 3

No. 3. Dina ala.

Ora kena kanggo lelungan lan liya-liyané
1. Akad Paing 2. Setu Pon 3. Jumuah Wagé 4. Selasa Kliwon 5 Senèn Legi 6. Kemis Wagé


No. 4. Dina ala banget

Ora kena kanggo lelungan lan liya-liyané
1. Rebo Legi 2. Akad Paing 3. Kemis Pon 4. Selasa Wagé 5. Setu Kliwon


[ 9 ]
No. 5. Dina taliwangké

Taliwangké, iku dina sengkala. Ing sajroné wuku 30, ana dinane taliwangké 6, prayoga disirik ing samubarangawé kang perlu.

Ing wuku Arané dina taliwangké Karepé ngarani dina Lambangé
1. Wuyé Somayé Senèn Kliwon Pasangan manuk
2. Wayang Anggarayang Slasa Legi Téja lumaku patiné andaka wana
3. Landep Bodanep Rebo Paing Iwak pringga mati
4. Warigalit Warigamis Kemis Pon Jalma mati
5. Kuningan Sukraingan Jumuah Wagé Tuwuhan gagar
Kuruwelut Tumpakloté Setu Kliwon Kapas agring




No. 6. Dina Samparwangké

Samparwangké, iku uga dina sengkala. Ing sajrone wuku 30, ana dinané samparwangké 5, kang kabener tiba ringkel Aryang, tegesé apesing jalma, prayogo disirik ing samubaranggawé kang perlu.

Ing wuku Dina
1. Warigalit Senèn Kliwon
2. Bala Senèn Legi
3. Langkir Senèn Paing
4. Sinta Senèn Pon
5. Tambir Senèn Wagé

[ 10 ]
No. 7. Kunarpaning warsa, (tahun)

Ora keno kanggo mantu lan sapadhane. Pitungé ajeg tiba saben tanggal 29 utawa 30 sasi Besar

Tahun Ana ing dina
Alip Setu Paing
Ehé Kemis Paing
Jimawal Senèn Legi
Jumuah Legi
Dal Rebo Kliwon
Akad Wagé
Wawu Kemis Pon
Jimakir Slasa Pon




No. 8. Sangaring warsa (tahun)

Ora keno kanggo mantu lan sapadhane. Pitungé ajeg tiba tanggaping warsa let 3 dina, (saben sasi Suro tanggal 3).

Tahun Ana ing dina
Alip Jumuah Legi
Ehé Slasa Kliwon
Jimawal Akad Kliwon
Kemis Wagé
Dal Senèn Pon
Setu Legi
Wawu Rebo Paing
Jimakir Akad Legi



[ 11 ]
No. 9. Sasi rahayu
Becik kanggo samubaranggawe kang perlu
Sasi Dina
Besar, Sura, Sapar, Rebo, Kemis,
Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, Jumuah,
Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Setu, Akad,
Pasa, Sawal, Dulkaidah. Senèn, Selasa,




No. 10. Sasi Sarju
Sedheng kanggo samubaranggawé kang perlu
Sasi Dina
Besar, Sura, Sapar, Jumuah
Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, Setu, Akad
Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Senèn, Selasa,
Pasa, Sawal, Dulkaidah. Rebo, Kemis




No. 11. Pati uriping sasi

Yèn duwé gawé mantu lan sapadhané, katibakna ing sasi kang becik, lan nyingkirana sasi kang ala, ing ngisor iki pratélané sasi kang becik lan kang ala. Déné sasi kang sedheng ora kasebutaké.

Tahun Sasi kang becik Sasi kang ala
Alip 1. 9. 11.
Ehé 1. 2. 6. 7. 8. 10 4. 9. 11. 12.
Jimawal 7. 8. 10. 1. 2. 3. 5. 12
4. 5. 6. 7. 8. 9. 12. 1. 2. 3. 10. 11
Dal 6. 7. 9. 10. 2. 3. 8. 11.
6. 12. 1. 2. 7.
Wawu 2. 3. 4. 5. 9. 1. 10. 11. 12.
Jimakir 3. 5. 7. 8. 10. 12. 1. 11.

Katrangan : Tegesé angka 1 = Sura, 2 = Sapar, 3 = Mulud lan sabanjuré


[ 12 ]
No. 12. Anggaraksih

Sasi kang ora ana dinané Anggarakasih (Selasa Kliwon) ora kena kanggo ngijabaké pangantèn lan liya-liyané.

Tahun Sasi kang ora ana dinane Anggarakasih
Alip Jumadilakir, Besar
Ehé Rejeb
Jimawal Sura, Ruwah
Sapar, Ruwah
Dal Mulud, Pasa
Rabingulakir
Wawu Rabingulakir, Dulkaidah
Jimakir Jumadilawal




No. 13. Larangan sasi.
Ora kena nganggo ngijabaké pangantèn lan liya-liyané
Tahun Sasi Bakal nemu
Alip Jumadilakir, Dulkaidah Sinung lara klebon wisa
Ehé Rabingulawal, Pasa Sinung lawa bebalung
Jimawal Mulud, Besar Bilal, keli ing kali
Sura, Sawal Sinung lara barah
Dal Ruwah Sinung lara rumab
Sapar, Rejeb Kena prakara gedhé
Wawu Jumadilawal Sinung lara sirah
Jimakir Sura, Dulkaidah Sinung lara édan



[ 13 ]
No. 14. Sangaring tanggal
Pryoga disirik samubarang: gawé kang perlu
S a s i Tanggal Dina taliwangké Kadadéyané
Sura 17 27 11 14 Rebo paing Luwih gedhé rubédane
Sapar 12 22 1 20 Kemis pon sinung lara kesandung
Mulud 13 23 10 15 Jum'ah wagé Sinung lara weteng
Bakdamulud 15 25 10 20 Saptu kliwon Larané lunga teka
Jumadilawal 16 26 10 11 Senén kliwon Sinung lara bebalung
Jumadilakir 11 21 3 14 Selasa legi Sinung lara owah
Rejeb 2 22 11 12 Rebo paing Sinung klebon wisa
Ruwah 14 24 19 28 Kemis pon Kena wisané dhéwé
Pasa 15 25 10 20 Jum'ah wagé Sinung lara mata
Sawal 17 27 2 20 saptu kliwon Gung kena perkara
Dulkangidah 11 21 6 12 Senèn kliwon Sinung gring kapit
Besar 13 23 1 20 Selasa legi Gung kasusuahan

No. 15. Pétung Pasatohan salaki rabi

Wetoné pangantèn lanang lan wadon, neptuné dina lan pasaran digunggung, banjur kabagé 9, lanang turah pira, wadon turah pira :

Yen turah :
1 lan 1. becik kinasihan
1
"
2. becik
1
"
3. kuat, adoh rijekiné
1
"
4. akèh bihahiné
1
"
5. pegat
1
"
6. adoh sandhang pangané
1
"
7. sugih satru
1
"
8. kasurang - surang
1
"
9. dadi pangauban
2
"
2. slamet, akèh rijekiné
2
"
3. gelis mati siji
2
"
4. akèh godané
2
"
5. akèh bilainé
2
"
6. gelis sugih
2
"
7. anaké akèh mati
2
"
8. cepak rijekiné
2
"
9. akèh rijekiné
3
"
3. mlarat
3
"
4. akèh bilainé
3 lan 5. gelis pegat
3
"
6. olèh nugraha
3
"
7. akèh bilahiné
3
"
8. gelis mati siji
3
"
9. sugih rejeki
4
"
4. kerep lara
4
"
5. akèh rencanané
4
"
6. sugih rejeki
4
"
7. mlarat
4
"
8. akèh pangkalané
4
"
9. kalah siji
5
"
5. tulus begjané
5
"
6. cepak rijekiné
5
"
7. tulus sandhang pangané
5
"
8. akèh sambékalané
5
"
9. cepak sandhang pangané
6
"
6 gedhé bilahiné
[ 14 ]
6 lan 7. rukun
6
"
8. sugih satru
6
"
9. kasurang - surang
7
"
7. ingikum maring rabiné
7 lan 8. nemu bilahi saka awaké dhéwé
7
"
9. tulus palakramané
8
"
8. kinasihan déning wong
9
"
9. akeh bilahiné
9
"
9. giras rijekiné

Katrangan : Saupama wetoné pangantèn lanang Jumuah Kliwon neptuné 6 + 8 = 14 kabagé 9, turah 5. Wetoné pengantèn wadon Jumah Paing, neptuné 6 + 9 = 15, kabagé 9, turah 6. Dadi 5 + 6 tiba cepak rijekiné, iku becik.


No. 16. Pétung salaki rabi

Wetoné pangantén lanang wadon, neptuné dina lan pasaran digurggung, banjur kabage 4, turah pira.
Yen turah :

  1. Gentho, larang anak
  2. Gembili, sugih anak
  3. Sri, sugih rijeki
  4. Punggel, mati siji

Katrangan : Saupama wetoné pangantèn lanang Jumuah Pon, neptuné 6 lan 7 = 13. Pangantèn wadon Kemis Paing neptuné 8 lan 9 = 17. Gungung 13 lan 17 = 30, kabagé 4 turah 2, tiba gembili, sugih anak, iku becik.

No. 17. Pétung salaki rabi

Wetoné panganten lanang wadon :

Akad lan Akad, kerep lara
"
"
Senèn, sugih lara
"
"
Selasa, melarat
"
"
Rebo, juwana
"
"
Kemis, padu
"
"
Jumuah, yuwana
"
"
Saptu, mlarat
Senèn lan Senèn, ala
"
"
Selasa, yuwana
"
"
Rebo, anaké wadon
"
"
Kemis, disini wong
"
"
Jumuah, yuwana
"
"
Saptu, berkat
Selasa lan Selas, ala
"
"
Rebo, sugih
"
"
Kemis, sugih
"
"
Jumuah, pegat
"
"
Saptu, kerep padu
Rebo lan Rebo, ala
"
"
Kemis, yuwana
"
"
Jumuah, yuwana
"
"
Saptu, becik
Kemis lan Kemis, yuwana
"
"
Jumuah, yuwana
"
"
Saptu, pegat
Jum. lan Jumuah, mlarat
"
"
Saptu, cilaka
Saptu lan Saptu, ala

13

[ 15 ]
No. 18. Petung salaki rabi

Aksara jenengé pangantén lanang wadon mung kajupuk aksarne kagarep dhewé lan mburi dhéwé, neptuné aksara kagunggung, kabagé 9, lanang turah pira, wadon turah pira. Yen turah :

1 lan 1. becik
1
"
2. becik
1
"
3. tukaran
1
"
4. pegat
1
"
5. pegat
1
"
6. pegat
1
"
7. dadi satru
1
"
8. pati
1
"
9. dadi pengulu
2
"
2. becik
2
"
3. pati
2
"
4. becik
2
"
5. pegat
2
"
6. ala
2
"
7. kerep pegat nanging balèn
2
"
8. awet ora pegat
2
"
9. becik
3
"
3. tikel
3
"
4. ora dadi
3
"
5. pegat
3
"
6. becik
3
"
7. bilahi
3
"
8. pegat
3 lan 9. becik
4
"
4. jahat
4
"
5. pegat
4
"
6. pegat
4
"
7. dadi satru
4
"
8. dadi satru
4
"
9. diucap ala
5
"
5. awan apesé
5
"
6. pegat
5
"
7. pegat
5
"
8. pegat
5
"
9. becik
6
"
6. ala nanging ora pegat
6
"
7. becik
6
"
8. becik
6
"
9. pegat
7
"
7. becik
7
"
8. becik
7
"
9. kejahatn
8
"
8. becik
8
"
9. sugih anak nemu bilahi
9
"
9. pegat nanging ora pegat

neptuné aksara : 1, ​ 3, ​ꦕ 5, ​ꦫ 7, ​ꦏ​ 2, ꦢ​ 4, 7, ​ꦱ 9,​ ꦮ​ 1, 1, ​ꦥ 7, ​ꦝ , ​ 6, ​ꦪ 5, ​ꦩ 4,​ 2, ​ꦧ 9,​ 9, ​ꦔ 10


Katrangan : saupama jenengé pengantèn lanang ꦱꦸꦤꦂꦪ neptuné 9 2 = 11. Pengantèn wadon ꦱꦠꦶꦩꦃ neptuné 9 4 = 13, kabagé 9.
lanang turah 2, wadon turah 4, ketemuné turah 2 lan 4, becik


No. 19. Pétung salaki rabi.

Miturut aksara jenengé pangantèn lanang wadon, mung kajupuk aksarané kang ngarep dhéwé lan mburi dhéwé, neptuné aksara kagunggung kabagé 7, turah pira.

    Yèn turah
1. Tunggak tan semi, akèh mati anaké
    "
2. Pisang punggel, pegat
    "
3. Lumbung gumilang, boros
[ 16 ]
    Yèn turah
4. Sanggar waringin, dadi pangahuban.
    "
5. Pedaringan kebak, sugih.
    "
6. Satriya lelaku, becik yèn laku dagang.
    "
7. Pandhita mukti, ayem tentrem slamet

Neptune aksara : ​ 6, ​3, 3, 3, 3, ​ꦢ 5, ​ꦠ 3, ​ꦱ 3, ​ꦮ 6, ​ꦭ ​5, 1, ​ꦝ 4, ​ꦗ 3, ​ꦪ 8, ​ꦩ 5, ​ꦒ 1, ​ꦧ 1, ​ꦛ 4, ​ꦔ 2.


Katrangan : upama jenenge panganten lanang ꦱꦸꦫꦤ neptuné ​ꦱ 3, 3 = 6, wadon : ꦩꦂꦠꦶꦪꦃ neptuné 5, ​ꦪ 8 = 13, Lanang wadon neptuné 6 lan 13 = 19, kabagé 7, turah 5, tiba padaringan kebak


No. 20. Petung salaki rabi.

Miturut aksara Jenengé pangantén lanang wadon, mung kajupuk aksaranaé kang ngarep dhéwé. Neptuné aksara kagunggung kabagé 5, turah pira.

Yèn turah 1. Sri, slamet lumintu rijekiné.
    "
2. Lungguh, duwé pangkat.
    "
3. Gedhong, sugih
    "
4. Lara, kangélan.
    "
5. Pati, sangsara utawa karep kepatén.

neptuné aksara : ​ 1, ​2, 3, 4, 5, ​ꦢ 6, ​ꦠ 7, ​ꦱ 8, ​ꦮ 9, ​ꦭ ​10, 11, ​ꦝ 12, ​ꦗ 13, ​ꦪ 14, 15, ​ꦩ 16, ​ꦒ 17, ​ꦧ 18, ​ꦛ 19, ​ꦔ 20.


Katrangan : upama jenenge panganten lanang ꦩꦂꦏꦶꦗꦤ꧀ neptuné 16 wadon ꦢꦶꦤꦃ neptuné 6, lanang lan wadon neptuné 16 lan 6 = 22, kabagé 5, turah 2, tiba Lungguh duwé pangkat. [ 17 ]
No. 21. Pétung salaki rabi

Wewaton makam agung (Kraton mulya), yalku saka anané aksara Jawa kang kanggo dadi jenengé pengantèn wadon.

Pétung mung kajupuk aksara kang ngarep dhéwé. Déné kang apik, yaiku yèn aksara kawitan jenengé pangantèn lanang wadon nunggal sagaris (nunggal panggonan). Kayata lanang jeneng ꦲꦢꦶ =​ ꦲ wadon.
ꦫꦠ꧀ꦤ = ꦫ, (aksara ꦲ lan ꦫ nunggal panggonan ing garis I) iku jeneng nunggal Kraton mulya, ateges : tulus palakramané sih-sisihan.
Déné kang ala, yaiku yen aksara kawitan jénengé pangantén lanang wadon ora nunggal panggonan, kayata : lanang jeneng ꦤꦭ = ꦤ wadon ꦩꦶꦫꦃ = ꦩ (aksara ing garis I lan IV), utawa lanang jeneng ꦧꦿꦗ = ꦧ, wadon ꦠꦠꦶ = ꦠ (aksara ing garis IV lan II), mangkono sabanjuré.

Terangé : yèn aksara kang ngarep jenengé panganten lanang wadon nunggal garis iku apik, yén ora ninggal garis iku ala. Anggone nyumurupi endi kang kalah lan endi kang menang, yaiku : aksara kang ana ing garis I, kalah karo aksara ing garis IV ing garis IV kalah karo ing garis III, ing garis II kalah karo ing garis II, déné ing garis II kalah karo aksoro ing garis I.


[ 18 ]
No. 22. Petung salaki rabi

Wetoné pangantén lanang wadon neptuné kagunggung banjur kabagé 10 utawa 7, turahé ora keno luwih saka 7. Manawa kabagé 10 turahe luwih saka 7, iku banjur kabagé 7, angka turahané nuduhake ketemuning pétungan.
Umpama pangantén lanang wetoné Rebo Paing, kang wadon Kemis Pon, neptuné ana 7 + 9 + 8 + 7 = 31, kabagé 10 turah 1, pétungé tiba : wasésasegara.
Dene upama gunggungé neptu mau katemu 28, iku manawa kabagé 10, katemu turah 8, dadi luwih saka 7, iku ora kena mula ora kabagé 10, nanging kudu kabagé 7, ing kono katemu turah 7, pétunge tiba " lebu katiup angin. Pratélane .kaya ngisor ikl. ; ak

Yen turah 1. Wasésasegara, kamot, jembar budiné, sugih pangapura gedhé prabawané.
"
2. Tunggaksemi, cepak rijekiné
"
3. Satriya wibawa, olèh kamulyan lan kaluhuran.
"
4. Sumursinaba, dadi pangungsening kapinteran.
"
5. Satriyawirang, nandhang dukacita, kawirangan, isarat panulaké ngetokaké getih, umpamané mbeleh ayam.
"
6. Bumikapetak, petengan aten, nanging taberi ing gawe, kuat nandhang lara lapa, resikan, isarat panulaké mendhem lemah.
"
7. Lebu katiup angin, nandang papa cintraka, kabeh karepé ora. dadi, kerep ngalih omah, isarat panulaké ngabul - abul lemah.
No. 23. Peétung salaki rabi

Wetoné pangantén lanang wadon dina lan pasarané neptuné digunggung kabagé 5, turah pira.
Yén turah : 1 sri, 2 dana, 3 lara, 4 pati, 5 lungguh. Kang becik yèn tiba : sri, dana, lungguh. Yen tiba : lara utawa pati, iku ala.


Katrangan upama panganten lanang wetoné Akad Wage, neptuné 5 + 4 = 9, kang wadon wetoné Slasa Legi, neptuné 3 + 5 = 8, lanang wadon neptuné 9 + 8 = 17 dibagé 5 turah 2, tiba dana, iku becik.


17

[ 19 ]
No. : 24. Petung salaki rabi

Wetoné pangantèn lanang wadon, neptuné dina lan pasaran kagunggung, diwuwuhi neptuné sasi, taun lan tanggalé, gunggunge kabagé 9 turah pira. Yèn turah : 1, 4, 7, tiba wali, ala. Turah 2, 5, 8, tiba panghulu sedheng. Turah 3, 6, 9, tiba pangantèn, iku becik.

Pangétungé mangkéné : upama wetoné :

pangantèn lanang



pangantèn wadon




dina
pasaran
sasi
tanggal
taun
dina
pasaran
sasi
tanggal
taun
Gunggung

Rebo
Kliwon
Suro
.........
Allip
Jumuah
Pon
Sapar
.......
Wawu

neptu
"
"
"
"
"
"
"
"
"

7
8
7
20
1
6
7
2
14
6
78

78 kabagé 9 = turah 6, tiba pangantèn becik.



No. 25. Pétung salaki rabi

Wetoné pangantèn lanang wadon, neptuné dina lan pasaran kagunggung, diwuwuhi neptuné sasi, tahun lan tanggalé, nanging gunggungé mung kabagé 3, turah pira. Yèn turah 1 tiba begja, beclk. Turah 2 tiba lara, ala. Turah 3 tiba pati, luwih ala.

Déné pangétungé padha baé kaya kasebut ing nduwur iku (No. 24). Bédané pétungan iki dibagé 3. Yèn ing dhuwur iku kabagé 9.



No. 26; Dina ala
ora kena kanggo mantu lan sapadhané.
Ing wulan Dina ala
Jumadilakir, Rejeb; Ruwah Jumuah
Pasa, Sawal, Dulkangidah Setu, Akad
Besar, sura, Sapar Senèn, Slasa
Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal. Rebo, Kemis.

[ 20 ]
No. 27. Dina sangaring asal
Ora kena kanggo mantu lan sapadhané
Ing wulan Dina sangar
Pasa, Sawal, Dulkangidah Jumuah
Besar, Sura, Sapar Setu, Akad
Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal Senèn, Slasa
Jumadilakir, Rejeb, Ruwah Rebo, Kemis

No. 28. Na'asing para Nabi
Ora kena kanggo mantu lan sapadhané
Sasi Tgl. Sababé
Sura 13 Nabi Ibrahim kaobong Raja Namrud
Mulud 3 Nabi Adam katurunaké ing ndonya
Rabingulakir 16 Nabi yusup kacemplungaké sumur
Jumadilawal 5 Nabi Nuh kinelem
Pasa *) 21 Nabi Musa perang lan Raja Firaun
Dulkangidah 24 Nabi Yunus diuntal iwak nus
Besar 25 Nabi Muhamad lumebu ngguwa

*)Sawenèh primbon liya, nyebutaké yèn na'as Nabi ing sasi Pasa tiba tanggal 12. Awit iku ing Primbon iki tanggal 12 lan 21 Pasa dak tetepaké padha dadi na'asing Nabi.


No. 29. Na'asing tanggal
Ora keno kanggo mantu lan sapadhané
Sasi Tanggal Sasi Tanggal
Sura 11 6 Rejeb 2 14
Sapar 1 20 Ruwah 12 13
Mulud 10 20 Pasa 9 20
Rabingulakir 10 20 Sawal 10 20
Jumadilawal 1 11 Dulkangidah 9 13
Jumadilakir 10 14 Besar 12 10

[ 21 ]
No. 30. Sangaring tanggal
Ora kéna kanggo mantu lan sapadhané
Sasi Tanggal Sasi Tanggal
Sura 18 Rejeb 18
Sapar 10 Ruwah 26
Mulud 8 Pasa 24
Rabingulakir 28 Sawal 2
Jumadilawal 28 Dulkangidah 28
Jumadilakir 18 Besar -




No. 31. Bangas padéwan
Ora kena kanggo mantu lan sapapadhané. Yèn tinerak ampuh banget, bakal nemu kesusahan.
Sasi Tanggal Sasi Tanggal
Sura 11 - Rejeb 13 27
Sapar 20 - Ruwah 4 28
Mulud 1 15 Pasa *) 7 20
Rabingulakir 10 20 Sawal 10 -
Jumadilawal 10 11 Dulkangidah 2 22
Jumadilakir 10 14 Besar 6 20

*) Sawenèh Primbon liya nyebutaké yèn bangas ing sasi Pasa tiba tanggal 9 lan 20. Awit saka iku Primbon iki tanggal 7, 9 lan 20 daktetepaké dadi dina bangas.


[ 22 ]
No. 32. Taliwangké
Ora kena kanggo mantu lan sapapadhané
Sasi Dina
Dulkangidah, Jumadilawal Senèn Kliwon
Besar, Jumadilakir Slasa Legi
Sura, Rejeb Rebo Paing
Sapar, Ruwah Kemis Pon
Mulud, Pasa Jumuah Wagé
Rabingulakir, Sawal Setu Kliwon




No. 33. Ala beciking sasi kanggo ijabing pangantèn.
Sura : tukar padu, nemu karusakan. (Aja diterak).
Sapar : kekurangan, sugih utang. (Kena diterak).
Mulud : mati salah siji. (Aja diterak).
Rabingulakir : tansah dicatur lan nemu ujar ala. (Kena diterak).
Jumadilawal : Kerep kélangan, kapusan, sugih satru, (Kena diterak).
Jumadilakir : sugih mas salaka.
Rejeb : sugih anak lan slamet.
Ruwah : rahayu ing sakabèhé.
Pasa : cilaka gedhé. (Aja diterak).
Sawal : kekurangan, sugih utang. (Kena diterak).
Dulkangidah : gering, kerep pasulayan lan mitra. (Aja diterak).
Besar : sugih, nemu suka harja.

Katrangan : Kang, becik kanggo ijabing pangantèn yaiku sasi Jumadilakir, Rejeb, Ruwah lan Besar, samono iku yen sajroné sasi-sasi mau ana dinané Slasa Kliwon, luwih becik manèh yèn ing sasi iku uga ana dinané Jumuah Kliwon. Déné yen ora ana dinané Slasa Kliwon sasi-sasi mau banjur kapétung sasi kang ala lan ora keno kanggo ijabing pangantèn. Yèn perlu, aluwung nerak nganggo sasi-sasi kang kurang becik yaiku : Sapar, Rabingulakir, Jumadilawal utawa Sawal, nanging yen sasi-sasi mau ana dinané Slasa Kliwon, sukur bagé kajaba ana dinané Slasa Ktiwon, uga ana dinané Jumuah Kliwon, iku kang luwih becik banget.


[ 23 ]
No.34. Pamilihing dina ijabing panganten rupa 3
Dina KAPING
1 2 3 4 5
I Jumuah harja satru Allah pati begja olèh anak
Setu tuna luput satru Allah nepsu gedhé harja begja
Akad tuna luput harja pati begja harja dosa gedhé
Senèn satru Allah harja kagèt begja suka gedhé
Selasa tuna luput satru Allah dosa gedhé harja susah gedhé
Rebo tuna luput harja pati suka rena kagèt
Kemis tuna luput satru Allah harja ugungan dosa gedhé
II Jumuah harja satru Allah pati kasembadan harja
Setu satru Allah tuna luput susah gedhé begja harja
Akad tuna luput harja satru Allah begja harja
Senèn tuna luput harja suka gedhé satru Allah nemu suka
Selasa tuna luput suka gedhé kagèt harja karta
Rebo suka gedhé harja pati harja satru Allah
Kemis tuna luput satru Allah harja olèh sanak jro pati
[ 24 ]
Dina KAPING
1 2 3 4 5
III Jumuah harja satru Allah dadi tilikan pati harja
Setu satru Allah tuna luput nepsu harja harja
Akad tuna luput harja susah harja harja
Senèn tuna luput harja susah harja satru Allah
Selasa satru Allah tuna luput kagèt harja pati
Rebo nyertu harja pati harja satru Allah
Kemis tuna luput satru Allah harja dadi rubungan satru Allah

Katrangan : Dina ijabing pangantèn rupa 3 kasebut ing dhuwur, tansah dadi rembug, marga déning sulayaning penemu, siji ngarani begja, sijinéngarani kasembadan, bab begja lan kasembadan nunggal baé, balik sijiné manèh ngarani pati, iba sulayanè. mangka witing pétung mung siji dina pipitu, putusaning pangrembug petung warna 3 mau padha beneré.

Awit saka iku prayogané muliha dina becik kang tumbuk tibané pada becik kayata : dina Selasa kaping 4, petungan kang kapisan tiba harja, kapindho tiba harja, kateluné uga tiba harja.

Bab kolom kaping 1, 2, 3, 4, 5, mangertiné : ing sajroning sasasi (30 dina) iku menku dina lima-lima utawa papat-papat, saupama tanggal 1 dinané Jumuah, iku tegesé Jumuah kaping 1, tanggal 8 Jumuah kaping 2, tanggal 15 Jumuah kaping 3, tanggal 22 Jumuah kaping 4, lan tanggal 29 Jumuah kaping 5. - Nanging saupama dina Jumuah mau tiba tanggal 3 ing sajroning sasasi mung anak dinané Jumuah kaping 4, mangkono sabanjuré. [ 25 ]
No. 35. Sangat (Sa‘at) ijabing penganten
miturut tanggal Jan pasarane
Tanggal J A M
6 - 8.23 8.25 - 10.11 10.18 - 1.11 1.12 - 3.35 3.36 - 5.59
1. 6. 11. 16. 21. 26 Akhmad Jabarail Ibrahim Yusup Ngijrail
2. 7. 12. 17. 22. 27 Jabarail Ibrahim Yusup Ngijrail Akhmad
3. 8. 13. 18. 23. 28 Ibrahim Yusup Ngijrail Akhmad Jabarail
4. 9. 14. 19. 24. 29 Yusup Ngijrail Akhmad Jabarail Ibrahim
5. 10. 15. 20. 25. 30 Ngijrail Akhmad Jabarail Ibrahim Yusup
    Legi
Pitutur Rejeki Slamet Pangkalan Pacekwesi
    Paing
Rejeki Slamet Pangkalan Pacekwesi Pitutur
    Pon
Slamet Pangkalan Pacekwesi Pitutur Rejeki
    Wagé
Pangkalan Pacekwesi Pitutur Rejeki Slamet
    Kliwon
Pacekwesi Pitutur Rejeki Slamet Pangkalan

Katrangan : Tanggal 1 = 6,11, 16, 21, 26, tanggal 2 = 7, 12, 17, 22, 27, sapituruté. Saupama tanggal 1, 6, 11, 16, 21, utawa 26 tiba Rebo Pon, banjur nyumurupana uruting angka tanggal tku karo uruting pasaran Pon, godhagan ngarep dhéwé ketemu Akhmad Salmet, ngarepé Jabarail Pangkalan, ngarepé manéh Ibrahim Pacekwesi, uga ngarepé manéh Yusup Pitutur, ngarep dhéwé Ngijrail Rejeki. Saupama ngijabaké pangantén ing dina Rebo Pon tanggal 1, 6, 11, 16, 21 utawa 26, kudu nganggo sangat jam 6 - 8.23 tiba Akhmad Slamet, iku becik, utawa Jam 3.36 - 5.59 tiba Ngijrail Rejeki, iku sedheng. Yén priyayi lumrahé nganggo sa'at Slamet. Yén sudagar nganggo sa'at Rejeki.


24 [ 26 ]

No. 36. Sa'at ijabing pengantén miturut tanggalé
Tanggal J A M
6 - 8.23 8.24 - 10.47 10.48 - 1.11 1.12 - 3.35 3.36 - 5.59
1. 6. 11.
16. 21. 26.
Akhmad
Tutur
Jabarail
Alangan
Ibrahim
Pacak
Yusup
Slamet
Ngijrail
Rijeki
2. 7. 12
17. 22. 27
Jabarail
Rijeki
Ibrahim
Tutur
Yusup
Alangan
Nijrail
Pacak
Akhmad
Slamet
3. 8. 13.
18. 23. 28.
Ibrahim
Slamet
Yusup
Rijeki
Ngijrail
Tutur
Akhmad
Alangan
Jabarail
Pacak
4. 9. 14.
19. 24. 29.
Yusup
Pacak
Ngijrail
Slamet
Akhmad
Rijeki
Jabarail
Tutur
Ibrahim
Alangan
5. 10. 15.
20. 25. 30.
Ngijrail
Alangan
Akhmad
Pacak
Jabarail
Slamet
Ibrahim
Rijeki
Yusup
Tutur

Katrangan : Saupama ngijabaké pangantén kabener tiba tanggal 5, 10, 15, 20, 25, utawa 30, sa‘at kang becik yaiku ing antarané jam 10.47 - 1.11 tiba slamet. Sa'at kang sedheng ana ing antarané jam 1.12 - 3.35 tiba rejeki, iku sedheng. Sa'at liyane iku, ora kena dianggo, sebab ala, yen tinerak ora becik kedadéyané


No. 37. Sa'at ijabing pengantèn miturut ndadariné
( wetuné ) lintang suhara
Dina Awan jam !! colspan=3|Bengi jam Dina
Akad 7 - 2 12 Kemis
Senèn 11 9 - 4 Jumuah
Slasa 8 - 3 6 - 1 Setu
Rebo 12 10 - 5

Katrangan : Sa’at ili durung patlya kelurnrah dianggo. Déné kang wis kelumrah yaiku sa‘at kang kaya kasebut ing No. 35; yaiku sa‘at miturut tanggal lan pasaran. Sarta sa'at kang kasebut No. 36, yaiku sa’at kang inung miturut tanggal. Sa'at 3 rupa iku padha baé, kena milih salah siji endi kang disenengi, miturut kang wis kelumrah dianggo ing siji- sijining papan / padunungané dhéwé-dhéwé [ 27 ]
DUWÉ GAWÉ MANTU.
No. 38 Tarub.

Yèn wis kurang 3, 2 utawa 1 dina karo temuning pengantèn, ing dina kang kapétung tiba becik, banjur tarub, saubenging pandhapa, ing papan gamelan sarta sangareping pawon kataruban betépé, yaiku anaman blarak, saka pring wulung utawa pucang, direnggo janur kuning, didedeki cengkir legi lan cengkir gadhing, gedhang tundunan, tebu, pari, otèk, lan sapanunggalané. Mangkono ugo ing sajabaning kori régol kapasangan rerengan sapantesé, ora ana papan kang kaliwatan. Kabeh ditarubi (betépé). Apadéné nyemplungaké ing sumur utawa kulah krambil 2 sataboné (sasepeté) kagandhèng.



No. 39. Pamilihing dina becik kanggo tarub.

Miturut gunggungé neptuné dina lan pasaran.

Neptu 7 utawa 13, ayem tentrem, becik.
"
8
"
14, sèluman lanang, ala.
"
9
"
15, dodok acung, ala.
"
10
"
16, temen lan luhur, becik.
"
11
"
17, sèluman wadon, ala.
"
12
"
18, bencana, ala.

Katrangan : Upama miwiti tarub dina Jumuah Pon, neptuné 6 + 7 = 13 iku becik.

No. 40. Pamilihing dina becik kanggo tarub.
Wawaton tibaning tanggal 1 tumeka 30
Tanggal Wahanané
1 6 11 16 21 26 Kagunganing ratu, adat ginanggu sétan semarabumi, kakarepané ora kesembadan.
2 7 12 17 22 27 Nyèluman lanang, tansah nandhang kemlaratan, kerep kélangan.
3 8 13 18 23 28 Nyèluman wadon, tansah nandhang kemlaratan, kerep kélangan.
4 9 14 19 24 29 Slamet lan sempulur rejekiné.
5 10 15 20 25 30 Sampyuh, pati lanang pati wadon.
Kang becik : tanggal 4, 9, 14, 19, 24 lan 29. [ 28 ]
No. 41. Pamilihing dina becik kanggo tarub
Uga wawaton tibaning tanggal 1 tumeko 30.
Tanggal Wahanane
1 8 15 22 29 Kagunganing ratu ala
2 9 16 23 30 Sèluman lanang
3 10 17 24 Sèluman wadon
4 11 18 25 Rahayu seneng Becik
5 12 19 26 Rahayu tentrem
6 13 20 27 Pati lanang ala
7 14 21 28 Pati wadon

Katrangan : Pamilihaning dina kanggo miwiti tarub ana 3 rupa, kena dipilih nganggo salah siji endi kang disenengi.



No. 42. Sa'at tarub.

Yèn tarub, anggoné miwiti uga nganggo sa'at. Déné sa'até padha karo sa'at yèn ngijabaké pangantèn, kaya kang kasebut sa'at No. 35 36. utawa 37, kasebut ing nduwur, kena milih salah siji kang dadi anteping ati, lan uga kudu sa'at kang tiba slamet utawa rejeki.



No. 43. Panganggo

Yèn wis wiwit tarub, hapa biyungé pangantèn wadon nganggo jarik cakarayam, bapakné sabuké sindur, biyungé kemben sindur. Yèn midodarèni bapa biyungé ganti jarik truntum, ijih sabuk lan kemben sindur. Yèn ijab uga jih padha nganggo jarik truntum lan sabuk serta kemben uga ijih sindur. Déné yèn temuning pangantèn bapa biyungé kena nganggo Jarik sakarepé, nanging sabuk lan kemben jih sindur.

Déné yèn wis tarub, pangantèn wadon nganggo jarik bangsa nitik, klamben sakarepé, pangantèn lanang panganggoné sakarepá. Yèn midodarếni pangantèn lanang wadon jarikế truntum, iketé lan kembené semèn, yèn wis bakda ketemu sawisé rucat raja kaputrèn, pangantến lanang wadon Jarik sakarepế, iket lan kemben uga sakarepé. [ 29 ]

No. 44. Slametan pangantèn
Wujudé
Kang dicaosi dhahar
1 Apem ketan kolak Mumulé luhur
2 Sega adhem - adheman ( wajar lawusé janganan lan endhog - ghodogan, tanpa uyah lan liyané Panuwun katentreman
3 Sega golong lulut, lémék lan tutup endhog dadaran ( ngisor lan sandhuwuring golong didèkèki endhog dadaran ). Panuwun kumpuling kawula gusti
4 Sega gebuli lawuh endhog wutuhan, brambang wutuhan padha digoréng lan iwak goréngan, sarta wédang bubuk. Mumulé sèh Abdulkadir Jaélani
5 Ketan slak Mumulé K.P. Sénapati
6 Bakaran iwak lan ati candu Mumulé kang rumeksa gilang
7 Ketan salak, endhog ayam dipindhang Mumulé K.S. Agung
8 Kolak kencana ( gedhang mas wutuhan sakulité dikolak ) Mumulé K. Ratu Kidul
9 Ketan punar, entén - entén, tutup sarta lambaran endhog dadaran (ngisor lan sandhuwuring ketan punar didèdèki endhog dadaran ) Mumulé Panembahan Bodho
10 Dhawet Mumulé Hyang Antaboga
11 Rujak degan Panuwunan seger kewarasan
12 Ketan mancawarna (ketan digawé rupa : abang, ljo, kuning lan sapanunggalané ). Mumulé bangsa mas inten, wesi lan sapanunggalané
[ 30 ]
Wujudé Kang dicoasi dhahar
13 Arang-arang kambang (sega garing digorèng), kacemplungaké gula santen), opak angin, jipang Mumulé kang rupa angin
14 Jangan padhamara (jangan kangkung nganggo iwak, bumbuné brambang, bawang, salam, laos, tumbar, jinten, gula, asem, trasi lan uyah). Jongkong (glepung beras diuléni enjet, diwungkusi didèdèki gula jawa didang). Apa déné inthil panyuwunan guyub rukun
15 Tumpeng robyong (endhog-godhogán sakulitè disunduk nganggo sujèn, sandhuwurè endhog trasi bakaran banjur brambang, ing ndhuwur dhéwé lombok. Sundukan iku ditancepaké ing pucuking tumpeng sarta ing sakiwa tengené ditancepi sawarnané jajananan, nganti tumpeng mau katon rompyo-rompyo, marga kebak sundukan kang padha tumancep mau), sarta tumpeng gundhul, (tumpeng tanpa lawuhan). Panyuwunan supaya slamet sapandhuwuré
16 Sega walimah (sega punar) Iki yèn mbeneri ijabing pangantèn
17 Jenang pliringan (jenang abang ing pinggir ditumpangi jenang putih mung sasisih), jenang palang (jenang abang ing ndhuwur ditumpangi jenang putih malang), jenang baning (jenang sungsum). Mumulé Abubakar, Usman, Umar lan Ngali
[ 31 ]
No. 45. Sarat lan sajen mantu.

1. Sajèn patanèn (kobongan) yaiku senthong tengah, sajèné rupa Tumpeng robyong, tumpeng gundhul padha diwadhahl ceihing. Jenang aban putih, baro - baro diwadhahi cowèk cilik - cilik. Jajan pasar diwadhali tampah wujudé : gedhang raja, gedhang pulut, jambu kluthuk, bengkowang, téla pendhem uwi, gembill, timun, tebu, srabi abang putih, opak angin, jadah jenang, tapé kinang, kembang borèh, menyan lan empon - empon, kayatadlingo, benglé temulawak, temugiring, kunir, kencur. Tampah diisen! beras setakir, didèkèk endhog ayam mentah 1 lan dhuwit rong wang seprapat (19,5 sen) gula jawa setangkep, krambil seglundhung lan empluk isi beras, kemiri gepak jendhul, kluwak, benda, kisi, pengilon, jungkat, suri, lenga sundhullangit lan endhog ayam mentah 1 pitik urip. Klasa anyar. Kendhi lan damar clupak. Endhas keho (uga kena diganti iwak kebo siji yaiku: daging, jerowan sapepaké, sethithik - sethithik bae mung kanggo sarat, uteg lan mata 1). Kalak, yaiku iwak sujènan dibakar tanpa bumbu.

2. Sajèn padaringan padha baé karo kasebut ing dhuwur iku, déné bédané yèn sajèn padaringan ora nganggo endhas kebo lan kalak.

3. Pendheman, empluk isi gereh pethek, kadhele, kacang ijo, kemiri gepak Jendhul endhog ayam mentah, gantal, lengan 1/2 gendul lan banyu 1/2 gendul diworaké, supaya kalis ing tuju, tenung, teluh, taragnyana, kabèh mau dipendhem ing sangareping patanèn (kobongan), ngarep lawang gedhé, ngarep pawon lan Ing dalan. prapatan..

4. Buwangan, empluk isi gerèh pèthek, kadhelé, kacang ijo, kemiri gepak jendhul, endhog ayam mentah, gantal, lengo 1/2 gendul lan banyu 1/2 gendul diworaké, kembang borèh, jenang abang putih, jenang baro-baro, gecok mentah, padha diwadhahi takir, saben satakir nganggo dhuwit sigar (1/2 sen), kang dibuwangi ing : patanèn (kobongan), gedhong wetan kulo utawo gandhok, sakabèhing lawang, pojokan omah, sumur, jamban (pakiwan), Jumbleng (kakus), pawuhan, régol, papaning gamelan, dalan prapatan lan ing kali.

5. Sarat, anjupuk wedhi ing kagungan dalem bangsal Sitinggil, godhong wringin lumah mangkurep, wringin sengkeran (wringin kurung) wétan kulon yaiku Kanjeng Kyai Jayandaru, sarta Dewandaru, sarta njupuk uwih ing pasar gedhé, kanggo adang, apadéné njupuk banyu tempuran, yaiku tempuking kali loro diwadhahi kendil utawa klemuk kanggo sajèn


No. 46 Sasrahan (lamaran)

Yen wis kurang 3, 2, utawa sadina karo ijabing Pangantèn, wong tuwané pangantèn lanang masrahaké sasrahan (lamaran marang wong tuwané pangantèn wadon (bésan) wujud :

Kebo sarakit dikalungi cindhé, sarta sunguné dicathok nganggo pérak. Yen mung mburu cukup, sunguné kena dienjeti baé, supaya katon putih, Iku minangka gantiné cathok perak.

Banyak sarta pitik padha nyajodho lanang wadon, panggawang padha diemban nganggo cindhé utawa sindur. yèn besané salah siji lagi ngandeg (metang) pitiké wad on diganti bebon angrem. Apadené temuning panganten, pangantèné kinurung ing lawé wenang satuket. [ 32 ]

Jolen isi wit lombok, wit térong, wit parijata utawa ranti, padha nyarakit, sarta tebu arjuna sarakit, mung baé tebuné ora diwadhahi jolèn, nanging digawa ing uwong.

Jolèn isi beras lan krambil sajanjang, lan ana uga kambilé mau pamikulé ora diwadhahi jolen, sarta kambilé nganti 25 glundhung akèhé.

Jolèn isi dandang, kendhil, cèrèt, kenceng, siwur, kabèh, saka tembaga, sarta iyan lan ilir.

Jolen isi gawangan, bandhul, wajan, canthing, lawon lan dhakon.

Jolèn isi anggi anggi, yalku jamu gallan, diwadhahi ing ponjèn kang kinredhongan ing cindhé, utawa diwadhahi bothèkan, uga kinrodhong cindhé, sarta dhuwit pecah 25 rupiah abang, diwadhahi kanthong (25 rupiah abang = ± f 20,84).

Jolèn isi sega iwak lan lawuhan liya liyané, sarta panganan rupa-rupa.

Déné yèn salah sijiné besan ana sing wis ajal, nganggo sasrahan bendhé.

Mungguh lakuné sasrahan kebo sarakit ana ngarep dhéwé, tumuli banyak lan pitik sakembaran lanang wadon, diemban cindhé utawa sindur. Banjur tebu arjuna sapasang digawa (dicekel) uwong, sarta jolèn kang isi wit lombok, térong, parijata utawa ranti. Kasambung jolèn-jolèn liya-liyané. Apadéné jodhang- jodhang kang isi sega iwak lan lawuhan sarta panganan, iku kang ana ing mburi. lakuning sasrahan (lamaran) iku, sadalan dalan dadi tontonaning uwong akeh.

Satekané ing panggonané wong tuwané pangantèn wadon, kinormatan unining gamelan nalaganjur. Para tamu kakung kang angring sasrahan anjujug ing pandhapa, tamu èstri lumebu ing omah mburi.


No. 47. Siraman pangantèn.

Dina ngarepaké midodareni pangantèn lanang wadon didusi lan kramas, adusé nganggo banyu sekar setaman (banyu didèkèki kembang). Kosokané glepung beras mancawarna (warna 7), diwori mangir, pandhan wangi lan godhong kemuning, kang ngedusi sanaké kang sepuh sepuh. Déné lungguhé ing dhingklik dilèmèki klasa anyar lan godhong godhongan apa-apa, kara, kluwih, dhadhapsrep, alang alang, sarta diwènèhi kang bangsané sembet yaiku lètrèk, jingga, bangun - tulak, sindur, sembagi, sléndhang lurik puluhwatu, yuyusekandhang lan lawon. Yèn wis resik banjur diwuloni banyu kang diwadhahi klenthing, sarta klenthingé nuli dipecah déning para sesepuh kang ngedusi, sarta karu muni wis pecah pamoré. Déné sajèné kasandhingaké ing sacedhaking papan adus kono, rupa tumpeng robyong, tumpeng gundhul, jenang abang putih, jajan pasar, kembang sarta pitik urip-uripan.


[ 33 ]
No. 48. Midadareni.

Ing bengi kebener midadareni, iku wiwit jeneng pangantèn Panganten lanang mara marang wong tuwané pangantèn wadon, arané nyaniri. Manganggone' kasatriyan, (Niru agem-ageming para satriya, yaiku para putra dalem, Gusti Pangeran sarta Bandara Pangeran), yaiku bebedan, klambi, takwa (sorjan) saka sutra, iket - iketan jèbèhan, sarta nganggo kalung karset, peniti lan liya-liyane, keris, ora keri, (Cara Ngayogyakarta). Ing Sala tumrapé panganten nyantri, mbokmenowo sandhangane uga kaya ing Ngayogyakarta, awit Iku agem-ageman (busana) pokok (kuna).

Udakara jam 7 bengi, panganten lanang mara marang omahé wong tuwane Pangantèn wadon, ginarubyung para kulawarga, sanak sedulur lan mitra - mitrane Satekane pangantèn, banjur kapasrahake wong tuwane pangantèn wadon, sawise ditampa banjur kapapanaké ing pamondhokan kang wis disedhiakake. Ing bengi iku kang aran midadarèni, kang padha jagong sarimbitan. Pangantèn lanang ana ing pamondhokan, sawise kasugata wedang, minuman lan papanganan kang padha pinanggeng, apadéne mangan sega iwak salawuhé lan liya-liyane, banjur metu marang pandhapa, nemoni para tamu kang padha jagong midadareni angelèki pangantèn. Nanging mung sawatara suwene, banjur lumebu ing pamondhokan ngaso, aja nganti kasayahan marga esuke bakal kaijabaké lan katemokake.

Mungguh jagong midadarèni iku, para tamu anggone lenggahan mung pada kèndel bae, yeh ngendikan mung karo jejere linggih sarana klesik klesik (lirih). Ing wayah jam 3 bengi, para tamu lagi bae disuguh dhahar. Dhahare sego Janganan lan endhog - endhogan. Kang dhahar dhisik tamu wanita, salebere iku, banjur tamu kakung. Ujube mumulé para Widadari. Iku nulad duk kramane Jaka Tarub dhaup karo Widadari Dewi Nawang Wulan. Sarohning kramane Jaka Tarub mau dadakan, mangka ing Padhukuhan Tarub iku cedhak alas lan adoh Negara, dadi pasugatane mau mung sahanane ing papan kono bae, yaiku sega lawuhé sarwa janganan lan endhog godhogan.

Ing pemburine suguhan mangkono mau banjur dirangkepi suguhan majemukan, yaiku sega wuduk iwak lembaran pitik wutuh, (ana kang ngarani ingkung, marga mekungkung, sanajan wis diolah mateng ljih wujud rupa pitik). Sarta ana lawuhane' maneh bangsané lalaban sarwa mentah, yaiku: thokolan. (kecambah), kemangi, rajangan kobis, pete lan jengkol (jering) sambele pencok (kacang tholo) lan sambel pecel.

Lawas-lawas jagong midadareni banjur nganggo karaméyan nayuban, (ing Sala, ing Ngayogyakarta ora tumindak), pasugatane marupa-rupa, (ing saiki Sala, mbokmenowo uga wis ora tumindak tayuban ana ing panjagongan midadarèni) Déne anane jagong midadarèni ing jaman saiki, ing ngendi - ngendi papan saindenge tanah Jawa, wis lumarah kena diarani padha baé tumindake. Kajaba ing Keraton ndalem Ngayogyakarta Hadiningrat, utawa para luhur, Gusti utawa Bandara Pangeran, sanajan tatanane wis owah, nanging kang dadi pokoke tatacara midadarèni ijih katindakake. [ 34 ]
No. 49. Sanggan pangantèn.

Yèn pangantèn lanang arep ketemu kudu anggawa sanggan (tebusan), digawa bareng karo lakuné pangantèn. Déné rupané: gedhang ayu, yaiku gedhang raja satangkep kang tuwa, sarta ulerané milih kang Jangkep, suruh ayu, kembang telon, kisi, kapuk kapas, pari mung sawatra, lawé wenang satukel, pangilon, jungkat, suri, menyan 1/4 kati, lengan sundhul langit sacupu, asem, kunir 2 grigih, cikal 2 iji, tindhih dhuwit rong wang telung ndhuwit (19 1/4 sen. Kabèh mau dipasrahaké biyungé pangantèn wadon.


No. 50. Pangantèn lanang arep ijab (ningkah ).

Pangantèn lanang yèn arep ijab, panganggoné kulukan lan kampuhan, utawa bebedan lan iket-iketan, mung baé ora kena menganggo kang bangsané mas-masan, uga ora kena nganggo jarik utawa iket kang bathikané nganggo manuk, kupu lan liya-liyané (bathikan kang nganggo corak kéwan urip). Keris pendhoké swasa, pérak utawa liya-liyané uger dudu mas, lan uga pangantèn durung kena kerik.

Ngarepaké sa'ating ijab, pangantèn budhal saka pamondhokan, kinanthi para sepuh, ginarubyung para kulawarga, terus lumebu ing pandhapa kang wus ginelaran prangwadani (babud) lenggah dhépokan. Pangantèn lungguhé ing tengah madep mengulon, anglungguhi klasa bangka kang ginelar mujur mengulon tumumpang ing prangwadani, semu ngadepaké Penghulu. Kasambungan akrabing pangantèn lan tamu liyané. Wali ing lor madhep ngidul ngulon, semi ngadhepaké Penghulu. Punggawa Penghulu kang neksèni ing kidul madhep ngalor ngétan, semu ngadhepaké pangantèn. Kasambungan akrabing pangantèn lan liya-liyané angubengi lungguhing pangantèn. Sawisé samekto lan wus tumeko sa'até, banjur kaijabaké sarana mas kawin slaka putih bobot satail, kang banjur kaliru dhuwit rong semat (ringgit pérak 2).

Salebaring ijab, pangantèn ngabekti marang para sepuh kang pantes dingabekteni. Sawisé banjur mundur ing pamondhokan manèh, dandan arep katemé (temuning pangantèn).

Ora suwé banjur angetokaké slametan mumulé luluhur, rupa sega asah (ambengan), iwak gorèngan kebo siji (iwak kebo sapepaké utek, mat, sewarnaning jeroan, luhur, sampil lan liya-liyané), pindhang abang, pindhang putih.


[ 35 ]

No. 51. Paés pangantén lanang


Pangantén lanang dandan keril, lungguhé dilémeki kaya lemek nalika adus, mangkono uga sajéné.

Manganggo kampuh ukup réndha, clana cindé gubeg,kuluk matak biru, nyamat cengkéh, gelung keling ngangge jungkat inten lan mentul, nganggo gombyok dhuwung sarta nganggo buntal, kacu kembangan, tanpa idambi, boréhan ngumbar kunca, gelang, kelat~ bau, kalung sungsum lan sumping.


No. 52. Paés pangantén wadon.

Kurang sawengi wis dialub - alubi, ( dikerik, cengkorongé paesan ). Esuké katerusaké maneh, pats iku bathuké dipidih, ( pidih, kang ginawé saka malam putih lan godhong dhandhanggula ), kaistha jamangan, cacahé 5, kang tengah gedhé, kiwa tengené cilik, banjur cilik maneéh, banjur kasambungan godhvg. Pungkasaning pags karenggo ing centhung, mula diarani centhung, sabab wanguné nylakenthung ngadeg, cacahé loro kiwa tengen, pangetrapé ravat, tengah lowong. Pupuré kuning ditrapi prada kaista Jaler méncok ana ing tengah- téngah paésan, alis kaista kaya sunguné meniangan ranggah. Gelung bokor mengkurep, kaistnan rajangan pandhan wangi, nganygo koncér kembang mlathi rinoncé, keseselan rajangan pandhan wang!, dawané 2 kilan, gedhéné satekem, pasangé ana ing tengah. Sandhuwuré gelungan nganggo cundhuk jungkat lan menthul, mentul iku cacahé 5 utawa 7, ing tengah dhuwur, banjur endhek- éndhek. Suwengé¢ ronyok barléan, samping wangun bunder, kang digawé godhong kates diprada, gelang, kelatbau, kalung sungsun. Kampuhanéd niru para putri, tapih cindhé sérédan, kaya nyampingé garwa dalem utawa putri dalem. yen pinuju grebeg, udet cindhé kembang, nganggo buntal, ana sangisoré sanggapocong. Kang diarani sanggapocong iku kampuh kang digulung tiba mburi ing sandhuwuré pocong. Déné pucuking buntal dikleweraké ana ngarep kiwa tengan, kacu kembangan.


No. 53 Temuning panganten


1. ‘Jaka oléh prawan, kasebut tigas.

Bareng wus ndungkap patemoning pangantén kang wus tinamtokak¢ pangantén lanang saka pamondhokan dikanthi kiwa tengen déning priyayi sepuh loro, lumaku ngumbar kunca dipayungi. Pangantén* nyekel gantal kanggo balangan, (gantal iku suruh kaisenan jambé digulung katalenan lawé wenang ).‘Bareng lakun¢é tekan sangareping pandhapa, banjur Jéren, ngentdni adeging spangantén wadon. [ 36 ]Satekané pangantèn lanang, pangantèn banjur ngadeg dikanthi kiwa tengen ing priyayi sepuh loro. Pangantèn banjur padha lumaku maju, tekan angareping lawang banjur padha balangan ganial, banjur katemu ana ngarep lawang. Kuluking pangantèn lanang dibukak marang priyayi sepuh lanang banjur dipupuki banyu embun-embuné rambah kaping telu déning priyayi sepuh wadon.

Pangantèn wadon banjur andhodhok ana sangareping pangantèn lanang mecah endhog, sarta mijiki sikilé pangantèn lanang, sarana nyawuki banyu sekar setarnan (banyu didèkèki kembang mawar, kenanga lan liya-liyané), kang wus cemepak ana kono. Pangantèn wadon banjur ngadeg ana sakiwané pangantèn lanang kanthen tangan babarengan lumaku, banjur ngenciki pasangan rakitan sapi kang wus disedhiyakaké. tekan ngarep kobongan ndhodhok banjur laku bokong, jan banjur padha lungguh jèjèr ana sangareping kobongan. Lungguhé dilèmèki lukarané jariké panganten lanang wadon nalika dipaèsi, (didandani), jarik lukaran mau diworaké dadi siji, dilarabi lawon putih lan disebarl kembang Pangantèn lanang wadon banjur dhahar sega kalimah (walimah) lawuh pindhang antep (iwak ati). Mangané pangantèn wadon, segané dikepelaké pangantèn lanang.

Sawisé banjur kacar kucur, tegesé pangantèn wadon nampani guna kaya. Patrapé panganten lanang munggah ing kobongan, banjur ngesokaké kaya marang pangantèn wadon. Lungguhé ana ing klasa bangka kang wus disediyakaké isiné kacar-kucur, kacang, dhelé, beras, jagung, apadéné sawarnananing dhuwit igaran, sèn, bènggol, kethip, talèn, tengahan lan sapanunggalané, katampan ana ing pangkoné pangantèn wadon nganggo kau, ora kena kècèr, para sepuh kang Tigamping-ampingi pada muni : kacar kucur atuta kaya sadulur, kacang kawak, kedhelé kawak atuta kaya sasanak. Isiné kacar kucur kang ana ing kacu mau banjur ditampani embokné pangantèn wadon, banjur kelebokaké ing klemuk. déné klemuk iku sarakit, kang siji isi beras kuning, kluwak, kemiri gepak jendhul, bendha, endhog ayam lan dhuwit, kaeworaké Ing kono kanggo slametan sapasaraning pangantèn. déné sijiné banyu tempuran (banyu saka tempuking kali loro).

Pangantèn wadon banjur ujung marang pangantèn lanang, sawisé pangantèn lanang wadon banjur dipangku ing pupu kiwa tengen marang bapaké bapaké pangantèn wadon, biyungé pangantèn wadon pitakon marang bojoné, tembungé abol endi bapakné, anakmu lanang karo anakmu wadon, wangsulané padha bae. Pangantèn lanang wadon banjur mudun saka pangkon, lan banjur ngabekti marang bapa biyunge sarta marang para sepuh kakung putri. Apa kang kasebut ing ndhuwur iku yèn Jaka oleh prawan, kang kasebut tigas.

2. Pangantèn kateinu sadulur nisan (nunggal buyut) tuwa wadon, carané uga padha baé, mung baé ana isaraté manèh, pangantèn lanang macul tumpeng lan mancik pipisan, sarta pangantèn lanang wadon lakuné nrajang lawé wènang. [ 37 ]
  1. Mantu anak mbarep, carané padha baé kaya kasebut ing bab 1, mung baé tambah rujak degan kang legi, diladèkaké pangantèn lanang wadon lan bapakné pangantèn wadon. Biyungé pangantèn wadon banjur pitakon : apa rujaké ijih ana kukurangané? Pangantèn lanang wadon lan bapakné pangantèn wadon mangsuli : yèn rasané enak ora ana kakurangané.
  2. Mantu anak wuragil (tumpuk ponjèn) carané padha baé kaya kasebut ing bab 1, mung tambah isining ponjèn (wadhah jamu) diiseni sawarnaning dhuwit sapepaké, sawarnaning jamu sapepaké. Sawarnaning dhuwit banjur disokaké ana sangareping pangantèn, banjur kanggo rebutan saduluré pangantèn, utawa kang lenggah ing sacedhaké, nanging dhuwité sakwisé dijupuk banjur dibalekaké ing ponjèn manèh.
  3. Jaka olèh lanjar (durung duwé anak), carané padha baé kaya kasebut ing bab 1, mung baé disranani pangantèn lanang nyiram tumpeng ing tengahing lawang. .
  4. Prawan olèh dudha (durung duwé anak), carané uga padha baé kaya kasebut ing bab 1, mung baé disranani, pangantèn wadon, nyiram tumpeng ing tengahing lawang.




No. 54. Slametan sepasaran

Slametan sapasar iku karo awèh jeneng tuwa mareng pangantèn déné slametané yaiku : sega tumpeng janganan, jenang abang putih, baro-baro, tukon pasar, kembang telon, (mlathi, kenanga, kanthil), apadéné sega punar salawuhé, lan sega golong 9 jodho salawuhé.
Déné slametan 36 (selapan) dina padha baé karo slametan sepasaran.


36 [ 38 ]
No. 55. Slametan wong meteng

Slametan wong meteng yèn wus olèh :

1 Sasi
  1. Jenang abor-abor (sungsum), yaiku glepung beras kajenang diuyahi, aduné juruh santen.
2 "
  1. Sega janganan, yaiku tumpeng pinggiré mubeng didèkèki janganan, rupané Janganan manut kalumrahané panggonané dhéwé - dhéwé, nanging cacahé kudu ganjil, upama janganan rupa 9, 11, lan sabanjuré, janji ganjil.
  2. Jenang abang, yaiku beras kajenang digulani jawa, (gula klapa)
  3. Jenang putih, yaiku beras kajenang disanteni.
  4. Jenang abang putih, yaiku jenang abang ditumpangi jenang putih, kang digawe kaya kasebut ing dhuwur iku.
  5. Jenang baro - baro, yaiku katul dijenang disisiri gulo Jawa lan parudan kambil.
  6. Pipis kenthel, yaiku glepung beras diuyahi lan disanteni, digulani jawa kasisir, banjur kawungkus didang.
  7. Jajan pasar lan kembang borèh, yaiku sawarnaning jajan pasar dipepaki.
3 " Slametané padha karo 2 sasi.
4 "
  1. Sega punar, yaiku sega wuduk dikuniri lan diasemi, lawuhé kebo siji iwak daging lan sawarnaning jerohan sathithik sathithik sapepaké lan mata siji), nganggo sambèl goreng.
  2. Apem, glepung beras dicolok ragi digulani jawa.
  3. Kupat, yaiku sawarnaning kupat janur 1. sinta, 2 jago, 3. sidalungguh, 4. luwar.
5 "
  1. Sega janganan, kaya kasebut ing ndhuwur.
  2. Uler - uleran, yaiku glepung beras dijèri banyu diwowori nopal abang, kuning, ireng, lan liya liyané, banjur digawé wangun uler.
  3. Ketan mancawarna, yaiku ketan digawé rupa-rupa warna, sarta entèn entèn, minangka aduné pandhahare.
    Slametan 5 wulan iku, banjur nyaosi priksa para sanak sadulur, nyuwunakè pangestu wilujeng, sarta nyaosi dhaharan diwadhahi takir dirangkepi janur kuning (takir ponthang) bitingè dom warna 5, mas, suwasa, salaka, wesi, lan tembaga, lambaranè tebok utawa lèmpèr lemah. Isiné takir ponthang sega wajar lan punar, lawuhanè iwak goréngan kebo siji, tegese iwak sajerohané dipepaki, nganggo mata siji, lan panganan kang kanggo slametan, apadéné rujak crobo.
[ 39 ]

6 Sasi Apem kocor, yaiku glepung beras dicolok ragi tanpa gula, nanging pandhaharé nganggo juruh santen.
7 " Jenengé tingkep, mriksanana slametan tingkepan ing No. 56 ing ngisor iki.
8 " Bulus angrem, yaiku klepon ditutupi srabi putih kakurepaké, Srabi = bulusé, kelpon = endhoge kang diangremi. Klepon kang digawé glepung ketan dijèri banyu diwenehi godhong katu utawa pandhan, utawa kara, diglindhing ing jero nganggo gula dikrawu. Déné srabi sing digawé glepung beras nganggo krambil dijer ing pangaron diolah ing sangan ditutupi.
9 " Jenang procot, yaiku glepung beras dicuri gula santen, kajenang, yèn wis satengah mateng, banjur didèkèki oncèk: oncèkan gedhang wutuhan, yèn wus maleng diwadhahi takir.
Déné yèn wus 9 sasi tanggal tuwa lèk 10, durung krasa ngalarani, dislameti dhawet plencing, kang digawé pathi onggok digulani santen, didol, kang tuku bocah, nganggo dhuwit wingka, sanalika dhawété kudu diombé, yèn wis diombé, bocah mau banjur lumayu mlencing.


Katrangan : Yèn meteng mendeking, yaiku meteng kaping 3, 5, 7 sabanjuré, (meteng tiba ganjil) slametane nganggo sega loyang (sega garing didang), kayuné galar ambèn, supaya suda rekasané lan slamet, marga meteng mendeking iku luwih rekasa anggoné nglahtraké Jabang bayi.



No. 56. Slametan tingkep.

Yèn nggarbini (meteng 7 wulan), mbanjur tingkeban katibakaké dina Rebo utawa Sabtu, ing tanggal ganjil sadurungé tanggal 15.

Kang nggarbini disirami lan dikramasi, déné adusé nganggo siwur kang isih ana kambilé, (kambilé ora dicukil), adusé nganggo banyu sekar setaman (banyu didèkèki kembang). Dikosoki glepung beras mancawarna (warna 7) diwori mangir, pandan wangi lan godhong kemuning, kang ngedusi dhukuné utawa sanak saduluré. Déné lungguhé ing dhingklik dilèmèki klasa, lan godhong - godhongan apa-apa, kluwih, kara, dhadhapsrep, alang-alang lan lèmèk kang bangsa sembet yaiku: lètrèk, jingga, banguntulak, sindur, sembagi, slèndhang lurik puluhwatu, yuyusekandhang lan lawon.

Déne sajèné:

1. Sega Janganan lan jajan pasar.
2. Jenang abang, putih, baro - baro lan Jenang procot.
3. Sega garing, kedhelé, kacang lan wijen digoreng sangan banjur digongsa.

4. Emping ketan (ketan mentah kagoreng sangan dikrawu kasisiran gula jawa). [ 40 ]
  1. Tumpeng robyong. (Tumpeng diwadhahi cething, didèkèki endhog wajar, iwak, trasi, brambang lan lombok, iku disunduki, lomboké ana ing dhuwur dhéwé, banjur kacublesaké ing pucuking tumpeng. Déné ing kiwa tengené mubeng dicublesi sundukan gerềh, krupuk lan janganan kayata : kacang, kobis lan sapanunggalanế).
  2. Penyon (glepung beras dijuri banyu, digawé rupa moncawarna, kuning, ireng, putih lan sapanunggalanế, dilếntrềng lèntrèng sap sapan, banjur didang, diiris iris).
  3. Sampora (glepung beras dijuri santen, diémba bathok mengkurep, ing njero. digulani banjur kalangseng).
  4. Pring sadhapur, (glepung beras mateng dijuri banyu, kapetha tumpeng cilik 9 jodo, banjur ditancepi glindingan glepung beras sajenthik- jenthik mancawarna.

 Sawisé siram resik, banjur diwuloni dhukun lan banjur salin mancawarna pasatan, diubedi lawế abang, putih, ireng, nanging nglowong adoh lan weteng, banjur maratuwanế utawa dhukuné nibakaké trobong (piranti ngikal lawé) kang nampani tropong biyunế dhéwé utawa dhukuné, karo muni : lanang arep, wadon arep, janji slamet. Banjur nibakaké cengkir gadhing kagambar Kamajaya Ratuh, Janaka Sembadra utawa Panji lan Candrakirana, uga muni : yèn lanang kaya: Kamajaya, Arjuna, utawa Panji, yèn wadon kaya : Ratih, Sembadra utawa Candrakirana.

 Sawisé banjur mlebu ngomah ngadeg sangareping patanền (senthong tengah) ing kono wis disediyani tapih lan kemben pitu-pitu, dienggo ganti-ganti kakendhokaké bae. nganggo sapisan, ing kono para sepuh ana kang ngelokakế : durung patut, banjur diplotroakế, salin séjé sejéné iya diaruh - aruhi maneh yèn durung patut, mangkono saterusé nganti kaping pitu anggonế salin, meksa durung kabeneran, nganti tapih kembené nglumbruk ora kena disingkiraké, sarta banjur dilungguhi. Sawisế mangkono banjur nganggo-nganggo sandhangan kang sabenerế, yaiku tapih bathik tuntrum, keinben dringin, tanpa klambi lan ora kena nganggo : suweng, ali- ali, gelang kalung lan kembang, banjur dielokakế : wis patut wis patut.



No. 57. Pal bayi lahir
Yến bocah lahir ing dina:
Akad, wayahé mesthi jam : 6. 7. 11. 1. utawa 5. Ing wayah awan utawa bengi
Senen " " 8. 10. 1. 3. " 5.
Slasa " " 7. 10. 12. 2. " 5.
Rebo " " 7. 9. 11. 2. " 4.
Kemis " " 8. 11. 1. 3. " 4.
Jumuah " " 8. 10. 12. 3. " 4.
Setu " " 7. 9. 12. 2. " 4.
[ 41 ]

Déné yen arep duwé anak miturut Desi Siti Fatimeh kudu maca donga mangkéné : Ungiduhu bilwalkidi samadiminsari kulidikasad.
Yèn kasuwèn anggone nglairaké bayi, dongané : Mani luwih retna mulya, kama putih retna gumilang, pangaéran, tana gumilang, rasa mawa karsa, dat mutrat nur putih mud putih mas kérat sukma éling rasa urip jatining ana, nur langgeng sipat urip, nur dat, nur Mohamad.



No. 58. Jabang bayi lahir

Yèn jabang bayi wis lahir, sadurungé dèn adani kupingé tengen lan dèn komati kupingè kiwa, bayi mau ora kena digepok wong séjé liyané dhukuné, krana bayi mau ijih suci lan menga hatiné. Sakabehing bebalung, otot, getih, daging lan daté kabèh ijih sarwa menga lan suci. Yèn kagepok wong kang wus akèh dosané banjur kagèt. Ati, balung sumsum, lan liya-liyané mbanjur padha rapet, mulané sunat dèn adani, krana kanggo nulak reridhuné iblis kang aran Omisijan, yaiku sababé bayi lahir mbanjur nangis, krana dèn cublesi déning iblis nganggo drijiné kiwa tengen. Samangsa dèn adani iblisé ora wani. Lan uga dèn wacakaké surat tinna anjalnahu ing kupingé tengen, kluhu ping telu ing kuping kiwa.



No. 59. Ngethok usus.

Ususe digegeli (diurut supaya nglumpuk getihé, banjur ditugel nganggo welat pring wulung lalandhesan kunir, getihé dilèlètaké lambené bayi, supaya abang mèngèr-mèngèr. Welaté di rawati, kanggo manèh ing salawasé, mulané ana sesebutan : sadulur tunggal welat. Déné yèn ora dirawati, welat lan kunir diworna ing ari-ari kalebokaké ing kendhil.



No. 60 Mendhem ari - ari

Ari-ari diwadhahi kendhil anyar, ing jero dilambari godhong senthé didodoki : kembang borèh, lenga wangi, kunir tilas landhesaning pangethok usus lan welaté tilas pangethok (yen ora dirawat kanggo manèh) iya didokok kono, uyah, dom, benang, gerèh pèthèk, gantal rong kenyoh, kemiri gepak jendhul, tulisan Jawa, Arab, A.B.C., dhuwit sagobang. Kendhil ditutupi lèmpèr anyar kang rapet banjur kabuntel mori anyar sakacu. Ari-ari mau ana kang terus kalabuh ing kali, ana kang kagantung padoning omah njaba, besuk yèn sibayi wis gedhé ari-ari kang kagantung banjur dilabuh dhewé dening sibayi mau. Nanging kang kelumrah terus dipendhem, kang macul lan nglebokaké ing luwang bapakné dhéwé sarta dandan kang becik lan kerisan. Ing saben wetoné sibayi pendheman ari-ari mau didèkèki kembang telon.


[ 42 ]
No. 61. Kopohan

Jarik tilas dienggo tapih nalika duwé bayi, sawisé dikumbah resik banjur dirawati (ora keno dienggo). Dené kanggoné mung yèn si bayi ora kapénak awake, iku ginawé suwuk dikemulaké. Apadéné dienggo bésuk yèn duwé anak manèh. Sarta kang ngumbah kopohan mau nganggo penebus (diupahi) dhuwit suwang saprapat (suwang sabenggol 10,5 sen).



No. 62. Slametan brokohan.

Yèn bayi mentas lahir, dibrokohi yaiku endhog mentah cacahé miturut neptuné dina lan pasarané lahiré bayi iku, gula jawa, dhawet, lan ambeng diwadhahi tampah, iwaké kebo siji (iwak daging sathithik, lan sarupané jerohan sathithik sathithik dipepaki sarta matané siji) lan pecel pitik jangan menir.



No. 63. Rencanané bayi lahir.

Kang anggoda para Déwa, utusané Sanghyang Siwa, yèn bayi lahir lagi oléh "

Sawengi, kang ngrencana Bathara Kala, rupa asu ajag tekané surup srengéngé, tulaké lawang - lawng obongana wlirang, sajroning omah oborana blarak sawengi ping telu, sajèné sega punar iwak ati saundhuhan, kinang, pangilon, kelut, sapu gerang, kendhi, papan damar nèng dhaganing bayi, bapakné ngubengana omah lan muji mangkéné: Akala nama siwa.

Rong bengi, kang ngrencana Bathara Brama rupa sapi, tekané sirep wong, tulaké lawang didodoki godhong nanas dilonthèngi putih lan ireng, ngobong kulit brambang, jeron omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu, sajèné: sega abang lawuhé kuluban, kinang, pengilon, sapu gerang, papan kendhi, damar neng dhaganing bayi, bapakné ngubengi omah lan muji mangkéné: Hong brama sia yama swa nénu.

Telung bengi, Bathara wisnu rupa cèlehg, tekané tengah wengi, tulaké pipi lawang dèkèkana ri widara, lan ngobong godhong tanjung, sajroning omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu. Sajèné: sega ireng iwak banyu, kinang, menyan madu, kembang borèh, kelut (sapu), papan pengilon, sapu gerang neng, dhaganing bayi, damar, bapakné ngubengi omah lan muji mengkéné: Oma suyuna manta slano slana.

Patang bengi, Bhatara Guru rupa manuk perkutut, lan Bathara Mahadéwa rupa wedhus, apa déné Bathara Yama rupa Sanggira, Bathara Brama rupa sapi, Bathara Kuwera rupa tikus, Bathara Pritanjala rupa manuk emprit, Bathara Langsur rupa menjangan, Bathara Kala rupa asu, Bathara Ludra rupa sapi Handini, Bathara Surya rupa ula, Bathara Candra rupa kucing. Tutulaké omah [ 43 ]

dikenthengi lawe wenang mubeng, sawengi ora kena turu, ngundanga sanak karuhé supaya ngréwangi mèlék. Bayi kudu dipangku sawengi muput, geahèg omah disemburi dlingo benglé lan bawang, pujiné: Hong, hong, ywan ywan, Siwah boja bujanaki, tamar swana, maswala, ora kena matèni kutu - kutu walang ngataga, semut, tinggi, lemut lan sakabèhé baé, sanajan gegremetané kang lembut banget uga ora kena dèn patèni.

Kang padha ngrencana mau sawengi kudu dibagekaké kaping telu, sambat arané Şang Kala Katung mangkéné mantrané :

Sapisan, ing wektu suruping srengéngé, mantrane Ahang kona ristikane sediya ayu, sun iya harja, muliha mengko padha tekamu tan anggegawa ala lungamu uga aja anggegawa ala.

Kapindho ing wektu tengah wengi mantrane Ahang, komes mateka ing kene sedlya harja, ingsun iki iya harja, mulia bareng tekamu, tekamu ora anggegawa mulihmu uga aja anggegawa.

Kaping telune, ing byar rahina mantrané: Ahang kanu raswa rawuh, sedlya hayu, sun iya harja, mulia bareng saiki, tekamu ora anggegawa, mulihmu uga aja anggegawa.

Anggoné mbagèkaké yaiku anggone mantrani seru kaya déné wong nyentak.



No. 64. Puput puser.

Yen wis puput puseré bolonganing puser dibunteti nganggo mrica 2 yen bayine lanang, déné yeh wadon dibunteti nganggo tumbar 2. Mrica utawa tumbar kalebokake ing bolongan puser dipenetake' ing tangan nganggo diwur wuri : sukmadiluwih, jambulling kembang nagasari, digoreng sangan banjur kapipis, kerlkan munthu, irus, menyan (sathithik bae' mung kanggo sarat). Coplokané puser dirawati kang permati. Omah awerana manèh lawé wenang mubeng, pinggir lawang omah dokokana godhong nanas dilonthèngi enjet lan angus dièmper ula welang, lan gogodhongan widara, apa-apa, awar-awar, girang, ri kemarung, kupat luwar isi sawanan (dlingo, benglé, bawang). Kabèh mau panulaking sarap sawan, panunggalane kaya kasebut ing dhuwur. Sarapsawan iku kadadeyane para sadulur: kakang kawah, adi ari-ari, kang metu bareng sadina kang inetu ing marga ina, kang karawatan, lan ora karawatan, getih puser kalima pancer, welat kunir lan coplokan ari-ari. Mula supaya ora ngganggu gawe para sadulure sibay! mau, supaya digawèkake dolanan yaiku payung, gendéra, umbul-umbul, kagawé saka kertas, kerisan lan tumbak kang digawé pring, kabèh mau ditancepake ing gedebog, lan mengko bengi jam 7 nyumeda mrecon martandhani yèn wis puput. Kajaba iku ing sawengi muput kudu dipangku, wayah ésuk byar rahina sibayi lagi kena diturokake ing paturone sibayi dèkèkana gandhik kacorèk corèk enjet kaemba wong, nganggo Mata, irung, cangkem lan sapanunggalane, digedhong


[ 44 ]

cara bayi, katurokake ing paturone sibayi ana tampah kalèmèkan godhong senthé. Dené slametané sega janganan, jenang abang, jenang baro - baro, lan jajan pasar. Ing wengi iku sibayi banjur divènèhi jeneng.



No. 65. Jeneng.


Gawe jenenging, bocah iku iya nganggo pétungan, dené petungé miturut gunggungé neptu dina lan pasarane nalika lahir, banjur kapara 5, yèn bisa cèples (ora turah) iku kang becik. terange' mangkené saupama bocah lahir ing dina Kemis Pon, dijenengi, ꦱꦸꦏꦶꦂꦤ iku tiba pétung becik, sabab dina Kemis Pon neptune 8 + 7 = 15, ditambah neptune aksara kang dienggo jeneng yaiku neptune; ꦢ = 8, ꦏ = 5 ꦤ = 2, gunggungé neptune 15. Déné​​​ neptuné lahir uga 15, gunggung 30, banjur kapara 5, bisa cèples (ora turah). Bab neptune aksara petungé yaiku: ꦲ =​ 1, ꦤ = 2, ꦕ = 3 lan sapiturute nganti tumeka ꦔ ​=​ 20.



No. 66. Rencanane bayi yèn lagi puput puser.

Kajaba rencanane bayi ing sawengi tumekané 4 bengi kaya kasebut ing No. 63, yen mbeneri puput puser, iku luwih gedhe maneh rencanane, kasebut sarapsawan, sarapsawan iku lelembut, sadulure sijabangbayi dhewe, yen ora disumurupi, banjur ngganggu gawe. Dene sadulure sibayi yaiku:

Kutilapas kethèk kedadéan saka bungkus.
Cè èng demalung " " kawah.
Asu ajag " " ari - ari.
Kalasrenggi (bantheng) " " getih.
Kalamurti (kebo) " " kelem.
Kalarandhing (menjangan) " " ilu.
Kalawelakas (kidang) " " kunir landhesané pangethoking ari-ari
Tikus jinada " " coplokaning ari-ari.
Taliwangké " " ususing ari-ari.
[ 45 ]

Para sadulur - sadulur sijabang bayi mau, kajaba disumurupi kaya kasebut ing No. 63 lan uga diléla - léla sarana kikidungan, mangkéné kikidungane;

DHANDHANGGULA.

1. Ana kidung akadang premati, among tuwuh ing kawastanira, nganakaken saciptane, kakang kawah puniku, kang rumeksa ing awak mami, anekakaken sedya, pan kawusananipun, adhi ari-ari ika, kang mayungi ing laku kuwasanèki, ngenakaken pengarah.
2. Ponang getih ing rahina wengi, angrowangi Allah kang kuwasa andadèkaken karsane, puser kuwasanipun, nguyu-uyu sembawa mami, nuruti ing panedha, kuwasanirèku, jangkep kadangingsun papat, kalimané pancer wus sawiji, nunggal sawujud ingwang.
3. Yěku kadangingsun kang umijil, saking margaina sareng samya sadina awor enggoné, sakawan kadangingsun, ingkang ora umijl saking, margaina punika, kumpulé lan ingsun, dadiya makdumsarpin sira, wawayangan ing dat reké dadiya kanthi, saparan datan pisah.
4. Yèn angidung poma dèn memetri, mumuléa sega golong lima, takir ponthang wawadhahe iwak - iwakanipun iwak tasik rawa lan kali, sarta iwak bengawan, mawa gantalipun, rong supit winungkus samya, apan dadya sawungkus arta sadhuwit, sawungkuse punika.
5. Tumpangena nèng ponthangnya sami, dadya limang wungkus ponthang lima, sinung sekar cepakane, loro saponthangipun, kembang borèh dupa, ywa lali, memetri ujubira, donganira mahmud, poma dipun lakonana, saben dina nuju kalahiran neki, agung sawabé ika.
6. Balik lamun nora dèn lakoni, kadangira pan padha ngrencana, temah udrasa ciptane, sesedyanira wurung, lawan iuput pangarahanèki, sakarepira wigar, gagar datan antuk, saking kurang temenira, madhep laku iku dèn éling, samya dèn kawruhana.

No. 67 Yèn bayi sumeng.

Yèn bayi sumeng rama ibuné padha ndilatana mbunbunané, èpek - èpèké karo pisan, lan dlmakané uga karo pisan, anggone ndilati wiwit saka kiwa. Déne yen rèwèl kerep nangis, banjur ngidunga kaya ing ngisor iki :

KINANTHI.

1. Yèn nangis laré puniku, léla - lélanen anuli, supaya doh kang lalara, sarap sawane alari, tan want anyedhakana, saking rokhmate Hyang widi.
2. Winacaa puji Iku, sétan lumayu nggendring, sarap sawane anyimpang, panca baya pan sumingkir, kala - kalane akesah, datan wani amarani.

[ 46 ]3. Pitik tulak pitik tukung, tetulaké jabang bayi, situlak tunggu nèng marga, situkung mangungkung ngarsi, cacing recek samya ilang, kruma kremi padha mati.
4. Ana kinjeng tangis mabur, améncok nèng séla hardi, mireng tangisé ki jabang, arsa njuwuk anjampèni, jabang bayi wis menenga, wis menenga, wis turua aywa nangis.
5. Sapa manglong-manglong iku apa sira maling sekti, ing lor kidul kulon wetan, den kongkon aguna maling, amburu si asu ajag, dipoma dèn konsi mati.
6. Maling aguna sirèku, kalawan sibajing kikik, miwah si aji palampang, reksanen sijabang bayi mburu ünadha jinadha, lawan sigumarang sapi.
7. Miwah sicèlèng demalung, tundhungen dimèn angalih, yèn wus nora katinggalan, sira balia dèn aglis, reksanen ingkang santosa, anakingsun jabang bayi.
8. Sawengi ajana turu, dimèn adoh kang bilahi, sumingkir ingkang lalara, tan ana wanli nyedhaki, mulia aywa nggegawa, sijabang amales becik.



No. 68. Slámetan sapasaran.

Slametan sapasaran, yaiku : sega tumpeng janganan, jenang abang putih, baro - baro, lan jajan pasar.



No. 69. slametan salapanan.

Slametan salapanan, padha lan sapasaran, mung baé ing dhagan paturoné bayi, sajènana bathok bolong dilambari godhong banjur didèkèki katul lan areng jati, banjur ditumpangi godhong, sawisé banjur didèkèki tumpang, tumpeng mau ing pucuk ditancepi brambang, lombok abang lan endhog glundhungan.
Kajaba saka iku, bocah yèn wis umur salapan dina, banjur dicukur. Déné rambut cukuran sapisanan, lan kethokan kuku disawati, sarta ditunggalna dadi siji karo coplokane puser lan tainé kalong. Mulané perlu dirawati, mbokmenawa bésuk bocah mau dhemen marang kadigdayan kanuragan, aji jaya kawijayan, nora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurèndha, coplokané puser lan liya-liyané kang didadeké siji mau supaya diuntala.
Déné slametan 2. 3. 4. 5. lan 6 lapan, mung sega janganan, jajan pasar lan jenang abang, putih, baro - baro.


[ 47 ]
No. 70. Slametan mudhun lemah.

Yèn wis umur 7 lapan, banjur mudhun lemah, slametané sega Janganan lan liya-liyane kaya kasebut ing ndhuwur iku, sarta juwwadah lan tetel warna pitu (abang, putih, ireng, kuning, biru, jambon, wungu) banyu kembang setaman, pari, kapas, andha tebu arjuna, bokor isl beras kuning, kembang lan sawarnaning dhuwit igaran, sèn, kethip, talèn, rupiyah, ringgit, lan rajabrana gelang, kalung, ali - ali, sapanunggalané, sarta disedhiani kurungan. Bocah ditétah didak - Idakake Jadah tetel, banjur diunggahake' andha tebu, yen wis banjur dikurungi, bokor isi rupa-rupa mau, lan pari kapas, dicedhakake supaya bocah bisa dolanan njupuk sakarepe, ing kono banjur undhik- undhik (beras kuning lan dhuwit disawurale, banjur kanggo rebutan sing padha nonton). Sawise, bocah banjur didusi banyu kembang setaman. Sarampunge banjur dienggon enggoni sandhangan, lan nganggo gelang, kalung, sapapadhane banjur kalungguhake ana ngomah ing gelaran pasir, bokor Isi Beras kuning, dhuwit, rajabrana dicedhakake manéh, banjur dikur, kur, kur, (nguwur - uwurake beras kuning kang diwori dhuwit lan rajabrana ), bocah mau dichędhakake' supaya njupuk.


No. 71. Nyapih.


Bocah yèn umur 18 wulan utawa tumekané 2 tahun banjur disapih, déné isarate bocah mau digawa ing sangisoring wit gedhang, ing kono didekèki pangaron isi kembang setaman, sarta pangaroné dilèlèti tape' ketan. Saka sangisoring wit gedhang, bocah mau diemban digawa mubeng ngubengi omah ping telu, banjur sirahe dijeglugake wit gedhang ping telu (kanggo sarat, mung lirih baé) banjur didongani mangkéné: sang wéwé putih, kowe dak opani tape sapangaron, nanging janji bisa nyapih sijabang bayi, aja nganti nagis. Bocah mau banjur didusi kembang setaman kang ana sangisore wit gedhang mau.

Kajaba iku sadurunge bocah mau kudu dicekoki kunir, tumbar, trawas, dipipis binanyonan, dene ampase' diwuwuhi enjet banjur kanggo tapel. Sarta omben - ombene: kleyang godhong dhadhap lan babakané, kagodhog, banyune sapantese, iku kanggo omben - ombèn. Sarta dipupuki godhong dhadhap srep, upa lan uyah sajimpit dipipls lembut.


No. 72. Slametan tetesan.
Yèn bocah wadon 8 - 10 tahun, kudu ditetesi (sunat), slametan lan sajene : jenang abang, putih, baro - baro, tumpeng robyong, tumpeng gundhul (tanpa lawuh), gula jawa satangkep, krambil wutuh 1, empluk isi beras, kemiri, [ 48 ]

kluwak, gedhang ayu, suruh ayu, gambir, jambé sagagangé, kembang telon, menyan, lawe, kisi, dilah, kendhi, pitik urip, tindhihe dhuwit rong wang sabénggol. Déné papané kang kanggo netesi, digelari klasa ing tengah klasa pasir utawa babut, didekeki godhong apa-apa, kluwih, kara, dhadhap srep, alang-alang, ditumpangi klasa bangka cilik, banjur dilèmèki: lètrèk, jinggo, banguntulak, sindur, sembagi, selendhang lurik puluh - watu, yuyusekandhang lan lawon. Bocah kang ditetesi kapangku ing sanak sadulur kang wis sepuh lan katon mulya uripe, perlu disuwuni sawab berkah supaya katularan mukti, mripaté bocah mau ditutupi saka buri banjur dhukun methet (netes), déné pathetane, kunir lan kapuké kecemplurgake ing cuwo isi kembang setaman, banjur kalabug ing bengawan. Sawise ditetesi bocah mau banjur kon mamah jamu mamahan, wujude yaiku : beras kencur, kunir asem, tumbar, trawas, lan kayulegi, kabèh mau mentahan. Jamu kasebut ing dhuwur mau, pamamahe genti-genti, banyune kahulu, ampasé dilepèh, lan banjur nguntal endhog pitik mentah. Sawise bocah mau banjur disirami lungguh dhingklik dilèmèki kaya nalika ditetesi, yaiku lemèk klasa, lan gogodhongan apa-apa, kluwih, kara, dhadhapsrep, alang-alang, lan bangsa sembet yaiku lètrèk, jingga, banguntulak, sindur, sembagi, slendhang lurik puluhwatu, yuyu sakandhang lan lawon. Déne kang kanggo kosokan uga padha karo yèn siraman tingkeban kasebut ing dhuwur. Sarampunging adus bocah mau banjur didandani nganggo-anggo sarwa becik, kalungguhake ana sangareping patanèn (senthong tengah).



No. 73. Tarapan.


Bocah taṛap (wiwitan anggarap sari), sajrone 7 dina bocah mau ora kena metu saka omah, gelungane ditalèni nganggo lawe, supaya aja nganti wudhar sajroné 7 dina, lan ora kena adus, sajroné 7 dina, yèn lungguh nganggo lémék jamu galihan dikanthongi, sarta kangthongane dirangkepi lawon. Yèn wis 7 dina banjur didusi, déné aduse lan ubarampené, apadéne, patrap-patrape padha karo yèn adus mantèn utawa tetesan. Sarampunge adus banjur Jejamu mamahan, rupane kaya jamu mamahan yèn tetesan. Nanging tambah jejamu mamahan kang digodhog, yaiku: pentil dlima putih, temulawak dikruweki diiseni majakan, jeruk purut diiseni cengkeh sajodho lan pentil télagantung, pemamahe iya kaya nalika tetes. Déné slametané lan sajené uga padha karo slametan lan sajené yèn tetesan.


[ 49 ]
No. 74. Supitan.

Bocah lanang umur 13 15 tahun kudu disupit, sarèhning wis umum. diwuningani, tatacarané ora perlu diterangake. Déné slamétané lan sajéné padha lan slametan tetesan, mung tambah sajèn sawarnaning gerangan arit, pacul, pangot, marisan, linggis lan sapadhané, kabèh mau diwadhahi tebok kaya nata ambengan. Déné patrapé lan ubarampaning siraman lèméké lan kosokaně padha lan siraman tetesan kasebut ing dhuwur. Déné yèn arep disupiti wayah jam utawa 5 ésuk, kudu kumkum dhisik.


No. 75. Tetambané wanita anggarbini (meteng).
  1. Yen anggarbini sasasi tumeka 3 sasi, jejamuné dlingo, bengle, kunir, temulawak, sintok, mesoyi, cabé, bawang putih, kemukus, seprantu, lempuyang, godhong cukilan, kembang worawari bang, banjur kapipis, binanyonan sapantesé, kaombe.
  2. Yen anggarbini 3 sasi tumeka 7 sasi, jejamua wejah, yaiku: godhong sinom, pupus dhadhapsrep, pupus jambu kluthuk, pupus jambu dersana, bethonan nanas, godhong meniran, sèmbukan, krema, temugiring, temu ireng, lempuyang, kunir, sawanan, kèh sathithike sapantese, banjur kadheplok binanyoman sawatara, kasaring, banjur kaombe, yèn arep kaombé kecerna jeruk pecel sathithik. jejamu mangkono iku ing saben dina Senen, Kamis.
  3. Yèn anggarbini luwih 7 sasi tumeka 8 sasi, ing saben dina Senen, kemis, jejamua ombèn - ombèn kang ginawé saka kayu legi sadriji didhedhegi, kerikan secang pengaji saprapat dhuwit, banjur dikum nganggo leri bungkak watara 3 jam suwénén, banjur kaombé. Dené ing saben dina Rebo lan Sabtu, jejamu ombén- omben kang ginawe saka cabe 3 iji lempuyang 2 rampang (grigih), kadheplok binanyonan sapantese, diuyahi sajimpit kan dikeceri jeruk pecel sathithik, kaudhak banjur kaombe.
  4. Yen anggarbini ngancik 9 sasi, ing dalem seminggu sapisan jejamua sorog, yaiku: ketumbar sajimpit, godhong trawas rong lembar, seprantu siji, binuwang isine, Jinten ireng sajimpit, Jongrahab, ajar lan mesoyi sathithik, thothok mimi sacuwil, kulit urang kabakar sathithik, banjur kaplpis, diuyahi lan binanyonan sapantase, kasaring, banjur kaombe.
  5. Yen wis anggarbini ngancik 9 sasi, kajaba kasebut ing ndhuwur, uga prayoga jejamua komplang, yaiku temulawak saendhas Jago diparut, banjur diperes diwori lenga klentik 1/2 sendhok teh, banjur diombe. Pangombene ana ing tengah lawang, sarta jamu mau pargombene diwadhahi godhong lumbu.
  6. Lan uga yen anggarbini ngancik 9 sasi, uga luwih becik yen jejamua cabe lempuyang dicampuri lenga klentik kang isih anyar 1/2 séndhok tèh banjur kaombe. [ 50 ]
    Kajaba saka iku, longkangé dina kanggo jejanu kang kasebut ing ndhuwur mau, wiwit anggarbini nom tumeka tuwa, luwih prayoga yèn uga jejamu kaya ing ngisor iki:
  1. Kang kerep ngombe cabe' lempuyang, mung nganggo diuyahi sathithik.
  2. Ngombé banyuné godhongan kacang ijo, ampasé kadhahar uga luwih prayoga.
  3. Déné kang dienggo borèh, yaiku gagang suruh, didhedhegi dhisik, lan kacang ijo digodhog, dicampuri lenga wangi banjur kaborehaké ing padharan.
  4. Yèn anggarbini ora bisa mbebuwang kang samesthiné, padharané tapelana : godhong semangka, godhong jarak ijo, godhong gandarasa, brambang, adas pulawaras, temu putih, dlinggo benglé, lempuyang, banjur kapipis nuli ditapelaké ing padharan lan sakiwa - tengené.




No. 76. Tamba sawise nglairaké jabang bayi.
  1. Ing saben ésuk soré, wedhakana beras kencur nganti sapasar lawasé.
  2. Lan uga wednakana : temutis, benglé, kunci, lempuyang emprit, godhong poo, kencur, seprantu, godhong lan kulité jeruk purut, kayuangin, sintok, mesoyi, cabé, bawang, brambang, cengkèh, pala, adas pulawaras, jinten ireng, jinten putih, waronsari, mungsi, dlingo, kembang tapèn, mrica putih, banjur kapipis binanyonan saprayogané banjur kanggo wedhak.
  3. Ngombé jamu kang digawé laos, bawng putih, uyah goréng, kapipis binanyonan banjur kaombé.
  4. Ngombe janu parem kang digawé saka : ketumbar, mungsi jawa, adas pulawaras, Jinten ireng, cengkèh, kemukus, kapulaga, sidawayah, sukmadi- luwih, kembang pulu (kembang sumba), widara laut, secang, manis jangan, sintok, mesoyi. kayulegi, kayuangin, kadhawung, pala, kencur, kunir, temugiring, temulawak, asem ireng, kabèh mau diepé, yèn wis garing banjur didheplok dadi bubukan, yèn arep jejamu njupuka saperluné binanyonan diuyahi sathithik banjur kaombé.
  5. Tapelé kembang kenanga, benglé, jongrahab, ketumbar bolong, kapipis banjur ditapelaké.
  6. Utawa suruh, benglé, ketumbar bolong, jongrahab, kapipis binanyonan sathithik, banjur ditapeiaké ing padharan.
  7. Pilise, yèn esuk nganggo godhong turi, jongrahab, ketumbar bolong, brambang, kapipis banjur kapilisake, yèn ora bisa kraket binanyonan sathithik.
[ 51 ]
  1. Utawa nganggo pilis singgul, yaiku dlinggo, benglé, kunir, jinten ireng, lempuyang, ketumbar, mesoyi, énggot ajar, isi seprantu kapipis banjur kapilisaké, yèn ora kraket binanyonan sathithik.
  2. Lan uga wewedhakan : dlingo, benglé, kúnir, Jinten ireng, lempuyang, kemukus, mesoyi, kayuangin, kayutimur, seré, tegari, ganti, kencur, kemukus, cengkèh, sintok, cendana, banjur kadheplok dadi siji kaulet diglintiri cilik-cilik, sarta kaepé nganti sasal lawasé, déné panganggoné dijèri banyu kanggo wedhakan.
  3. Yen wis oleh 40 dina, jejamuné yaiku mungsi, cabé, kemukus, klabet, jinten ireng, kayu jang-jang, kedhawung binakar, kembang pala, podhi sari, murmak daging, sintok, seprantu, getah pelang, pulasari, kayu legi, godhong trawas, jenitri, kembang lawang, kapipis binanyonan banjur kaombe.




No. 77. Tamba payudara supaya deres wetuning banyu susu lan yèn kena lelara
  1. Oyod pari, oyod kangkung, adas pulawaras, keningar, kapipis lembut banjur kawedhakaké ing payudara, supaya deres wetuning banyu susu.
  2. Temulawak diparut, godhog karuk, tawas, ragi, kayulegi, brambang, kapipis banjur kawedhakaké ing payudara supaya deres wetuning bayu susu.
  3. Payudara sandhanen, tambanana godhong kecubung, adas pulawarasa, brambang, kembang abu, kapipis binanyonan cokak Jawa, yèn arep kanggo, dienget nganti mangaet - mangaet, banjur diwedhakaké ing payudara.
  4. Payudara mentheng - mentheng abang krasa lara utawa abuh, tambanana pala digodhog, sarta kullting dlingo kapipis, banjur ditutul - tutulaké kang lara nganggo gombalan.




No. 78. Tamba Tapel lan pupuking bayi
  1. Jeruk pecel 1, enjet, lenga putih, diulet banjur ditapelake.
  2. Adas, brambang, kadhawung, dibakar, kayu angin, kayu uiet - ulet (kayu ules), temulawak, godhong lapes, godhong sembukan, asem ireng, banjur kapipis, kanggo tapel.
  3. Yèn sore pupukedlingo, benglé, brambang, kunir, kapipis, banjur kapupukaké, dené anggoné mupuki, ing saben dina ésuk soré, nganti bayi umur 14 sasi. [ 52 ]
    1. Yèn ésuk pupuké : godhong krema, temu giring, brambang, kapipis, kanggo pupuk. Déné anggoné mupuki ing saben dina ésuk soré, nganti bayi umur 14 sasi.



No. 79. Tamba yèn mentas terag (kluron).

Godhong simbarbajing, empu kunir, adas pulawaras, jeruk pecel, ginodhog, binanyonan sapantesé, banyuné kakerèkaké separo banjur kaombe kanggo wedangan.




No. 80. Tamba yèn nglairaké bayi kasuwen.
  1. Tampanging jala kang wis kanggo (timbelé); dikum ana ing pinggan, banyuné diombekaké kang lagi nglarani, (timbelé jala sadurungé dikum, kudu dikumbah resik, mangkono uga banyuné kang kanggo ngakum, iya kudu resik). Banyuné kum-kuman' tampang jala, sadurungé diombekake' banyu mau diwacakaké surat An ngan dhisik, sarta kadamu ping. 3 banjur kaombekaké. Déné uniné surat An ngam mau, lapalé mangkené: Latut rikuhul absaru, wahuwa yud rikuhul absaro, wahuwa latiful khabir.
  2. Utawa banyu kumbahané tungkak sikilé sing lanang ( nanging yen ora kena lelara, sarta kudu diwisuhi kang resik). Banyu kukumbahan tungkak mau winadhahan ing pinggan, lan diwacakaké An ngam dhisik kaya kasebut ing dhuwur, sawusé diwacakaké lan didamu ping 3, uga banjur diombekaké.



No. 81 Tamba ari-ari ora bisa metu.
  1. Tambanana : dhangkel kelor lan adas, kapipis binanyonan wédang banjur kaombé.
  2. Utawa tambanana : babakan telèr, bawang putih, kapipis binanyonan kaombé.



No. 82 Tamba wanita murih kinasihan ing priya.
  1. Kembang dlima putih, yèn oleh kang sungsun luwih becik, empu kunir, jinten ireng, kapipis binanyonan sarta diuyahi sajimpit banjur kaombé.
  2. Gandarukem, isi Jambé, cengkéh, pala, mesoyi, tlutuh sana, endhog, gambir jenitri, kapipis binanyonan jeruk pecel, banjur kaepé nganti garing kakempelaké, déné pandhahare disisir mbaka sathithik banjur katelen.
[ 53 ]
  1. Kala mangsa lan luwih prayoga yèn bisa saben dina, nginanga nganggo suruh tangis sajodo, suruh temu rosé, jambé wangèn, gambir, enjet, cengkèh, kapulaga. Dubang sapisan kudu kaulu. yèn kaulu sasepahé luwih becik.
  2. Dhahar rujak utawa lotis uga becik, déné kang dirujak utawa dilolis yaiku : pentil salah, pentil lo, babal, gedhang klutuk kang nom, empol cengkir, mlandhingan kang nom durung ana isiné, sanajan ana, nanging kang ijih cilik - cilik banget, bumbuné miturut apa lumrahé, mung baé ora kena pedhes-pedhes, lomboké mung kanggo srana baé.
  3. Yèn ing bengi mentas salutut, ésuké prayoga jejamu kang ginawé betotan nanas, suket jarem, godhong adhem - adhemati, godhong gagan - gagan, kunir putih, temu giring, temu ireng, temulawak, empu kunir, Jeruk pecel, uyah, kencur, dipipis binanyonan sapantesé banjur kaombé.



No. 83. Tamba kepengin duwe anak.
  1. Yèn kabener dina Anggarakasih (Selasa Kliwon), utawa Jumuah Kliwon, golèka kemangga kang ngendhog, weteng lan endhogé jupuken banjur katelen nganggo gedhang mas. Nanging ing sadurungé kudu tetamba dhisik rupa : temu ireng gedhéné saendhas pitik, kapipis binanyonan sawatara, diuyahi sajimpit, banjur kaombé, pangombéné saben dina rebo lan Sabtu, pangombéné mau sarampungé adus wuwung (adus wuwung dhidik).
  2. Pala satugel, kayu timur, asem, kabèh kabakar, banjur kadheplok, kanggo tapel ing padharan sapangisor, anggoné napelaké nganggo kapuk.
  3. Legoning pakèl, bonggol nampu, kausapaké ing purusé priya kapipis banjur kadhahar ing wanita.
  4. Benglé, bawang putih, jongrahab, manisjangan, kencur, suruh, banjur, kapipis binanyonan sathithik banjur kaombé.
  5. Cabé, lempuyang, jaé, kapipis binanyonan sathithik banjur kaombé, ampasé. diwedhakaké ing padharan lan sikil karo.



No. 84. Tamba anggarapsari.

Yèn anggarapsari krasa lara, lan ora temtu wektuné, tetambané temu lawak 7 iris, kunir 3 jenthik, asem kawak sapantesé, lan gula jawa, banjur kagodhog dibanyoni 2 gelas, kakarekaké sagelas, banjur diombé. Déné sasuwené anggarapsari uga ngombé tamba iku.




No. 85. Tamba bayi lara gabag lan cacar banyu.
  1. Yèn lara gabag : babal, godhong plencing (godhog so), lan adas pulawaras, kabèh kapipis binanyonan saththik banjur kawedhakaké ing badan sakojur tumeka sikil.
[ 54 ]
  1. Yèn lara cacar banyu : kemladhéyan kelor lan adas pulawaras, kapipis kabanyoran sathithik banjur kawadhahaké ing badan sakojur tumeka sirah.
  2. Lara gabag lan lara cacar banyu mau tamba kang diombé yaiku : madu lan banyuné degan ijo, sawisé kaudhak banjur kaombekaké kira-kira kèhé sacangkir.
  3. Déné paduhané lara gabag lan lara cacar banyu mau yaiku : téla gantung kang ijlh nom (katés, uga ana kang ngarani gandhul) ing ndhuwur sangisoré gagang dikethok perlu kanggo bolongan anggone mbuwang isiné, sawisé isiné dibuwang nganti resik, banjur diiseni : gabah, otèk, jagung, botor, ketan ireng, kacang ijo, bata, wedhi, beling, krikil, gerèh pèthèk, kethokan kates mau banjur ditangkepaké manèh kang kenceng, perlu kanggo nutupi bolongan mau, supaya kabeh kang wis diisèkaké aja nganti padha metu (wutah), katès mau banjur kabenem nganti mateng banget. Yèn wis mateng banget kajupuk sarta banjur kabuwang ing kali, déné yèn adoh kali, buwangen ing sumur baé sadurungé dibuwang kudu muni mangkéné: hèh sigabag sicacar banyu, sira aja pati pati thukul, yèn paduhan kang sun buwang kakèlèkaké ing kali, (kang kacemplungaké ing sumur) durung thukul. Sawisé ngucap mangkono banjur kabuwang kakèlèkaké ing kali utawa sumur.



No. 86. Tamba bayi, bocah, utawa wong tuwa,
lara cacar wata (cangkrangen)
  1. Jinten ireng, mesoyi, dlingo, benglé, angkup jambé kang nom 1, brambang 1, suruh kang temureosé 3 lembar, kabeh kapipis binanyonan sathithik, kasaring banjur kaombekaké.
  2. Yèn wis mlenthung, brambang lan kunci kamamah banjur kasemburaké ing mripat saben ésuk soré, nanging mamahan mau aja nganti ngenani (nyiprat) mripat, dadi mung kajupuk hawané baé bisané tumandhuk. Déné yèn arep nyemburaké kudu nguñekaké montra dhisik mangkéné: Bismillah hirokhman nirokhim, kanjul ngaras, kanjul ngalam, Bagus Karang aja perak perak marang aku, pan aku anak putuné Sayid Pangéran. Bujang Galiman aja uruk sudi gawe marang aku, pan aku anak putuné Bagus Karang. Loncang-lancing Nyai Rara Kidul aweh gabag cacar plenthing 10. 9. 8. 7. 6. 5. 4. 3. 2. 1. siji baé trima, trima saking kersaing Allah.



    Katrangan Lara gabag lan lara cacar banyu kang kasebut No. 85 uga disemburi lan dimantrani kaya kasebut ing dhuwur iku. Apadéné tamba cacar watu utawa cangkrangen, uga nganggo paduhan. Déné paduhané kaya kasebut ing bab No. 85 ing angka 4, ing ndhuwur.



[ 55 ]
No. 87. Tamba bayi lara sawan.
  1. Godhong inggu, gagang suruh, dlingo, bawang, kabèh pinipis binanyonan sathithik, diuyahi sathithik, banjur kaperes disaring, banyuné dicekokaké.
  2. Godhong legundhi lan brambang kapipis, binanyonan sathithik, diuyahi sathithik kaperes disaring, banjur kacekokaké.
  3. Pucuking dlinģo 3 iji kabakar ngarti gosong, lan adas pulawaras kapipis, banjur diwor karo jeruk pecel, kayu angin, oyod bayem, kèh sathithil; sapantesé baé, banjur diwadhahi ing kriyuk, dibanyoni 2 mangkok kagodhog, banyuné dikarekaké samangkok, banjur diombèkaké sadina ping pindho, nganti 3 dina.
  4. Oyod brambang oyod suket lulangan, adas pulawaras, secang bathok krambil laut, kabeh kapipis binanyonan sapaniesé, banyuné kacekokaké, ampasé kaborèhaké.
  5. Godhong sikil sawit, ganti, mesoyi, jinten, majakan, lempuyang, kabèh dimamah kang lembut, nuli disemburaké kang warata.
———————
No. 88. Tamba bayi kembung.
  1. Adas sajimpit, brambang siji, kedhawung sajodho dibakar mateng kabèh kapipis, banjur kanggo tapel ing wetengé.
  2. Godhong inggu satekem lan brambang, kapipis, diwori lengo putih, kanggo tapel ing wetenge.
  3. Yèn bocah grayangané panas, banjur tapelana godhong dhadhapsrep kang ijih semuruh, pinusus, banjur ditapelaké.
  4. Oyod lembong 1 wit, adas pulawaras sajimpit, brambang 1, kayulegi sajenthik, kaplpis binanyonan diuyahi sathithik, banyuné kacekokaké
  5. Bocah kembung prayoga aja didusi, sarta sikilé kiwa tengan, dlamakan, tangan kiwa tengen, èpèk -èpèk padha padha digosok brambang karo lenga klethik.
———————
No. 89. Tamba bayi lara panas.
  1. Dlingo sapucuk jenthik, benglé sairis, katumbar sajimpit, brambang 1, mesoyi sapuçuk jenthik jinten ireng sajimpit, seprantu sacuwil, jenggot ajar sajenthik, kumis sajenthik, dikumbah resik, dipipis binanyonan cokak jawa sathithik lan lenga putih sawatara sapantesé nuli dibionyohake awaké sakojur tekan sirah, lan banjur dikrukub.
  2. Yèn diantarakaké mangka panasé ijih ajeg, null tambanana godhong jinten sathithik, brambang 2 iji, banjur karemed diwori cokak jawa, banjur dikomprèsaké ing sirahé, aja lèrèn lèrèn yén durung sirep panasé. [ 56 ]
  1. Déné jamuné: oyod garut 2 wit, adas pulawaras sajimpit, brambang 1, kayulegi sadriji, dikumbah resik, kabèh kadheplok, binanyonan sathithik, kaperes disaring, banjur diombekake watara sasendhok mangan.
  2. Godheng dhadhapsrep 5 lembar, upa (sega) watara sapulukan, banjur karemed, binanyonan sawatara, banyuné kasaring, banjur kaombekake watara saséndhok mangan.
  3. Bonggol puspanyidra rong jempol, adas pulawaras nyajimpit, didheplok binanyonan, kaperes disaring diuyahi sathithik, banjur kaombèkaké watara saséndhok mangan.
  4. Yen banjur lara hulu atiné, tambanana : kulit dlima putih, godhong poo, kambeng pala, kabèh kapipis nuli tapelna ing hulu atiné.
  5. Godhong lampes, godhong sémbukan, godhong trawas, botor putih, kedhawung, ketumbar, brambang, kèh sathithiké sapantesé baé, beras sajimpit, kabèh dipipis, banjur kanggo tapel.




No. 90. Tamba bayi mutah-mutah ising-isingen.
  1. Godhong uncang lan godhong poo sapantesé kapipis binanyonan sawatara, banjur dipupukaké ing mbun-bunan, sarta ing sikilé dlamakan, tangan terus ing èpèk-èpèk, lan godhoh kuping, kawedhakna kang rata.
  2. Kembang suruh 5 iji, tuma 3 iji, kawenyed binanyonan sathithik, banjur dicekokkaké.
  3. Woh pala sakembangé, santen kanil, jinten putih, kulit dlima, jaé 3 iris, kabeh kapipis, dibanyoni anggur, nuli dipopokaké hulu atiné.




No. 91. Pakaryan (pangupajiwa) kang Jodho lan dhedhasaraning wataké bocah, murih tumeka ing kabegjan, miturut dina lahiré.

Yèn lahiré ing dina :

Akad jodhoné : ulah tetanèn lan nenukang.
Senén,
"
ulah praja lan ngawula.
Slasa,
"
ulah kaprajuritan lan ngambah segara.
Rebo,
"
ulah kapradhatan (pengadilan) lan gendhing.
Kemis,
"
ulah kapandhitan lan tetanèn.
Jumuah,
"
ulah dagang lan tetanèn.
Sabtu,
"
ulah kapujangan lan tetanèn
. [ 57 ]
No. 92. Petung bab pakaryan (panupajiwa) manèh, kang
cocog lan dhasaré wateking bocah, murih nemu kabegjan
miturut dina lan pasarané nalika lair.

Pangétungé mangkéné: wêtori dina lan pasaran kabanjuraké tekan pendhak dina kaping 3, saka dina lahiré bocah mau, yaiku mangkéné : gunggungé neptu dina lan pasaran kagunggung, kabagé 5, turah pira, yen turah 1, wiji wétan, turah 2, wiji kidul, turah 3, wiji kulon, turah 4, wiji lor, turah 5, (cèles utawa entèk) wiji tengah. terangé mangkéné ;

Saupama bocah lahiré dina Jumuah Pon,

Jumuah Pon, neptuné 6 + 7 = ...., ...., ...., ...., ...., ....,

13,-

Pendhak dina kapindho saka dina Jumuah pon, dina

Jumuah Kliwon, yaiku neptu 6 + 8 = ...., ...., ...., ...., ....,

14,-

Pendhak dina kaping telu saka dina Jumuah Pon, tiba dina

Jumuah Paing, yaiku neptu 6 + 9 = ...., ...., ...., ...., ....,

15,-


gunggung neptu dina lan pasaran

42,-

Neptu 42, banjur kabagé 5, turah 2, yaiku wiji kidul. Upama manèh : Saupama bocah lahiré dina Ngahad Legi.

Ngahad Legi, neptuné 5 + 5 = ...., ...., ...., ...., ....,

10,-

Pendhak dina kapindho, tiba dina Akad Pon, neptu

5 + 7 = ...., ...., ...., ...., ....,...., ...., ...., ...., ....,...., ....,

12,-

Pendhak dina kaping telu, tiba dina Akad Kliwon, neptu

5 + 8 = ...., ...., ...., ...., ....,...., ...., ...., ...., ....,...., ....,

13,-


gunggung neptu dina lan pasaran

35,-


Déné wateké wiji siji - sijiné kaya ing ngisor iki :

Yèn turah 1, wiji wétan, wijining kapriyayèn, watèk: 1. Sinomé ingkang rinengga. wiji wétan kang darbèni Hyang Bathara Endra lan putra Dyah Tarą Dewi, kuthanya kencanadi, kéndraning Samodra madu, peksinya atat kembang, ingon-ingoning narpati, kajengira nagapuspa rum kang sekar. 2. Sembada war­nan­ya éndah, isèn-isèn tamansari, jalu tanagi wanita, yèn wiji wétan kang jalmi, kabegjanira sakti, suwita jalaranipun, wetuning sandhang pangan, saking pasihingh gusti, kathah kedhik samurwaté juga-juga.

Yèn turah 2, wiji kidul, wijining sudagar, wateké : 1. Wiji kidul ginupta, déwanira kang darbeni, nenggih Hyang Bathara Brama, lan atmaja Dyah Bremani, kithanira tembagi, kinubeng segara marus, manúké reng-urang­an, telatèn ngupaya bukti, datan wigih angusir minèng jro toya. 2. Kayuné ingas wataknya, sumuk lamun dén aubi, wong wiji kidul sanadyan, lanang wadona kang jalmi, kabegjanira saking, amerdagang cari untung, yèku kang dadya kasab, panggayuhing sandhang bukti, ing samurwat - murwat wijiling kabegjan. [ 58 ]Yén turah 3, wiji kulon, wijining kapandhitan, wataké : 1. Kang wiji kilén kinandha, kithanya slaka respati, kaendran jaladri pohan, déwanira kang darbeni, Hyang Mahadéwa pekik, lan Mahadéwi Sang ningrum peksiné kuntul tansah, sabeng patirtan kang sepi, anarima mét boga isining tirta. 2. Kajenge wijayamulya, awingit sekarnya luwih, tuhu dadya.srananing rat, yen wiji kulon kang jalmi, jaler estriya dadi, tetumbal pamuwusipun, prasasat toya marta, amartani ing sesami, kabegjane mijil saking pamicara.
Yen turah 4, wiji lor, wijining patanen, wataké: 1. Mangkaya wiji ler winarna, kithanira purasani, kinubeng sagara nila, déwanira kang ngrenggani Bathara Wisnuwarti, lan garwa Dyah Sri rum-arum, kayuné asem dahat, silir ayem den aubl, peksinira gagak waskiténg sasmita. 2. Nora linyok ing wicara, lan malih awet nom yekti, lamun wij! lér puntka, jali tanapi pawestrl, kayane ulah bumi, gaga sawah anenandur, pala pendhem kasimpar, sakliré kang pala dadi, iku ingkang dadi marganing kabegjan.
Yen turah 5, wiji tengah, wijining paugeran, wateke : 1. Wiji tengah cinarita, kithannya sinilih esih, mas suwasa sinasotya, pratistha kendraning tasik, tirtanya manca warni, déWwanira kang amengku, pamugarining déwa, nenggih Hyang Guru Pramésthi, saha garwa parab Hyang Pramaliswara 2. Peksiné déewata mulya, aluhur sabeng wiyati, wreksanya gurdha kamatyan, ayom pangauban jalmi, priya miwah pawestri, yen wiji tengah saestu, linulutan ing jalma, akathah begjane luwih, nora pilih ing samubarang pakaryan.


No. 93 Jayané manungsa.
Gunggungé neptuné dina lan pasaran nalika lahir
Pernahing panggonen Jaya
7
Lor utawa Wétan
8
Lor
"
Wétan
9
Kidul
"
Wétan
10
Kidul
"
Wétan
11
Kulon
12
Lor
"
Kulon
13
Lor
"
Wétan
14
Kidul
"
Wétan
15
Kulon
16
Kulon
17
Lor
"
Kulon
18
Lor
"
Wétan

Katrangan : sauparna lahir ing dina Kemis wage, neptuné dina Kemis 8 wagé 4, gunggung neptu 42, nepiu 12 Jayené ana ing pemah Lor utawa Kulon. dadi upama arep golèk pagawéyan, golek pangupajiwa dagang lan samubarang apa bac, parané kudu ngalor utawa ngulon

57

[ 59 ]
No. 94. Pal Yama

Pétung tibaning umur saben 12 tahun begja cilakané miturut gunggungé neptuné dina lan pasaran nalika lahir.

Gungguné neptuné lan pasarané nalika lahir Kapisan umur 12 tahun Kapindho umur 24 tahun Katelu umur 36 tahun Kapat umur 48 tahun Kalima umur 60 tahun
7 ​ꦥ
8 ​ꦤ Conto
9 ​ꦥ
10
11
12
13
14
15 ​ꦤ
16
17
18 ​ꦤ

Katrangan: tegesé Hajar tegesé Nabi tegesé Sunan tegesé Wali tegesé Pandhita
Kang becik yan tibasntanan idhekahe tumpeng 2, iwake pitik putih, sikilé kuning, digawé lembaran. geréh gate! kuluban ranii lan kacang Klotokan, sambel gepeng, legen sakebake beruk, menyan bobot telung tail kembane warna wolu, slaka bobot llmang saga. Dongané tawil ngumur.
Katrangan manéh : Saupama bocah Jahir dina Akad Legi, neptuné Akad 5 Legi 5, gunggung neptu 10, bocah mau wiwit lahir tumekané umur 12 tahun, ​ (becik) umur 12 tahun luwih sadina tumaka umur 24 tahun tiba : (ala), Umur 24 tahun luwih sadina tumekane’ 36 tiba (ala). Umur 36 tahun luwih sadina tumekané 48 tahun tiba : (becik). Umur 48 tahun luwih sadina tumekané umur 60 tahun tiba : (ula)

Déné wiwit umur 60 tahun luwih sadina tumeka umur 72 tahun, lelakoné bali manèh kaya yèn umur wiwit lahir tumeka urnur 12 tahun, lan sabanjuré [ 60 ]
No. 95. Pal Haduni.

Pétung tibaning umur saben 12 tahun begja cilakane’ ganti miturut dina lahir.

Dina Lahir Kapisan umur 12 tahun Kapindho umur 24 tahun Katelu umur 36 tahun Kapat umur 48 tahun Kalima umur 60 tahun
Akad tuna harja kagèt harja cilaka
Senèn cilaka harja kagèt harja gedhé cilaka
Selasa tuna harja kagèt harja gedhé cilaka
Rebo susah harja satruning Allah harja gedhé kagèt
Kemis tuna susah harja gedhé cilaka tuna
Jumuah harja akèh sanak takon satruning Allah tuna harja
Septu susah harja satruning Allah harja harja

Katrangan : Saupama bocah lahir dina Akad, bocah mau kang kapisan wiwit lahir tuméka umur 12 tahun lelakoné nemu tuna, kang kapindho wiwit umur 12 tahun luwih sadina tuméka umur 24 tahun lelakoné nemu harja, kang katelu wiwit umur 24 tehun luwih sadina tumeka umur 36 tahun lelakoné nemu kaget, kapal wiwit umur 36 tahun luwih sadina tumekane“umur 48 tahun lelakoné nemu cilaka.
Déné wiwit 60 tahun luwih sadina tumekané 72 tahun, lelakoné banjur bali manèh kaya yen wiwit lahir tumeka 12 tahun lan sabanjuré


[ 61 ]
No. 96 Pal Srigati
Petungan tibaning umur saben 6 tahun rijeki sandhang pangane ganti miturut gunggunge Dina lan pasaran nalika lahir
Gunggunge neptune dina lan pasaran nalika lahir umur 6 tahun umur 12 tahun umur 18 tahun umur 24 tahun umur 30 tahun umur 36 tahun umur 42 tahun umur 48 tahun umur 54 tahun umur 60 tahun umur 66 tahun umur 72 tahun umur 78 tahun umur 84 tahun umur 90 tahun umur 96 tahun umur 102 tahun umur 108 tahun
7
5
2
5
2
1
3
3
5
2
5
2
1
3
3
5
2
5
2
8
5
2
1
2
1
4
1
8
5
2
1
2
1
4
1
8
5
2
9
3
6
2
1
5
2
5
1
2
3
6
2
1
5
2
5
1
2
10
2
1
5
2
2
4
1
1
5
5
2
1
5
2
2
4
1
1
11
3
5
2
2
9
2
1
2
3
1
3
3
5
2
2
9
2
1
12
1
6
2
1
5
1
2
1
2
5
5
1
1
6
2
1
5
1
13
4
2
1
6
1
2
2
6
3
1
2
3
6
4
2
1
6
1
14
2
1
2
5
5
1
5
5
2
5
1
2
5
5
2
1
2
5
15
3
1
2
2
6
3
1
2
3
6
6
2
1
2
5
3
1
2
16
1
4
2
3
1
2
4
2
3
8
3
1
8
2
1
3
1
4
17
2
2
1
6
1
2
2
6
3
1
2
3
6
6
2
1
5
2
18
3
6
2
1
5
2
5
1
2
5
5
1
1
5
2
2
1
2

Katrangan : saupama bocah Iahir dina Rebo Wagé. Dina Rebo Wagé neptuné 7 + 4 = 11. Bocah mau Wiwit lahir tumekané umur 6 tahun oleh biji 3, umur 6 tahun luwih sadina tumekané 12 tahun oleh biji 5, mangkono sebanjurané. Yèn tiba angka gedhé ( biji akèh ), iku tegesé akèh begjané lan senengé. Yèn tiba angka cilik ( biji sathithik ), kurang begjané lan senengé. Kang akéh dhéwé tiba angka 9, kang sethithik dhéwé tiba angka 1. [ 62 ]

No. 97. Wataking bayi miturut dina nalika lahiré.


Yèn lahir ing dina:

Akad, lakuning srengenge, padhang atine, suka rila samubarangé maring pawong sanake, keras budiné, asih marang kawula, resikan lan pinter nucara, bisa mrentah wong tuwa.

Senèn, lakune rembulan, ora kena digagampang wicarane, sabab luwih panas, kebat cukat samubarangé, suka rila ing batin, dhemen marang panggawe bener.

Slasa, lakune geni, durjana rong prakara, disengeti wong, yèn duwé sasanakan mung sadhéla, sabab banjur crah, suka rila, nanging jail dahwen panastèn tan antepan.

Rebo, lakuning bumi, yèn becik ngluwihi beciké, ora kurang sandhang pargan, budine meneng, yèn clathu kepara ngarep, samangsa gelem clathu kakudu - kudu.

Kemis, lakuning angin lan gelap, sapa kang dadi jodhoné sring mati dhisik, akèh kang padha wedi mring wicarané, yèn duwe rowang ora bisa awèt, ora terus ing batin, panas atine, luwih brangasan, ing lahir budiné luwih becik sarta rempit, dhemen digunggung ing wong, kena diapusi yen diempuk alus.

Jumuah, lakuning lintang, dhemen mandhita lan dhemen mlarat, yèn deduwèn dijaluk sanak saduluré suka rila, dhemen ngupaya kapinteran, ambeke alus, suka marang pawong sanake, akèh pawong mitrane padha asih.

Setu, lakuning banyu, kerep disatru wong, akèh mitrané uga padha nyirik, sarta kinaweden ing wong akeh, nanging ana kayane, pinter ngupaya sandhang pangan, dol tinuku gelis payu, luwih banter gawéré, sabarang pagawéyan kudu maratangan, énggal katandangan.




No. 98. Wataking bayi miturut dina lan jam nalika lahir, wayah awan utawa bengi

Yen lahir ing dina:

Akad jam 2, pandhita sabdaning nyata, temen.
Senén " 2, dora, dursila.
Slasa " 1, malaékat ngambil nyawa, lalaranen utawa cendhak umure.
Rebo " 2, ratu wibawa mukti
Kemis " 2, bangsa pangasihan, antepan.
Jumuah " 2, bangsa palényokan, lèmèran.
Setu " 1, malaékat ngambil nyawa, lalaranen utawa cendhak umure. [ 63 ]

No. 99. Wataking bayi miturut pasarané nalika lahir.

 Yén lahir ing pasaran :

 Kliwon, wisa marta durjana tengah, ana alané lan ana becike ingon - ingcné munyuk lan asu, wataké munyuk dhemen memènèk, galak ora bisa tutut, akèh akale, saba dharatan lan kekayonan, uga ana ing banyu, sanajan wis dipakani, uga gelem nyakot lan nglwi - ngiwi, ora kena dicedhaki lan dibeciki., Watake asu setiya tuhu marang bendarane nanging crobo pangané, nalaré ajeg sukawirya, gedhe kakarepane, akèh slamete, sabab akèh pujiné. Slametané kethek, tegesé jenang mancawarna (sarupane' Jenang).

 Legi, sumendi, ngibarataké Ratu utawa Bupati, ingon - ingoné kucing karo tikus, wataké awas, luwih tutut, bungah atine, tan duwe sanggrunggi, bilahiné dipaéka, sawisé dipaéka lagi metu curigane, bisa amor sugih, bisa amor mlarat. watake tikus yen bangi melèk, awas, akèh pangati -atine, bingung atiné saka awaké, sathithik pangane, mandi panyakoté, samubarang kang cinakot gelis mati, sring diwisaya wong, bisa gawe dhadhakan, nitèni banget marang panggawe ala lan becik, gedhe begjané lan gedhé bilahine. Slametane pitik, tegesé tukon pasar sapepake.

 Paing, cendhana, Ingon - ingoné macan, wataké adoh pasabané, lungguh dhéwé, turu dhéwé, arang mangané, kajaba yèn dadi ingon - ingone' ratu, akèh satrune, yèn dhisiki mbilaheni, yèn ndhisiki ora dadi apa yèn duwe' gagaman resikan, nepsune' saka wong wadon, kerep diapusi, barangé kang ilang arang kang bisa bali. slametane kucing, tegesé sega lan iwak.

 Pon, samahita, kulon lakuning Nabi, Ingon - ingone wedhus, wataké wedhus dhemen wajangan, pasabané ora adoh, kang dipangan tanduran, tegese mung duwéké dhéwé, sring muring - muring maiing bojoné lan anak batihe, nalare kuwur saka wong tuwa, watake wedhus sok wani maring kang ngingu, yèn wani ora kena pinenging, sedheng, kayane. Wateké Nabi tutut budine, pituture lumaku digugu. Slametane bulus angrem, tegese klepon karo srabi.

 Wage, prabuanom, lor lakuning dhandhang, ingon - Ingone sapi, watake' tutut, sakarepe kang ngerèh dadi, pangane' kudu dingoni, crobo, watake sapi dhoso, yèn dipecut sok ngamuk, sabarang tinubnik, sathithik amburu pangan, nanging yen mangan lali sanak sadulure lan wong tuwane, peteng pikirekena pitenah, duwé kasinggihan, nanging angkuh. Slametané banthèng, tegese sego golong.


[ 64 ]

No. 100 Wataking bayi miturut lahiré dina lan pasaran.


Yèn lahire' ing dina lan pasaran :

Jumuah Kliwon, yèn lanang ora micara, mung sedhengan baé. Yèn wador nas, marang wong lanang ngéwani.

Setu Legi, cukeng, pinter golèk milik, blaba, ngingua jaran, wasis sarta sugih. Akad Paing, wegig, pikire prayitna, weweka, semu dhiri piyangkuh kaya amutera jagad.

Senen Pon, manis wicarané, bisa ngenaki pikir sacamaning wong lan bisa golek rejeki.

Slasa Wagé, lumuh wuruk, ora micara. yèn wong wadon prayoga, bisa simpen artȧ.

Rebo Kliwon, wegig micara, ing pikir calimut marang wong wadon, mawi rusuh watak pandhita.

Kemis Legi, berpikir, lumuh kaungkulan. yen wadon luwih candhala, mring wong lanang ngéwani padu.

Jumuah Paing, meneng, yèn busuk babar pisan, yen pinter dadi panutané wong akeh, sugih kapinteran.

Setu Pon, bisa kriya gawené, yèn lanang. Yen wadon bisa golèk melik ambalubud.

Akad Wagé, gedhe karepe, yèn duwé pikir ora kena dipalangi. Yen wadon ala.

Senen Kliwon, anteng pikire, yèn ijin enom bandhol sadhelo, yen wis tuwa alus pikire

Slasa Legi, kurang micara, yen juweh wegig, barang Ing pikir apik, kapara ngutuh, wekasane' ala.

Rebo Paing, mungguh umpakan, kapara diri, lumuh kungkulan, satemene cocogan, pikiré banter

Kemis Pon, anteng pikiré, piyangkuh, meneng, besus samubarang ora ketara, piyangkuh gemi tegese

Jumuah Wage, bisa micara, juweh receh patitis, cetha nanging cengkiling, hlan nanging kerep kesandhung.

Setu Kliwon, bodho ngaku pinter, lalen nanging temen, lumuh maju gawe

Akad Legi, lalèn kurang wegig kapinterane, karemane'madon, kang padha laku ala panggawe' ngiwa.

Senèn Paing, murka marang pagawéyan samubarang sedhengan, yèn wadon pikiré luwih prayoga. [ 65 ]

Slasa Pon, kurang pikir, lumuh ing prakara, yèn wadon saé, prayoga sinelit ing priyayi.

Rebo Wagé, sedhengan barang pikiré, maju ing gawé yèn wadon candhala marang wong lanang.

Kemis Kliwon, kurang pikiré pethel ing gawé, yèn wadon sedhengan ing pamikiré iku.

Jumuah Legi, èlu-èlu ora duwé pikir dhéwé, yèn kalah gela jro batiné, langkung susah atiné.

Setu Paing, lanang wadona bisa golèk mélik, bisa simpen wicara alus utawa agal.

Akad Pon, kurang pikir, pracaya ing liyan. Yèn wong wadon prayoga, bisa simpen kayané wong lanang.

Senèn Wagé, kurang pikiré, bregundung atiné, wani pakéwuh, wani mati. Yen wadon becik.

Slasa Kliwon, yén busuk babar pisan yén pinter dadi pujangga utawa ngulama.

Rebo Legi, lumrah prasaja, njaluk gelem, dijaluki awèh. Yèn wadon prayoga sabarang pikiré.

Kemis Paing, tentrem anteng, tan amikir, maju gawé temen, dadi priyayi cendhak marang wong agung, sedhengan samubarang gawené

Jumuah Pon, wegig sajroning pikir, yèn nora kaduga mlengos, ewo atiné kang ala.

Setu Wagé, lalen panggrahitané, pikiré sajroning ati kaku, lengus sadhela nuli mari.

Akad Kliwon, murka sugih karep. Yen wadon boros ing darbeké.

Senèn legi, anteng ora dhemen micara, welu karepé. Yèn wadon becik sabarang gawené.

Slasa Paing, isinan kaku pikiré andhap patrapé, lumuh mring pagawéyan. Yen wadon remen mengku kakungé.

Rebo Pon, kuat pikiré sregep ing gawé, temen sedyané. Yèn wadon gemi, nanging kaku pikiré.

Kemis Wagé, banter budiné, saguh ing gawé, kuwat sabarang pake\éwuh. Yèn wadon pikiré ora lilan.



No. 101. Wataking bayi miturut tanggal nalika lahir.


 Yèn lahir ing:

Tanggal  1,  angkuh, gedhé sedyané, yèn kesandhung babar pisar wurung, dadi urusaning wong.
 "  2, sugih anak sugih mitra, pilih kasih semu lengus, lalèn.
 "  3, sumèh prasaja, kaku gelis lejaré, golongané kakon atèn, nanging gemati.
[ 66 ]
Tanggal  4,  wegig micara, akèh pikiré becik, élingan sabarang.
 "  5, micara, maratangan, mara cangkem, loma ing bojakrama.
 "  6, busuk lalèn sabarang pikir, crobo sabarang ginarap, kesèd resikan tani pikiré.
 "  7, wegig micara, rada pareng maring wong wadon ingkang ala pikiré saru.
 "  8, sugih étung ala becik, sugih sadulur lan rukun ing sabarang pikiré becik.
 "  9, kakon atèn, panasbaran, gelis lajaré, lumrah pikiré, lila sabarang.
 "  10, pepet sumber, lalen nanging wegig pikiré, dhemen wewadul ala lan becik.
 "  11, ber pikiré, jubriya sumangkéyan, nanging weruh tata ala becik.
 "  12, dhemen semu olèh, yén meneng lengus, yèn rècèh patitis samubarang wasis.
 "  13, limpad pamicarané, patitis wegig, kaku mung sadhéla, brangasan nuli wasis.
 "  14, sugih wicara, becik cetha weruh ing sabarang, suci lahir batin, pracaya pikiré.
 "  15, terang sabarang pikiré, sedhengan, dadi pujangga, akèh wicarané kȧng suci.
 "  16, busuk lalèn, crobo sabarang pikiré, kepara kesed sabarang gawé.
 "  17. sugih étung ala becik, sugih saduluran, padha rukun barang pikiré, prayoga suci.
 "  18, wegig micara limpad, rada pareng madon, parengan ing ala lakuné.
 "  19, kakon atèn, panasbaran gelis lejaré lila barang pikiré, murah bojakramané.
 "  20, pepet pikiré lalen, wekel pikiré dhemen kena waduling wong ala lan becik.
 "  21, bèr pikir jubriya sumangkeyan, nanging weruh watak ala lan becik
 "  22, dhemen pikir molah, yèn meneng bagus, yen juweh patitis nalare, kawruhé iku nyata.
 "  23, limpad pamicarané patitis, wegig, brangasan nanging sadhéla bae lejar, pikire sarèh.
 "  24, suci, sugih wicara becik, cetha kawruhé, suci pikiré lahir batin.
 "  25, terang sabarang, pikir sedhengan, dadi pujangga, akèh wicarané sabarang suci.
 "  26, busuk lalèn crobo sabarang pikiré, pagaweyané kesèd lumuh, iku wong ala.
[ 67 ]
Tanggal 27, sugih étung ala becik, sugih sanak sadulur, padha rukur gawé.
"
28, sugih wicara nyenyengit tembungé, rada pareng mring wadon kang ala pikiré ngiwa.
"
29, kakon atèn panasbaran, gelis lilih lejaré, pradhah ing bojakrama.
"
30, gedhé piyangkuhe, gedhé begjané, yèn kasandhung gedhé ora dadi ngapa.




No. 102. Wataking bayi miturut sasi nalika lahir.

Sura, meneng, panggrahitaning angen-angen yèn pinter ngluwihi, mangkono uga yèn bodho iya ngluwihi bodhoné.
Sapar, brangasan, kebat cukat wicarané, samubarang gewe ora tlatènan, nanging solah bawané sarwa sareh.
Mulud, kereng sakabèhé, bisa dadi priyayi, sugih sarta dhemen awèh pitutur becik.
Rabingulakir, maratani, ala becik bisa mengku, kebat cukat tandangé, yèn nepsu mbilaèni.
Jumadilawal, bodho nanging setya legawa sarta ngandel marang awaké dhewé.
Jumadilakir, kendel, nanging andhap asor sarto pinter.
Rejeb, lahiré bodho, nanging batiné pinter ngungkuli sapadha-padha.
Ruwah, meneng, yèn clathu patitis, ginunggung ing sapadha-padha.
Pasa, anteng, becik atiné.
Sawal, keras lan kakarepané ora kena ingeluk ing liyan.
Dulkangidah, tansah ngangkah panggawé becik.
Besar, yèn becik ngluwihi beciké, yèn ala iya ngluwihi alané sring niwasi.



No. 103. wataking bayi miturut mangsa nalika lahir.
Yèn lahiré ing mangsa :
1. Kasa, wataké tengah-tengah. 8. Kawolu wataké blaba
2. Karo,
"
crobo. 9. kasanga
"
rusuh calatuné
3. Katelu,
"
cetil. 10. Kasepuluh,
"
cugetan atèn
4. Kapat,
"
resikan.
5. Kalima,
"
juwèh
6. Kanem,
"
pinter sabarang gawé 11. Dhesta,
"
Seneng laku salah
7. Kapitu,
"
cengkiling 12. Sada
"
welas asih



[ 68 ]
No. 104. Wataking bayi miturut neptu dina lan pasaran nalika lahir.

Neptuné dina lan pasaran nalika lahir kagunggung banjur kapara 7 yèn turah :

  1. Segarawasésa, sabarang gawéne becik, akèh rejekiné.
  2. Tunggaksemi, lumintu rejekiné.
  3. Satriyawibawa, satiba tibané tansah nemu kapénak.
  4. Sumursinaba, bisa sasi pangungsèn.
  5. Bumikapetak, bisa dadi tani.
  6. Satriyawirang, tansah nemu pakéwuh.
  7. Lebukatiyupangin, kerep ngalih panggonan, sarta tansah kakurangan.

Bab pétungan iki, neptuné dina Jumuah 1, Setu 2. Akad 3, Senen 4, Slasa 5, Rebo 6, Kemis 7.
Déné neptuné pasaran Kliwon 1, Legi 2, Paing 3, Pon 4, Wagé 5.


Katrangan : Upama lahire' dina Akad Wagè. neptune Akad 3, Wagé 5 = 3 lan 5 8, kapara 7, turah 1, tiba pétung sagarawasésa mangkono sabanjuré.



No. 105. Wataking bayi.

Miturut gunggungé neptuné dina lan pasaran nalika lahir
Yèn gunggungé neptuné katemu:

  1. Narima, dhemen ulah kapandhitan, nanging wicarané tan kena kasoran, dhemen lelungan adoh.
  2. Brangasan lan panasbaran, drengki kurang marta kang ati, akèh wong kang dèn brangus, dhemen padu, yèn nepsu sok mbilahèni.
  3. Baranjalan omah-omah sring ngalih, sabané adoh, yèn duwé japa, ora mandi malah gawe karusakan.
  4. Anteng sembada, yèn diwulang lantip, jero nepsuné, baud lan bisa dadi dhukun, ora gelem tinakonan, juwèh tresna marang sanak saduluré.
  5. Mapan barès tur pralayan, wani ngambah ing wengi lan kendel, wani mati, dhemen wèwèh, loma maring sapadha-padha. Alane yén nandhang miskin, sring climut gelem njupuk barangé tangga.
  6. Kurang panarima ing titah, akèh pangarahe, kasmaran mring kasinggihan, (dhemen kaluharan), lánanga wadona gambang golèk sandhang pangan, sring kelangan, tetepungané kurang manis.
  7. Lanyah pamicarané, gungané képati - pati, nanging atiné becik, rukun runtut mring saduluré, yen nepsu ala, betah melèk tinggal kalbu (melèk tanpa. keperluan), yèn nyudagar watéké taberi dagang.
[ 69 ]
  1. Sabarang pagawéyan bisa, sadhéla baé banjur pinter, apa maneh yèn diwulang banget anggoné ngemen-emenaké, cacadé rada sungkanan lan ora sugih, nanging lembah manah.
  2. Gejarah bisa mréntah marang wong, keras tatas atiné, cukup pambudiné, ora kurang sandhang pangan, akèh mitrané kang padha asih, cacadé sring padu bab tatakrama lan akrama
  3. Sedhep marang silakrama, sugih, juwèh, sabarang cinipta ora luput amesthi dadi, yèn bukti (memangan) ora kena pinalangan.
  4. Meneng nanging cugetan atèn, yèn nyambut gawé sring niwasi, kerep dipaéka wong, tan kena pinadhanan ing sapadha-padha.
  5. Kaduk wani kurang duduga, yèn dinulu paduné sembranan, yèn tukaran diwaneni banjur ngalah.




No. 106. Wataking bayi.


Miturut gunggungé neptune' dina lan pasaran nalika lahire kapara 9.
Yen turah :

  1. Dangu watu, gadhe muktine kongsi tuwa.
  2. Jagur macan, gedhe cilakane' sugih satru.
  3. Gigis bumi, gedhe prabawane kinȧwedèn déning wong.
  4. Keterangan srengenge, gedhé cilakane, sanajan dadi priyayi uga mlarat.
  5. Nohan rembulan, akèh begjane.
  6. Wogan uled, mlarat.
  7. Tulus banyu, becik sabarang gawéne.
  8. Wurung geni, cilaka.
  9. Dadi kayu, kinasihan wong agung, begja sapandhuwure.


No. 107. Wataking bayi.


Miturut gunggungé neptuné dina lan pasaran nalika lahir kapara 8.
Yen turah :

  1. Giruron keringan
  2. Dur raben apesan
  3. Nglampra mblaur
  4. Brama panan

  1. Kuat menangan
  2. Cantula
  3. Punjul
  4. Ilmu, lantipan


Katrangan : Upama lahiré dina Kemis Paing neptuné Kemis 8, Palug 9 - 8 lan 917, kapara 8, turah 1, tiba Ginuron keringan.
Upama lahire' dina Slasa wage, neptuné Slasa 3, wagé 4,3 + 47. Sarehning neptu 7 ora kena dipara 8, banjur dipétung neptu 7 mau dadi turahan, dadi pètunge tiba punjul, lan sabanjure. Petungan Ilya - Ilyane padha karo pétungan iki.

Neptune dina lan pasaran.


Neptune dina : akad 5, Senèn 4, Slasa 3, Rebo 7, Kemis 8, Jumuah 6, Setu 9.
Neptune pasaran : Legi 5, Paing 9, Pon 7, Wage 4, Kliwon 8.


[ 70 ]
No. 108. Wataking dina lan tanggal

Tanggal 1, dina kuda, becik, bocah lahir ing dina tanggal iku, becik wataké, yen lara énggal waras, tutulaké suket binuntel kaya-wong njunjung jaran binuwang mangidul. Ing dina iku Allah ndadèake Nabi Adam, sabarang gawé becik, yen nrajang mungsuh ala, tinrajang ala, yèn ana warta becik temen, warta ala goroh, yen barang ilang ing dina tanggal Iku énggal katemu, kang njupuk wongé cendhèk cilik praenané, ireng kulite.

Tanggal 2, dina kidang, bocah lahir ing dina tanggal iku, bapa biyunge lara ian ilang artané, yen nenandur, becik, dol tinuku lan lelungan becik, yen lara tutulake gaweya rurupan kidang nganggo glepung buwangen lebokna ing geni. Ing dina iku Allah ndadèake babu Kawa saka Nabi Adam.

Tanggal 3, dina macan, kaliwat alané bocah lahir ing dina tanggal iku, watake bodho, durjono ing Allah lan wong tuwane, utawa ing ratune, aja gagaweyan lan lulungan, tutulake gaweya rurupan macan, buwangen mangidul. Ing dina iku kabener Kabil mateni Habil saduluré dhéwé padha putrané Adam sarta nalika Nabi Adam lan babu Kawa katurunake ing donya uga dina iku. Yèn wong perang ing wayah tengange becik, yèn wong lara lawas warase.

Tanggal 4, dina kucing, bocah lahir ing dina tanggal iku, becik watake, bekti ing wong tuwa lan dhemen mratapa, nanging yèn lahiré wayah tengangé ala, wataké lalarenen ora sabenéré, yèn mbuburu becik, yèn lulungan ala, yèn nrajang mungsuh padha padha. Yèn lara tutulake gaweya rurupan kucing buwangen mangulon.

Tanggal 5, dina sapi, sabarang ala, bocah lahir ing dina tanggal iku, wataké duraka ing wong tuwa, yèn lara banget lawas warase, tutulake gawéya rurupan kaya sapi buwangen mangulon, sarta sidhekaha iwak sakupat, dongané tulak bilahi. dina iku lahiré Kabil saka babu Kawa. Yèn sahwat ing dina iku mangka dadi, bocane kliwat durakane.

Tanggal 6, dina kebo, becik banget, bocah lahir ing dina tanggal iku watake becik bekti ing Allah lan wong tuwane. Wong lulungan dharat ala, lalayaran becik, nrajang mungsuh ala, akèh kang tatu lan mati, yèn lara énggal waras, tutulake gawéya rurupan kebo buwangan ing alas.

Tanggal 7, dina tikus, bocah lahir ing dina tanggal iku becik, wataké bekti ing Allah lan mring wong tuwane, yen nanandur becik, lulungan ala, yèn lara lawas warase, tutulaké gaweya rurupan kaya tikus buwangeh mangalor sidhekaha tukon pasar, dongané slamet.

Tanggal 8, dina lembuwana (menjangan), bocah lahir ing dina tanggal iku becik, wataké akeh bagjané kinasihan wong agung, wong lulungan ala, dol tinuku ala, yèn nrajang utawa tinrajang mungsuh padha rusake, yèn ana warta becik temen, yen ala goroh. Yen lara tutulaké gaweya titiron menjangan buwangen

mangulon, ing dina iku Allah ndadèkaké Nabi Nuh lan nalika nunggang prau. [ 71 ]

Tanggal 9, dina asu ala banget bocah lahir Ing dina tanggal iku kliwat alané, duraka maring Allah lan wong tuwane, yèn dol tinuku becik, yèn perang akèh papati. Ing nalika Nabi Saleh nandhang bilahi ing dina iku, yèn ana warta ora temen. Yen lara tutulaké gawéya rurupan asu buwangen ing longan, kang lara dusana banyu tawa.

Tanggal 10, dina naga, bocah lahir dina iku luwih becik, sabarang sarwa temen, yen lara énggal waras, tutulaké gaweya rurupan naga buwangen ing banyu. yèn seba ratu lan séba mantri becik, dina iku tumuruné Nabi Nuh.

Tanggal 11, dina wedhus, bocah lahir ing dina tanggal iku becik, watake akeh dahulaté tur akèh rijekiné lan dawa umuré sinung kanugrahan. Yen nrajang mungsuh ala, yen tinrajang becik, warta ala goroh, warta becik temen. Yèn lara tutulake gaweya rurupan wedhus buwangen ngalor bener.

Tanggal 12, dina mayang, bocah lahir ing dina tanggal iku becik, yèn ana warta becik. temen, warta ala goroh. Yèn lara tutulaké mayang buwangen, Ing alas utawa dalan prapatan, yèn dol tinuka becik, nrajang mungsuh becik, tinrajang ala.

Tanggal 13, dina gajah, bocah lahir ing dina tanggal iku akéh larane, yèn ana warta becik goroh, warta ala temen, yèn lara lawas warasé, tutulake gawéya rurupan gajah buwangen mangidul. Sabarang gawé ala, dol tinuku ala, yen perang nemu wong kuwasa, nrajang mungsuh becik. tinrajang ala.

Tanggal 14, dina singa. luwih becik, bocah lahir ing dina tanggal iku becik banget ing sakabèhe. Yeh lara tutulake' suket ginawe rurupan singa lan sidhekaha. Ing wektu Iku Allah gawé langit, swarga naraka, ngaraskursi. Yen adol becik, lulungan becik, nrajang mungsuh ala tinrajang becik lan aja lunga saka panggonane.

Tanggal 15, dina iwak, luwih becik, bocah lahir ing dina tanggal iku bekti ing ratu lan maring mantri. yèn lara tutulake' gaweya rurupan kaya iwak buwangen ing banyu. Ing dina iku samubarang becik, yèn wong sahwat bisa dadi luwih becik, bocahé bekti maring Allah lan wong tuwané. Dina iku Allah ndadèkaké Nabi Yusuf, yèn nrajang mungsuh becik, tinrajang ala, dol tinuku becik.

Tanggal 16, dina malam, keliwat alane, bocah lahir dina tanggal Iku bisa édan éngetane, utawa tansah lalaranen lan kerep kemalingan. Yèn lara tutulake gawéya rurupan malam buwangen ing gunung. Dina iku luwih ala, yen sahwat ing dina tanggal iku yen dadi bocahe bakal édan, watake' duraka maring wong tuwane, sabarang gawe ala/ Ing dina iku Allah ngrusak Nabi Lud. Yen nrajang mungsuh ala, tinrajang uga ala, warta becik gooh, warta ala temen. [ 72 ]

Tanggal 17, dina hulung, bocah lahir ing dina tanggal iku becik banget ing sakabehe. Yèn lara tutulake gawéya rurupan hulung buwangen ing alas kang kiwa. Dina iku samubarang gawe becik, seba ing ratu utawa mantri becik, lulungan becik, del tinuku becik. Dina iku Allah ndadèkaké Nabi Yakup lan Nabi Musa mbeneri munajad. Yèn mbuburu becik, nrajang mungsuh ala, tinrajang becik, sabarang warta temen.

Tanggal 18, dina cèleng, bocah lahir ing dina lan tanggal iku becik. Ing dina iku Allah marengaké Nabu Yakub tetemon lan Nabi Yusup, wong lulungan becik, yen nrajang mungsuh padha asore, krana Allah ndadèkaké srengéngé lan rembulan, yèn lara tutulaké gaweya rurupa celeng buwangen ngalor bener.

Tanggal 19, dina banthèng, bocah lahir ing dina tanggal iku wataké ala, duraka ing wong tuwa lan maring Allah. Yen lara tutulaké gaweya rurupa banthèng buwangen ing alas, lan sidhekaha. Ing dina iku Allah ndadekake Nabi Yakub, yèn seba ratu utawa mantri becik, ketemu wong sugih becik, sabarang warta temen, nrajang mungsuh ala, tinrajang becik.

Tanggal 20, dina antu, bocah lahir dina tanggal iku becik, akèh rijekine tur loma, yen lulungan ala, nrajang utawa tinrajang munsuh sampyuh, yèn ana warta temen, yèn lara tutulaké gaweya rurupan antu buwangen ngalor.

Tanggal 21, dina areng, bocah lahir ing dina tanggal iku duraka ing wong tuwa. Yen lara tutulake' areng buwangen mangidul lan sidhekaha. Dina iku sabarang gawé ala, seba ratu utawa mantri ala, dol tinuku ala, warta becik temen warta ala goroh.

Tanggal 22, dina urang, luwih becik, bocah lahir dina tanggal iku becik. Dina iku Allah ndadèkaké Nabi Yusup, dol tinuku becik, seba ratu utawa mantri becik yen lulungan wis tekan parane ala, nrajang mungsuh utawa tinrajang sampyuh. Yen lara tutulaké urang buwangen ing omah.

Tanggal 23, dina uler segara, bocah lahir ing dina tanggal iku ala duraka mring wong tuwa. Yèn seba ratu mantri becik, yèn sahwat dadi, bocahé ala duraka mring wong tuwa, yèn ana warta temen. yèn lara tutulake gawéya rurupan uler segara buwangen ing pernah maju pat lan sedhekaha.

Tanggal 24, dina paré, ala banget, bocah lahir ing dina tanggal iku duraka mring Allah lan wong tuwane. yen lara tutulake lenga, kapur lan beras diwenehaké wong miskin. Dina iku Allah ndadèkaké Namrud lan Pirngon, yèn nrajang mungsuh utawa tinrajang padha luputé. [ 73 ]

Tanggal 25, dina pandhé, bocah lahir ing dina tanggal iku kudu kanu akeh sidhekahe. dina iku sabarang gawé ala, nrajang mungsuh ala, tinrajang becik.

Tanggal 26, dina kala, bocah lahir ing dina tanggal iku becik, watake bekti mring Allah lan mring wong tuwane! Yèn lara tutulake gawéya kala buwangen ing dalan prapatan. Dina iku Ailah ngelem ing Pirngon sawonge padha tumpes perang lan Nabi Musa. Yèn Nrajang ala, tinrajang slamet.

Tanggal 27, dina helang, bocah lahir ing dina tanggal iku becik, wataké bekti ing allah lan mring wong tuwane. Dina iku luwih becik, sabarang gawe tinemu becik, sabab Allah nurunake' rakhmat ing wong akeh, yen perang padha becike, warta becik temen, Yèn ala goroh. Yèn lara tutulake' gaweya rurupan helang buwangen ngulon sarta sidhekaha.

Tanggal 28, dina pari, bocah lahir ing dina tanggal iku becik, sabarang gawéné sarwa becik. Yen lara tutulake mbuwanga pari ing kal!. Yèn warta becik goroh, warta ala temen.

Tanggal 29, dina uler, boah lahir ing dina tanggal iku ala, akèh larané, duraka mring wong tuwa. Yèn lara tutulake' gawéya rurupan uler buwangen mandhuwur, yèn wong perang ing dina iku sampyuh.

Tanggal 30, dina sada, kaliwat alane, bocah lahir ing dina tanggal iku yèn lahiré wayah esuk akéh lalarane, yèn lahiré wayah luhur utawa asar becik, nanging yèn akéh sidhekahé. Yèn lara tutulake dusana sekar setaman (banyu diwenehi kembang rupa-rupa), sarta setaman kang kanggo adus mau banjur buwangen ing alas. Yèn nandur kudu kang akèh winihe, seba ratu utawa mantri becik, nrajang mungsuh becik, tinrajang ala.



No. 109. Wataking dina


  1. Akad, becik, samudana, kalayu èla - èlu.
  2. Senen, Semua barang patrape.
  3. Slasa, sujana tan andelan, butarepan.
  4. Rebo, sembada, sebarang patut, rada sembrana.
  5. Kemis, ahli surasa, mada, ngalem, lumuh kungkulan.
  6. Jumuah, semuci suci kudu kudu resik.
  7. Setu, srakah barang karepe' lan sumbung.



[ 74 ]
No. 110. Wataking pasaran.


  1. Kliwon, micara bisa nganggit basa, mengku, niteni ala becik.
  2. Legi, mengku, sugih. lega karepé, bujakramane pradhah.
  3. Paing, mélikan sebarang, dhemen pradhah, nanging pradhané mung ngarah misil.
  4. Pon, pamer dunyane, dhiri, ngutuh.
  5. Wage, kenceng wicarane, kakon aten.




No. 111. Wataking sasi.
  1. Sura, hera - heru akeh bilahiné teka.
  2. Sapar, becike samdya
  3. Rabingulawal, apesan, geringan, kepaten.
  4. Rabingulakir, slamet samubarang gawe.
  5. Jumadilawal, geringen genti - genti.
  6. Jumadilakir, oleh rakhmating wong tuwa.
  7. Rejeb, akeh prakara.
  8. Ruwah, rahayu slatet, nanging yen wis tiba brahat.
  9. Pasa, oleh salaka lan rijeki.
  10. Sawal, akèh sedya ala.
  11. Dulkaidah, kinasihan sadulur.
  12. Besar, utamia wedi tur slamet.




No. 112. Wataking manungsa miturut ciri andheng - andheng.
Yen andheng - andheng dumunung ana
  1. Ing sirah tengen aran manikharda, akeh begjané lan kasembadan sabarang karepe.
  2. Ing sirah iring kiwa, aran jemjem, ora nduwèni kekencengen, kerep nemu rubéda.
  3. Ing sirah mburi aran cantuka, sabar, kendel, temen lan santosa, ayeman sabarang gawe.
  4. Ing embun embunan, aran duyuti, dhemen goroh culika ngamandaka.
  5. Ing unyeng -unyeng bener, aran pulungjati, pinter titi ngati-ati lan becik banget atine.
  6. Ing bathuk kiwa utawa tengen aran werdatama. lantip pikire.
  7. Ing tengah-tengah bathuk, aran bercara, pinter lan micara, kendel sarta becik atine.
  8. Ing pilingan kiwa utawa tengen, utawa karo karone' pisan, aran srituwuh, sugih rijekine lan sabarang kang katindahakake' akèh kauntungane [ 75 ]
  1. Ing sandhuwure telapukan mata tengen utawa kiwa, utawa karo karone pisan aran gunasakti, limpat budiné, bisa manjing ing. ajur ajer pangupajiwane sarwa gampang ora kukurangan.
  2. Ing sangisoring telapukan mata tengen utawa kiwa, utawa karo - karone pisan, aran punggung, bodho, kesed, puguh lan kangelan sandhang pangane.
  3. Ing poking mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran tamengtuwuh, meneng anteng, yen guneman temen.
  4. Ing putihing mata tengen utawa kiwa, utawa karo karo pisan, aran buta, brangasan, goroh lan umuk.
  5. Ing suluhan njero mripat tengen utawa kiwa, utawa karo - karone' pisan, aran sripadu, lilan, temen, pinter lan andhapasor.
  6. Ing alls tengen, aran kajèn, becik atine lan seneng tutulung.
  7. Ing alis kiwa, aran jatmika, ditresnani wong akèh, sarta yèn wis jojodhoan akeh begjané lan slamet.
  8. Ing pipi tengen utawa kiwa, utawa karo - karone pisan sarta cedhak mata, aran srigati, dhemen sasanakan lan dhemen wèwèh, yèn katekan dhayoh pradhah akeh sasungguhane.
  9. Ing tengah-tengahing pipi kiwa utawa tengen, utawa karo - karone pisan, aran tujusih, ditresnani wong akèh lan kerep ditekani wong omahe.
  10. Ing tengah-tengahing gligir irung, aran turunsih, yen wis duwe' bojo ditresnani wong lan akèh begjané,
  11. Ing irung saenggon - enggone, aran pulungsih, ditresnani wong lan akeh begjane, karepe akèh katurutan.
  12. Ing lekikan ngisor irung, aran palguna, limpad wicarané, sregep ing gawe nanging sring kangèlan rijekine.
  13. Ing lambe ndhuwur, aran gunasanti, pinter lan gampang sandhang pangane.
  14. Ing lambé ngisor, aran lumer, becik atine disuyudi wong.
  15. Ing kuping tengen utawa kiwa, utawa karo - karoné pisa, aran srikurda, panasbaran gampang nepsune.
  16. Ing poking cangkem tengen utawa kiwa, utawa karo - karoné pisan, aran nylarem, pinter micara, nanging angèl sandhang pangane
  17. Ing janggut saenggon enggone, aran ciptakukila dhemen lan pinter micara, nanging sok kaladuk.
  18. Ing gulu saenggon enggone, aran sridaya, pinter lan mulur atine.
  19. Ing githok saenggon enggone, aran punggel, bodho lan cekak atine
  20. Ing pundhak tengen, aran dayakarsa santosa kakarepane, apa kang arep katindhakake disumurupi dhisik.
  21. Ing pundhak kiwa aran dayalena, tanpa duwé kekencengan.
  22. Ing dhadha tengen utawa kiwa, utawa karo karoné pisan aran tunggulrana, santosa, kendel wani ing pakéwuh bisa ngentasi gawe.
  23. Ing susu kiwa utawa tengen, utawa karo - karone pisan, aran sriasih, didhemeni wong.
[ 76 ]
  1. Ing sandhuwure pulung at, aran rena ber budi lan apa karepé bisa kasembadar.
  2. Ing geger tengen utawa kiwa, utawa karo - karone pisan, aran reksamulya bisa nyirnper. wadi.
  3. Ing wudel aran manuhara, becik kelakuane' tansah nemu seneng.
  4. Ing bangkèkan tengen utama kiwa, utawa karo - karoné pisan, aran kapita temen lan kenceng karepe.
  5. Ing tepak tengen utawa kiwa, utawa karo - karoné pisan, aran budiama, pinter lan akèh pituture.
  6. Ing ula ula, aran murwat, bisa gedhé drajadé lan diluluti wong akeh.
  7. Ing lengen iengen utawa kiwa, utawa sakaro karoné pisan, utawa ing poking sikut tengen utawa kiwa, utawa sakaro karoné pisan, aran reksamuka, santosa mantep sabarang gawe.
  8. Ing èpèk -èpèk tengen utawa kiwa, utawa sakaro - karoné pisan, aran rajakeleng, kuwat badané, yen tangan mau kanggo nabok sok niwasi.
  9. Ing gegering èpèk -èpèk tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan, aran ragam, bisa nyimpen banda.
  10. Ing sikut kiwa utrawa tengen, utawa sakaro - karone pisan, aran gutama, ditresnani wong akèh lan dhemen gawé kabecikan.
  11. Ing lengkongan sikut tengen utawa kiwa, utawa sakaro - karone pisan, aran purusa, santosa sedyane.
  12. Ing cangklakan tangan tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karoné pisan, aran tutup, bisa simpen wadi.
  13. Ing driji tangan tengen utawa kiwa, utawa sakro karoné pisan, aran unggul, apa kang katindhakake dadi begjane
  14. Ing ugel - ugel tangan tengen utawa kiwa, utawa sakaro - karoné pisan aran brasta, boros tanpa duduga.
  15. Ing bokong sisih klwa utawa tengen, utawa sakaro - karone' pisa, aran basu, kangèlan golek sandhang pangan, mlarat.
  16. Ing poking walakang tengen utawa kiwa, utawa karo - karoné pisan, aran bimalaku, sarwa rikat cukat panggawéné, santosa karepé, nemu kabegjan.
  17. Ing perji (kemaluan), aran gatukbrama, akèh begjane.
  18. Ing kempol (kéntol) tengen utawa kiwa, utawa karo - karone pisan, aran sitaresmi, terang èngetane.
  19. Ing bener balunge kempol tengen utawa kiwa, utawa karo - karone pisan, aran wregeng, boros tanpa duduga.
  20. Ing ugel ugel sikil tengen utawa kiwa, utawa karo - karoné pisan, aran pasrèn, dhemen menganggo sarwa becik, lan kuwat lumaku adoh.
  21. Ing sikil tengen utawa kiwa, utawa karo - karone pisan, aran amartani, kabegjané tatanèn.
  22. Ing tungkak sikil kiwa utawa tengen, utawa karo - karoné pisan aran juti, goroh dhemen ngapusi.

[ 77 ]
  1. Ing tlapakan (dlamakan) sikil tengen utawa kiwa, utawa karo-karoné pisan, aran weca, dhemen laku becik lan suci atiné.
  2. Ing darijining sikil tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karonépisan, aran werdiguna, tansah nindakaké kebecikan.
  3. Ing dhengkul tengen utawa kiwa, utawa karo-karoné pisan, aran ancala, narima kuat nandhang kasusahan lan kuat lumaku adoh.
  4. Ing lekikaning dhengkul tengen utawa kiwa, utawa karo karone pisan, kurang tetep atiné.




No. 113. Wataking manungsa miturut ciri toh.
Yen, toh dumunung ana :
  1. Bokong, aran surung, kuwat lungguh ora sayah.
  2. Toh ing bokong yèn luwih saka siji, nganti rong panggonan utawa telung panggonan (rong ndlemok utawa telung ndlemok ), aran basunya kangelan sandhang pangané, malarat.
  3. Toh ing tengah-tengah lekikan bokong, aran lumrang, pinter lan dhemen tutulung.
  4. Ing badan sisih ngarep aran wisadhesti, gawé kasusahane wong tuwal sabab yèn wis duwé anak bapa biyungế sring cepak umuré.
  5. Ing badan sisih mburi, aran brajadhesti, panas lan tansah nandhang kamlaratan lan kasusahan nanging yèn toh mau katuwuhan rambut, sanajan ora apik, nangina ora mbebayani.




No. 114. Wataking manungsa miturut jeneng.

Akasara jenengé manungsa kang ngarep dhéwé lan mburi dhéwé, neptuné lan jemé aksara mau digunggung, yèn gunggungé katemu:

5. utawa 26. Bumi bungkil budiné iku.
6. " 27 Sri bodho ati dadiné.
7. " 28. Langkah lengguk lengus karepé.
8. " 29. Naga bèr nalaré.
9. " 30. Jaran makewuh karepé.
10. " 31. Banthèng dhiri karepé.
11. " 32. Prau angarahi karepé.
12. " 33. Pithing iku mangandilan.
13. " 34. Macan pinter pangarahé.
14. " 35. Gunung manggon iku.
15. " 36. Traju lumuh kasor karepé.
16. " 37. Klabang ladak karepé.
17. " 38. Tiba rikating karya dadiné.
18. " 39. Iwak bodho ati dadiné.
[ 78 ]
19. utawa 40. Banyu wataké iya atos.
20.
"
41. Panah ladak satenagané
21.
"
42. Cakra kakéyan karsa iku.
22.
"
43. Bayi pinter pangarahé iku.
23.
"
44. Ratu bedho ati dadiné
24.
"
45. Baya rikating karepé
25.
"
46. Panghulu galak ing wicara.
26.
"
47. Bumi bungkil budiné iku.
27.
"
48. Sri todho ati dadiné.
28.
"
49. Langkah lengguk lengus.
29.
"
50. Naga bèr nalaré
Neptu lan jemé aksara.
Aksara Neptu Jem Gunggung Aksara Neptu Jem Gunggung Aksara Neptu Jem Gunggung
7 1 8 3 8 11 5 15 20
3 2 5 6 9 15 4 16 20
6 3 9 3 9 15 4 17 21
3 4 7 3 11 14 2 18 20
5 5 10 2 12 14 2 18 20
3 6 9 6 13 19 5 20 25
8 7 15 ꦪ​ 4 14 18

Katrangan : saupama : jeneng : ꦱꦸꦫꦗꦪ Aksara kang ngarep dhéwé neptu lan jeme 3 lan 8 = 11. Aksara kang mburi dhewe neptu lan jeme 4 lan 14 = 18. Dadi gunggungé
Katemuné wataké miturut jenengé wong kang aran ꦱꦸꦫꦗꦪ yaiku : naga bèrnalare,
( Bérbudi pinter ). Kajaba pétungan Iku, tumrap gawé jeneng mriksanana bab No. 65 ing ndhuwur.

No. 115. Bab Jeneng.

Saka wasitané para panaliti kasunyatan, tumrapé wong lumrah, kajaba jeneng paparingan panjenengan ratu marga kagawa saka pangkate, jeneng iku ana kang becik, sedheng, kurang becik sarla ora becik.

Jeneng kang kurang becik utawa ora becik andayani maring kang duwé jeneng kerep nemu alangan, sanajan wong kang duwé jeneng mau pangkaté gedé utawa sugih bandha, nanging wahanané kerep nemu sandhungan kang ora nyenengaké angganggu katentremaning ali. Perlu katerangake jeneng kang becik, sedheng, kurang becik lan ora becik, kaya ing ngisor iki. [ 79 ]
  1. Tumrapé wong lumrah (dudu dhahar luhur putra sentananing ratu), anané Jeneng kang becik Prawira, Reja, Harja Diharja. Jeneng kang becik iki ora kena dirangkepi karo jeneng kang kurang becik utawa ora becik kang kasebut ing angka 3 lan 4 ngisor iki, kenané mung dirangkepi karo jeneng kang sedheng kasebut ing angka 2 ngisor iki. Uparna jeneng Prawira dirangkepi Dijaya, dadi aran Prawiradijaya. Luwih prayoga yèn dirangkepi Jeneng becik padaha becik, upama Prawira lan Harja, dadi aran Prawiraraharja.
  2. Jeneng kang sedheng Sura, Jaya, Dijaya, Yuda, Satra, Wardaya, Suma Danu, Mangun, Sudira, Wira, Puspita, Sasmita, Wasita, Warslta, Wirya, Taruna, Krama, Yasa, Purwa lan sapanunggalané kang ora kasebut ing angka 3 lan 4 ngisor iki. jeneng kang sedheng iki uga ora kena dirangkepi jeneng kang kurang becik utawa ora becik kang kasebut ing angka 3 lan 4. Déné prayogané kudu dirangkepi Jeneng kang becik kasebut ing angka 1 ndhuwur, upama jeneng Sura dirangkepi Reja dadi aran Surareja lan liya-liyane, utawa dirangkepi padha sedheng, upama Jaya lan Wardaya dadi aran Jayawardaya.
  3. Jeneng kang kurang becik Darma, Sudarma, Cakra, Brata, Subrata, Dibroto, Surya. Jeneng iki sanajan dirangkepi karo jeneng kang becik, iya ijih ajeg kurang becik wahanane, kajaba yen kang duwé jeneng mau laku tapabrata.
  4. Jeneng kang ora becik : Nata, Pranata, Dinata, Winata, Praja, Mangku, Sujana, Sarjana. Jeneng iki sanajan dirangkepi karo jeneng kang becik, uga ora mahédahi, lya tetep ora becik wahanané. Kajaba yèn kang duwé jeneng mau wong kang ahli tapabrata, suçi lan welasasih ing sapadha-padha, iku ana taware Sanajan ora tawar, samangsa kataman ing pakewuh nandhang kasusahan lya kuwat nglakoni ora nggodha katentremaning atine, marga manunggal sawijl tékade, yaiku kang aran wong utama, wis ora kagodha utawa kabanda dening kahaanan donya. Ananging kang mangkono iku arang anané, mula prayogane ora ana alané yèn miliha jeneng kang kalebu becik.


No. 116. Ramal Nabi.

Mungguh pangétungé njupuk saka gunggungé neptuné dina lan saran nalika Yèn gunggungé neptune dina lan pasaran nalika lahir katemu:
Neptu 7 Ramal Nabi Yunus. Wataké sugih anak, ngarepake awang - uwung akeh godhane Tutulake sidhekah timah bobot satail.

Neptú 8. Ramal Nabi Ayub. Wataké gedhe pangane, sring tukaran. tutulake sidhekah kapas bobot satail, aja mangan sabarang endhog. [ 80 ]

Neptu 9. Ramal Nabi Musa. Wataké akèh pangarahé, menang perang, ngarepake kabecikan, ambabarake' wirang marang brayat, panastèn, kena bilahi. Tutulake sidhekan jarik sakebar (salembar), aja mangan daging wedus.

Neptu 10. Ramal Nabi Nuh. Watake nglakonana merdagang lan tani kena bilahi. Tutulake sidhekah Jarik sakebar, aja mangan iwak kang bisa mabur.

Neptune 11, Ramal Nabi idris. Watake adoh ing bilahi, karep panggawe' becik, ngarepake' nikmat, kena cacad. Tutulake sidhekah daging banyu (iwak loh), aja mangan emping wos.

Neptu 12. Ramal Nabi Ibrahim. Watake tan kena adoh lan masjid, oleh arta tinggal arta, yèn dudu artané dhéwé kang ora sah ndadèkaké rubédane awake. Tutulaké sidhekah sega gurih, slawate telung kètheng, yen nuju, tanggal 15 adusa ing tuk pitu, aja mangan iwak suhunan (utek).

Neptu 13. Ramal Nabi Adam. Watake begja oleh kanugrahan, akéh artine, sugih anak becik- becik, nemu ala saka anak, agung dipitnah wong, wanci umur satengah tuwuh pisah lan anak rabine. Tutulake' sidhekah keris, aja mangan iwak kang bisa mabur.

Neptu 14. Ramal Nabi Soléman. Watake' sugih arta-arti, kèdhep keringan, nanging awis putra, sring mumungsuhan. Tutulaké sidhekah jarik ireng utawa abang.

Neptu 15. Ramal Nabi Dhawud. Wataké akèh putrané, artiné akèh ilang, agung prihatiné, suka-suka mung sa'anak rabine. Tutulaké sidhekah salaka bobot limang dinar sepuluh saga.

Neptu 16. Ramal Nabi Ngisa. Wataké oleh kanugrahan, nduwèni ati abot, akeh wong asih, kena bilahi. Tutulake sidhekah beras abang sapitrah, sagegem, sajimpit lan pitik abang, sawayah wayahé baé anggone ngabulake.

Neptu 17. Ramal Nabi Mohamad. Watake ora duwé arta, karep ing kabecikan, tetep pangabektine, ora kena suka-suka, akèh satrune, kanugrahané agung, akèh bilahine. Tutulaké sidhekah dodod putih.

Neptu 18. Ramal Nabi Yusup. Watake akèh begjane sugih arta, kena bilahi. Tutulaké sidhekah dodot kuning.



Katrangan saupama bocah lahire'dina Setu Paing. Setu neptuné 9, Paing neptuné 9, gunggung 9 lan 9 = 18 tiba. Ramal Nabi Yusup, mangkono sabanjure.



No. 117 Palintangan.

Mungguh pangetungé uga njupuk saka gunggungé neptune dina lan pasaran nalika lahir.

Yen gunggungé neptuné dina lan pasaran nalika lahir katemu:

Neptu 7. Lintang Mijan, bala lintang kuda, satru lintang Jadi. Wataké agung begjané, akèh godhane. Leksanané angin, tan kena gogonjakan. Larané sirah, sranane nganggo ali-ali mata ijo Jayane'dina Setu sasi Besar. Apesé dina Jumuah sas Rejeb yèn lara dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umuré. [ 81 ]

Neptu 8. Lintang Arab, bala lintang Sur, satru lintang Kuda. Pawakane semu abang ijo. Watake ngawula kinasihan, godhane' wong wadon, sugih bandha, murah tangan oleh krakah, duwe satru ngalih panggonan, tan kena laku ngiwa, sasanakane ak jané, anak anaké ana kang mati, ana kang urip, panggawéané bener benar, diapusi (di a) dening satrune kang manggon sejé negara, satrune kang ngapusi mau mati dhisik, keringan sugih barang. Larane gerok, ngelu lan les ranane nganggo ali ali mata ireng. Jayane dina Rebo sasi Ruwah. Apese' dina Slasa sasi Mulud, yèn lara dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umure.

Neptu 9. Lintang Kukus, bala lintang Jun, satru lintang Surtan. watake panas yèn micara, kinasihan wong agung. Pawakane' telung rupa, ireng rambute, kena wesl marga perang lan satrune, kena panggawéning wong tan dadi ngapa. Anaké akeh wadone, bapa blyunge santosa, lepas budine, teguh asih marang wong, awet kabecikaning ati, sanaké dhéwé sengit, kèringan nanging perak satrune, kena wisayaning wong dèn worake papanganan. Lalarane sirah ngenut - ngenut, sranane nganggo ali ali mata putih. Jayané dina Kemis sasi Pasa. Apese dina Rebo sasi Sawal, yèn lara dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umure.

Neptu 10. Lintang Jadi, bala lintang. Surtan, satru lintang Sada. Leksanane gunung cilik tumancep ing bumi. Pawakane mtambang ngawak. watake' akèh begjane, kalane jaran, banthèng, kidang, menjangan, wedhus lan macan, keras atine, sranane nganggo ali ali mata ireng. Jayane dina Rebo sasi Mulud. Apese dina Setu sasi Sawal, yèn lara dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umure.

Neptu 11. Lintang Dalu, bala lintang Sada, satru lintang Mijan. Watake andhap asor, pawakané putih semu abang, ireng rambuté, nandhang gèthèk, murah tangan, sedhep lamun micara. Olèh arta warisan, nanging ora dadi mulyane, sranane nganggo ali ali mata inirah. Jayané dina Jumuah sasi Dulkaidah. Apese dina Slasa sasl Jumadilakir, yèn lara, dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umure.

Neptu 12. Lintang Kuda, bala lintang Sumbul, satru lintang Sada. Watake murah tangan, panasan butarepan, keras atine, yèn nepsu kaya matènana wong, nanging kuwatiran, akèh rijekiné, anaké akèh kang metu lanang, anaké wadon akèh mati, sring pegatan, nglakoni rabi kaping pat, wayan lingsir tuwuh sinuda rijekine, gung dipitnah wong kang dedege sedheng, sranane nganggo ali - all abang. Jayané dina kemis sasi Besar. Apesé dina Slasa sasi Rejeb, yèn lara dina lan sasi iku, ngalamt cepak umure.

Neptu 13. Lintang Asma, bala lintang Mijan, satru lintang Arab. Watake anggaotaa ananging aja lunga lunga, krana satruné banyu, aja menganggo [ 82 ]

kang semu kuning. Pawakané mbambang awak, andhap ageng murah tangan, wekasane kinasihan sapadha-padha, isinan, keras pagawéyane, nandhang gèthèk, lengguk kéringan, satruné tan ana wani. Larane weteng, panas, mumet, sranané nganggo ali-ali mata putih. Umur 20 utawa 30 tahun, ginanjar lara. Jayane dina Akad sasi Sawal: Apesé dina Setu sasi Ruwah. Yèn lara dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umuré.

Neptu 14. Lintang Sur, bala lintang Arab, satru lintang Dalu. Pawakane putih semu abang rai wiyar, gulu lenggang, pasikon lonjong mawa lancip, lambé tipis, rambut akas, dhadha wijar. wataké omah-omah adoh negarane, keringan sapadha-sapadha, caturané diendel wong, adi pagawéyané ngungkul ungkuli, karem permainan, ora seneng ngawula, nglakoni rabi kaping pat, anake ana kang mati, ana kang urip kena bilahi ora dadi gawé, larangane miinisuh. Lalarané weteng, sranane nganggo ali ali mata putih. Umur 12 utawa 18 taun ginanjar lara. Jayane dina Rebo sasi Sapar. Apese dina Setu sasi Ruwah, yen lara dina lan sasi iku ngalamat wus cepak umure.

Neptu 15. Lintang Jun, bala lintang Kukus, satru lintang Sada. Watake mbranyak murah tangan, tutuk wadon, akèh anake, keras panggaweyane, prungsang tan arsa suka-suka, karep panggawé becik, ora waris dol tinuku, rusak déning arta, rada kurang rijeki, ing wuri oleh pitulungan, dedeg piyadege sedheng, ora kena nerak penggawé ala, yen nerak gelis nemu bilahi, isinan, gethek awake marga saka geni. Larane sring watuk getih, awaké prungsang, ngelu sirahe ngenut-enut, sranane nganggo ali ali mata ireng. Jayane dina Akad sasi Rabingulawal. Apese dina Rebo sasi Pasa, yèn lara dina lan sasi iku ngalamat wus cepak umure.

Neptu 16. Lintang Surtan, bala lintang Arab, satru lintang Dalu. Watake" panasbaran butarepan, gèthèk awake, ing weteng ana tohé, pawakane kuning semu ljo, dedeg piadegé pideksa, keras wicarané, umur 7 sasi lara, sranané nganggo ali-ali mata ijo. Jayané dina rebo sasi Sawal. Apesé dina Akad sasi Jumadilawal, yen lara dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umuré.

Neptu 17. Lintang Sada, bala lintang Arab, satru lintang Mijan. Watake andhap asor, sabar, rila lan inanis yen micara, keras panggawéyané, anak- anak akèh kang mati, lan anaké ana kang nandhang gèthek, wiwite olèh kamulyan kasumpah, wayah satengah tuwuh suda rijekiné, ora waris dol tinuku, ing wuri oleh pitulungan, laksanane geni, perak satrune, kena wisa hawa geni, cilakane saka wong wadon teka aweh papanganan. Lalarané weteng, sranané nganggo ali-ali mata abang. Jayané dina Akad sasi Jumadilawal. Apese dina Setu sasi Besar, yèn lara dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umuré. [ 83 ]

Neptu 18. Lintang Sumbul bala lintang Arab, satru lintang Kuda. Pawakane" putih semu abang, gèthèk guluné. Duwé sanak sadulur munggah kaji, ngalih séje negara. Wataké murah tangan, sugih kawruh, sugih bojo lan sugih bandha, sabarang kang tinandur tulus, ora kena lumaku bengi, krana kalané ula, sranane nganggo ali ali ijo. Jayané dina Rebo sasi Jumadilakir. Apesé dina setu sasi Dulkaldah, yèn lara dina lan sasi iku ngalamate wus cepak umure.

Katrangan Saupama bocah lahiré dina Rebo Kliwon., Neptune' Rebo 7, Kliwon 8, gunggunge 7 lan 8 = 15, lintange Jun, mangkono sabanjure.
Déné dina sasi tibané Jaya lan A pes, karepe mangkené saupama bocah lahiré Jumuah Pon, neptune' Jumuah 6, Pon 7, gunggungé 6 lan 7 = 13, lintange Asma, jayane dina Akad sasi Sawal, apesé dina Setu sasi Ruwah. Prayogane' manawa lahire (wetone) gunggungé neptu dina lan pasaran katemu 13, kayata Jumuah Pon, Kemis Legi, Akad Kliwon lan liya-liyane kang padha neptu 13, iku samangsa nandangi samubarang pagaweyan, anggoné miwiti miliha dina lan sasi tibané jaya, yaiku dina Akad sasi Sawal sarana nyingkirana dina lan sasi tibaning apes, yaiku dina Setu sasi Ruwah, mangkono sabanjure. Kajaba iku becik dikawruhi, samangsa nandhang lara, mangka wiwitaning lara tiba dina lan sasi tibaning, apes, iku ngalamat wus cepak ing janji yaiku mati. Mungguh sanyatane" mati iku mulih marang asalé iya ing kamu!ane' urip lenggeng.



No. 118 Pawukon.

Wataking bayi miturut lahire ing wuku:

1. Sinta, Déwane Bathara Yamadipati, kayuné gendhayakan, wataké dadi pangaubane wong lara, manuke gagak, watake wruhing wangsit, gedhongé neng. ngarsa ngatokake' donyane, amandhi umbul-umbul, watake ana kamulyane. Wuku Sinata wulan karahinan,. tan sareh budiné, bilahiné setengah tuwun tan dreman. Sidhekahe sega pulen dangdangan beras sapitrah, iwake pindhang kebo raga 21 kètheng aja nganyang, dongané tulak bilahi.

Kala ana lor wetan madhep mangidul, 7 dina aja marani kala. Sinta patining wong ngawig.

2. Landhep, Dewa bumi Bathara Maha Déwa, kayune' gendhayakan, watake dadi pangaubane' wong lara, manuke atatkembang, dadi ingon - Ingoning wong agung, karep ngawula, gedhongé neng ngarsa, ngatokaké donyané, sikile kobok banyu, préntahe adhem mburi. Wuku Landhep soroting srengénge, amadangi atine' sapadhaning manungsa, bilahine' karubuhan kayu. Sidhekahe tumpeng dangdangan beras sapitrah, iwake' menjangan dikolak, digecok lan dibakar, dongane kabul, slawaté 4 kèthèng.

Kala ana kulon madhep mangetan, 7 dina aja kala. Landhep mina pringga pati. [ 84 ]

3. Wukir, Dewa bumi Bathara Mahayekti, kayune nagasari, watake prihatin, manuke manyar, wataké tan kena kungkulan, banyuné ing ngarsa, budine andhap asor. Wuku Wukir saenggon - enggone ngerèh, gedhonge neng ngarsa, ngatokake donyané tur pradhah. Wuku Wukir asri saka kadohan, yèn di cedhaki mbilahèni, tegese ora kena sinetyan budiné, bilahiné dikaniyaya. Sidhekahé sega wuduk dangdangan, beras sapitrah, iwake' pitik putih lan kuluban warna lima, dangane rajukna, slawate' 5 kèthèng.

Kala ana kidul wétan madhep ngalor ngulon, 7 dina aja marani kala Wukir sato wana lesu.

4. Kurantil, Déwa bumi Bathara Langsur kayune inggas, watake panasbaran, nanging sareh, manuke slindhitan, angglidig lumuh nganggur gedhonge mlunah, wataké lewèrweh, tan bisa simpen donya, angiwakaké banyu, watake ngiwa budine' amandhi umbul-umbul, ana kamuktèné Kurantil anggarakasih nuju wogan, tegese ora lana budine, bilahiné mènèk. Sidhekahé tumpeng dang - dangan beras sapitraḥ, iwaké ayam blirik sawayahé dipecel, dongané pina, slawate' pitung kèthéng.

Kala ana ngisor madhep mandhuwur, 7 dina aja mènèk. Kurantil dhandhang angurang.

5. Tolu, Déwa bumi Bathara Bayu, manuké branjangan, wataké marakaké angin, tan ririh, umbuk umbulé neng wuri, begjane katemu mburi, gedhonge nèng ngarsa, ngatokake donyane. Tolu lengkawa kuwung, wataké gedhé angkuhe, tan jinaga atine, bilahine kasiung utawa kasingat. Sidhekahé sega wuduk dangdangan beras sapitrah, iwake" ayam sarupane dilembaran dongané kabul, slawaté 4 kèthèng.

Kala ana lor kulon madhep ngidul ngétan, 7 dina aja marani kala, Tolu pasaréan kehing wuku.

6. Gumbreg, Déwa bumi Bathara Cakra, kayune waringin, wataké dadi pangauban manuke' ayam alas, pinilala wong agung, gedhongé neng kiwa, watake rila, sikile' kobok banyu, paréntahé adhem ngarep panas mburi. Gunbreg geter pater wong tinungku abane, bilahine kalebu mbanyu. Sidhekahe sega dangdangan beras sapitrah, iwake' ayam barumbun dipindhang, kuluban warna sanga, dongané rajukna, slawaté 4 kèthèng.

Kala ana kidul madhep ngalor, 7 dina aja marani kala Gumbreg patining wreksa,

7. Warigalit, Déwa bumi Bathara Asmara, kayuné sulastri, tanpa kembang, wohé dadi tamba, pèthetané wong agung, manuke kepodhang, wataké butarepan, ngarepaké candhi tansah prihatin. Warigalit tan nganti sandhang pangane, bilahine kaèmbèt, sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, iwake rancaban digecok, dongané tulak bilahi slawaté 4 kèthèng. [ 85 ]

Kala ana ndhuwur madhep mangisor, 7 dina aja marani kala, aja mènèk.

8. Warigagung, Dewa bumi Bathara Maharesi, kayune cemara, wataké rame pocapané, luhur piangkuhé, karem penggawé ala, manuke bèthèt, bisa luru pangan, gedhonge ngarep mburi, gemine paron, umbul-umbul nèng wuri, begjane katemu mburi. Warigagung kethuk lindhu, tegese wong kang ngreksa banget marang sandhang pangane; bilahine kagawa sanaké. Sidhekahé sega wuduk iwake bèbèk putih, ingolah gegurih, kuluban warna lima, dongané rasul, slawaté 4 kèthèng. mati.

Kala ana lor madhep ngidul, 7 dina aja marani kala, Warigagung ladang

9. Julungwangi, Dewa bumi Bathara Sambo, kayuné cempaka, akeh kang dhemen, manuke gethilang, watake micara, ngarepake banyu jembangan, Jila donya, ngatokake becike, tan purun simpen donya, umbul-umbule neng ngarsa, wataké kinasihan wong ngagung, bilahiné dipangan macan. Sidhekahe sega gebuli iwake' ayam abang diwor ing sega, dongane tulak bilahi, slawate kucing.

Kala kidul kulon madhep ngalor ngétan, 7 dina aja marani kala. Julungwangi banthèng lumpuh.

10. Sungsang, Déwa bumi Bhatara Gana, kayune tangan, watake' angglidhig, manuké nori, wataké boros lila ing donya, adoh begjané, atine ala murka, Sungsang méga mendhung, watake peteng atine, bilahine kena wesi, sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, iwake ayam lan bèbèk diolah sakarepe, jangan (godhongan) warna sanga digudhang, dongane slamet kabul, slawaté 10 kèthèng. tiba.

Kala ana wétan madhep ngulon, 7 dina aja marani kala, Sungsang wurung

11. Gelungan, Déwa bumi Bathara Kamajaya, kayune tangan, waiake angglidhig, manuke' bidho, wataké keras budine, karep marang darbèké kang ala, amangku banyu bokor, wataké ndanakake bandane sarta boros. Galungan andhap asor, tegese kalulun budine, bilahine tukaran. Sidhekahé seya dangdangan beras sapitrah, iwake wedhus, utawa ayam ireng mulus, dipindhang, dongane klemat pina, slawaté 60 kèthèng.

Kala ana lor wétan madhep ngidul ngulon, 7 dina aja maran: kala. Galungan pring anggagar.

12. Kuningan, Déwa bumi Bathara Endra, kayuné Wijayakusuma, bagus rupane, manuke rangu - rangan, kumed. Kuningan pinutéja, tegese slamet [ 86 ]

budine, bilahiné' diamuk. Sidhekahé sega punar dang - dangan beras sapitrah, iwaké rancaban sarwa digoreng, dongané slamet kabulna, slawaté dhuwit anyar 25 kèthèng.

Kala ana kulon madhep ngetan, 7 dina aja maranai kala Kuningan tata parutul, aja nandur kekayon.

13. Langkir, Dewa bumi Bathara Kala, kayuné cemara sol lan kayu ingas, wataké tan kena ingauban, langkung panas, manuké gemak, wataké canthula bèr kuwanèn, pengawak dursila, karem penggawé ala. Langkir uripé sarwa oyod, tegesé wangkod budiné, mangan awaké dhéwé, bilahiné kemalingan lan kerengan, sidhekahé sega pulen dangdangan beras sapitrah, iwaké wedhus, utawa iwak banyu dilembaran, jangané kang pepak, dongané slamet pina.

Kala ana kidul wetan madhep ngulon, 7. dina aja marani kala. Langkir ana kang wani.

14. Mandhasia, Déwa bumi Bathara Brama, kayuné asem, dadi pangaubané wong kangélan, manuké platukbawang, sabarang gawéné rosa gedhongé neng ngarsa minep, gemi mring duwèké, yèn wèwèh mrih dialem, rada ngegungaké. Mandhasia anggara kasih, tegesé dadi pangauban, ora rukun lau sanaké, bilahiné kasiung, sidhekahé sega ambeng loro, iwaké ayam abang dipindhang nganggo among among, (sega lawuh kuluban), dongané slamet, slawaté dhuwit anyar 40 kèthèng.

Kaia ana ngisor madhep mandhuwur, 7 dina aja menek. Mandhasia mina ninggal banyu.

15. Julungpujud, Déwa bumi Bathara Guritna, kayuné rembuyut, becik rupané, tanpa kembang, sring diupaya, manuké emprit tondhang, ana kaskayané, becik pocapane. Julungpujud lengkawa, tegesé blére bilahiné diteluh. Sidhekahé tumpeng, iwaké ayam abang, kuluban warna sanga dongané kuhut, "slawaté 30 kethèng.

Kala ana lor kulon madhep ngidul ngétan, 7 dina aja marani kala Julungpujud sapi gumarang tumurun, akèh leloro sambang rimpung.

16. Pahang, Dewa bumi Bathara Tantra, kayuné gendhayakan, dadi pangaupané wong lara, manuké cocak, wataké juwèh, remen neng praja, gedhonge menga, wataké rila ing donya, mandhi praja, yèn ngucap panas, ngiwakaké banyu, budiné rada ngiwa. Pahang ora pinuju ngati, tegesé panasten, bilahiné dikaniaya. Sidhekahé sega gurih dangadangan beras sapitrah, iwaké ayam putih lembaran, dongané rasul, slawaté 40 kèthèng.

Kala ana kidul madhep ngalor, 7 dina aja marani kala. Pahang akèh manuk kena ing pasangan.

17. Kuruwelut, Déwa bumi Bathara wisnu, kayuné parijatha, manuké Sepahan, kesit budiné nanging jahil, tansah prihatin. Kuruwelut banyu bening [ 87 ]ing jembangan, tegesé slamet atine, bilahiné mimis. Sidhekahé wedhus tujah utawa topong, dongane slamet kabulna, slawaté dhuwit samas.

Kala ana ndhuwur madhep mangisor, 7 dina aja manek. Kuruwelut kapas agring.

18. Marakèh, Dewa bumi Bathara Surènggana, kayuné trengguli, tan kalap kembangé, artiné tan kena kinongkon adoh, wohé kang asri dadi kembanging paséban, umbul-umbulé malik, cepak kamuktène, gedhongé disunggi, ngatokaké sihing gusti. Marakeh damar agung marapit, tegesé disunggi, élingan, bilahiné kinaniaya. Sidhekahé sega gurih, iwaké dilembaran, jangan warna lima lan Juwadah tukon, dongané tulak tbilahi, slawaté 100 duwit.

Kala ana lor madhep ngidul, 7 dina aja marani kala. Marakèh braina sempal.

19. Tambir, Déwa bumi Bathara Siwah, kayuné upas, tan kena ingauban, manuké prenjak, jinangka gedhé, Bathara Siwah ing lahiré becik, batine ngarepaké (duwé pamrih), gedhongé sinandhing wataké sugih umuk. Tambir aanggara kasih upas racun, tegesé bebudiné ora slame, bilahiné pinaeka ing wong. Sidhekahé sega pulen lan wuduk, iwaké bèbèk lan ayam dipindhang, dongané slamet pina, slawaté pangot waja lan dom siji.

Kala ana kidul kulon madhep ngalor ngétan, 7 dina aja marani kala. Tambir lesu sarirané.

20. Madhangkungan, Dewa bumi Bathara Basuki, kayuné plasa, dadi kembanging, alas, manuké pelung, dhemen saba banyu, budine becik mburi, gedhongé nèng ndhuwur, akèh kang seneng, wicarané alus, narima titahing Hyang. Madhangkungan unèn-unèn kang mbarung, wataké juwèh, bilahiné cinidra ing dalu. Sidhekahé sega punar, iwaké ayam wiring kuning digoreng, lan Jenang abang, mbeneri wetoné (lahiré) dongané nguwur.

Kala ana wétan ngulon, 7 dina aja marani kala, Madhangkungan baya ngurag.

21. Maktal, Déwa bumi Bathara Sakri, kayuné nagasari, manuké ayam alas, akèh kang seneng, wicarané arum, kanggep pangawulane, gedhongé tinumpangan umbul-umbul, kasugihané bareng lan pangkaté. Maktal pancarwara amor angin, tegesé gedhé atine, bilahiné tukaran. Sidhekahé sega pulen lan gurih, iwaké pindhang bèbèk lan ayam lembaran, dongané memulé andika Nabi lan slameting Adam.

Kala ana lor wétan madhep ngidul ngulon, 7 dina aja marani kala Maktal macan luwé.

22. Wuye, Déwa bumi Bathara Kuwéra, kayuné tal, dawa umuré manuké gogik, gedhé butarepane, ngrakit keris ing dagane; landhep atiné gedhongé menga, lila ing kekasihé, kobok banyu sikilé karo, watake nyiram atiné sapadha [ 88 ]-pada, awas ing becik, paréntahé cugetan. Wuyé getih tinubing arum-arun, awor kukusing sanjata, tegesé wong putungan atèn, miwah wong kataragnyana. Sidhekahé tukon pasar sawarnané, juwadah tukon satak sawé, nanging madu kudu dituku dhisik, dongané tulak bilahi.

Kala ana kulon madhep ngétan, 7 aja marani kala. Wuye masangi manuk nganggo pakanan.

23. Manall, Déwa bumi Bathara Gatra, kayuné tigaron, sathithik gawéné, manuké sepahan, becik pangané, amangku tumbak, wataké landhep atine, ngungkuraké banyu, adhem paréntahé. Manail lintang agung awor mungsuh, tegesé wong sujana, bilahiné kena wesi. Shidekahé sega liwet iwaké ayam lan iwak banyu, Jangané kang pepak, lan sambel gepèng dongané ngumur, slawaté dhuwit anyar 10 kèthèng.

Kala ana kidul wétan madhep ngalor ngulon, 7 dina aja marani kala Manail wiji kapapas.

24. Prangbakat, Déwa bumi Bathara Bisma, kayuné titisan, dawa umuré, lumintu sandhang pangané, gedhé angkuhé, manuké urang-urangan, kebat barang gawéne, kobok banyu sikile ngarep, paréntahé adhem ngarep panas mburi. Prangbakat anggarakasih wesi katèn purasani, tegesé kakon atèn, bilahiné mènèk. Sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, iwaké sapi diolah jajatah lan bumbu manis, jangan (gogodhongan) kang pepak digudhang, dongané slamet pina, slawaté kawul.

Kala ana ngisor madhep mandhuwur, 7 dina aja marani kala, aja menek. prangbakat kayu gedhe sempal dening aliwawar.

25. Bala, Déwa bumi Bathara Durga, kayuné cemara, wataké rame pocapane, luhur piyangkuhé, karep panggaweala, manuké ayam alas, pinilala wong agung, gedhongé nèng ngarsa, ngatokaké donyané apengawak Durga tan wedi sapadhané Bala sarwa tiba ing sela mangsa, tegesé sring gawe gora godha, bilahiné kena teluh utawa kena upas. Sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, Iwaké ayam ireng mulus dipanggang, jangan warna pitu, dongané rajukna, slawaté dhuwit suwang.

Kala ana kulon madhep ngidul ngétan, 7 dina aja marani kala. Bala pandhita luwé.

26. Wugu, Déwa bumi Bathara Singajanma, kayuné wuni, singa weruh kapéngin, yen wis mangan padha éwa atine, manuké kepodhang wataké butarepan, ora dhemen kumpulan karo wong akèh. Gedhongé nèng wuri, wataké kumed. Wugu akasa awang-awang uwung- uwung tegesé jembar bebudiné, bilahiné kena ngupas. Sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, iwaké bèbèk putih loro di lembaran, lan jajan pasar sarupane, dongané slamet kabulna, slawaté 10 kétheng. [ 89 ]Kala ana kidul madhep ngalor, 7 dina aja marani kala. Wugu kalayu lara mati padha rowang.

27. Wayang, Déwa bumi Bathara Sri, Kayuné cempaka, akèh kang dhemen, gedhé prabawané, manuké ayam alas, pinilila wong agung apengawak Sri, ayu rupané, ana kamuktené, ngarepaké banyu ing jembangan, rila sarta bekti, gedhongé ing ngarsa, ngatokaké donyané, nglungguhi banyu, wataké adhem atine, ngungkuraké lelandhep, budiné gampang ngarsa angèl mburi. Wayang pradangga pati, tegesé amadhangi kabeh, luwih panggraitané, bilahiné cinidra. Shidhakahé wedhus kendhit diwujudi (ijih urip) lan juwadah kang suci, dongané ngumur, kang ngepung wong patang puluh.

Kala ana ndhuwur madhep mangisor, 7 dina aja marani kala, aja mènèk. wayang méga lumaku patiné andka wana.

28. Kulawu, Déwa bumi Bathara Sadana, kayuné tal, dawa umuré, manuké nori, boros lan rila ora karana rai, gedhé dahulaté, linggih ing banyu, wataké gedhé budiné. Kulawu bun tiba ing serdhang agung,, tegesé papan, bilahiné kena ngupas lan kacokot ula. Sidhekahé bèbèk, ayam, manul: diolah bareng, pangolahe sakarepe, dongané kabulna.

Kala ana lor madhep ngidul, 7 dina aja marani kala, Kulawu rabia maneh awet dening wawayuhan kumpulé manuk déwata.

29. Dhukut, Déwa bumi Bathara Sakri, kayuné pandhan, kiwa panggonané, manuké ayam alas, pinilala wong agung, lan dèn apit keris ligan, tegesé landhep atine, para penginan, gedhongé kawuri, narima sihing Déwa, kumed. Dhuked. suked tunggul sari, larangané Adipati, bilahiné neng paprangan. Sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, iwaké ayam putih mulus dipanggang lan jenang abang, dongané slamet pina, slawaté tiga belah kèthèng.

Kala ana kidul kulon madhep ngalor ngétan, 7 dina aja marani kala. Dhukut kitri nata.

30. Watugunung, Déwa bumi Bathara Anantaboga, kayuné wijayakusuma, manuké gogik, tambuh ing rame, nglampahaké mandhita, pangawak naga lanang naga wadon, ngarepaké candhi tansah tapa. Watugunung gerah uripé, tegesé wong kakéyan polah, bilahiné dikaniaya. Sidhekahé kupat lan juwadah, pangan kang pepak, amepaki sakèhing rasa nem prakarsa yaiku: legi, asin, kecut, sepet, pedhes lan pait, dongané barik.

Kala ana wétan madhep ngulon, 7 dina aja marani kala. Watugunung, pepagera njaba patining wreksa nalèndra.

Panggonaning wuku sira enggonana, aja ngadhepaké, yèn maca madhep mangidul, ing ngisor iki rupané kang ala lan kang becik, panggonaning wuku siji sijine, agung sawabé yèn meruhi wuku kang ala lan kang becik. [ 90 ]
P A N G K U R

1. Wekas ingsun marang sira, iya poma sami dipun nastiti, manawa sira anglurug, utawa campuh ing prang, dén prayltna yén sira kinepung mungsuh, ingkang wuku tigang dasa, prenahé sawijl - wijl.
2. Iku sira awasena, iya iku ran kaladasa bumi, wruhanira iya iku, uger-ugering sarek, entekna dén udammah ing kalbu, wruhanira iku uga pengete Hyang Wisnu Murti.
3. Wuku ingkang tigang dasa, iya iku Kinarya datang gingsir, binagi para sapuluh, kang wuku tigang dasa, aneniga ingkang kébelat sapuluh, kabubuhan aneniga, sira awasena kaki.

Panggonan Padununganing wuku.

89

[ 91 ]

 Bab anané wuku kasebut Ing ndhuwur, iku paparabé Prabu Watugunung Jan garwané 2 pisan Dewl Sinta lan Landhep, sarta para putra-putrane 27 cacahe, dadi ganep 30 akèhé. (Mriksanana pepetan gambar ndhuwur iku !) Mungguh sanyatane bab iku, gèlaré Prabu Watugunung nalika perang karo Bathara wisnu. Ing kono Sang Hyang Wisnu kinepung wakul binaya mangap. Nanging Bathara Wisnu bisa oncat, marga uniga papan endi kang mbeneri dadi pangapesan.

 Prabu Watugunung iku tan kenaning pati, marga sakèhing gaganian ora ana kang tumama ing anggane. Saka kalimpadané Bathara Wisnu, Prabu Watugunung banjur tinantang perang catur ngaben wedharing lulungid. Prabu Watugungung kasoran. Marga saka lingsemé prabu Watugunung pinilahur séda saka karsane piyambak. Sang Pramèswari Dewi Sinta landhep, apadené para putra 27 padha béla muksawa bebarengan.

 Ing sapungkure, gelar mau banjur tinelad déning para Jawata yen amangun yuda. Sarta winulangake marang para Satriya kang ambeg tama yèn ngadoni jayeng yuda anggempur para dur angkara murka.


Katrangan.

 Wuku 30 Iku sawukune umure' racak padha 7 dina, lan padha gegrombolan panggonane, sarta nggrombol manggon dadi 10 panggonan. Ing sapanggonan kadunungan wuku telu telu, kayata ing prenah kidul kang manggon wuku Wugu, Gumbreg lan Pahang. Ing prenah kidul kulon kang manggon wuku Julungwangi, Tambir lan Dhukut, mangkono sabanjure Mriksanana gambar pepetan panggonané wuku ing kaca 89, ndhuwur.

 Ing ndhuwur wis katerangake, yèn wuku 30 mau pangrampite Prabu Watugunung sagarwane dalah putra putrané, nedya, amrawasa Bathara Wisnu. Nanging Bathara Wisnu bisa oncat, marga wuninga siji sljine papan panggonaning wuku kang lagi unggul lan asor.

 Tumrapé wong amangun yuda (perang), supaya unggul perange' kudu nyumurupi pangapesane lan jayane wuku, mula aja nganti nrajang prenah panggonané wuku, sebab yèn wektu perang, prajurit kang kabener ngenggoni papaning wuku, iku kang jaya ( unggul).

Terangé mangkene:

 Upama wuku Tambir, panggonané ing prenah kidul kulon, (mriksanan pepetan gambar kaca 89, ndhuwur iku), ing sajroné sasi Bakdamulud 1884 [ 92 ]
(Januwari 1953), wuku Tambir mau tumiba ing dina Akad Pon, tanggal 18 Bakdamulud 1884 (4 Januwari 1953), tumeka dina Setu Wage' tanggal 24 Bakdamulud 1884 (10 Januwari 1953). (mriksana pananggalan wulan Januari 1953, ing Almenak Maha Dewa kaca 5)

 Para prajurit kang mansah perang, ing sajroning dina lan tanggal kasebut ing ndhuwur, aja pisan pisan wani nrajang utawa nglawan, apadéné nglurugi perang marang mungsuh kang mbeneri manggon ana ing prenah kidul kulon. Sebab ingwuku iku, wektu (mangsa) kang didunungl wuku Tambir, yaiku papan utawa panggonan jaya (unggul), ateges panggonan kala utawa apes tumrap lawané (mungsuhé). Yèn lawane wani nrajang utawa nglawan, gedhené anglurug temtu bilahi, kalah perange: Dene beciké prayoga masanga gelar, kapriyé akale bisane nglawan mungsuh kang panempuhe ora marani prenah kidul kulon, sranane kudu diunduri, utawa golèk dalan liya, bisane nglawan inungsuh kang panempuhé ing prenah kulon utawa saka kidul. Déné yèn ora bisa oleh dalan kang mangkono iku becik disrantèkaké panglawane, yalku ngenteni dina yèn wis salin wuku.

 Ing dina Akad Kliwon tanggal 25 Bakdamulud 1884 (1) Januwari 1953) aran wuku Tambir manèh, marga ganti wuku Madhankungan, padunungané mapan ing prenah wétan, uga 7 dina lawasé. Dadi wuku Madhakungan mau mung tumeka ing dina Setu Legi, tanggal 2 Jumadilawal 1884 (17 Januwari 1953). Wiwit ing dina Akad Kliwon tanggal 25 Bakdamulud 1884 (11 Januwari 1953) tumekane dina Setu Legi tanggal 2 Jumadilawal 1884 (17 Januwari 1953), wis kena nglawan utawa nglurugi mungsuh ing prenah kidul kulon, tinrajang saka wètan saka lor lan saka kidul. Déné kang ampuh banget, yèn panempuhe saka wètan, marga prenah wétan inau, ngungkuraké papan panggonaning wuku kang jaya (unggul), yaiku wuku Madhangkungan, sarta ngadhepaké panggonan kang lagi apes (asor). Déne suwene iya nung 7 dina, yaiku wiwit ing dina Akad Kliwon tanggal 25 Bakdamulud 1884 (11 Januwari 1953) tumekané ing dina Setu Legi tanggal 2 Jurnadilawal 1884 (17 Januwari 1953).

 Dene dinané Akad Paing tanggal 3 Jumadilawal 1884 (18 Januwari 1953) panggonaning wuku, yaiku prenahing kang jaya (unggul) uga wis ngalih manèh. Mangkono sabanjure tansah ngolah ngalih panggonan ing saben 7 dina sapisan, Bab Iku prayoga den kawuningani. [ 93 ]
Mangketế lunga perang lan wiwité yèn arep nyerbu mungsuh
Aja ngenggonl na'asing jam, kaya kasebut ing ngidor iki:
Dina Jam na'as larangan gedhế. Yèn mangkat lunga perang utawa nyerbu mungsuh, nyingkirana jam na'as
Akad Antarané Jam 10 tumeka jam 11
" " 5 " " 6
Senen Antarané Jam 8 tumeka jam 9
" " 3 " " 4
Slasa Antarane Jam 6 tumeka Jam 7
" " 1 " " 2
Rebo Antarané Jam 12 tumeka Jam 1
" " 5 " " 6
Kemis Antarane Jam 10 tumeka Jam 11
" " 3 " " 4
Jumuah Antarané Jam 8 tumeka jam 9
" " 1 " " 2
Setu Antarané Jam 6 tumeka jam 7
" " 11 " " 12

Keterangan: Saupama mangkat perang utawa nyerbu mungsuh Ing dina Akad, iku mangkatế utawa panyerbunế mungsuh, ora kena mangkat, utawa miwiti nyerbu Ing antaranế jam 10 tumeka Jam 11 lan ing antarané Jam 5 tumeka jam 6. Dené kenené yaiku: Sadurungế Jam 10 lan sauwisé Jam 11, tumekané Jam 4.59. Dené kang pangkat utawa nyerbu mbenerl Jam na'as yalku kang kalah perangế.



No. 119. Pirasating (wataking) manungsa.
  1. Sirah kang gedhế élingan. Sedheng akèh kapinterane. Cilik cekak budiné, sarta yèn abang lan lemes rambute bodho, saèn, cugetan bingungan ora kena dipercaya.
  2. Rambutế kang akas wani. Lemes cekak budinế jirih, saến. Sedheng lan mbakung tetep mantep ing sabarang nuhoni janji rahayu atinế. Yến irếng rambuté bèrbudi wani ing pakéwuh. Ireng atas ngluwihi sabarang gawếnế. Kuning kurang budiné brangasan lengus. Yèn walikat ana wuluné lembut ngluwihi sabarang gawếné, tuhu ing janji lepas budine.
  3. Bathuk kang clyut kurang budine. Amba bengis kebluk sungkanan. Lengar. cidra dursila, Sedheng ora ana jengkeruté melasasih ngalahan. Jengkerut mujur ing antaraning alis kereng ora srantan akèh prihatiné. Jengkerut malang ing bathuk pinter akeh pangertiné, rilan wani ngalah.
[ 94 ]
  1. Alis kang lembut wuluné rahayu akèh kang asih. Yen lungsur kebluk doyan mangan lan sugih umuk. Yèn tepung bencana jail methakil tan wruh becik, gelem njaluk sungkan kelangan. Yèn rada kapandhuwur gedé budiné, rada gumunggung ambeg gumedhé. Sedheng lepas budiné sampurna.
  2. Kuping kang ciut dhemen gawé piala. Amba bodho puguh, nanging slamet atiné. Sedheng berbudi.
  3. Mripat amba kebluk ora antepan. Ciut jirih sugih memaras. Scdheng linuwih. Yèn kocak limpad tuhu ing janji. Yèn legok mripate dhenten mitenah. Pendhul drengki Jail methakil gumaib. Lembut idepé yèn nglirik kriyip - kriyip kurang budiné lan wicarané. Yen kedhepé arang-arang, sampurna sabarang gawé lan micara. Mripat banget irenge akèh wewékané putihing mripat akèh biruné dhemen mitnah lengus goroh. Yèn akèh abangé kaduk wani kurang duduga. Yen akeh kuningé banget ala watake. Mripat abang kaya geni kriyip-kriyip pasemoné kaya mata sapi, budine kurang, dhemen mangan nginum lan Jina. Mripate pinggire pating jengkerut drengki srei, Nai laler werjilane loro rada ngumes, pinggire kaya geret-gereting gulu, dhemen mitnah. Mripat metu yèn merem pendul, yèn melèk njelalat, bodho ugungan kuminter. Yèn idepe paling balèngkrah ambcsasik, yèn ndeleng kriyip - kriyip nai laler, ala banget dhemen gawé plala. Yen sungsun kedhèpé bodho jirihan. Panglirike rangkep ngetan ngulon ngalor ngidul, dhemen padu ora weruh duraka. Liyep-liyep lindri arang kedhepé tajem pangliriké, berbudi mantep sabarang gawé, patitis wicarané, weweka andhap asor ambeg utama. Mripat kulawu becik. Yèn ana sajroning mripat yèn mandeng ana kaya bocahé cilik nungsang anjungkir semu gumuyu, umure dawa.
  4. Irung bangir dawa, kagedhèn budi. Kandel antarane bolongan sugih omong kosong. Anjebèr pucuké dhemen anggedebus goroh. Pucuke luwih gedhe mangisor dhemen sahwat. Yèn lenging irung njebèr amba, drengki. Sedheng becik gawené.
  5. Cangkem amba, ladak lan keras atine. Clut jirih rupek budine. Sedheng semu mesem suméh, susila wèh reseping sapadha-padha, sabarang sarwa sarèh ngrampungi.
  6. Lambe kandel jero budiné rada bodho. Sedheng sampurna. Tipis èlingan. Yen lambe rupané biru, sabarang gawe ora temen, kang semu rada abang sedheng kandel tipise, pinter sabarang, micara becik atine.
  7. Pipi genibil sungkanan. Klungsur mbalasar. nDuren sajuwing santosa kakarepane. Yen ramping alus bebudené utama.
  8. Untu kang arang cilik cilik ala kakarepané. Dawa gedhé - gedhe arang, dhemen mitnah. Kang sedheng lan rata barang karepe bener becik.
  9. Janggut cilik drengki kurang duduga. Kandel gedhe umuk tekabur. Sedheng. sampurna budiné becik aliné.
[ 95 ]
  1. Brengos ketel caplang semu abang, cilik atèn. Arang arang dawa ngumis kucing, mbesiwit. Ketel cendhak sarwa turnata lan ireng, sembada bisa ngentasi gawe. Ngrempel ora kalawan tinata sampurna sabarang gawéné Dawa arang arang, kurang budine. Yèn arang - arang nanging lembut, akèh akalé. Kang mulet muyek culika para cidra. Yen sarwa sedhengan ora sarwa tinata, becik sabarang gawéné.
  2. Gulu cendhak dhemen laku ala. Dawa salèwèngan sring nyidrani. Kandėl doyan mangan ora weruh isin. Sedheng akèh budiné bener karené.
  3. Bahu wijang ènthèngan dhemen tutulung wani pakéwuh. Ngringkus dhemen laku salah ora kena dibeciki.
  4. Dhadha jembar kebluk: Sedheng berbudi pinter sabarang gawe.
  5. Weteng gedhé ngepluk. Sedheng pratitls sabarang laku.
  6. Bokong gedhé saèn lan sungkanan. Sedheng antepan gawene. Tépos karem sahwat.
  7. Pupu gedhe keras lan kurang budine.
  8. Dariji tangan utawa sikil cendhak - cendahk jail methakil. Dawa lurus mucuk ri weweka, alus budiné.
  9. Suwara keras tatas, akeh waniné ing kéwuh nambak lara pati, kendel samubarang gawe. Kemèng, lalèn lumuh wedi pakéwuh. Sedheng ora dhiri. Gedhé semu èsek rabèn ora welas anak bojo lan bosenan.
  10. Dedeg pèndhèk cilik mbekukul rambulé abang, para cidra pitnah dursila. Gedhe dhuwur sembada, alus bubudene wicaksana. Kang banget winaleran yaiku: mripat biru nailaler, puputihe abang utawa kuning, janggut lancip bathuk lengar, wulu jenggot mulet muyek, suwara gedhe semu esck, iku ora kena dicedhaki, mbllahèni.
  11. Prèjènganing ral becik, mripat amba dawa mbelalak mawa cahya, irung bangir sembada, Janggut dawa, wong iku sugih begja seneng slamet.
  12. Tangan lan sikile alus, drijiné gedhe ciliké laras sedhengan, dagingé lemes, wong iku seneng lan bisa nyambut gawe sarwa alus.
  13. Tangan lan sikile kasar, darijiné gedhé cendhak, utawa yèn sikile dawa kutu garing, wong iku tansah susah, kang dibisani panggawe kasar.
  14. Tuwuhing. rambut sirah kapara mangisor, bathuké nganti katon clut kulité kasar njengkerut garing, wong iku cupet budine.
[ 96 ]
  1. Janggut gedhe pantes, ngisor gemuk kandel tekan gulu, bathuk amba mantesi, mripat cangkem amba sembada, wong iku pangkate gedhé lan gedhé prabawané. Yen sangisore janggut dagingé kandel lapis - lapisan, pangkaté luwih dhuwur manèh.
  2. Janggut gedhe dawa kandel, tuwané nemu seneng. Yèn luwih gedhe dawa nganti katon dideleng saka mburl, iku tegelan lan srakah. Yèn cilik lincip, akèh susahé.
  3. Mripat amba sembada, lambé amba damis, bisa sugih, becik atine.
  4. Sangisore mripat legok pinggiring mripat kiwa tengen kandel, pucuking irung tumurun mbengkeluk, wong iki yen wis setengah umur susah bisané nurunaké anak.
  5. Mripat kurang bagus putih irenge, mripat kurang terang lan tanpa cahya, lan irungé cilik pèsèk, mlarat sajege.
  6. Mripat sumorot cahyane, alisé sedheng dawané, wuluné Ireng alus iku wong pinter.
  7. Mripat awangun dawa, putih lan irenge terang mawa cahya, wong iku nduwèni pangkat.
  8. Mripat surem lan ngembeng banyu (luh) yèn ndeleng nglirik, wong iku dhemen laku ala. Yen pendhul melolo, irungé mbengkeluk kaya bèthèt, iku jail lan dhemen mitenah. Yèn melolo bunder kaya mata iwak lan tanpa cahya, cendhak umure. Yèn ndeleng apa bae ora bisa suwe, kedhèpé, nritil ulate peteng, wong iku dawa umure
  9. Mripat yèn ndeleng tajem lempeng, atine keras nanging jujur lan adil, bener rembugé terus terang. Yen pandelengé bisa suwe kedhepé arang sarta tajem, ulaté padhang, wong iku dawa uinure.
  10. Daging sangisoré mripat cedhak papah irung katon kandel, ijih kapétung bocah wis duwé anak. Yèn pojoking mripat cedhak papah irung dagingé kandel klungsur (tumurun mangisor), ulate peteng, iku arang duwe anak, yen duwe anak, anaké mati. Yèn talapukan ngisor dagingé kandel amba lan legokane kapara mangisor, wong iku kasèp duwene anak.
  11. Irung cilik pèsèk mbengkeluk, dhemen mbuwang dhuwit tanpa tanja, mlarat lan cendhak umure. Yèn pèsèk mbengkeluk bolongané munggah mandhuwur, akèh susahe, pangkate cilik. Yèn mbengkeluk pucuke kaya bèthèt iku ora duwé welas.
  12. Irung gedhé lempeng mbangir sembada, ing antarane umur 40 nganti 50 tahun, olèh pangkat gedhe. Yen pucuké gedhé utawa rata, wong iku becik.
[ 97 ]
  1. Irung kang munggah ndangak mandhuwur nganti jero bolongane katon, saita lambe ndhuwur cupet lan malik mandhuwur nganti untune katon sanajan mingkem, balungé gulu utawa kalamenjingé mendhosol, wong iku akèh cilakané.
  2. Pakulitane abang mbambang awak, alis dawa njarit munggah, wong iku duwe pangkat, kendel wegig lan luwih prawira yèn dadi prajurit.
  3. Kulite ral tipis daginge kurang, uraté katon, balungé kaya déné katon wong iku ora dawa umure.
  4. Wong tuwa kang tuwuh uraté loro ing sangisoré gulu, sarta daging iringané gulu dawané ngluwihi guluné, wong iku akeh begjané lan luwih dawa umure. Yèn allsé dawa uga mahanani umur dawa. Sarta yen bolonganing kuping tuwuh rambuté, iku luwih dawa manèh umuré.
  5. Sandhuwuré sirah tuwuh balungé mrongkol, wong iku sakèhing bebaya nemu slamet sapandhuwure.
  6. Rai amba irunge cilik banget, wong iku susah nyambut gawene. Rai amba irungé mbangir kurang daging, boros dhemen mbuwang dhuwit. Rai amba Irungé gedhe satimbang, akèh begjane.
  7. Ral wiwit sangisoring irung tekan janggut, yèn wanguné dawa ngluwihi, wong iku sanajan sugih nanging sangsara. Rai wiwit sangisoring bathuk tekan janggut yen peperangané kabeh mripat, irung, lambé, pipi, lan janggut sarwa sedhengan lan becik rupane, wong iku wiwit bocah tekan tuwa tansah nemu slamet, untung seneng uripe ora kekurangan. Rai wiwit sandhuwuring bathuk tekan alls, yèn wanguné dawa, enomé ing wayah tengah tuwa akeh begjané gampang munggah pangkat.
  8. Rai rupane kaya kulit jeruk kasar njengkerut akèh bolongane kringet wong Iku tansah pasulayan karo bojoné. Yèn rai rupané putih dhadhu kulité alus banget, dhemen laku ngiwa,
  9. Ral pipi karo pisan kebak panu tanpa sela wong iku tegelan sawenang- wenang.
  10. Ral kulite alus demèké lemes, lowahane alls kiwa tengen sedheng (alise ora tepung), rambut gilap, wong iku pinter dhemen ngudi kawruh.
  11. Wawangunané rai plpi karo pisan, bathuk, pucuking irung cangkem lan Janggut, yèn kabèh mau bagus sembada wong iku bisa sugih.
  12. Alis rambuté arang pucuké munggah mandhuwur, yèn omong kaya wong arep nangis, wong iku salawase susah lan mlarat.
  13. Wulu alis ngadeg kaya suket, wong iku dhemen padhu.
  14. Urat lan babulungane banget kasar katon pating pendhosol, wong iku mlarat.
[ 98 ]
  1. Babalungan gedhe ora seilmbang karo awake, kulite kasar kenceng wong iku ora dawa umure.
  2. Bathuk amba pesagi, saka watesing rambut mangisor tekan watesing alis kaya dene rata, ora katon geret gereté, pipi lan Janggut becik, wong iku jih enom wis bisa nyekel pagaweyane gedhé.
  3. lambé ngisor ndhuwur cupei, sanajan mingkem untuné katon, wong iku dhemen ngrasani wong. Lambé ndhuwur cupet, lambé ngisor ndomble, sanajan mingkem untune katon, kolomenjingé gedhe, wong iku kangelan pangupa Jiwane, lan ora bisa ngurapul wong tuwané. Lambé ndhuwur yèn legokan satengah-tengahing lambé mau ora jero, panyambut gawene tansah susah.
  4. Alise njengkerut, mripat tansah katon ngembeng luh, wong iku enome ora ana kasangsayané, nanging yèn wis tuwa, anak putune padha mati dhisik.
  5. Sangisoring mripat legok banget, pinggir mripat kulite kandel, pucuk irung mbengkeluk kaya bèthèt, wong iku susah nurunake anak. Yen sangisoring mripat dagingé kandel pinggir mripat kulite rata, pucuk irung ora mbengkeluk, wong iku slamet lan akèh anake
  6. Kuping bagus sembada, dhuwure padha karo penering alis, wong iku bisa nyekel nagara, gedhe banget prabawané.
  7. Wong dhemen gumuyu utawa mesem sarana nyenyemoni, wataké ora Jujur.
  8. Wong lumaku dalamakane mburi katon ora pati ngidak lemah, wong iku kurang jujur, rèwèl, nyenyengit, dhemen padu lan mbuwang dhuwit.. -
  9. Wong lumaku badane obah, slrahé gèdhak gèdhèk utawa manthuk - manthuk, utawa ngulèt kaya uler, tumindaking sikil pating slèngkrah, sarta dhemen nolah - noleh, wong iku ora jujur atine.
  10. Wong lumaku ndhingkluk karo nolah - noleh ngiwa nengen lan memburi, ulate mrengut, wong iku tegelan lan ora jujur.
  11. Wong lumaku tumindaké lempeng, awak ora obah, mripaté mung tumuju paraning laku, ora pisan gelem nolah - nolèh, wong iku becik lan utama.
  12. Pipi gembil (mendhuku!), wong iku ora jujur, bodho sugih umuk.
  13. Garis kang ana sapinggiring irung kiwa tengan kang lumrahé pedhot ngliwati cangkem, yèn garis mau katon malengkung ngubengi cangkem, wong iku susah uripé bisa uga kaluwèn. Yèn garis kang ana sapinggiring irung kiwa tengen lang pedhoté nganti ngliwati cangkem sarta pedhoté mau katon terang, wong iku slamet ora kukurangan. Nanging yen pedhote ora pati katon terang, wong iku ngancik umur 48 taun nemu kasusahan.
[ 99 ]
  1. Wong mamangan katon kesusu lan kuwatir ora komanan, wong iku cethil sarta mung pangkat cilik.
  2. Yèn talapukan mripat karo tengah-tengahé katon rupa biru utawa semu ireng, bojoné wong iku nemu kasusahan.
  3. Sandhuwuring alis kiwa tengen sarta Ing pucuk irung padha katon mawa cahya rupa abang semu kuning, wong iku arep oléh kasugihan dadakan.
  4. Rai katon mawa cahya kuning, wong iku nemu slamet lan ora kukurangan salawasé. Ral yèn katon pucet mawa lenga rupané putih gilap, akèh kasusahané.
  5. Poking irung tengah-tengahing alis kiwa tengen, yaiku papasu, yèn katon peteng, wong iku cepak cilakané. Nanging yèn mawa cahya, adoh cilakané, nemu slamet.
  6. Sandhuwuring alls kiwa tengen katon gilap semeblak rupa kuning semu abang, wong iku nemu kabegjan lan kasenengan.
  7. Rai ulaté peteng, wong iku susah sarta inlarat.
  8. Satengah-tengahing alis kiwa tengen, yaiku poking irung, kang uga diarani papasu, iku yén ndadak katon cahya kuning, wong iku arep tampe kauntungan. Yền papasu mau katon mawa cahya ireng, ing antarané umur 34 taun tumeka 38 taun, wong iku nemu bebaya gedhe.
  9. Yền cahya ireng katon sangisoring mripat, arep kacilakan.
  10. Pipi kiwa tengen bagéan ngisor (cedhak junggut) katon peteng, arep kacilakan.
  11. Yèn ral tanpa cahya, wong iku cendhak umuré.
  12. Rai kaya déné katutupan ing pepeteng, arep nemu babaya.
  13. Rai katon cahya abang semu kuning, sabarang kang ditandangi bisa dadi.
  14. Irung wiwit saka ngepok tekan pucuk katon gilap mawa cahya, wong iku begja lan slamet.




No. 120. Katurangganing (wataking) wanita kang becik.
  1. Kulit ireng, badané gedhé, rambuté lemes.
  2. Kulit ireng, dawa raine, cilik sikilé, iku bisa nekakaé bandha nanging yền purik lunga saka omah.
  3. Kulit ireng, sikilé cilik, drijiné cilik, rambuté lemes.
  4. Kulit Ireng, gedhé dhuwur, rada cendhak sikilé.
  5. Kulit kuning, ral nyemimih, lambé ngintip, atiné prasaja lan jembar, suci tuhu bekti laki, nanging pratikel ing nggawé
[ 100 ]
  1. Kulit kuning ototé jo, pating clekenthung sinome (rambuté bathuk), mripat liyep lindri, manis, gunemé aris, alus jatmika, iku gemi, pradah, sugih dhahulat, pinter, bekti laki, kuwat dimaru, iku luwih becik.
  2. Lencir kuning, rada ijo riyu - riyu rainé, lakuné macan luwé léyad - léyod.
  3. Kulit kuning, rambuté akéh dawa akas, Ing pucuk lemes.
  4. Kulit putih, akéh gunemé, akas rambuté bisa nekakaké bandha, oleh rahmating Ailah, dhemen agama, iku luwih becik.
  5. Kulit mbambang awak (abang) semu ijo, badan cilik aceti sambada leléwané, rambuté atap dawa semu ljo, iku mustikaning wadon, bisa mumpuni, iku becik banget.
  6. Kulit mbambang awak, semu ijo rainé, manis polatané, iku pradhah, gedhe sihe mring laki.
  7. Lambungé cilik, kumetep semuning rai, lumer alus kulité, rambuté ireng lan akeh, iku narimane ing laki.
  8. Dedeg dhuwur, ajalt mripaté, gandhes yen guneman, bisa ngéntasi gawé lan bisa simpen wadi.
  9. Badan amba sembada, dawa raine, sikilé ireng, rambuté Ireng lemes, iku bisa nekakake bandha, nanging yen purik lunga saka omah.
  10. Badan mrabu ayu rupane, prasaja ruruh jatmika, kurang guneme, berbudi, setyo bekti ing laki, dhemen tapa, iku becik banget. Nanging yen ora kepadar, karepé banjur purik.
  11. Dedeg lencir kulit kuning, semu galak, njait mripaté, nastiti sregep, kajaba becik uga nikmat rasaning sanggama.


Kang ala wawatakane.
  1. Kulit ireng manis, riyep-riyep polatané, rambuté lemes ngandhan - andhan, iku ora atepan ing laki.
  2. Kulit kuning, badané cilik gedhe susuné, lemes rambuté, iku tega patining laki.
  3. Kulit kuning, susu cilik, andheng - andhengé ing kuping, lemes rambute, abang pucuk, iku panas lan boros.
  4. Kulit kuning, rambut akas dawa lan abang tekan pucuk, iku ala.
  5. Dedegé dhuwur kuru, rainé luncup, sikilé dawa, iku boros lan sdhèng ing laki.
  6. Raine lonjong abang bantat, gulune dawa, Iku ala.
  7. Rainé semu abang, guluné dawa, iku ala banget.
  8. Raine rada cupet, mbabang awak, rambut akas ngandhan - andhan, mripat julalatan, iku dhemen laku jina.
[ 101 ]
Wataking wanita miturut lahire.
Wataking wanita, yèn lahir ing dina :
  1. Setu Paing, iya becik iya ala, yèn becik ngluwihi becike, yèn ala ngluwihi alane, ora marem ing kakung,
  2. Akad Pon, bekti laki, lantap, gedhé butarepané.
  3. Senen Wage, bekti laki, pinter getapan rembugé, ora gelem kalah karo guru laki.
  4. Slasa Kliwon, ora bekti laki, tnanging gampang keno godha.
  5. Rebo Legi, iya becik iya ala, yèn becik ngluwihi becike, yèn ala keliwat alane.
  6. Kemis Paing, bekti ing laki, nanging gampang kena godha.
  7. Jumuah Pon, rembugé wani mring laki, boros, gedhe alangané, nanging jinurung Hyang agung.
  8. Saptu Wage, luwih bekti mring laki, pinter, satiti ngati-ati, nanging sring ora derman anak-anak.
  9. Akad Kliwon, sungkanan, butarepan, kurang opèn mring laki.
  10. Senen Legi, wani mring laki, nanging nggawa rejeki.
  11. Slasa Paing, kurang opèn mring laki dhemen pamér.
  12. Rebo Pon, butarepan, nanging ora ngetarani, kurang open mring laki.
  13. Kemis Wage, pinter ngrampungi sabarang gawe, akeh rijekine,nanging lantap, lakine éring lan gampang godha.
  14. Jumuah Kiwon, bekti laki, waskitha kareping laki, ngati-ati, sinung rejeki, nanging gedhe butarepane
  15. Setu Legi, sinung rejeki, lantap ing laki, kudu ngalap menang.
  16. Akad Paing, sugih rijeki, sakarepé dadi, nanging rusuh dhemen barang kang ora kalal, wani mring laki.
  17. Senèn Pon, ora antepan mring laki.
  18. Slasa Wagé, akèh rijekine, akèh sanake, wani mring laki, dhemen laku silib.
  19. Rebo Kliwom, sungkanan, kesed, kurang open mring laki.
  20. Kemis Legi, gedhe butarepané, dhemen laku ngiwa, ora bekti laki.
  21. Jumuah Palng, saèn, kurang bekti laki.
  22. Şetu Pon, akeh rijekine, ngati ati, cethil, wani mring laki.
  23. Akad Wagé, resikan sabarang gawe, bekti mring laki ora gelem tampa barang kang ora kalal.
  24. Senen Kliwon, saèn, sungkanan dremba, asih mring laki.
  25. Slasa Legi, lantap, sumangkéan, wani mring laki, nanging akeh sihe lan berbudi.
  26. Rebo Paing, kesed, drengkl, butarepan.
  27. Kemis Pon, bisa amet prana ing laki, temah kinasihan nanging batine lamis mring laki, dhemen laku ngiwa, akeh rijekine.
  28. Jumuah Wage, akeh rijekine, bisa sugih, nanging tega mring laki, crobo dhemen laku ngiwa. [ 102 ]
    1. Setu Kliwon, kesed, butarepan, wani mring laki.
    2. Akad Legi, weruh sasmita, akeh begjané, bisa ngrewangi laki, nanging rada wani lan kurang begtine.
    3. Senen Paing sungkanan, peteng atiné.
    4. Slasa Pon, waskitha, gedhé begjane rila legawa, bekti laki, nanging gampang nepsuné mring laki.
    5. Rebo Wagé, rila legawa, bekti laki, karem pepasihan.
    6. Kemis Kliwon, pinter dhemen iimu, meneng dhemen mbodho, wruh ing laki.
    7. Jumuah Legi, rila balaba donyane, nanging ora antepan ing laki.


Uga katurangganing (wataking) wanita
Kang becik wawatakané.
  1. Sirahé bunder, rai uga bunder kaya rembulan purnama (tanggal 14) Bathuke rata (ora nonong ). `
  2. Mripat kepara amba dawa sembada lan mawa cahya kinclong kinclong, yen ndeleng tajem arang kedhepé, lan ora tau ndeleng sarana nglirik.
  3. Alisé dawa kepara lempeng, wuluné ora pating besasik.
  4. Irung lempeng kapara ambangir, garis sakiwa tengening irung katon cetha.
  5. Cangkem sedheng, lambe damis mingkem, untuné ora katon, sarta rupané untu gilap putih lan tumata rata kaya isi timun kepara gedhé sathithik. Dhasaring lambé rupane menger - menger abang nom.
  6. Kupinge kandel becik wanguné.
  7. Jangguté wangune becik lan sangiscang janggut dagingé kandel.
  8. Pipine rata ora meudhukul (gembil).
  9. Dariji tangan mucuk eri, nanging rada kaku lan kukune kandel, epèk - epèké kandel alus lemes, suwalike (kurebé) kang ana rajahé (garis-garis tangan) katon luwih alus yen didemek lumer kaya sutra.
  10. Dalamakan sikil wanguné becik, mangkono uga darijině, sarta uga sarwa kandel alus, lan darijiné mau uga rada kaku lan kukune kandel.
  11. Dhadha amba ing mburi dagingé rada kandel.
  12. Babalung lan pakulitane awak alus lemes, nanging kengkeng (singset).
  13. Yèn omong alon patitis wijang-wijang prasaja, ora gelem. ngrasani wong, swarane alus terang.
  14. Yèn gumuyu sajaké anteng ora ngobahaké badane.
  15. Yèn lungguh sikilè tumata lurus (yen sila mlepes ora ngedongkrong), anteng badanè ora obah, tangané ora sraweyan. [ 103 ]
    1. Yen lumaku lempeng sarwa tumata, ora katon katon kesusu, lembehane cangklakané rapet, dadi obahing tangan mung sathithik, badané uga ora obah lan ora nolah - nolèh, mripat mung tumuju marang ngarep, ing prenah parané.
      Wong wadon kaya kasebut ing ndhuwur watake becik banget, setya ing laki, ora bisa godha, mung madhep sawiji marang lakiné, ora gelem laki pindho.
      Begja banget wong lanang kang nduweni bojo wong wadon kaya kasebut ing ndhuwur iku.


Panengerané wong wadon kang akeh rejekiné
utawa sugih.
  1. Rainé rupané dhadhu sarta katon urat - uraté biru.
  2. Mripaté gilap kaya tètèsing banyu, irenging mripat ireng kaya cèt.
  3. Untuné putih kaya putihing watu.
  4. Yèn caturan karo wong ora gelem mandeng, sajak klècutan kaya dené isin, (menyembunyikan mukanya ). sadurungé omong gumuyu dhisik, omongé pedhot - pedhot, saben satembung leren, banjur nerusake omonge maneh.
  5. Yèn lumaku saben jumangkah ngobahake, badan.
  6. Yèn ngadeg, dhengkulé ditekuk, dadi dhengkulé menongol mangarep.
  7. Dhemen mbeneraké sandhangané utawa gelungané.
  8. Sirahe dhemen tumungkul karo ndeleng apa-apa sarana nglirik kaya déné ngintip ngintip.
  9. Sangisoring puser (wudel), ana wulune dawa utawa akèh. Wong wadon kaya kasebut ing ndhuwur iku kabeh, duwe rljeki akèh bisa simpen dhuwit, nanging watake ora tetep, lan ora kena dipercaya setiyane marang wong lanang.


Panengerané wong wadon kang keras atiné, kudu
menang karo wong lanang.
  1. Rainé bengeb (bengkak), rupané abang semu ireng, sarta gilap ngemu lenga, wanguné gepeng (cepèr).
  2. Balungan sarwa gedhé.
  3. Sirahé nyantuk.
  4. Alisé wuluné arang lan kasar.
  5. Irung lincip, nanging ora mbangir.
  6. Kupingé kebalik mengarep.
  7. Cangkemé amba njewèwèk.
  8. Gulu gedhé sengkek.
  9. Dhadha dawa ndhengkèng. [ 104 ]
    1. Pusere (wudele) cathék.
    2. Penthile susu cilik rupane ireng.
    3. Badane sugih wulu.
    4. Sikile katon uraté akeh.
    5. Dariji tangan lan sikil kasar cendhak.
    6. Rambuté cekak lan rambut mau kuning rupané.

Wong wadon kaya kasebut ing ndhuwur iku kabèh kajaba atinė keras yen duwe anak, anake ora dawa umure, sarta bojoné akeh susahe utawa sok mati dhisik.


Panengerane wong wadon kang uga nusahake
wong lanang.
  1. Raine sanajan becik nanging mripate kuning.
  2. Rai amba nanging cangkemé ciut banget.
  3. Sandhuwuring irung ana geret - gerete.
  4. Kuping ora ana pinggire.
  5. Kulite putih kaya déné kapur utawa pérak.
  6. Alise kasar putih lan irenging mripat mendelo (pendul)
  7. Rambute sirah ireng nanging alisé cendhak lan wulune mung sathithik banget.

Wong wadon kaya kasebut ing ndhuwur iku kabeh uga gawe susah marang bojoné utawa uga sok mati dhisik sing lanang mau, lan anaké uga sok ora dawa umure.


Panengerané wong wadon kang ora becik
wawatakane.
  1. Rai terang kayadené digosok lengo.
  2. „  kulite kaya wong tuwa.
  3. „  rupane kuning pucet, utawa dhadhu semu putih.
  4. „  amba nanging irungé cilik.
  5. „  lonjong kupinge kaya kuping tikus.
  6. Mripat, rupané kaya mata wedhus utawa pasagi, utawa wangun bunder rai dawa.
  7. „  kang pandirangan
  8. „  mendelo kaya maya urang.
  9. „  gilap kaya dene tumetesé banyu, yen ndeleng mlorok.
  10. „  káton uraté abang, rupane mata kuning.
  11. „  pinggiré tumurun mangisor
  12. Alis, ing pucuk munggah banget mandhuwur.
  13. Lambéné nai, laler, lan bisa obah.
  14. Lambéné tipis utawa ndomblé, rupané putih utawa biru,
  15. Pipine rada kempot utawa gembil (menjoto). [ 105 ]
    1. Kulit putih kaya kapur, utawa kulite ngernu lenga, dagingé lemes."
    2. Pinggir cangkem geret - geret!
    3. Dhadha dawa, bokong mumbul mandhuwur.
    4. Pundhak brojol (tumurun) bangкèkan cilik.
    5. Puser (wudel) papané rada mangisor.
    6. Penthil susu tumurun mangisor.
    7. Sikile kuru dawa kaya sikil manuk cangkak.
    8. Badane lemes leyar - leyor.
    9. Perji gundul utawa rambut perji kasar.
    10. Sirah gedhé rambut arang, utawa sirah cèpèr bathuk ciut.
    11. Yen merem alisé kisut.
    12. Wentisé ana wuluné.
    13. llat lancip landhep.
    14. Bathuk amba, pilingan rambuté ketel.
    15. Untuné lancip kaya untu tikus.
    16. Badan pendhèk gulu sengkek, utawa badan dhuwur gulu sengkek, utawa badan lemes kuru dhuwur.
    17. Gulu kuru alisé arang.
    18. Bangkèkan ndengkèng weteng cilik (kempès).
    19. Utawa bangkèkan megos driji cendhak.
    20. Yèn lumaku sirahé obah, lan sirahe kerep manglung mangarep, tangané uga obah. Utawa lakune memper lakune bebek.
    21. Yen ngadeg sikile sing siji miring, utawa tansah obah, utawa tangané iyo obah.
    22. Yen ndeleng wong, mripaté kerep kedhepé lan plirak - plirik.
    23. Sirahé kerep tumungkul, mripaté miring, utawa mripate dhemen nglirik lan ngintip, lan dhemen ndeleng kang ora mestine dideleng.
    24. Saben lumaku satindhak ping telu ngobahake badan.
    25. Yen ketemu wong, dhemen ngumpetaké raine, nanging mripate katon nglirik.
    26. Sadurunge omong, gumuyu utawa mesem dhisik.
    27. Yen omong pedhot pedhot' lan omongané ora ana tujuane kang temtu lan perlu
    28. Yèn nyaritaké apa apa, kerep lali.
    29. Dhemen omong dhéwé sajroning ati.
    30. Yèn gumuyu, swarane kaya swara jaran.
    31. Dhemen noleh memburi.
    32. Tandange katon bingung.
    33. Yèn narik napas bangkèkané obah.


Saka 49 bab kang kacaritakake ing ndhuwur iku, yèn wong wadon rupane utawa lagèané (solah tingkahe) ana sahebab, rong hebab utawa luwih, ngeplèki saka salah sijiné bab-bab mau, wataké wong wadon iku ora becik, ora kena dipercaya kasetyané marang wong lanang, akeh melike marang wong lanang liya. [ 106 ]
Panengerane wong wadon kang ora setya ing laki.
  1. Rambuté akeh ketel banget, ing pilingan rambuté uga ketel banget, mripaté lirak - lirik.
  2. Lambéně nai laler, sirahe dhongok, yèn lumaku sirahé obah gedhak gedhek, lembéhané tangan dawa, yèn gumuyu cangkeme ditutupi tangan, yen lungguh sikile obah.
  3. Irungé lincip nanging ora mbangir, mripat terang nanging obah ngiwa nengen, sirah lan tangan tansah obah.
  4. Pakulitane putih kaya kapur, dagingé lemes, bathuke rada dhuwur, mripate bunder, telapukané alus banget, yen ndeleng kriyip kriyip.
  5. Mripate yen ndeleng kamitenggengen, sikile yen lungguh digantung lan obah edhèg, lagéane ngusapi rambut lan mbenerake gelungané lan kerep ngemèk janggute.
  6. Mripat katon rupané abang, putihing mripat semu kuning.
  7. Swarane kaya wong lanang, bangkekané cilik cangkeme amba, untune lincip, lagéané utawa omonge ethok - ethok kaya wong suci. wong wadon kang kasebut ing ndhuwur ora setya ing laki, dhemen marang lanang seje.


Panengerane wong wadon kang ora becik lakune.
  1. Bathuke ing tengah-tengah nonong, kupinge mbalik mengarep, mripatenai laler kriyip kriyip, wong iku watake laki ping telu utaw luwih.
  2. Raine pakulitané rada abang, pinggiring mripat ngisor ndhuwur rupane ireng, irung bagéan ndhuwur ana geret - gereté, wataké ora nduwé tresna lan tegel marang lakiné, dhemen golèk wong lanang seje.
  3. Yen gumuyu sirahé ndhingkluk, omonge kaku, yèn arep omong ilaté metu dikawetake ing lambé, watake sanajan karo wong lanang kang luwih asor uga gelem melik, lan ora nduwe isin sanajan kesumurupan wong liya.
  4. Rainé rupané rada semu ijo, lan ana urate biru katon wiwit ing papahing. irung tekan ing bathuk, inripat ciut peteng, kedhèpé nrithil, wong iku yen lagi dhemen marang wong lanang seje, gelem lan tegel gawé kacilakan utawa kasusahané lakine
  5. Mripat gedhe amba mendhelo kaya matane iwak mas, wong iku sing lanang mati dhisik.
  6. Suwarané kaya gembreng benthèt, raine amba sugih daging, wong wadon iku sing lanang mati dhisik.
  7. Pipiné gembil (gedhe mendhhukul), suwarane kaya wong lanang, wong wadon iku sanajan wis laki ping 7 uga ijih duwe karep laki manèh.
  8. Bathuke banget nonong, nanging yen ing tengahing bathuk lincip godhonging kuping mbalik mengarep, wong wadon iku sanajan wis kerep laki, nanging ijih duwe kepengin laki maneh.

[ 107 ]
No. 121. Tandha rasaning wanita.
  1. Pawakan cilik, kulité abang semu biru, ngrempel sisinome (rambut ing bathuk), rambut akas ireng dawa, manis pasemoné, iku nikmat banget ing asmara.
  2. Pawakan cilik respati, rai ngungguwang kuning semu ijo, sinomé ngrempel, iku nikmat banget ing asmara.
  3. Lencir mbambang awak, rambut akas ulat galak, iku simpen kanikmataning asmara.
  4. Lencir kuning galak ulat, mripat njait lindri, gulu manglung, meri sikilé, iku nikmat ing asmara.
  5. Cilik andhap, sikilé merit, dhadha mungal, iku nikmat ing asmara.
  6. Kuning mbenglé keris, srenteg pangawak dara, mripat njalt, rambut ngandhan andhan, iku simpen kanikmataning asmara.
  7. Dhénok kuning gedhe pawakané, tajem polatane payudarane (susu) sedhengan, rambut memak dawa, aweh nikmating asmara.
  8. Kulit rada kuning semune ijo, cilik respati badane, sumiral raine, ngrempel sinome iku nimat ing asmara.
  9. Kulit mbambang awak, nanging raine' semu kuning, rambut akas ngulit adas, iku nikmat ing asmara.
  10. Gulune manglung, sikile merit, iku nikmat ing asmara.
  11. Bau lan pundhak rada megar, (ndegeg), sikile cilik merit, iku nikmat ing asmara.
  12. Badané cilik mbambang awak, nanging raine semu biru, ngrempel sinome, iku nikmat banget ing asmara.
  13. Dedeg lencir, semu abang rainé, akas rambute, iku sedhengan nikmate ing asmara.
  14. Kulit kuning mbenglé keris, srenteg pangawak dara, mripat njait, rambute brintik, tembunge sareh, iku mung sedhengan nikmaté ing asmara.
  15. Kulit ireng semu klawu, mangka jenenge ana aksarane, yen sanggama ambungen lambene, wong iku banjur ora gelem pisah, iku sedheng nikmating asmara.


No. 122. Rahayuning turun.

Mangka angandika Nabi Mohamad s.a.w. mangkéné:

  1. Yèn jimak (saresmi) ing wayah awan utawa bengi ing dina : Akad, Slasa, 'Rebo, Setu, bocahe ora dhemen agama.
  2. " ing wayah awan utawa bengi dina Senen, Kemis, Jumuah, bocahe dadi wong mukmin, bekti ing Allah lan wong tuwane lan sapadhane.
  3. " Ing tanggal sapisan utawa pungkasané tanggal awana bangia, bocahe bodho banget, bisa uga dadi edan. [ 108 ]
    1. Yén jimak ing dina riyaya Sawal, awana utawa bengia, bocahé cacad tangané utawa sikile.
    2. ,,arep lulungan utawa ana ing paran, bocahé ngentèkaké bandhane wong tuwa, karem mbuwang dhuwit.
    3. ,,ing pawuhan, bocahé dadi weweri (durjana).
    4. ,,karo wuwuda bocahé ora idhep isin
    5. ,,karo andeleng perji, bocahé wuta ing sabarang (bodho)
    6. ,,karo andeleng lintang rembulan, bocahé ora duwé cahya.

Nabi Mohamad s.a.w. angandika, sing sapa umatingsun ajimak karo bojoné mangka padha manut ing dhawuhingsun, bakal pinaringan anak bagus saleh lan pinaringan ilmu akèh.



No. 123. Larangane wong ajimak (saresmi ) awan utawa bengia.

Dina Akad jam 10 ingga 11, jam 5 ingga 6.
 ,, Senen,   ,, 8 ,, 9, ,, 3 ,, 4.
 ,, Slasa,   ,, 6 ,, 7, ,, 1 ,, 2.
 ,, Rebo,   ,, 12 ,, 1, ,, 5 ,, 6.
 ,, Kemis,   ,, 10 ,, 11, ,, 3 ,, 4.
 ,, Jumuah,   ,, 8 ,, 9, ,, 1 ,, 2.
 ,, Setu,   ,, 6 ,, 7, ,, 11 ,, 12.



No. 124. Dununging rasa wedharing rahsane wanita.

  1. Pakulitan putih, dununging rasa ana pipi karo, ambungen pipiné karo, wedharing rahsa samangsa-mangsa.
  2. ,,mbambang awak, (abang), dununging rasa ana ing mripat karo lan payudara (susu) karo, ambungen mripat lan payudarane karo, wedharing rahsa lingsir bengi.
  3. ,, kuning dununging rasa ana ing alis karo, ambungen alisé karo, wedharing rahsa sirep bocah.
  4. ,, kuning langsep, dununging rasa ing pupu tengen, grayangen pupune tengen, wedharing rahsa jam 333.
  5. ,, kuning semu wilis (ijo), dununging rasa ana ing bahu karo, rangkulen bahune karo wedharing rahsa sirep bocah.
  6. ,, ireng, dununging rasa ana ing pupu kiwa, grayangen pupuné kiwa, wedharing rahsa ing jam 8.
  7. ,,ireng manis, dununging rasa ana ing kuping karo, ambungen kupinge karo, wedharing rahsa sirep bocah.

[ 109 ]
No. 125. Tatakramane yen (saresmi.)

Angandika Nabi Muhammad s.a.w. lamun arep ajimak mangka padha adusa dhisik, nuli mangganggo kang sarwa anyar lan nganggo sarwa wangi, mulané adus dhisik, kajaba resik sahwaté kuwat, banjur uluk salam, kang lanang muni Asalamu ngalaeka yababur rokmali. wadoné mangsuli ngalalka wangala yasalamu. Kang lanang banjur nyekel pucuk ing rambuté kang wadon, nuli den ambung kaping 3, karo maca slawat kaping 3, nuli ngrangkul gulune wadoné, nuli ngambung pipi tengen, banjur ngambung pipi kiwa, sarta maca slawat sapisan, nuli ngambung payudara (susu) tengen lan kiwa, sarta maca sahadat kaping pindho, nuli ngambung bathuk antarané alis loro, sarta maca patekah sapisan. Ing kono banjur miwiti ajimak sarta maca ayat mangkéné alkamdulilahiladi kola kominal maibasaron fajanglahu nasaban wasiron wakana robuka kadiron, sarta eling ing ndalem atine, nuli maca donga Allahuma janibna wajani bisaitonu ngalamarojaktona inaka ngalakuli sai'in kodirun. Nuli wiwit jimak, lanangé númpangi wadoné sarta nunuwun ing Allah muga pinaringan anak saleh, sajroné jimak lanang wadon tansah éling maring Allah.



No. 126. Tatakramane yen ajimak (saresmi)

Kajaba kasebur ing ndhuwur iku, ana manéh lakune ajimak yaiku angenikake cipta, supaya atiné ora mbyang byangan, ing sajrone ngrasakake kanikmatan kang tanpa ana papadhané, sukura ing pangeran, sarta nyipta pinaringan turun (anak) kang mursid lan pinunjul yèn arep miwiti mantrané: niyatingsun munggah ing girikumala angengakake lawang kancana tinampan mbok dewi Pertimah, ashaduallah illa haillolah waas hadu ana Mohamadar rosullollah, nuli maca mantra maneh aku lanang sejati, anurukake rasa, tumiba rachmatullah, kang linuku racuk garu, kang ginaru racuk luku, kang thukul ing krakatoliah, kang sinung kanugrahane Allah, lailla haillolah Mohamadar rosullolah. Banjur amiwiti ajimak. Yen wis rampung lan arep mudhun, maca mantra niyatingsun mudhun saka girikumala, anginebake lawang kancana, atas gusti kang agung, atas gusti rasulollah, laillah haillollah Mohamadar rasu!lollah.


No. 127. Tirtomayasandi.
Tirtamayasandı, pigunané kanggo nyucèni sawise among lulut, sawisé sesuci resik nganggo banyu salumrahe, banjur diusar usari Tirtamayasandi, pangusar-usare sarana kapuk. Tirtamayasandi mau agung kasiyaté. Déné kang digawé tawas kira kira 1/2 kati banyu tawa kang resik 1 gendul sedheng, tembako enak pangaji 3 dhuwit (sabénggol), nuli kagodhog nganti umob, banyuné [ 110 ]

saka sagendhul mau kakerekake dadi 1/2 gendhul, kasaring banjur dienebaké sarta banjur kawadhahan ing gendhul katutup rapet pembukaké tutup yen kabener nganggo.




No. 128. Meteng.

Yen wanita badane lungkrah, kepengin kang sarwa pedhes kecut utawa rujak, iku diarani nyidam, yaiku wiwit meteng, becik rujakna parijatha, ing tembé anake bagus utawa ayu rupane. Wong nyidam iku ing saben dina Rebo lan Saptu becik adus kramas, kekethok kuku sarta sisig iku pertandhane pasrah ing Pangeran. Ing saben dina Rebo lan Saptu jajamua cabe lempuyang, meteng sesasi, cabené siji, lempuyange sairis, meteng rong sasi, cabené loro, lempuyange rong iris, sabanjure nganti 9 wulan, cabéné iya 9, lempuyange 9 iris.

Larangane ora kena nganggo kembang lan cundhuk jungkat, suwengan sarta nganggo ali-ali.

Sirikane :

  1. Aja sok linggih ing tengah lawang, nglinggihi lumpang utawa alu, lan mangan disangga.
  2. Ora kena mangan durén lan maja, sebab angsaré panas banget.
  3. Ora kena mangan iwak menjangan lan wedhus, uga panas angsaré.
  4. Ora kena mangan iwak sungsang, yaiku kéwan kang lahiré sikilé metu dhisik.
  5. ora kena mangan iwak loh kang mangsa bangsane dhewe, kayata kutuk,

sidat, lan iwak kang mawa patil, kayata : lélé, apadené yuyu utawa kepithing.

  1. Ora kena mamatèni bangsane kewan, utawa nyunyudhuk iwak, apadéné kéwan liya-liyane.
  2. Ora kena nguguyu utawa memoyoki, yen weruh samubarang kang aneh, utawa weruh wong cacad, apadéné yèn kaget, banjur nyambata muni: ȧja kaget jabang bayi. Mangkono uga bapakné, lya ora kena mamateni kewan, utawa nyunyudhuk iwak utawa kewan, lan uga ora kena ngguguyu utawa memoyoki, yen weruh sabarang kang aneh utawa memoyoki, yèn weruh sabarang kang aneh utawa weruh wong cacad, sarta yèn kaget, iya banjur nyambat muni aja kaget jabang bayi. [ 111 ]
  1. Yến arep mapan turu - wisuh nganggo banyu uyah. Apadené singgah-singgah (memuji) mangkếné: singgah-singgah kala singgah, kang abuntut, kang ngawulu, kang ngajoto kang ngasiyung, padha sira suminggaha, aja wuruk sudi gawé, ingsun wus weruh ajal kamullanira.

Meteng tembếyan iku rekasanế padha karo yèn meteng mendeking, mula kudu ngati-ati lan luwih dijaga. Kang diarani meteng mendeking iku meteng ganjil yaiku meteng kaping 3, kaping 5, sapituruté. Meteng ganep, meteng kaping 2, kaping 4, sapituruté, iku luwih mayar lan luwih gampang tinimbang karo meteng mendeking (ganjil).



No. 129. Lakuné wong lanang yèn bojone meteng.

Lamun wadonế wis meteng, lanangé puasa a Senến Kemis, sarta saben bakda salat wektu, kawacakaké patếkah, kulhu, sahadat, lan slawat, ganjarané kanggo jabang bayi kang lagi kinandhut, sarta donga donga ganjarane kanggo jabang bayi, mula sawisế rampung maca donga - donga mau, kawurukakế marang jabang bayi, mula sawise rampung maca donga - donga mau, bapakne muni: heh jabang bayi rungokno pamurukingsun iku kabèh, lan sira bektiya ing Allah, nabi utusan, ratu lan bapa biyung sadulur tuwa, sarta siha ing sadulur nom lan marang sapadha padhanế, poma dèn éling.

Déné tumrapế wong kang nganggo kawruh Jawa asli. lakunế rila legawa, sabar tansan ngenaki atiné sepadha-padha. Apadéné turunế sawise jam 12 bengi, ing sadurungé turu angeningakế cipta, samadi maladining njumbuhakế kawula gusti, murih anaké luhura bubudèné lan tinekan sasedyane.



No. 130 Naga dina rijalolah lan pasaran
Dina Panggonaning naga dina Panggonaning naga rijalolah Pasaran Panggonaning naga pasaran
Akad Kidul Kidul Kliwon Tengah
Senến Kidul kulon Kidul wếtan Legi Wétan
Slasa Kulon Wếtan Paing Kidul
Rebo Lor kulon Lor wếtan Pon Kulon
Kemis Lor, lor wếtan Lor Wagé Lor
Jum' ah Wếtan Kulon
Setu Kidul wếtan Kidul kulon

Keterangan : Saben Akad lan Kemis, naga dina lan rijalolah tumbuk [ 112 ]
No. 131. Naga miturut gunggunge neptune dina lan pasaran.

Yèn gunggungé neptuné dina lan pasaran katemu:7. 12. 17. naga ana lor wetan, S. 13. naga ana lor kulon, 9. 14. naga ana kidul kulon 10. 15. naga ana kidul wétan, 11. 16. 18. naga ana ing wétan.




No. 132. Naga sasi.

Yen sasi Pasa, Sawal, Dulkangidah, naga ana kidul, Besar, Sura, Sapar, naga ana kulon. Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, naga ana ing lor. Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, naga ana ing wetan.




No. 133. Naga tahun

Yén sasi Besar, Sura, Sapa, naga ana lor.. Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, naga ana wetan. Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, naga ana kidul. Pasa, Sawal, Dulkangidah, naga ana kulon.



No. 134. Naga jatingarang.

Yén sasi Sura, Sapar, Mulud, naga ana wétan. Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir, naga ana kidul. Rejeb, Ruwah, Pasa, naga ana kulon. Sawal, Dulkangidah, Besar, naga ana lor.



No. 135. Tumbuking naga tahun lan, jatingarang.

Yèn sasi Besar, naga ana lor. Mulud, naga ana wetan. Jumadilakir naga ana kidul, Pasa, naga ana kulon.




No. 136. Naga tahun lakune saben 3 sasi ngalih panggonan.
Yén lulungan adoh, boyongan ngalih omah lan sapanunggalané, aja nglungguhi sirah lan wetenging naga, kang becik nglungguhana buntut utawa geger. [ 113 ]
SASI Ala Becik Ala
Sirah Buntut Geger Weteng
Sura, Sapar, Mulud Wétan Kulon Lor Kidul
Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir Lor Kidul Kulon Wétan
Rejeb, Ruwah, Pasa Kulon Wétan Kidul Lor
Sawal, Dulkangidah, Besar Kidul Lor Wétan Kulon

Katrangan : Sakabèhing kaperluan apa baè aja marani panggonaning naga, luwih-luwih yèn mbeneri tumbuking naga taun lan naga jatingarang yèn tinrajang sok mbilaheni.
Saupama lungané mau marga saka sabab kang perlu banget kang ora kena disélaki, mangka parane marani panggonaning naga, upama naga kabener ana kulon, mangka kang diparani pemah kulon. Yèn mangkono becik disarati, sranane mangkaté saka omah parane kudu mangétan dhisik, banjur mangalor utawa mangidul, sawisé lagi kena banjur mangkat mangulon ing papan kang diparani. Kajaba iku sa'arepé mangkat, ngadeg dhisik satengahing lawang ngarep karo meneng lan maca mantra (donga) mangkené :
Heh, nagaraja Taksaka, ingsun Sang Otaka amatek ajiku si kundala mulya, pangleburaning para naga. Ingsun mitrané naga Basuki. Ingsun arep manjing ing karasmu, aja sira ngganggo gawé, lamun sira ngganggo gawé, sun panték cangkemu nganggo wesi pusarani, hayu x 7. Muni hayu kaping pitu mung dibatin karo lumaku tindak megeng napas. Banjur pasrah ing Pangeran lan nunuwun rahayu slamet.



No. 137. Lelungan.

Yèn lelungan amrih bisané katemu karo kang dipareni, neptuné dina lan pasaran digunggung nganggo petungan :
c u w a, s u k a, h e w a, b e g j a.

Yèn tiba cuwa, ora bisa ketemu, sanajan ketemu ora oleh rembug becik.
"
"
suka, ketemu lan oléh rembug becik.
"
"
héwa, ora bisa ketemu, lan sanajan ketemu ora olèh rembug becik.
"
"
begja, bisa ketemu, lan oleh rembug becik.

neptuné dina lan pasaran miturut kasebut ing kaca 7 No. 2.



No. 138. Pangleburaning dina kang ala.

Pangleburaning dina sangar, na‘as lan sapanunggalané, yen lulungan utawa nindakaké sabarang gawé, yaiku :

Dina Akad demèk wentis ping 2. sarta 3 tindak megeng napas.
"
Senen,
"
dakar
"
2,
"
2
"
"
"
"
Slasa,
"
dlamakan
"
1,
"
2
"
"
"
"
Rebo,
"
bahu
"
2,
"
3
"
"
"
"
Kemis,
"
grana
"
4,
"
4
"
"
"
"
Jum'ah,
"
embun2an
"
3,
"
3
"
"
"
"
Saptu,
"
jaja
"
4,
"
3
"
"
"

[ 114 ]
No. 139. Lelungan.

Yèn arep lelungan supaya slamet, uluka salam marang Rijallullah, mangkéné :
Asalamu wangalahékum, yasodakol wangijaya, sodakol amini, iya rijallullah solikin.



No. 140. Mas‘alah Rijallullah.
Lakuné manut tanggal, kaya ing ngisor iki.
Tanggal Panggonaning Rijallullah.
1. 11. 21. Langit amanggung (*) gelap
2. 12. 22. Bumi
"
naga
3. 13. 23. Kulon
"
macan
4. 14. 24. Kidul kulon
"
lembu
5. 15. 25. Kidul bener
"
kuldi
6. 16. 26. Kulon
"
warak
7. 17. 27. Wétan
"
gajah
8. 18. 28. Lor wétan
"
geni
9. 19. 29. Lor
"
geni
10. 20. 30. Lor kulon
"
angin

*) amaranggung = amanggul = anyunggi.



No. 141. lelungan adoh.

Yèn arep lelungan adoh, neptune dina lan pasarane kagunggung banjur kapètung: s u k u, w a t u, g a j a h, b a y a, r a t u. Kang: becik yèn tiba petung : g a j a h lan r a t u. Nanging parané aja marani panggonané kala.

Neptu 7. kala manggon kidul kulon.
"
8.
"
"
kidul kulon.
"
9.
"
"
lor kulon.
"
10.
"
"
lor wétan.
"
11.
"
"
wétan bener.
"
12.
"
"
kidul wétan.
"
13.
"
"
kidul kulon.
"
14.
"
"
lor kulon.
"
15.
"
"
wétan.
"
16.
"
"
wétan.
"
17.
"
"
kidul wétan.
"
18.
"
"
kidul kulon.



[ 115 ]

Katrangan : Saupama lelungan dina Jumuah Pon, iku becik sebab : neptuné dina Jumuah Pon ana 6 lan 7 = 13, petungé tiba gajah. Nanging parané aja nganti marani : kala. Saupama ing dina Akad Wagé, neptuné dina pasaran : 5 lan 4 = 9, petungé tiba : baya ora becik mangkono sabanjuré.

Neptuné dina lan pasaran miturut kasebut ing kaca 7 no. 2





No. 142. Lelungan.

Yèn lelungan luwih-luwih yèn ngambah dalan kang nguwatiri, supaya slamet becik maca mantra kasebut ing ngisor iki :

Kun payakun slamet rahayu saking pangandikaning Allah, luputa sanjata tawa, luputa ing kira - kira, luputa ing bilahi kabēh, laila haillollah Muhammad Rasulullah. Sibiyung ana ngarepku, sibapa ana mburiku, sinini ana tengenku, sikaki ana kiwaku. Jibrail, Mikail, ngijrail ngisrapil, ayo padha lelungan reksanen aku, tutna aku, salalahu ngalaihi wasalam.





No. 143. Dina na'as lan isaraté yèn. lelungan.
Dina
Akad,  nyirika ing malem sawengi muput. Saraté sesumping ngluluri lakuné Nabi Yusup.
"
Senen,  nyerika ing wayah tengahé (srengéngé ing tengah). Saraté natap lalandhep, ngluluri lakuné Sayidina Umar.
"
Slasa,  nyirika ing wayah ésuk (jam 6.- 8). Saraté manggang tangan ing geni, nguluri Sayidina Abubakar
"
Rebo,  nyirlka ing wayah tengahé (srengéngé ing tengah). Saraté kukudhung jarik, ngluluri Nabi Jakub.
"
Kemis,  nyirika ing wayah lingsir wétan (jam 8 - 10). Saraté tumanga ing ngakasa temungkul ing pratiwi, ngluluri Sayidan Ngali.
"
Jum'ah,  nyirika ing wayah asar. Saraté kekemu sarla susur, ngluluri Nabi Muhammad.
"
Setu,  nyirika ing wayah lingsir kulo, (jam 2 - 4), Saraté ngandhut lemah ing puser, ngluluri Nabi Adam.




[ 116 ]
No. 144. Sa’ at.

Sa’at kanggo lelungan lan liya-liyane keperluan, bakal nemu slamet. Yaiku yèn lelungan dina :

1.   Akad,  pangkaté ing wewayangan pecak 10, sa'at iku nalikané menjangan ngalahaké macan.
2.   Senén,  pangkaté ing wewayangan pecak 6, sa'at iku nalikané gajah ngalahake singa.
3.   Selasa,  pangkaté ing wewayangan pecak 2, sa’at iku nalikané tikus ngalahaké kucing.
4.   Rebo,  pangkaté ing wewayangan pecak 4, sa'at iku nalikané precil ngalahake ula.
5.   Kemis,  pangkaté ing wewayangan pecak 11, sa'at iku nalikané celeng ngalahaké warak.
6.   Jumuah,  pangkaté ing wewayangan pecak 13, sa'at iku nalikane kalajengking ngalahaké kadhal.
7.   Setu,  pangkaté ing wewayangan pecak 12, sa'at Iku nalika sarpa ngalahake garudha.




No. 145. Sa' at.

Sa'at kanggo lulungan dina lan pasarané, neptuné digunggung, yen gunggunge katemu :

  1. lakuning bumi, sa'at kang becik : lingsir kulon lan asar.
  2. lakuning geni, sa'at kang becik : ésuk, lingsir wetan lan tengangé.
  3. lakuning angin, sa'at kang becik : tengangé.
  4. lakuning ngaras pepet, sa'at kang becik ; ésuk lan soré
  5. lakuning ngaras tuding, sa'at kang becik : lingsir wétan lan tengangé.
  6. lakuning ngaras kembang, sa'at kang becik : ésuk lan soré.
  7. lakuning lintang, sa'at kang becik : ésuk lan tengangé.
  8. lakuning rembulan, sa'at kang becik : lingsir wétan lan tengangé.
  9. lakuning surya, sa'at kang becik : ésuk lan soré.
  10. lakuning banyu, sa'at kang becik : lingsir wétan.
  11. lakuning bumi, sa'at kang becik : lingsir kulon lan soré.
  12. lakuning geni, sa'at kang becik : ésuk lan lingsir wetan.



Neptu dina lan pasaran miturut kasebut ing kaca 7 No. 2 [ 117 ]
No. 146. Sa'at 12.

Sa'at 12 kanggo lelungan, utama yèn nenadur, panjupuké saka neptuné dina lan pasaran. Tumrap ing wayah awan.

Ngepas Dina lan Pasaran Wayah awan
Esuk Wisan garu Bedhug Lingsir Sore
Jam 6 - 8 Jam 8 - 11 Jam 11 - 1 Jam 1 - 3 Jam 3 - 6
7 sampar sri lungguh pacak pacak ayu
8 sampar sri lungguh kala penganten ayu ayu
9 sampar ayu sampar kala penganten sri gumelar
10 sampar sri lungguh sri lungguh sampar ayu
11 kala luweng pacak ayu pacak sri lungguh
12 sri gumelar kala penganten sampar ayu sri lungguh
13 pacak ayu sampar sri lungguh sri gumelar
14 ayu sampar sri lungguh sri gumelar kala penganten
15 ayu sampar sri lungguh sri gumelar pacak
16 sri gumelar ayu ayu sampar pacak
17 ayu sampar kala penganten sri gumelar
18 ayu sri gumelar pacak ayu sampar




[ 118 ]
Sa'at tumrap ing wayah bengi
Ngepas Dina lan Pasaran Wayah Bengi
Bangun Lingsir bengi Tengah bengi Sirep wong Sore
Jam 3 - 6 Jam 1 - 3 Jam 11 - 1 Jam 8 - 11 Jam 6 - 8
7 sampar sri lungguh pacak pacak ayu
8 sampar sri lungguh kala penganten ayu ayu
9 sampar ayu sampar kala penganten sri lungguh
10 sampar sri lungguh sri lungguh pacak ayu
11 kala luweng pacak ayu pacak sri lungguh
12 sri gumelar kala penganten sampar ayu sri lungguh
13 pacak ayu sampar sri lungguh sri gumelar
14 ayu sampar sri lungguh sri gumelar kala penganten
15 ayu sampar sri lungguh sri gumelar pecak
16 sri gumelar ayu ayu sampar pecak
17 ayu sampar kala penganten sri gumelar sri gumelar
18 sri gumelar pacak pacak ayu sampar

Katrangan : 1 ayu = becik, 2 sampar = ala, 3 pacak = ala, 3 kala panganten = ala, 5 sri lungguh = becik, 6 sri gumelar = becik, 7 kala luweng = ala.

Sa'at : sampar, pacak, kala panganten, kala luweng, iku ala, kudu disirik, prayogane milihi sa’at kang becik yaiku: ayu, sri lungguh, sri gumelar.

Neptune dina lan pasaran miturut kasebut ing kca 7 No. 2.



[ 119 ]
No. 147. Sa' at agung

Sarana pétung sa’at agung, uwong bisa nindhakaké kaperluan ing sadhéngah dina milih wektu kang becik.

Dina 1 Wiji 2 Cahya 3 Lara 4 Rijeki 5 Malaékat 6 Puji 7 Pati
Jam
Akad 6 - 8 8 - 10 10 - 11 11 - 1 1 - 3 3 - 5 5 - 6
Senen 4 - 6 6 - 8 8 - 9 9 - 11 11 - 1 1 - 3 3 - 4
Slasa 2 - 4 4 - 6 6 - 7 7 - 9 9 - 11 11 - 1 1 - 2
Rebo 1 - 3 3 - 5 5 - 6 6 - 8 8 - 10 10 - 12 12 - 1
Kemis 11 - 1 1 - 3 3 - 4 4 - 6 6 - 8 8 - 10 10 - 11
Jum'ah 9 - 11 11 - 1 1 - 2 2 - 4 4 - 6 6 - 8 8 - 9
Saptu 7 - 9 9 - 11 11 - 12 12 - 2 2 - 4 4 - 6 6 - 7

Kang becik yaiku sa‘at :

1. Wiji, wataké : ayem, trentrem, suka, bungah.
2. Cahya,
"
padhang, sambada, sarwa kasembadan.
4. Rijeki,
"
dadi pangungsèn, sarwa pakolèh.

Dene : 3. lara, 5. Malaèkat, 6. Puji, 7. Pati, Supaya disirik.



No. 148. Ananing dina miturut jam.

Sajroning siji-sijiné dina pepitu, isi dina pitu-pitu miturut jamé yaiku ing :

Dina Akad
Jam 6 - 8, aran dina Akad
"
8 - 10,
"
"
Senèn
"
10 - 11,
"
"
Slasa
"
11 - 1,
"
"
Rebo
"
1 - 3,
"
"
Kemis
"
3 - 5,
"
"
Jum'ah
"
5 - 6,
"
"
Saptu
Dina Senèn.
Jam 6 - 8, aran dina Senèn
"
8 - 9,
"
"
Slasa
"
9 - 11,
"
"
Rebo
"
11 - 1,
"
"
Kemis
"
1 - 3,
"
"
Jum'ah
"
3 - 4,
"
"
Saptu
"
4- 6,
"
"
Akad
Dina Slasa.
Jam 6 - 7, aran dina Slasa
"
7 - 9,
"
"
Rebo
"
9 - 11,
"
"
Kemis
"
11 - 1,
"
"
Jum'ah
"
1 - 2,
"
"
Saptu
"
2 - 4,
"
"
Akad
"
4 - 6,
"
"
Senèn
Dina Rebo.
Jam 6 - 8, aran dina Rebo
"
8 - 10,
"
"
Kemis
"
10 - 12,
"
"
Jum'ah
"
12 - 1,
"
"
Saptu
"
1 - 3,
"
"
Akad
"
3 - 5,
"
"
Senèn
"
5 - 6,
"
"
Selasa
[ 120 ]
Dina Kemis.
Jam 6 - 8, aran dina Kemis
"
8 - 10,
"
"
Jum'ah
"
10 - 11,
"
"
Saptu
"
11 - 1,
"
"
Akad
"
1 - 3,
"
"
Senèn
"
3 - 4,
"
"
Slasa
"
4 - 6,
"
"
Rebo
Dina Jumuah.
Jam 6 - 8, aran dina Jum'ah
"
8 - 9,
"
"
Saptu
"
9 - 11,
"
"
Akad
"
11 - 1,
"
"
Senèn
"
1 - 2,
"
"
Slasa
"
2 - 4,
"
"
Rebo
"
4 - 6,
"
"
Kemis
Dina Saptu.
Jam 6 - 7, aran dina Saptu
"
7 - 9,
"
"
Akad
"
9 - 11,
"
"
Senèn
"
11 - 12,
"
"
Slasa
"
12 - 2,
"
"
Rebo
"
2 - 4,
"
"
Rebo
"
2 - 6,
"
"
Jum'ah

Katrangan : Dina Saptu, wayah sauwisé muni jam 7 thèng ingga jam 9 thèng, Iku wis kagolong aran dina Akad. Wayah sauwisé Jam 9 thehg ingga Jam 11 thèng, kagolong aren dina Senen, mengkeno sabanjuré Dadi kang tetep dina Saptu temenan satemené mung ing wayah jam 6 ingga Jam 7.
Saupama arep lelungan ing dina Saptu, mangka ing dina Saptu iku kebener dina na'as utawa dina pati, yen lelungan iku perlu banget, uga kena tinrajang, nanging kudu milih wayahing jam, biasané jam iku klebu ana ing dina liyané, kayata : dina Saptu sawisé jam 11 thèng ingga jam 12, aren dina Slasa, sawise’ yen 12 thèng ingga jam 2, aran dina Rebo len sabanjuré.


No. 149. Wanci jam kang prayoga disirik ing samubarang gawe.
Dina Wanci kang prayoga disirik ( bengia awana )
Akad
Wanci jam 10 ingga jam 11
Wanci jam 5 ingga jam 6
Senèn
Wanci jam 8 ingga jam 9
Wanci jam 3 ingga jam 4
Slasa
Wanci jam 6 ingga jam 7
Wanci jam 1 ingga jam 2
Rebo
Wanci jam 12 ingga jam 1
Wanci jam 5 ingga jam 6
Kemis
Wanci jam 10 ingga jam 11
Wanci jam 3 ingga jam 4
Jumuah
Wanci jam 8 ingga jam 9
Wanci jam 1 ingga jam 2
Saptu
Wanci jam 6 ingga jam 7
Wanci jam 11 ingga jam 12

119

[ 121 ]
No. 156. Wataking dina.

Akad, uriping jagad
Senen, mlupat
Slasa, babagan pati
Rebo, uriping roh (rijeki)
Kemis, purbaning roh, sasedyané katurutan
Jumuah, rasa tunggal
Setu, dalaning pati


Kang becik kanggo miwiti samubarang-gawé yaiku dina : Akad, Rebo, Kemis lan Jumuah, Slasa lan Setu, ala.



No. 151. Boyongan ngalih omah (ngalih panggonan)

Neptuné dina lan pasaran anggoné raangkat boyongan kagunggung, banjur kapetung : Pitutur, Demangkandhuwur, Satriya pinayungan, Mantrisinaroja, Macanketawang, Nujupati.

1. Yèn tiba Pitutur, akèh prakara.
2.
"
"
Demangkandhuwuran, lelaranen
3.
"
"
Satriya pinayungan, kajen kéringan, slamet sinuyudan ing akèh.
4.
"
"
Mantrisinaroja, didhemeni ing akèh.
5.
"
"
Macanketawang, kerep padu lam prakaran.
6.
"
"
Nujupati tansah duka cipta, sangsara.

Déné neptuné dina : Jumuah 1, Saptu 2, Akad 3, Senèn 4, Slasa 5, Rebo 6, Kemis 7.
Neptuné pasaran. Kliwon 1, Legi 2, Paing 3, Pon 4, Wagé 5.



No. 152. Boyongan ngalih omah (ngalih panggonan).

Neptu dina lan pasaran anggone mangkat boyongan kagunggung, yèn katemu :

7. Ngulon ora kena
8. Ngalor " "
9. Ngétan " "
10. Ngidul " "
11. Ngétan Ora kena
12. Ngulon " "
13. Ngalor " "
14. Ngidul " "
15. Ngulon Ora kena
16. Ngidul " "
17. Ngulon " "
18. Ngalor " "

Déné neptuné dina lan pasaran nganggo petungan neptu miturut kasebut ing kaca 7 No. 2



No. 153. Sowan weng agung.

Yèn lunga sowan wong agung utawa panggedhé miliha tanggal kang becik, yaiku :

Tanggal : 1, 5, 9, 13, 17, 21, 25, 29, tiba sri, luwih becik
"
2, 6, 10, 14, 18, 22, 26, 30,
"
sarèh, becik
"
3, 7, 11, 15, 19, 23, 27,
"
susah, ala
"
4, 8, 12, 16, 20, 24, 28,
"
duka, ala

120

[ 122 ]
No. 154. Pati uriping dina

Parané lulungan golèk sandhang pangan, parané kudu milih uriping dina.

Dina Uriping dina Laranganing dina Patining dina
Akad ngidul utawa ngétan ngalor ngulon
Senèn ngidul ngétan utawa ngulon ngalor
Selasa ngalor ngidul utawa ngétan ngulon
Rebo ngalor utawa ngétan ngulon ngidul
Kemis ngidul utawa ngétan ngulon ngalor
Jumuah ngalor ngétan utawa ngulon ngidul
Setu ngulon ngidul utawa ngétan ngalor

Katrangan : Upama babakulan ing dina Akad, supaya akèh papayone parané kudu Ngidul utawa Ngètan.



No. 155. Parané lulungan golèk sandhang pangan lan liya-liyané
Yen neptuné
dina lan pasaran
Ngalor Ngetan Ngidul Ngulon
7
pati lara urip Slamet
8
Slamet pati lara urip
9
lara urip Slamet pati
10
urip Slamet pati lara
11
pati lara urip Slamet
12
Slamet pati lara urip
13
lara urip Slamet pati
14
urip Slamet pati lara
15
pati lara urip Slamet
16
Slamet pati lara urip
17
lara urip Slamet pati
18
urip Slamet pati lara

Katrangan : Parané milih kang tiba slamet utawa urip. Upama arep lulungan ing dina Setu Paing, neptuné 9 lan 9 = 18, paranè kudu Ngalor utawa Ngétan.
Neptuné dina lan pasaran miturut ksebut ing kaca 7 no. 2



[ 123 ]
No. 156. Parané lulungan golèk sandhang pangan, dodolan lan liya-liyané
Ngulon Ngétan Ngidul Ngalor
Jumuah Legi Slasa Legi Slasa Kliwon Setu Paing
Rebo Legi Jumuah Paing Kemis Wagé Akad Pon
Akad Kliwon Jumuah Kliwon Rebo Kliwon Senền Wagề
Slasa Paing Senền Legi Senền Kliwon Setu Wagé
Akad Paing Jumuah Pon Rebo Paing Rebo Pon
Kemis Legi Kemis Paing Rebo Wagé Setu Legi
Kemis Pon Senền Pon
Jumuah Wagề Slasa Wagế
Setu Kllwon Setu Pon
Akad Legi Akad Wagé
Kemis Kliwon Senèn Paing
Slasa Pon
No. 157 Pangapesan lan kabegjan siji-sijinế dina.
Dina Neptu Apes Begja Maca donga kaping Donga
Jam
Akad 5 6. 7 8 5 Alahuma wahtimlana bilman wahtimlana bilkaerah lailaha ilolah muchamad rasullolah, allauakbar
12, 1 2
Senến 4 4. 5 6 4
10. 11 12
Selasa 3 3, 4 1 3
8, 9 5
Rebo 7 2, 3 4 7
6, 7 8
Kemis 8 12, 1 2 8
4 5 6
Jum'ah. 0 10, 11 12 6
3 4 5
Saptu 0 8 9 10 9
6 7 8

[ 124 ]
No. 158. Sa' at dina kanggo lulungan lan liya-liyané.
Dina Jabarail Akhmad Yusup Ibrahim Ngijrail
Jam
Akad 6. 7. 8. 9. 10. 11. 12. 1. 2. 3. 4. 5.
Senèn 1. 2. 3. 4. 5. 7. 8. 9. 6. 10. 11. 12.
Selasa 6. 1. 2. 3. 10. 11. 12. 4. 5. 7. 8. 9.
Rebo 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. 11. 12. 1. 2. 3.
Kemis 6. 1. 2. 3. 10. 11. 12. 4. 5. 7. 8. 9.
Jumuah 4. 5. 6. 10. 11. 12. 1. 2. 3. 7. 8. 9.
Saptu 1. 2. 3. 10. 11. 12. 7. 8. 9. 6. 4. 5.

 Saat : Jabarail, becik, yèn lulungan ana wong kang tetulung. Yèn perang nganggoa sarwa putih, kuning ijo, madhep mangldul nyipta Jabarali nyuwun slamet sebab kulit putih, kuning utawa kang semu ijo Jaya, kulit ireng abang apes. Yèn ana barang ilang wong lanang kang nyolong, wataké ambeg disimpen kidul omah cedhak lan banyu, nèng ngisor kayu gedhé. Yèn raja kaya kang ilang utawa wong minggat, ngidul parané. yèn dagang ngalor ngétan lakuné. Yèn nenandur metu becik.

 Akhmad, becik kanggo samubarang. Yèn barang ilang ketemu sajroning omahé sandhuwuring turu, kang nyolong nunggal omah. Yèn perang Jaya.

 Yusup, Yèn dagang becik yen lulungan nemu Pandhita lan ketemu wong gedhé Kulon rosa. Wétan apes. Yèn barang ilang kang nyolong wong wadon. Pawakan nglangak, becik rupané memak rambuté, aris pangucapé barang katampakaké wong lanang. yèn rajakaya ilang, mangétan parané. barang ilang sanajan ketemu suwế.

 Ibrahim ala, yèn dagang tuna, lulungan akèh pakéwuhé, barang ilang ora ketemu, yèn katemu wis rusak, barang ilang wong lanang kang nyolong, pawakané becik mbambang awak, keras pangucapé, salawasé laku ala. Lor apes, Kidul Jaya panggawé becik apes, yèn ala jaya. Yèn mbeburu gelis oleh, yèn mematếni gelis mati.

 Ngijail, uga ala, yèn barang ilang utawa rajakaya ilang ora ketemu, yèn ketemu wis rusak, kang nyolong wong lanang dhuwur dedegế, ireng kulité. Kulon apes, Wétan rosa. Yèn perang akèh pepali, dagang tuna, laki becik dadi ala.


[ 125 ]
No. 159. Parané lulungan golek pangan.
Dina
Pasaran
Legi
Paing
Pon
Wagế
Kliwon
Akad
suwung
pacak
sri
carik dalan
gigis
Senén
carik dalan
gigis
suwung
pacak
sri
Slasa
pacak
sri
carik dalan
gigis
suwung
Rebo
gigis
suwung
pacak
sri
carik dalan
Kemis
pacak
sri
carik dalan
gigis
suwung
Jumuah
gigis
suwung
pacak
sri
carik dalan
Setu
sri
carik dalan
gigis
suwung
pacak

Katrangan : Yèn golếk sandhang pangan (babakulan), millha dina pasaran keng tiba sri, yalku Akad Pon, Senèn Kliwon, Slasa Paing, Rebo Wagé, Kemis Paing, Jumuah Wagế, Setu Légi.


No. 160. Sri Sadana.

Parané lulungan golék sandhang pangan (babakulan), wong lara tirah golék tetamba, sarta wong lunga perang.

Dina lan pasaran
Sri
Sadana
Siksa
Lara
Pati
Ahad Legi kidul kulon kulon lor wếtan
Paing kulon wétan
"
kidul lor
Pon
"
"
"
"
"
Wagé
"
"
wétan
"
"
Kliwon wétan kulon
"
"
"
Senen Legi Lor kidul wétan wétan kulon
Paing kulon
"
"
"
Lor
Pon Lor
"
kidul
"
kulon
Wagé kidul
"
Lor
"
"
Kliwon wétan
"
"
kulon Lor
[ 126 ]
Dina lan pasaran
Sri
Sadana
Siksa
Lara
Pati
Selasa Legi kulon lor lor wétan kidul
Paing
"
kidul
"
"
lor
Pon
"
"
kulon lor wétan
Wagế wếtan
"
"
"
kulon
Kliwon
"
"
"
kulon
"
Rebo Legi lor kidul lor wetan kulon
Paing kulon wétan
"
kidul lor
Pon lor kidul kulon wếtan kulon
Wagế kidul lor kidul
"
"
Kliwon wếtan
"
lor
"
"
Kemis Legi lor wetan kulon kidul kulon
Paing wếtan kulon lor
"
lor
Pon kulon wétan kidul
"
"
Wage kidul
"
"
"
"
Kliwon wétan kulon lor
"
"
Jumuah Legi lor kulon kidul kidul wétan
Paing wétan
"
wétan
"
lor
Pon kulon wétan
"
"
"
Wage kidul kulon kulon lor wếtan
Kliwon wétan
"
kidul kidul lor
Setu Legi wếtan kidul wếtan lor kulon
Paing lor
"
lor wếtan
"
Pon kulon
"
wetan
"
lor
Wage kidul lor
"
"
kulon
Kliwon kulon kidul
"
"
lor

Katrangan : Yến golek sandhang pangan (babakulan), utawa tirah golek lelamba, maranana pernah kang tiba Sri utawa Sadana, Upama ana ing dina Setu Kliwon, paranế kudu ngulon, iku Sri utawa ngidul tiba Sadana.
Yèn perang maranana tiba siksa. Upama ana dina Jumuah legi, iku panatané pabarisan ana lor, mara ngoyak mangidul.


[ 127 ]
No. 161. Parane lulungan kaperluan apa bae supaya oleh gawe.
Setu Paing
Kudu
ngidul
utawa
ngalor
Akad Pon
"
ngidul
"
ngulon
Senèn Wagé
"
ngalor
"
ngétan
Slása Kliwon
"
ngulon
"
ngalor
Rebo Legi
"
ngétan
"
Kemis Paing
"
ngalor
"
ngulon
Jumuah Pon
"
ngétan
"
ngulon
Setu Wagé
"
ngalor
"
ngidul
Akad Kliwon
"
ngalor
"
ngétan
Senèn Legi
"
ngidul
"
Slasa Paing
"
ngétan
"
ngidul
Rebo Pon
"
ngalor
Kemis Wagé
"
ngulon
"
ngalor
Jumuah Kliwon
"
ngalor
"
ngulon
Setu Legi
"
ngidul
"
ngulon
Akad Paing
"
ngalor
"
ngétan
Senèn Pon
"
ngalor
"
ngulon
Slasa Wagé
"
ngétan, ngidul
"
ngalor
Rebo Kliwon
"
ngalor
"
ngétan
Kemis Legi
"
ngalor
"
ngétan
Jumuah Paing
"
ngulon
"
ngétan
Setu Pon
"
ngidul
"
ngulor
Akad Wagé
"
ngulon
"
ngalor
Senèn Kliwon
"
ngalor
"
ngulon
Slasa Legi
"
ngétan
"
ngulon
Rebo Paing
"
ngidul
"
ngétan
Kemis Pon
"
ngalor
"
ngétan
Jumuah Wagé
"
ngalor
"
ngétan
Setu Kliwon
"
ngalor
"
ngétan
Akad Legi
"
ngétan
"
ngulon
Senèn Paing
"
ngidul
"
Slasa Pon
"
ngulon
Rebo Wagé
"
ngétan
Kemis Kliwon
"
ngétan
"
ngulon
Jumuah Legi
"
ngidul
"
ngulon
——————
[ 128 ]
No. 162. Sa'at jam wawaton lintang kaperluan samubarang gawé
Akad Senèn Slasa Rebo Kemis Jum'ah Setu
jam jam jam jam jam jam jam
6 s 6 a 6 is 6 p 6 a 6 sh 6 r
7 a 7 r 7 p 7 l 7 s 7 sh 7 s
8 is 8 p 8 s 8 r 8 s 8 ls 8 k
9 p 9 rh 9 r 9 is 9 a 9 lh 9 k
10 sh 10 a 10 l 10 s 10 a 10 is 10 s
11 r 11 l 11 s 11 a 11 p 11 a 11 p
12 s 12 b 12 k 12 is 12 r 12 p 12 sh
1 b 1 s 1 r 1 is 1 p 1 sh 1 r
2 s 2 is 2 is 2 p 2 rh 2 r 2 rh
3 a 3 p 3 p 3 rh 3 k 3 l 3 s
4 is 4 rh 4 rh 4 a 4 s 4 s 4 k
5 sp 5 a 5 r 5 b 5 ls 5 k 5 is

Katrangan : tegesé s= = slamet, a = ala, is = ilmu sadheng, p = pati, sh = sil, r = rusak, b = becik, rh = rahmat, l = luhur, k = kalah, is = luhur sadheng

Yèn
tiba :
slamet lan luhur, iku luwih becik.
"
"
sih, rahmat lan becik, iku becik.
"
"
ilmu sedheng lan luhur sedheng, iku sedhengan.
"
"
ala, pati, rusak lan kalah, iku ora becik, aja linerak.
Saupama nidakaké samubarang gawé apa baé, ing dina Akad jam 5, tiba p = pati, Senén jam 4, tiba rh = rahmat, Selasa jam 8, tiba s = slamet. Mangkono sabanjuré.




No. 163. Na'as dina, sasi, tahu, iku papali kurdi.

  1. Lamun ana bocah lahir ing wektu na'as, ora waras geringen mindeng.
  2. Lamun wong lulungan ing wektu na'as ana alangané.
  3. Lamun wong perang mangkaté wektu na'as bakal kalah.
  4. Lamun wong ngijabaké pangantén ing wektu na'as akeh alangané utawa pégat.
  5. Lamun nanandur ing wektu na'as ora tuwuh, yen tuwuh ora mangan wohé.
  6. Lamun gagawéyan ing wektu na'as, ora kedadean, yèn dadi ora becik.
  7. Lamun utang ign wektu na'as ora olèh, yèn oléh ora bisa nyaur. [ 129 ]
  1. Lamun miwiti dagang (dol tinuku) ing wektu na'as, kang ginayuh luput, kang cinandhak tuna.

Prayogané samubarang gawế anyingkirana wektu na'as sangar, sarta patining dina, sasi, tahun, sarta dina Taliwangké lan sampar - wangké, apadené dina na'as ajalé bapa biyung, lan kaping telune saka lahire dhewé. Upma lahiré Akad wagé, dina kang kaping telune tiba Slasa Legi.


No. 164, Sa' at
Yen ana prakara dipupus ana ing Pangadilan.
Dina Jam sa'at Jam sa'at Jam sa'at Jam sa'at Jam sa'at Jam sa'at Jam sa'at
Selasa
6
lara
7 - 8
tresna
9 - 10
pandhita
11 - 12
cidra
1
pati
2 - 3
ratu
4 - 5
cidra
Rebo
6 - 7
tresna
8 - 9
pandhita
10 - 11
cidra
12
pati
1 - 2
ratu
3 - 4
cidra
5
lara
Kemis
6 - 7
pandhita
8 - 9
cidra
10
pati
11 - 12
ratu
1 - 2
cidra
3
lara
4 - 5
tresna
Jum'ah
6 - 7
cidra
8
pati
9 - 10
ratu
cidra
cidra
1
lara
2 - 3
tresna
4 - 5
pandhita
Setu
6
pati
7 - 8
ratu
9 - 10
cidara
11
lara
12 - 1
tresna
2 - 3
pandhita
4 - 5
cidra
Akad
6 - 7
ratu
8 - 9
cidra
10
lara
11 - 12
tresna
1 - 2
pandhita
3 - 4
cidra
5
pati
Senen
6 - 7
cidra
8
lara
9 - 10
tresna
11 - 12
pandhita
1 - 2
cidra
3
pati
4 - 5
ratu

Katrangan : Mangkate saka ngomah miliha jam kang ratu utawa Pandhita.


[ 130 ]
No. 165. Sa'at

Yèn arep ngrembug tatanan praja, tukar bicara, ngrampungi utawa mutus samubarang kang perlu. Apadéné yèn lelungan adoh, luwih-luwih yèn nyabrang lautan.

Dina Jam Jam Jam Jam Jam Jam Jam
Akad 6 - 8
ratu
8 - 10
tangguh
10 - 11
lara
11 - 1
tresna
1 - 3
pandhita
3 - 5
cidra
5 - 6
pati
Senèn 6 - 8
Tangguh
8 - 9
lara
9 - 11
tresna
11 - 1
pandhita
1 - 3
cidra
3 - 4
pati
4 - 6
ratu
Slasa 6 - 7
lara
7 - 9
tresna
9 - 11
pandhita
11 - 1
cidra
1 - 2
pati
2 - 4
ratu
4 - 5
tangguh
Rebo 6 - 8
tresna
8 - 10
pandhita
10 - 12
cidra
12 - 1
pati
1 - 3
ratu
3 - 5
tangguh
5 - 6
lara
Kemis 6 - 8
pandhita
8 - 9
cidra
10 - 11
pati
11 - 1
ratu
1 - 3
tangguh
3 - 4
lara
4 - 6
tresna
Jum'ah 6 - 8
cidra
8 - 9
pati
9 - 11
ratu
11 - 1
tangguh
1 - 2
lara
2 - 4
tresna
4 - 6
pandhita
Saptu 6 - 7
pati
7 - 9
ratu
9 - 11
tangguh
11 - 12
lara
12 - 2
tresna
2 - 4
pandhita
4 - 6
cidra


Katrangan : Pangkaté saka ngomah miliha jam keng tiba ratu, iku becik dhéwé. Pandhita lan tresna sedheng. Tangguh lan cidra ala. Lara lan pati ala banget.


[ 131 ]
No. 166. Sa' at sabarang gawé wawaton tanggal
Tanggal Esuk tekan pecak 21 Ganti tekan pecak 11 Ganti tekan pecak luhur Ganti tekan pecak asar Ganti tekan pecak surup
Jam
6-8.23 8.24-10.47 10.48-1.11 1.12-3.35 3.36-5.59
1. 6. 11. 16. 21. 26 Akhmad Jabarall Ibrahim Yusup Ngijrail
2. 7. 12. 17. 22. 27 Jabarail Ibrahim Yusup Ngijrai Akhmad
3. 8. 13. 18. 23. 28 Ibrahim Yusup Ngijrail Akhmad Jabarail
4. 9. 14. 19. 24. 29 Yusup Ngijrail Akhmad Jabarail Ibrahim
5. 10. 15. 20. 25. 30 Ngijrail Akhmad Jabarail Ibrahim Yusup
  1. Sa' at Akhmad, becik kanggo sabarang gawế.
  2. Jabarail, sedheng, yèn perang menganggo kang sarwo ijo.
  3. Ibrahim, ala banget, beciké yèn arep mematèni, mbeburu, golèk iwak, yèn ngadu wong menganggo kang sarwa abang.
  4. Yusup, ana beciké lan ana alanế, yèn ngadu wong madhepa ngidul ngétan.
  5. Ngijrail, ala banget kayadéné Ibrahim.

No. 167. Pamilihing desa (kampung) kang arep dienggoni.

 Jenengé dhéwé gathukna karo jenengé dèsa, jupuken aksarané ngarep, mburi padha mburi, neptunế aksara kagunggung, banjur kapara 5.

Yèn turah 1 Sonya, ora duwé rijeki
" " 2 Antaka, kerep kasusahna.
" " 3 Donya, akeh rijekine
" " 4 Pandhita, tentrem
" " 5 Ratu, kajèn keringan.
 Neptuné = 1, = 2, = 3, lan sapituruté tumeka neptuné aksara = 20. [ 132 ]

 Katrangan Saupama jeneng manggon ing désa iku becik. Sabab jenengé sing ngarep aksarane neptuné 8 jenengé désa kang dienggoni sing ngarep aksarane neptuné 5, gunggung 8 lan 5 = 13, banjur kapara 5 turah 3 tiba donya, akeh rijekiné. Déné jenenge sing mburi aksarané neptune 14, Jenengé désa sing mburi aksarané neptuné 5, gunggung 14 lan 5 = 19, banjur kapara 5, turah 4 tiba pandhita tentrem.



No. 168. Pamilihing pakarangan (palemahan).


Palemahan yèn :

  1. Miring ngetan, aran Manikmulya, sirna ing lelara, akeh rijekiné slamet ayem, tandurana wit cocorbèbèk ing padon kulon.
  2. Miring ngulon aran Sri Sadana, kerep rebut rasa, asring tukaran, akèh lelara, tutulake tandurana gedhang kluthuk ing padon wétan.
  3. Miring ngidul aran Gelagah, ilang donyane, sring kapatèn tutulaké pendhemana mawa (geni) satengahing pakarangan lan maca: Kulhu lan Birobinasi.
  4. Miring ngalor aran Indraprastha, apa sakarepé dadi, yèn sugih tumurun anak putu.
  5. Miring ngetan lan miring ngulon (tengah mendhukul nggigir sapi) aran Darmalungit, bakal katekan donya akèh.
  6. Miring ngidul, nanging kidulé rawa, aran Sekarsinom, sugih arta, sring kélangan, tutulaké. tandurana wit asem lan delima.
  7. Dhuwur kulon andhap lor aran Danarasa, sugih rabi lan sugih donya.
  8. Dhuwur kulon andhap wétan aran Srinugraha, olèh brekat agung.
  9. Dhuwur wétan andhap kulon aran Kalawisa, tansah lalarenan sring kepaten.
  10. Gumulung mangalor aran Wisnumanitis, akèh rijekiné tumurun mring anak putu.
  11. Gumulung mangidul aran Siwaboja, tansah kena godha karusakan
  12. Rata mawa kukuwung abang semu kuning aran Branapadem, sangar lemah iku, sring kepatèn.
  13. Rata mawa kukuwung ijo anggameng aran Endragana, rahayu slamet.
  14. Kakepung gunung aran Kawula katubing bala, sugih donya.
  15. Kakepung banyu aran Sigarpenjalin, kerep padu, tutulaké mendhem banyu satengahing pakarangan.
  16. Kulone gunung aran Asunggelak, sring diamuk wong, tutulake nguncalana lungka.
  17. Metu banyu aran Singameta, geringen, tutulaké mendhem watu satenghing pakarangn lan maca patekah.
  18. Ing nduwur dikepung lebak, aran Suniyalayu, sugih anak. [ 133 ]
  1. Ka'pit banyu sisihé lebak aran Srimangepel, sugih beras pari.
  2. Ka apit gunung aran Lamurwangke, diluluti kebo, sapi jaran.
  3. Miring ngétan, lor gunung kidul gunung aran Arjuna, gedheé atine kajen keringan.
  4. Kakepung gunung kawayangan gunung aran Tigawarna, ayem tentrem tansah mertapa.
  5. Rupané putih, rasané manis, ambuné wangi iku bagus, kalekan donya akeh.
  6. Rupané ijo, rasané-maris pedhes, ambune banger iku luwih bagus, sugih lan slamet.
  7. Rupané abang, rasané, manis ambuné pedhes iku becik, sugih ingon -ingon.
  8. Rupane ireng, rasané pait ambuné amis iku ala banget panggonaning setan.




No. 169. Panawaran lemah sangar, kayu aèng.

Bismillah hirohmanirohim, nyawa sejati, sukma sejati, ya ingsun sejatining sukma, ambyah kumel. Nuli idu kaping 3, sarwi megeng napas. Banjur maca donga maneh. Badanku badan rohani, pinemahaké ing sagara, asat kang banyu, ing gunung gugur, ing kayu angker rubuh, ing wong jail dadi sabar slamet les tanpa daya.



No. 170. Numbal omah lan palemahan.

Puwasa 2 dina, banjur pati geni sadina sawengi, sranane uyah 4 gegem, sarta maca donga ping 4 ing wayah jam 1 bengi karo ngubengi omah, sarta nyawur-nyawuraké uyah 4 gegem mau mbaka sagegem nganti enték. Dadi anggoné ngubengi omah kaping 4. Dongané mangkene :
Danyang smara bumi, ingsun pakuning bumi, asung rijeki mring sira saanak putumu ing salawase, sira sun pitaya njaga karas iki, sira sun waleri tan kena angganggu gawé, sira manggona ing pernah pojok papat : slamet, slamet, slamet karsaning Allah.
Sawusé rampung maca donga ngubengi omah, kaping 4, banjur lungguh ana samburining omah, madhepé manut adhepe’ omah, yén omah, madhep mangidul, lungguhe iya madhep mangidul. Lungguhe ditata murih kapénaké banjur meneng nyiwungaké gagasan, sawusé oleh ngalamat kena mudhar, tegesé kena banjur mangan utawa turu. Dené yen durung ana ngalamat, diterusaké nganti pajar (ésuk), sarta kenané mangan lan turu ngenténi lingsir wétan.

Insa‘alah lemah sangar mau dadi tawa. [ 134 ]
No. 171. Nolak utawa nundhung setan.

Yèn palemahan sangar sebab didunungi sétan, panulak utawa panundhungé : pasa 3 dina, utawa 7 dina ora turu, lan maca slawat pin 100, yaiku : astaghrirulla halngadim. Sawisé aja pegal maca dongan mangkené : ya dayina yani yanu yamarkaba yasiyata yasiyara ya'amusa yarimua yadibuda yadibaya. Nuli pojokan 4 pendhemana Jimat ditulis ing kertas kaya ing ngisor iki :


No. 172. Adheping omah.

Miturut gunggungé neptunế dina lan kalahirané kang manggon, yaiku gungguné ketemu :

7 kang becik kudu madhep ngalor utawa Ngétan
8
"
"
"
"
ngalor
"
Ngétan
9
"
"
"
"
ngidul
"
Ngétan
10
"
"
"
"
ngidul
"
Ngulon
11
"
"
"
"
ngulon
12
"
"
"
"
ngalor
"
Ngulon
13
"
"
"
"
ngalor
"
Ngétan
14
"
"
"
"
ngidul
"
Ngétan
15
"
"
"
"
ngulon
16
"
"
"
"
ngulon
17
"
"
"
"
ngalor
"
Ngulon
18
"
"
"
"
ngalor
"
Ngétan



Katrangan Saupama lahiré ing dina Saptu Paing, neptuné Saptu 9 Paing 9 gunggung 18; kang becik kudu ngenggoni omah kang madhep Ngalor utawa madhep Ngétan.


No. 173. Miwiti ngadani pagawéyan.

Wektuné miwiti ngadani pagawéyan supaya énggal rampung becik lan liya-liyané yèn dina : [ 135 ]Akad wiwité jam: 6. 7. 11. 1. 5.
Senen"" 8. 10. 1. 3. 5.
Selasa""7. 10. 12. 2. 5.
Rebo""7. 9. 11. 2. 4.
Kemis""8. 11. 1. 3. 4.
Jumuah""8. 10. 12. 3. 4.
Saptu""11. 7. 9. 12. 2. 4.

No. 174. Ngedegaké mayu lan ngelih omah.


Ing sasi:

1. Sura : Ngedegaké omah, nemu susah, kobongan, énggal ngalih panggonan.
Mayu omah, tansah hura - hura Ngelih omah ora bisa turu akèh bilahiné.
2. Sapar : Ngedegaké omah, akèh rewangé, nanging karusakan Mayu omah, akèh wong bekti. Ngelih omah akèh wong wedi.
3. Rabingulawal : Ngedegaké omah, geringan lan gelis mati sakloron. Mayu omah, énggal kepatèn. Ngelih omah, akèh sambékalané karusakan mati sakloron.
4. Rabingulakir : Ngedegaké omah, rahayu tulus. Mayu omah rahayu Ngelih omah, akeh kang asih.
5. Jumadilawal : Ngedegaké omah, akeh wisayaning wong. Mayu omah akeh kang ngawula, nanging sring nemu pakewuh. Ngelih omah geringen.
6. Jumadilakir : Ngedegaké omah, kerep katekan sanak, olèh kasenengan, nanging ora lana, sarta sring geringan. Mayu omah, geringan. Ngelih omah, ing pamburiné nemu ala, geringan.
7. Rejeb : Ngedegaké omah, ora becik nanging tulus ngingu kéwan sikilpat. Mayu omah, sabarang gawé ora kebeneran ngelih omah, bakal nemu kasugihan.
8. Ruwah : Ngedegaké omah, winedèn sapadha-padha, nanging mlarat. Mayu omah, kinasihan wong

akèh, rahayu slamet ianging mlarat. Ngelih omah, kinasihan sapadha-padha.

9. Pasa : Ngedegaké omah, sugih mas picis, Mayu omah luwih utama. Ngelih omah, kerep oleh donya.
10. Sawal : Ngedegaké omah, kerep ngalih adoh sring tukaran. Mayu omah, akèh kang mejana. Ngelih

omah, gelis kobongan, dipatèni wong.

[ 136 ]
11.Sura: Ngedgaké omah, sugih rijeki suci. Mayu omah dikaniaya sanaké, tansah nemu runtik. Ngelih omah, kinasihan par luhur, nanging dèn kaniaya sanak.


12.Besar: Ngedgaké omah, sugih kebo sapi, sabarang slamet. Mayu omah, olèh donya brana. Ngelih omah, bakal oleh kebo sapi.


No. 175. Ngedegaké omah, Mayu lan Ngelih omah.

Ing mangsa:

1.Kasa: Ngedegaké omah, becik. Mayu omah, wareg slamet. Ngelih omah, rahayu slamet.

2.Karo: Ngedegaké omah, ala. Mayu omah, tukaran lan sanak, Ngelih omah, kacarita wong ala.

3.Katelu: Ngedegake omah, ala banget. Mayu omah, kobongan kemalingan. Ngelih omah, kemalingan.

4.Kapat: Ngedegaké omah, luwih becik. Mayu omah, luwih prayoga, didhemeni wong. Ngelih omah, rahayu sa'nak putu.

5.Kalima: Ngedegaké omah, becik. Mayu omah, rahayu slamet, sugih anak putu. Ngelih omah bakal nemu ala.

6.Kanem: Ngedegaké omah, becik. mayu omah, dèn punjung anak putu. Ngelih omah, kang duwé omah dèn samber gelap.

7.Kapitu: Ngedegake omah, ala. Mayu omah, sugih gawé, sugih prakara. Ngelih omah, sugih rejeki, dhemen gawe prakara.

8.Kawolu: Ngedegake omah, ala. Mayu ornah, kepatèn wong wadon utawa pegat. Ngelih omah, suka wirya, nanging kepatèn bojo.

9.Kasanga: Ngedegaké omah, ala. mayu omah, sadurungé disalini payoné kerep sedhih. Ngelih omah, susah mindeng.

10.Kasapuluh: Ngedgaké omah, becik. Mayu omah, luwih saka becik. Ngelih omah, luwih prayoga, mindeng senenge.
[ 137 ]
11.Dhesta:Ngedegaké omah, geringen tanpa oleh tamba. Mayu omah, mati sakloron. Ngelih omah, mati sakloron.

12.Sada:Ngedgake omah, ala. Mayu omah, susah, pisah lan bojo. Ngelih omah, wurung karepé kang ala, pikir teka tuwuh, ala wirang sukane.


No. 176. Miwiti ngadani gawe omah lan ngelih omah.

Miturut wiwité ing dina lan pasarané neptune' digunggung banjur kapètung; guru, ratu, rogoh, sempoyong. Yen tiba; guru, sinudarsana, ginuronan, lumintu sandhang pangane, adoh ing sambékala, cepak begjane. Ratu kinaweden ing sapadha-padha adoh sambekalane, lumintu rijekine. Rogoh, sring kemalingan. Sempoyong sring nandhang susah, sarta sring laladanen baé.


Katrangan : Tumrap pétung iki, neptuné dina béda karo lumrahé kang kasebut ing kaca 7 No. 2 Nanging neptuné Akad 6, Senèn 4, Selasa 3, Rebo 6, Kemis, 5, Jumuah 7, Sapta 8. Dene pasaran ajeg yaiku; Kliwon 8, Legi 5, Paing 9, Pon 7 Wage 4.


No. 177. Pétungan ngedegaké utawa ndandani omah.

Miturut wiwité dina lan pasarané, neptuné digunggung banjur kapetung, kerta, yasa, candhi, rogoh, sempoyong. Yèn tiba : Kerta, olèh kasugihan, yasa, bisa kuwat, Candhi, rahayu slamet, Rogoh, sring kelangan, Sempoyong, sring ngalih adoh utawa ora awèt.


No. 178. Pétung ngedegaké utawa ndandani omah.

Miturut wiwité dina lan pasarané, neptuné digunggung banjur kapétung; sri, kitri, candhi, rogoh, sempoyongan. Yèn tiba : Sri, sugih dhayoh Kitri, karejekèn, werdi, sugih anak. Candhi, kéringan, Rogoh, sring kemalingan, Sempoyong, sring kepatèn.


No. 179 Ngelih omah.

Miturut wiwité ing dina lan pasarané neptuné digunggung, banjur kapétung kerta, yasa, rogoh, sempoyong. Yèn tiba : kerta, kajen kéringan, yasa, tentrem, Rogoh, sring kemalingan, Sempoyong, sring ngalih.


Katrangan Neptuné dina lan pasaran miturut kaca 7 No. 2 [ 138 ]
No. 180, Petungan gawe utawa ndandani :
omah, bango, kandhang, langgar lan pager

Miturut wiwite ing dina lan pasarané, neptuné digunggung banjur kapétung padu demanggung, sanggarwaringin, mantrisinoraja, macan ketawang, pati.

Yèn tiba : padu, gawé bango, Demangagung, gawé kandhang. Sanggarwaringin, gawé langgar, Mantrisinaroja, gawe omah mburi. Macanketa-wang, gawé omah ngarep. Patl, gawe pager.


Katrangan Neptuné dina lan pasaran ing bab pétungan no. 177, 178, 179 lan 180 ing dhuwur iku, miturut kasebut kaca 7 No. 2.



No. 181. Ngedegaké, mayu, utawa ngelih
bangsaning omah.


Kang becik yaiku: Akad, ngedegaké, mayu utawa ngelih omah, Senèn, pawon, Selasa, lesung. Rebo, kandhang. Kemis, pandhapa. Jumuah, langgar. Saptu, pringgitan.



No. 182. Isyarat ngedegake omah.


Ngisoring saka guru dèkèkana godhong elo, alang alang, dhadhap maja lan godhong dhuwet. Yèn tanpa purus, saka guru kang ana lor wétan kapanteka kayu jati, kang kidul wétan kapantèka kayu dhadhap srep, kang kidul kulon kapantèka kayu awar awar, kang lor kulon kapantèka kayu waru. Anggoné ngedegaké kawitan saka ing lor wétan, banjur kidul wétan lan sauruté. Déné ing tengah jogan pendhemana kayu dhandhap srep ngadeg lan kendhi anyar kebak banyu. Dené sajèné degan ijo 2, kendhi sarakit (2) kebak banyu, jeruk gulung 2 sarta pès pèsan bekatul.



No. 183. Tumbal omah,


Yèn saka guru wis ngadeg, ing wayah bengi jam 1, pojoking (padon) omah papat pisan isingana, sarta pendhemana endhog wokan, wiwité saka pojok lor wétan, banjur kidul wétan, banjur kidul kulon, banjur lor kulon. Saben endhog arep kapendhem, matek japamantra dhisik mangkéné: alip, bé, be, bayan ora ana panggawe ala, padha wurung kabèh bé, bé, bé, muni kaping 3 kabatin bae sarta tanpa ambegan. Yèn wis endhogé banjur kapendhem ing pojok papat mau. Déné sawabé ora kemalingan lan liya-liyane [ 139 ]
No. 184. Murih omah ora kelebon lemut.


Wiwit ngedegaké saka guru nganti sarampungé, kang padha nyambutgawe ora kena : ura-ura, omong kang tanpa paédah, guguyon; kenané mung omong rembugan - pagaweyan, sarta ora kena udud, nginang jajan, mangan ana sajroning omah kang lagi digarap. Déné yén arep mangan, ngombé, udud lan sapanunggalane, kudu sumingkir saka panggonan omah kang lagi digarap. Insya'allah lemut ora wani lumebu.



No. 185. Gawé babatur omah mburi


Ukuran pétungan gawé babatur omah mburi, ora kena numpang pusering. (pakarangan (tengah tengahing pakarangan). Pangukuré nganggo dedege kang duwe omah, (kang iyasa, kang setengah dedek ana sajroning omah, anggone ngukur saka pinggiring pakarangan sisih kulon utawa lor tumekané marang babatur pinggir kulon utawa lor, pétungané: kertayasa, candhi, rogoh, temporêt.
Yen tiba Kerta, oleh keslametan. Yasa, oleh rijeki. Candhi, sepi mamring. Rogoh, kemalingan. Temporèt, ora betah ana omah.



No. 186. Tumbal pasang babatur.

Yèn arep pasang pandhemèn, saben pojoking pandhemèn mau tancebana kayu girang kayadéné dadi papathok, banjur pasangana kentheng lawé wenanglawe mau cencangen ing kayu girang mau sarta kapanthèk nganggo paku.



No. 187. Gawé omah.

Pétungan gawe omah lan liya-liyane sangsane, kang baku pétunganing usuk megeng lima lima; pungkasaning usuk manawa tiba; 1. Sri, becik. 2. Kitri, becik. 3. Gana, sedheng. 4. Liyu, ala 5. Pokah, ala.



No. 188. Gawé usuk.

Pétungan gawe usuk Sri, Werdi, Naga, Mas, Pérak. Déné cacahing usuk nganggo tikelan 5, yaiku:

5-5 wuwuwh 1 tiba : Sri kanggo usuk lambung
5-5,,2 ,, : Werdi,,,, kandhang utawa gandhok
5-5,,3 ,, : Naga,,,, pawon
5-5,,4 ,, : Mas,,,, omah mburi

5-5,,5 ,, : Perak,,,, pandhapa
[ 140 ]
No. 189. Gawé bebalungan omah (lakar).

Kapétung nganggo pecaké dhéwé (kang duwe omah), pétungane Sri, kitri, gana, liyu, pokah.
Yen tiba Sri gawe babalungan kanggo omah mburi. Kitri, kanggo pandhapa. Gana, kanggo pawon, gandhok lan kandhang. Liyu kanggo regol lan bangsal pasowanan Pokah kanggo lumbung lan gudhang.



No. 190. Dina kanggo miwiti pasang lawang.

Kang becik yèn dina: Jumuah, pasang lawang omah. Saptu, lawang butulan. Rebo, lawang gandhok. Kemis, lawang règol.



No. 191. Gewe andha.

Petungané cacahe unton - unton andha, kapetung andha, éndhé, dhéyog.
Yen tiba Andha, becik. Endhé, gelis rusak lan selangan. Dhéyog, nibakaké



No. 192. Gawé andha.

Pétungan cacahe unton -untoning andha kapéthung andha, éndhé, undhu.
Yèn tiba Andha selangan. Endhé, sering kanggo mikul jisim. Undhu sing duwé lelaranen.



No. 193. Gawé ambèn.

Pêtungan cacahé dlíka (galar plupuh). Kapetung dlika, wangké, wangkon.

Yen tiba: Dlika, kang duwé lelaranen. Wangké, kerep kepatèn. Wangkon, kerep dadi patoroning sanak. [ 141 ]
No. 194. Gawé lawang pakarangan

Gawé lawang pakarangan, papan kang arep diedegi lawang, dawané kaukur, banjur kapara 5. Yèn lawang mandhep mangidul pangétungé wiwit saka wétan. Mandhep mangulon wiwit saka kidul : Madhep mangalor wiwit saka kulon. Madhep mangétan wiwit saka lor, kaya ing ngisor iki :

Iring Kulon Iring Lor Iring Kidul Iring Wetan
1. Becik, slamet 1. Becik, slamet 1. Becik, slamet 1. Becik, slamet
2. Sabarang kang tinandangan dadi, makolehi 2. Sabarang kang tinandangan dadi, makolehi 2. Sabarang kang tinandangan dadi, makolèhi 2. Sabarang kang tinandangan dadi, makolèhi
3. Kena sangkala, ala 3. Kena sangkala, ala 3. Kena sangkala, ala 3. Kena sangkala, ala
4. Sring nemu pakéwuh 4. Sring nemu pakéwuh 4. Sring nemu pakéwuh 4. Sring nemu pakéwuh
5. Sangar, kurang becik 5. Sangar, kurang becik 5. Sangar, kurang becik 5. Sangar, kurang becik

[ 142 ]
No. Gawé Lawang pakarangan.

Gawé lawang pakarangan petungan lan lakune padha karo kasebut ing dhuwur iku, mung bae dawane papan kang diedegi lawang kapara 9, kaya ing ngisor iki:

Kulon Kidul Wetan Lor
1. Oleh arta 1. Duwế kabecikan 1. Olèh dosa saka İlyan 1. Geringan
2. Kemalingan 2. Ora duwé utang 2. Oleh wong wadon becik 2. Kerep kedhayohan
3. Sugih anak putu 3. Suka cipta 3. Oleh ganjaran akèh 3. Sugih anak
4. Menang angkuh 4. Mundhak pintếr 4. Suka sampuma sabarang gawế 4. Oleh kang sedya ngalani
5. Sring kadurjana 5. Sring kepatèn 5. Sugih saking srama 5. Kadurjanan
6. Oleh mas picis 6. Rosa pikirế 6. Rusak atinế 6. Oleh duka saka anak
7. Kuwalat saka wadon 7. Olèh sugih 7. Sring tukaran 7. Rosa pikirế
8. Rijeki gampang 8. Oleh sawab batin 8. Gedhe atinế 8. Oleh dosa saka anak
9. Geringan 9. Oleh pitutur suci 9. Sring kemalingan 9. Kemalingan

[ 143 ]
No. 196. Gawe lawang pakarangan

Gawe lawang pakarangan iki, lakune ana bedane karo kang kasebut Ing No. 194, lan No. 195 ing ndhuwur, yaiku mangkene papan kang arep didegi lawang, dawane kaukur, banjur kapara 9. Yen lawang madhep mangidul, pangetunge wiwit saka wetan. Madhep mangulon, wiwit saka lor. Madhep mangalor, wiwit saka kulon. Madhep mangetan, wiwit saka kidul. Terange mriksani uruting angka ing gambar kaya ing ngisor iki:


Katrangan : Petungan gawe lawang 3 rupa iku, ana sulayane kena milih salah siji, janji milih kang tiba becik.

Iring Kulon Iring Lor Iring Kidul Iring Wetan
1. Bumi, becik 1. Bumi becik 1. Bumi becik 1. Bumi, becik
2. Kreta, becik 2. Kreta becik 2. Kreta becik 2. Kreta, becik
3. Kala, ala 3. Kala, ala 3. Kala, ala 3. Kala, ala
4. Kali, ala 4. Kali, ala 4. Kali, ala 4. Kali, ala
5. Bumi, becik 5. Bumi, becik 5. Bumi, becik 5. Bumi, becik
6. Kreta, becik 6. Kreta, becik 6. Kreta, becik 6. Kreta, becik
7. Kala, ala 7. Kala, ala 7. Kala, ala 7. Kala, ala
8. Kali, ala 8. Kali, ala 8. Kali, ala 8. Kali, ala
9. Bumi becik 9. Bumi becik 9. Bumi becik 9. Bumi becik
[ 144 ]
No. 197. Gawe sumur.

Pétungan gawe sumur, wiwit saka tengahing jogan (irambah), tumakané papaning sumur dhepanan, katemnu pirang dhepa, pétungané 1 dhepa sri, 2 dhepa donya, 3 dhepa arta, 4 dhepa suwarga, 5 dhepa naraka, 6 dhepa sri maneh, 7 dhepa, donya sabanjuré.

Déné yèn tiba; Sri, kerep diangsu wong Donya, kerep kélangan, arta, asatan. Suwarga, becik, Naraka, sring keceguran wong


Katrangan : Saupama dunungé sumur saka tengah - tengahing jogan omah adohé katemu ana 19 dhepa, 24 dhepa, 29 dhepa, iku petungané tiba Swarga, iku becik.

No. 198. Gawe sumur.
Dununging sumur ing : angka 1, dadi padusané wong suci (pandhita). 2. Dadi padusané wong kawirangan, 3. Dadi padusané wong cilaka doyan mangan karam. 4. Dadi padusané wong kasusahan. 5. Dadi padusané mayit. 6. Dadi padusané wong lara ganget. 7. Dadi padusané wong lara. 8. Dadi padusané pangantèn kang becik sumur mau dumungé ana ing pernah angka 1 lan 8. [ 145 ]
No. 199. Sumur supaya enak banyune.


Yèn gawe sumur ukurane' gulon klambine kang arep gawe' sumur, kaukur saka pinggir bebatur pawon, sisih (iring) lor tumeka sumur sisih (iring) kidul. Pétungané tlaga, kali, segara, sendhang.
Yen tiba Tlaga, banyuné anta. Kali, sring kacemplung babathang. Sagara, banyune asin. Sendhang, banyune enak, seger, nanging asat, becik milih kang tiba sendhang.



No. 200. Tamba Raja Singa (Bengang )


  1. Jongrahab, adas pula waras, brambang godhong cengkèh, kayu angin, diwori bung wulung nanging dibenem nganti dadi awu, binanyonan banjur kagodhog, kanggo wédangan.
  2. Godhong meniran saoyode, godhong urat, godhong srigadhing, kayu angin, jongrahab, adas pula waras, brambang binanyonan banjur kagodhog kanggo wédangan.
  3. Godhong meniran satekem saoyode kunci 5 iris, ketumbar 20 iji, jinten ireng binanyonan banjur kagodhog, kanggo wédangan.
  4. Oyod jambe, areng jati, murmakdaging, binanyonan kagodhog kanggo wédangan.
  5. Awu bénda ijo, binanyongan kagodhog, kanggo wédangan.
  6. Oyod besaran, oyod alang-alang (dlejeg alang-alang) oyod keji, kayu anyang kaobong kajupuk awune, binanyongan kagodhog kanggo wédangan.

Katrangan Kang kasebut ing dhuwur mau, panggodhogé kang umob nganti tanak, upama banyune saceret kebak kakèrèkaké separo cèrèt, déné akèh sathiking adon-adonan lan akèh sathithiking banyu, kamurwata saprayogane

  1. Degan kambil ijo, dileboni kemukus 3 iji, bawang 4 siung. Degan mau banjur kabenem, ing wayah bengi diebun ebunáké kadèkèk ing payoning omah. Ing wayah jam 6 ésuk kajubuk terus kaombe, sarta ing sadurunge ora kena memangan lan ngombé apa-apa.
  2. Godhong ilatbaya dioncèki kakumbah kang resik, kapipis bnjur digulani batu samurwaté, kawadhahan ing pinggan (tuwung) utawa wijikan, ing wayah bengi dibun bunake kadèkèk ing payoné omah. Ing wayah jam 6 ésuk kajupuk kaperes banjur kaombé, ing sadurungé ora kena memangan lan ngombé apa-apa.
  3. Bawang sabungkul, oyod waringin satekem, oyod tebu ireng satekem, oyod suket lulangan satekem, kapipis binanyonan sathithik, kawadhahan ing lodhong, diwori tengkuwèh samuwate, ing wayah bengi dibun - bunake, ing wayah jam 6 ésuk kajupuk terus dlombé, ing sadurunge ora kena mamangan lan ngombé apa-apa.
    [ 146 ]
  1. Godhong suruh, adas saséndhok teh, pulasari sadriji, kadheplok sarta dibanyoni sacangkir, banjur kaperes, kaombé ing wayah tangi turu esuk sadurungé memangan ngombé apa-apa.
  2. Godhong kemrunggi kapipis, banjur kaperes diuyahi sathithik, banjur kaombe.
  3. Godhong meniran saoyodé, oyod besaran, oyod alang alang, pupusing pring ampèl godhong kasih, murmakdaging, tebu ireng, kemukus, bung glonggong, adas pulawaras, kayulegi, kapipis binanyonan landhaning merang ketan ireng, diuyahi sathithik banjur kaombe.
  4. Godhong timun, adaspulawaras, brambang, kapipis binanyonan banjur kaombe.
  5. Oyod sidaguri, oyod papasan, pupusing pring ampèl, bung glonggong, adas, pulawaras, temu, brambang, kapipis lembut binanyonan banjur kaombé
  6. Oyod asem, oyod tebu mangli, oyod slèdri, godhong keji, secang, kayu anyang kaobong, kapipis lembut binanyonan banjur kaombé, ampase kanggo wedhak wiwit puser sakiwa tengene mangisor tekan pelandhungan.
  7. Godhong jarak abang, brambang, kapipis banjur kagodhog, yen wis manget manget banjur kanggo wedhak wiwit puser sakiwa tengene mangisor tekan pelandhungan.
  8. Godhong po'o, adas pulawaras, brambang, kapipis lembut, banjur kanggo wedhak wiwit puser sakiwa tengene mangisor tekan pelandhungan.
  9. Godhong posor, adas pulawaras, brambang, kapipis lembut, banjur kanggo wedhak wiwit puser sakiwa tengene mangisor tekan pelandhungan.
  10. Godhong semanggi, adas pulawaras, kapipis binanyonan powan sapi, banjur kanggo wedhak wiwit puser sakiwa tengene mangisor tekan pelandhungan.
  11. Pelandhungan abuh wedhakana serenging kullit jeruk gulung kang setengah tuwa.


No. 201. Tamba wong lanang, (kekualaning saresmi)

  1. Godhong jakatuwa lan kajar angkrik binanyonan banjur kagodhog kanggo wedhangan.
  2. Godhong cung cung beluk, adas pulawaras, temu, brambang binanyonan banjur kagodhog kanggo wedangan; ampase kanggo tapeling padharan.
  3. Godhong japrusa (Jayapurasa) saoyode, karo adas pulawaras, oyode didhedhegi dhisik, binanyonan banjur kagodhog kanggo wédangan.
[ 147 ]
  1. Cabé lempuyang, godhong jeruk pecel, cengkeh, pala, mrica, sada aren, kajang tuwa, uyah 3 wuku, binanyonan banjur kagodhog, kanggo wédangan.
  2. Cabe lempuyang, kunir, godhong suruh saoyode, oyoding suket teki, bonggol nampu, binanyonan banjur kagodhog, kanggo wedangan.
    Katrangan : Kang kasebul ing dhuwur mau, paggodhoge kang umob nganti tanak, upama banyuné sacerét kebak, kakérekaké saparoning ceret, déné akéh sathithiking adon-adonan lan akeh sathitihiking banyu, kamurwata saprayogane.
  3. Damar séla, pijer kemasan, kapipis kang lembut binanyonan, banjur kaombe.
  4. Arés gedhang séba, sulur tembako, jeruk linglang (kingkit) kapipis kang lembut banyune kaombe.
  5. Ilèr ireng, kunci, maja-maju, kemukus, kapipis dilengani wijen, banjur kadhadhar ing wayah sore.
  6. Atining nanas, luwih becik yèn kang ijih pentil, kadhadhar.
  7. Kikil kebo, sapi, utawa wedhus, diolah bumbu jahe, kang kapara akeh jahene, saben saminggu dhahar sapisan ulawa pindho.
  8. Krécék utawa rambak, kadhadhar saben dina luwih becik.
  9. Daging menyawak, bawang lanang 7 bungkul, kagoreng lenga wijen, banjur kadhadher, déné lengané kaurutaké dhakaré lan padharané
  10. Buntut wedhus lanang, dijarangi, kaklocop kulité jupuké balunge kang nom, banjur cacahen kang lembut, diadoni adas pulawaras, banjur kadhadhar nganggo gedhang mas.
  11. Madu Arab sasendhok dhahar, samin uga sasendhok dhahar, mrica sasendhok teh utawa luwih sathithik, lan endhog ayam mentah 2 rajangan godhong kucai kang lembut, kabeh mau kacampur dadi siji, kawadhahan gelas kaublak, banjur kadhahar saben loro utawa telung dina sapisan.
  12. Endhog ayam ireng mulus mentah, karo bawang kadhahar.
  13. Lung riwana, uyah kewak 7 jumput, kapipis kang lembut, banjur wedhakna ing dhakare saben ésuk.
  14. Sidawayah, jahakeling, pala, pucuk, ganthi, jeruk purut, lanceng, kapipis lembut diwori powan sapi utawa wedhus sathithik, banjur wedhakna ing dharaké.
  15. Planangan pilik walik, olan-olan dhadhap, lajer bendungen, alu pepet, sada lanang, godhong teter, kabeh kapipis lembut, banjur winadhahan terong ongor kang wis tuwa banget kang rupané kuning, terong ongor mau isiné dibuwang kang resik, diwuwuhi ragi, banjur diindel ing wangan nganti umob, diwuwuhi manèh landha awuning duk lan dhuku, lan banyu wayu sathithik, banjur kakilèkaké ing bolonganing dhakar nganggo wulu.
[ 148 ]
  1. Oyod legundhi, oyod kajar, oyod kencur, oyod sembung, oyod poncasona, kunir, kapipis lembut, banjur kagilut sarta kaboréhaké ing dhakaré, wiwit ing dina kliwon nganti dina wage, aja nganti towong Panggiluté lan anggone mboréhaké dhakaré.
  2. Ing saben tangi turu ing wayah ésuk, terus nginum banyu urip, artine banyu wantah kang resik sagelas dientèkaké, yaiku minangka panyiraming wiji (banyu rasa), mangkono iku katindhakaké ing salawase.
  3. Ketan gajih, wiluwong, lempuyang, kunir, kapipis lembut, banjur kadhadar, pandhahare kudu ngarepake hyang Surya, sarta sadurunge dhahar matek mantra dhisik uniné : Hyang-Hyang Raditya Dewaning manik.


No. 202. Jamu kuwat seninjong.

Oyod : turi, dhadhap srep, nampu, suruh, pandhan, dlima putih, pule, waluh, sembung, temu ireng, pare, suket lulang, Jambe, aren, tetér, wringin, sawi, sulah, kélor, serut, pring ampel, sidoguri, wresah, jeruk pecel, padhan wangi, sembung rengit, rawong, meniran, papasan, bayem itik, uyah-uyahan.
Babakan : wungli, lansep, wisnu, jeruk pecel, pulé, pandhak, mundhu.
Kayu : kayu tai, kayu abang, kayu legi kayu manisjangan, kayu tundhung, pucuk, rapet, tikel balung, benge, klembak, secang, nagasari.
Godhong : kapal, tapak liman, kopi, jinggot, salam lékor, gebang, andal-andal, ilér, menur, jeruk pecel kamijara (seré), suket rajatawa, bratawali, lampes ireng, kerisan, Ketumbel, sequnggu, apa-apa, rengganis, salam, rengguiu, sémbukan, kalak, widara, kléyang kemiri, bisara lan gandarasa.
Kembang : tempayang, nagasari, lempuyang pait, worawari-bang.
Woh : ketumbar, kemukus, jinten, mala, mesoyi, adas, sawi, cabé, jaha, jaha keling, cengkeh, mrica, jinten ireng, kemlaka, mungsi, majakan, jeruk purut, jeruk nipis, jeruk pecel, pentil pace, jambe, kambil ijo, pula sari, ganthi, sidawayah, temulawak, sintok, seprantu, kunci, lempuyang, kencur kunir, muja muju, temu ireng, temu putih, jongrahab, podhi, terus, tulung, legundhi, laos, dlingo, kunci ireng, bisara, ranggitan, tulang muka, jahe, isi: mundhu.
Jamur : impes, brama, kuping.

Kabeh kang kasebut ing dhuwur mau, panjupuke reracikan (adon-adonan) keh sethithike diduga-duga sapantese, banjur kagodhog dadi siji, panagodhogé kang umob nganti tenak, déné banyuné uga sapantésé baé, umpama dibanyoni sakendil kebak, kakérekake dadi satengah kendhil, panggodhogé kudu nganggo kendhil anyar. Pangunjuké: ésuk, bedhug, lang ing wayah sore, sagelas gedhé. [ 149 ]
No. 203. Pigunané manuk Platukbawang.
  1. Cucuk dhuwur kanggo nyepuh gegaman marakaké ampuhing gegaman.
  2. Cucuk ngisor kanggo sisig, marakaké kuwat untune.
  3. llat dipangan, marakaké pinter micara.
  4. Mata digantung sajroning omah, marakaké betah melek.
  5. Wulu endhas didékékake ngisoré turu bocah cilik, ingedohan lelara.
  6. Endhas ginawa perang, den wedeni mungsuh.
  7. Polo kanggo pupuh mripat, ingedohan lelara,
  8. Polo diwor karo kambil ijo banjur diklentik, lengane dienggo lelengan marakaké tuwuh ketel ndadi rambute.
  9. Polo pinangan, marakaké kinasihan wong akeh.
  10. Getih digarengaké kanggo pupuh mripat, marakaké awas lan ora bisa lamur.
  11. Dhadha pinangan, yén lara énggal saras, becik.
  12. Brutu pinangan, dén diwedeni wong.
  13. Gulu pinangan, derman anak- anak.
  14. Lar kiwa kanggo kili kuping, marakaké ora budheg.
  15. Lar tengen dikandhut ana ing sabukan, kinasihan wong akeh.
  16. Lar tengen yén didékekaké ngisor turu, marakaké kerep tangi.
    Apadéné yen dipendhem ing lemah sangar ing padon (pojok) kidul wétan lan lor wétan, nanging aja nganti luwih 8 lembar (lar 8), lemah mau dadi tawa.
  17. Suwiwi dipangan, marakake kukuh atine.
  18. Suwiwi diwor lenga klentik kanggo urut, nyarasaké lara bésér. Apadéné lenga mau isa marasake lelara : pathek, gudhig, lan kadhas kudhis.
    Lenga kalèlèt-lèlètaké nganggo wulu.
  19. Sikil kapendhem ing sawah utawa ing tegalan, marakaké lulus kang sarwa tinandhur, yèn ginawé tamba lara busung, gelis waras.
  20. Kuku kanggo sirepé wong lara, énggal waras, yèn pinangan kinasihan wong wadon.
  21. Jantung pinangan, anggangsaraké apa kang sinedya.
  22. Rempelu dikum, banyune diombe, marakaké betah lumaku adoh.
  23. Pringsilan dipangan, kinasihan garwa lan guruné.
  24. Brutu pinangan wong wadon, kinasihan kakungé.
  25. Brutu lan wuluné gulu kaobong, awuné pinangangan wong wadon marakake endhahing warna.
[ 150 ]
26. Kulité dikandhut kadèkèkaké sabukan, marakaké betah ngelih.


27. Atiné diusapaké ing godhong, banjur godhongé kausapaké dhakaré utawa perji, marakaké betah asmara.

28. Otot dipangan, ngilangaké lara ngeres linu.

29. Pusuh dicampuraké jamu, utawa dèn ombé lawan banyu, dadi kuwat.

30. Wuluné kabeh binakar, diwedhakaké wong lara busung gelis waras.

31. Yèn manuk mau saawaké kabèh, diwori adas pulawaras sathithik mung ginawé srana, banjur dianggo jamu (dipangan) bocah lara sarab, gelis waras, (pangolahé sakarepé).


No. 204. Pigumané Bulus, kacarita batuwah saka Nabi Suleman.

a. Utek kang mentah serta ijih anyar diwor (dicampur) karo dhèdhès kang tulèn banjur kaepé murih ajèr (éncèr) banjur kawadhahan ing cupu utawa gebyas (gendul cilik). Déné pigunané kanggo nambani kuping budheg, sanajan wis tetahunan budhegé, insya'allah pinaringan waluya. Anggone nambakake nganggo wulu katutulaké ing tamba banjur ditètèsaké utawa kalèlèt-lèlètaké kuping.

b. Gajihe dipangan utawa kaepé murih ajer (éncèr) uga banjur winadhahan ing gebyas. Déné pigunane.
1. Wong tuwa kang pakulitané wis kisut jengkerut, yèn digosok (kaurut) nganggo gajih mau, kulité bisa pulih kaya nalikané ijih nom, bisa tambah alus, gilap, lan tambah singset.

2. Wong kang badané kelemon angglombyor sarwa kendho, yèn kagosok (kaurut) nganggo gajih mau bisa tumuli singset, ramping wing-wing alaras.

3. Purasa (dhakar) kang lembèk kurang tengen lan kurang sentosa, yèn kausapan kagosok nganggo gajih mau, sanalika banjur bisa santosa, kiyeng lan kengkeng.

4. Wanita kang payudarané kendho nglèmprèh, yèn kagosok nganggo gajih mau, sanalika banjur bisa mangkeret dadi atos lan menthek - menthek.

c. Rempelu kang ijih mentah pigunané:
1. Yèn kapupuhake (kalèlèt - lèlètaké) ing pasuluhaning mripat bisa marasaké lara mripat kayata : bèlèk, racek lamur lan sapanungalané.

2. Yèn rempelu mau diwor ing bayon banjur kanggo sisig, marakaké nguwataké untu, lan untu mau kalis ing lalara.


[ 151 ]
No. 205. Kikmahé sato alas kang aran Muka kang uga dirani Tukang (bangsané kethèk), gedhé sawabé
Kaya ing ngisor iki.


  1. Endhasé kadèkèkaké ing embun embun utawa saenggon enggon ora tedhas ing sanjata.
  2. Utek diwor lan sabarang lenga diborèhaké ngawak. ora tendhas ing gegaman lan teguh yuwana.
  3. Lambé lan ilat kanggo jimat, bisa nyekel gelap.
  4. Siyung lan untuné dianggo ngukur wong turu, mbanjur mati. Yen dikukuraké wong melèk banjur kaku.
  5. Getihé kanggo sipat mripat, sapa kang weruh padha asih. Yèn diwor lan banyu susu, nuli kagosokake kendhil, yèn kanggo ngliwet ora bisa maleng.
  6. Wulu kasebar ing pakarangan lan sajroning omah, sanajan kaambah maling, maling mau ora weruh apa-apa.
  7. Wudel, kanggo tamba lara busung, bisa waras.
  8. Mata tengen diwor lan tlutuh serut lan eluhing wong nangis, nuli kanggo sipat inripat, wong liyane ora weruh. Yèn lulungan usapna sakaning omah, wong ala ora bisa lumebu.
  9. Mata kiwa diworake lan kasturi lan kapur barus, dikasihi wong akeh.
  10. Sikile kiwa diselehake ing kendhil, nuli kanggo ngliwet, ora nganggo geni bisa mateng.
  11. Sikilé tengen kanggo srana sawarnaning lalara, bisa waras.
  12. Walulangé weteng diusapake ing tangan nuli kanggo nyekel geni, ora krasa panas.
  13. Kupingé kausapake sikil, nuli ngidak gegaman ora tedhas.
  14. Dagingé kaeworake' lenga pucung kanggo boreh, sato galak padha turut.
  15. Déné 1 pusuh (paru), 2 amperu, 3 balung endhas, ginawe nggarit wesi utawa nggarit gegaman, bisa' tugel.
  16. Balung dikerik banjur kauntal, ora kena lelara gudhig.
  17. Dhakaré diwor lan lenga sèwu (sabarang lenga), samubarang kang dicekel dadi banyu.
  18. Wuluné diwor lan lenga sewu, lan didupani (dikutugi) saben dinamalang, yaiku dina Selasa Kliwon lan Jumuah Kliwon, yen didamu wulu mau bisa dadi manusa kehe 40 desa, nuli malih rupa dadi jimsetan lan eblis.
  19. Utek lan sungsum diwor lenga kasturi, dhèdhès, kopok gajah, magka arep nganiaya wong, tinulisake ing saka omahe dhewe, lawase 7 dina, wong dikaniaya mau temtu bilahi. Yèn digawé lenga dhuyung luwih ampuh. Nanging yèn arep nganggo kudu diwori lenga klentik lan dhèdhès, dikutugi, nuli sinipatake ing alis loro, nganggo panuduh kang tengen, aja ujub riya utawa kibir, apa sabarang karepe bisa kelakon. [ 152 ]
  1. Mata kiwa kapipis kang lembut lan diwor kamané dhéwé, lan ari arine bocah lahir dina Anggarakasih (Selasa Kliwon), utawa Jumuah Kliwon, wong kang meteng tembeyan kang metu lanang, 'diwor lenga sewu (sabarang lengo), banjur dikutugi sarta kapendhem ing kuburé wong kang mati anyar, lawase 7 dina 7 bengi nuli kanggo jimat. Yèn disipataké ing mripat karo banjur kanggo nglengani sandhangane kabèh, yen lumaku angkate megeng napas. Nalika gawé lenga aja ngewori wong wadon, sarta nalika mendhem 3 dina 3 bengi aja turu, sarta ngapalake atine" surat saba ping 700 sawengi, iku ana Jim teka dadi réwang sarta miturut saparenthahé. Apadéné banjur bisa ora katon lan bisa manjing ing soroting damar.
  2. Sungsumé, atine, getihe diwor, banjur diwori dhédhés diwadhahi cupu, pinendhem ana kubure wong mali kabangan, dikutugi, yen wis sadina sawengi didhudhuk, nuli diwor lan manine dhéwé. Yen arep ngrusak satrune, tinulisa arane satrune mau ana ing kertas, nuli kaobong lan maca donga tearah, tentu satrune karusakan sadurungé 7 dina 7 bengi. Yen arep ngarah wong wadon, tinulisa Jenenge, lan jenengé biyunge, tulisan mau banjur binutel jarik suwekan kang suci, nuli didèkèkaké ing bantal tinindhihan turu, yèn bengi dikukudang, jenengé kang ana ing tulis mau, wong wadon mau mesthi teka. Yen arep kinasihan ing ratu, lan sakabehing wong disipataké ing alis kiwa tengen banjur wong kang diarah pandengen, wong mau sanalika banjur asih tresna. Yèn karep sabarang gawé apa bae aja lali maca Quran ayat 15. Insya Allah tinurutan sedyané.



No. 206. Wahanané dina lan pasaran.


Miturut gunggunga neptuné dina lan pasaran Yèn katemu.

Neptu 7. 11. 15. Pralambangé Janggleng, wahanané yèn perang rendhet, sring bali, nagih utawa ora kasil.

  "  8. 12. 16. Pralambangé Cèleng, wahanane wong perang bingung, nagih utawa utang ora kasil.

  "  9. 13. 17: Pralambangé Nyangking, wahanané yèn perang ngentasi gawe nagih utawa utang bisa kasil gampang.

  "  10. 14. 18. Pralambange Kithing, wahanané yèn perang wurung, nagih utawa utang ora kasil.



[ 153 ]
No. 207. Supaya gampang luru sandhang pangan.

Ing saben dina nyajenana ing paturoné, déné rupane sajèn yaiku : gedhang salirang, kembang borèh, kinang, padupan, kendhi isi banyu, dunungé asung mumulé Dewi Sri. Tirakaté mèlèk awit bangun tutug sirep wong, yèn arep turu adus, tangi turu uga adus. Ing wayah bengi ora kena nyapu jogan, ngebutaké jarik, mbebuwang utawa sené ana ing ngomah, lan unaker beras, awan utawa bengi ora kena ketog-ketog wadhah, kayata cething, ténong, lan sapanunggalané, yèn tebah (nata) paturon ora kena awan.

Genuk (wadhah beras), sajènana klungsu, kacang, damar, lan iku genuk ora kena didèkèki sega garing lan katul. Lumbung saben malem Jumuah sarta malem Selasa Kliwon dikutugi, yèn arep ndhudhah pari ing lumbung sajènana gedhang salirang, kembang boréh, kinang, yen pari bubuken tutulaké dimantrani mangkené : hong macal macaru, Hong sri mandel mangurem matslaha, diwaca ing kembang salasih (tlasih) banjur kasawuraké ing pari.



No. 208. Yèn arep katekan sesedyané.
Akad, omahé lor wétan, lalaming srengéngé, kéwané kalabang, na'asé bengi; nagané lor, pujiné : yakhayu- yakhayumu kaping 500, lakuné ora nginang sadina sawengi.
Senen, omahé lor kulon, lakuné lintang, kewané cacing na'asé tengah bengi, nagané kidul, pujiné ; yarokhamanu-yarokhimu, kaping 100, lakuné ora mangan iwak sadina sawengi.
Selasa, omahe kidul kulon, laluning rembulan, kewane’ kodhok, na'asé ésuk, nagané lor wetan, pujiné ; yamaliku-yakudusu kaping 300, lakuné puasa sadina sawengi.
Rebo, omahe kulon, lakuning bumi, kewané kebo, na'asé bedhug, nagane lor kulon, pujiné : yakabiru - yamuntoha kaping 700 lakuné ora mangan uyah sadina sawengi.
Kemis, omahé kidul wètan, lakuning geni kewané mimi, na'asé lngsir wetan, nagane’ kidul kulon, pujiné : yangalimu »yangakimu, kaping 800, lakuné ora ngombe’ sadina sawengi.
Jumuah, Omahé lor (tengah), lakuning banyu, kewané urang, na'asé asar, nagané kulon, pujiné; yakapi-yamuhni kaping 600 laku ora kena mangan sega sadina sawengi (liyané sega kena).
Saptu, omahé kidul, lakuning angin, kewané menco, na'asé linsir kulon, nagané wetan, pujine ; yarapu-yapatangu kaping 900 lokuné ora turu sadina sawengi.
[ 154 ]
No. 209. Donga arep turu lan tangi turu.

Yèn arep turu dongane; Bismirobi waroktujanri farfak huli. Déné yèn tangituru dongane; Alkhamdulilah hilladi akyana bakdama amataña wailaihi nutur.



No. 210. Ujuring turu yen duwé panuwun.

Manawa lagi nduweni panuwun, yèn mbeneri ing dina lan pasarane gunggunging neptune katemu: 7. 11. 15. anggone tuni kudu mujur Ngulon. Yen 8. 12. 16. mujur Ngalor. Yen 9, 13. 17. mujur Ngetan. Yen 10. 14. 18. mujur Ngidul.



No. 211. Salat kajat.

Yèn duwé panuwun luwih becik yen banjur nglakoni salat kajat, inya'alah énggal kasembadan, niate salat kajat, yaiku: Usoli sunatan likodoil kajati rokangtaeni lilabhi tangala allahu akbar.

Salat kajat iku lakuné ing tengah wengi, mung rong rel:angat nuli salam, rekangat awal bakda patékah, nuli maca yamanamu ping 50, rekangat akir bakda maca patékah, nuli maca yakanamu ping 50, bakda salam nuli maca istigfar ping 50, slawat ping 50, dhikir ping 50, nuli maca ayaf sakarepe.

Luwih utama yen dirangkepi puasa kajat, déné puasa lajat iku mangane mung sapisan ing tengah wengi sakbakdane salat kajat.


No. 212. Nandha laku panuwun.


Yen arep nduweni laku, marga duwé panuwun, yèn arep nyumurupi panyuwunan mau bisa kasembadan apa ora, mangkéné: anjupuka kecik, klungsu, krikil, utawa barang liyane sagegen, banjur maca patékah sapisan, lan kulhu ping telu, kecik mau banjur kaétung molu - molu, turah pira, yèn turah :

1.Lintang Juhra, olèh marga gampang panyuwuné bakal kasembadan.

2.Lintang Marih, panuwune' ora kasembadan, becik sabar dhisik lan narima aja kasusu, mundhak kena sangkala.

3.Lintang Sumsu, panuwune kasembadan lan becik.

4.Lintang Jukal, panuwune ora kasembadan, tansah kangélan.

5.Lintang Mustari, angel bisane kasembadan, nanging yèn temen-temen bisa uga bakal kasembadan panuwune.

6.Lintang 'Nataris, kuat, enggal kasembadan panuwune.

7.Lintang kamar, yèn panuwunan bab wanita kasembadan panuwuné.

8.Lintang Jukal, panuwuné ora bisa kasembadan lan bakal renteng.


[ 155 ]
No. 213. Donga Suleman.

Donga suleman yèn winaca saben dina agung paedahé, pinaringan waskita lan prabawa, dongane ing ngisor iki:

Allah - huma indakolafi suroti sulaimana minalmasriki ilalmaghribi lidatihi wasifatihi wakuwatihi wajarbrolla waminkaila waissroli lawangijroila, wamalaka sulaimana minalmasriki ilaimagribi jinan - wainsan - warikan waghomaman wasala matosliman kasira jalal - jalalahu, ya iblis saitoni fidulumatiwanur robana takobal sulaiman abna dawuda ngalaihi maslamu biromatika ya arkama rokimim.



No. 214. Donga jabur.

Yen arep lelungan, manjing guwa mlebu ngalas, mlebu segara lan panggonan kang angker angker, mangka maca donga jabur, gedhé sawabe diwedèni jim sétan lan wong ala, lapalé ngisor iki:

Allahuma atal awalufa laisa koblaka saiun wa anta akirifa laisa bakdaka saiun wa'antal ngalimu inaka ngala kuli sai'in ngalimu wa'antal kodiru inaka ngala kuli sai'in kodir. wa'aya aduha kipduhu wamahuwalnga iyul ngadzim, falahu koiron kafidon walahu arkamarokimin wakipdon minkuli saitonin marid, wakafidnaha minkuli saitonirojim, wakifdondalika takdirulngojiji ngalimi inkulu nafsinlama ngalaiha kafidun, ina batsarobika lasadidun, inahu huwayubdiyu wayungidu, wahuwal ghorufu! wadududul ngarsilmajid na olun limanyurid ilahi waktim, la nubilkoiri waya koirona sirina biromatika ya arkama rokimin, walkamdullilahi robil ngalamin.



No. 215. Ibmune Arya Bangah.

Perlu kanggo nyingkirake' sato kewan galak lan mlebu ing ngalas kang werit dongane mangkene: Wiyak bumi wiyak langit, jagad suwung lan ana bebayane, ingsun sajatining manungsa kang karsa, bis sekulem, tes sekulem, tan ana bebayane, tikur, tikur, tekane tundhuk, mulihé ndhungkul.



No. 216. Ilmuné Siyungwanara.

Perlu kanggo nyingkiraké sato ing bayu, dongané: Gebyar sapisan, sakèhing cahya padha sirna, gebyar pidho, sakéhing roh padha sirep, rep sirep sajagade, kepyar-kepyar si bajul padha lumayu bubar.



No. 217. Ilmu Panawaran wisa.
Yen arep mamangan supaya tawar déning wisa lan liya liyane, dongane mangkéné: Niyatingsun dhahar, nora dhahar, rowangingsun iapa kang dhahar, ora sare rowangingsun tapa kang saré, krana ingsun iki wus kawengku ing alam nasut, malakut, jabarut, yaiku kang dhahar kang sare jagade sahir kabir. Cahya mangan rasa, rasa mangan cahya, cahya mulya rasa sampurna. [ 156 ]
No. 218. Watake wesi aji.

Dawané wesi dietung nganggo ambané jempol tangan, petungé: Siti, Sengkali, Arjuna mangan ati, Randha tunggu donya, Dhandhang tunggu nyawa.

  1. Yèn tiba: Siti, wataké kamot tur gedhé ngapurané, ngatolaké kabecikané.
  2. Yèn tiba: Sengkali, wataké blaba, suka tetulung, nanging yèn napsu ndrawasi.
  3. Yèn tiba: Arjuna mangan ati, wataké wanter budiné, nanging brangasan.
  4. Yèn tiba: Randha tunggu donya, wataké cukup sandhang pangané.
  5. Yèn tiba: Dhandhang tunggu nyawa, wataké sapa kanggonan nandhang sangsara.




No. 219. Nayuh wesi aji.

Lakuné nggaris lemah mrapat saka lor mangidul, banjur saka wétan mangulon, mantranné: Yahoa.

Ngunus mantrané: Iman sari sukma mulya, tinampanan padha sukma telèk: érang araning wesi, ter putih araning waja, mani rasa araning cahya, wesi pulsani aku njaluk weruh gelem mèlu aku apa ora. Wesi aji banjur dikutugi menyan lan kembang, mantrané: Wesi pulsani diaturi dhahar sega putih ganda a rum, sawusé banjur katumpangaké ing lemah kang digaris mrapat mujur mangalor lemah mau didekeki kembang. Sawisé sawatara menit, wesi aji kasarungaké, déné benginé, banjur kadèlekaké ngisor bantal disarèni.




No. 220. Pétungan main kertu
neptu dina
lan pasaran
Menang ora mesthi ora mesthi Kalah :
7. Kulon Lor Kidul Wétan
8. Lor Wétan Kulon Kidul
9. Wétan Lor Kidul Kulon
10. Kidul Kulon Wétan Lor
11. Kulon Lor Kidul Wétan
12. Lor Wétan Kulon Kulon
13. Wétan Lor Kidul Kidul
14. Kidul Wétan Kulon Lor
15. Kulon Lor Kidul Wétan
16. Lor Wétan Kulon Kidul
17. Wétan Lor Kidul Kulon
18. Kidul Kulon Wétan Lor

Katrangan: Umpama arep main ing dina Saptu Pahing, neptune Saptu 9 Pahing 9, gunggungé 18. Supaya menang kudu main ing panggonan pemah kidul saka omahé. Nanging pamainé kudu ngati-ati lan aja mesthèkaké menang, dadi ora kena kibir. [ 157 ]
No. 221. Mantrané yèn main.

Sadurungé main ngunèkaké mantra mung dibatin baé, anggoné ngunèkaké mantra ana ing latare' omah kang arep kanggo main, mangkéné: mantrané, Dhanyang merkayangan lanang wadon kang rumeksa ing désa kéne, aku arep main, réwang rewangana aku aja nganti kalah, sukur bagé Sawuse banjur tumenga ing ngakasa (dhuwur), tumungkul ing pratiwi (ngisor), sarta njejak lemah kaping 3.

Yèn kasembadan menang banjur ngirim sega putih ganda arum marang dhanyang merkayangan kang manggon ing désa kang kanggo main, tegesé lukutug nganggo menyan madu (menyang putih), sarta dimantrani. Saupama anggone main ana ing désa Kuthasari, mantrane: Dhanyang merkayangan lanang wadon kang rumeksa ing désa Kuthasari, aku ngelsanani janjiku ngirim sega putih ganda arum, hong ya mret, hong ya mret. Menyan kadamu kaping 3, banjur kacempungaké ing geni padupan utawa anglo kang wus ana geniné mengangah sarta terus diadhepi nganti saentèké menyan.


No. 222. Ngalamat kedut.

Lamun keduten.

  1. Saranduning awak kabèh, arep deleng kaéndahan.
  2. Sirahé, arep olèh dahulaté ratu.
  3. embun - embunan, arep dadi mantri.
  4. Bathuk tengen, arep olèh arta.
  5. Bathuk kiwa, arep nemu suka.
  6. Alis tengen, arep olèh arta.
  7. Alis kiwa, arep katemu kakasihé.
  8. Tlapukan mripat tengen dhuwur, arep olèh arta.
  9. Tlapukan mripat tengen ngisor, arep nemu kasusahan.
  10. Tlapukan mripa kiwa dhuwur, arep olèh kabecikan
  11. Tlapukań mripat kiwa ngisor, arep nangis.
  12. Tadhahluh tengen, arep nangis
  13. Tadhahluh kiwa, luwar saka prihatin.
  14. Papadoning mripat tengen, arep ningali kakasihé.
  15. Papadoning mripat kiwa, arep kasusahan.
  16. Wrejilané mripat tengen, arep nangisi wong mati.
  17. Wrejilané mripat kiwa, arep ningali wong saka desa.
  18. Pipi tengen, arep dipanggawé wong.
  19. Pipi kiwa, arep lara.
  20. Irung sisih tengen, arep olèh arta kalal.
  21. Irung sisih kiwa, arep ketemu kakasihé.
  22. Lambé tengen dhuwur, arep oleh srama (pangan).
  23. Lambé tengen ngisor, arep kapénak awaké. [ 158 ]
    1. Lambe kiwa dhuwur, arep rarasan karo sanake.
    2. Lambe kiwa ngisor, arep oleh pagawéyan becik.
    3. Tengah lambe dhuwur, arep tukaran.
    4. Tengah lambé ngisor, arep mangan énak.
    5. Kuping tengen, arep katemu sanake.
    6. Kuping kiwa, arep nemu ujar becik.
    7. Janggut tengen, arep dimumulé wong agung.
    8. Janggut kiwa, arep ketemu wong agung diparingi panggawéyan.
    9. Gulu tengen, arep lara èpèh.
    10. Gulu kiwa, arep lara, nanging gells waras.
    11. Pundhak tengen, krabaté nemu lara.
    12. Pundhak kiwa, arep dimumulé wong wadon.
    13. Pundhak kiwa - tengen, arep lara.
    14. Bau tengen, arep tukaran.
    15. Bau kiwa, arep lara.
    16. Geger kiwa, arep nemu kabegjan.
    17. Geger tengen, ana wong teka utang dhuwit.
    18. Ula ula, arep lara utawa susah.
    19. Dhadha tengen, arep ketemu kekasihé.
    20. Dhadha kiwa, arep weruh wanita ayu banget.
    21. Dhadha ing tengah, arep oleh kabegjan.
    22. Susu tengen, arep oleh arta.
    23. Susu kiwa, arep katekan mantri.
    24. Weteng tengen, arep olèh rejeki akèh.
    25. Weteng kiwa, arep olèh arta akèh.
    26. Puse (wudel), arep oleh kanugrahaning Allah.
    27. Kekempong tengen, arep oleh wanita.
    28. Kekempong kiwa, arep duwé anak.
    29. Atine, arep olèh arta.
    30. Tangané tengena utawa kiwa'a, arep olèh arta.
    31. Epèk epèk tengen, arep olèh arta.
    32. Epèk - epèk kiwa, arep oleh babathèn saka dol tinuku.
    33. Lengen tengen, arep olèh rijeki.
    34. Lengan kiwa, arep olèh arta.
    35. Sikut tengen, atine nemu ora kepenak.
    36. Sikut kiwa, arep olèh duduka.
    37. Driji manis tangan tengen, arep oleh arta.
    38. Driji manis tangan kiwa, arep oleh wanita.
    39. Jenthik tangan tengen, arep dipupu wong.
    40. Jenthik tangan kiwa, karep tinampan dening wong.
    41. Sela selaning driji tangan tengen, arep olèh seneng.
    42. Sela-selaning driji tangan kiwa, arep kinasihan wong gedhe.
    43. Jempol tangan tengen, arep olèh bojo becik.
    44. Jempol tangan kiwa, arep oleh jodho.
    45. Panudhing tangan kiwa, arep kawirangan.
    [ 159 ]

69. Panudhing tangan tengen, arep olèh pagaweyan.
70. Panunggul tangan tengen, arep lara.
71. Panunggul tangan kiwa, arep susah,
72. Lambung tengen, arep nemu susah.
73. Lambung kiwa, arep muring - muring.
74. Bangkékan tengen, arep oleh kabecikan.
75. Bangkékan kiwa, arep dhuweni asih marang wong liya.
76. Purus tengen, arep jimak.
77. Purus kiwa, arep dadi pangulu.
78. Bokong tengen, arep ana wong kang teka.
79. Bokong kiwa, sihing Allah arep teka.
80. Yèn kang keduten wanita, bokonge' tengena utawa kiwa'a, wanita mau arep oleh guru laki (bojo).
81. Pupu tengen, arep lumaku utawa tetemon karo wong wadon.
82. Pupu kiwa, arep ana wong anggawa arta. Yen lara. ana wong anggawa
tatamba.
83. Cicingklok tengen, arep dimumule wong.
84. Cicingklok kiwa, arep oleh arta.
85. Wntis tengen, arep tukaran.
86. Wntis kiwa, arep ketemu sanake
87. Gares tengen, arep lulungan.
88. Gares kiwa, arep diundang wong.
89. Dlamakan tengen, arep nemu serik.
90. Dlamakan kiwa, arep lulungan adoh.
91. Sela selaning driji sikil tengen, arep olèh gawe.
92. Sela-selaning driji sikil kiwa, arep olèh jodho.
93. Sikilé tengen utawa kiwa, arep olèh arta, utawa karavлuhan priyayi.
94. Wawadine, duwe' arep ora bisa kawelu.
95. Jubur, nemu lara.
96. Gorokan tengen, arep nemu bebaya.
97. Gorokan kiwa, arep nemu kasusahan gedhe.
98. Githok tengen, arep nemu untung.
99. Githok kiwa, arep wèwèh.
100. Pagelangan tangan kiwa, arep kinasihan wong agung.
101. Pagelangan tangan tengen, arep olèh wahyu becik.




No. 223 Ngalamate wong ngimpi.


1. Disembur ula, olèh jodho. Dicakot ula, dialani wong. Oleh parugan ula mandi, diewani bojone. Weruh luweng ana ulane padha mati, utawa weruh plungsungan ula, dawa umuré.
2. Njupuk banyu. wulu, suci lan sampurna panggaweyane. Raup luwar kasusahane. Adus ing sumuré dhewe, arep lara kesambet. Adus


[ 160 ]

kali banyune santer, lara gelis waras. Adus ing kali banyune asat, susah rejekine. Slulup kali banyune anyep, utawa nglumpati kali ora bisa bali, lara keras bisa uga mati. Slulup kali banyuné adem banget, nandangi gawéning Ratu. Keli Ing. kali, kapitunan. Kèli lumebu ing segara, nemu seneng, lan panggaweyane utawa pangupajiwané dadi. Ana ing sebagara, olèh arta akèh. Silem banyuné buthèk, rekasa utawa arep tapa. Silem banyune bening, kapenak. Nyemplung telaga, oleh salah gedhe. Klelep ing telaga, dibutuhaké negara. Ngadeg sandhuwuring banyu, kasusahan. Lumaku sandhuwuring banyu ora tumapak, oleh pangkat lan kamulyan. Kacemplung sumur utawa kali, kasusahan utawa kapatèn. Nglangi ing kali utawa ing sagara, katekan karepe Klelep ing banyu buthek, lunga ora bali. Klelep ing banyu bening, olèh bandha lan ngèlmu. Disirati banyu kali, kena prakara. Pakarangané klebon banyu, karusakan lan kapatèn.
3. Munggah gunung kanthi kapénak, munggah pangkat utawa oleh rejeki. Yèn munggah gunung kanthi rekasa, nemu kangelan. Rumangsa ana ing pucuk gunung, olèh kanugrahan. Munggah gunung terus manggon omah ing kono, oleh rejeki lan kamulyan. Munggah gunung ketemu sanak, oleh kabecikan. Munggah gunung ngundhuh woh - wohan, olèh arta. Munggah saka jurang, olèh pangkat utawa kapenak. Munggah mejane dhewe, olèh pangkat. Munggah ing langit, olèh arta utwȧ pangkat. Munggah Masjid, olèh kanugrahan. Munggah loteng oleh pangkat utawa kauntungan.
4. Mangan apem, olèh artha, mangan sega janganan, arep lara. Mangan sega punar, oleh barang. Mangan sabarang legi karo Jeruk arep lara. Mangan daging lidhah (ilat), luwar susahe. Mangan karo ngadeg, olèh arta akéh. Mangan daging sapi, kebo, wedhus., babl. pitik. oleh kabecikan. Yen daging mau dipangan mentahan, olèh arta akèh. Kumpulan mangan karo Klipah (Ratu), utawa wong agung, oleh pangkat gedhe
5. Ngombé banyu bengawan, kadukan lurahé. Ngombe banyu kuwali, olèh arta. Ngombé banyu bening, olèh ngelmu. Ngombe' banyu buthèk, olèh arta ora kalal. Ngombé banyu kenthel, olèh mas salaka. ngombe banyu kali rasane asin, olèh arta ora kalai. Ngombe' pohan, olèh arta.
6. Rumangsa menang karo sapa baé, arep nuruaké anak lanang gedhe pangkate Rumangsa lara banget, nemu slamet lan mulya,. Rumangsa dadi gajah. gedhe, untungé lan oleh nglèmu. Rumangsa dadi manuk, gedhé untunge lan oleh kapinteran. Ngrasa pincang, diluluti lan kinormatan wong. Krasa panas, oleh arta pepancèn. Krasa adhem, kélangan. Ngrasa apa-apa mlebu, nemu slamet. Ngrasa ana sagara, olèh arta. ngrasa seneng, susah utawa lara. Ngrasa awake dialingi mega, katutugan karepé. Ngrasa awake digawa méga mandhuwur, slamet. Rumangsa gedhe' utawa katon gedhé awake, slamet lan kasembadan sasedyane. Rumangsa mati, ilang rejekine. Rumangsa arep mati, dawa umuré lan karejeken.


[ 161 ]

7. Nganggo sandhangan prajurit, susah kacilakan. Nganggo sandhangan wong miskin, karejekèn seneng. Nganggo sandhangan wong mati, oleh pangkat lan karejekèn. nganggo sandhangan wong luhur, olèh arta. nganggo sandhangan mas inten, susah. Cucul sandahangan, kělangan. Sandhangané ana kang kéri, kélangan.

8. Weruh Allah, katekan karepe, Weruh Nabi Rasul, olèh swarga. Weruh Malaékat, Widadari utama Nabi Adam, dadi Pangulu. Weruh Swarga, katekan karepé. Weruh utawa mlenu nraka, dosa gedhe. Metu saka warga, ilang dosane. Weruh arep kiyamat, olèh pangkat utawa karepé dadi. Weruh ratu munggah pangkat. Weruh Pengulu nemu lara. Weruh wong akèh, larang panigan lan akeh lelara. Weruh lohmak pul utawa maca Qur'an olèh ngelmu. Weruh lintang, olèh ngèlmu. Yen lintang temurun lumebu omahe, olèh arta lan kanugrahan. weruh omahé kauban méga, katekan karepe. Weruh méga rupané abang, utawa ireng, susah. Weruh srengéngé lumaku munggah, katekan karepé. weruh srengenge cedhak rembulan, oleh anak. Eruh awaké dhéwé kasunaran cahyaning srengéngé utawa rembulan, arep sugih. weruh udan mas, kinasihan wong. Weruh udan embun, satrune arep inatèni. Weruh udan woh, dadi lurahe' durjana. Weruh udan suwe, lara keras. Weruh udan deres, arep wèwèh. Weruh udan angin, luwar susahé. Weruh udan suwe nuli terang, luwar susahe. Weruh prahara, rusak désané. Weruh angin gedhe saka sagara, linuragan perang. Weruh langit pecah, kapatèn wong tuwane. Weruh lintang dhuwur banget, oleh kamulyan. Weruh cahya, karepé dadi. Weruh geni ing kadohan, dawa umuré. Weruh geni rupané ireng, énggal oleh kang digoléki. Weruh geni ing ngomah, dipitnah. Weruh gent dhuwur urubé dawa umure. Weruh kukus geni, nyambut gawé susah. Weruh geni ing kuburan, dawa umure. Nyimpen geni ing papagan utawa sawah, olèh pari akèh. Weruh pepeteng, akèh dosané. Weruh gelap nyamber, olèh pangkat mulya. Weruh gunung geni, kinasihan gustiné lan mulya. Weruh geni saka nglangit ngcbong

omah, olèh kasugihan. Weruh omahe kobong entèk, oleh rejeki akèh. Weruh kukus metu saka omah, lara. Weruh pawoné padang, oleh suwur. weruh omah rubuh, kasusahan. weruh omahé dhuwur dileboni, olèh sanak wong agung utawa wong tapa lan oleh rejeki. Weruh omahé ditinggal, disengiti wong. Weruh omah ndhuwur, olèh rejeki utawa saduluré kapundhut wong gedhe. Weruh omahe dhuwur banjur éndhek, turun pangkaté. Weruh omahé dibukak gedhège,pegatan karo bojone, utawa pisah lan wong tuwane. Weruh lawangé omah ndhuwur amba, oleh pangkat utawa untuk. Weruh lawangé omah ditutup, pegawéyane susah. Gawe omah tetelu dadi, arep rabi lan karepé dadi. Weruh gunung, olèh arta utawa kinasihan wong agung. Weruh kembang, olèh
[ 162 ]
kesengan utawa arta. Weruh kebo, dipaéka wong ora tumeka. Weruh kebo utawa sapi ditunggangi, oleh kagunan. Weruh sapi lumayu utawa mbedat, oleh rijeki. Weruh macan nyakot utawa nyathèk, oleh pagawéyan lan

kanggep. Weruh macam mbebéda, an prakara. Weruh gajah, mlebu omahé, satrune ngrusak utawa désané kasusahan. Weruh gajah, kanggep ing Ratu. Awake nunggang gajah utawa di-iring gajah, kinasihan Ratu tinurutan karepé. Weruh bathang gajah, gajah, oléh arta akeh. Weruh gajah mlaku sajroning omahé, oleh pangkat. Weruh ula gedhe, karepé dadi. Weruh ula akèh, dawa umuré. Weruh kreteg, oleh pagawéyan. Weruh kreteg tugel, kepatèn anak utawa putu. Weruh tulis ing lawang, lara awaké. Weruh kali kebak banyu, lunga ora bali. Weruh kali ora ana banyune, wong desa akèh ngalih. Weruh kali banyune cilik bening, olèh arta. Weruh banyu mili mentas teka, olèh pangkat. Weruh telaga akeh banyune, oleh pagawéyan. Weruh kali banyuné santer, oleh kabar saka liya nagara. Weruh kali sakawit asat nuli banyuné teka, nemu prakara. Weruh kali banyuné banjir, olèh rijeki. Weruh sumur ana iwaké, nemu untung. Weruh sumur banyuné bening utawa banjur ngombé, luput ing duka cipta lan oleh ngelmu. Weruh sumur temboké rusak, cilaka gedhé. Krungu ombak segara utawa gumludug, arep lara. Weruh tai akeh, barange diumpetaké wong. Dodoté kena tai, ora kapénak atiné. Omahe akèh tai, oleh rijeki. Weruh daging sairis, oleh kabecikan. Weruh tanah utawa gunung gunung jugrug, kasusahan. Weruh omah lawangé menga, yen perang utawa prakaran kalah. Weruh pitik disembelèh, kepaten wong tuwane utawa saduluré. Weruh ula mandi, satruné menang padune. Weruh driham ( dhuwit mas), panas atine, yèn dirham sigar, tukaran. Weruh susuné wong lang gedhé utawa amba, dadi pengulu.

9. Ana prahana srengénge utawa rembulan, kasusahan utawa Ratu rusak negarané. Srengéngé utawa rembulan tumurun tumurun ing omahé, oleh karaton utawa kanugrahan gedhé. Srengénge utawa rembulan sigar separo. Katu sulaya padha Rátu. Srengénge' utawa rembulan sigar rupane Ireng, dipenggawé wong. Mega tiba, désané murah pangan. Lintang kemukus tiba ing omahe, untung lan oleh ganjaran. wit-witan gedhe rubuh, kena prakara rusak desane

10. Nganggo kembang, disihi wong. Nganggo wawangl kasturi utawa regulo, lara gelis waras: Sirahe disoki wawangi, oleh rijeki. Gawé lara awaké dhéwé, rahayu slamel. Yen awake nandhang lara, oleh rejeki. Gawé slametan, yen main menang.

11. Lunga kaji, sampurna pagawéyané. Lunga adoh, nemu lara. Lunga adoh énggal mulih, gampang rijekine. Lunga pasar, oleh arta. lumaku tiba-tiba bae, ilang pangkate. Lumaku kalangan pager, ora ketekan karepe. Lumayu tiba, leren saka pagawéyané. [ 163 ]
12. Andhudhuk lemah, arep padu. Andhudhuk kalen, oleh rijeki. Andhudhuk kubure wong mati, oleh untung saka permainan. Ngurug dalan, kelangan arta. Ngrata lemah, luar susahe. Ngemek utawa ngupakara wong mali, oleh arta akèh. Ketemu bangké wis mambu, susah saka dhuwit.

13. Dirusak utawa dipilara wong,, nemu rekasa. Dingengeri wong wadon, oleh wesi aji. Digebug kayu tunggak, oleh rijeki. Djungkati rambuie, luar susahe Dicakot kewan, disihi wong akeh. Ditiliki omahé, disanak penghulu. Diwenehi beras pari, nemu pakewuh gedhe. Ditabok, nemu susah. Dioyak-oyak maling, oleh arta. Dipisuhi utawa diuneni ala, oleh arta. Dikon ngenggoni omahé wong, oleh pangkat. Diundang wong oleh untung. Yèn kang ngundang wong agung kang lagi dipayungi ngagem kaprabon pangundangé sarana ngawe, utawa diwenèhi payung kang ana serêté, olèh pangkat.

14. Tatu awake, oleh rijeki. Yèn awake ditatoni wong, kacilakan. Awake gumetar lara, katekan bebaya, Awaké kebak tuma, yèn main menang. Tangané katumpangaké wong, kanggep wong gedhé. Sirahe ditumpangi tangané wong katekan karepe. Yen awaké kang ditumpangi tangané wong, lara banget. Awake kabanda, nemu lara. Kaboyong mungsuh, diulihaké saka paran. Mundhak cilik awaké, nemu suah. Mundhak gedhe awake, katekan karepe. Silulé gelangan salaka, oleh kabecikan lan kabegjan. Drijiné metu getihe, oleh arta. Cangkemé metu wulune, olèh arta. Sirahe metu sunguné loro, keringan lan mulya. Yen metu sungune siji lancip, cilaka gedhé. Rambuté sirah rontog, kacilakan. Sirahé dicukur, ilang donyane, Untuné rontog, kepaten. Katon putih rahiné, oleh wong wadon.

15. Duwé dhayoh lara, oleh pitungan. Duwé jago, arep duwé anak lanang Duwé pitik utawa manuk, bojoné arep meteng. Andhekep iwak loh, badher, tambra, grameḥ, iwak mas, wader, kutuk, oleh arta akèh.

16. Katemu Nabi, oleh drajad. Yen ngimpi sawise tengah wengi, oleh kasektèn. Ketemu wong kang durung weruh katekan karepe. Katemu bapakne utawa anake, nemu seneng. nemu dhuwit, arep lara sambang.

17. Nunggang prau, muring-murinh nemu duka cipta. Nunggang prau ing sagara kerem, kacilakan desane. Nunggang prau layar rikat lakuné, oleh rijeki.Nunggang jaran, susah. Nunggang kareta, utawa karetané lumebu omahe, susah.

18. Nunggoni wong mati bisa gumuyu, larané enggal waras. Mateni wong nganggo golok, yèn adu jago menang. Kerengan karo wong wadon nganggo gaman, oleh untung. Ngedung dhuwit karo bojone-bojone arep pegatan. Nganteni bojone, ana rembug. Nganteni wong utawa ngunen-uneni, nemu susah. Lara payah, nemu slamet. Karubuhan kayu, karusakan. Dadi [ 164 ]

pengantèn diarakan wong akeh arep mati. Yèn weruh pengantèn lanang wadon wis ditemokaké (ora diarak), lan menganggo raja keputrèn (menganggo kaya ageming para putri Dalem putraning Nata), oleh kanugrahan.
19. Metu saka alas, kelangan. Ngobong alas, jaya gedhe. Perang sabil tentem lan sampurna pagawèyane. Salat nganti tutug, rinilan ing Allah. Tetembangan, nemu susah. Nangis ana ing omah, nemu seneng. Yèn nangis ana ing ndalan, nemu susah. Wewuda nemu kawirangan. Jogedan, nemu bebaya. Nyebul suling tentrem atine. Nginang, arep kerusakan. Lungguh ing pakunjaran, luar susahé. Ngising, arep kélangan. Turu ing lemah, nemu seneng. Ngrumati wong tuwa, olèh rijeki. Tali kesampiraké, olèh rijeki. Menek wit-titan, arep mati. Ngundhuh krambil, arep lara. Barang béngkong dibeneraké, ilang susahé. Anjupuk watu dilebokaké ing omah, olèh rijeki. Nyembelèh kebo, olèh arta. Negor wit-witan, arep lara. Lumaku karo wong wadon bojoné kèlangan.

Pétungan impèn.


Saumpama ngimpi ing dina Senen Paing (awan utawa bengi), pétungané mengkéné :
Dina Senèn neptu 4, Paing neptu 9. Gunggung neptu 13, banjur kapétung: Sasmitaningroh, Daradasih, Cakrabawa, neptu 13 mau tiba Sasmitaningrah, iku impèn temen. Mangkono uga yèn tiba Daradasih, iku temen. Tegesé ana wahanané. Ala apa beciké impèn bakal kasandhang marang kang ngimpi, utawa marang wong liya kang diimpèkaké. Déné yèn Cakrabawa, ora ana wahanané.
Déné enggal suwéné wahanané miturut tibaning pétungan. Déné petungané mangkéné: dina, sasi, tahun, windu. Kapétung mangkéné, ngimpi neptu 13, yaiku dina Senèn Paing, katemu tiba dina, tegesé wahanané suwé-suwéné 7 dina manèh karo nalika ngimpi. Yèn tiba sasi, suwé-suwéné sasasi, tiba tahun suwé-suwéné setahun, tiba windu iya sewindu manèh lawas-lawasé wahanané impèn mau ala beciké mesthi ana kadadèyané.
Neptu dina pasaran miturut kang kasebut ing kaca 7 No. 2.



No. 224. Ngalamate ati krasa kedher.
Jam Awan Bengi
6-8 Ana rembug nyenengaké Ana wong tetuling
8-10 Ana wanita njaluk dipèk bojo Ana ujar ala aja ditimbangi
10-12 Diundang ramé-ramé Anaké wadon dilamar
12-2 Disenengi wanita Ana wong wawadul
2-4 Nemu kauntungan Diundang mangan arep slametan
[ 165 ]
No. 225. Ngalamate ati krasa uratab (trataban).
Jam Awan Bengi
6 -7 Kumpulan mangan. Oleh kabar becik.
7 - 8 Arep kesusahan utawa kacilakan. Ketemua mitra adoh.
8 - 9 Olèh rembug becik. Wong sugih arep tetulung.
9 - 10 Mitra teka rembug becik Tampa kabar gawé seneng.
10 - 11 Sanak teka slamet. Dicatur ala.
11 - 12 Oleh warta becik. Wong teka nata pagawéyan.
12 - 1 Kumpulan mangan. Arep ana dhayoh.
1 - 2 Oleh arta utawa seneng. Arep seneng.
2 - 3 Dirasani becik. Ana kabar becik.
3 - 4 Arep tukaran. Arep kacilakan.
4 - 5 Oleh rembug becik. Dhayon teka becik.
5 - 6 Arep kélangan arta. Arep olèh dhuwit.




No. 226. Ngalamaté lali.
Jam Awan Bengi
6 - 8 Arep lara awaké utawa kélangan. Arep kena prakara, nanging ora kèlangan dhuwit.
8 - 10 Ing sajroné omah kono arep ana wong wadon kang lunga nanging eling becik. Arep katemu wong duwé pangkat lan oléh dhuwit.
10 - 12 Arep ana sanak adoh teka mbayar utang utawa oleh kabar babathen. Yen wong lanang sing lali, arep diundang karaméan slametan.
Yen wong wadon sing lali arep ana wong telka nglamar.
12 - 2 Arep kaget weruh getih utawa geni nanging pra nemu kacilakan. Arep kélangan lan susah atiné.
2 - 4 Arep ana sanak teka nggawa barang, yen dituku bakal oleh bathi. Arep ana wong teka sumedya golèk mantu, nanging ora kadadéan.
4 - 6 Arep ana dhayoh teka saka adoh ngaluk nginep nanging wong iku ora bener atiné. Arep katemu kanca lawas, lan diajak mangan énak.

[ 166 ]
No. 227. Ngalamaté kuping muni nging-nging
Jam
6 - 7
7 - 8
8 - 9
9 - 10
10 - 11
11 - 12
12 - 1
1 - 2
2 - 3
3 - 4
4 - 5
5 - 6

Kiwa awan
Kadhayohan.
Lumaku adoh.
Sadulur teka.
Arep ana bejane.
Nemu slamet.
Sadulur teka.
Arep lara.
Kelangan sadulur adoh.
Dháyoh teka.
Arep lumaku.
Sadulur teka.
Begja gedhe.

Tengen awan
Kangelan.
Dirasani wong.
Lunga adoh.
Cilaka gedhe.
Ana pradondi.
Tampa layang.
Sadulur adoh teka.
Mangan énak.
Kacilakan.
Sadulur adoh teka.
Arep lelungan.
Gedhé begjane.

Jam
6 - 7
7 - 8
8 - 9
9 - 10
10 - 11
11 - 12
12 - 1
1 - 2
2 - 3
3 - 4
4 - 5
5 - 6

Kiwa bengi
Nemu slamet.
Dikasihi wanita.
Kadhayohan.
Diundang mangan enak.
Olèh rijeki.
Alangan gedhé.
Sejane gampang.
Ana rembug becik.
Arep padu.
Ana prakara.
Olèh pagawéyan becik.
Dháyoh sanak ana rembug.

Tengen bengi
Kelangan.
Dirasani sanak dhéwé.
Olèh rijeki.
Gedhe begjane.
Slamet.
Ana wong dhemen.
Sanak pitutur.
Ana papadon.
Slamet.
Kélangan arta.
Kelangan.
Cilaka gedhé.




No. 228. Ngalamaté gedhoning kuping krasa panas

Jam
7 - 8
8 - 10
11 - 12
1 - 2
3 - 4
5 - 7

Kiwa awan
Ana prakara.
Ana paékan.
Dagangngé payu.
Rembugan becik.
Rembugan wigati.
Diajak mangan énak.

Tengen awan
Papadon.
Kélangan.
Olèh rijeki.
Kadhayohan.
Katekan wanita.
Olèh kauntungan.

Jam
7 - 8
9 - 10
11 - 12
1 - 2
3 - 4
5 - 6

Kiwa bengi
Arep prakara.
Kélangan.
Wong tuwané teka.
Olèh rijeki akèh.
Dirasani wanita.
Wong tulung becik.

Tengen bengi
Dipitrah wong.
Dirasani wong.
Katekan mantri.
Nemu mukti.
Diundang mangan énak.
Katekan sanak.

[ 167 ]
No. 229. Ngalamate mripat konangan
Jam
6 - 8
8 - 10
10 - 12
12 - 2
2 - 4
4 - 6

Kiwa awan
Kadhayohan adoh.
Arep seneng lan mangan énak.
Oléh seneng.
Oléh kauntungan.
Kadhayohan.
Oléh kauntungan.

Tengen Awan
Arep dialani wong.
Wong ala gawé cilaka.
Arep oleh prakara.
Oleh kasenengan.
Ana wanita teka.
Wong tuwa utawa sadulur arep teka.

Jam
6 - 8
8 - 10
10 - 12
12 - 2
2 - 4
4 - 6

Kiwa Bengi
Dhayoh teka seneng.
Ana wong gedhé teka.
Oleh pitulungan wong.
Arep susah.
Wong adoh teka.
Ana dhayoh wong gedhé.

Tengen Bengi
Dhayoh teka ngrukun becik.
Ana papriksan prakara.
Diundang salmetan.
Arep dijaili wong.
Oleh kesenengan.
Oleh rijeki.



No. 230. Ngalamaté rai krasa panas
Jam
7 - 8
9 - 10
11 - 12
1 - 2
3 - 4
5 - 6

Awan
Katekan sanak ngrembug becik.
Katekan wong ngajak ala.
Katekan wanita utawa réwangé lunga.
Ana dhayoh ala sejané.
Ana dhayoh sumedya ngapusi.
Sanak teka rembugan becik.

Bengi
Ana wong munjung.
Munggah drajaté utawa olèh rijeki gedhé.
Olèh kabegjan lan seneng.
Arep kélangan barang.
Katekan sadulur rembugan becik.
Arep suka-suka, nanging banjur kena prakara.



No. 231. Ngalamaté waing kang ora samesthiné
Jam
7 - 8
9 - 10
11 - 12
1 - 2
3 - 4
5 - 6

Awan
Arep mangan énak utawa lulungan.
Katekan wong becik rembugé.
Kedhayohan ngajak padu.
Nampa kabegjan lan kaundang bojana.
Diajaki padu.
Kedhayohan rembugan tanpa paédah.

Bengi
Diunggah-unggahi wanita.
Kelebon maling nanging konangan.
Diunggahi-unggahi wanita.
Ana wanita teka.
Ana dhayoh nggawa pangan.
Tampu rijeki akèh.

[ 168 ]
No. 232. Ngalamate katemune panganten.

Yèn sarjoning pasamuan katemuning panganten, panganggoné pangantèn lanang wadon ana kang runtuh utawa rerengganing omah kang cumanthèl ing tembok utawa gedhèg ana kang tiba utawa ana barang pecah kang pecahé mau kalebu aèng utawa diyané mati, utawa ana lalakon kahanan kang aneh, iku dadi ngalamat pangantèn mau bakal nemu sambékala kang andadèkaké pepisahan (pegat).



No. 233. Ngalamaté katiban cecak.

Sing sapa katiban cecak sirahé, wong mau bakal sirna kamulyané utawa kabungahané 8 prakara. Utawa arep kawirangan gedhé, marga wadoné kena godha banjur laku sèdhèng.



No. 234. Ngalamaté klarabi tiba saka sampiran utawa canthélan.

Jam
7 - 8
9 - 10
11 - 12
1 - 2
3 - 4
5 - 6

Awan
Arep kélangan lan lara awaké.
Ana wong sumedya ngarah.
Katerkan sanak nulung kabecikan.
Yèn lulungan bakal padu.
Olèh rijeki akèh.
Kadhayohan arep ngarah barang.

Bengi
Dikongkon ngedolaké barang.
Oleh pagawéyan saka wong liya.
Katekan sadulur adoh.
Kelangan barang.
Saduluré kena prakara.
Katekan sanak mangan énak.



No. 235. Ngalamaté lindhu.

Yèn ana lindhu ing sasi:

  1. Sura wan, akèh lelara lan prihatin. bengi larang pangan.
  2. Sapar awan, akèh wong padha ngalih panggonan. Bengi, wong padha kapenak, kéwan ora kurang rarambanan.
  3. Mulud awan, akèh uwong pitenahan. Bengi, akèh udan angin.
  4. Rabingulakir awan, akèh wong pasulayan lan papati. Bengi akèh prahara, udah angin, wong akèh nikmat.
  5. Jumadilawal awan wong padésan akèh pasulayan, pitenah lan kadurjanan. bengi, palagumantung padha gogrog katiga dawa, panas banget.
  6. Jumadilakir awan, akèh maksiyat, katiga dawa bengi, wong padha tentrem atiné.
[ 169 ]
  1. Rejeb awan, pageblug raja kaya. Bengi ing padésan akèh durjana, banjur padha ngalih panggonan.
  2. Ruwah awan, akèh lelara lan larang pangan. Bengi, akèh wong seneng lan murah sandhang pangan.
  3. Pasa awan, wong padésan padha tukaran. Bengi wong padėsan akèh padha ngalih panggonan.
  4. Sawal awan, wong padésan padha prihatin. Bengi, wong padesan padha tukaran, akeh kang mbangkang préntah.
  5. Dulkaidah awan, akèh supatané wong tuwa, wong agung padha sulaya, wong padésan akeh padha lali maring wong tuwane, Bengi akeh wong mati lan ngalih nagara.
  6. Besar awan, ana pageblug, akèh dukacipta. Bengi, akèh udan sarta nemu raharja suka slamet sakabehe.



No. 236. Ngalamaté grahana.

Yèn ana grahana srengéngé utawa rembulan ing sasi :

  1. Sura, akèh reretu, wong padha mungkir marang Allah.
  2. Sapar, akèh angin pancawara, larang udan, larang beras pari.
  3. Mulud, akèh udan angin sindhung riwut, tatanduran akèh rusak ing padésan katrajang pageblug, akeh wong mati, wong agung prihatin.
  4. Rabingulakir, akeh rurusuh, wong sugih susah, wong miskin akeh ngalih panggonan.
  5. Jumadilawal, akeh kilat tatit liliweran banjir bandhang akeh dahuru.
  6. Jumadilakir, nemu harja, tan ana sakara-kara.
  7. Rejeb, ana paprangan, akèh durjana paceklik.
  8. Ruwah, ratu lan wadyabala sulaya, suda rijekine.
  9. Pasa, wong padha bungah-bungah nangning banjur ana pageblug.
  10. Sawal, akeh barat gedhé, panggedhé padha tukaran, akeh lelara lan pepati.
  11. Dulkangidah, akeh prahara sindhung riwut, akèh pitenah para prajurit padha kerengan lan rowang.
  12. Besar Allah paring rahmat murah sandhang pangan.


No. 237. Wecane sayida Hurerot.

Yen ana grahana srengenge utawa rembulan ing :

  1. Tahun Dal tanggal 15 Rejeb, dina Senen utawa malem Senen jam 2, mung entèk separo, sakehing nagara padha raharja, para dagang akeh untunge.
  2. Tahun Bé, tanggal 15 Sura; awan utawa bengl ing sadina-dinane (ora milih dina) nanging kudu Jam 11 utawa jam 1, grahana nganti entèk, iku akèh lelara. [ 170 ]
    1. Tahun Wawu, tanggal 15 Pasa, dina Saptu utawa malem Saptu jam 8 utawa 11, mung enték separo utawa entek kabèh, sakehing nagara bakal padha santosa, akèh wong padha olèh pangkat.
    2. Tahun Alip tanggal 15 Sa'ban, dina Akad utawa malem Akad, jam 9 utawa 11, mung entèk separo, para Ratu gedhe-gedhé padha paprangan.
    3. Tahun Ehe, tanggal 15 Sapar dina Selasa utawa malem Selasa jam 8 utawa 10, mung entek separo, wong wadon duwe anak akeh kang mati, nanging negarane santosa, murah beras pari.



No. 238. Adus lan salat grahana.

Yen mentas ana grahana srengenge utawa rembulan, murih slamet, kudu salat lan adus dhisik. Yèn grahana rembula dongané : nawétu gusula likusufil komori ilahi tangala. Sawisé maca donga banjur adus, rampung adus banjur salat dongané Usoli sunatan likusufil komari rokngataheni tangala, allahuakbar.

Déné yèn grahana srengéngé, donga adus lan salaté padha bae kaya kasebut Ing ndhuwur, mung bae kang muni komarl, diganti sams! (tegesé samsi = srengéngé, komari, = rembulan ).

Déné salate rong rekangat kaya salat sunat, sawisé takbiratullkram maca donga iftitah, tangawud patékah lan surat-surat liyane sakarépe, banjur rukuk, tangi saking rukuk maca patékah, banjur sujud karo maca tasbèh nuli ngadeg, rekangat kang awal, bakda patékah maca surat-surat sakarepe, nuli rukuk, tangi saking rukuk, maca patèkah lan surat-surat sakarpé, nuli rukuk lan sujud, maca takyat nuli salam.

Terangé; ngadeg kapindho, wacané saben rekangat loro, rukuk pindho, sujud pindho, takyat pindho, salam sapisan.


No. 239. Ngalamate' lintang kumukus.

Yen lintang kumukus manggon ing :

  1. Wétan, ana Ratu prihatin para Bupati sahandhahane padha susah, wong padesan padha karusakan, akèh udan, beras pari murah, mas inten larang.
  2. Kidul wétan, ana Ratu séda, wong padésan akèh ngalih panggonan, larang udan, wowohan padha runtuh, akèh pagering (lelara), larang beras pari murah kebo sapi.
  3. Kidul, ana Ratu seda, para Bupati shandhahane padha pancakabah, akèh udan, wowohan ndadi beras pari, kebo sapi murah, nanging wong padeśan padha prihatin.
  4. Kidul kulon ana Ratu séda, wong désa padha oleh kabecikan, wowohan ndadi, murah beras pari, kebo sapi akeh mati. [ 171 ]
    </noinclude>
    1. Kulon, ana Ratu jumeneng, wong padésan padha seneng akeh udan, tulus kang sarwa tinandur murah beras pari.
    2. Lor kulon, ana Ratu rebutan kagunan, para Bupati sahandhahane padha pancakara, wong padesan padha prihatin, akèh udan, gludhug bledeg ngampar-ngampar ana grahana, kebo sapi akeh mati, larang beras pari, mas inten murah.
    3. Lor, ena Ratu kéwuhan pamarentahé, para Bupati sahandhahané padha pancakara, akeh papati, wong padésan padha susah, larang udan, larang beras, larang pari, mas inten murah.
    4. Lor wetan ana Ratu tininggal ing bala, para Bupati sahandhahané akeh mati perang, padésan karusakan, kawula nandhang prihatin, larang beras pari, kebo sapi murah, wohwohan padha ndadi.



No. 240. Ngalamate lintang cahya.

Yèn sawijining bangsa (bawana) kang lagi nandhang asor, manawa bawana mau wis ka'andhokan (kapanggonan utawa ka'andhegan) liniang cahaya rambah kaping pat, kapétung saka wiwitaning asor (lintang cahya katon kaping patang ambalan saka bawana kang lagi asor), bangsa kang asor (jalahan) mau wiwit arep nemu unggul lan mulya. Kosok baliné bangsa kang unggul, yèn saka wiwitaning unggul wis ka'andhokan lintang cahya parang ambalan, bangsa kang unggul mau uga wis mangsané gilir gumanti bakal tumiba asor. Mangkono sabanjuré, gantl-gumanti asor unggul, asor unggul.

Perlu katerangake' sawatara, munggah anané lintang cahaya mau mangkéné: manut Primbon ilmu Palintangan, katon ubengé lintang cahya iku saben antarane 80 nganti 90 tahun lawase lagi katon maneh. Murih gampange petungan, ing kéné kajupuk tengah-tengah, ubengé lintang cahya kagawé racak saben 85 tahun sapisan andhoké (andhegé).

Ing abad 15, wis 400 san tahun sapréné lawasé, karaton Majapahit rusak. Banjur madeg kraton Demak, wiwit ing wektu iku kraton Jawa surem darajadé, kabudayan, pedagangan lan liya-liyané wiwit sirna Ing abad 16, wis 350 san tahun lawasé, sajumenéngé Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung, bangsa Walanda wiwit njajah tanah jawa.

Ing ndhuwur wis katerangaké wiwit asoring bangsa, yèn wis kaandhokan lintang cahya palang ambalan, yalku 85 tahun x 4 = 340 tahun iku martandhani wiwit manèh unggulé.

Tanah Jawa anggoné nandhang papa sangsara kejajah Walanda wis 350 san tahun lawasé, sajroné 350 tahun mau tanah jawa wis ka'andhokan lintang cahya kaping patang ambalan, yaiku kang kaping pate tiba ing sasi Oktober 1948. Miturut pétungan iki, tanah Jawa (Indonesia) wis Mataram lan mangsané dharah saindhengé tanah Indonesia wiwit mumbul darajadé lan kaluhuraké pulih kaya dhèk jaman karaton Majapahit. [ 172 ]

Mulané padha dititèni baé, Murih ngenggalaké tumekané isarate ora ana manèh kajaba mung padha suci, jujur ora padha rerebutan, marga saka niélik anggendhoing lali mung padha ngoyak drajat lan semat



No. 241. Ngalamate gebyaring kilat tanpa mendhung.

 Yen gebraring kilat ana pernah :

1. Wétan, akèh udan, kawula akèh kasusahan.
2. Kidul wétan, akèh lalara lan papati.
3. Kidul, murah sandhang pangan, sarta kéwan tulus, kawua padha ayem
tentrem.
4. Kidul kulon, tanpa sakara-kara. lumrah anane.
5. Kulon, larang udan, nanging wohwohan akèh metu.
6. Lor kulon, nagara kreta, kawula ayem tentrem.
7. Lor, arep ana perang gedhe, para priyagung lan kawula radha susah.
8. Lor wétan, larang udan, larang sandhang pangan, nagara dahuru, akèh lalara
lan papati.


Yen weruh kilat maca'a donga: subkana manyuri kumul barko kaufan watomanga. Donga iku uga kena diwaca yèn ana kilat waktu udan.



NO. 242. Ngalamate gelap nyamber.


Yen gelal nyamber omah utawa tanduran kang duwé omah utawa tanduran, bakal katiban wahyu jinunjung pangkat. Sidhekaha iwak kebo sapepake, luhur, endhas, utek, babad, usus, ati, lan liya-liyaané, sathitihik-sathithik janji pepak, jarik sekebar (salembar) lan arta 4 reyal. Dongané: Subkana manyusabiku rokdu bikamdhihi walmalaikatu minkifatèhi. Yen ora sidhekah bakal kesusahan mindeng.

Dené yèn gelap ngampar-ampar udan angin, dongane: kaki banyu kawa, kaki buyut buta kakawah, buta embeng-embeng, kaki s entek waja, aja sira sudi gawe, ingsun anak putumu, ingsun wis weruh aranira, sira sang ratu langlang buwana kang ngideri jagad, sangkanira, saka wétan, mangulon, mangalor, mangidul, tanpa wasana sajagadrat saung ing si baritung, satang sibarahudang, hastang mangka ana, si ontang-anting putihe sipat ingsun, si ontang-aning nyata putih sipate.

Banjur nalèni saka karo murni ora nalèni saka nanging nalèni bledhèg, aku putune Ki Ageng Sela.

Nuli njupuk sega karo uyah kasawuraké latar karo muni liwt-liwat dlanggung dawa adoh parané.



[ 173 ]
No. 243. Wong lumaku.


Yèn lumaku ana ing ndalan ketungka mendhung arep udan, banjur ditulak mangkéné: njupuka krikil karo muni : aja pati-apti tiba udané, yèn durung tiba krikilé kang dak cekel iki. Insya'allah ora kodanan, tibaning udan yèn wis tekan paran utawa tekan omah, sawisé krikil kang dicekel katibakaké



No. 224. Ngalamaté téja.


  1. Yèn ana téja notog ing désa arep siuwung désané.
  2. Yèn ana téja notog ing masjid, arep akèh papati.
  3. Yèn ana téja batang, yaitu téja kang malang ing ndhuwur bener arep ana ratu utawa panggedé séda.


No. 245. Mendhung utawa pedhut.


  1. Esuk ana pedhut, iku mangsa terang, panas banget.
  2. Mendhung tipis gampang katiyup angin, tandha ora udan.
  3. Mendhung ngisore katon abang enom, arep udan angin.
  4. Akéh mendhung rupané biru utawa biru nom, arep udan suwe.
  5. Esuk ana mendhung katon abang, arep udan.
  6. Mendhung rupane putih susu, arep ana angin lan udan genti-gentl tekane.
  7. Awan panas, srengéngé katutupan mendhung kaya hawa, arep udan gedhé Ing wayah sore.
  8. Hawa panasbanget, srengengé katutupan mendhung rupané kaya awu utawa Ireng lan ana putihe' sathitik kaya gunung, arep udan gedhé lan gludhug.
  9. Panas ana mendhung lumaku ngiwa nengen, arep ana gelap jumedhèr nyamber.
  10. Awan ana mendhung abang, arep ana angin gedhe.
  11. Esuk ana mendhung pucuké katon abang, arep udan lan angin gedhé ing wayah sore.
  12. Suruping srengengé ana mendhung abang, ésuke' terang lan panas banget.
  13. Mendhung prenahé ing lor kulon utawa kidul kulon, arep terang ora ana udan.




No. 246. Ngalamaté nyumet diyan.


Yèn nyumet diyan :
Jam 5 - 6 soré nemu prakara lan didohi sanak sadulur.
,,7 - 8 bengi, nemu pdakara diplinah wong.
,,9 - 10,, bakal lara awaké.
Beciké yèn nyumet diyan sawisé jam 6 soré, lat-laté jam jam 6.50


[ 174 ]
No. 247. Ngalamatế kembang diyan.
Metu kembangế
Jam Awan Bengi
7 - 8 Cilik-cilik 2, bakal katekan sadulur. Yèn rupané kembang lan urubế sulak ijo, arep kếlangan.
9 - 10 Gedhé - gedhé 2, arep kếlangan Yen rupane kembang sulak ireng. arep kếlangan.
11 - 12 Yen kembangé akềh rupané abang, bakal mundak rajakayaen. Yen kembangé gedhe rupanế abang, bakal olềh kabegjan.
1 - 2 Yèn kembangế gedhế cilik arep tampa rijeki. Yèn kembangé cilik pucukế, arep kasusahan.
3 - 4 Yen kembangế bunder rupané abang, arep wuwuh kasenengane. Yen kembangế pucuké ireng 2 bakal ana prakara.
5 - 6 Yen kembangé ing pucuk ora abang, arep oleh kabegjan. Yen kembangế bunder ireng 2, 3, utawa 4, arep udan gedhế


No. 248. Ngalamatế katekan dhayoh.

Yèn ana dhayoh ing dina:

  1. Akad saka wétan, tetulung becik. Saka kidul nemu sandhungan kurang prayoga, Saka kulon, nedya sulaya. Saka lor, awèh rijeki.
  2. Senèn saka wétan, tetulung becik. Saka kidul awèh rembug kapếnak. Saka kulon, nedya sulaya. Saka lor, bakal papadon.
  3. Selasa saka wétan, tutulung becik. Saka kidul, awềh rijeki. Saka kulon nedya sulaya. Saka lor bakal papadon.
  4. Rebo saka wétan, tetulung becik. Saka kidul, nedya sulaya Saka kulon, bakal papadon. Saka lor, awềeh rembug kapếnak.
  5. Kemis saka wétan, tutulung becik. Saka kidul, awềh rembug kapenak. Saka kulon, nedya sulaya. Saka lor, nedya papadon.
  6. Jumuah saka wétan, nedya sulaya. Saka kidul, nedya papadon. Saka kulon. awèh rembug kapénak. Saka lor, tetulung becik.
  7. Saptu saka wétan, nedya sulaya. Saka kidul, nedya sulaya. Saka kulon, awèh rembug kapenak. Saka lor tutulung becik.

[ 175 ]
No. 249 Ngalamate katekan dhaych.
Miturut gunggunge neptu dina lan pasaran serta jam.
Gunggunge neptu dina lan pasaran tekane dhayoh Jam tekane Ngalamate
7. 11. 15 6. 7. 8. ésuk. njaluk rembug becik.
9. 10. 11. lingsir wétan. ngajak padu.
12. 1. 2. bedhug. kếlangan.
3. 4. 5. lingsir kulon kepatếrn.
8. 12. 16 6. 7. 8. ésuk nyinyilih.
9. 10. 11. lingsir wếtan. rembug becik.
12. 1. 2. bedhug. ana ujar wadi.
3. 4. 5. lingsir. kulon. awěh pangan.
9. 13. 17 6. 7. 8. ésuk. ngapusi.
9. 10. 11. lingslr. wétan. tetulung.
12. 1. 2. bedhug. nyalawadi.
3. 4. 5. lingsir. kulon. nedya becik.
10. 14. 18. 6. 7. 8. ésuk. njaluk rembug becik.
9. 10. 11. lingsir. wếtan. awềh pangan.
12. 1. 2. bedhug. ana gawế.
3. 4. 5. lingsir kulon. njaluk anak.

Katrangan : saupmama ana dhayoh dina Jumuah Legi, neptuné Jumuah 6, Legi 5 = 11 tekane Jam 8 ésuk, iku ngalamatế tiba : njaluk rembug becik. Mangkono sabanjurề.

Neptuné dina lan pasaran miturut kasebut kaca 7. No. 2.


[ 176 ]
No. 250. Katurnggan Jaran.


Tembung jaran saka ingseding tembung ajaran, tegesé diajar. Lugune aran kuda, turangga, haswa, wajik lan aran liyane' manèh.

Mulacé aran jaran, sebab kuda iku dhasare' kasinungan lantip lan kawaskithan, bisa nitèni lan weruh watak kakarepane kang ngingu, utawa weruh begja cilaka lan kadadeyan kang bakal linakon déning kang ngingu ing sadurungé kalakon.

Dadi tembung ajar ing kono, karepe: malah kang ngingu kang kudu ajar meruhi watak wantu lalageyan kakarepaning kudané, ateges weruh-wineruhan, turut-tinurutan, lya iku kang aran manunggale kang nunggang lan kang dèn tunggangi.

Yen wis jumbuh mangkono iku, yèn ditunggangi (dititihi) Kuda mau bisa nampa karepe kang nunggangi sarana sasmita obahing tatali, obahing sanggawedi utawa ingsad-ingseding bokonge kang nunggangi. Déné kang nunggang iya kudu prayitna narang leladaning kuda, sebab iku mawa karep kang wigati utawa sasınita kang ora kena disepèlèkaké. Dadi satemené kang ajar iku inalah kang nunggang, dudu kudané. Dène yèn kang nunggang (kang ngingu) wus gambuh temenan. kuda mau mangerti marang kakarepané kang nunggung mung sinasmitan saka ciptaning panggrahaita.

Bokmanawa ana paédahé, ing kéné dak pethilaké tembang sinom 3 pada, piwulang Dalem Kangjeng Pangeran Harya Mangkubumi Sukawati, dené uniné mangkéné:

    1. Wong anor inangrehning kuda, cipta tumanduk tatall, weruhena ing sasmita, lamun cipta wus manunggil, lawan kudanirèki, ing ngriku haswa wus temtu, nampani osiking karsa, ing satemah mung mestuti sapangrehnya amung miturut kewala.
    2. Ing ngriku tyasing turangga, sampun manuksamèng tatali, tan samar sasolahira, mula dèn becik yèn nitih ywa kéwran traping tali, dimen jumbuh nunggal kayun, haswanya wus waskitha, wus nunggal pamoring kapti, tyasing kuda saosik den kasarira,
    3. iku jeneng wus adadya, ajaran kuda meruhi, sakarsanya tan suwala, lamun wus mangkono yekti, lor-loroning tunggil, sasmitanira wus jumbuh, pangarèhing turangga, wus tanpa tatali malih, cukup nganggo sasmitaning panggrahita.

Piwulang Dalein uran-uran 3 pada, iku mengku lahir batin. Lahire, duk ing nguni kuda iku piguna gedhe, luwih-luwih tumrap ulahing paprangan. Mungguh kabatinane mengku piwulang meruhi kajatèning urip, lya kawruh manunggaling kavula gusti. Mula diarani haswa, lages: tunggangan. tembung haswa = huswa ateges: napas. Dend anand napas, kena diarani tunganganing urip, tatalining urip utawa pratandhaning urip Nyataning urip, marga ambegan (lebu watuning napas). [ 177 ]Ing kuanane wong Jawa padha nindakake tatacara sasaji haswaweda, karepé ngarani ulah napas, yaiku laku kang permati kanggo nentremaké kalubuné utawa angen-angene, murih bisané tuwuh rasa jatinė, kang nitih lan kang tinitihan wis dadi siji, tegesé wis ora ana kahanan loro.

Kacarita Kangjeng Pangéran Harya Mangkhumi Sukawati, rikala amangun yuda nupes Walanda, anitih kagungan Dalem tityan Kangjeng Kyai Sengkali lan Kangjeng Kyai Gandamana, gentos-gentos panitihé. Sanadyan ana samadyaning paparangan, nora kendhat sasmitaně, temah unggul perangé. Dadi agem dalem titiyan sakaroné mau panujahing tracaké, prasasar bisa nyigar bumi Tanah Jawa dadi ana panjenengan ratu loro, Ing Ngayogyakarta lan Surakarta. Mula titiyan nDalem mau aran Sengkali = Sang kali ateges kang éling kang padha paningalé tan samar sawiji - wiji. Gandamana ganda arum angambar ambar. Kanjeng Pangeran Harya Mangkubumi Sukawati banjur karsa jumeneng Nata ing Ngayogyakarta Hadiningrat, jujuluk Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Senapati ingalaga Abdulrakman sayidin panatagama Kalipatolah 1. Walanda kekes miris kajodheran, akalé bulus tansah kaweleh - weleh. Asma Dalem misuwur ing jagad tetelu, terah tumerah kongsi ing jaman saiki, asma Dalem sangsaya kondhang, angambar - ambar angebaki saindhenging bawana, pantes sinudarana. Cukup saméné baé, muga dadia tutuladan, mesthi maweh basuki rahayuning jagad.

Ing saiki miwiti mratélakaké katurangganing Jaran kaya ing ngisor iki:

1. Panengerané jaran kang becik.
  1. Endhas mungkal gerang.
  2. Bathuk jembar warata matak banthèng, (memper pathaking bantheng).
  3. Kuncung anggumbala mawur ireng.
  4. Jompong mungal.
  5. Kuping gilig poké, pucuké muluh tinigas.
  6. Juluk kang ngungkuli jalaké.
  7. Bungur kang akèh jengkeruté, lan cekelané malulang garing.
  8. Bangar, ndhuwur bungur jembar.
  9. Catu lambe dhuwur lincip ngungkuli lambé ngisor.
  10. Cangkem cawak lambé nguler jedhung.
  11. Bolongan irung amba.
  12. Janggut dhapur njangkung.
  13. Huwang lobok damis. [ 178 ]
  1. Pasu mayat.
  2. Tlapukan ngisor tipis ngintip.
  3. Tlapukan kang katon nggligir.
  4. Pipi bunder anggobog.
  5. Coblong ngisor tlapukan kapara nundur kang jero lekoke.
  6. Jiling ngisor coblong mandhikil kaya tangan wong.
  7. Wayang tipis lan mlengkung.
  8. Suri mawur tipis ireng klimis.
  9. Gulu manyura ngisor amba dhuwur gilig ngelung pakis.
  10. Jalak anggigir kintel mathokol.
  11. Kulit kandel mayat.
  12. Dhadha manyul mayat.
  13. Tunggarana yaiku dhuwur pupu ngarep maléla mathokol ngendhas tekėk.
  14. Pok pupu kang katutupan amben kang gedhe.
  15. Lakang jembar.
  16. Bau gedhe lurus.
  17. Gares kaya wlira.
  18. Gandhu katon malang ambènda.
  19. Wajik memes.
  20. Ugel ugel kang lenggang nggapang waru.
  21. Kalen yaiku dhuwur ugel ugel kang jero lekoké.
  22. Gedhog yaiku dhuwur ugel - ugel kang katon ndalejer ototė.
  23. Weteng kang mbedhadhag.
  24. Puser kang adoh lan purusé.
  25. Purus kang cendhak lan gedhe.
  26. Konthol kaug nyungu wedhus.
  27. Kucur yaiku mburi wajik kang nguku bima, utawa anguku macan.
  28. Wangkong Jembar.
  29. Cethik malang.
  30. Kempung kang menthek.
  31. Glgir mapah gedhar.g
  32. Bokong nangka nyatugel.
  33. Topong yaiku dhuwur pupu mburi kandel.
  34. Janggel gedhé gepeng.
  35. Sampil gedhé mukang gangsir.
  36. Buntut nebu sauyun.
  37. Silit mapon.
  38. Gandhik yaiku ngisor silit gilig.
  39. Supit yaiku ngisor gandhik rapet.
  40. Wadidang yaiku ngisor supit ambuntut arit.
  41. Sikut nyupu.
  42. Calung yaiku mburi gares slkil mburi gepeng lan jero kalenane.
  43. Tracak inburi kang trapé nýuku janma.
[ 179 ]
  1. Clakutikan jero tracak 4 pisan rapet.
  2. Tracak ngarep nanjung kuwung.
  3. Samburiné tracak kang jero.
  4. Bobat agal klimis lan ngepok tancebé.
  5. Untu putih rempek cilik - cilik.
  6. Siyung cilik.
  7. Gusi putih semu abang.
  8. Ilat gilig kuwet cekelané.
  9. Cetak kuwung.
  10. Titiyang kang jéjér padha pandhisilé.
  11. Tapakyang irengé kang padha kapara kang cilik.
  12. Idep tumèngèng tawang.
  13. Ilu putih getas, kang énak gandané.
  14. Kulit tipis kenceng.
  15. Wulu pandhes kalimis.


II. Pamilihing jaran miturut pawujudan saranduning badan.


Pamilihing jaran, sapisané nyawang wadanané, yaiku kang prakosa sembada bagus rupané. Sawisé banjur katalesigaké siji sijiné pepéranganing. badan, lan ciri cirine kaya ing ngisor iki:

  1. Éndhas macan ambekèr amatak banthèng. ora sangkuh, lan ora mungkal gerang, jompong mungal.
  2. Tancep adeging kuping semu mayat, ora keplèh, ora njeplping ora cupet ora dawa, katoné muluh tinigas.
  3. Mata kapara lonjong, idep lamba.
  4. Dhadha amba mungal.
  5. Kuncung ngumbala mawur lan landhung, suri mawur.
  6. Wayanang tipis kuat semu mlengkung.
  7. Lambé cawak jengkerut nguler jedhung.
  8. Siyung putih cedhak untu. Untu putih. Gusi ngarep tipis ora ana kintelé.
  9. Bangar ireng melulang garing.
  10. Tapakyang kang jajar kapara cilik.
  11. Gulu manyura, ngisor amba dhuwur gilik, titiyang kang padha pandhikilé.
  12. Jalak mungal gedhe.
  13. Gigir mapah gedhang, ora wusu lan ora ndèkèng.
  14. Buntut akèh lan mapah pucang, wulu lembut.
  15. Badan lenggang dawa kandel, kulit tipis.
  16. Bokong nangka satugel.
  17. Tunggarana kapara gedhé ngendhas tekek.
  18. Bahu gedhé lurus kang gangsing. [ 180 ]
  1. Garès salira kelit. Gandhu gedhe, bunder methok ambendha. Tracak mbathok mangkurep utawa nanjung kuwing. Ugel - ugel lénggang.
  2. Wadidang mucuk arit. Konthol kapara cilik.
III. Arané lan manggoné ciri unyeng - unyenganing jaran kang becik.
  1. Surtirnan, ing janggut.
  2. Sanggawacana, ing lambé, ngisor ngiringan.
  3. Tadhah dunya, ing tenggok,
  4. Dhandhang susumping, ing dhuwur pok kuping.
  5. Jayengrana, ing pucuk kuping.
  6. Wutahati, ing andheman tengen.
  7. Baureksa, ing bau ngarep.
  8. Jajapurasa, ing sikut.
  9. Darawibawa, ing garès tengen lanterusané ing sikil mburi ana unyeng unyenge 1.
  10. Jagamuksa, ing pathak unyeng unyenge jejer 3.
  11. Reksajagat, ing pathak unyeng - unyengé 5, nanging sing 1 ana tengah.
  12. Trajumas, ing pathak unyeng - unyenge jèjer 3, nanging kang tengah ana nduwur.
Unyeng - unyeng kang luwih becik.
  1. Bakasambegana, ing pathak unyeng - unyeng jejer luwih
  2. Rajayuwana, ing tengah gulu.
  3. Sujencacap, ing ngarep andheman.
  4. Surung, ing ngisor silit.
  5. Resimanungku, ing sikut.
  6. Lamban, unyeng - unyeng mung 1, ing sikil mburi kang kiwa.
  7. Sakapanggung, ing sikil papat pisan ana unyeng - unyengé.
  8. Satriyapinayungan, ing geger kiwa. Nanging ana maneh kang ngarani, yèn kang aran satriyapinayungan iku, yèn unyeng - unyeng manggon ana ing ngarep buthung, Endhi kang bener nyumanggakaké.
Unyeng - unyeng kang ala.
  1. Samparwacana, ing lambé dhuwur ngiringan.
  2. Regem, Ing kemil ngisor.
  3. Bisu tinuku ing pipi.
  4. Cethak kodrat Dhandhang sesuweng, ing poking kuping.
  5. Sangkalakalung, ing gulu samburinė pipi.
  6. Dhandangmala, ing sacedhake pipi ngisor.
  7. Klabag kapipit, ing gulu iring.
  8. Bandanakatututan, ing poking gulu iring. [ 181 ]
    1. Pasupati, ing poking gulu ngarep.
    2. Dhandhangangrem, ing adhernam ngisor.
    3. Benemanupas, muwel ing suri jalak.
    4. Katonggentala, ing mburi jalak.
    5. Kalajongok, ing tengah geger.
    6. Dhèdhèguwong, bener sanggawedhi.
    7. Suduk, ing weteng iringan.
    8. Bayangangsar, weteng, kapara mundur.
    9. Brancah, yaiku plintangan 2 sisih. Plintangan kodrat, Fundhak kodrat, yen 2 uga aran Brancah.
    Tanduringas, ing konthol.
  9. Lintangsarat, unyeng - unyeng njlèrèt urut buntut.
  10. Klabangangleng, unyeng - unyeng mlebu silit.
  11. Kombangangleng, bobat mlebu silit.
  12. Kendhitkawet, ing wadidang.
  13. Tambangarsa, ing dhengkul bener.
  14. Daramangkat, ing gares tengen.
  15. Tambangtaka, ing dhuwur ugel - ugel.
  16. Sunyalumeksa, unyeng -unyeng siji ing sikil mburi kang tengen.
  17. Bendanakatututan, ing sikil mburi karo pisan.
  18. Gubugrénceh, Ing sikit telu pisan...
  19. Tambangpada, ing ugel ugel sikil mburi dhuwur.
  20. Tandhasangsaya, ing ugel-ugel sikil mburi ngisor, utawa ing clakutikan sikil ngarep kiwa utawa tengen.
  21. Banyakapethuk, ing pathak jèjer loro ngisor ndhuwur.
  22. Mathi kodrat kundur rubuh karna. Mathi kodrat kundur luwih, sarubuhing kuping, aran dhandhang aring - aring.
  23. Trajusírna, jejer 3, kang tengah ana ngisor.
  24. Buntelmayit, muwel ing suri.
  25. Kalakapepet, kapepet ing amben.
  26. Tadhatangis, ing ngisor suluhan.
  27. Tadhahluh, ing ngisor mata.
  28. Andhamustaka, sandhuwuring dhengkul ngarep.
  29. Kendhitkawet, ing wadidang.
  30. Kemil, Tapuk, Satriyakepanah. Citak kalorot. Mathi siji, Kalaluwang.
  31. Uyuh cawang, Planangan belang, kang ing badan ora ana terusané unyeng - unyeng katutupan slébrak, lapak lan ambèn.


Pamilihing unyeng - unyeng.

Jaran kang jeneng mulus, iku dipilih, yaiku unyeng - unyengé mung 9. ana ing : citak 1, kapara munggah. Mathi 2, kang jejer kuping, Jagat 2, kang kapara jembar, Pucak ngarep 2, Pucak mburi 2, kang kapara landhung. [ 182 ]

Déné ciri kang ala kang kudu ditampik yaiku: Satriya kapanah Cithak kalorot. Mathi 1, Tadhahluh, Tadhahtangis, Turuntangis, Tapuk, Kemil, Kalaluwang, Uyuh cawang, Planangan belang kang badan ora ana terusané, Buntelinayit, Andhamustaka, Kendhitkawet. Unyeng unyeng kang katutupan slébrak, lapak lan aimben.

Pamilihing jaran miturut ules.

Ules utawa wuluning jaran iku pokoké mung 2 prakara, yaiku : abang lan ireng.

Ules kang nunggal karo abang, yaiku: bopong, napas, jragem janjang jené, lan prumpung. Dadi ana 6 rupa karo ules ireng kang nunggal golongan.

Jaran ules nem rupa mau, kang becik lan bisa dadi ajarane, yèn peperangan wujude saranduning badan bisa jangkep 9 bab karo mbengingèhé, yaiku 1. Ules (wulu) lembut padhet. 2. Suri tipis pera. 3. kuncung nggembala. 4. Mawur landhung. 5. Buntut sethithik. 6. Kulit tipis. 7. balungan cilik cilik akelit. 8. Tracak mbathok mangkurep utawa nanjung kuwing. 9. mBengingehé cilik bening swarané..

1.Jaran ules abang, kang saranduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur wataké luhur kang santosa, kuwawi dadi titihaning ratu. Sanajan kurang jangkep, iya isih aran jaran becik, isih bisa dani sarana gampang yèn diajar.

2.Jaran ules bopong, kang saranduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, wataké santosa sarta waspada, ngerti marang kapinteran utawa kabodhohané kang nunggang. Yèn jaran mau kalah karo kang nunggang, jaran mau banget mituruté nganti ngetohaké pati, kalebu jaran linuwih. Sanajan kurang jangkep ijih kalebu jaran becik, ijih bisa dadi ajarane.

3.Jaran ules napas, wataké ora bisa ngampah nepsu mula sanajan saranduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, iya asring ora bisa dadi ajarané.

4.Jaran ules jragem, wataké kurang pangrahitane, yen saranduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, uga kalebu jaran sedheng bisa diajar, nanging yen kurang jangkep, mesthi ora bisa dadi ajarané

5.Jaran ules janjangjene, watake rewel, mula sanajan saranduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, iya, asring ora bisa dadi ajarané.

6.Jaran ules prumpung, walake mbesono, kethul atine, yèn saraduning badan wujude jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, uga bisa dadi ajarane nanging yen kurang jangkep, mesthi ora bisa dadi ajaranë. [ 183 ]Déné ules kang nunggal karo ireng, yaiku: putih, dhawuk, lemah teles lan janjangbiru.

Jaran ules limang rupa mau, kang becik lan bisa dadi ajarané, yèn peperangan sararduning badan bisa jangkep, riringkesané uga ana 9 bab karo mbengingèhe, yaiku: 1. Ules (wulu) pera agal. 2. Suri kandel kempel. 3. Kuncung ndalojor kempel. 4. Wayang gilig lemes. 5. Buntut akèh lan mapah pucang. 6. Kulit kandel kendho. 7. Balungan gedhé -gedhé. 8. Tracak ambahok mangkurep. 9. mBengingèhe gedhe bening suwaraane.

  1. Jaran ules ireng, wataké kethul lan welu, yen saranduning badan wujude jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, kalebu Jaran sedhengan, bisa diajar, yèn kurang jangkep, ora bisa dadi ajarané.
  2. Jaran ules putih, wataké kurang lana lan kurang santosa, mula sanajan saranduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur uga asring ora bisa dadi ajarane.
  3. Jaran ules dhawuk, wataké linuwih, pinter lan waspada, yen saraduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, kuwawi dadi titihaning ratu. Senajan kurang jangkep, iya isih aran jaran becik, isih bisa dadi lan gampang yèn diajar.
  4. Jaran ules lemah teles, wataké ora saniosa, sanajan saranduning badan wujudé jangkap 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, uga asring ora bisa dadi ajarané.
  5. Jaran ules jajangbiru, wataké réwel, mula sanajan saranduning badan wujude Jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, uga asring ora bisa dadi ajarané.

Kajaba iku ana jaran kang ulese nyebal karo papathukaning ules ong pérangan kasebut ing dhuwur, yaiku:

  1. Jaran ules petaknyabrang, watake gawé wirang lan thvasé lang nunggang.
  2. Jaran ules palangkapancal, wataké ora kena kawengkus, mula sanajan saranduming badan jangkep. 9 prakara kaya kang kasebut ing dhuwur, uga asring ora dadi ajarané. Nanging manawa palangkapancal mau manggon ing jaran ules dhawuk utawa bopong, uga asring bisa dadi ajarané.
Ana maneh pamilihing jaran tumrap saranduring badan

1. Lambé enthèng. 2. Tracak mbanthok mangkurep utawa nanjung kuwung. 3. Dhadha amba mungal. 4. Bokong kang nagka satugel.

Déné pamilihing jaran kang aran dawa, mungguh pangkuruné, sarana tali, wiwit bungsur munggah tekan jompong mangisor katurutake suri, utawa geger tekan pucuk ing janggel, banjur kasampirake ing geger, manawa pucuking tali padha kangsrah (kalangsrah), yaiku jaran kang dawa. [ 184 ]Yen ukur pitu sanga, pangukure mangkene tali kagelangake ing uge- ugel banjur kakilanaké dedeging jaran, menawa bisa tetep pitu utawa sanga, iku becik, kuwat dadi titihané para luhur.

Pakaning jaran.

Pakan jaran kajaba suket lan dhedhak, uga dipakani pari, gabah lan jagung.

Saben sawulan sapisan, pakanana kodhok ijo kacacah lembut, babalunge kabuwang (aja nganti katutan balung), cacahan kodhok ijo mau kabuntel suket kang wis dicacah, banjur dilolohaké.

Pangrumating jaran.

Gedhoganě diresiki saben dina, tléthongé dibuawang uga saben dina luwih becik tléthong pambuwangé kaping pindho sadina.

Jaran saben dina diresiki nganggo kerok, sikat jungkat lan sepon.

Yen ngresiki kulit jaran becik nganggo sikat bae, sing wulune rada kaku, sikat kudu dinetaké ing kulit jaran, nuli digosokaké ngiwa nengen kang warata nganti resik, sikaté rikala dianggo nyikat kulit jaran, bola bali diresiki nganggo kerok, perluné kotorané ora bali lumengket ing kuliting jaran, dadi bisa resik. Sawisé katon resik banjur dibilasi diresiki nganggo gombalan utawa suwèkan kadut, nganti wuluné katon gilap, marga wis resik. Déné kerok iku dianggo ngerok rambut sing bundhel.

Sikil lan rambut (jompong), kudu disirami nganggo banyu sarana piranti sepon, banjur dilap, mata lan irungé iya kudu diresiki nganggo sepon. Dene planangan sarta pawadonė jarang anggoné ngresiki nganggo banyu sabun kang panasé rada manget - manget.

Jaran kang lagi kringeten aja diguyang. Yèn jaran mentas kanggo kudu dituntun mlaku - mlaku dhisik, sukur kringeté dilap nganti garing, yèn anggone nglakok nglakokaké wis sawatara suwene lan kringeté wis garing, lagi kena dilebokaké ing gedhogan.

Tambané jaran.
Yen jaran pileg, tambanana; santen kanil kambil ijo gula arèn lan uyah sapantese, jamokna. [ 185 ]
No. 251. Katuranggane manuk brekutut.

Manuk brekutut kang becik katuranggane.

  1. Kukune driji karo lan jempol karo padha putih aran srimangempel, ingon - ingone wong tani, kang ngingu katutungan karepe.
  2. Cucuk lan sikile semu ireng, aran wisnuwicitra, kang ngingu rahayu sakehing rencana ora tumamam.
  3. Semu ireng sakojur awake, aran wisnumangenu ingon - ingening priyayi, srikempel kang ngingu akeh rijekine.
  4. Cucuk lan sikilė putih, aran kusumawicitra, kang ngingu akèh rijekinė lan karepe dadi.
  5. Buntute lare ana 15, pandhawa mijil, kang ngingu keringan.
  6. Mata abang sumorot kocak kaya mirah, aran purnama sidi, kang ngingu wingit akeh wong asih.
  7. mata kuning jait sumorot, aran mercujiwa, kang ngingu diluluti wong, nekakakė rijeki lan slamet. Dène yen kuninging mata terus ing brotol, sakehing becik dadi siji, iku ingon-ingon ratu.
  8. Saranduning awak putih, uga mustikaning manuk, ingon-ingoning ratu.
  9. Soré muni, aran minebgedhong, awèh donya maring kang ngingu.
  10. Esuk muni mbarengi wetuning srengenge, aran gedhong menga, kang ngingu rahayu slamet, bisa simpen mas picis.
  11. Mata, cucuk lan sikile ireng, aran wisnumurti, iku ingon ingening ratu, kena kanggo tumbal.
  12. Ules semu kuning sarta kalung, aran udanmas, kang ngingu akeh rijekinė, begjane tutug.
  13. Unine sungsung, aran widahsanagastagasti, becik banget kang ngingu katekan karepe, sabarang sanggup, kinasihan wong.
  14. Yen muncis, kang ngingu ayem ayom slamet, ingon -ingoning, bupati, diwedeni wong.
  15. Muni ngelik elik lan becik rupané, rahayu kang ngingu, yèn kanggo pikat olehan.
  16. Kang murub kaya geni, becik manone, kang ngingu sugih lan karepé tinekan, nemu rahayu slamet.
  17. Kang nusuh ing lemah, tinjane diobong, awune kanggo tamba sarupaning lelara, landhane kanggo adus.
Manuk brekutut kang ala katuranggane.
  1. Ules semu abang aran bramasulur, kang ngingu kerep lara.
  2. Ules napas aran bramalabuhgeni, panas boros kang ngingu, lan nyenyengit dhemen padu.
  3. Kuku putih drijine sapuluh, aran bramakala, adoh rijekiné lan kerep kasusahan kang ngingu. [ 186 ]
    1. Raine putih terus ing cangkeme, aran bramakokap, manuk iku kuriu arep weruh getihé kang ngingu.
    2. Yèn awan bengi muni, aran durgangerik, adoh rijekiné hang ngingu, kerep tukaran lan anak bojo, sarta kerep kepatèn.
    3. Muni tengah wengi aran durganguwuh, kang ngingu suda rijekiné wayang wuyung lanang wadon gentèn lara.
    4. Laklakan karo putih, aran sengkalapipit, kang ngingu tansah bencèng pikir kerep padu.
    5. Yen laré salembar putih ana ing geger, aran sanggabuwana, adoh rijekiné lan kang ngingu kerep susah, atiné mbesiwit klèru tampa.
    6. Brumbun wuluné, aran lemburuwan, kang ngingu kerep lara.
    7. Pundhak putih aran cendhalasabda, kang ngingu wicarané ala. Manuk mau yèn kanggo mikat kerep oléhan.
    8. Gentané semu iren, aran wisnutin ndhung, apa sasedyané kang ngingu ora katurutan lan kerep keluputan.


Tangguhing manuk brekutut.
  1. Ules wungu terus ing gentané, iku tangguh Pajajaran.
  2. Ules ijo dumeling teris ing gentaně, iku turuné Ki Jaka Mangu tangguh Majapahit.
  3. Abang sikilé terus ing gentané sarta ing tlapukané, ngemprit gantil sawangané (mèmper manuk prigantil utawa kudasih pasemone) iku tangguh Tuban.
  4. Sikil semu putih terus marang gentane, cucuk cendhak, iku tangguh Mataram.
  5. Sikil blawus terus marang gentané sarta talapukané, iku tangguh Pajang.
  6. Sikil putih semu klawu terus ing gentané, sarta talapukane, iku tangguh Sedayu.
  7. Sikil semu abang terus ing gentané sarta tálapukane, nanging abangé enom, iku tangguh Demak.
    Manuk brekutut padha ndhuwèni tangguh ora bèda karo wesi aji.


Loloh tambané manuk brekutut.
  1. Supaya bungkak (énggal muni), kemukus 2, trasi abang sawatara, godhong lampes 3 lembar, uyah sawatara kapipis, lolohna.
  2. Supaya adhem lan sareh, kléyang katu 3 lembar, sawang, trasi abang, ketumbar, lenga klentik lan uyah, akèh sathithiké nyawatara sapantesé, kapipis lolohna. [ 187 ]

No. 251. Katuranggane manuk brekutut.


Manuk brekutut kang becik katuranggane.

  1. Kukune driji karo lan jempol karo padha putih aran srimangempel, ingon - ingone wong tani, kang ngingu katutungan karepe.
  2. Cucuk lan sikile semu ireng, aran wisnuwicitra, kang ngingu rahayu sakehing rencana ora tumamam.
  3. Semu ireng sakojur awake, aran wisnumangenu ingon - ingening priyayi, srikempel kang ngingu akeh rijekine.
  4. Cucuk lan sikilė putih, aran kusumawicitra, kang ngingu akèh rijekinė lan karepe dadi.
  5. Buntute lare ana 15, pandhawa mijil, kang ngingu keringan.
  6. Mata abang sumorot kocak kaya mirah, aran purnama sidi, kang ngingu wingit akeh wong asih.
  7. mata kuning jait sumorot, aran mercujiwa, kang ngingu diluluti wong, nekakake rijeki lan slamet. Dène yen kuninging mata terus ing brotol, sakehing becik dadi siji, iku ingon -ingon ratu.
  8. Saranduning awak putih, uga mustikaning manuk, ingon - ingoning ratu.
  9. Sorě muni, aran minebgedhong, awèh donya maring kang ngingu.
  10. Esuk muni mbarengi wetuning srengenge, aran gedhong menga, kang ngingu rahayu slamet, bisa simpen mas picis.
  11. Mata, cucuk lan sikile ireng, aran wisnumurti, iku ingon ingening ratu, kena kanggo tumbal.
  12. Ules semu kuning sarta kalung, aran udanmas, kang ngingu akeh rijekinė, begjane tutug.
  13. Unine sungsung, aran widahsanagastagasti, becik banget kang ngingu katekan karepe, sabarang sanggup, kinasihan wong.
  14. Yen muncis, kang ngingu ayem ayom slamet, ingon - ingoning, bupati, diwedeni wong.
  15. Muni ngelik elik lan becik rupané, rahayu kang ngingu, yèn kanggo pikat olehan.
  16. Kang murub kaya geni, becik manoné, kang ngingu sugih lan karepé tinekan, nemu rahayu slamet.
  17. Kang nusuh ing lemah, tinjane diobong, awune kanggo tamba sarupaning lelara, landhane kanggo adus.


Manuk brekutut kang ala katuranggane.


  1. Ules semu abang aran bramasulur, kang ngingu kerep lara.
  2. Ules napas aran bramalabuhgeni, panas boros kang ngingu, lan nyenyengit dhemen padu.
  3. Kuku putih drijine sapuluh, aran bramakala, adoh rijekiné lan kerep kasusahan kang ngingu. [ 188 ]
  1. Raine putih terus ing cangkemė, aran bramakokap, manuk iku kuriu arep weruh getihé kang ngingu.
  2. Yèn awan bengi muni, aran durgangerik, adoh rijekiné kang ngingu, kerep tukaran lan anak bojo, sarta kerep kepatèn.
  3. Muni tengah wengi aran durganguwuh, kang ngingu suda rijekiné wayang wuyung lanang wadon gentèn lara.
  4. Laklakan karo putih, aran sengkalapipit, kang ngingu tansah bencèng pikir kerep padu.
  5. Yen laré salembar putih ana ing geger, aran sanggabuwana, adoh rijekiné lan kang ngingu kerep susah, atiné mbesiwit klèru tampa.
  6. Brumbun wuluné, aran lemburuwan, kang ngingu kerep lara.
  7. Pundhak putih aran cendhalasabda, kang ngingu wicarané ala. Manuk mau yèn kanggo mikat kerep oléhan.
  8. Gentané semu iren, aran wisnutinundhung, apa sasedyané kang ngingu ora katurutan lan kerep keluputan.

Tangguhing manuk brekutut.


  1. Ules wungu terus ing gentané, iku tangguh Pajajaran.
  2. Ules ijo dumeling teris ing gentané, iku turuné Ki Jaka Mangu tangguh Majapahit.
  3. Abang sikilé terus ing gentané sarta ing tlapukané, ngemprit gantil sawangané (memper manuk prigantil utawa kudasih pasemone) iku tangguh Tuban.
  4. Sikil semu putih terus marang gentané, cucuk cendhak, iku tangguh Mataram.
  5. Sikil blawus terus marang gentané sarta talapukané, iku tangguh Pajang.
  6. Sikil putih semu klawu terus ing gentané, sarta talapukané, iku tangguh Sedayu.
  7. Sikil semu abang terus ing gentané sarta talapukané, nanging abangé enom, iku tangguh Demak. Manuk brekutut padha ndhuwèni tangguh ora bèda karo wesi aji.


Loloh tambané manuk brekutut.


  1. Supaya bungkak (énggal muni), kemukus 2, trasi abang sawatara, godhong lampes 3 lembar, uyah sawatara kapipis, lolohna.
  2. Supaya adhem lan sareh, kléyang katu 3 lembar, sawang, trasi abang, ketumbar, lenga klentik lan uyah, akèh sathithike nyawatara sapantesé, kapipis lolohna. [ 189 ]
  1. Supaya legané yèn muni, godhong katu 3 lembar, uler lulut, yuyu, lumut genthong lan uyah, keh sathithik nyawatara, sapantesé bae, kapipis lolohna.
  2. Uga supaya bungkak maneh, bung kang timonga, atinė bawang putih, godhong lampes 3 lembar trasi abang lan uyah, kèh sathithik nyawantara sapantesé bae, kapipis lolohna.
  3. Supaya bocor, bawang putih, atining kencur, mrica, sulah, trasi abang, lung paré bilungan lan uyah, kèh sathithik nyawatara sapantesé bae, kapipis lolohna.
  4. Lawas kendhak ora muni, kupingė kilènana nganggo lenga wangi lan bung Ori.
  5. Wis muni nanging ijih wedi, sikile lan silite dilateng, latenge kaglintir.
  6. Manuk ora tutut, saben sorė diuwel, usapana banyu sathithik banjur munggela lung gadhung, tlutuhé tètèsna ing cucunguré manuk, mung satètès baé, manuk enggal muni.
  7. Supaya mbangetaké (mbocorake) uni, dhangkel kajar, kembang pala sabrang 14 lembar, bawang 3 siyung, cengkeh 3, kabeh isèkna ing dhangkèl kajar, banur kabenem, yen wis mateng kapipis, banjur kaepé nganti garing, banjur lolohna sawatara.

Tamba pilaren.


  1. Pilaren matane, bawang pinanggang sinipataké kalefètake) matane ing wayah esuk.
  2. Pilaren lare, landha awu jangkang lan leri bungkak didusake.
  3. Pilaren sikile, lenga wangi angus dandang, usapna sikile.
  4. Pilaren wulune, leri bungkak kanggo ngekum kacang ijo, banjur didusi saben ésuk, sawisé didusi manuke banjur dianget - angetake ing geni utawa kaepe nganti garing.
  5. Pilaren buntuté, rica kang putih, kamamah lan lempuyang banjur diulet diglintiri lolohna 2 glintir baé.

Tamba lelayu.


  1. Bawang putih, lampes, mrica, trasi abang, la uyah, keh sathithike nyawatara sapantese bae, banjur kapipis dicampuri tai mendhil saglintir tolohna.
  2. Bawang putih, uyah trasi, abang, dhedhes lan kembang suruh diulet - ulet lolohna, keh sathithikė nyawantara sapantese bae.
[ 190 ]
No. 252 Katurangganế manuk gemak (puyuh)
Kang becik katurangganế
  1. Endhas gedhế
  2. Cengel lemes
  3. Mata bunder rata
  4. Cucuk papak
  5. Pupu mukang gangsir
  6. Gares gếpếng garing
  7. Singgat dawa
  8. Alang lembut

  1. Lento landhung
  2. Kalung tepung
  3. Wulu endhas madhet
  4. Sinom ngadeg
  5. Simbong lan siwar kandel
  6. Buntut ngawet
  7. Lar ciut
  8. Kulit putih

Tangguhé manuk gemak.

Gemak kang ulesé

1. Abang saran tangguh Jasita
2. Putih " " Rengganis
3. ireng " " Palèt
4. Wungu " " Kuraisin
5. Ngembang bayem " " Ambaya
6. Lurik semu klawu " " Rayung
7. Wido ijo klawu " " Jemethi
8. Wido kuning " " Jumena
9. Ules apa baế liyané kang kasebut ing dhuwur, aran tangguh Mejana.

Ules utawa tangguhing gemak kasebut No. 1 tumekané 9, janji katurangganế ngepleki kaya kang kasebut ing No. 1 tumekanế 16 ing dhuwur, gemak mau kabèh becik, tegesế kapếnak lan melung uninế. Apadenế iya aran gemak adon, tegesé yèn kaedu wani totohan gedhèn, marga gemak yèn jangkep katuranggané iku menangan. Dené gemak kang becik katuranggané kang akèh asale saka laladan tanah Banyumas.

Loloh jamunế gemak.

Supaya atos lan wuled cucukế, gemak mau jamonana bawamh, brambang lan lombok jemprit kagecek, keh sathithikế sapantesé banjur kaulet karo dhèdhès lolohna. Dené cucukế kalếlếtana serengé jeruk pecel sarta diwori getih ketinggi (tinggi) iku ampuh dayané samangsa gemak mau diedu.

Supaya kuwat otottế, jamonana : majakan, cabé, lempuyang, pala ganti, mesogi, beras abang, bawang, laos, mrica, susuh sarang burung klếyang suruh, godhong landep lan besulah, kèh sathithik sapantesế banjur dicampuri candu, madu lan kuningế endhog pitik, banjur kalolohna. [ 191 ]Apadéné anané gemak kang ala katuranggané ing kené ora kapratekakaké, marga gemak mau sanajan kang becik utawa ala katuranggané ora ana angsare mungguhing beciké kang ndayani kacilakan utawa kabegjan, manuk gernak mung gumantung ana uniné kapenak melungé an menangan yèn diedu.


No. 253 Katuranggan jago adon miturut rupa ulesé.
  1. wiring galih, cènggèr telon klapa jambu jebug, mata kuning, sikil ireng, jalu bulungan, buntut ketel, sisik melik, iku jago adon becik, kerep menang, kang ngingu kerep begja.
  2. Wiring kuning, cèngger telon klapa jambu jebug, mata kuning, sikil lontheng, jalu iréng ekor ketel. Iku jago adon becik, kerep menang, gawé susah kang ngingu.
  3. Wiring kuning, cènggèr telon, endhas cilik, mata abang, sikil kuning, buntut mubal putih. Iku jago yèn kanggo adon ala banget licik, lan gawé susah kang ngingu.
  4. Wido cepaka, cènggèr telon, sikil lan jalu kuning buntut ketel, sisik mulus, supit cendhak. Iku jago adon becik. banget, kerep menang, kang ngingu begja lan slamet.
  5. Lurik sana, cènggèr telon, endhas gedhé, mata kuning, sikil lontheng, jalu renting, sisik mulus. Iku jago adon becik, kerep menang, kang ngingu begja seneng.
  6. Putih mulus semu ireng, cengger telon sarta sanggar dima. Iku jago becik banget, kena nago tumbal. Nanging ora kena kanggo adon. Yèn diedu milalati, marga lelembut padha wedi, nyupatani kang ngingu.
  7. Blorok, cènggèr telon utawa wilah, endhas amba, mata kuning, sikil lan jalu ireng, sisik mulus. Iku Jago adon becik, kerep menang, kang ngingu begja.
  8. Blorok abang, cènggèr lombok, endhas cilik, mata abang, jalu kuning. Iku jago yen kanggo adon ala, kerep kalah, gawé susah kang ngingu.
  9. Blorok madu, cènggèr telon, klapa ngluwuk, mata kuning, sisik gedah ijo, jalu canthel, buntut ketel. Iku jago adon becik, kerep menang kang ngingu sugih begja.
Keturanggané jago adon mitrut sisiking sikil.
  1. Sisik driji panunggul kiwa tengen. pecah, aran tunjungkarang, wateké mbingungaké mungsuh.
  2. Sisik sikil karo pisan ubet dhèmpèt, aran Nagamangsa, wateké ampuh. [ 192 ]
    1. Sisik gares kang mburi karo pisan madhep mangisor, aran Nagatumurun, wateke nglamuraké mungsuh.
    2. Sisik sikli karo pisan kaya kulit salak, aran Nagabanda, wateke yen wis anggitik mungsuhë lumayu.
    3. Sisike jenthik karo pisan pecah nratas, aran tunggakwinaranan, wateke mungsuhe mendhot banyon.
    4. Sisik driji padha pecah, aran batukarang, wateké nglamurake mungsuhe.
    5. Sisik kang ana driji panunggul ing ngisor karo pisan aran baturanté, wateke ampuh.
    6. Sisik kang ana katel sikil karo pisan, aran batulapak, watake nglemerake mungsuh.
    7. Sisik melik ana ing tengah bener ubeding sikil karo, aran putrikinurung, wateke yeng nggitik mungsuhe, katemper.
    8. Sisik kang resik mulus tanpa sişik melik aran satriyasinekti, wateké yuwana tansah ngalahaké mungsuh.
    9. Wulunė ana kang siwil telu aran satriyamanekung, wateké yuwana ampuh.
    10. Wuluné kang ana ing dhadhamenthok gedhé - gedhé akas aran bimakurda wateke yuwana ampuh.
    11. Sisik ubed kang bener jalu karo pisan yen ulese wiring kuning aran mas tinuwuh, wateké yuwana ampuh.
    12. Sisik ubed kang bener jalu karo pisan yèn ulesé wido aran mas sinangling, wateké yuwana ampuh.
    13. Sisik ubed kang bener jalu karo pisan, yèn ulese wido aran bégananda wateke yuwana ampuh.
    14. Sisik ubed kang bener jalu karo pisan, yèn ulese klawu aran basunanda, wateké yuwana ampuh.


Kang aran jago sura.

Mulané diarani jago sura, sebab yen diedu menangan, matané awas lan arang kejalu, kajaba yèn tarung padha jago sura. Kang aran jago sura kaya ing ngisor iki:

  1. Ules wido cepaka, buntuté mubal, jalu canthel, cèngger tigan.
  2. Ules abang, suwiwi kiwa tengen keselapan putih, cucuk dhuwur dalir ngranté saeler.
  3. Ules blorok, sikil ireng, jaluné bungkus..
  4. Ules lurik, cucuk lan sikilé lontheng, jalu canthel
  5. Ules galih, mata jalak, cengger tigan, ketel putih, jalu dawa buntu.
  6. Jago ules apa bae (saules - ulesé) janji telihé ana ing kiwa, iku uga aran jago sura. [ 193 ]
    1. Jago kang lancuré njengat mandhuwur siji, aran sura dhukun:
    2. Jago kang lancure njengat mandhuwur loro, aran sura pangantèn
    3. Jago kang jaluné sungsun aran sura tungjungkarang.
    4. Jago yèn kacekel banjur lajunjung, ing jero krungu kaya suwaraning banyu, aran sura kopyor.


Candra tangguhing jago
  1. Jago kang raine tipis, pakulitan alus, mata pendhul, suluhan njahit, cènger dawa, gulu dawa menjalin, badan gilig, brutu renggang pupu gepèng, gares ngarit, wulu gilap alus, baris kandel cekak nganggo gundala, cekelane nglèpèt, kluruke landhung nganggo salahan, iku tangguh candiraras.
  2. Jago kang rainé lonjong, mata bunder, suluhan rapet, maniké cilik, cengger kandel memel, badan dawa gilig, brutu rapet, pupu gangsir, gares ngarit, wulu gilap kesed, baris landhung polatan kemba, cekelane memes, kluruké melung, Iku tangguh mowar.
  3. Jago kang rainé bunder, mata bunder legok, dapukan kundhup irenging mata sulak biru, cengger cilik mepet, brutu gedhé rapet, pupu gepeng, kuwat, gares ngarit garing, badan gilig wulu cekak tandhes gilap nganggo gundhala, cekelane kiyal, klurukė cekak salahan gedheg, iku tanggguh siyem.


Pangan lan pangombéné.

Sega beras abang kang pera, diwor dhedhak alus kadheplok diulet dikepeli kang madliet, diglindhingi sakeneker - keneker dipakakaké saprayogané. Apadené banjur dipakani gabah sagegem, dipakakake sawisé mangan sega kang diglindhingi. Gabah mau disosoh lan ditapèni kang resik, upama gabah sekati diwadhahi ember, disoki wédang panas nganti ngelemi gabahe. Yen wis adhem gabah dipilihi, kang gabug dibuang, kang isi kaepé nganti garing, banjur karumat, saben makani njupuk sagegem. Ing kurungan aja didèkèki pangomben, s'ebab yèn kakeyan ngombe, yèn diedu ora kuwat, tandangé kendho, napasé kurang kuwat, otote lemes. Beciké ngembené mung yèn ana pangumbaran baé, ing pangumbaran dekekana pangomben kang banyune resik.

Makani jago adon kudu ajeg wektune, upama makani sapisan jam 11 awan, sarampungé dipakani, kabanyu terus kaumbar. Makani kapindho umpama jam 5 sore, sarampungé dipkanai, banjur kauwed nganggo banyu těh, mangkono saterusé. [ 194 ]
Pangrumate.

Jago ijin bakal saben 20 dina sapisan dicoba kaedu suwéné sabanyon utawanganti ngetokaké getihe sawatara. Iku kanggo nglatih nenangi kendaling jago lan ngundhakake kekuwatan.

Jago bakal murih énggal singset kuwat badané saben ésuk dibanyu, lan saben 7 dina sapisan dilangek-langèkaké ing blumbang utawa kalen kang banyune rada jero supaya ngelangi, yen wis 10m menit utawa wis katon sayah, jago kaentas banjur kaumbar, uga yèn mentas kabanyu iya kaumbar sawatara suwéné banjur dikurungi, kaepétekan jam 10 lagi diiyubaké, jam 11 dipakani. Jam 3 kabanyu, banjur kaumbar sasaba supaya keklabak, nanging dijaga aja cedhak babon, lan aja nganti menucuk pangan kang ora becik, jam 5 soré dipakani. Jago kang wis dadi ora perlu dilangek -langekake, lan pangumbaré 11/2 jam wis cukup.


Tambane.

Jago ijih bakal saben sapisan tambanana beras kencur kèhételung kemiri diglindhingi dadi patang glintir, kaloloháké. Dené yèn mentas kacoba kaedu uga ditambani manèh.

Jago lagi mempeng tuwa nomé yèn arep diedu, watara kurang 10 dina tambanana bubukan jamu galihan karo madu sathithik kaulet kalolohake. Yèn wis arep diedu lolohna endhog ayam mentah siji lan sikile wedhakana dheplokan suket liman sasawit.

Jago wis rada tuwa, saben 15 dina sapisan lolohna daging mentah cacahan telung kemiri utawa dilolohi pecil ijo saben 10 dina sapisa. Sarta saben sasasi sapisan lolohna cabe lempuyang watara telung kenèker diglintir kalolohakè.


Mangkaté nggawa jago adon maring kalangan.

Yèn dina pasaran gunggungé katemu:
Neptu 7, esuk kasangkanana sak kulon.
Tengange saka lor. Lingsir saka kulon.
Neptu 8, esuk kasangkanana saka wétan.
Tengangé saka kidul. Lingsir saka lor.
Neptu 9, sawayah wayahé kasangkanana saka kidul.
Neptu 10, ésuk kasangkanana saka kulon..
Tengangé saka lor. Lingsir saka kulon.
Neptu 11, ésuk kasangkanan saka wétan.
Tengangé yen reglurug ala. Lingsir kulon.
Neptu 12, esuk kasangkanana saka wétan
Tengangé saka wetan. Lingsir yen nglurug ala.
Neptu 13, ésuk kasangkanan saka kidul.
Tengange saka wétan. Lingsir yèn nglurug ala.

[ 195 ]

Neptu 14, ésuk yèn nglurug ala.
Tengangé kasangkanana saka kulon. Lingsir saka lor.
Neptu 15, ésuk yen nglurug ala.
Tengange kasangkanana saka kidul. Lingsir saka kidul.
Neptu 16, esuk kasangkanana saka kidul kulon.
Tengange kasangkanana saka kulon. Lingsir yen nglurug ala.
Neptu 17, esuk yèn ngludug ala.
Tengangé kasangkanana saka kulon. Lingsir saka kidul.
Nep 18, esuk kasangkanana saka kidul.
Tengangé saka wetan. Lingsir saka kidul.


Asor ungguling jago.

Miturut watak sikile jago. Wataké sikil; kuning 9, putih 7, ireng utawa biru 5.

Wataking sikil kagunggung karo neptuné dina lan pasaran pangadune jago gungguné kapara 3. Yen turah 1 tiba kuthuk, 2 tiba kuwuk, 3 tiba beluk. Kuthuk kalah karo kuwuk. Déné kuwuk kalah karo beluk. Dadi kudu milih kang tiba beluk. Apes apesé kang tiba kuwuk.

Saumpama adu jago dina Akad Wagé kang tarung jago sikil kunging munguh jago sikil putih. Jago sikil kuning watak 9. Diwuwuhi neptuné dina Akad Wagé pangetune, yaiku neptune Akad 5 Wage 4 = 9, Neptu 9 lan 9 = 18, kapara 3 kaemu entek utawa turah 3, tiba beluk.

Jago kang sikit putih watak 7, kawuwuhan neptune dina Akad Wage 9. Neptu 7 lan 9 = 16 kapara 3 turah 1 tiba kuthuk. Kang menang jago sikil kuning. Mangkono sabanjuré.


'Dina adu jago kang slamet lan kang ora slamet marga
kagropyok pulisi.

Yèn adu ing dina lan pasaran kang gunggunge neptune dina lan pasaran mau ketemu 10, 12, 14, lan 17 nemu slamet. Yen gunggunge neptu dina lan pasaran ketemu 7, 8, 9, 11, 13, 15, 16, lan 18 iku nemu alangan kecekel pulisi.


Katrangan Umpama adu jago ing dina Ngahad Legi. Neptune Akad 5 Legi 5= 10 iku tiba becik. Yèn adu jago ing dina Senen Paing neptune Senen 4 Paing 9 = 13 iku tiba alangan.


Srana golèk menang.
Ana ing kalangan yèn mbeneri jago adon katandhing, jago kang arep ditohi iku dicekel dhisik, sawisé banjur gentèn nyekel jagoné mungsuhé. Sasuwene nyekel jagonė mungsuh banjur amatak aji pamepesan, mung [ 196 ]

kabatine baé, mantrané: Kuwung-kuwung amayungi ingsun, amatak ajiku pamepesan, amepes babayuning anggané kang ingsun cekel iki, ingsun cakep pinijet èpèk - èpèk si rajakeling, larut babayane tan suwe tarungé si sawung - galing gumuling tan njaluk banyon.

Sawisé tarung sawatara suwené, banjur sinusul matak aji panatasan, uga mung kabain baé, sarana disarati udud menyan. Déné mantrané: Ingsun amatak ajiku panatasan kang dumasuk ing wesi purasani, ingsun serot lumebu ing badan jasmani, ingsun sebul mbarengi kukusing udud kaworan wisaning pamor, bul sapisan nampek mata jagoning mungsuh, bul pindo amaning ing sajroning jajantung, temah nglubuk ambruk. Sajroné matak aji panatasan nyedhaka jago kang lagi tarung karo ngebulaké kukusé ududé.

Lakuné aji pamepesan mutih 7 dina 7 bengi (mung mangan sega tok tanpa uyah, ngomebé banyu wantah) sarta nlowong 3 dina 3 bengi. (Ora kena mangan ngombe) wiwité tirakat dina Rebo Pon.

Déné lakuné Aji panatasan ngebleng 7 dina 7 bengi, (yaiku ora mangan lan ora ngombé sarta kudu ana ing senthong baé, kajaba yèn déné utawa babanyu). wiwité tirakat ing dina Jumuah Paing.




No. 254. Katuranggané kucing

Yèn ana kucing:

  1. Ulesé putih sarta ing dhadha terus ing gegere ireng (témbong), aran sanggabuwana, wahanané ala, kang ngingu tansah lelaranen.
  2. Ulesé ireng mulus buntuté dawa, aran putrakanjantaka, wahanané ala, watake ngutahaké getihé kang ngingu, kerep kapatèn lan kasusahan warna-warna.
  3. Ulesé abang kembang asem, buntut dawa utawa bundhel aran bramapati, wahanané ala, kang ngingu banget borosé lan kerep kélangan. Nanging yèn bundhelé buntut mau ulesé bulé, uga ana becike, sebab sanajan kang ngingu mau boros, nanging nduwèni watak nununtun marang karaharjan.
  4. Kucing kang ulesé sarupa-rupané, nanging endhas, dhadha lan gegeré padha ana uyeng -uyengé, aran candrawawa, wahanane becik banget, kang ngingu oleh kabegjan lan kamulyan.
  5. Kucing bisu, ulesé sarupa-rupané aran wisnutapa, wahanané becik, kang ngingu apa sakarepe, bisa kasembadan lan nemu slamet.
  6. Kucing yèn dalamakané putih terus ing andhasé aran kusumawibawa, wahanané becik, kang ngingu sugih rijeki. [ 197 ]
    1. Ulesé ireng, lambung kiwa témbong putih aran wulantumanggal, Wahanane becik, kang ngingu katekan apa kang dadi karepe lan nemu slamet.
    2. Ulese putih, sirah daler ireng ing dhadha aran janggamengku, wahanane becik, kang ngingu akeh begjane, suka rahayu slamet.




No. 255. Solah tingkahing kucing.
  1. Yen kucing mandeng tanpa kedhep marang kang ngingu bakal oleh rijeki kang ngingu iku.
  2. Yen kucing lungguh tanpa obah ana ngarepe kang ngingu, bakal oleh kanugrahan kang ngingu iku.
  3. Yen kucing turu ana ing iket, sreban utawa klambine kang ngingu, bakal oleh arta kalal kang ngingu iku.
  4. Yèn kucing manggon ana ing pojoking omah ora lunga - lunga, bakal nampa kabegjan kang ngingu iku. Dene yen pojok papat dienggoni kabèh genti genti, bakal oleh kanugrahan gedhe kang ngingu iku.
  5. Yèn kucing tansah gugulungan, bakal ana wong gawe paeka marang kang ngingu iku.
  6. Yèn kucing saistha nundhuhake kukune marang kang ngingu, bakal ana durjana ngarah rajadarbeke kang ngingu iku.




No. 256. Asu mbaung utawa njegog
ana ing omah kang tanpa sabab.

Yèn asu inbaung ing wayah antarane jam 7 tumeka jam 8 awan, kang ngingu bakal munggah drajadé, utawa mundhak bayaré. Déne yen ing wayah antarané jam 7. tumeka jam 8 bengi, ana jim sétan njaluk pangan, enggal kukutuga.

Yèn asu mbaung ing wayah antarané jam 9 tumeka jam 10 awan, kang ngingu bakal kasusahan marga arta. Dene yèn ing wayah antarane jam 9 tumekal jam 10 bengi, ana smarabumi njaluk pangan, énggal kukutuga.

Yen asu mbaung ing wayah antarane jam 11 tumeka jam 12 awan kang ngingu bakal oleh pawarta (kabar) saka désa. Dene yen ing wayah antarane 11 tumeka jam 12 bengi, kang ngingu yen lulungan bakal padu. Mulane yèn ora perlu banget aja lunga yen kapeksa ora kena diselaki, meksa kudu lunga, prayoga wewekane kudu prayitna tansah ngati - ati.

Yen ana asu mbaung ing wayah antarane jam 1 tumeka jam 2 awan kang ngingu arep ditinggal bojone. Dené yen ing wayah anatarane jam 1 utawa jam 2 bengi desané kang didunungi bakal kasusahan. [ 198 ]

Yen asu mbaung ing wayah antarane jam 3 tumeka jam 4 awan ana smarabumi njaluk pangan, enggal kukutega. Déné yèn ing wayah antarane jam 3 tumeka jam 4 bengi, smarabumi nyuwunake tambahing rijeki lan pametune desa ing kono.

Yèn asu mbaung ing wayah anatarané jam 5 tumekane jam 6 awan (sore), kang ngingu bakal enggal mundhak bayare. Dené yen ing wayah antarane jam 5 tumeka jam 6 bengi (esuk) kang ngingu bakal oleh kabegjan lan kauntungan.




No. 257. Ngalamaté manuk prenjak (tamuyana)
  1. Yen manuk prenjak sajodho lanang wadon bebarengan muni suwé ora lunga lunga ana ing kidul omah. kang duwe omah bakal kadhayohan priyayi sumedya becik.
  2. Yen manuk prenjak muni ing pojok payoning omah, ana lelara teka, wong saomah bakal padha lara, marga kena sisikuning Allah, tutulake ora liya padha tobata maring Allah lan anglakonana panggawe becik.
  3. Yèn manuk prenjak muni ngideri omah nganti temugelang, kang duwe omah bakal oleh donya akèh kang suci kalal sarta pinaringan kanugrahaning Allah, mumujiya marang Allah kanthi sabar tawakal eling lan ngegungna dadana marang wong miskin.
  4. Yen manuk prenjak muni ana sawetaning omah, kang duwé omah bakal kadhayohan nanging arep aweh piala, utawa arep kataman lelara.
  5. Yen manuk prenjak muni ana sakidulé omah, kang duwé omah bakal kadhayohan perlu wéwéh rijeki.
  6. Yen manuk prenjak muni ana sakuloning omah, kang duwe omah bakal kedhayohan sedya gawe piala lan ngajak padu.
  7. Yen manuk prenjak muni ana ing saloring omah, kang duwe omah bakal kadhayohan perlu aweh pitutur becik, utawa kadhayohan guruné.
  8. Yen manuk prenjak muni ana ing sandhuwuring loteng, bakal kobongan omahé.
  9. Yen ana manuk prenjak nyamber - nyamber ana sakiduling omah, kang duwe omah bakal ribut.
  10. Yen ana manuk prenjak nyamber nyamber ana ing sawetaning omah, kang duwe omah bakal kadhayohan pandhita.
  11. Yen ana manuk prenjak nyamber - nyamber tekané saka kulon bener, kang duwé omah bakal oleh drajat.
  12. Yen ana manuk prenjak nyamber - nyamber tekane saka lor, bakal ana pepati.
  13. Yèn ana inanuk prenjak nyamber - nyamber tekane saka lor wetan, kang duwe omah bakal kadhayohan perlu takon masalah.



[ 199 ]
No. 258 Ngalamaté manuk gagak muni ing pakarangan


Yèn manuk gagak muni ing wayah antarané jam 7 tumekané jam 8 awan, kang duwe pakarangan arep oleh rembug becik saka sadulur adoh. Déne yen ing wayah anatarané jam 7 tumekané jam 8 bengi kang duwé pakarangan arep akèh begjané teka dhéwe.

Yèn manuk gagak muni ing wayah antarane jam 9 tumekané jam 10 awan, kang duwe pakarangan arep olèh rembug becik saka liyan praja. Déné yèn ing wayah antarane jam 9 tumekane jam 10 bengi, kang duwe pakarangan arep dipitnah wong.

Yeh manuk gagak muni ing wayah antarane jam 11 tumekané jam 12 awan, semarabumi njaluk pangan, énggal kukutuga. Déné yèn ing wayah antárané jam 11 tumekané jam 12 bengi, kang duwé pakarangan arep kadhayohan sadulur adoh.

Yèn manuk gagak muni ing wayah antarané jam 1 tumekané jam 2 awan, kang duwé pakarangan arep kèlangan. Déné yèn ing wayah antarané jam 1 tumekane jam 2 bengi, kang duwé pakarangan arep mundhak rijekine.

Yen manuk gagak muni ing wayah anatarané jam 3 tumekane jam 4 awan, kang duwe pakarangan arep katekan wong nedya becik. Déné yèn ing wayah antarane jam 3 tumekenane jam 4 bengi, kang duwé pakarangan arep pepadon lan wong liya.

Yèn manuk gagak muni wayah antarané jam 5 tumekane 6 awan (sore), kang duwe pakarangan arep nemu prakara lan arep ilang barange. Déné yèn ing wayah anatarane jam 5 tumekane jam 6 bengi (esuk), kang duwe pakarangan arep mundhak begja lan mundhak rijekine


No. 259 Ngalamate manuk kedhasih.

Yèn ana manuk kedhasih (prilgantil) muni méncok ana ing kakayon (wit -witan) ing sajroning pakarangan, wong kang diéncoki wiwitane ing saomah kono arep ana kang nandhang lara. Dené yèn manuk kedhasih mau muni ana ing witwitan sajabaning pemahan, umpama mencok ana ing witwitan kang tumancep ana ing pakarangan suwung (ora ana omahé) utawa mécok ana ing witwitan kang tumancep ing kuburan utawa ing witwitan kang ana sapinggiring dalan, ing désa sakiwa tengéne' sacedhaké kono arep akeh lelara. Kang iku énggal tulaken supaya lunga Tutulake sarana maca donga atine surat anggam, yaiku

mangkéné uniné: latud rikuhul absaru wahuwa yud-rikuhul absara, wahuwa latiful kabir. Saben saben krungu unine manuk kedhasih, sanajan krungu saka ing kadohan, iya énggal énggal tulaken sarana maca donga mau, supaya manuk kedhasih mau enggal lunga aja nganti ngambah saba ing padésan, baliya ing papan padunungane yaiku ana ing alas, sabab endi papan padesan kang diambah kanggo pasabané manuk kedhasih mau wongé banjur padha kena ketaman ing lelara. Manuk kedhasih énggal lunga manawa ana kang maca surat anngam kasebut ing dhuwur mau.
[ 200 ]
No. 260. Ngalamate sato sakilpat lan seto iwen
yen lumebu pekarangan.


  1. Yèn asu ajag lumebu ing pakarangan, kang mancala Bathara Darma, bakal reja banget désané. Sindhekahé daging kebo lan sapi, arta saréyal. Yèn ora sidhekah bakal pageblub lan larang pangan.
  2. Yèn cèlèng lumebu pekarangan, kang manicala Bathara Sadana, bakal murah beras pari nagarané. Sindhekaha klambi wulung, iket putih (lawon), arta saréyal. yen ora sidhekah bakal katekan bencana.
  3. Yen macan lumebu pekarangan, kang macala Bathara Singajalma, bakal katekan mungsuh, sidhekaha daging kebo, sapi, wedhus lan arat 5 reyal. Yèn ora sidhekal bakal susah nagarane.
  4. Yèn kancil lumebu pekarangan, kang macala Bathara Panyarikan, kang duwe pekarangan, arep pinilala (kanggep) wong agung. Sidhekaha jenang dodol, jenang sungsum, jenang manggul lan arta 70 dhuwit. Yèn ora sidhekah bakal kasangsaya pikirė.
  5. Yèn kidang lumebu pekarangan, kang mancala Bthara Panyarikan, kang duwé omah arep pinilala wong agung, sindhekaha gedhang sega punar salawuhé lan arta 2 réyal. yen ora sidhekah bakal kasusahan.
  6. Yen kethek lumebu pekarangan, kang mancala Bathara Guru, kang duwe omha bakal oleh drajad kaluhuran, sindhekaha gedhang byar, gabu, lempeneng, ambon, raja, kluthuk lan arta sareyal, diwehaké wong midang. Yen ora sindhekah bakal kasusahan.
  7. Yen lutung lumebu pekarangan, kang mancala Bathara Narada kang duwe omah bakal katekan bandha akèh, sidhekaha sarupaning kembang, pitik klawu lan arta sareyal .Yen ora sidhekah bakal kasusahan.
  8. Yen ula lumebu ing omah, kang mancala Bathara Basuki kang duwe omah bakal sinujudan wong akèh lan kajen keringan. Sidhekaha beras lan emping sarta arta sareyal. Yen ora sidhekah bakal karusakan.
  9. Yen manuk gagak méncok sandhuwuring omah ora muni, kang macala Bathara Baruna, kang duwé omah apa kabutuhane dicukupi dening wong liya. Sidhekaha daging lan arta saréya. Yèn ora sidhekah bakal wurung.
  10. Yen ana manuk jalak méncok ing dhuwur omah, kang mancala Bathara Brama, kang duwe omah bakal dadi mantri. Sidhekaha jarik sakebar (salembar), lan arta sareyal. Yen ora sidhekah bakal nandhang lara.
    [ 201 ]
  1. Yen manuk engkuk mencok ing sandhuwuring omah, kang inancala Bathara Pritanjala, kang duwé omah arep oleh srama (arta). Sindhekaha daging kebo lan arta saréyal. Yèn ora sidhekah baka! kangelan.
  2. Yèn manuk deruk méncok ing dhuwur omah, kang mancala Bathara Kala, kang duwe omah nemu babaya pakéwuh. Sidhekaha daging kebo lan arta sareyal. Yen ora sidhekah tambah susahé.
  3. Yèn manuk rangkok mencok ing dhuwur omah utawa tanduran, kang mancala Bathara Bayu, kang duwe omah utawa tanduran arep mungah drajaté. Sidhekaha jarik sakebar kang apik lan arta sareyal. Yèn ora sidhekah dipaeka wong.




No. 261. Ngalamate tawon


  1. Yèn katekan tawon banjur manggon ana ing pager, tanduran utawa ana ing omah, kang mancala Bathara Kuwéra, kang duwe omah arep katekan bandha. Sindhekaha gula Jawa, jarik sakebar lan arta sareyal. Yen ora sidhekah bakal karusakan.
  2. Yèn tawon endhas manggon ana ing omah, pawon lan liya-liyané, utawa ing witwitan, kang mancala Bathara Gana, kang duwé omah arep diguroni wong akeh. Sidhekaha daging mentah sakarpé, jarik putih (lawon) lan arta saréyal. Yen ora sidhekah bakal kasusahan lan kepatèn.


No. 261. Ngalamaté omah rayab (unur)


  1. Yèn rayap gawe omah ana ing s enthong paturon, kang duwé omah bakal kapénak uripé, sugih rijeki lan kajen kéringan.
  2. Yèn rayap gawé omah ana ing kuburan, anak putuné wong kang kuburane ana omahé rayap mau, padha kapenak uripe lan padha duwé pangkat (mrajak).


No. 263. Ngalamate kemangga


Yen meruhi utawa diparani kemangga kang sikile ijih jangkep 8, bakal oleh arta.




No. 264. Ngalamaté jamur thukul.


Yen ana jamur thukul ing senthong utawa ing pawon, kang duwé omah bakal oleh kanugrahan, sarta pinilala wong agung. Sidhekaha sakarepé lan arta sarèyal. Yen ora sidhekah bakal didohi réwang (sanak sadulur).


[ 202 ]
No. 265. Ngalamaté thuthukulan tuwuh sajroning omah.
  1. Yèn suket thukul ing sajroning omah, kang duwé omah arep pegatan lan rabine, utawa ijih suwé anggoné olèh jodho.
  2. Yèn wiji janganan thukul ana ing sajroning omah, kang duwé omah arep oleh dhuwit, nanging gelis ilang manèh.
  3. Yen wiji wowohan thukul ana ing sajroning oman, kang duwé omah arep oleh bebathen.



No. 266. Ngalamaté kupu putih.


Yen katekan kupu putih cilik banget, lumrahé tekané ing wayah bengi, ngalamate becik, arep oleh seneng ati! utawa rijeki.



No. 267. Ngalamate tikus clurut.

Yen omah diengoni tikus clurut, ngalamate uga becik, sugih rijeki.




No. 268. Ngalamate kinjeng tangis.

Yèn katekan kinjeng tangis, ngalamaté ala nemu prihatin.



No. 269. Durjana yén arep maling, ngecu
lan sapanunggalane.

Neptu dina lan pasaran-lahiré (wetoné) maling digunggung ditambah neptune dina lan pasaran kang kanggo tumindak maling, gunggunge kapara 3. Yèn cèples (enték), pamalinge' ora olèh. Turah 1, bisa olèh. Turah 2, durung mesthi olèh. Katrangan Saupama durjana lahire (wetone) dina Kemis Legi. Neptune' Kemis 8, Legi 5. 13. Anggoné tumindak maling ing dina Selasa Kliwon. Neptune Selasa 3, Kliwon 8, = 11 Gunggunge' kabèh neptune 13 lan 11 = 24, kapara 3 ceples (entek) iku pamalinge' ora oleh.


No. 270. Durjana yen maling ngècu
lan sapanunggalane.

Neptu dina lan pasaran kang kanggo tumindak maling digunggung ditambahi neptune aksara kang ngarep dhéwé saka jenengé désa (kampung) kang arep dimalingi, gunggunge kapara 3. Yen ceples (entèk) pemalinge bisa oleh. Turah 1, ora oleh lan bisa uga tiwas. Turah 2, durung temtu oleh lan bisa kacekel.

Katrangan: Saupama tumindak maling dina malem Jumuah Legi, ana desa ꦏꦗꦺꦴꦫꦤ꧀(kajoran), neptune' Jumuah 6, Legi 5 = 11 ditambah neptuné aksara desa: ꦏꦗꦺꦴꦫꦤ꧀aksara kang arep dhéwé, yaiku: {{jawa|ꦏ neptuné 5, dadi gunggunge kabeh 11 lan 5 = 16 kapara 3, turah 1 pamalinge' ora bisa oleh lan bisa uga tiwas.

Neptune' dina lan pasaran miturut kasebut ing kaca 7 No. 2. Déné neptune aksara 1 2 3 lan sabanjure ꦔ 20 [ 203 ]
No. 271. Durjana yen arep maling ngecu lan sapanunggalané miturut sa'at dina lan pasaran.
Dina lan Pasaran Jam Lumebuné ing Pakarangan saka iring
7 - 8 9 - 11 11 - 1 1 - 3 3 - 5 Wétan Kidul Kulon Lor
JmKl L S A B P SG KL K SL
StLg L S A B P SG SL K K
AkPa L S A B P SL SG KL KL
SnPn L S A B P K SL KL SG
SlW P L B A S SG KL K KL
RKl B P L S A SL SG K KL
KmLg B P L S A SL SG KL K
JmPa P P L S A SL SG KL K
StPn S A B P L KL SL SG K
AkWg B P L S A SL SG KL K
SnKl B P L S A KL SL SG K
SlLg P S A B L SG SL K KL
RbPa S A P P L SL SG KL K
KmPn B P L S A SL SG KL K
JmWg P B L S A K KL SL SG
StKl P S L B A KL SL K SG
AkLg P B L S A SL SG K KL
SnPa B P L S A KL SL SG K
RbWg L S A B P K KL SG SL
KmKl S A B P L KL SG SL K
JmLg L S A B P K SG SL KL
StPa B P L S A SL SG K KL
AkPn B P L S A SG SL KL K
SnWg P S A B L SG KL K SL
SlKl L S A B P KL SL SG K
RbLg B B L B A SG SL K KL
KmPa P S L B A SL KL SG K
JmPn B P L S A SL SG KL K
StWg B L L S A SG SL KL K
AkKl B P L S A SL SG KL K
SnLg B P L S A SG SL K KL
SlPa B P L S A SG SL KL K
FbPn B S A B P SG K KL SL
KmWg B P L S A SL SG KL K


Katrangan: Tegesé L = Lara, pamalingé ora olèh, S = sampur, sanajan olèh mung satithik, A = ayu, méh kena ditamtokake olèh B = boga, mesthi olèh, P = pati, tiwas.

Tegesé: SG = srigumelar pamalingé olèh, SL = srilungguh, méh kena ditamtokaké oleh, K = kukuh, ora oleh, KL = kalaluwang, ora olèh lan maling kapikut.

Saupama durjana maling ing dina malem Kemis Wagé ing antarané jam 11 tumekané jam 1 bengi, iku tiba L = lara, pamalingé ora olèh.

Mangkono uga umpama dina malem Kemis Wagé maling lumebuné ing pakarangan saka iring kulon, iku tiba KL = kalaluwang uga ora olèh lan durjana kapikut sarta bisa uga tiwas. [ 204 ]
No. 272. Sa'at pemalingé durjana miturut tanggal
Tanggal Jam
7 - 9 9 - 11 11 - 1 1 - 3 3 - 5
1. 6. 11. 15. 21. 26. Pangkalan Sonya Rajeg Julung Mulung
2. 7. 12. 17. 22. 27. Mulung Pangkalan Sonya Rajeg Julung
3. 8. 13. 18. 23. 28. Julung Mulung Pangkalan Sonya Rajeg
4. 9. 14. 19. 24. 29. Rajeg Julung Mulung Pangkalan Sonya
5. 10. 15. 20. 25. 30 Sonya Rajeg Julung Mulung Pangkalan

Katrangan: Yèn tiba Julung lan Mulung pamalinge bisa oleh. Tiba Sonya lan Rajeg, pamalinge ora oleh. Tiba Pangkalan pamalingé kapikut utawa nemu tiwas. Saupama tanggal 5, 10, 15, 20, 25, 30, maling lumebuné jam antarané jam 11 tumeka 1 bengi, iku tiba Julung. yèn antarane jam 3 tumekané jam 5 esuk, tiba Pangkalan.




[ 205 ]
No. 273. Kalamudhèng

Playuné durjana kang mengerti ing petung, prayoga disumurupi



Pétungan Kalamudheng iku nganggo kecik kèhé miturut neptuné dina lan pasaran nalika maling, keciké dilakokaké kaya lakuning dhakon, nanging ana bedané, mangkéné : Kecik kadèkèkaké mbaka siji ana ing limang panggonan ing gambar ndhuwur iku pandèkèké lakuné mangiwa, sarta wiwitaning pandèkèké miturut pasarane, yèn pasaran Kliwon pandèkèké kecik wiwit ing tengah angka 1. Legi ing kidul angka 2, Pahing ing kulon angka 3. Pon ing lor angka 4, Wage ing wétan angka 5.

Déné lèrèné mlaku yèn kecik mau wis tiba ing panggonan (angka) kang suwung, nanging yèn panggonan ngarepé (candhaké) uga suwung. [ 206 ]

Saupama maling ing dina Saptu Kliwon neptuné Saptu 9 Kliwon 8 = 17, iku njupuk kecik 17, kehe, lakuné kecik mau kadèkèk wiwit saka panggonan angka 1, ing tengah yaiku Kliwon, banjur ing panggonan angka 2, 3, 4, 5. Saka panggonan angka 5 bali maneh ana ing panggonan 1, banjur ing angka 2, 3 lan sabanjuré nganti keciké (andhok) tiba kaya kang kasebut ing dhuwur mau.

Upama manèh : yén ing dina Selasa Legi neptuné Selasa 3, Legi 5 = 8, iku njupuk kecik 8, lakuné kecik mau kadèkèk wiwit saka angka 2 (kicul) yaiku Legi, banjur dilakokaké kaya kasebut dhuwur, lan sabanjuré.

Yèn lumayu ing pernah kang ana :

Keciké 1 aran rajegwesi, maling tiwas.
" 2 aran seman, bisa uga slamet, bisa uga kapikut.
" 3, 5, 7, aran kalaluwang maling kapikut.
" 4, 6, 8, aran tulus, maling slamet, sarta upama wis olèh-olèhan lestari untungé.

Miturut katrangan ing ndhuwur iku, wis mesthi baé playuning durjana milih pernah kang isi kecik jangkep, kang tiba pétung becik dhéwé yaiku kang isi kecik 4, 6, utawa 8, kapeksané kang isi 2.

Ananging manawa kang duwé omah mangerti bab pétungan kalamudheng iki, sanajan durjana mau playuné milih panggonan kang tiba tulus (isi kecik 4, 6, 8,), kang duwé omah pangoyaké utawa panyegaté utawa mesthi manut playuné durjana, dadi durjana mau sanajan milih panggonan kang becik murih slamet, bisa uga kapikut (kacekel), utawa barangé bisa bali. Mula petungan iku wajib dikawruhi.

Pétungan kalamudheng ing ndhuwur iku sawisé kanggo milih prenahé playuné durjana (maling), uga kanggo milih prenahing omah ing sajroné désa (kampung) kang arep dileboni, déné kang dipilih uga pernah kang ana keciké jangkep, kang becik yaiku tiba tulus (kecik 4, 6, 8,), kaya kasebut ing ndhuwur. Saupama arep maling ing désa Jethis, anané kecik kang jangkep tiba tulus ana ing panggonan angka 1 (tengah), durjana mau pamalingé iya ana ing désa Jethis ing pernah tengah. Yèn kecik kang jangkep tiba-tulus ana ing panggonan angka 4 (lor), durjana mau pamalingé iya ing desa Jethis ing pernah lor, mangkono sabanjuré, mriksanana gambar ing ndhuwur.

Kajaba iku banjur métung sa'at playuning maling yaiku ana 3 rupa, antarané jam 8 - 11, 11 - 3, 3 - 5. Déné petung lakuning kecik kang sa'até jam - 11 andhoke kaya kang kasebut ing dhuwur. Sa'at jam 11 - 3, kecik kang wis andhok dilakokake manéh uga nganti andhok, dadi andhok kang kapindho. Sa'at jam 3 - 5, saka andhok kang kapindho uga dilakokaké nganti andhok manèh, yaiku andhok kang katelu. [ 207 ]

Andhok sapisan sa'at jam 8 - 11, kapindho sa'at jam 11 - 3, ketelu sa'at jam 3 - 5. Déné sa'at playuné maling uga milih pernah kang tiba tulus yaiku panggonan kang keciké ana 4, 6 - 8, kapeksané perlu disumurupi supaya ora tuna dungkap panggoyaké. Sebab becika dikaya ngapa tumrapé pétung durjana yèn kang duwé omah wis mangerti bab sakabéhing pètungan iku, wis mesti apa sakaluku - lakuné durjana bakal konangan, temah bisa kapikút, lan ora ana wong cidra menu harja.



No. 274 Sa’at rajamuka miturut gunggungé
neptu sina lan pasaran.
Gungguné
neptu dina
lan pasaran
JAM Dununé pengapesané
7 - 9 9 - 11 11 - 1 1 - 3 3 - 5
7 H P G S M Tangan karo
8 P G M S H Tangan tengen lan weteng
9 H P M G S Tangan karo lan gulu
10 H M G S P Gulu, gembung lan sikil karo
11 S G M P H Sirah, gulu lan sikil kiwa
12 H P G M S Gulu, gembung lan sikil karo
13 P G M S H Sirah, gulu lan sikil kiwa
14 S H P G M Gulu lan weteng
15 H P G M S Sirah, gulu lan badan separo
16 S G M P H Tangan kiwa lan sikil tengen
17 H M G S P Tangan tengen lan sikil tengen
18 S G M P H Tangan karo




Katranga: S. tegesé sarju, olèh lan orané kerep olèh. G. tegesé Gigis, mesti oléh M. tegesé Momor, durung temtu oléh P. tegesé Pacak, ora oléh H. tegesé Harja, mèh kena dipasthèkaké oléh.

Saupama dina Kemis Paing antarané jam 7 tumeka jam 9, mbabah maling iku tiba Harja. Yèn antarané jam 9 tumeka jam 11 tiba Pacak. Sebab dina Kemis neptu 8, Paing neptu 9, gunggung neptu 17, Mangkono sabanjuré.

Kang duwé omah kudu prayitna yèn neptu dina lan pasaran ketemu 17 iku pengapesané an ing tangan tengen lan sikil tengen, dadi yèn ana durjana tangané tengen lan sikilé tengen tamanana gegaman utawa kapeithung Mangkono sabanjuré. [ 208 ]
No. 275. Rajamuka
Durjana mbabah
omah ing tanggal
Kalah menangé kang duwé omah utawa
durjanané
1. 9. 17. 25 Kalah njero, kang duwé omah pengapesané ana ing tangan.
2. 10. 13. 26. Kalah njaba, durjana pengapesané ana ing tangan.
3. 11. 19. 27 Kalah njero, kang duwé omah pengapesané ana ing tangan.
4. 12. 20. 28. Padha jayané, ora ana kang kataton.
5. 13. 21. 29. Sampyuh, padha kataton.
6. 14. 22. 30. Kalah njaba, durjana pengapesané ana ing tangan
7. 15. 23. Kalah njaba, durjana pengapesané ana ing tangan
8. 16. 24. Kalah njero, kang duwe omah pengapesané ing sirah

Katrangan : Kalah njero tegesé kang kalah duwé omah. Kalah njaba tegesé kang kalah durjanané. Dadi yèn kang duwé omah wis mengerti pètungan raja muka samangsa kabener tiba kalah, becik aja nglawan sarta setriyara laku séjé murih slamaté.



No. 276. Parané durjana.

Neptuné dina lan pasaran nalika kagunggung banjur kapétung Sanget, salu, saru, sanja.

Yèn tiba sanget, maling saka wétan mara mangulon
"
"
salu,
"
"
lor
"
mangidul
"
"
saru,
"
"
kulon
"
mangetan
"
"
sanja,
"
"
kidul
"
mangalor




No. 277. Wajah tekanế durjana.

Neptune dina ian pasaran nalika maling kagunggung banjur kapétung : adam, kawa, iblis.

Yèn tiba adam, tekane maling antarane jam 7 tekan jam 12 bengi.
"
"
kawa, tekane maling antarané jam 12 tekan jam 3 bengi.
"
"
iblis, tekané maling antarane jam 3 bengi tekan jam 5 esuk.
[ 209 ]
No. 278. Methukaké durjana

Neptuné dina lan pasaran nalika maling kagunggung, banjur kapétung : pisang, weragang, sanggar, banyu, balé, waringin.

Yèn tiba pisang, maling singidan wit gedhang.
"
"
weragang,
"
"
pinggir dalan.
"
"
sanggar,
"
"
ing tritisan.
"
"
banyu,
"
"
ing sumur utawa ing kalèn.
"
"
balé,
"
"
ing pendhapa.
"
"
waringin,
"
"
ing kayu gedhé.


No. 279. Playune durjana miturut dina lan pasaran
Dina lan
pasaran
PLAYUNE
Ngétan Ngidul Ngulon Ngalor
Jmkl Lusi Palang Kala Sri
Stlg Lusi Kala Palang Sri
Ahpa Lusi Palang Kala Sri
Snpn Palang Sri Lusi Kala
SlWg Palang Kala Sri Lusi
Rbkl Sri Lusi Kala Palang
Kmlg Kala Palang Sri Lusi
Jmpa Palang Sri Lusi Kala
Stpn Palang Kala Sri Lusi
Ahwg Kala Palang Lusi Sri
Snkl Palang Sri Lusi Kala
Sllg Sri Lusi Kala Palang
Rbpa Sri Lusi Palang Lusi
Kmpn Kala Lusi Palang Sri
Jmwg Kala Palang Sri Lusi
Stkl Lusi Palang Kala Sri
Ahlg Kala Sri Lusi Palang
Snpa Sri Lusi Palang Kala
Slpn Palang Sri Lusi Kala
Rbwg Palang Kala Sri Lusi
Kmkl Lusi Palang Kala Sri
Jmlg Lusi Kala Palang Sri
Stpa Palang Sri Lusi Kala
Ahpn Sri Lusi Kala Palang
Snwg Sri Lusi Kala Palang
Slkl Lusi Palang Kala Sri
Rblg Sri Lusi Kala Palang
Kmpa Palang Kala Sri Lusi
Jmpn Kala Sri Lusi Palang
Stwg Kala Sri Lusi Palang
Ahkl Sri Lusi Kala Palang
Snlg Lusi Kala Palang Sri
Slpa Palang Kala Sri Lusi
Rbpn Palang Sri Lusi Kala
Kmwg Lusi Palang Kala Sri

Katrangan: Tegesé Sri lan Lusi = slamet, (maling ora bisa kacekel). Palan - kacekel, Kala = kacekel bisa uga tiwas. Saupama dina malem Jumuwah Kliwon, sawisé mbabah olèh-olèhan utawa banjur konangan, maling mau playuné ngétan, iku tiba lusi, tegesé slamet ora kacekel. Yèn playuné ngidul tiba Palang, iku kacekel sabanjuré. [ 210 ]
No. 280. Aji Bégananda, ajining durjana kanggo nyirepi wong kang duwe kang arep dimalingi.


Aji Pégananda iku ampuh banget, mantrane : Hong ingsun amatakajiku sirep Begananda kang ana Indrajit, kumelun nglimuti ing méga malang, bul petang dhedhet alimengan upás racun darubesi, pet pepet kemput bawur wora wari aliwaran tekane wimanasara, kang katempuh jim setan peri n prayangan, gandarwa, jalma manungsa tan wurung ambruk lemes wuta tan bisa krekat, blek sek turu kepati saking kersane Allah.
Patrape durjana nggone matak aji ngadeg ing sangarepe omah kang arep disirepi, sarampungé matek mantra, tumenga ing ngakasa ngundang tumuruné wimanasara, pangundangé muni hong mret mret nuli tumungkul ing pratiwi ngejak lemah ping 3. ora ambegan. Lakune mutih 21 dina utawa 40 dina sarta pati geni 3 dina 3 bengi utawa 7 dina 7 bengi, wiwité dina Rebo Pon.


No. 281. Aji Dipa panulak aji Bégananda.

Aji Dipa iku panulaké Aji Begananda, yaiku sireping durjana sing arep maling. Yen katulak nganggo Aji Dipa Aji Bégananda ora tumama. Mantrane Aji Dipa mangkené: Hong, ingsun amatak ajiku si Aji Dipa kang ana Bibisana, murub ing raina wengi tan kenaning sirep, si Bégananda sirep larut tanpa tuwas, sapa kang nedya ala maringsun, lebura banjur pakarangé saomah anak rabiné, ilanga umure teka wurung teka buyar, wurung kersaning Allah. Aji Dipa prayoga diwatak saben bengi, anggone matek mantra ana ing latar sangareping lawang omah ngungkur ake lawang. >br> Dene yèn arep kinaweden ing sapadha-padha lan luput ing goragodha pancabaya, mantrane mangkéné: Hong ingsun amatek ajiku si Aji Dipa kang ana Bibisana, murub sacakrawalaning panggilingan, apa kang malang - malang ana ing ngarep ingsun, mburi kiwa tengen utawa ngungkul - ngungkuli, lah padha suminggaha, yen nganti kasebet ajiku si Aji Dipa, lebur dadi awu sirna saking kersaning Allah. Banjur megeng napas (ora ambegan) sarta muni hu allah, hu allah, hu allah (mung kabatinan bae). Lakune mutih 21 dina utawa 40 dina, sarta patigeni 3 dina 3 bengi utawa 7 dina 7 bengi, wiwite dina Jumuah Paing. Kajaba iku yèn kepanasen lan kodanan ora kena sasambat, lumayu utawa ngiyub, sarta yèn kepethuk wanita ora kena noleh. Apa déné kudu sabar narima welas asih sapadha padha sarta ora kena gawe piala marang wong.


No. 282 Panulak durjana


Mantra diwatek yèn arep turu: Niyatingsun arep turu kasurku sagara, kemulku méga, bantalku baya putih, ngisorku macan putih, [ 211 ]

kiwa tengenku malaékat satus patangpuluh, samangsané ana wong gawe piala, ingsun gugahen. Lakuné mutih 14 dina sarta pati geni sadina sawengi wiwite dina Selasa Kliwon.



No. 283. Nyirepi durjana manèh.

Mantrané : Awang-awang uwung - uwung lagi durung ana bumi langit apa kang ana, ingsun kang ana, ajiku raja pulásia, nyírepaké jalma kang nedya ala, arep sirep déwa ratu, bumi tuli, jagad bisu brama sirep, kang ana sajabaning wangon, kang ngarah maring aku, aja pati - pati tangi yèn ora ana lintang rina metu saka wétan, kakang buta kawah adi-ari-ari sira ingsun kongkon lumebua ing jro guwagarbané si jabang bayi kang laku salah, katemu ngadeg turoknia. Yèn wis turu ungkeben kewali wesi, ono mara koming, rep sirep wong sabuwono kabeh. Ana lanang ngadeg pacering wengi, he, maya aku lanang sejati. Mantra diwaca ana ing latar yèn arep turu. Lakune mutih 7 dina 7 bengi, lan patigeni sadina sawengi wiwité dina Kemis Wage.



Katrangan: Tegesé mutih yaiku mung mangan sega thok tanpa lawuh lan tanpa uyah, sarta ngombéné mung banyu wantah. Déné tegesé pati geni, yaiku ora mangan lan ora ngombé, sarta ora kena turu.

No. 284. Sokibulkahfi


Uga kanggo tulak maling lan kena kanggo tulak ama geni, dongané ; Yamalika maksalina, matalina marnusu matadanusu kasatoyusu kotmirkila kamrarayan. Donga wacanen karo ngubengi omah lan ana ing tengahing lawang omah ngarep.



Anggolèki barang lan kang nyolong, sarta pétung wong lunga lan wong minggat, panggeturgé miturut gunggungé neptu dina lan pasaran. Déné neptuné dina lan pasaran kasebut ing kaca 7 No. 2.

No. 285. Wong lunga mulih lan orané


Gunggungé neptune dina lan pasarane nalika lunga (pangkate saka omah) kapara 3 turah pira.

Yèn  turah  1 kena sangkala
 "   "  2 énggal mulih
 "   "  3 ora mulih, utawa sanajan mulih suwé tekané.




[ 212 ]
No. 286. Parané wong minggat.


Gunggungé neptuné dina lan pasarane nalika lunga (pangkaté saka omah) kapara 4 turah pira.

Yèn  turah :  1   parané   mangetan
 "   "  2    "  manggulon
 "   "  3    "  mangalor
 "   "  4    "  mangidul




No. 287. Wong minggat ketemu orané


Gunggungé neptuné dina lan pasarane nalika minggat (pangkaté saka omah) kapara 3 turah pira.

Yèn  turah :  1   ora ketemu
 "   "  2   ketemu
 "   "  3   lepas parané




No. 288. Barang ilang ketemu orané


Gunggungé neptuné dina lan pasarane nalika kélangan kapara 3, turah pira.

Yèn  turah :  1 barang  ora ketemu
 "   "  2  "  bisa ketemu
 "   "  3  "  ora ketemu, nanging wong kang nyolong nuli lara.




No. 289. Sapa kang nyolong.


Gunggungé neptuné dina lan pasarane nalika kelangan kapara 3 turah pira.

Yèn  turah :  1 kang nyolong kancané
 "   "  2  "   "  wong nunggal omah
 "   "  3  "   "  wong adoh




No. 290. Lanang utawa wadon kang nyolong


Gunggungé neptune dina lan pasarane nalika kélangan kapara 3 turah pira.

Yèn  turah :  1 kang nyolong lanang
 "   "  2  "   "  wong wadon
 "   "  3  "   "  samar, (bisa wadon, bisa lanang)




[ 213 ]
No. 291. Rupané kang nyolong.


Gunggungé neptune dina lan pasarané nalika kelangan kapara 3, turah pira

Yèn turah 1 kang nyolong rupane ireng
,,,, 2 mbambangawak
,,,, 3 semu putih



No. 292. Ilang temenan apa ora.


Gunggunge neptuné dina lan pasarane nalika kélangan kapara 4, turah pira.

Yèn turah 1 tiba wit, barang ora ilang, sanajan ilang mung saka pangrěkane kang duwé barang dhewé.
,,,, 2 tiba epang, kang jupuk sanaké dhewe.
,,,, 3 tiba godhong, kang njupuk tepungané rabiné, lan kena uga ijih sanak karo rabine, nanging wis adoh.
,,,, 4 kleyang, kang njupuk wong liya.



Katrangan: Saupama wong lunga angkaté saka omah dina Kemis Legi. Kemis neptune 8, Legi neptune 5, gunggung neptu 13 kapara 3, turah 1, tiba petung kang lunga kena sangkala.
Saupama wong minggat angkaté saka omah dina Senen Pon, Senen neptune 4, Pon 7, gunggung 11, kapara 3, turah 2, tiba pétung kang minggat ketemu.
Saupama barang ilang bisa ketemu apa ora ? Anggoné kelangan dina Selasa Legi. Slasa neptune 3, Legi 5, gunggunge neptu 8, kapara 3, turah 2 pétung katemu.
Saupama kelangan arep meruhi kang nyolong, anggoné kelangan dina Rebo Legi, Rebo neptune 7, Legi 5, gunggung neptu 12, kapara 3, catèk utawa cèples, yen mangkono banjur kapétung turah 3 tiba petung kang nyolong wong adoh. Mangkono sabanjure.


No. 293 Petungan saka Sunan Benang.


Yen kelangan ing wayah utawa benginé (malem) dina Akad, kang njupuk tetepungane dhewe, pakulitane mbambangawak, yèn lelungan dhemen nyenyangking, omahe ana ing salore omahe wong kang kelangan barang kagawa mangidul: Murih katemu slametane sega punar iwak ayam lembaran, nyansi dhahar Nabi NGisa, dongané slamet.
Senen, kang nyolong nunggal sa'omah, kupinge dawa (caplang) rambute lemes, alus solah tingkahe. Murih katemu slametane sega wuduk iwak loh, nyaosi dhahar Nabi Dhavud, dongane kubur.

Selasa, kang nyolong manis ulate, pakulitane mbambarigawak, irung pesek, rambut akas. Barang kadhelikake ing pekarangn utawa sacedhaking gunung utawa alas. Murih katemu slametane kupat 40, lawuhe sambel goreng, bubuk kadhele, srundeng kuning (srundeng dikuniri), iwake' abon, nyaosi dhahar Nabi Soleman, dongane slamét. [ 214 ]

Rebo, kang nyolong oakulitané kuning, lemes rambute, alus solah tingkahe. Barang didhelikake sangisoring kakayon pernah kidul kulon. Murih katemu, slametane sega golong, pecel pitik, jangan menir, nyaosi dhahar Nabi Yakub, dongane kabula.

Kemis, kang nyolong sanake dhewe pakulitane kuning dedeg sedheng, juweh pangucape, seneng omong bab laku kang becik, baune tangan nglading, luwes solah tingkahe. Murih katemu, slametané bubur abang putih, ireng, nyaosi dhahar Nabi Brahim, dongane kubur.

Jumuah, kang nyolong omahe ana ing lor wetane oma wong kang kelangan, dedeg respati, rambute ketel, drijine tangan cendhak, kaku solah tingkahe, kasenengane lulungan utawa sanjan. Barang kadheliake longan, utawa sacendhak sumur utawa ana ing sumur mati. Murih katemu slametane, sega lan iwak daging kebo, sapi utawa wedhus, (salah siji), kaolah sakarepe, nyaosi dhahar Nabi Muhammad, dongane rasul.

Setu, kang nyolong kumpul. dadi saomah utawa sapekarangan dedeg piyadege pideksa, rambut ireng, dariji tangan sedhengan. Barang ijih kadelikake ing omah kang prenahe ana ing lor. Murih katemu slametané segolong, jangan menir, pecel pitik (jago), nyaosi dhahar Nabi Saleh, dongane kabula.

Pepenget yen nggolèki katrangan pakewuh ikl, menawa dina Jumuah,, setu, Senen sarta Rebo, aja lali kang kumpul sa'omah, sapekarangan, utawa tangga teparone, awit iku kang dadi jalarane katemu barange



No. 294. Petungan saka Sunan Giri.


Yen kelangan ing pasaran :

Legi, kang nyolong pakulitane putih, omahe pernah wétan. Murih katemu slametane sega buceng (tumpeng) iwak pitik putih mulus, nyaosi dhahar Sunan Ngampel, dongane' rasul.

Paing, kang nyolong pakulitane putih lan abang, omahe pernah kidul. Murih katemu slametane sega golong pecel pitik jangan menir, nyaosi dhahar Sunan Kalijaga, dongane kunut.

Pon, kang nyolong pakulitane kuning, omahe kulon. Murih katemu slametane sega iwake jago abang, nyaosi dhahar Sunan Kudus, dongane slamet.

Wage, kang nyolong pakulitane ireng, omahé pernah lor. Murih katemu slametane sega wuduk, iwak pitik ireng, nyaosi dhahr Sunan Giri, dongane kabul.

Kliwon, kang nyolong pakulitane mbambangawak utawa bawuk, omahe ana satengah-tengahe ampung utawa desa. Murih katemu slametane sega punar iwak jago blorok abang.


[ 215 ]
No. 295. Pétungan saka Sèh Sitijenar.

Jenengé wong kang nyolong kapathokan nganggo aksara Arab kang dumunung ana salah sijiné anda jenengé wong kang nyolong yaiku yèn kélangan ing dina.

ق Akad, jenengé kang nyolong ana aksarané :
(kaf) barang kagawa ngalor ing panggonan kang reja utawa ramé.
ق Senen, jenengé kang nyolong ana aksarané :
(kaf) barang kagawa mangidul.
س Slasa, jenengé kang nyolong ana aksarané :
(sin) barang kagawa mangidul.
ر Rebo, jenengé kang nyolong ana aksarané :
(re utawa ra) barang kagawa mangétan.
غ Kemis, jenengé kang nyolong ana aksarané :
(ga) barang kagawa mangalor.
ج Jumuah, jenengé kang nyolong ana aksarané :
(jim) barang kagawa mangulon.
س Setu, jenengé kang nyolong ana aksarané :
(sin) barang kagawa ngalor ngétan.




No. 296. Pétungane saka Sunan Kalijaga

Petungan iki aran sakabat rasul, sarana kapétung nganggo dhuwit. kèhé 40 iji, kang padha rupané, umpama nganggo sèn, iya kudu sèn kabèh, nganggo kethip, iya kethip kabèh, janji jangkep 40. Dhuwit katumpuk dadi siji, kawacakaké donga’ mangkéné : latudrikuhul absaru, wahuwa kawahuwa yudrikuhul absaru, wahuwa latiful kabir. Donga kawaca ping 3 sawisé dhuwit kajupuk sakarepé katibakaké maring pal sakabat rasul kaya ngisor iki :

2. Abubakar
3. Ngumar 1. Muhammad 5. Ngali
4. Ngusman
[ 216 ]
Anggoné nibakaké dhuwit diviwiti saka no. 1 (Muhammad). Mubeng urut nomer (angka), saterusé nganti entèk. Yen entèk entèkané dhuwit mau tibaing:
  1. Muhammad, barang kang ilang bisa katemu, nanging kudu slametan sega wuduk lawuhė sakarepe kang olah, asung dhahar Nabi Muhammad, dongané kabula lan slamet.
  2. Abubakar, barang kang ilang ora katemu.
  3. Ngumar, barang ilang bisa katemu, nanging roda lawas. Saranané slametan sega punar lawuhé sakeparengé, asung dhahar Syayid Ngumar, dongané slamet.
  4. Ngusman, barang kang ilang énggal katemu. Saranané slametan sega golong lawuhé pecel pitik, asung dhahar Sayid Ngusman, dongané kabula.
  5. Ngali, barang kang ilang bisa katemu. Saranané slametan sega tumpeng lawuhe sahanané, asung dhahar Sayid Ngali, dongane slamet.
No. 297. Pètungan barang ilang.

Miturut neptuné dina lan pasaran nalika lélangan, neptuné dina lan pasaran mau kagunggung, banjur kapètung; angin, lintang, banyu srengéngé, geni, sasi, bumi.

Yèn pétungan tiba :

  1. Angin, kang nyolong bocah kumed daging, ora duwé omah. ngalor ngétan parané, mulih maring angin, mlebu metu. Yèn digoleki bisa katemu sajroné 3 dina.
  2. Lintang, kang nyolong bocah lara, pawakané cilik, rambuté abang mbakung papak pucuke, ngidul ngétan parané, marani geni, anggoné nyimpen barangé ngidul ngulon.
  3. Banyu, kang nyolong ana ciriné toh, renyah suwarané, ngidul ngétan parané, didhelikaké cedhak kali.
  4. Srengengé, kang nyolong wong tuwa, parané ngulon durung adoh barangé kepenahem omah.
  5. Geni, kang nyolong wong lor kuloné, parané ngalor, disimpen sajroné omah.
  6. Sasi, kang nyolong wong wadon randha utawa prawan yèn wis satengah tuwa wulanjar, rupané kuning, sangkané saka lor, parané mengetan, barang didhelikaké sakiwa tengené omah, wongé mendhit.
  7. Bumi, kang nyolong ijih pawong sanaké, barang terus ilang ora bisa katemu. [ 217 ]
    No. 298. Barang ilang miturut sa'at Nabi.


Wawaton miturut neptune dina lan pasaran nalika kelangan kagungung banjur kapara 5, turah pira.

Yen turah 1, tiba Akhmad, kang nyolong kabantu batile de vé barang bisa katemu.

Yèn turah 2, tiba Ngijrail, kang nyolong gedhé badané pakulitané ireng, mbesengut, ala rupane, barang ora bisa katemu, uga bisa. katemu nanging kangélan.

Yèn turah 3, tiba Yusup, kang nyolong wong lananga utawa wadona, naging dibantu wong wadon becik rupane lan kelakuané. Yèn kang nyolong wong wadon, wongé sing uwis becik rupané lan kelakuane. Barang ditampani wong lanang, sanajan bisa katemu nanging kanthi susah banget.

Yen turah 4, tiba Brahim, kang nyolong sedheng dedeg piadegé, pakulitané ngulit langsep, suwarane sora (seru), barang ora bisa katemu.

Yen turah 5, tiba Jabarail, kang nyolong ala rupané kasar banget barang didhelikaké mburi omah pinggir kali, utawa sangisoring kekayon sakidul omah. Barang sanajan bisa katemu nanging dadi bicara gedhe utawa rame.

Déné neptuné dina Akad 5, Senen 6, Selasa 7, Rebo 1, Kemis 2, Jumuah 3. Setu 4.

Neptuné pasaran Legi 3, Paing 4, Pon 5, Wage 1, Kliwon 2.

Dadi neptuné dina lan pasaran petungan iki, ora miturut kang kasebu ing kaca 7 No. 2.


[ 218 ]
No. 299 Barang ilang miturut tgl, lan Jam waton sa'at Nabi
Tanggal ilangé JAM
6, 7, 8 9, 10, 11 12 1, 2, 3, 4, 5, 6,
1. 6. 11. 16 21.26 Akhmad tutur Jabarail palangan Brahim pancekwesi Yusup slamet Ngijrail rijeki
2. 7. 12. 17 22. 27 Jabarail rijeki Brahim tutur Yusup palangan Ngijrail pancekwesi Akhmad slamet
3. 8. 13. 18. 23. 28 Brahim slamet Yusup rijeki Ngijrail tutur Akhmad palangan Jabarail pancekwesi
4. 9. 14. 19 24. 29. Yusup pancekwesi Ngijrail slamet Akhmad rijeki Jabarail tutur Brahim palangan
5. 10. 15. 20 25.30 Ngijrail palangan Akhmad pancekwesi Jabarail slamet Brahim rijeki Yusup tutur

Katrangan:

Yèn bisa sa'at Akhmad, barang ilang bisa ketemu.
" " " Ngijrail, barang lang ora ketemu
" " " Ngijrall, tiba slamet utawa rijeki barang ilang bisa uga ketemu, nanging kanthi kangélan.
" " " Yusup, barang ilang oleh titik.
" " " Yusup; tiba slamet utawa rijeki bisa uga ketemu nanging kanthi susah banget.
" " " Brahim, barang ilang ora ketemu.
" " " Jabarail barang ilang dadi bicara.
" " " Jabarail, tiba slamet utawa rijeki, bisa uga katemu, nanging kanthi susah lan dadi bicara rame.

No. 300. Anggoleki kadurjanan

Parane naggolèki barang ilang lan durjana, miturut neptuné dina lan pasaran, yèn gunggungé ketemu.

7, 11, 12, 16, 17 parané kudu ngulon
8, 13, 18, " " ngalor.
9, 14, " " ngétan.
10, 15 " " ngidul.
[ 219 ]Déne pangkate kudu manut sa'at dina, yaiku yèn dina:
Akad, pangkate wayah asar
Senen, " " tengangé (jam 12)
Selasa, " " ésuk
Rebo, " " plethéking surya
Kemis, " " lingsir wetan (jam 11)
Jumuah " " lingsir kulon (jam 5)
Setu, " " surup surya.

Sadurungé mangkat maca donga: Latudrikuhul absara, wahuwa judrikuhul absaru wahuwa latifulkabir.

Arep jumangkah saka lawang omah kudu niteni lakune' napas kang metu saka irung. Yen lakuné napas kang santer metu saka bolonganing irung tengen, kang jumangkah dhisik kudu sikilé tengen, manawa kang santer metu saka bolonganing irung kiwa, kang jumangkah dhisik iya kudu sikile kiwa. Ing batin nyuwun bisa'a oleh gawe.


Neptuné dina lan pasarané kanggo petungan iku, miturut kaya kasebut ing kaca 7 No. 2.



No. 301. mBuburu. kéwan alas.

Mbuburu kéwan alas supaya oleh, parané kudu milih pernah yaiku yèn anggoné mbuburu neptuné dina lan pasaran katemu :

7. Parané alas kang sisih wetan, kidul utawa kulon.
8. " alas sisih wétan utawa kulon.
9. " alas sisih kidul utawa kulon.
10. " alas sisih wétan utawa kulon.
11. " alas sisih wétan munggah gunung.
12. " alas sisih wétan.
13. " alas sisih kidul utawa kulon.
14. " munggah gunung.
15. " lor munggah gunung.
16. " alas sisih wétan.
17. " munggah gunung.
18. " lor utawa kidul munggah gunung.

Katrangan Saupama mbuburu ing dina Setu Paing. Neptune Setu 9 Paing 9 — 18 parané kudu mangalor utawa mangidul, nanging kang munggah gunung.



No. 302. Tuku kewan
Yen tuku kéwan lumebune ing kandhang, pangetungé : neptune dina lan pasaran kagunggung, petungé ; suku, watu, gajah, buta, ratu. Yen tiba : suku, wat, gajah iku ala. Kang becik yèn tiba buta utawa ratu. [ 220 ]
No. 303. Nanandur.

Yèn nanandur neptuné dina lan pasaran kagunggung, kapètung: oyod, uwit, godhong, uwoh.

Yen tiba oyod, nandura kang sarwa rumambat.
" " uwit, " pring, tebu lan sabangsané.
" " godhong " tembako, suruh lan sabangsané.
" " uwoh " pala gumantung.

Katrangan Neptuné dina lan pasaran kasebut ing No. 301, No. 302 lan No. 303 ing dhuwur iku miturut kang kasebut kaca 7 No. 2.

No. 304. Nanandur miturut dina.
Akad, nandura kang pinurih uwité, kayata : tebu, pring lan sabangsané.
Senèn, nandura kang pinurih godhonge, kayata : tembako, suruh, lan sabangsané.
Selasa, nandura kang pinurih kembangė, kayata : mlati mawar lan sabangsané.
Rebo, nandura kang pinurih pentilé, kayata : bangsané rujak rujakan.
Kemis, nandura kang pinurih uwohė, kayata : pala gumantung, pala kesimpar lan sabangsané.
Jumuah, nandura kang pinurih oyodė, kayata : garut, tela lan sabangsané.
No. 305. Donga ana menthèk lan panulak tikus.

Sawah, tegalan utawa pakarangan supaya didohi ama menthek lan ora kalebon tikus, dongané mangkéne Allahuma bikurmati Musangalaihi salam, wabirukurmati omi Musa ngalaihi salam Allah humindukulil fakrofi ngalajangil akdari walistida dibi idfaya barokatihumi Musa ngalaihi salamuwabisafangatirosulilahi salalahu ngalaihi wasalam. Donga diwaca ngubengi galengan, utawa pakarangan.

No. 306. Pétungan akèh utawa larang udan.

Akèh sathithik udan manut wataking siji - sijiné tahun, tiban sing tanggal sapisan wulan Sura ing kno tiba dina apa. Yen tumapaking tahun tiba ing dina;

Akad, aran Dité kenaba, tegesé klabang, larang udan, gogodhongan akèh gogrog.
Senen, aran Soma warjita, tegese cacing murah udan, tetanduran akèh bacek.
[ 221 ]
Selasa, aran Anggara rekata, tegesé kepithing, murah udan, tatanduran padha tulus.
Rebo, " Buda mahesaba, wis ngarani udane daweg, tanduran tan tulus.
Kemis, " Respati mintuna, tegesé mimi, sarwa sedheng.
Jumuah, " Sukra mangkara, tegesé urang, murah udan, tatanduran sedheng.
Setu, " Tumpak menda, wis ngarani, larang udan, tatanduran tan tulus.

No. 307. Pétungan mangsa manut pecak wawayanganing surya.
Mangsa Dina tumapaking mangsa Petung pecak Candraning mangsa
Kasa Selasa Legi 41 3 10 Sotya sinara wedi
Karo Senen Paing 23 2 9 Rontoging tarulata
Katelu Rebo Kliwon 23 1 8 Wiji, tuwuh sinipenan
Kapat Jumuah Pon 24 0 7 Lung lungan tumelung
Kalima Senen Paing 25 1 8 Pancuran muncar
Kanem Jumuah Paing 41 2 9 Genthong pecah
Kapitu Kemis Pon 41 1 8 Udan rasa mulya
Kawolu Rebo Wage 25 0 7 Sri rasa mulya
Kasanga Akad Wage 24 1 8 Wedaring wacana
Kasepuluh Rebo Pon 23 9 9 Wijiling locana
Dhesta Jumuah Legi 19 3 10 Sekar lesahing jagad
Sada Rebo Kliwon 41 4 11 Surya numpang harga
No. 308. Candraning tahun sirah.
  1. Eka tunggal, kuda ngerap ing pandengan (Eka bumi).
  2. Dwi loro, kang bremara angleng ing tawang (Dwi sawah).
  3. Tri telu, kang lembu nusu pedhet (Tri gunung)
  4. Catur papat, jong layar sumengkeng wukir (Catur sagara).
  5. Panca lima, baita amot sagara (Panca tawang).
  6. Sad nem, cacing welud ngeleng ing wadhas (Sad pangonan).
  7. Sapta pitu, angangsu pikulan warih (Sapta aprang).
  8. Asta wolu, amèk geni sangu damar (Asta kayangan).
  9. Nawa sanga, jroning peteng ana padhang (Nawa dahana)
  10. Dasa sapuluh, lumpuh ngideri jagad (Dasa raja).

[ 222 ]
No. 309. Tahun sirah.

  1. Eka bumi, gumingsir. Yen ana ratu jumeneng ing tahun sirah 1, supaya tulus panjenengané lan kerta negarané ngaliha kedhaton.
  2. Dwi sawah, sonya kang jalma agung sungkawa. Yèn ana ratu jumeneng ing tahun sirah 2, larang pangan, sarta ana perang gedhe.
  3. Tri gunung pandhita sah saking sasananira. Yèn ana ratu jumeneng ing tahun sirah 3, sring srulaya lan sentanane, akeh kang padha mungkir.
  4. Catur sagara, palwa remuk kelem toya. Yèn ana ratu jumeheng ing tahun sirah 4, ora yuwana panjenengane.
  5. Panca tawang, wataking wreksa gumingsir. Yèn ana ratu jumeneng ing tahun sirah 5, ana pagering gedhé, larang pangan.
  6. Sad panggonan, jalma suka manahira. Yèn ana ratu jumeneng ing tahun sirah 6, harja kreta negarane, murah sandhang pangan.
  7. Sapta perang, déwa yeksa geng sungkawa. Yen ana ratu jumeneng ing tahun 7, ora yuwana panjenengané, sarta ana perwang gedhe
  8. Asta kayangan, raja rengga bratayuda. Yèn ana ratu jumeneng ing tahn sirah 8 yuwana panjenengane, nanging ana perang gedhe
  9. Nawa dahana, marga sonya tanpa saba. Yên ana ratu jumeneng ing tahun sirah 9, tan yuwana panjenengane. larang pangan lan ana perang gedhe.
  10. Dasa raja, jalma yeksa suka-suka. Yen ana ratu jumeneng ing tahun sirah 10, angluwihi harja kerta negarane.


No. 310. Windu sirah.

  1. Yen tahun sirah 1. Windu Angkara, rupa walang genjor, wong cilik akeh susah.
  2. Yen tahun sirah 2, windu Manila, rupa lutung, wong sabrang akeh ngajawa, wong jawa akeh layar marang sabrang.
  3. Yèn tahun sirah 3, windu sengara, rupa buta nganggo telalé, buta perang lan wanara.
  4. Yen tahun sirah 4, windu Murka, rupa wabru, gajah lanang nganggo siyung lan cakar penjenengane ratu kereng tur sathithik adile."
  5. Yen tahun sirah 5, windu Mangkara, rupa nredaya, naga nganggo suwiwi lan jamang, akeh wong lali marang sanake.
  6. Yen tahun şirah 6, windu Manggada, rupa macan nganggo lar, kencana perang karo kencan, wong sih sinisihan lan kadange, murah sandhang pangan. [ 223 ]
    1. Yèn tahun sirah, windu Kawanda, rupa kethèk awak awak gramèh. wong sabrang akèh bali mring asline, wong jawa mulih marang tanah Jawa, wong dagang ora lumaku.
    2. Yèn tahun sirah 8, windu Tirta, rupa pasiran nganggo sungu, ana Satriya jumeneng, akèh wong kang golèk curiga. Yèn tahun sirah 9, windu Séta, rupa bangkong nganggo jalu akèh wong adu - adu.
    3. Yèn tahun 10, windu Baya, rupa baya, owah préntahing ratu lebu papan tulis.

No. 311. Telayané bumi.

Jupuk saka sirahing tahun lan pasaran, yaiku 1. Eka sad pon. 2. Dwi sapta wage. 3. Tri asta Kliwon. 4. Catur nawa manis. 5. Panca windu paing.

Eka, sawiji, yèn tahun sirah 1, sasi sura tanggalé pon manoné manuk merak, terlayané akeh lindhu.

Sad nem, yèn tahun sirah 6, sasi sura tanggalé pon manoné manuk branjangan, terlayané sapi kebo akèh mati.

Dwi loro, yèn tahun sirah 2, sasi sura tanggalé wagé, manoné manuk gagak, terlayané wong sesawah ora kameton.

Sapta pitu, yèn tahun sirah 7, sasi sura tanggalé wagé, manoné manuk ulung, terlayané ana perang gedhé, mantri bupati akèh rusak.

Tri telu, yèn tahun sirah 3, sasi sura tanggalé kliwon, manoné manuk manyar, terlayané gunung akèh longsor.

Asta wolu, yèn tahun sirah 8, sasi sura tanggalé kliwon, manoné manuk kuLika brenggi, terlayané jim peri brekasakan akèh rusak padha ngalih panggonan.

Catur pat, yèn tahun sirah 4, sasi sura tanggalé legi, manoné manuk beri, terlayané segara umob geter pater padha muni, Iwak akèh padha mati.

Nawa sanga, yèn tahun sirah 9, sasi sura tanggalé legi, manoné manuk cabak, terlayané kekayon akèh rusak padha sempal rungkat dening angin.

Panca lima, yèn tahun sirah 5, sasi sura tanggale paing manoné manuk bidho, terlayané akeh grahana rembulan, pagering ing ngawang-awang, manuk déwata akèh rusak.

Windu sepuluh, yèn tahu tanpa sirah, sasi sura tanggalé paing, manoné nanuk kokokbeluk, terlayané Ratu akeh ngalih kadhaton Pandhita ngalih saramané.


Katrangan Tegesé tahun sirah yaiku ngarani angkané tahun kang mburi dhewe (tahun Jawa), umpama tahun 1879 ꦪ ​​ꦝ ꦭ ꦪ tahune sirah yaiku 9. ().



[ 224 ]
No. 312. Wataking windu papat


Gantine windu iku saben ing tahun Alip, ing ngisor iki pratélané:

  1. Windu Adi, manggon ing kidul wétan. yèn ana ratu jumeneng panjang yuswane. Nanging akeh manungsa kang wali maring wong tuwané lan gustine.
  2. Windu Kuntara, manggon ing kidul kulon. Yen ana ratu jumeneng panjang yuswane. Nanging ing tengah-tengahing windu, wong cilik akeh kang wani maring gustine, sarta ana perang gedhe.
  3. Windu Sangara, manggon ing lor wétan. Yen ana ratu jumeneng panjang yuswane. Nanging larang pangan lan yèn ana mungsuh saka lor wétan ambedhahake nagara.
  4. Windu Sancaya, panggonane lor kulon. Yen ana ratu jumeneng, ora dawa yuswane sarta karusakan nagarane




No. 313. Dina tibaning tanggal.

Yen sasi Sura tanggal 1, tiba dina lan pasaran kang neptuné katemu:

  1. Kumarane rupa keluyu, aras tulis kang lumaku, wateké ana perang gedhe, kuwating nagara (kidul kang duwe laku, margane' pepet ing satahun iku.
  2. Kumarane rupa mina (iwak) bluthak aras kursi kang lumaku marang wujud tunggal, wateke akeh wong eling marang Pangeran, murah kang sarwa tinuku, nanging kéwan lan manuk akeh mati.
  3. Kumarane rupa mina layur, aras gunung arané, manuk kang lumaku, wateke akèh wong kang padha rerene, utawa ngumbara, sabab larang sandhang pangan, akeh wong mlarat, banjur padha colong jupuk.
  4. Kumarane rupa mina olor, wulan kang lumaku mangétan marang srengenge, wateké sabarang gawe rahayu, akèh wong éling marang Pangéran, akeh wong antuk kanugrahan.
  5. Kumarané rupa mina wrangas, lintang kang lumaku mangidul marang geni, wateke akèh wong suwala rebut bener, akeh pitenah lan apus - apus.
  6. Kumarané rupa mina lodan, srengéngé kang lumaku marang bumi, wateke akèh pandhita utawa para mukmin padha pelayaran, wong akeh padha rebutan amal, pikir gagayuhan kang sineja padha wurung kendhih déning jájilla'nat.
  7. Kumarane rupa mina tangkur, banyu kang lumaku wateké akeh wong gering rumab, panastis, pilek lan watuk, wong akeh susah.
  8. Kumarané rupa mina cingcinggoling, mandheg meneng tan lumaku wateke akeh wong mati tanpa lara, pandhita padha prihatin.
[ 225 ]
  1. Kumarané rupa mina cucut, geni kang lumaku magalor marang lintang, wateké panas banget, yèn ana gawé pari, gawé pisah lan rowang akèh wong nemu pendeman mas.

Katrangan : Sasi Sura tanggal 1 kang tiba dina lan pasarané kang neptu 7, 8, lan 9, ora kasebutaké dadi ora ana wahanané, tegesé sajroné tahun iku ara ana kadadéyan apa-apa.



No. 314. Kadadéyané manungsa saka tumuruné
wiji manut dina lan pasaran.
Dina pasaran Tumuruning wiji Wijining Watak lan cocoging pagaweane
Legi Pupu kiwa Priyayi Keras budiné, kenceng, resik, nyuwita nagara.
Paing Pupu tengen Sudagar Keras, panasbaran, santosa, wentalan, babakulan ing dharatan utawa lalayaran nyabrang sagara.
Pon Pelandhungan Narakarti (sudagar) Pamér, akèh wicarané, bisa nganggit basa, yèn dagang disuyudi wong.
Wagé Lambung Tani Sabar, sarèh, tawekal, tetanèn bisa tulus.
Kliwon Githok Ratu Dhuwur angkuh, sembada sabarang gawé bisa nindakaké.


No. 315. Pikanonan bayi lahir.

Yèn wong pitakon, bayi kang ana ing wetengan metu lanang apa wadon, neptuné aksara jenengé kang takon gunggungen karo neptuné dina lan pasaran nalika takon, banjur kapara 3, yèn turah 1, metu lanang, 2, metu wadon, 3, walahualam.


Katrangan : Neptuné dina lan pasaran miturut kang kasebut ing kaca 7 No, 2. Déné aksara kang takon miturut kang kasebut ing kaca 43 No. 65.


[ 226 ]
No. 316. Nyumurupi panguripané anak miturut
kalahirané bapa lan anaké.
Dina kalahirané Kahanan panguripané
Bapa Anak
Akad Senèn Pepak kang among, becik ayem tentrem
Selasa Sonya, kurang kepénak
Rebo Tumuruning widadari, kecukupan lan ayem
Kemis Sonya, tansah kekurangan
Jumuah Déwa jumurung puja, sinung kanugrahan kuwawi Sugih singgih
Setu Sonya, tansah kacingkrangan lan prihatin
Akad Bapa rebut lan anak, yèn sakaroné ijih, tansah gentèn nemu karibedan.

Akad Selasa Pepak kang among, becik ayem tentrem
Rebo Sonya, kurang kepénak
Kemis Tumuruning widadari, kecukupan lan ayem
Jumuah Sonya, tansah kekurangan
Setu Déwa jumurung puja, sinung kanugrahan, kuwawi Sugih singgih
Akad Sonya, tansah kacingkrangan lan prihatin
Senèn Bapa rebut lan anak, yèn sakaroné ijih, tansah gentén nemu karibedan.

Selasa Rebo Pepak kang among, becik ayem tentrem
Kemis Sonya, kurang kepénak
Jumuah Tumuruning widaddari, kecukupan lan ayem
Setu Sonya, tansah kekurangan
Akad Déwa jumurung puja, sinung kanugrahan, kuwawi Sugih singgih
Senèn Sonya, tansah kacingkrangan lan prihatin
Selasa Bapa rebut lan anak, yèn sakaroné ijih, tansah gentén nemu karibedan.

[ 227 ]
Dina kalahirané Kahanan panguripané
Bapa Anak
Rebo Kemis Pepak kang among, becik ayem tentrem
Jumuah Sonya, kurang kepénak
Setu Tumuruning widadari, kecukupan lan ayem
Akad Sonya, tansah kekurangan
Senèn • Déwa jumurung puja, sinung kanugrahan kuwawi
• Sugih singgih
Selasa Sonya, tansah kacingkrangan lan prihatin
Rebo Bapa rebut lan anak, yèn sakaroné ijih, tansah gentèn nemu karibedan.

Kemis Jumuah Pepak kang among, becik ayem tentrem
Setu Sonya, kurang kepénak
Akad Tumuruning widadari, kecukupan lan ayem
Senèn Sonya, tansah kekurangan
Selasa • Déwa jumurung puja, sinung kanugrahan kuwawi
• Sugih singgih
Rebo Sonya, tansah kacingkrangan lan prihatin
Kemis Bapa rebut lan anak, yèn sakaroné ijih, tansah gentèn nemu karibedan.

Jumuah Setu Pepak kang among, becik ayem tentrem
Akad Sonya, kurang kepénak
Senèn Tumuruning widadari, kecukupan lan ayem
Selasa Sonya, tansah kekurangan
Rebo • Déwa jumurung puja, sinung kanugrahan kuwawi
• Sugih singgih
Kemis Sonya, tansah kacingkrangan lan prihatin
Jumuah Bapa rebut lan anak, yèn sakaroné ijih, tansah gentèn nemu karibedan.

Setu Akad Pepak kang among, becik ayem tentrem
Senèn Sonya, kurang kepénak
Selasa Tumuruning widadari, kecukupan lan ayem
Rebo Sonya, tansah kekurangan
Kemis • Déwa jumurung puja, sinung kanugrahan kuwawi
• Sugih singgih
Jumuah Sonya, tansah kacingkrangan lan prihatin
Setu Bapa rebut lan anak, yèn sakaroné ijih, tansah gentèn nemu karibedan.

[ 228 ]
No. 317. Sangkalané bayi.


Yèn bayi lahir ing pasaran :

1. Legi dina blegdaba (kebo tanpa sungu), pupukana menur sawit semburana godhong pancasuda, larané ngelu lan panas awaké, tibané sengkala nemu pati wayah bisa ngadeg lan yen wis bisa nyandhang dhéwé, yen ing wayah iku slamet, lestari, umuré tekan tuwa, tebusana slametan pitik putih lan brumbun, segané tumpeng janganan lan pélas warna lima, kembang boreh lan lenga wangi, slawate limang igar, dongane' rasul ngumur.

2. Paing, dina unta, pupukana oyodé kayu ragi, sembudana dhukut (suket) warna sanga, tibané sengkala nemu pati yen wis bisa playon lan setengah tuwuh yen ing wayah iku slamet, lestari umuré tekan tuwa, tebusana' slametan endhog 9 iji, tumpeng janganan, pélas, gecok, kcang, kembang kang warna abang slawaté sangang igar, dongané slamet.

3. Pon, dina memreng (menjangan nganggo siyung cilik kupinge dawa" nglembreh tekan ngisor), pupukana godhong landhep, semburana kembang cepaka, dusana banyu tarung, larane' setengah, tibane sengkala nemu pati wayah sunat, wayah penganten, wayah lingsir, yèn ing wayah iku slamet, lestari umure' tekan tuwa, tebusana slametan pitik wiring kuning utawa wedhus kuning, segané wuduk lan nganggo janganan kara pelas, kembang warna 7 sarwa kuning, slawate" pitung atus pitu igar, dongane' slamet.

4. Wagé, dina gajah, pupukana godhong gandarupa, semburana jaha keling, godhong maja, godhong wringin, dusana banyu tuk, larané ngising getih lan panastis, tibané sengakala nemu pati wayah bisa mbrangkang, bisa nyandhang lan wayah pangantèn, yèn ing wayah iku slamet, lestari umuré tekan tuwa, tebusana slametan pitik iren pinanggan lan endhog papat, segane pulen, jangan padhamara worana godhong tayungan lan kélor, pecel dara, sambel kacang, kembang lenga theleng patang rakit, slawate 'patang atus papat igar, dongané nguwur lan barinlana.

5. Kliwon, dina warak, pupukana seninjong pala lan empon - empon, larané ati tibané sengakala nemu pati wayah bisa ngadeg, lan wayah setengah tuwuh, yèn ing wayah iku slamet, lestari umuré tekan tuwa, tebusana slametan pitik brumbung kaolah warna Ima, segané tumpeng janganan lan nganggo kara, sambel wijen, slawate wolung atus wolu igar, dongané slamet.



[ 229 ]
No. 318. Lelarané manungsa.

Manut ing dina lan pasaran wiwitaning lara neptu dina lan pasaran kagunggung, banjur kapètung; Sabda, Guna, Tirta, Wana, Lepas.
Déné lamun tiba:

1. Sabda, lara marga saka wicarané dhéwé, tetulaké slametan jenang abang, jenang putih, jenang baro - baro, jajan pasar sapepaké lan sega janganan.
2. Guna, lara marga saka panggawening wong, tetulake slametan jenang abang, jenang putih, jenang baro - baro, jenang palang (jenang abang ditumpangi jenang putih malang) lan jenang pliringan (jenang abang ditumpangi jenang putih ana ing tengah).
3. Tirta, lata marga saka banyu (angin), tetulak slametan; jenang abang, jenang putih, jenang baro - baro, jenang iréng, dhawet ireng lan opak angin. 4. Wana, lara marga saka lelembut, tetulaké slametan jenang abang, jenang putih, jenang baro - baro lan katul dithiwul
5. Lepas, lara marga kersaning Allah, minangka jalaraning pati, tetulaké slametan jenang abang, jenang putih, jenang baro - baro lan. sega golong lulut, (beras lan ketan diwor dadi siji didang banjur digawe golong), sega golong mau ing ngisor dilemeki endhok dadaran, sarta ing ndhuwur uga ditutupi nganggo endhog dadaran.



No. 319. Lelara.


Tetambané yèn lara, mituru dina lahire, yèn lahir ing dina :

Akad Dewané Sanghyang Éndra, Nabiné Adam, lelarané ampeg lan sirah. yèn lara ampeg tetambané empu kunir, kayu legi, bawang uyah. Déné yèn lara sirah tetambané manggar kambil ijo pilisna.
Senèn. Dewané Sanghyang Guru, Nabine Ibrahim, lelarané puser lan balung. Yèn lara puser tetambané kencur lan asem ginorèng lenga klenthik. Déné yèn lara balung tetambané godhong sujèn terus, sénthé, ujèn wulung. pala lan adas pulasari, dipipis wedhakna.
Selasa, Dewané Sanghyang Lodra, Nabiné Dawud, lelarané gulu lan sikil sarta dhugal. Yèn lara gulu lan sikil tambané: godhong terus, mrica lan bawang pinipisam wedhakna. Déné yèn lara dhugal tambané: dalima putih sawitan, tegesé oyodé, babakane wit, godhongé, kembangé lan wohe, wiji sawi, lan adas pulasari, dipipis binanyonan sathithik, banjur kauyup.
Rebo: Dewane Sanghyang. Mahadewa, Nabiné Musa, lelarane dhasar lan weteng. Yen lara dhasar, tambané; godhong sembukan, tumbar, mungsi lan lemah dibenem, pinipis wedhakna ing badan sakojur. Déné yèn lara weteng, tambané; kayu legi lan omah rayap, dipi; binanyonan sathithik, banjur kauyup. [ 230 ]Kemis, Dewane Sangyang Wisnu, Nabine Sis, lelarane tangan lan duduk utawa abuh. Yèn lara tangan tambané podhisari, murmakdaging, kencur, sintok, seprantu, mesoyi jinten ireng, pinipis binanyonan sathithik banjur kauyup. Déné yen lara duduk utawa abuh tambana godhog regulo lan dhedhes, pinipis kawedhakaké.

Jumuah,. Dewané Sanghyang Mahadéwé, nabine Muhammad, lelarane ngelu lan ati. Yèn lara ngelu tambané: manggar kambil ijo, adas pulasari, pinipis kapilisaké. Déne yèn lara ati tambané: wiji telasih lan uyah binanyonan kauyub.

Setu. Dewane Sanghyang Uma, Nabine Isa, lelarané marle su lan lambung. Yen lara marlesu tambane godhong sampang, paré bélungan, temu lan beras, kapipis banjur wedhakna. Déné yèn lara lambung tambanè : godhong tuju lan kerikan lan, kapipiş banjur diwedhakaké.



No. 320. Parané luru tamba wong lara, berkah Sunan Giri.
Dina Wetan Kidul Kulon Lor
Akad waras sonya lara pati
Senen sonya pati lara waras
Selasa waras lara sonya pati
Rebo pati sonya lara waras
Kemis waras sonya pati lara
Jumuah pati lara sonya waras
Setu waras waras pati lara


Katrangan Parané yèn golèk tamba miliha pernah kang tiba waras, upama dina Akad, parané Ngétan.




No. 321. Mijeti wong lara, berkah Sunan Kalijaga.


Yèn mijeti wong lara, pijetana dununging lerané, déné dunungé lelara mau manut wiwitaning krasa lara. Yên lara ing dina:

Akad larané ana ing dalamakan, pijetana dalamakané
Senèn " kentol " kèntolé
Slasa " pupu " pupuné
Rebo " puser " puseré
Kemis " Dhadha " dhadhané
Jumuah " gulu " guluné
Setu " rai " raine
[ 231 ]
NO. 322. Wiwitaning lelara.

Yèn wiwitane lara ing dina :

Akad, ginanggu sétan lawas sarasé sidhekaha kupat.
Senèn, duwe ujar, sidhekaha pitik kang satengah tuwuh.
Selasa, dipenggawé wong, lawas sarasé, tulakana tumpeng urubing damar.
Rebo, ginanggu setan samarabumi, mumuléa sega pulen.
Kemis, kena walating wong tuwa, susucia lan sindhekaha.
Jumuah, ginanggu kang mbau reksa ing longan - longan sajenana.
Setu, ginanggu sétan alas, mumuléa lan nunuwuna.
No. 323. Lelara miturut lahiré ing pasaran.

Yèn lahiré ing pasaran :

Legi, larané panastis, borèhana godhong wuli jeruk.
Paing, " muntah gising, borèhana godhong warna sanga.
Pon, " krekes - krekes, borèhana kembang kanthil.
Wagé, " weteng, borèhana godhong saba sawit.
Kliwon " ngrayung, borèhana godhong wringin.
No. 324. Wiwitan tekaning lelara,

Yèn wiwit tekané lelara ing pasaran :

Legi, borèhana godhong lampes lan jeruk
Paing, " " wringin lan bawang putih
Pon, " " apa apa lan bawang
Wagé, " " dlingo lan bawang
Kliwon, " " dhadhap srep.
No. 325. Slametan lan kang nambani.

Slametan lan kang nambani wong lara, miturut neptuné dina lan pasaran wiwitaning lara, yèn neptuné dina lan pasaran mau katemu:

7 utawa 13, lara saka paturon, slametané cengkaruk, lara ganjaraning Allah, wong wadon kang nambani.
8. " 14, lara saka banyu, slametané jenang malut, wong wadon utawa lurahé kang nambani.
9. " 15, lara saka pawuhan, slametané beras abang, kaum kang nambani.
10. " 16, lara saka kuburan, slametané mumulé luluhuré, dhayohé kang nambani.
11. " 17, lara saka ndalan, mbuwanga sajèn ing dalan prapatan, lara ganjaraning Allah, dhayohé kang nambani.
12. " 18, lara saka kakayon, slametané nganggo banyu tawa, lara ganjadaning Alloh, wong wadon kang nambani.
[ 232 ]
No. 326. Yen ana pageblug.

Prayoga turu sawisé Jam 1 bengi, sarta maca donga Ashadu sadat mutahar, si bapa kang murba wisésa, si buyung kempaling iman, si anak pencaring jama. Pangéran panalagama, kang bisa ngrata jagad, nyirep sakèhing penyakit, Pangeran karya kekuna, kang tulèn sajroning tulis, kang urip tan kena lara pati, urip langgeng purbawasésa, ya ingsun kang bisa ngucapake pasangat mutahar, ya ingsun Pangeran Purbaya, ingsun kawulané. Ashadu sadat sanghyang, kawula bumi jung langit, apa isiné, manungsa sajatining karsa, herlis sajatining sidik amanat tablèg, herna sajatining lawang rat gumilang. Ashadu sadat rohiman jati, sabeneré manungsa maya, Pangéran puter siwalan jatining tunggal, Ashadu sadat Allah, tuhu yahuwa. Mukamat warangkaning Allah, bismillah tanpa kawitan, sadat tanpa wekasan, kang urip tan kena ing lara pat:, urip langgeng salawase.
Luwih becik saben bengi sadurunge jam 12, ana ing latar karo maca donga kaping 40.



No. 327 Panengerané wong arep ajal.


Sasmita kang kawawas dening tinggal pribadi:

  1. Yèn sering rumangsa sayah anggoné urip, utawa rumangsa bosen ndeleng kahananing donya lan seding ngimpi lelungan mangalor, landa kurang: 3 tahun.
  2. Yen rumangsa kangen marang kang wis padha tinggal lan sering ngimpi dandan dandan omah, tandha kurang 2 tahun.
  3. Yèn sering weruh kang ora katon, tandha kurang 1 tahun.
  4. Yèn sering kasatmata sawantahing sipating netra pribadi, tandha kurang 9 sasi.
  5. Yèn sering krungu suwara kang ora tau krungu, kayata krungu rerasaning jim setan lan sato kèwan, tandha kurang 6 sasi.
  6. Yen sering mambu gandaning lelembut, ambuné kaya menyan kobar tuntung amis tandha kurang 3 wulan.
  7. Yen sering salin paningal, weruh banyu rupané abang, geni katon ireng, tandha kurang 2 sasi.
  8. Yèn panunggul lan driji manis, katekuk kapetelaké ing épék - épék, dariji manis kajungjung bisa kangkat, tandha kurang 40 dina.
  9. Yèn asta kawawas ing nétra karo, ugel - ugel katon pedhot, tandha kurang 1 wulan.
  10. Yèn weruh rupané dhéwé, tandha kurang 1/2 sasi.
  11. Yen wis lumuh ing samubarang, terkadang ora doyan mangan lan ora gelem turu, tandha kurang pendhak dina.
  12. Yen wis krasa gerah uyang terkadhang angethokaké tinja tahun lan tinja kalong utawa cacing kalung, tandha kurang 3 dina. [ 233 ]
  1. Yen saliring babahan hawa sanga sanga karasa ngetokake angin, tarkadhang darbe welas ing badane dhewe, tandha kurang 2 dina.
  2. Yen ototing ugel - uegel sikil wis kendho, lan sarandhuning Sarira angethokake riwe kumyus kaya kesayahen, tandha kurang 1 dina.
  3. Yen anggepok kulite ora krasa kumrisik, lan keteg kang ana ing asta wis ora ana, talingan wis ora muni gumreoeg, tandha wis wektune ninggal ing alam donya.




Sasmita kang kawistara ing liyan.
  1. Yèn linulu panguripané, tandha kurang 3 tahun.
  2. Yèn duwé lageyan owah saka adaté, tandha kurang 2 tahun.
  3. Yèn wis nganyar-anyari solah bawané, tandha kurang 1 tahun.
  4. Yèn wis salin kalakuané lan saling padatané, watak kereng dadi sareh, ing maune’ dhemen paraméyan, dadi karem ngasepi, lan sapanunggalané, tandha kurang 1/2 tahun.
  5. Yèn wawatekané bali bocah, tandha kurang 4 sasi.
  6. Yèn wis surem paningalé, tandha kurang 1 sasi.
  7. Yèn urubung nétra wis dhoyong, tandha kurang péndhak dina.
  8. Yèn ulate’ pucét, lan sonya mathine, kuping képleh, irung mingkup, grayanganing badan anyep, lan mambu gandaning sawa, tandha wis cepak tinggal donya.




No. 328. Dongan srabat.

Yèn ana wong lara, wacakna dongan srabat, insya Allah enggal saras, yèn pancen durung wektuné janji. Dongané : Alkamdulilahi robil ngalamin, alahuma, ini angabddubika bikolmati katamati kuliha, minarikil akmari wamina dail akbari finafsi wadami wala alahuakbar, alahuakbar, alahuakbar, birokmatika ya arkama rokim.




“No. 329 Sekarat suwé.

Yèn nunggoni wong arep mati sekaraté suwe, nuli maca'a donga mangkené: Bis longit, miltuhaya, Allah musna, walhistinja kang karihin, banyu suci rnetu saka pangkon Allah, banyu erang metu saka roh ilapi. dat sahadatu datolah, kedhop - kedhop bur les bur les bur les.




No. 330. Pal wong: ajal.
Akad,  wayahé  jam 9, 7, 11, 1, utawa 5 awan utawa bengi
Senèn, 
"
" 8, 10, 1, 3, utawa 5
Selasa, 
"
" 7, 10, 12, 2, utawa 5
Rebo, 
"
" 7, 9, 11, 2, utawa 4
Kemis, 
"
" 8, 11, 1, 3, utawa 4
Jumuah, 
"
" 8, 10, 12, 3, utawa 4
Setu, 
"
" 7, 9, 12, 2, utawa 4

[ 234 ]
No. 331. Yèn mayit mambu banger (bacin)

Maca'ạ donga mangkéné : Sir suci mulya Sejati, banyu urip kang winasuhan sumberan idayatolah, sir ganda raga arum hura heri, raga muliha karsa, karsa awor lan suksma, suksmaningsun sakudhuping mlathi, les angles ing lautan, suksma larah, suksma larih suksma mulya, raga tan kenar ari, hu dat les, hu dat les, hu dat les.

No. 332. Slametan wong mati.
Nyurtanah 3 dina 7 dina 40 dina 100 dina Mendhak Nyewu
Jm kl Ah pa Km lg Sl wg St wg Sn pn Rb wg
St lg Sn pn Jm pa Rb kl Ah kl Sl wg Km kl
Ah pa Sl wg St pn Km lg Sn lg Rb kl Jm lg
Sn pn Rb kl Ah wg Jm pa Sl pa Km lg St pa
Sl wg Km lg Sn kl St pn Rb pn Jm pa Ah pn
Rb kl Jm pa Sl lg Ah wg Km wg St pn Sn wg
Km lg St pn Rb pa Sn kl Jm kl Ah wg Sl kl
Jm pa Ah wg Km pn Sl lg St lg Sn kl Rb lg
St pn Sn kl Jm wg Rb pa Ah pa Sl lg Km pa
Ah wg Sl lg St kl Km pn Sn pn Rb pa Jm pn
Sn kl Rb pa Ah lg Jm wg Sl wg Km pn St wg
Sl lg Km pn Sn pa St kl Rb kl Jm wg Ah kl
Rb pa Jm wg Sl pn Ah lg Km lg St kl Sn lg
Km pn St kl Rb wg Sn pa Jm pa Ah lg Sl pa
Jm wg Ah lg Km kl Sl pn St pn Sn pa Rb pn
St kl Sn pa Jm lg Rb wg Ah wg Sl pn Km wg
Ah lg Sl pn St pa Km kl Sn kl Rb wg Jm kl
Sn pa Rb wg Ah pn Jm lg Sl lg Km kl St lg
Sl pn Km kl Sn wg St pa Rb pa Jm lg Ah pa
Rb wg Jm lg Sl kl Ah pn Km pn St pa Sn pn
Km kl St pa Rb lg Sn wg Jm wg Ah pn Sl wg
Jm lg Ah pn Km pa Sl kl St kl Sn wg Rb kl
St pa Sn wg Jm pn Rb lg Ah lg Sl kl Km lg
Ah pn Sl kl St wg Km pa Sn pa Rb lg Jm pa
Sn wg Rb lg Ah kl Jm pn Sl pn Km pa St pn
Sl kl Km pa Sn lg St wg Rb wg Jm pn Ah wg
Rb lg Jm pn Sl pa Ah kl Km kl St wg Sn kl
Km pa St wg Rb pn Sn lg Jm lg Ah kl Sl lg
Jm pn Ah kl Km wg Sl pa St pa Sn lg Rb pa
St wg Sn lg Jm kl Rb pn Ah pn Sl pa Km pn
Ah kl Sl pa St lg Km wg Sn wg Rb pn Jm wg
Sn lg Rb pn Ah pa Jm kl Sl kl Km wg St kl
Sl pa Km wg Sn pn St lg Rb lg Jm kl Ah lg
Rb pn Jm kl Sl wg Ah pa Km pa St lg Sn pa
Km wg St lg Rb kl Sn pn Jm pn Ah pa Sl pn

Katrangan : Saupama wong mati dina Km. wg. (mriksanana kolom ing ngisor dhéwé) iku 3 dinané tiba St. Lg., 7 dinané tiba Rb. kl. 40 dinané tiba Sn. pn. 100 dinané tiba dina Jm. pn. Mendhak tiba Ah. pa. Nyewu tiba dina Sl. pn. Mangkono sabanjuré.

Tegesé : Jm = Jumuah, St = Saptu, Ah = Ahad, Sn = Senèn, Sl = Selasa, Rb = Rebo, Km = Kemis.

Tegesé : Kl = kliwon, Lg= Legi, Pa = Paing, Pn = Pon, Wg =Wagé. [ 235 ]
No. 333. Pangupakarané layon

Layon kang mripate durung merem dieremake. Cangkemé kaingkemaké sarana kacu, kataliaké ing jangut kaolèhaké sirah. Tangan kasidha­kepaké ing weteng sisih kiwa, èpek-èpek tangan tengen katumpangake ing èpek-èpek tangan kiwa. Sikil kasalonjoraké kang lurus aja nganti nekuk.

Sawisé banjur: didusi, dongané: Nawètu ada'a farheilil gasli hadlal mayit. Yèn wis resik banjur diwuloni, dongané: Nawètu ada'a wudlu man hadlal mayit, Banjur dilap nganggo andhuk.

Layon banjur dielih ing papan kang wis disedhiakaké. Layon sadurungé dibuntel, ing embun-embunan lan sakabèhing bolongan; mripat, irung, kuping, lan bibé ngisor dhuwur (nutupi cangkem), wudel, jubur, ing wuwadi apadéné ing sakabèhing ros-rosan padha ditutupi kapuk kang diwur-wuri kèriklan utawa bubukan cendhana, sawisé banjur dibuntel lawon utawa mori. (dipocong).

Yèn wis rampung banjur diselèhaké ing bandhosa sarta karengan sepantesé, banjur disalataké, dongané :

Berikut adalah transkripsi teks dari gambar yang Anda unggah:

  1. Usoli ala zinazati fardlan lilahi ta'ala.
  2. Takbir
  3. Alfatékah.
  4. Takbir.
  5. Slawat Nabi.
  6. Takbir
  7. Allahuma firlahu warkhamhu wa’a finii wa fu’anhu, iku layon lanang. Déné yèn layon wadon : Allahuma firlahu wakhamha wa’a finii wa fu’anha.
  8. Takbir.
  9. Allahuma la tukharimma ajrahu wala lafina badahu wag firlana wallahu.
  10. Salam nolèh manengen lan mangiwa.

Yèn wis samekta banjur diangkataké marang kuburan. Déné enggoné ngubur yaiku: layon kacemplungaké ing kaluwat (luwang) anggoné nurokaké rada miring mangulon, rai kabukak lan rada sumungkem mangisor. Supaya layon ora kurugan lemah, sandhuwuring layon kira-kira 3/4 M. saka ngisor ditutup watu, blabag utawa diglogor (nganggo pring) banjur diadani. Sarèhné adan wis lumrah dirungu, ing kéné adan ora kapratélakaké uniné.

Sabubaring adan banjur nyawuraké lemah kaping pindho, nyawuur sapisan muni: minha khalaknakun, kapindhoné muni: wafihna, nui i'dukun.

Luwangan banjur dirungi, sarampungé banjur ditelkim, uniné Ya'abdallah-lahibnu abdiyalahi; ud kuril ahdaladi kunta allaihi fiddarid dunya, waka rojita illa daril khairat, ida sa akal malakamil ha'ilani.


[ 236 ]

yu kalu lahuma munka run wa nakirun fala yuhauwi laka wala yujijaka fainnahumma khalkun minkhalkillahi ta'ala mitsluka, wa ida sa alaka man rabuka wama nabiyuka, wama imamuka, wama ikhwamuk, fakul Allahu robi wa mukhhammadun nabiyi, wa Islamu dinni wal kakbatu keblati wa qur'an imami wal musti muna wal muslimat ikhwani, tsahbatakallahu bil kaulits tsabiet, yutssabbitutullahul ladsina amanu bil kauli tsabiet, fil khayati dunya wa fil akhirat.


No. 334. Ngirim luluhur.

Ing saben wulan Ruwah wiwit tanggal 15 tumekané 30 Ruwah mangsané ngirim sekar (kembang) maring luluhur kang wis sumaré bapa biyung kaki - nini sapanhuwure.
Sawisé lumebu ngancik pakarangan kuburan banjur muni; Bismillahirrokhmanirrokhim, assalamu ngalaikum, biyen ana ngembanané ratu, biyen éling, saiki lali, élinga marang awakku, dadi teguh rahayu slamet, salallahu ngalaihi wasalam.
Sawisé tekan kuburan kang dikirim sekar, banur lungguh ing sacedhaké kijing utawa mahejan karo nyekel menyan kan banjur dicemplungaké ing geni kang winandhahan anglo kang wis mengangah, karo muni Sang galingganjati araning menyan, winurjati urubing menyan, dakjaluk gawemu minangka bektiku marang bapa biyungku (ngirim sekar. bapa biyu), kaki niniku (ngirim sekar kaki nini) luluhurku (ngirim sekar mbah buyut sapandhuwur). Urubing menyan gebyar gebyar umanjing swarga, tinampan bapa biyungku, kaki niniku, utawa luluhurku. Kula sowan caos bekti lan nyuwun Pangestu wilujeng, lan kasembadana saliring sedya, cinelaka ing Pangeran.
Sawisé mangkono banjur maca donga kubur, yen ora bisa kena mung. Inaca patekan kaping 3, kulhu kaping 3, slawat kaping 3. Déné yèn uga ora bisa prayoga neneng karo ngeremaké mripaté, aja nggagas apa-apa. Sawisé sawatara suwe banjur ngabekti (ujung ing kijing) nuli nyelehaké sekar ana ing sandhuwuring kijing, lumrahé sekar mau yaiku mawar, kenanga, mlati, kanthil, lan tlasih.
Kajaba iku ing wulan Ruwah, sajroné tanggal 15 tumekané tanggal 30 Ruwah, lumrahé lumintu padha gawé slametan mumulé luluhur kang wis sumaré mau. Wujudé; ketan, kolak lan apem diwenehaké maring sanak saduluré lan tangga teparo.


[ 237 ]
No. 335. Kapethuk layon.

Yèn kapethuk layon kudu mandheg lan banjur muni : Assalamungalaikum, sawanwangké samparwangké, taliwangké; lepasa parané, jembara kubure lan pinaringana rokhmat diaku umating Allah, kang lunga slamet kang kari slamet.




No. 336. Faidatun donga akhir tahun

Sing sapa wongé maca kaping 7, ing saben-saben dina pungkasning tahun, wong iku ora mati ing sajroning tahun kang arep dilakoni, lapalé kaya ing ngisor iki :

Kabiyatullahu, wanilonal wakilu nikmal waula wanikmanasir Subkana lahumil ulmijani wamuntohal ngilmu wamab lagori dowajinal ngarsi lamanjawalamalja anminalahi ilai lahi subkanallohi ngadadasafngi walwattriwa ngadada kalimati tamati kuliha sa'atkasalamata birokmatika ya'arkamarokimin wala kaola walakuwata ila billahi ngaliyil ngadim, wahuwa kasbi wanikmal wakilu nikmal maula wanikmanasir wWasalahu ngala sayidina mukhamamadin wa'alihi wasokbihi wasalaim.




No. 337 ILMU NUJUM.

Lakuning pitakon Ilmu Nujum iki :

Pitakonan IImu Nujum iki, sarana aksara A-U, a ksara mau karepaké. Saupama pitakon kang kasebut ing angka II ngisor iki yaiku : Kabegjanku Tumeka apa ora. Banjur angeningaké cipta karo merem sawisé sawatara suwéné, banur njupuk salah sijining aksara-sakecandhaké baé, uga ijih karo merem.

Saupama panjupuké oleh aksara B. banjur mriksanana daftar pitalonan lan wangsulan ing suwalik iki. Saka aksara B kaurut mangiwa tumeka angka apeneré kolom angka II Yaiku angka kang dadi jejering pitakonan, ing Kono katemu angka 3. Banur mriksanana wangsulaning pitakon bagéan 3. aksara B. Ing kono oléh wangsulan Tumekaneé kabegjan ijih suwé Mangkono sabanjuré.




PITAKONAN 21 BAB
I. Karepku bisa kasembadan apa ora.
II. Kabegjanku tumeka apa ora.
III. Anggonku dol tinuku bathi apa ora.
IV. Kabegjanku ana ing kene apa ing negara liya.
V. Wong kang wis lunga bisa mulih apa ora.
VI. Barang kang ilang bisa katemu apa ora.
VII. Sanak iku slamet atine apa ora.
VIII. Wong lumaku slamet apa ora.
IX. Wong iku dhemen marang aku apa ora.
X. Ningkahan iku becik apa ora.


[ 238 ]

XI. Jodhodhoan lanang wadné oleh rupa becik apa ora.
XII. Wong meteng-meteng metu lanang apa wadon.
XIII. Wong lara bisa waras apa ora.
XIV. Wong kasusahan oleh pangapura apa ora.
XV. Dina iki akèh sangkalane apa ora.
XVI. Impèn iku becik apa ora.
XVII. Keduten iku becik apa ora.
XVIII. Ing dharatan apa ing lautan olehing kauntungan.
XIX. Wong papadon (prakaran) iku kalah apa menang.
XX. Wong kang perang urip apa mati.
XXI. Wong pegatan bisa balèn apa ora.




Daftar pitakonan lan wangsulan 21 bab
XXI XX XIX XVIII XVII XVI XV XIV XIII XII XI X IX VIII VII VI V IV III II I
21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 A
1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 B
2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 C
3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 D
4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 E
5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 F
6 5 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 7 G
7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 H
8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 I
9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 J
10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 K
11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 12 L
12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 13 M
13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 14 N
14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 15 O
15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 16 P
16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 17 Q
17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 18 R
18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 19 S
19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 20 T
20 19 18 17 16 15 14 13 12 11 10 9 8 7 6 5 4 3 2 1 21 U
[ 239 ]
Wangsulan pitakonan bagéan 1.

  1. Karepé bisa kasembadan
  2. Ora nganti pegatan
  3. Kang perang ora mati mung tatu.
  4. Ing dina iku asor mati wicarané antinen liya dina.
  5. Kauntungane ana ing lautan
  6. Koduten arep ana kabar kasusahan
  7. Impen arep kasusahan
  8. Dina iki akèh cilakané.
  9. Kasusahan oleh pangapura.
  10. Lalara dadi patine.
  11. Kang meteng metu wadon slamet.
  12. Lanang rabi ayu, wadon laki ala..
  13. Ningkahan akeh cilakané
  14. Lahire baé becik, batiné ora dhemen
  15. Ing dina iku nemu slamet.
  16. Sanak iku atine ora bener.
  17. Ora ilang, alon-alon bakal ketemu.
  18. Wong kang lunga lawas mulihé.
  19. Kabegjane ana ing liya negara.
  20. Sajroning sasi iki kapitunan.
  21. Kasegjan ora tumeka.




Wangsulaning pitakonan bagéan 2.
  1. Kauntungan oleh ing nagara liya.
  2. Yèn ora ketulungan, karepé ora kasembadan.
  3. Bisa balen, sabanjuré ora bisa pisah.
  4. Kang perang dadi ing patine.
  5. Paduné ora kalah, nanging cucul dhuwit akèh.
  6. Kauntungane ana ing dharatan.
  7. Keduten arep ketemu sanaké.
  8. Impén arep tampa dhuwit.
  9. Dina iki ora ana sangkalané.
  10. Ora oleh pangapura, tumiba ing bilai.
  11. Lalara iku enggal saras.
  12. Metu lanang dawa umuré.
  13. Lanang rabi ala, wadon laki bagus.
  14. Ningkahan iku becik, aja lali wong tuwané
  15. Aja lumaku, ora becik, nemu cilaka.
  16. Sanak iku atiné bener.
  17. Barang ilang dijupuk sentanané, ora ketemu
  18. Wong lunga enggal mulih..
  19. Kabegjan tumiba kéné.
  20. Bakal oleh babathen.
[ 240 ]
Wangsulaning pitakonan, bagéan 3.
  1. Ora bathi, marga wadoné kang dadi rugi.
  2. Tumekane kabegjan ijih suwé.
  3. Karepe kasembadan, nanging kacingkrangan
  4. Pegatan énggal balèn.
  5. Kang perang unggul lan tumuli teka.
  6. Paduné menang lan ora kelangan.
  7. Ing dharatan oleh untung, nanging sathithik.
  8. Keduten arep tampa kiriman barang.
  9. Impèn iku ora becik kadadéané.
  10. Dina iku ana sangkalané, nanging siji kang dadi.
  11. Sapisan iki dingapura, mburi kèri ora.
  12. Kang lara katulungan, nanging suwé warasé.
  13. Metu wadon cendhak umuré.
  14. Lanang rabi ala, wadon laki bagus.
  15. Ningkahan ora becik kadadéané.
  16. Wong iku katoné asih, nanging gawé cilaka.
  17. Yèn lumaku dina iki slamet.
  18. Sanak iku kena uga dipercaya.
  19. Barang ilang ora ketemu.
  20. Wong kang lunga énggal teka.
  21. Ing kéné ora oleh kabegjan.


Wangsulaning pitakonan bagéan 4.


  1. Kabegjan méngko tumiba ing nagara kéné.
  2. Nemu kapitunan sathithik.
  3. Kabegjan tumeka, nanging sathithik.
  4. Karepe kasembadan, nanging dijaili.
  5. Pegatan ora niyat balen.
  6. Kang perang tatu, bisa uga mati.
  7. Papadon ora bisa rampung tumuli.
  8. Ing dharatan bisa uga untung ora kaharu - biru.
  9. Kedut adep oleh kabar saka sanak.
  10. Impèn iku becik.
  11. Dina iku adoh sangkalané, nemu slamet.
  12. Kasusahan ora oleh pangapura.
  13. Becik disedhiani, bisa uga mati.
  14. Metu lanang uga ora miturut wong tuwa.
  15. Lanang rabi ayu, wadon laki ala.
  16. Ningkahan iku becik.
  17. Ora dhemen lan neja gawé susah
  18. Yèn lumaku dina iki slamet.
  19. Sanak iku ora slamet atiné, niniwasi.
  20. Barang ilang énggal katemu.
  21. Wong kang lunga ora mulih yèn durung rabi.
[ 241 ]
Wangsulan pitakonan bagéan 1.


  1. Karepé bisa kasembadan
  2. Ora nganti pegatan
  3. Kang perang ora mati mung tatu.
  4. Ing dina iku asor mati wicarané antinen liya dina.
  5. Kauntungane ana ing lautan
  6. Koduten arep ana kabar kasusahan
  7. Impen arep kasusahan
  8. Dina iki akèh cilakané.
  9. Kasusahan oleh pangapura.
  10. Lalara dadi patine.
  11. Kang meteng metu wadon slamet.
  12. Lanang rabi ayu, wadon laki ala..
  13. Ningkahan akeh cilakané
  14. Lahire baé becik, batiné ora dhemen
  15. Ing dina iku nemu slamet.
  16. Sanak iku atine ora bener.
  17. Ora ilang, alon alon bakal ketemu.
  18. Wong kang lunga lawas mulihé.
  19. Kabegjane ana ing liya negara.
  20. Sajroning sasi iki kapitunan.
  21. Kasegjan ora tumeka.




Wangsulaning pitakonan bagéan 2.


  1. Kauntungan oleh ing nagara liya.
  2. Yèn ora ketulungan, karepé ora kasembadan.
  3. Bisa balen, sabanjuré ora bisa pisah.
  4. Kang perang dadi ing patine.
  5. Paduné ora kalah, nanging cucul dhuwit akèh.
  6. Kauntungane ana ing dharatan.
  7. Keduten arep ketemu sanaké.
  8. Impén arep tampa dhuwit.
  9. Dina iki ora ana sangkalané.
  10. Ora oleh pangapura, tumiba ing bilai.
  11. Lalara iku enggal saras.
  12. Metu lanang dawa umuré.
  13. Lanang rabi ala, wadon lak! bagus.
  14. Ningkahan iku becik, aja lali wong tuwané
  15. Aja lumaku, ora becik, nemu cilaka.
  16. Sanak iku atiné bener.
  17. Barang ilang dijupuk sentanané, ora ketemu
  18. Wong lunga énggal mulih.
  19. Kabegjan tumiba kéné.
  20. Bakal oleh babathen.

[ 242 ]
Wangsulaning pitakonan bagéan 3.
A. Ora bathi, marga wadoné kang dadi rugi.
B. Tumeka­ne kabegjan ijih suwé.
C. Karepé kasembadan, nanging kacingkrangan.
D. Pegatan énggal balén.
E. Kang perang unggul lan tumuli teka.
F. Paduné menang lan ora kelangan.
G. Ing dharatan oleh untung, nanging sathithik.
H. Keduten arep tampa kiriman barang.
I. Impèn iku ora becik kadadéané.
J. Dina iku ana sangkalané, nanging siji kang dadi.
K. Sapisan iki dipangapura, mburi kéri ora.
L. Kang lara katulungan, nanging suwé warasé.
M. Metu wadon cendhak umuré.
N. Lanang rabi ala, wadon laku bagus.
O. Ningkah­an ora becik kadadéané.
P. Wong iku katoné asih, nanging gawé cilaka.
Q. Yèn lumaku dina iki slamet.
R. Sanak iku kena uga dipercaya.
S. Barang ilang ora ketemu.
T. Wong kang lunga énggal teka.
U. Irig kéné ora oleh kabegjan.




Wangsulaning pitakonan bagéan 4.
A. Kabegjan méngko tumiba ing nagara kéné.
B. Nemu kapitunan sathithik.
C. Kabegjan tumeka, nanging sathithik.
D. Karepé kasembadan, nanging dijalili.
E. Pegatan ora niyat balén.
F. Kang perang tatu, bisa uga mati.
G. Papadon ora bisa rampung tumuli.
H. Ing dharatan bisa uga untung ora kaharu-biru.
I. Kedut adep olèh kabar saka sanak.
J. Impèn iku becik.
K. Dina iku adoh sangkalané, nemu slamet.
L. Kasusahan ora olèh pangapura.
M. Becik disedhiani, bisa uga mati.
N. Metu lanang uga ora miturut wong tuwa.
O. Lanang rabi ayu, wadon laki ala.
P. Ningkah­an iku becik.
Q. Ora dhèmen lan neja gawé susah.
R. Yèn lumaku dina iki slamet.
S. Sanak iku ora slamet atiné, niniwasi.
T. Barang ilang énggal katemu.
U. Wong kang lunga ora mulih yèn durung rabi.
[ 243 ]
Wangsulaning pitakonan bagéan 5.
A. Kang lunga énggal teka, nanging lunga maneh.
B. Ngaliha saka kéné, begjané ing liyan nagara.
C. Tansah nemu babathen.
D. Yèn tanpa kanca, begjané ora katampa.
E. Kakarepané saka karepé kasembadan.
F. Pegatan saka karepé dhéwé, ora bisa balèn.
G. Kang perang begja nemu kasinggihan.
H. Padu ora putus dhéwé.
I. Ing dharatan akèh alangané, becik ing lautan.
J. Keduten arep padu karo sanak kang wis becik.
K. Impén iku ora becik.
L. Dina iki cepak sangkalané.
M. Kasusahan tumuli sirna.
N. Wong lara tumeka sirna.
O. Metu lanang cepak cilakané.
P. Lanang rabi ala, wadon laki bagus.
Q. Ningkahen aja ramé-ramé murih slameté.
R. Wong iku dhemen salawasé.
S. Yèn lumaku dina iki nemu kasusahan.
T. Sanak iku duwé karep marang rabimu.
U. Barang ilang dijupuk wong wadon.



Wangsulaning pitakonan bagéan 6.
A. Barang ilang dijupuk sanaké kang wis becik.
B. Enggal mulih, saiki lagi nerangaké prakara.
C. Ana ing ngendi baé ora nemu begja, marga atiné ora temen.
D. Ing saiki nemu kapitunan.
E. Kabegjané durung tumeka.
F. Kakarepané ora kasembadan.
G. Pegatan ana kang nyetani, bisa uga balèn.
H. Kang perang mati lan ilang sirahé.
I. Padu ora rampung tumuli.
J. Kauntungané ana ing lautan.
K. Keduten arep katekan sanaké kekasih.
L. Impén arep nemu kacilakan.
M. Ing dina iki ado sangkalané.
N. Ora oleh pangapura, tumeka billahi.
O. Kang lara énggal waras.
P. Metu wadon gawe' kamlaratan.
Q. Aja sida ningkah, marga akeh kang njalili.
R. Oleh rabi becik bisa nguripi.
S. Sanajan uga dhemen nanging atiné ora bener.
T. Aja lumaku dina iki akeh begalané.
U. Sanak iku ora bener atiné.
[ 244 ]
Wangsulaning pitakonan bagéan 7.
A. Sanak iku dhemen gawé cilakaning wong.
B. Barang ilang ora ketemu, dijupuk wong lanang.
C. Wong kang lunga énggal mulih.
D. Kabegjan ora tumiba ing kéné.
E. Bakal oleh bathaten akèh.
F. Kabegjan arep tumeka, nanging margané susah.
G. Kena diarep-arep, nanging aja diaya-aya.
H. Pegatan ora niat balèn.
I. Kang perang kataton, nanging ora mati.
J. Padu iku suwe olèhé putusan.
K. Ing dharatan lan ing lautan tansah oleh untung.
L. Kedut arep tampa rizeki.
M. Impen iku becik, arep nampa seneng.
N. Dina iki ana wong siji kang gawé cilaka.
O. Ana wong gedhé nulungi, kasusahan énggal luwar.
P. Ora susah ditambani, bakal waras dhéwé.
Q. Metu lanang, sugih begja.
R. Bisa rabi ayu, nemu kauntungan.
S. Ningkahen iku becik, nanging ing mburi susah.
T. Wong iku dhemené marga ana sababé.
U. Rong dina éngkas lumaku, becik.




Wangsulaning pitakonan bagéan 8.
A. Yèn lumaku sapungkuré dina iki, becik.
B. Sanak iku duwé lara ati saka kowé.
C. Barang ilang yèn digoleki bisa ketemu.
D. Ora mulih, sabab ana kang dadi ati.
E. Lunga'a saka kéné supaya nemu begja.
F. Sebab saka wong, bakal nemu kapitunan.
G. Kabegjan wus cepak.
H. Kang dikarepake ora kasembadan.
I. Pegatan, ora niat balèn.
J. Kang perang mati, ilang layoné.
K. Padu iku banget susahé.
L. Ing dharatan suwé-suwé nemu kauntungan.
M. Keduten ngalamat adoh begjané.
N. Impen bakal nemu kasusahan.
O. Ana sangkalané, nanging ana kang tulung.
P. Nyuwuna pangapunaring Allah.
Q. Kang lara tambana ing nagara liya.
R. Metu lanang mbesuk dipangan macan.
S. Oleh rabi ayu nggawa arta.
T. Yèn ora liwat sasi iki, ningkahen becik.
U. Wong iku benci kabatinan.
[ 245 ]
Wangsulaning pitakonan bagéan 9.

A. Wong iku uga dhemen.
B. Sapuluh dina éngkas lumakua, becik.
C. Sanak iku slamet atiné lan asih maring sira.
D. Barang ilang ijih ana sajroning omah.
E. Kang lunga énggal mulih, nanging nandhang lara.
F. Aja lunga, begjamu arep tumeka ing kéne.
G. Bakal olèh babathèn marga saka sanakmu.
H. Kabegjan ora tumeka, malah nemu susah.
I. Kakarepanmu bisa kasembadan.
J. Pegatan ora bisa balèn, ana kang nyétani.
K. Kang perang oleh kabegjan lan kahormatan.
L. Padu putusé ing negara liya.
M. Ing dharatan lan ing lautan oléh kauntungan.
N. Keduten arep olèh rijeki.
O. Impen arep olèh kasusahan.
P. Dina iki ana wong siji gawe sengkala.
Q. Ora olèh pangapura.
R. Kang lara tumeka pati.
S. Metu wadon ala lakuné.
T. Oleh rabi miskin, nanging becik.
U. Ningkahan telung sasi manéh nemu becik.



Wangsulaning pitakonan bagéan 10.

A. Ningkahan aja sajroning tahun iki.
B. Wong iku dhemen marang kowé.
C. Lumakua ing dina Akad, dina liyané ora kena.
D. Sanak iku benci kebathinan.
E. Kang njupuk wong wadon, diwènèhaké wong liya.
F. énggal teka lan bungah atiné
G. Kabegjané ana ing nagara liya.
H. Sajroning 3 sasi banget katunan.
I. Kabegjané ora tumeka yen ora ditulung wong.
J. Kakarepané ora bisa kasembadan.
K. Pegatan saka sanak saduluré, durung niat balen.
L. Kang perang nandhang lara.
M. Padu putusé ana ing nagara.
N. Ing dharatan lan ing lautan oleh untung, nanging ana kang nyegah.
O. Keduten bakal kesusahan.
P. Impen bakal kasusahan.
Q. Tanpa sangkala, lan wong wadon gawé keuntungan.
R. Kurang 7 dina olèh pangapura.
S. Kena diarep arep warasé, nanging reksanen dèn becik.
T. Metu lanang, dipundhut wong gedhé.
U. Rabi ayu tur sugih, nanging nglarakaké ati. [ 246 ]A. Rabi ayu becik lakuné.
B. Ningkahan ing sajroning tahun iki oleh kabecikan.
C. Wong iku becik marang sira.
D. Yèn ora dina Selasa aja lumaku.
E. Katoné ala nanging slamet atiné
F. Barang ilang dijupuk wong lanang, wis diedol.
G. Énggal mulih lawan susah atiné.
H. Tibaning kabegjan dalané susah.
I. Uga bathi olèhé saka wong wadon.
J. Kabegjan meh tumeka ana negara kené.
K. Kakarepané bisa kasembadan.
L. Pegatan marga sanaké wadon, durung niat balèn.
M. Kang perang tatu pupuné.
N. Padu iku putus sajroné 3 sasi.
O. Tahun iki ing dharatan lan lautan ora oleh kauntungan.
P. Kedut arep ana dhayoh wadon awèh untung.
Q. Impen arep diundhang ramé - ramé
R. Dina iki bakal nemu pangapura.
S. Kasusahan ora olèh pangapura.
T. Wong lara ora ana tambané, yèn seneng dadi waras.
U. Metu wadon dawa umuré, laki wong gedhé.

Wangsulaning pitakonan bagéan 12

A. Metu lanang, nanging musakat.
B. Rabi oleh trahing ngaluhur, nanging gawè mlarat.
C. Ningkahan ana dhemené ana orané, akeh sangkalané.
D. Wong iku ora pati dhemen.
E. Yèn lumaku aja kongsi kliwat jam 10.
F. Sanak iku mung arep ngarahi baé.
G. Barang ilang wong wadon kang njupuk, ora katemu.
H. Kang lunga énggal teka suka suka, nanging lunga maneh.
I. Begjane ana, nanging enggal lungané.
J. Ing sasi iki ana babethèné.
K. Ing kéné kana ana begjané
L. Kekarepané mengko kasembadan
M. Pegatan bisa balèn.
N. Kang perang nandhang lara banget.
0. Padu iku énggal putus.
P. Tahun iki keuntungané ana kéné baé.
Q. Kedut arep kacilakan marga wong wadon.
R. Dina iki akèh sengkalané.
S. Ngimpi arep diundang wong gedhé kasusahan.
T. Kasusahan olèh pangapura.

U. Kang lara yèn ora olèh pitulungan tumeka ing pati.
[ 247 ]
Wangsulaning pitakonan bagean 13.


A. Kang laraenggal saras.
B. Melu lanang gawe mlaraté wong tuwo.
C. Lanang rabi séjé bangsa, wadon laki nunggal bangsa.
D. Ningkahan katon asih, nanging ngarahi.
E. Dhemen nanging ana pangarahe.
F. Kang lumaku suwe, sebab 'nemu padu.
G. Sanak iku duwé karep, becik jaganen.
H. Barang ilang ijih ana sajroning omah.
I. Wong kang lunga, lawas tekané.
J. Kabegjan tumeka ing kene.
K. Tahun iki oleh kauntungan.
L. Tumekane kabegjan ijih suwé.
M. Kakarepan ora kasembadan.
N. Pegatan ora balen, marga pasulayang gedhe.
O. Kang perang enggal teka.
P. Padu iku dadi cilakane.
Q. Tahun iki ing dharatan ora oleh kauntungan.
R. Keduten arep oleh kiriman.
S. Impèn arep diundang wong prakaran
T. Dina iki ora ana sangkalane.
U. Kasusahan oleh pangapura.


Wangsulaning pitakonan bagean 14.


A. Kasusahan ora oleh pangapura.
B. Wong lara ngenteni tamba saka nagara liya.
C. Metu wadon gedhe begjane.
D. Lanang rabi, sugih, wadon laki mlarat.

E. Ningkahan iku dhemen, nanging ora laras,
F. Wong iku dhemen, nanging ana kang nyétani.
G. Yen lumaku antinen mbésuk emben.
H. Sanak iku slamet atine.
I. Barang ilang ijih, golèkana dhisik.
J. Kang lunga arep mulih, nanging ana kang nyegati.
K. Kabegjan tumiba ing kené, nanging akèh kang ngalang alangi.
L. Ora oleh babathèn.
M. Kabegjan wus cepak tumekane.
N. Kakarepan énggal kasembadan.
0. Pegatan ora bisa balen.
P. Kang perang mati saka kancané dhewe.
Q. Padu ora dadi sebab apa apa.
R. Tahun iki kauntungan ora ana ing dharatan lan lautan, nanging ing Nagara liya.
S. Keduten nemu kabar saduluré mati.
T. Impèn arep diundang wong duwe gawé.


U. Dina iki akeh sangkalané marga wanita. [ 248 ]
Wangsulaning pitakonan bagéan 15.
A. Dina iki akèh sangkalané, marga suka-suka.
B. Kasusahan ora oleh pangapura.
C. Kang lara angel warasé.
D. Metu wadon kang tuwa énggal mati.
E. Lanang rabi, ala wadon laki bagus.
F. Ningkahen becik salawasé.
G. Wong iku dhemené mung 3 sasi, banjur benci.
H. Dina iki kena lumaku.
I. Sanak iku slamet atiné.
J. Barang ilang wong wadon kang njupuk, ora ketemu
K. Kang lunga 3 utawa 7 dina bakal teka.
L. Kabegjanira ora oleh, aja diarep-arep.
M. Ora bathi marga wong wadon.
N. Yèn ora oleh pitulungan kabegjan ora turneka.
O. Kakarepan kasembadan ing nagara liya.
P. Pegatan saka calathuné dhéwé durung nikah balèn.
Q. Kang perang nemu begja lan kagomartan.
R. Padu putus ana tangané dhéwé.
S. Ing dharatann lan lautan taun iki oleh kapitunan.
T. Keduten tampa kabar sanaké kawin.
U. Impén becik ora ana sakara-kara.


Wangsulaning pitakonan bagéan 16.
A. Impen arep diundhang wong kepaten.
B. Dina iki ana rong prakara sangkalane.
C. Kasusahan ora oleh pangapura, tumeka apese.
D. Wong lara sanajan waras, nanging lara maneh.
E. Metu lanang, wong tuwané ora dawa umuré.
F. Lanang rabi ayu, wadon laki ala.
G. Ningkahan ora becik, akeh sulayané.
H. Wong iku dhemen, nanging banjur gething.
I. Yèn lumaku pangkat jam 1 awan, slamet.
J. Sanak iku becik, nanging duwé karep.
K. Barang ilang ketemu, kang nyolong bingung.
L. Kang lunga énggal mulih, nanging bali manèh.
M. Kabegjan énggal tumiba, sarta sugih anak.
N. Ora oleh bathi, sabab kauntungané ketemu dhisik.
O. Begjané bisa tumeka, marga saka pawongan sanak.
P. Kakarepané bisa kasembadan.
Q. Pegatan bisa balèn amarga saka anak.
R. Kang perang nemu bilai, ketaton.
S. Padu putusé ana negara.
T. Tahun iki tuna, aja lunga.
U. Kedut arep padu, kena prakara wong agung.
[ 249 ]
Wangsulaning pitakonan bagéan 17.
A. Kedut arep nemu papa, kena prakara wong gedhé.
B. Impen arep ana wong dhemen.
C. Dina iki jaganen kang becik, ana babaya teka.
D. Wong kasusahan énggal oleh pitulungan.
E. Wong lara aja disedhihi, ora dadi babaya.
F. Metu wadon, wong tuwané susah.
G. Lanang rabi ayu, wadon laki ala.
H. Ningkahan ora lawas pisahan.
I. Wong iku dhemené mung pupulasan.
J. Dina iku lumakua, becik.
K. Sanak iku ora slamet, bakal gawé kasusahan.
L. Barang ilang dijupuk wong lanang, ilang lariné.
M. Wong kang lungo énggal teka slamet.
N. Aja ninggal nagara kené, begjané arep teka.
O. Olèh babethen saka wong wadon.
P. Kabegjan ora tumeka.
Q. Kakarepané ijih lawas kasembadané.
R. Pegatan marga sanaké nyetani, durung niat balèn.
S. Kang perang ketaton badané.
T. Padu suwé, marga wong gedhé nganiaya.
U. Kauntungané ana nagara liya ing dharatan lan lautan.




Wangsulaning pitakonan bagéan 18.
A. Kauntungané ana ing dharatan.
B. Kedut marga mungsuhé éling becik mring sira.
C. Impèn arep tampa dhuwit.
D. Dina iki ora ana sangkalané.
E. Kasusahan saka anake dhéwé.
F. Kang lara tumuli waras.
G. Metu lanang cendhak umuré.
H. Lanang rabi ala, wadon laki bagus.
I. Ningkahan iku becik, nanging ora suwé.
J. Dhemene wong iku marga perjanjian.
K. Dina iki akeh cilakané yèn lumaku wayah asar.
L. Sanak iku bener, marga éling ing kabecikan.
M. Barang ilang ora katemu, wong wadon kang njupuk.
N. Kang lunga énggal teka, lagi mampir ing dalan.
O. Manggonana nagara kang akeh gunungé, iku enggon kabegjan.
P. Bakal katunan, sabab rewangé salah.
Q. Kabegjan wus perak tekané.
R. Kakarepané énggal kasembadan.
S. Pegatan ora énggal dibalèni.
T. Kang perang kataton guluné.
U. Padu énggal kaputus, nanging sira dhéwé salah.



[ 250 ]
Wangsulaning pitakonan bagéan 19.
A. Padu iku menang nanging cucul arta akèh.
B. Kauntunganira ana ing lautan.
C. Keduten apa kang dikarepaké katurutan.
D. Impèn iku arep nemu suka-suka.
E. Yèn ana omah baé dina iki ora ana sangkalané.
F. Kasusahan oleh pitulungan wong liya.
G. Wong lara dadi patiné, marga kurang seneng atiné.
H. Metu lanang, bapaké kalah.
I. Lanang rabi ala, wadon laki bagus.
J. Ningkahan iku ora suwé pegat.
K. Wong iku dhemené mung sadhéla baé.
L. Yèn lumaku dina iki kacilakan, mangkata jam 9 ésuk.
M. Sanakmu ora becik, biyèn wis sulaya.
N. Barang kang ilang katemu, nanging dadi prakara.
O. Kang lunga arep mulih, sadhiyanana wragad.
P. Wektu iki nagara kéné akèh cilakané, ora ana kabegjané.
Q. Bathimu antinen sajroning 12 dina.
R. Sajroné 2 taun nemu kabegjan.
S. Elinga ing Allah, kang kinarepaké kasembadan.
T. Pegatan balèn manèh, wirang isin linakonan.
U. Kang perang slamet, énggal mulih.


Wangsulaning pitakonan bagéan 20.
A. Kang perang tumeka ing pati, ilang jisime.
B. Yèn ora kebenaran padu iku kalah, sarta cucul wragad akèh.
C. Ing dharatan lan ing lautan bisa untung satithik.
D. Kedut arep diundhang wong ramé-ramé, nanging susah.
E. Impèn arep nemu prakaraning wong.
F. Ing dina iki ora ana sangkalane.
G. Wong kasusahan énggal oleh pangapura.
H. Wong lara bisa waras.
I. Metu wadon akèh godhane.
J. Lanang rabi séjé bangsa, wadon laki bangsane dhéwé.
K. Ningkahan iku slamet, nanging ora duwe anak.
L. Wong iku dhèmen mung marga saka dhuwité.
M. Dina iku aja lumaku, ing dalan akèh wong lara.
N. Sanak iku ora bener atiné.
O. Barang ilang kang nemu bocah, ora katemu.
P. Ora mulih tumuli, akèh susahé.
Q. Kabegjan tumiba sasi ngarep ana nagara liya.
R. Kapitunan amarga dialali.
S. Sajroné taun iki tumekane kabegjan.
T. Kakarepan kasembadan marga wong wadon.
U. Pegatan balèn manèh, nanging ora lawas pisah.

[ 251 ]
Wangsulaning pitakonan bagéan 21.
A. Pegatan balé, marga lakuné kang ala dimarèni.
B. Kang perang tumeka pati, ilang kuwandané.
C. Padu iku menang, nanging cucul arta akèh.
D. Ing tahun iki kauntungané ana ing dharatan.
E. Kedut arep katemu sanaké.
F. Impèn arep kedhayohan.
G. Dina iki slamet, kanggo wong séjé akèh sangkalané.
H. Wong kasusahan suwé olèh pangapura.
I. Wong lara suwé warasé.
J. Metu wadon kang tuwa musakat.
K. Lanang rabi ayu, adon laki ala.
L. Ningkahan iku ora lawas pegatan.
M. Padha dhemené wis padha weruhé.
N. Dina iki lumaku, slamet.
O. Sanak iku slamet atiné.
P. Barang ilang kang njupuk durung adoh, bisa katemu.
Q. Kang lunga yèn dharat énggal mulih.
R. Aja lunga saka kene, marga meh tumiba begjané.
S. Sasi iki tansah kapitunan.
T. Yèn wis liwat taun iki tumeka begjané.
U. Kakarepané akèh kasembadané.




[ 252 ]
MAHA SANDHI WARA DARMA

Pramila katelah Maha Sandhi Wara Darma, inggih awit saking anggenipun minangka ambiwarakaken darmaning narendra, wiwaraning basa sesandhi piwulang Dalem Nata, inggih piwulang Dalem ingkang dinapur ing pralampita, tata ra kiting Karaton Dalem Ngayugyakarta Hadiningrat sauparengganipun, Kagungan Dalem upacara, Kagungan Dalem beksa bedhaya srimpi, inggih Srimpi Renggawati, Beksan Lawung Trunajaya, Beksan Guntur Segara, Beksan Tuguwasesa, Beksan Enjer, Busananing lelangen Dalem Ringgit, Beksa Langen Wiraga, lan sapanunggalanipun.

Sadaya punika mesi kawruh lahir batin, piwulang luhur sangkan paraning dumadi, ingkang gerban dados penuntuning sadaya putra santana, kulawarga sumrambah dhateng para kawula Dalem amrih sageda buntas kawruh mahanani luhur samudayanipun.

Pambabaring piwulang Dalem wau awit saking kawicaksanan Dalem Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat, anggenipun mundhi dhawuh Dalem Nata, Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun. Kangjeng Sultan Hamengkubuwana ingkang jumeneng kaping V, sarta sarembag kaliyan rujuming Karaton Dalem nalika Sumanten inggih punika GPH Mangkubumi, BPH Suryawijaya, BPH Suryanagara, Mas Tumenggung Mangunagaga, Kyai Haji Kassan Bessari ngulama ageng, ingkang lajeng kawedharaken malih ingkang langkung tlesih dening Raden Ngabehi Karhasmara, sarta Raden Soemodidjojo, ing sapunika kawuryan malih dening canggah Dalem KPH Tjakraningrat Ir Wibatsu Harianto Sumbogo inggih RW Radyo Soembogo.

Wedharing piwulang punika sokur bage saged jinurung anyarengi kaliyan mangsa kalanipun kuwasa ambrastha dhateng piandel ingkang namung tiru-tiru utawi namung wewaton saking saungeling serat-serat yeyasanipun para wicaksaneng budi ingjaman kina, nanging ingkang pamaosipun wau tanpa mawi kasuraos, ing mangka serat-serat wau sanyatanipun ngemot sawarnaning piwulang ingkang sakalangkung maedahi. Sarehning pangrumpakaning piwulang wau sami jinejer dados adeging pralampita, basa paribasan lan sesaminipun, mila bilih badhe ngawuningani kedah sarana kasuraos kanthi landheping pamikir pribadi. Dados samangsa finampenan walaka namung miturut saungeling serat-serat wau temtu dereng saged angungkabi pikajenging suraosipun ingkang sejati, puwara mahanani wontening piandel ing-kang kawastanan gugon tuhon.

Angengeti kawontenan ingkang makaten punika, mila wontening piwulang salebeting kitab-kitab utawi kang jinéjer ing pralampita perlu dipun ungkabi, murih sageda dipun wuningani punapa ingkang dados suraosipun. Mila makaten awit wontening sedaya serat-serat sarta piwulang punika sanyata sami rinumpaka ing lelungidan.

Kados pundi kawontenanipun, menggah wontenipun tatanan panggelaring piwulang wan punapa inggih wonten pigunanipun tumrap gesang kita, murih tats tentrem lan manggih karaharjan. Bab punika nyumanggakaken, margi wontenipun piwulang wau saged newuhaken pangertosan warni kalih, inggih punika pangertosan ingkang ngenggeni ing kaleresan, lan pangertosan ingkang duramung ing panasaran.

Kawontenan makaten wau nama mboten aneh, sehat miturut panggelaring sadaya piwulangipun para parameng kawi punika prasasat mboten wonten tembung [ 253 ]

utawi ukaranipun ingkang kadamel walaka tanpa warana. Nanging sadaya wau mesthi sami rinumpaka ing lelungidan dhapur basa paribasan, saloka, pasemon, punapa dene pralampita lan sesaminipun, ados prasasat kita sami kinen ambatang cecangkriman.

Dene menggah pikajengipun perlu kangge angadekaken saha ngluhuraken punapa dene perlu kangge dhedhasaring pamarsudi tumrap para ingkang badhe ngangsu kawurh, supados tansah anandangaken kalimpadaning pambudi. Mila ingkang kirang landhep langkung-langkung kaengetanipun kethul landhep dengkul sampun temtu mboten badhe saged nampeni suraosing piwulang wau. Lah amila manawi badhe ngawuningani kawruh ing salebeting piwulang wau kedah sesuci sarta pamendhetipun kedah mawi pangot waja, liripun sesuci panyuraosipun kedah ingkang resik sampun ngantos katrocoban ing rembag sanes, liripun ngangge pangot waja inggih punika anggenipun kita nyumerebi dhateng suraos tuwin maksuding ukara kedah sarana dedamel ingkang mawujud landheping panggraita, inggih padhanging pangangen-angen.

Lah sampun kacihna punapata dene piwulang Dalem wau sami sinamudana ing saloka, ing basa sesandhi, pralampita, inggih saking luhuripun piwulang Dalem salebeting Saloka Dewa, nenggih sasandhining wara Narendra, amila inggih kasebut "Maha Sandhi Wara Darma".

Babaring piwulang Dalem ingkang kawrat ing Kitab Adammakna wau, wiwit tumapaking Windu Sancaya, tahun Alip 1923 utawi tahun masehi 1990 punika lajeng badhe kababar malih sumebar ing Nuswantara.

Wiwitaning pambabar Seri Adammakna sampun dumugi 8 jilid inggih punika :

I.KITAB PRIMBON BETALJEMUR ADAMMAKNA

Kitab Primbon Betaljemur Adammakna kasebut ugi Betaljemur jilid I inggih Seric Adammakna jilidan angka I, ngewrat rupi-rupi ngilmu ingkang taksih ginaib, tuturutan saking kalempakaning sadaya primbon. Ingkang kagungan buku Betaljemur punika prasasat tinenggan dening guru, sebab sadaya ruwet renteng kabetahanipun saged angsal pitedah saking Primbon punika sarta pinanggih nyata lan maremaken. Mila saya dangu saya kondhang kaonang-onang. Tumraping sasadeyan kabasakaken "Dhodhok kumroyok ngadeg gum redeg" tuwuh ing panyuraos punapa Betaljemur punika yasanipun Sang Hyang Maha Dewa. Lah inggih pancen kapara nyata manawi basa minangka wedharing sesandhi bab suraosipun Dewi Retna Cindhaga ingkang minangka cihnaning Sang Hyang Maha Dewa inggih Kang Maha Kuwaos.
Dumugi ing wekdal punika Betaljemur Jilid I punika sampun ngancik Cap-capan ingkang kaping 50.

Awit saking dene kathahipun ingkang sami nothol daya-daya kepengin kagungan Primbon Betaljemur punika, pramila anjagi kakisruhan ngaturi priksa bilih ing wiwitaning tahun 1983 dumugi tahun 1990 punika wonten sawenehing tiyang ingkang kumawantun ngedalaken Betaljemur inggih Betaljemur palsu, ingkang ngeplek Kitab Primbon Betaljemur wedalan Maha Dewa, katitik cap-capanipun [ 254 ]

para perunahut Betaljemur kedah nyatitekaken ingkang saestu, menawi mundhut Betaljemur kedah ingkang mawi tambahan Maha Sandhi Wara Darma sarta wonten gambaripun Ibu Siti Woerjan Soemadijah Nocradyo nanging mapan ing wingking, tuwin wonten gambaripun Ir Wibatsu Harianto Soembogo inggih RW Soembogo ingkang mapan ing pungkasaning buku punika.

II. KITAB PRIMBON LUKMANAKIM ADAMMAKNA

Kitab Primbon Lukmanakin Adammakna utawi Betaljemur jilid II inggih serie Adammakna jilidan angka II, wedharing basa sesandhining piwulang Dalem ingkang kalebet ing kagungan Dalem Beksan Lawung Trunajaya sarta Beksa Srimpi Renggawati inggih Srimpi Hadiwulangunbrongta. Inggih Beksan Lawung punika ingkang minangka piwulang mesi kawruh lahir ulah kridaning asmara, dene Srimpi Renggawati ingkang minangka piwulang ingkang mesi kawruh batin, asal kamulaning ngagesang, inggih wontening keblat papat lima pancer. Lah saking wontening wedharan basa sesandhining karsa Dalem warni kalih wau lajeng tuwuh ngilmu-ngilmu ingkang kawrat ing Kitab Primbon Lukmanakin Adammakna punika antawisipun kawruh umur panjang, inggih serat Yuswa widada, Primbon Sastragendhing Pasatohan salakirabi, petangan dinten ijabing penganten adhedhasar wedalaning panganten jaler istri jumbuhipun kaliyan kawruh kiblat papat lima pancer, sajen-sajen, sarat masrut, kawruh asmara gama inggih kama wedha, primbon tetamba, inggih Triguna Usada, Rarya Usada, Jalu Usada, Wanita Usada sarta rajah-rajah, jimat-jimat tumraping priya minangka nggayuh katentreman ing gesang jejodhohan.

Tlesihing panjarwa wedharing basa sesandhining piwulang Dalem kersoa maos Kitab Primbon Lukmanakim Adammakna inggih Betaljemur jilid II.

III. KITAB PRIMBON ATSSADHUR ADAMMAKNA

Kitab Primbon Atassadhur Adammakna, inggih Betaljemur jilid III serie Adammakna jilidan angka III, wedharan basa sesandhining piwulang Dalem ingkang kalebet ing Kagungan Dalem Beksa Enjer, inggih beksan ingkang asring pinanggih ing dalem lelangen Ringgit tiyang mataraman, wedharing suraosipun piwulang Dalem ingkang kawursita ing pralampita beksa Enjer wau mesi kawruh samadi inggih tafakur, inggih manunggaling kawula gusti, pramila inggih sanget dening werit mboten kenging kawaos sadengah tiyang ingkang dereng cekap umuripun utawi dereng dumugi landheping panggraitanipun.

Sawatawis bab isinipun primbon punika: ilmu-ilmu puja mantra aji jaya kawijayan, ilmu titilaranipun Kangjeng Sunan Kalijaga, Kidung Suksma Wedha, Mantrawedha, Darma Wedha, Japa Wedha, Reksa Wedha, Wara Wedha, Setya Wedha, Aji Wedha, Sakti Wedha, Bagya Wedha, miwah wewiridan inggih Wirid Maklumatjati, Wedharing ngilmu kabatosan luhur mengku wolung wiridan : Wirayat jati, Laksitajati, Fanunggaljati, Karanajati, Purbajati, Salokajati, Sasmitajati, Wasanajati, Kawrat ugi ing buku punika kawruh Yoga Wasiyat Dalem Kangjeng Panembahan Senopati inggih Wirid Maladihening, Aji Pameleng, Aji Panunggal, Sarta kawrat ugi ilmu panuntun lampah nggayuh aji jaya kawijayan kasebut ing Dalem Kitab Aji Padmawara, mengku 18 pepangkatan, Ramal Nabi palintangan, wedharing jaman Catur Yoga lan sapanunggalanipun.

IV. KITAB PRIMBON BEKTIJAMMAL ADAMMAKNA

Kitab Primbon Bektijammal Adammakna, inggih Betaljemur jilid IV, Wedharing basa sesandhining Piwulang Dalem ingkang dinapur ing pralampita salebeting [ 255 ]

cariyos perang Baratayuda sarta wontenipun aksara jawi. Kawrat ing salebeting Kitab punika Kitab Rajah Tangan agem Dalem KPH Tjakraningrat, Kitab Palakiyah, Ngilmu faal, ngilmu watak, andulu peranganing badan, andheng-andheng, lan sapanunggalanipun.

V. KITAB PRIMBON SHAHDHATSHATHIR ADAMMKANA

Kitab Primbon Shahdhatsathir Adammakna utawi Betaljemur jilid V, pepethikan saking Kitab Adammakna jilidan angka V. Ngewrat ngilmu alamat impen, adhedhasar aksara jawi, rajah-rajah, pepethikan saking Serat Umussibyan Sulaiman; bab petangan sarta wewaler, srana tulak balak lam sapiturutipun.

VI. KITAB PRIMBON QOMARRULSYAMSI ADAMMAKNA

Kitab Primbon Qomarrullisyamsi Adammakna, inggih Betaljemur jilid VI, pepethikan saking Kitab Adammakna jilidan angka VI, ngemu wedharing piwulang Dalem KPH Tjakraningrat ingkang sinamudana ing pralampita salebeting kagungan Dalem Beksa Langen Wiraga ingkang ngemot cariyos Pakem Ringgit Gedhog, inggih wontenipun dewi Retna Çindhaga (Dewi Sarag) sarta Dewi Candrakirana ingkang ginarwa dening Raden Panji Hasmarabangun (ngemu suraos sunaring) Hyang Surya (Suryawasesa) sarta Hyang Candra (Candrakirana) ingkang kasunaran Prabaning Dewi Retna Cindhaga inggih pangejawantahing Hyang Maha Dewa utawi Hyang kang Maha Kuwasa, lah punika ugi cundhuk kaliyan wontening kagungan Dalem Beksa Tuguwasesa sarta Guntur Segara yasan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Kapisan.

Primbon punka ngewrat petangan Kawruh Pawukon Komplit inggih petangan almenak utawi pananggalan jumbuhipun pananggalan Jawi (Candra) kaliyan Masehi (Surya), pangetanging wuku, praboting wuku, paringkelean, Astawara, Sangawara, Dasa Wara, lsp.

VII. KITAB PRIMBON NAKLASSANJIR ADAMMAKNA

Kitab Primbon Naklassanjir Adammakna, utawi Betaljemur jilid VII, pepethikan saking Kitab Adammakna jilidan angka VII, ngewrat rupi-rupi ngilmu bab pepelikan inggih katyasaning sela pepelikan, utawi akik, barleyan, merah delima lan sapanunggalanipun, sarta jodho lan mbotenipun kaliyan ingkang ngrimat.

VIII. KITAB PRIMBON QURAISYN ADAMMAKNA

Kitab Primbon Quraisyn adammakna, inggih Betaljemur jilid VIII, pepathikan saking kitab Adammakna jilidan angka VIII.

Ngrewat ngilmu jangkaning tanah Jawi, jangka jayabaya ingkang komplit, inggih jangkaning jagad gumelar, lambang praja, serat Wara narendra, lan sapanunggalanipun. Saged kangge gegebengan minangka kawaskithaning tindak.

IX. KITAB PRIMBON AJIMANTRAWARA JIDIL I Kitab Primbon Ajimantrawara jilid I, inggih ngewrat Ajimantrawara, Yogabrata sarta Rajah Yogamantra. Ngewrat ilmu-ilmu aji-aji jaya kawijayan, jimat-jimat, rajah kawruh yoga, lan sapanunggalanipun. Pepethikan saking Primbon kina, Kitab Samsu Makrup, Kitab Mujarobat sarta titilaran seratan asta kagunganipun R. Ng. Kartahasmara.

Buku-buku cacah 9 warni punika wau wiwit tumapaking tahun Alip 1923 Windu Sancaya, inggih Windu ingkang ambrekahi, lajeng badhe kababar sasaged-saged mbaka satunggal lajeng sampun saged sowan manggihi para pamaos sadaya. [ 256 ]

Ewodene perlu kawuningan bilih panyithaking buku-buku wau awit saking pambiyantunipun CV Buana Raya Jakarta, inggih mujudaken satunggaling golong gilig, sesarengan amrih sumebaring kawruh-kawruh kagunan Jawi ingkang hadiluhung punika.

Lah inggih saking golong giliging rembag sarta manunggaling tekad punika mugi-mugi sadaya buku Serie Adammakna sarta ajimantrawara kang kelebet ing Maha Sandhi Wara Darma lajeng saged kababar sumebar saNuswantara minggahipun saindenging buwana.

Salajengipun Betaljemur taksih wonten candhakipun malih ingkang sapunika rembe kagarap awit pepethikan saking sastra Jawi awujud sekar, lajeng kadamel ukara kang lugu dening Ir. Wibatsu Harianto Soembogo, inggih RW Radyo Soembogo, kaangkah sasampunipun kaleksanan pambabaring buku ing nginggil lajeng kasusul buku-buku ing ngandhap punika :

I. KITAB PRIMBON KAMMALLUDHIN ADAMMAKNA

Inggih Betaljemur jilid IX, pepethikan saking Kitab Adammakna jilidan angka IX. Ngewrat wewiridan anggitanipun para wali, para Olia inggih wicaksaneng budi ing jaman kina kadosta: Wirid Pralayajati, Wirid Wiwarajati, Wirid Wasitajati, Wirid Khakiki, Wirid Wirayatjati, Wirid Pituduhjati, Wirid Maknajati, Wirid Lukitajati, Serat Nawalapatra, Wilapapalya, Allah katon lagon kekawin, Pepali Kyai Ageng Sela, lan sapanunggalanipun.

II. KITAB PRIMBON MAKDUMSARPIN ADAMMAKNA

Inggih Betaljemur jilid X, pepethikan saking Kitab Adammakna jilidan angka X. Ngewrat ngilmu pandhuwungan, tosan ajie, katosan, lan sapanunggalanipun, punika ngilmu agem Dalem KPH Tjakraningrat.

III. KITAB PRIMBON KUNCI BETALJEMUR

Inggih Kunci Adammakna. Ngewrat katrangan - katrangan babagan ukara-ukara kang sampun mboten kasumereban, utawi ukara kang kirang cetha maksudipun, tlesihing panjarwa bab tembung-tembung kang pinanggih ing buku Betaljemur, kaanggit amrih anggampilaken dateng para pamaos Buku Betaljemur, awit pancen inggih kathah tembung utawi ukara ingkang mboten kalimrah ing sasrawungan.

IV. KITAB PRIMBON AJIMATRAWARA JILID II

Inggih AJI MANTRA USADA. Ngewrat rajah, srana sarta caranipun ngusadani tiyang sakit.

V. KITAB PRIMBON AJIMANTRAWARA JILID III

Inggih AJI MANTRABRATA. Ngewrat rajah, aji jaya kawijayan, piwulang semedi, lampah yoga, lan sapanunggalanipun.

VI. KITAB PRIMBON AJIMANTRAWARA JILID IV

Inggih AJIMANTRASWARA. Ngewrat ilmu pengasihan, jimat-jimat, rajah-rajah, sarta srana tumrap tiyang jaler ingkang kirang prakosa, donga pangunci, lan sapanunggalanipun. [ 257 ]

VII. KITAB PRIMBON AJIMANTAWARA JILID V

Inggih AJIMANTRAYUDA. Ngewrat ilmu-ilmu tulak balak, penglaris, petangan lampah dagang, tulak ama, lan sapanunggalanipun.

VIII. Buku "KARATON DALEM NGAYUGYAKARTA HADININGRAT"

Nyariosaken lelampahanipun BPH Mangkubumi dhuk rikala mangun yuda tanding tyasa kumpeni walanda, satemah kadumugen sedyanipun labuh - labet kadang sepuh inggih Kangjeng Susuhunan Pakubuwono II, mbatalaken kontrak Ponorogo, temahan tulus karaton tanah Jawi, ing akhir tembe lajeng jumeneng nata angrenggani Nagari Dalem Ngayugyakarta Hadiningrat, sarta lajeng amangun Karaton Dalem ingkang minangka pralampita sih piwulang Dalem. Amila buku punika ugi lajeng ngewrat tata rakiting Karaton Dalem Ngayugyakarta Hadiningrat, kagungan Dalem upacara, pprajurit Dalem, Ampilan Dalem, Lelangen Dalem Beksa Bedhaya sarta Srimpi Beksan Lawung Trunajaya, Beksan Sekar Medura, Beksan Enjer, Srimpi Renggawati, Lelangen Ringgit tiyang, ingkang sadaya wau mesi kawruh ingkang emet memet, minangka basa sesandhining piwulang Dalem.

Sedaya wau rinumpaka tuwin karipta dening Ir. Wibatsu Harianto Soembogo inggih RW Radya Soembogo. Ewodene bab sarasilahipun Pangripta makaten :

KPH Tjairaningrat peputra Raden Ngabehi Kartahasmara, Raden Ngabehi Kartahasmara peputra R. Ayu Soepartiyah ingkang lajeng kadhaup dening Raden Soemodidjojo, R. Ayu Soepartiyah. peputra namung satungyal putri inggih Ibu Siti Woeryan Soemodijah Noeradyo peputra cacah wolu, inggih margi saking kauruh Yuswa Widada, putra cacah wolu wau dumugi sapriki sampun akhir diwasa, urut - urutanipun makaten : dr. Damodoyo, dra. Armini Arundati, dra. Artini Wedjajanti, Ir. Wibatsu Harianto Seembogo inggih RW Radyo Soembogo, drh. Susetya Wasuwara, Ny. dr. Ardani Juanda, dr. Sutanto Madusena, wuragilipun Ir. Arianj Aristonemi. Makaten menggah sarasilahing pangripta, dados pun pangripta kalebet canggah Dalem KPH Tjakraningrat.

Makaten menggah ingkang dados Wewaraning Sesandhi, wedharing Piwulang ingkang dinapur ing pralampita, ingkang badhe kawrat ing buku-buku wedalan Penerbit Soemodidjojo Maha Dewa, atas saking pambiyantunipun CV Buana Raya.


17 Siyan 1922
Tiyang Sudra
ing Praja Dalem Ngayugyakerta Hadiningrat


(Ir. Wibatsu Harianto Sembago)
[ 258 ]
ISINIPUN

Kaca :

Lungguhé dina lan pasaran
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
6
Neptu dina; pasaran, sasi lan tahun, dina ala lan dina ala banget
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
7
Dina taliwangké, dina samparwangké, kunarpaning warsa lan sangaring warsa, sasi rahayu, sasi sarju, lan pati uriping sasi,
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
8 - 10
Dina Anggarakasih, larangané sasi lan sanggaring tanggal
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
11 - 12
Pasatohan salaki - rabi
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
12 - 27
Slametan pangantèn, sajèn, sasrahan, siraman, paes temuning panganten, lan slametané lan sajen - sajen lan slametan sepasaran
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
28 - 36
Slametan anggarbini (meteng) lan tingkep
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
37 - 38
Pal bayi lahir, jabang bayi lahir, ngethok usus, mendhem ari ari, kopohan, slametan brokohan, rencanane bayi lahir, puput puser, jeneng, rencanane bayi yèn lagi puput puser bayi sumeng, slametan sepasaran, slapanan, mundhum lemah, nyapih, tetesan, tarapan
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
39 - 48
Anggarbini (meteng), tomba sawisé nglairaké lan pangrumate bayi, lan tatambané wanita murih kinasihan kakung, kapéngin duwé anak, tamba naggarapsari, tarap utawa kèl. bayi gabegen utawa cacaren lan liya-liyane
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
49 - 55
Pakaryan (pangupajiwa) kang cocok lan wawatekané lan jayane
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
56 - 57
Pal Yama, iladuni lan Srigati,
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
58 - 60
Wataking bayi miturut lahiré
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
61 - 72
Wataking dina, pasaran lan sasi
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
72 - 73
Wataking manungsa
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
73 - 82
Pawukon
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
82 - 92
Pirasating manungsa
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
92 - 98
Katurangganing wanita lan tondha rasaning wanita
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
98 - 106
Rahayung tutun
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
106 - 107
Larangané wong ajimak (sarésmi) lan wedaring rasa ning wanita, apadéné tatakramané wong ajimak lan tirta mayasandi
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
107 -109
Larangane wong meteng lan lakune wong lanang yen bojoné lagi meteng,
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
109 - 110
Naga dina, pasaran, rijallullah, sasi, taun, jatingarang miturut neptu, tumbuking naga taun lan jatingarang
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
110 - 113
Lulungan masalah rijallullah, luhungan adoh, dina, na'as lan liya-liyane,
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
113 - 114
[ 259 ]

Kaca :

Sa'at lulungan lan liya - liyane
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
115-119
Wataking dina, boyongan lan sowan wong agung
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
120
Pati uriping dina yèn golèk sandhang pangan, parané wong lulungan golèk rijeki sandhang pangan sarta pangapesan lan kabegjan siji sijining dina apadené sa'ate
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
121 122
Sa'at dina kanggo lulungan, lan yèn golèk rijeki lan liya-liyane
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
123-127
Na'as dina, sasi, lan taun, apadené sa'at ngandhep pangadilan lan ngrembug tatanan praja lan sa'at sabarang gawe wawaton tanggal
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
127-130
Pamilihing desa utawa ampung kang arep dienggoni pemilihing pakarangan lan numbal omah utawa pakarangan lan nundhung sétan
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
130-133
Adheping omah, miwiti ngadani pagawéyan, ngedegake utawa ngelih omah sakapurantine, gawé sumur lan liya-liyane
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
133-144
Tamba Rajasinga lan jamu seninjong
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
144-147
Pigunane manuk platukbawang, bulus lan bangsaning ketek, kang aran Muka utawa Tukang
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
148 150
Wahanand dina lan pasaran, supaya gampang luru sandhang pangan, donga arep turu, ujuring turu, salat kajat, nondha panuwun, bab donga donga panawaran wisa lan nayuh wesi aji
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
151-155
Pétungan main kertu lan mantrane
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
155-156
ngalamat kedut, ngimpi lan sawarnaning ngalamat
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
156 174
Katurangganing jaran, berkutut lan jago adon, gemak, kudhasih lan kéwan liya liyané
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
175-199
Pétungan durjana (maling), Rajamuka, barang ilang lan liya liyane
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
199-216
Pétungan mbeburu kewan lan tatanen
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
216-218
Candraning taun sirah, windu sirah, terlayané bumi, wataking windu, lan tibaning tanggal 1 Sura
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
218-221
Kadadeyaning manungsa lan pitakonan bayi lahir
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
222-224
Sengkalana bayi (manungsa), lalarané lan yèn luru tamba sarta slametané lan kang nambani, apadené yèn ana pageblug akeh lalara
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
225-229
Panengeran wong arep ajal, sekarat suwé, mayit mambu, pangupakaraning layon, slametan wong mati
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
229-233
Ngirim kubur lan kaphetuk layon
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
233-24
Faidatun, donga akir taun
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
234
Ilmu Nujum
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
234-246
[ 260 ]
BERITA PENERBIT

TELAH TERBIT !!!!!!!!!!

Bekerja sama dengan CV BUANA RAYA Solo telah terbit kembali Kitab Primbon Betaljemur jilid I s/d VIII dengan judul sebagai berikut:

  1. Kitab Primbon Betaljemur Adammakna Bahasa Jawa Jilid I
  2. Kitab Primbon Lukmanakim Adammakna (Betaljemur Jilid II)
  3. Kitab Primbon Atassadhur Adammakna (Betaljemur Jilid III)
  4. Kitab Primbon Bektijammal Adammakna (Betaljemur Jilid IV)
  5. Kitab Primbon Shahdhatsaahthir Adammakna (Betaljemur Jilid V)
  6. Kitab Primbon Qomarrullsyamsi Adammakna (Betaljemur Jilid VI)
  7. Kitab Primbon Naklassanjir Adammakna (Betaljemur Jilid VII)
  8. Kitab Primbon Quraisyin Adammakna (Betaljemur Jilid VIII)
  9. Kitab Primbon Ajimantrawara Jilid I
  10. Kitab Primbon Betaljemur Adammakna Bahasa Indonesia 1A
  11. Kitab Primbon Betaljemur Adammakna Bahasa Indonesia 1B


Disamping itu terdesia pula buku-buku Atlas terbitan CV BUANA RAYA

Atlas Dunia dan Indonesia Besar
Atlas Dunia Kecil
Atlas Indonesia Kecil







Hati-hati buku palsu, perhatikan cap tanda tangan dari pengarang, tanpa cap tersebut berarti buku tersebut palsu!

Hak Cipta pada Penerbit Soemodidjojo Mahadewa Yogyakarta.
Hak Cipta dilindungi Undang-Undang.
Dilarang menyalin atau meniru buku ini dalam bentuk dan cara apapun tanpa izin tertulis dari penerbit.

Dicetak dan diedarkan oleh: CV. BUANA RAYA
Isi diluar tanggung jawab pencetak.

PENERBIT CV BUANA RAYA